khutbah jumat maulud nabi.doc

Upload: miftakhul-huda

Post on 24-Feb-2018

255 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • 7/24/2019 KHUTBAH JUMAT MAULUD NABI.doc

    1/4

    KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : MAULID NABI MUHAMMAD SAW

    Maasyiral Muslimin jamaah jumah rokhimakumullah.

    Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur

    ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha

    hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita

    sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-

    mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat.

    Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita abi

    Muhammad SAW.

    !ara sederek kaum muslimin, rokhimakumullah.

    "inten #umat Wage punika tanggal $% #anuari $&'( kaleres

    tanggal '( wulan )obiul Awal utawi wulan Maulud, ing ateges kala

    wingi, dinten Kamis !on kita umat *slam khususipun sami mrengeti

    wiyosan dalem Kanjeng abi Muhammad SAW, tanggal '$ mulud,

    kanthi mawarni-warni +ara, wanten ingkang ngawontenaken pengaosan

    akbar, wanten ingkang kanthi ngawontenaken tasyakuran sesarengan.

    !ramila saking punika wanten ing kesempatan punika, sumangga sami

    ngenget-ngenget dhateng sedaya perjuanganipun Kanjeng abi,

    ingkang intinipun panjenenganipun dipun dipun tunjuk dening Allah

    minangka )asul, utusan minangka rahmatan lil alamin lan minangkauswatun khasanah, tuladha ingkang paling sae kangge sedaya para

    manungsa.

    Maasyiral Muslimin jamaah jumah rokhimakumullah.

  • 7/24/2019 KHUTBAH JUMAT MAULUD NABI.doc

    2/4

    "ene ungsi lan misi dipun utusipun Kanjeng abi Muhammad

    SAW, inggih punika, '. Minangka rahmat welas asihipun Allag dhateng

    sedaya para mahkluk. Kados kasebat ing S Al-Anbiya /'&0/

    ) ) Lan Ingsun ora ngutus marang sira Muhammad kejaba minangka

    rahmat welas asih-Ingsun kanggo sakabehing mahkluk ing sakabehing

    alam. (QS Al-Anbiya !"#$%.

    $. Minangka paring kabar bebingah dhateng sedaya kawulanipun Allah

    ingkang iman lan ta1wa, lan paring kabar peringatan badhe nampi

    ukuman saha pidananipun Allah sok sintena ingkang nrajang awisanipun

    Allah. Kados kasebat ing S Saba / $2/

    ! "#$

    !

    %&

    '

    ) * ),+"

    Lan ingsung ora ngutus marang sira Muhammad& kejaba Sun utus

    marang sakabehing 'ara manungsa& kanthi tugas minangka tabsyir

    utawa aweh kabar bebungah lan tasdir utawa aweh 'eringatan.

    )anging akeh-akehe manungsa 'adha ora ngerti marang tugase

    *anjeng )abi sing mulya iki.

    Salajengingipun tugas Kanjeng abi Muhammad SAW inggih

    punika, minangka satunggaling utusan ingkang kadhawuhaken ndandosi

    lan nyampurnakaken para manungsa, 3Satemene ingsung diutus dening

    Allah SWT iku mung kanthi tugas supaya nyampurnakake akhlake

    manungsa4. 5Al 6adits7.

  • 7/24/2019 KHUTBAH JUMAT MAULUD NABI.doc

    3/4

    Mesthi kemawon risalahipun )asulullah punika boten namung

    sekedar nyakup tigang warni kadas ingkang sampun kula aturaken ing

    nginggil, ananging langkung kathah lan langkung wiyar, nyakup sedaya

    urusan wiwit urusan ing ndonya ngantos babagan keakhiratan. Sedaya

    dipun aturaken se+ara komplit lan sampurna. Sahingga Kanjeng abi

    Muhammad SAW punika mujudaken satunggalipun priyagung ingkang

    paripurna, ingkang kedah dipun teladhani lan dipun +onto dening sedaya

    umat manungsa punika, temtu kemawon wonten sebabipun ingkang

    gumathok, inggih punika saking kasilipun nindakaken misi lan

    perjuanganipun minangka rahmat kagem sedaya mahkluk.

    !anjenenganipun ugi kasil ngangkat derajatipun para manungsa saking

    panggenan ingkang asor lan nistha dhateng panggesangan ingkang

    linurup dening budi pekerti ingkang luhur.

    Maasyiral Muslimin jamaah jumah rokhimakumullah.

    6adits pangandikanipun )asulullah lan ayat Al-uranngendikanipun Allah SWT punika jelas sampun kita pahami, makna

    saking Kanjeng abi Muhammad SAW ingkang jumeneng )asul,

    ingkang penting saking anggen kita badhe mrengeti wiyosanipun jeng

    abi inggih punika kita sampun saged ngamalaken punapa dereng.

    8iripun yen kita kepingin pikantuk rahmat welas asihipun Allah lan

    kepingin pikantuk kanugrahan saha kawilujengan ing doya dalah ingakhirat, kita kedah purun nindakaken sedaya ingkang dipun dawuhaken

    dening Allah saha nilaraken sedaya awisanipun Allah, lewat punapa

    ingkang sampun dipun aturaken Kanjeng abi Muhammad SAW

    minangsa utusanipun Allah. Sahingga *man lan ta1wa dados harga mati.

    *ngkang kedah turus kita pertahanaken murih saya ningkat saha

    mantep.

  • 7/24/2019 KHUTBAH JUMAT MAULUD NABI.doc

    4/4

    Sebab kita yakin bilih tujuan kita sami, kita kepingin mulya gesang

    ing donya lan gesang ing akhirat mbenjang. anging kados dene lare

    sekolah ingkang mbetahaken ujian kangge tandha kelulusanipun, kita

    ing donya ugi boten badhe uwal saking ujianipun Allah. Mila saking

    punika, Kanjeng abi Muhammad SAW dipun utus dening Allah kangge

    paring pepadhang dateng sok sintena ingkang nembe nandang

    pepeteng, lan paring pitedah dhateng sok sintena kemawon ingkang

    kesasar.

    !ara sederek, ngengingi tujuan gesang punika, Allah sampun ngendika

    wanten ing S Al-ashash /00 /

    -.

    /

    0$ 1

    2

    34

    !-

    5*

    2!6

    ' 7

    8

    5*

    9

    9

    38an sira golekana marang apa wae kang wis diparingake Allah marangsira 5kang arupi kebahagiaane7 kampong akhirat, nanging aja nganti sira

    nglalekake bageanira saka kadonyan, lan tumindaka be+ik kaya

    anggone Allah wis paring kabe+ikan marang sira4.

    *ng ngriki Allah SWT nandesaken malih, bilih anggayuh

    kebahagiaan kangge salami-laminipun ing kampung akhirat, sampun

    ngantos ngorbanaken kebahagiaan ing alam donya, makaten kosok

    wangsulipun. Ananging kita kedah kagungan keyakinan bilih saben-

    saben amal tumindak ingkang kita tindakaken punika kedah ngasilaken

    biji akhirat. Wilujeng awit ing donya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal

    alamin