materi piwulangan warta, crita cerkak, lan prastawa

27
KELOMPOK 2 DISUSUN DENING : 1. ANGGA FERDIANSYAH (02) 2. ARIN NIRMALA PUTRI (05) 3. DIMAS ARIS SETIA (13) 4. MELIA SEPTIANA (17) 5. SANTY NUR ASIH (26) ASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.

Upload: anggaferdian

Post on 22-Jun-2015

4.362 views

Category:

Education


7 download

TRANSCRIPT

Page 1: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

KELOMPOK 2DISUSUN DENING :1. ANGGA FERDIANSYAH(02)2. ARIN NIRMALA PUTRI (05)3. DIMAS ARIS SETIA

(13)4. MELIA SEPTIANA(17)5. SANTY NUR ASIH(26)

ASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.

Page 2: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

MATERI PEMBELAJARAN

PIWULANG 6BAB PAWARTA

PIWULANG 5BAB CRITA

CERKAK

PIWULANG 7BAB PRASTAWA

Page 3: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

PIWULANG 5BAB PAWARTA

Page 4: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Pambuka

Ing sadina-dina kita asring nemoni pawarta utawa warta. Warta yaiku kabar kang dikandhakake kanggo dingerteni wong liya utawa wong akeh. Warta bisa kasiyarake ing medhia elektronik utawa kapacak ing medhia cithak. Warta iku penting ing urip bebrayan amarga anane warta bisa dadi informasi lan pepeling marang manungsa ing endi wae.

Page 5: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

A. Ngrungokake Warta

Warta ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar. Warta yaiku informasi utawa kabar anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijining kadadean kang lagi wae ana. Warta dikabarake liwat wujud medhia cithak, siyaran utawa medhia elektronik, internet, lan saka gunemane wong siji marang liyane. Wong kang golek wartalan nulis warta kasebut wartawan.

Televisi umume nduwe acara warta amarga iku penting tumrap masarakat. Anane siyaran warta bisa gawe masarakat ngerti kadadean-kadadean ing ngendi-endi. Saliyane iku, uga bisa kanggo pangeling supaya waspada, contone warta ngenani akehe maling lan wong culikaing jaman saiki.

Page 6: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Perangane warta iku bisa karangkum dadi 5W + 1H, yaiku kaya mengkene :What : Kadadean apa sing diwartakake

utawa dikabarakeWho : Sapa sing terlibat ing kadadean

ikuWhen : Kapan kadadean ing warta

ikuWhere : Ing ngendi kadadeaneWhy : Genea bisa kadadean kaya

mangkonoHow : Kepriye kadadeane

Page 7: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

B. Ngandhakake Informasi utawa Kabar

Informasi yaiku kabar utawa apa kang kudu dikandhakake marang wong liya. Informasi utawa kabar iku bisa disiyarake liwat televise, radhio, utawa internet. Jaman saiki golek informasi utawa kabar wis ora kangelan. Saben setasiun televise utawa gelombang radhio nduweni acara warta. Acara iku nyiyarake informasi utawa kabar saka ngendi wae. Radhio, televise, lan internet iku kalebu medhia elektronik.

Anggone ngandhakake sawijining informasi iku kudu temenan. Isineinformasi kudu bener lan nyata kaya asline. Saliyane iku, kudu cetha lan nganggo basa sing apik lan bener. Aja gawe bingung sing ngrungokake.

Page 8: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

C. Nulis Warta Miturut ancase lan isine, jinis wacan iku kabedakake dadi

wacan eksposisi, deskripsi, argumentasi, persuasi, lan narasi.

Eksposisi yaiku wacan kang ancas lan isine nerangake utawa njlentrehake babagan tartamtu.

Deskripsi yaiku wacan kang ancas lan isine nggambarake sawijining bab utawa perkara.

Argumentasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu kanthi alesan sing cetha.

Persuasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu lan mbujuk supaya wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe penulis.

Narasi yaiku wacan kang ancas lan isine nyritakake sawijining kadadean utawa crita lan ana unsur-unsur critane , kayata : tema, alur, latar, paraga sarta watake, lan amanat utawa pesen moral.

