pedoman pengetikan naskah tryout smp yogyakarta · web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane...

14
Bahasa Jawa Kls 8 Wacan 1 Kanggo mangsuli pitakonan nomer 1- 6 Jaman Dening : Muhammad Yamin M.S Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer Ndhelik sor ngemper Ngerti-ngerti ketiban genter Alah bapak balung sate Uripku ijen-ijenan Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung Rekasane urip jaman geger Ati ora jenjem mangan ora tentrem Turu ora bisa merem Pating jledhor bedhil mriyem Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame” Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega Urip jaman merdika, enake apa-apa ana Kliwat ngedan dadi brandhalan Omben-omben, mabuk-mabukan Tan ngerti bedhahing kamardikan Aku tumbaling putuku Lelabuhan jebul aji watu Saiki jaman maju Apa-apa kolu Jaman mau wong urip sarwa kesusu Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu Lah Bapak ra ngerti saru Sing neng ngomah padha padu Damen-damen pari-pari Biyen-biyen saiki-saiki O, slamet, slamet Jamane bundhet ruwet Ora eling labuh labet “E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!” 1

Upload: others

Post on 26-Dec-2020

10 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

Wacan 1Kanggo mangsuli pitakonan nomer 1- 6

JamanDening : Muhammad Yamin M.S

Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewerNdhelik sor ngemperNgerti-ngerti ketiban genterAlah bapak balung sateUripku ijen-ijenanNong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung

Rekasane urip jaman gegerAti ora jenjem mangan ora tentremTuru ora bisa meremPating jledhor bedhil mriyemOh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kalirenBubar nglairake anak wadon nalika perang rameMula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”

Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semegaUrip jaman merdika, enake apa-apa anaKliwat ngedan dadi brandhalanOmben-omben, mabuk-mabukanTan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putukuLelabuhan jebul aji watuSaiki jaman majuApa-apa koluJaman mau wong urip sarwa kesusuMlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayuLah Bapak ra ngerti saruSing neng ngomah padha padu

Damen-damen pari-pariBiyen-biyen saiki-saikiO, slamet, slametJamane bundhet ruwetOra eling labuh labet“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmuMangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biruAku ora ngaru siku, wis simbah turu!”

1. Geguritan kanthi irah-irahan “Jaman” ing wacan 1 ana ukara kang isi wangsalan, yaiku dumunung ana ing ....A. pada 1 gatra 4B. pada 1 gatra 6C. pada 2 gatra 7D. pada 5 gatra 1

1

Page 2: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

2. Geguritan ing wacan 1 kasebut uga tinemu parikan, yaiku ana ing ukara ....A. Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewerB. Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nungC. Damen-damen pari-pari, biyen-biyen saiki-saikiD. Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru

3. Alah bapak balung sate, uripku ijen-ijenan. Sing dikarepake balung sate yaiku ....A. bitingB. sujenC. tusuk sateD. balung sing disate

4. Geguritan kanthi irah-irahan “Jaman” ing dhuwur kang pungkasane gatra kabeh migunakake purwakanthi guru swara dumunung ana ing pada ....A. 1B. 2C. 3D. 4

5. Gatekna pratelan ing ngisor iki!(1) aja nglalekake labuh labete para pejuang(2) urip ing jaman maju iki gunakna aji mumpung(3) supaya ngisi kamardikan negara kita kanthi tumindak kang becik(4) generasi mudha nduweni jejibahan kang abot tumrap ala becike negara iki

Pitutur luhur kang cocok karo geguritan “Jaman” ing dhuwur dumunung ana pratelan ....A. (1), (3), (4)B. (2), (3), (4)C. (1), (2), (4)D. (1), (2), (3)

6. Ndhelik sor ngemper ngerti-ngerti ketiban genter. Kang dikarepake genter yaiku ....A. empring dilancipi kanggo rambatan tanduran kacang panjangB. kayu dawa kanggo mepeni sandhanganC. empring dawa kanggo nyenggetD. empring dilancipi kanggo pager

Wacan 2Kanggo mangsuli pitakonan nomer 7 - 9PiwelingDening: Sendang Mulyono

Dak ugemi ngendikamu ibuNalika mangkat sekolahNyangking tas kebak bukuNgger...... jagad iki amba tebanePancen ora gampang yen durung ketemuMula aja pegat anggonmu sinau...................................................

