kumpulan crita basa jawa widuri -...

10
Imam Aspuri Kumpulan Crita Basa Jawa: Widuri Pantai Cinta”ne Pemalang Penerbit: Tenar Media *** Widuri ‘Pantai Cintane Pemalang Oleh: Imam Aspuri Copyright © 2011 by Imam Aspuri Penerbit Tenar Media Email : [email protected] Desain Sampul: IMAS MEDIA Diterbitkan melalui: www.nulisbuku.com

Upload: nguyenngoc

Post on 28-Mar-2019

308 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

Imam Aspuri Kumpulan Crita Basa Jawa:

Widuri “Pantai Cinta”ne

Pemalang Penerbit:

Tenar Media

*** Widuri ‘Pantai Cinta’ne Pemalang

Oleh: Imam Aspuri

Copyright © 2011 by Imam Aspuri Penerbit

Tenar Media Email :

[email protected]

Desain Sampul:

IMAS MEDIA

Diterbitkan melalui:

www.nulisbuku.com

Page 2: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

2

Sekapur Sirih

Ing saparan-paran tlatah padha nguwatirake, utamane ing njaba

Pulo Jawa, anane ancaman basa dhaerahe kang arep ilang utawa punah.

Mung 10% wae kang bisa bertahan, penyebabe basa kuwi sansaya

arang digunakake.

Kepala Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Kebudayaan (PMB)

LIPI Drs. Abdul Rachman Patji M.A ing Jakarta, Jumat (16/11/2011)

ngungkapake marang detik.com, faktor kang mempengaruhi kepunahan

bahasa yaiku faktor urbanisasi lan perkawinan antar etnis.

Nanging penyebab utama kepunahan basa uga merga para wong tua

ora mulangake marang anak-anake lan uga ora secara aktif nggunakake

ing omah utawa jroning maneka ranah kumunikasi.

Kanthi mengkono, mbokmenawa Buku Kumpulan Crita Basa Jawa

Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki minangka pepeling anane

ancaman ngenani basa dhaerah kang sansaya punah, ora ketang mung

sethitihik thok. Paling ora, uga bisa kanggo ndorong wacan ing sekolah

apadene ing ngomah?

Buku Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki mujudake buku

sepisan saka telu buku. Buku liyane kanthi irah-irah Jambemas,

Mulang, Muruk, & Nglipur! minangka buku kapindho, lan buku

Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih

Niti Prestasi.

Buku kang saperangan gedhe wis dipublikasikake utawa dimot ana

ing media massa basa Jawa, mligine akeh dimot ing Majalah Basa Jawa

PS, lan ora sethithik uga kang dimot ing Majalah JB iki mugi-mugi ana

manfaate kanggo pamios.

Najan mengkono, penulis uga pitados buku Kumpulan Cerita Basa

Jawa Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki esih adoh saka

sempurna. Mula kritik lan saran kang mbinangun tetep dadi pangarep

saka pamios.

Nuwun.

Penulis

Page 3: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

3

KANGGO sebagian wong papan-papan tinamtu

dipitaya nduweni keluwihan. Kaya dene papan pesi-

sir Widuri ing Kelurahan Widuri Kec. Pemalang Kab.

Pemalang, Jateng, iki

dipitaya sapa wae, pa-

wongan kang mentas

mantenan mara teka

mrono jejodohane bakal

langgeng.

Kaya dene lagu

“Widuri” karyane Adri-

adi komponis asal Semarang ing nduwur kuwi, sing

jare kepencut kaendahane obyek wisata Pesisir

Widuri iku, lagu iku nate kondhang seantero

Nusantara nalika tahun 1970-an. Lan kabare lagu iku

wis diterjemahake ing

basa Inggris lan Man-

darin. Iramane sing me-

lankolis, pancen gam-

pang nimbulake kena-

ngan manis. Ora eram,

menawa komponis Adri-

Page 4: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

4

adi nggone nyipta irah-irah lagu iki diilhami dening

obyek wisata Pesisir Widuri. Yen kita “mbedah”

isine lagu kasebut, rada ana mempere karo asal

aran/jeneng papan rekreasi sing siji iki. Widuri,

jeneng sawijine wanita ayu lan isih enom dadi

kawigatene nom-noman.

Nanging Widuri tetep karo „pendirian‟e, mujudake

wong wadon sing wis nduwe lanang. Esem oleh

kanggo sapa wae, nanging kesetiaane marang bojo

kudu dijaga. Kaya dene njero lagu iku, “... lalu eng-

kau tersenyum, tak tahu apakah arti senyum-mu....?”

Ana dene “terkonspirasi” karo babagan lagu lan

arti setiane sawijining bojo, katone tekan saiki

diyakini bener, utamane dening pasangan nganten

anyar. Akeh sing ngandel, kanthi teka ing Pesisir

Page 5: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

5

Widuri karo ngumbah tangan lan sikil, kanggo

pasangan manten sing isih nganggo sandangan

„kebesaran‟e sawise nglaksanakake ijab-kobul, bakal

awet enom sarta rukun nganti kaki-nini.

Mula nalika wulan-wulan musin manten, ing Pe-

sisir Widuri kerep ditemoni iring-iringan manten

numpak dokar utawa andhong. Para manten anyar

kuwi ora nadya bungah-bungah „berbulan madu‟,

ananging kanggo netepi piandel sing esih kuwat di-

yakini dening masyarakat Pemalang lan sekitare.

