maca cepet

14
mc cepet\

Upload: yuliahertismansa

Post on 25-Jun-2015

2.567 views

Category:

Entertainment & Humor


11 download

TRANSCRIPT

Page 1: Maca Cepet

mc cepet\

Page 2: Maca Cepet

A. Teknik MacaSenajan mung maca, nanging mbutuhake

ketrampilan. Ana wong maca buku sakebet mung sedhela wae wis rampung. Nanging ana wong maca mung sarai wae suwene ora jamak. Kuwi kabeh gumantung pakulinane maca. Wong kulina maca mesthi cepet rampung. Ketrampilan maca cepet iku dibutuhake kanggone jaman saiki. Sebab gelem ora gelem wong kudu ngundhakake cepete maca. Sebab sawenehing ilmu utawa informasi sumebar tumangkare sarana tulisan sing kudu diwaca. Sangsaya akeh sing diwaca sangsaya tambah ilmune.

Tujuan bakune maca cepet yaiku nggolek lan nglumpukake sesurupan bab apa wae kanthi cepet, gampang, pas lan trep miturut kabutuhane. Carane maca sing umum katindakake ana papat, yaiku maca teknik utawa maca nyuwara, maca batin, maca cepet lan maca endah utawa maca estetik.

Page 3: Maca Cepet

a. Maca Teknik/ Maca Nyuwara

Maca teknik sejatine maca nyuwara, yaiku nyuwarakake simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironce dadi tembung, tembung dironce dadi ukara.

Sing kudu digatekake ing maca teknik yaiku:Lafal utawa pangucapaning tembung, intonasi utawa munggah mudhune irama.Pamedhoting ukara, kalebu frase (kumpulan tembung).Ngerti isi lan surasane wacan.

Page 4: Maca Cepet

b. Maca Batin

Maca batin, beda karo maca teknik, cara maca teknik luwih nengenake utawa ndhisikake pamahaman utawa pangerten bab isine wacan. Tujuwane maca batin kanggo ngerteni isine wacan. Teknik maca batin digunakake kanggo nglatih daya pengeling-eling lan daya panangkepe pikiran kanggo pemahaman informasi sing diwaca.

Ana ing maca batin, lambe lan suwara ora makarya, mung ngandelake mripat lan pikiran. Dadi lambe ora oleh umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora entuk nudhingi. Semono uga sirah ora entuk obah melu arahe wacan.

Page 5: Maca Cepet

c. Maca Endah/ Estetis

Maca endah yaiku maca kanthi ngatonake kaendahan lan estetika, kayata maca geguritan lan nembang. Maca endah sejatine padha karo maca nyuwara utawa maca teknik, bedane maca endah kudu bisa ngatonake rasa kaendahan sing ana ing sajroning wacan sing diwaca, utawa penghayatan.

Page 6: Maca Cepet

d. Maca Cepet

Maca cepet sejatine uga maca batin, nanging tempone wae sing beda. Ana ing maca batin anggone maca biasa-biasa wae amarga ora ana watesane wektu. Nanging ing maca cepet, anggone maca diwatesi wektu. Tujuan baku teknik maca cepet yaiku narik utawa nggolek lan ngumpulake intisarine informasi utawa pangerten kanthi cepet. Cekake, intine maca cepet yaiku ngerti isine wacan kanthi cepet. Ora ana gunane maca cepet yen ora ngerti apa sing diwaca.

Page 7: Maca Cepet

Rumus ngetung cepete maca

Para winasis nyoba gawe pandom ngetung cepete maca yaiku :

KM = J/W

Katerangan :KM = cepete macaJ = tembung sing diwacaWM = wektu sing dibutuhake maca

Page 8: Maca Cepet

Cara-cara kanggo maca cepet :1. Anggone maca ora saben tembung, nanging saklompok

tembung.2. Aja mbolan-mbaleni tembung sing wis diwaca.3. Aja kesuwen mandheg sangarepe ukara.4. Ora digagas tembung-tembung kayata : ing, saka, marang,

lsp.5. Tanpa ngetokake suara saka lambe (lambene uga ora

obah-obah)6. Ora gedheg-gedheg sirahe ngetutake dawane ukara.7. Pandelengane mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe.8. Tembung sing angel/ manca ditinggal dhisik.9. Golekana kuncine tembung ing sakjeroning ukara.

Page 9: Maca Cepet

Wacanen teks ing buku “kabeh Seneng Basa Jawa 1” kaca 48, nganggo teknik maca cepet!Etungen cepete anggonmu maca nganggo rumus!

Page 10: Maca Cepet

Sanepa

Yaiku unen-unen sing memper pepindhan, kadhapuk saka tembung kahanan lan tembung aran, nanging duweni teges kosok balen karo kahanane.

Tuladha : Eseme pait madu

Pait, tembung kahanan, madu, tembung aran, dadi pait madu. Madu sing rasane legi isih diarani pait yen dibandhingake karo eseme.Tegese pait madu iku ora pait nanging malah manis banget. Isa ditegesi yen eseme manis banget ngluwihi manising madu.

Page 11: Maca Cepet

Tembung Entar

Page 12: Maca Cepet

gL[dn\ ;1 ;A.Tegesna sanepa kang kacetak miring iki!1. Jamu sing diunjuk Barrack Obama rasane jan legi

brotowali.2. Amarga kena bom Marriot, satpam kuwi tatune arang

kranjang.3. Bareng Noordin M. Top kecekel dening aparat,

polatane bening leri.

B. Gawea ukara nganggo tembung iki! Kuru semangka Anteng kitiran

Page 13: Maca Cepet

gL[dn\ ;2;Tegesna tembung entar kang kacetak miring iki!1. Amarga kerep diece karo kanca-kancane, Nona Igun dadi abang kupinge. 2. Dhasar kethul pikirane, mung nggarap soal kaya ngene wae kok ora bisa.3. Juwita Bahar tipis lambene. Wong tuwane dhewe kok diunek-unekake

neng infotainment.4. Akeh para selebriti sing lunyu ilate. Omongane esuk dhele, sore tempe.5. Bareng wis kepilih, akeh Anggota Legislatif sing gedhe endhase, kabeh

kudu manut marang dheweke.6. Samangsane urip, Mbah Surip kae jembar segarane, ora tau duka

marang wong liya.7. Aja seneng metani alaning liyan, ora ngrumangsani yen awake dhewe

durung mesthi benere.

Gawea ukara nganggo tembung : Amba jangkahe Mangan ati Panas atine

Page 14: Maca Cepet

?ajini = diri sklqi,

ajini = rgakbusn.?

Ajining dhiri saka lathi,ajining raga saka busana.