Page 9: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Saliyane iku, paragraf kabedakake dadi paragraf induktif, paragraf deduktif, lan paragraf campuran deduktif-induktif. Paragraf induktif, gagasan bakune ana ing bagean njero utawa buri paragraf. Dene paragraf deduktif, gagasan bakune ana ing ngarep. Paragraf campuran, gagasan bakune ana ing ngarep lan buri.

Page 10: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

PIWULANG 6BAB CRITA CERKAK

Page 11: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

PambukaKasustraan iku ana kang awujud

gancaran, geguritan, tembang, utawa dhialog (pacelathon). Kang awujud gancaran, contone novel lan crita cerkak. Crita cerkak umume kapacak ana ing ariwarti utawa kalawarti. Ana uga kang diterbitake ing buku antalogi. Crita cerkak iku ngandhut piwulangkanggo uriping manungsa amarga crita cerkak iku isine akeh-akehe ngenani uriping manungsa kaya padatan.

Page 12: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

A. Ngrungokake Crita Cerkak

Crita cerkak yaiku crita kang dawane ora luwih saka 10.000 tembung. Dadi, crita cerkak iku crita kang cekak wae lan isine fokus ing sawijining paraga sarta sawijining kadadean kang dialami paragane iku.

Unsur crita cerkak bisa kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba). Ing piwulangan iki kang diterangake unsur intrinsike wae.

Unsur intrinsik, yaiku tema, alur, latar, paraga lan watake, amanat utawa pesen, sudut pandang, sarta basane.

Page 13: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Tema yaiku idhe baku utawa gagasan baku saka crita.

Alur yaiku urutane kadadean ing crita. Latar yaiku babagan papan, wektu, lan swasana ing

crita. Paraga yaiku wong kang dicritakake. Paraga ing

crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane.

Amanat yaiku piwulang luhur kang diandhut ing crita.

Sudut pandang yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyritakakeisine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bisa dadi pengamat wae ing njaba crita.

Basa yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake ing crita iku.

Page 14: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

B. Ngrembug utawa Ndhiskusikake Isi Cerkak

Cerkak nduweni nilai-nilai luhur kanggo manungsa ing urip bebrayan. Nilai-nilai luhur iku bisa ditemokake menawa maca utawa nyemak cerkak iku kanthi premati. Lakune crita kasemak temen-temen supaya bisa ngerteni isine cerkak.

Page 15: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

C. Maca Cerkak kanthi Sero Macakake cerkak kanggo wong liya iku beda karo

maca kanggo dhewe. Menawa macakake kanggo wong liya, para siswa kudu nggatekake supaya wong kang diwacakake bisa ngerteni isine cerkak. Mula, macakake cerkak kudu nggatekake babagan ing ngisor iki.

Swarane sing sero lan landhung. Pocapane utawa lesane cetha lan bener. Lagu ukarane pener. Ekspresi lan gerak-gerike trep karo anggone

maca.

Page 16: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

D. Nulis Wacan Narasi Wujud Sinopsis Cerkak

Wacan narasi iku wacan kang isine crita kang ngandhut unsur tema, alur, latar, paraga sarta watake, amanat, sudut pandang, lan gaya basa. Mula, cerkak iku kalebu wacan narasi.

Dene, sinopsis yaiku ringkesan crita. Kang disebut ing synopsis bagean-bagean baku saka crita.

Page 17: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

PIWULANG 7BAB PRASTAWA

Page 18: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Pambuka

Prastawa ing alam donya iku mawerna-werna. Prastawa iku bisa dingerteni saka pawarta. Pawarta uga ana ing crita cekak. Prastawa bisa sipate nyenengake utawa gawe sedhih. Saka prastawa uga bisa kapethik piwulang kanggo uriping manungsa.

Page 19: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

A. Ndhiskusikake Isi Cerkak

Saben crita nduweni unsur intrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur ana ing crita kang duwe pengaruh marang crita iku. Upamane tema, penokohan, alur, lan sapiturute.

Page 20: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

Materi PengayaanA. Parikan

Parikan yaiku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapisan pocapane padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho. Gatra kang kapisan minangka purwaka, dene karepe ing gatra kang kapindho.

Tuladha:

Manuk emprit, nucuk pari

Dadi murid, sing taberi 

B. Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen awujud cangkriman dikantheni batangane/jawabane pisan, sanajan batangan mau among wae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane.

Tuladha:

Aja njenang gula lho, nduk!                 