Piandel (kepercayaan) kasebut, ana gandheng

cenenge karo legenda sing nduweni gegayutan bab

kawasan iku. Miturut legenda yaiku hikmah

kesetiaane Nyai Widuri, bojo sawijining Abdi Dalem

Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Kerajaan

Mataram sing daleme ing Pesisir kono.

Wektu kedaden „Geger Pemalang‟ yakuwi nalika

dhaerah Pemalang diserang dening Selingsingan saka

Cirebon, Sultan Agung ngirim Pangeran Purbaya

kanggo mbiyantu abdi dalem ing kono ngusir para

Page 6: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

6

perusuh iku. Najan ngalami tatu, nanging Pangeran

Purbaya menang ing peperangane.

Merga tatu-tatu Pangeran Purbaya diopeni (dira-

wat) dening Nyai Widuri, wadon ayu lan elok sing

esih enom kuwi. Bab iku sing ndadekake butarepane

sing lanang, sing luwih tuwa umure. Nanging Nyai

Widuri bisa njaga „kesetiaan‟e dheweke, kanthi bukti

natoni driji manise.

Getih sing netes ing tanduran Widuri banjur

„disabda‟ yen mengko warnane kembang Widuri pu-

tih, pancen dheweke ora putih kesuciane maneh, na-

nging yen mengko malih dadi ungu nom kebiru-

biruan wernane, tandha yen ngluwihi donya iki.

Lan... jebule; kembang Widuri sing thukul kem-

bange ungu nom kebiru-biruan. Mula, abdi dalem

mau yakin karo kesetiaane lan kesuciane bojone.

Sakloron urip rukun, ibarate ‘mimi lan mintuna’

nganti ‘kaki-nini’.

Mula kuwi para manten sing plesiran ing Widuri

saiki, uga ngarep-arep berkah supaya bisa tetep setia

padha-padha katresnane anggone omah-omah nganti

rajapati utawa langgeng anggone jejodhoan.

Ana uga sing nerjemahake kanggo ndhedher ka-

tresnan, utamane kanggo kaum mudha. Merga kuwi,

ing papan rekreasi kono kerep katon pemandhangan

pasangan mudha-mudhi lagi sih-sihan atawa pacaran.

Apa maneh dina Minggu, rame lan romantise.

Mula ya ora muluk-muluk, yen Pesisir Widuri ku-

wi uga dijenengi “Pantai Cinta”ne Pemalang. ***

Dimuat ing Panjebar Semangat, No. 28/2005.

Page 7: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

7

Jembatan batu di sebelahku

Diam

Pancuran bambu kecil

Memercikkan air

Menghempas di atas batu hitam

Merintih menikam sepi pagi...

Tembange Ebiet G Ade sing

mung satugel ing dhuwur iku

ngelingake kita ngenani

sawijining desa ing Kab. Pekalongan, Jawa Tengah,

Page 8: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

8

yaiku Lolong. Tem-bang

kasebut digawe dening

“pencipta lagu” iya penyair,

kanthi irah-irahan “Lolong”,

jeneng sawijining desa klebu

tlatah ing Kec. Karangayar

Kab. Pekalongn. Tembang sing

sabenere geguritan kuwi

digawe taun 1976, kaya dene

cathetan sing kapacak ing

samak

album Camellia III ing

pungkasan geguritan Lolong

mau: Pekalongan, 1976.

Tembang-tembange Ebiet G

Ade ing sakiter taun 1970-an

kondhang banget. Penyair asal

Wonodadi-Banjarnegara iku,

saben ngetokake album tansah

dadi

populer.

Temban

g-tembang kaya dene irah-

irahan Lagu Untuk Sebuah

Nama (Camellia I), malah

tembang Berita Kepada

Kawan (Camellia 2) banget

populere.

Ora beda karo album-album

sadurunge, ing Camellia III

iki saliyane tembang Elegi

Page 9: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

9

Esok Pagi, ora kalah kondhange tembang Lo-long.

Kejaba syaire melankolis, tur manis, keluwihan

liyane tembang iki diswarakake dening Ebiet kanthi

iringan gitar thok. Merga tembang iki, Desa Lolong

dadi luwih kondhang minangka papan wisata. Mula

ora aneh, banjur akeh wong sing nekani kanthi

gemrudug padha plesiran, kepengin weruh papan sing

kaya ditembangake dening Ebiet, utamane anane

kreteg watu sing keprungu aneh mau. Pancen kreteg

iku ana kanthi alami, dudu gaweyane manungsa?

Mbuh kanthi njarag apadene secara kebeneran,

penyanyi sekaliber Ebiet G Ade iku teka ing papan

sawjining desa ing Kab. Pekalongan mau. Penyair

sing kondhang kulina „semedi‟ ing Ngayogyakarta

kanggo golek ilhame sing sateruse ing kutha bathik

iki uga kasil nyiptakake tembang Zapin (album

Page 10: Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri - nulisbuku.comnulisbuku.com/books/download/samples/cd65b1e886513bec11bc59abc...Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti

10

Camellia 4) kuwi pancen ora salah milih papan Lo-

long kango irah-irahan tembange. Prayata wangsit

sing katampa sumunar, lan sumebar ana ing ngendi-

endi. Ora beda karo kanyatan kahanan ing sejatine

ing desa Lolong sing nengsemake.

Desa sing ana ing ereng-erenge gumuk iku pancen

seger lan asri. Kiwa tengene dalan dikebaki tanduran

ijo royo-royo, kaya sing digambarake dening Ebiet,

pucuk-pucuk cemara sing tansah obah, sajake kaya

irama jogedan duwe kekuwatan gaib...................

Sugeng nerusake maos buku menika teng sanes kahanan..... ?!!