pidato bahasa jawa hari kartini

7

Click here to load reader

Upload: saga-net

Post on 01-Oct-2015

391 views

Category:

Documents


13 download

DESCRIPTION

PR

TRANSCRIPT

Pidato bahasa jawa Hari Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.

Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya.

Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.

Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.

Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.

Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Pidato Ulang Tahun Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun panjenenganipun Bapak/Ibu.. (tiyang sepuhipun ingkang ulang taun) ingkang kinurmatan. Bapak Ibu para tamu ingkang minulya. Kadang kula (ingkang ulang tahun) saha kanca-kanca ingkang sutresna.

Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga kita saged makempal wonten ing acara menika tanpa alangan satunggal menapa.

Para rawuh ingkang minulya, kula minangka wakil saking kanca kadang kula... Ingkang sepisan ngaturaken sugeng tanggap warsa ingkang kaping... (umure). Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring kawilujengan saha kasarasan. Ingkang sregep anggenipun ngangsu kawruh, bekti dhateng tiyang sepuh, migunani tumrep bangsa, agami, lan negari.

Salajengipun kula minangka kanca naming gadhah pangajab, mugi-mugi kanthi tambahing yuswa, sedherek kula.. Tambah kasil anggenipun sinau, kaleksaan sedaya ingkang dados gegayuhanipun, sregep sinau, mangertos dhateng kuwajibanipun, tumindak ingkang sae, nyingkiri tumindak awon, tambah dewasa ing penggalihan saengga ing tembe dadosa tiyang ingkang migunani tumrep kulawarga lan masyarakat. Amin..

Cekap semanten ingkang dados atur kula, menawi wonten kalepataning atur lan wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwu agunging samodra pangaksami. Nuwun..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan

Salam,Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani.

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan negari. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..

Pidato Bahasa Jawa Sambutan Ketua Panitia

Assalamualaikum Wr. Wb.Poro Bapak Kyai ingkang kulo mulyaken, poro Bapak Guru ingkang kulo mulyaken, poro tamu undangan sangking wali murid soho undangan lintunipun ingkang kulo hormati.

Hadirin sekalian ingkang kulo hormati.Sakderenge kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke langkung rumiyin kulo muji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, nimat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sahinggo kulo lan panjenengan saget makempal wonten setunggal gedung madrasah dalam rangka Haflah Tasyakur kelas III MA Al-Hikmah 02.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.Wonten ing mriki kulo atas nami ketua panitia acara ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun dumateng poro Bapak Kyai lan Bapak Guru, Ibu Guru ingkang sampun nyediahaken tempat lan perlengkapanipun.

Lan ing mriki kulo nyuwun tambahipun barokah dongo dumateng poro hadirin ingkang hadir ing acara niki, mugi-mugi sedoyo ilmu, bimbingan lan kerja keras kawulo diparingi ilmu, bimbingan lan kerja keras ingkang maslahah, manfaah lan barokah.

Poro rawuh ingkang terakhir kulo ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng Bapak lan Ibu Wali murid selami kulo wonten ing madrasah mriki sering-sering damel susah payahipun poro Bapak lan Ibu pramilo sedoyo kesalahan kulo dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin. Kulo akhiripun matur nuwun..Wassalamualaikum Wr. Wb.