Jenang gula = glali, dadi lali

Page 21: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

LATIHAN SOAL1. Informasi utawa kabar anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijining kadadean kang lagi wae ana iku diarani ....

a. Informasi d. Warta

b. Puisie. Pengumuman

c. Geguritan

2. Anggone ngandhakake sawijining informasi iku kudu temenan. Ing ngisor iki kang kalebu isi informasi, kejaba ....

a. Bener lan nyata kaya asline

b. Cetha

c. Nganggo basa sing apik

d. Ora gawe bingung

e. Direka-reka supaya apik nanging ora kaya asline

3. Nuwun para pamiarsa wonten ing pundi papan panjenengan midhangetaken atur giyaran punika, kepareng sumela atur awit badhe kula waosaken setunggaling pewarta lelayu.

Perangane pewarta ing dhuwur yaiku ....

a. Isine warta c. Penutup warta e. Pembuka warta

b. Wasana basa d. Surasane warta

Page 22: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

4. Putih memplak. Yen kuning ....

a. Thuntheng c. Ndhrandhang e. Temu giring

b. Bendhe d. Kecu

5. Tembung iki kang kalebu tembung sanepa kejaba ....

a. Abang dluwang c. Atos deboge. Legi brutawali

b. Abang mbranang d. Dhuwur kencur

6. Crita kang dawane ora luwih saka 10.000 tembung iku diarani ....

a. Crita cerkak c. Crita biasa e. Crita novel

b. Crita sambung d. Crita legenda

7. Macakake cerkak kudu nggatekake babagan ing ngisor iki, kejaba ....

a. Swarane sing sero lan landhung

b. Pocapane utawa lesane cetha lan bener

c. Lagu ukarane pener

d. Ekspresi lan gerak gerike trep

e. Macane banter

Page 23: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

8. Wacan kang isine crita kang ngandhut unsur tema, alur, latar, paraga sarta watake, amanat, sudut pandang yaiku ....

a. Persuasi c. Deskripsie. Eksposisi

b. Argumentasi d. Narasi

9. Tembung kerata basa ing ngisor iki kejaba ....

a. Bap apa-apa pepak d. Kaku njepiping

b. Embat-embating tutur e. Abang mbranang

c. Digugu lan ditiru

10. Tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude yaiku ....

a. Cangkriman c. Titenane. Rura basa

b. Kerata basa d. Sanepa

11. Jemek-jemek, gulane jawa

Aja ngenyek, padha kanca

Ukara kasebut diarani ....

a. Parikan c. Wartae. Cerbung

b. Cangkriman d. Cerkak

Page 24: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

12. Manuk semprit, nucuk pari

Dadi murid, ....

Lanjutane parikan ing dhuwur kang trep yaiku ....

a. Sing mbebani c. Sing taberie. Sing apik

b. Sing becik d. Sing rajin

13. Wangsalan sing baku yaiku ....

a. Cangkrimane c. Wandane e. Tetembunge

b. Batangane d. Gatrane

14. Aja njenang gula lho, Ndhuk !

Ukara kasebut diarani ....

a. Sanepa c. Rura basae. Wangsalan

b. Cangkriman d. Parikan

15. Mbok enggal tangi, srengengene wis katon padhang ....

a. Memplak c. Kecue. Ndrandhang

b. Mbranang d. Njingglang

Page 25: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

16. Kuru semangka. Yen ditulis Jawa dadi ....

a. kurusem=k

b. kru[sm=k

c. kurusmz\k

d. kurusmu

e. kurusim=k

17. pitikWlikSb ....

a. ke[bon\ c. ke[boe. [kb

b. ke[b d. [k[bon\

18. Tembung kerata basa bapak tegese bap apa-apa ....

a. ppk\

b. pepa\

c. pepk

d. pepk\

e. [ppk\

Page 26: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

19. jmu aiku rs[n ....

a. pait\

b. pat\

c. piat\

d. pail\

e. pal\

20. je[rotpkMeri. Yen ditulis latin dadi ....

a. Jero tapak meri

b. Jero tapak muri

c. Jero tepak meri

d. Jero thapak meri

e. Jero tumplek meri

Page 27: Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa

MATURNUWUN...SEDAYA LEPAT KITA NYUWUN

PANGAPUNTEN...

WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.