7. Mula aja pegat anggonmu sinau.Tembung pegat ing ukara kasebut nduweni teges ....A. pisahB. lerenC. kesedD. lali

2

Page 3: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

8. Tembung “dak ugemi” ana ing gatra 1 geguritan wacan 2 iku padha tegese karo ....A. dak lirwakakeB. dak eling-elingC. dak estokakeD. dak lalekake

9. Pethikan geguritan kanthi irah-irahan “Piweling” ing dhuwur manawa disurasa isine nyaritakake ....A. Bocah kang kelingan ngendikane ibu supaya tase dikebaki buku nalika arep mangkat sekolahB. Bocah kang kelingan ngendikane ibu manawa buku iku jendhelane jagadC. Bocah kang kelingan ngendikane ibu supaya sregep sekolahD. Bocah kang kelingan ngendikane ibu supaya sregep sinau

Wacan 3Kanggo mangsuli pitakonan nomer 10 - 12

MBARANGDening: Dyan Annimataya Soer

Bocah cilik manis, kakang adhiRuntang-runtung nyang endi-endiNyangking angklung saka bumbungMlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhiniRuntang-runtung mbarang saparan-paranNgupa boga nyambung panguripan sadulitanNambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasiMbukak babad ngenesi atiKoncatan bapa-biyung,Dheweke tininggal keri

Bocah cilik manis, kedhana-kedhiniRuntang-runtung nyang endi-endiDina-dina uripe kaliput ayang-ayange mega

10. Rasa pangrasa utawa swasana kang digambarake ana ing geguritan kanthi irah-irahan “Mbarang” ing dhuwur nelakake rasa ....A. gumbiraB. kuciwaC. sedhihD. sereng

11. Bocah cilik manis, kedhana-kedhini. Kang dikarepake kedhana kedhini yaiku....A. anak loro kakang adhiB. anak loro lanang kabehC. anak loro wadon kabehD. anak loro lanang wadon

12. Apa ancas tujuane dene bocah cilik kedhana-kedhini iku mlebu metu lurung mbarang saparan-paran?A. golek pangan kanggo nyambung uripeB. golek pangan kanggo nguripi bapa biyunge C. nggoleki bapa biyunge kang uga lunga mbarangD. nggoleki bapa-biyunge kang ninggal lunga dheweke

3

Page 4: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

13. Geguritan iku awujud rumpakan syair Jawa gagrag anyar kanthi awewaton....A. kaiket ing paugeran cacahing larik, cacahing wanda lan purwakanthiB. dudu basa padinan, tembung-tembunge pilihan, isine mentesC. kudu diwiwiti lan dipungkasi nganggo tembung “Sun gegurit”D. kudu migunakake tembung kawi utawa Jawa kuna

14. Nalika maca geguritan obahing awak ora kaku, nanging sing luwes , mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu salaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.Iki ategese anggone maca geguritan nggatekake ....A. wiragaB. wicaraC. wiramaD. wirasa

15. Manawa para siswa gladhen maca geguritan upamane arep kanggo lomba Porsenitas luwih becik anggone gladhen ing papan kang bebas utawa terbuka kanthi tujuan....A. isin menawa dingerteni kelas utawa pasarta liyaneB. bebas, ora ngganggu kelas liyaneC. kanggo kejutan/ surprise kelas liyaD. supaya ora ditiru kelas liya

16. Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(1) mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake(2) kudu nggatekake pocapan lan wiramane(3) gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere(4) bisa maragakake kanthi pasemon utawa ekspresi sing trep

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, pratelan sing kudu digatekake dumunung ana ing nomer....A. (1), (2), (3)B. (2), (3), (4)C. (1), (3), (4)D. (1), (2), (4)

17. Petis manis, pupus tebu saumpama. Aja ngucap, nora teges tanpa guna.

Wangsalan petis manis iku badhekane ....A. manisanB. kecapC. gulaliD. juruh

18. Gatekna pacelathon antarane Anton karo Marno ing ngisor iki! Anton : “Mas Marno, aku wingi ngerti jenengan neng Alun Alun Kidul,

nanging panjenengan sajake.....ethok-ethok ora ngerti yen disapa”.

