pak tony tiitp mc

2
Dumateng Bp uztad faudzan ingkang kawula hormati Dumateng Bp. Harjono selaku ketua RT 26 ingkang kawula hormati Dumateng sesepuh pinisepuh ajisepuh, para bapak tamu undangan warga rt 26 saha rencang-rencang guru prosus inten ingkang kawulo hormati Monggo kita tansah panjataken raos puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah inayah saha kanikmatan rejeki dalah kesehatan kesempatan sehingga ndalu menika kita saget makempal wonten griyo mriki kinanti wilujeng sehat wal afiat mboten wonten alangan setunggal menapa –menapa Mugi-mugi kempal kita ndalu meniko mbeto manfaat saha pikantuk pahala lan barokah saking Allah SWT amiin Sholawat saha salam mugi tetep kunjuk dumateng junjungan kita nabi mulia nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu- antu syafaatipun wonten mbenjang ing yaumil qiyamah amiin Bapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo, kawula ngwakili prosus inten ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken matur suwun ingkang kathah rawuhipun panjenengan sedaya, mugi- mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesalehan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagen kehidupan kita awit ndunyo ngantos akhirat mangke..amiin Sak lajengipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih prosus inten mboten saged nyediaken palenggahan ingkang sekeco, utawi kirang gupuh anggen nampi rawuh panjenengan lan mangke menawi wonten pasegahan ingkang kirang nuju prana dateng penggaling panjenengan sedaya, kuloa ngwakili rencang-rencang prosus inten nyuwun agenging samudra pangarsami Bapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo, wonten mriki kawulo minegkani pranoto hadicoro pengajian tasyakuran cabang prosus inten tamsis, badhe maosaken susunan acara wonten ndalu meniko: 1. Pembukaan 2. Sambutan saking perwakilan prosus inten Ibu devi 3. Sambutan saking Bp harjono selaku ketua rt 26 4. Acara inti inggih menika ceramah saking Uztad Fauzan 5.Do’a ingkang dipimpin kalih ketua takmir Masjid Baitun Na’im 6.Penutup Bapak-bapak ingkang kawulo hormati, acoro engkang sepindah inggeh meniko pembukaan, monggo acara wonten ndalu meniko

Upload: balduin-nainggolan

Post on 21-Dec-2015

32 views

Category:

Documents


6 download

DESCRIPTION

MC JAWA

TRANSCRIPT

Page 1: Pak Tony Tiitp Mc

Dumateng Bp uztad faudzan ingkang kawula hormatiDumateng Bp. Harjono selaku ketua RT 26 ingkang kawula hormatiDumateng sesepuh pinisepuh ajisepuh, para bapak tamu undangan warga rt 26 saha rencang-rencang guru prosus inten ingkang kawulo hormatiMonggo kita tansah panjataken raos puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah inayah saha kanikmatan rejeki dalah kesehatan kesempatan sehingga ndalu menika kita saget makempal wonten griyo mriki kinanti wilujeng sehat wal afiat mboten wonten alangan setunggal menapa –menapaMugi-mugi kempal kita ndalu meniko mbeto manfaat saha pikantuk pahala lan barokah saking Allah SWT amiinSholawat saha salam mugi tetep kunjuk dumateng junjungan kita nabi mulia nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten mbenjang ing yaumil qiyamah amiinBapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo, kawula ngwakili prosus inten ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken matur suwun ingkang kathah rawuhipun panjenengan sedaya, mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesalehan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagen kehidupan kita awit ndunyo ngantos akhirat mangke..amiinSak lajengipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih prosus inten mboten saged nyediaken palenggahan ingkang sekeco, utawi kirang gupuh anggen nampi rawuh panjenengan lan mangke menawi wonten pasegahan ingkang kirang nuju prana dateng penggaling panjenengan sedaya, kuloa ngwakili rencang-rencang prosus inten nyuwun agenging samudra pangarsamiBapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo, wonten mriki kawulo minegkani pranoto hadicoro pengajian tasyakuran cabang prosus inten tamsis, badhe maosaken susunan acara wonten ndalu meniko:1. Pembukaan 2. Sambutan saking perwakilan prosus inten Ibu devi3. Sambutan saking Bp harjono selaku ketua rt 26 4. Acara inti inggih menika ceramah saking Uztad Fauzan 5.Do’a ingkang dipimpin kalih ketua takmir Masjid Baitun Na’im 6.PenutupBapak-bapak ingkang kawulo hormati, acoro engkang sepindah inggeh meniko pembukaan, monggo acara wonten ndalu meniko kita bikak sesarengan kanthi maos ( ummul kitab)’ngala hadiniyah Kita lajengaken acara ingkang kaping kalih inggeh meniko sambutan….dumateng panjenenganipun ibu devi kulo sumanggaaken….maturnsuwun bu devi..meniko wau sambutan saking prosus intenSak lajengipun ingkang kaping tiga sambutan saking …. Dumateng bapak harjano ingkang kawu;lo hormati kulo sumanggaaken……makaten wau sambutan saking bapak harjono selaku ketua rt 26. Dilajengaken acoro ingkang kaping sekawan inggeh meniko acara inti ceramah pangaosan, dumateng bapak uztad fauzan kulo sumanggaaken….meniko wau ceramah saking bp uztad fauzan mugi-mugi saget nambah ilmu lan iman kita sedaya amiinPara bapak ingkang minulyo..Acoro ingkang gangxal inggeh meniko do’a, dumatheng bapak ketua takmir Masjid Baitun Na’im kulo sumanggaaken..Acara ingkang terakhir inggeh meniko penutup, monggo acara ing ndalu meniko kita tutup kanthi waosan hamdalah….Para bapak ingkang minulyo..

Page 2: Pak Tony Tiitp Mc

Acara ndalu meniko sampun paripurno Mbok bilih panjenengan sedaya ngersake kundur, kulo naming saget dedongan mugi kundur panjenengan dugi dalem piyambak-piyambak tansah dipun lindungi Allah swt mboten wonten aral setunggal menopo menopoMekaten saking kulo menawi wonten klenta klentu atur kulo nyuwun panganpunten sak ageng agengipun..Wassalamualaikumwrwb