Marno : “Wah nuwun sewu, Dhik Anton. Sajake aku lagi serius nggatekke kanca-kancaku sing padha masangin!”.

Wangsalan kang trep diucapake Anton, kanggo ukara kasebut yaiku ....A. mbalung janurB. mbalung mawaC. mbalung klapaD. mbalung jagung

4

Page 5: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

19. Ukara ing ngisor iki endi kang migunakake wangsalan? A. Kupat tanpa santen menawi lepat nyuwun pangapunten.B. Wah jan sial tenan, prasasat gupak pulut ora mangan nangkane.C. Mugi-mugi temanten sarimbit tansah atur runtut pindha mimi lan mintuna.D. Mangga Mas, kok njanur gunung, kadingaren esuk-esuk wis tekan kene!

20. Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!

Kajeng manis witipun, Buron alit neng bantala selur, Lah emuta sira kadadean bumi, Deling kang pangapit salu, Adat kang dadi wewaton. (Djaka Lodhang No. 19 Th. 2006)

Unine wangsalan kang badhekane “tebu” ana ing tembang Gambuh kasebut yaiku ....A. Kajeng manis witipunB. Buron alit neng bantala selurC. Deling kang pangapit saluD. Adat kang dadi wewaton

Wacan 4Kanggo mangsuli pitakonan nomer 21 - 28

1. Mingkar mingkuring angkara,Akarana karenan mardi siwi,Sinawung resmining kidung,Sinuba sinukarta,Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,Kang tumrap neng tanah JawaAgama ageming aji..

2. Jinejer neng Wedhatama,Mrih tan kemba kembenganing pambudi,Mangka nadyan tuwa pikun,Yen tan mikani rasa,Yekti sepi asepa lir sepah samunSamangsane pasamuan,Gonyak ganyuk nglelingsemi.

21. Tembang ing dhuwur iku kadadeyan saka pitung (7) gatra, dene guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur, yaiku ….. .A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8iB. 8a, 12i, 8u, 7a, 11u, 8a, 8iC. 8a, 11i, 7u, 8a, 12u, 8a, 8iD. 8a, 12i, 7u, 8a, 11u, 8a, 8i

22. Adhedhasar guru gatra, guru wilangan lan guru lagune, tembang ing dhuwur iku kalebu tembang ….. .A. MaskumambangB. KinanthiC. PangkurD. Durma

5

Page 6: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

23. Gatra sepisan : “mingkar mingkuring angkara” ngemu teges …. .A. milang miling tumindak angkara murkaB. ngedohake ing sipat angkara murkaC. nggegulang watak angkara murkaD. watak wantune wong kang murka

24. Pada 2 gatra 2 tinullis :”mrih tan kemba kembenganing pambudi” Andharan iku ngemu teges ….. A. amrih ora kurang kebak ing pangertenB. amrih kurang anggone paring pangertenC. amrih kebak ing pangertenD. amrih ora kurang- kurang anggone paring pangerten

25. Isine tembang ing pada 1 (siji) ngandharake menawa KGPAA Mangkunagara IV adreng anggone arep …. .A. ngidung tembang kautamanB. ngedohake ing pakarti luhurC. nyinau ngelmu luhungD. mulang putra bab ngelmu kang luhur

26. Wose pada 2 tembang ing dhuwur ngandharake menawa …. .A. pawongan kang kebak kawruhe iku ora duwe rasa lan pangrasaB. pawongan kang kurang kebak ing pangerten lan ora duwe rasa iku wong kang cublukC. pawongan kang kurang pangerten iku wong tuwa pikunD. senajan wis tuwa pikun, yen kurang kawruhe lan ora duweni rasa iku nalikane pakumpulan

mesthi tumindak kurang deduga, lan ngisin – ngisinake.

27. Gatra 2 : “Akarana karenan mardi siwi”. Tembung siwi dasanamane ….. .A. kadang, sanak, sadulurB. yoga, putra,, atmaja, tanayaC. angga, awak, badhan, ragaD. wardaya, kalbu, galih, tyas

28. Tembang pada 1 lan pada 2 kapethik saka serat ….. .A. WulangrehB. KalatidhaC. WedhatamaD. Tripama

29. Saliyane guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, kanggo niteni jenenge tembang iku ana tembung kunci kang diarani …. .A. wasitaning tembangB. kuncining tembangC. araning tembangD. sasmitaning tembang

30. Tembang Mijil, Pangkur Sinom lan Megatruh kalebu golongane tembang …. .A. dolananB. tengahanC. macapatD. gedhe

31. Saka tembang ing dhuwur bisa dijupuk dudutane menawa jejering wong tuwa wajib mulang muruk putra ing bab tata krama lan unggah ungguh supaya para putra nduweni watak .....

6

Page 7: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

A. Kumalungkung lan gumedheB. Lembah manah lan andhap asorC. Adigang, adigung, adigunaD. Dahwen ati open

32. Yen anak tumindak kurang becik, wong tuwa uga melu mikul tumindake anake. Unen – unen iku paribasane ….. .A. Ana catur mungkurB. Tega larane ora tega patineC. Anak polah bapa kepradahD. Sabaya mukti sabaya pati

33. Pak Naya ing desane kondhang wong kang dhemen ngumbar janji marang sapa bae, nanging bareng ditagih janjine mau jebul ora ana nyatane , kaya unine bebasan …. .A. Kakehan gludhug kurang udanB. Kebak luber kocak-kacikC. Jalukan ora wewehanD. Kerot tanpa untu

34. Pawongan kang tumindake dikantheni kawaspadan bakal nglairake katentreman utawa keslametan, nanging yen anggone tumindak grusa grusu lan sembrana, ora temen temen bakal antuk kapitunan. Bebasane …….. .A. Ngundhuh wohing pakartiB. Yitna yuwana lena kenaC. Kladuk wani kurang dedugaD. Becik ke titik, ala ketara

35. Mula para putra kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero mring wong tuwa, kang ateges para putra …. .A. bisa njunjung drajad sarta nyimpen wewadine wong tuwaB. bisa nyimpen wewadi sarta menehi tuladha kang becikC. bisa menehi tuladha kang becik marang bapak ibuneD. bisa ngangkat drajate wong tuwa sadhuwur-dhuwure

Wacan 5Kanggo mangsuli pitakonan nomer 36 – 39

?[fwruci.?[fwruciaikusinebutHug[fwbj=,aikuam/gslir[nk=cilikMenQik\khyz[nNai=teX=zi=s[mof].we/kufrketemu[fwaikiai=l[konTi/tpe/witsri.nliksemngurufu/ndwuhmr=we/kufrsupy[go[lkBvusucipe/witsri.

36. Manut wacan ing dhuwur Dewa Ruci disebut uga ….A. Dewa GuruB. Dewa BajangC. Dewa NaradaD. Dewa Bayu

37. Ana ngendi papane Dewa Ruci?A. NgastinaB. JodhipatiC. Telenging samodraD. Jonggring Saloka

7

Page 8: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

38. Werkudara ketemu kalawan Dewa Ruci ana ing lakon apa?A. Tirta zam-zamB. Tirta sewinduC. Tirta setamanD. Tirta Perwitasari

39. Sapa asmane gurune Werkudara kang dhawuh supaya golek banyu suci?A. Pandhita DurnaB. Pandhita KrepaC. Resi DruwasaD. Resi Bisma

Wacan 6Kanggo mangsuli pitakonan nomer 40 - 46........................................................................................................................................

Tekan pinggiring samodra, katarik atine bareng ana cahya cumlorot ing tengahing samodra. Sena duwe pangira manawa kuwi dununge banyu kang digoleki , ora sranta dheweke banjur ambyur ing tengahing samodra nanging ana naga Nabatmawa ngalang-alangi kekarepane mau. Sena gelut karo naga Nabatmawa. Naga mati kasuduk nganggo kuku pancanaka. Sena tekan tengahing samodra papane sang Dewa Ruci, dewa cilik sing mapan ing pulo satengahing samodra. Werkudara kadhawuhan lumebu ing anggane Dewa Ruci liwat talingan. Werkudara bingung apa sedheng. Werkudara sendika. Jebul ing jero rasane adhem, ayem, endah, tintrim. Ing kono Werkudara diwejang ngelmu sangkan paraning dumadi lan wejangan Pancamaya Kuwasaning Tyas.

Dewa Ruci mratelakake manawa banyu suci Prawita Sari iki sejatine ora ana. Kabeh mung reka dayane Durna kanggo mangerteni sepira gedhening setyane murid marang gurune. Kasetyane Sena lan kasantosaning batine bisa kanggo patuladhan manawa satriya iku kudu kukuh ing janji, luhur ing budi, tuhu marang ngendikane guru sing wekasane bakal nemu kabagyaning urip lair lan batin.

40. Gurune dhawuh marang Wrekudara supaya ngupadi toya Perwitasari tujuane apa?A. Kanggo mangerteni sepira gedhene kasetyane murid marang guruB. Kanggo mangerteni kadigdayane WrekudaraC. Kanggo mangerteni kasektene WrekudaraD. Kanggo mangerteni ilmune Wrekudara

41. Watak becike Wrekudara ing crita Dewa Ruci kang pantes ditiru yaiku ....A. bisa nemokake banyu perwitasariB. bisa ngalahake naga NabatmawaC. setya tuhu marang guruneD. bisa nyabrang samodra

42. Pratelan ing ngisor iki endi kang ora cocok karo intisarine carita wayang Dewa Ruci ?A. kencenging tekad bisa kaleksanan gegayuhaneB. manungsa kudu perang mungsuh naga C. duwe gegayuhan kudu kanthi niat suciD. bektine murid marang guru

43. Wrekudara nalika ana ing njero anggane Dewa Ruci rasane adhem ayem. Apa tegese tembung anggane?A. papaneB. omaheC. awake

8

Page 9: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

D. padhepokane

44. ?we/@ufrfidwuhaimLebua=g[n[fwrucimetutlizn\, Tembung kang dicithak miring iku tegese padha karo …..A. mripatB. irungC. tutukD. kuping

45. Manut wacan ing dhuwur sapa kang dadi pepalanging laku nalika Wrekudara ambyur ing segara?A. ngrjB. nggini C. ngtkSkD. ng!btMw

46. Apa jenenge pusakane Raden Wrekudara kang kanggo mateni naga mau?A. gfpnCnkB. pnhrujkPlC. kukupnCnkD. kukupnCmy

47. Endi kang nuduhake gambare Wrekudara?

A

BC

D

48. Ing tengahing samodra Wrekudara ketemu karo dewa cilik kang asma Dewa Ruci. Endi kang nuduhake gambare Dewa Ruci?

. A

.B

C D

49. Kepriye panulise ukara : Werkudara ketemu Dewa Ruci ing telenging samodra, nganggo aksara Jawa?A. ?we/@ufrketemu[fwruciai=te2=zi=s[mof].B. ?we/@ufrketemu[fwruciaii=[tle=zi=s[mofR.

9

Page 10: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

C. ?we/@ufrketemu[fwruciai=tel_zi=s[mof].D. ?we/@ufrketemu[fwruciai=[t[l=zi=s[mod].

50. Kepriye panulise ukara : Atine ketarik bareng ana cahya cumlorot, nganggo aksara Jawa?A. ?Ati[nketarikBr_anchycu[mLo[rot\,B. ?atine[ktrikb[r=anchycu[mLo[rot,,C.?ati[nketrikBre=anchycu[mo[lo[rot\,D. ?ati[nketrikBx=anchycu[mLo[rot\,

SURAT PERNYATAAN ADA DI BAWAH SOAL INI

KUNCI JAWABAN UKK 2016BAHASA JAWA KELAS 8

NO JAWABAN NO JAWABAN NO JAWABAN1 A 18 C 35 A2 C 19 D 36 B3 B 20 A 37 C4 D 21 A 38 D5 A 22 C 39 A6 C 23 B 40 A7 B 24 A 41 C8 C 25 D 42 B9 D 26 D 43 C

10 C 27 B 44 D11 D 28 C 45 D12 A 29 D 46 C13 B 30 C 47 D14 A 31 B 48 B15 B 32 C 49 A16 D 33 A 50 D17 B 34 B

10

Page 11: Pedoman Pengetikan Naskah Tryout SMP Yogyakarta · Web viewkudu nggatekake pocapan lan wiramane gladhen maca geguritan kanthi swara sabanter-bantere bisa maragakake kanthi pasemon

Bahasa Jawa Kls 8

11