khutbah jumat bahasa jawa haji

4
Khutbah Jumat Bahasa Jawa (Boso Jowo) Aguning Ibadah Haji Para sedherek muslimin ingkang minulya. Kula ngajak dateng para sedherek sedaya mangga-mangga kita sedaya pupung taksih gesang samiya aningkataken taqwa kita dateng Allah SWT.Kanthi anindakaken dhawuh-dhawuh Allah ingkang wonten ing Al Qur’an. Makaten ugi anebihi sedaya tumindak ingkang boten sae.Ingkang supados gesang kita pikantuk karidlan saking ngarsaning Allah SWT. wilujeng lan begja fid dun ya wal akhirah. Jer taqwa dateng Allah punika para sedherek ingkang nyebabaken kita badhe manggih kabegjan ingkang saestu. Sholawat salam mugi tansah dipun limpahaken Allah SWT dumateng junjungan kitho Nabi SAW, kulawargo, sahabat, lan dumateng umat Islam dumugi akhir zaman. Kasebat wonten Al Qur’an : Ingkang jawinipun : “Sapa wonge taqwa marang Allah sayekti Allah bakal nuduhake dalane metu saka kesulitan lan bakal menehi rizki kang tanpa kanyana atas kamurahaning Allah SWT.” ( QS : 65 : 2-3 ) Para hadirin ingkang minulya Wonten ing khutbah punika kula badhe anerangaken kados pundi menggah keagunganing pangibadah Haji khususipun manawi dipun tropong saking kaca tingal pendhidhikan akhlak. Wonten ing khutbah punika kula nerangaken bab hikmah lan kawigatosanipun ngibadah Haji jalaran ing wekdal punika saweg nedheng-nedhengipun dados kawigatosan kita sedaya umat Islam saindenging bawana. Ugi angengeti dhawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an Ingkang jawinipun : “Sapa wonge ngegungake syi’aring Allah (kalebet syi’aring Allah inggih punika ngibadah Haji) mangka sayekti mangkono iku kalebu taqwaning ati.” (Q.S. Al Haj : 32) Para sedherek ingkang kula mulyakaken. Wonten ing tarikh tasyri’ Al Islami utawi sejarah perkembangan hukum Islam ngibadah Haji punika kalebet : Inggih punika ngibadah ingkang wonten hubunganipun kaliyan kemasyarakatan kanthi tembung sanes gegayutan kaliyan kepentinganing masyarakat sebab sedaya umat Islam sak ngalam donya sami anggadahi kepentingan dateng ing bab pangibadah Haji punika.

Upload: mastersheva

Post on 25-Jun-2015

1.839 views

Category:

Documents


4 download

TRANSCRIPT

Page 1: Khutbah Jumat Bahasa Jawa Haji

Khutbah Jumat Bahasa Jawa (Boso Jowo)

 

Aguning Ibadah Haji

Para sedherek muslimin ingkang minulya.

Kula ngajak dateng para sedherek sedaya mangga-mangga kita sedaya pupung taksih gesang samiya aningkataken taqwa kita dateng Allah SWT.Kanthi anindakaken dhawuh-dhawuh Allah ingkang wonten ing Al Qur’an. Makaten ugi anebihi sedaya tumindak ingkang boten sae.Ingkang supados gesang kita pikantuk karidlan saking ngarsaning Allah SWT. wilujeng lan begja fid dun ya wal akhirah. Jer taqwa dateng Allah punika para sedherek ingkang nyebabaken kita badhe manggih kabegjan ingkang saestu. Sholawat  salam mugi tansah dipun limpahaken Allah SWT dumateng junjungan kitho Nabi SAW, kulawargo, sahabat, lan dumateng umat Islam dumugi akhir zaman.

Kasebat wonten Al Qur’an : Ingkang jawinipun : “Sapa wonge taqwa marang Allah sayekti Allah bakal nuduhake dalane metu saka kesulitan lan bakal menehi rizki kang tanpa kanyana atas kamurahaning Allah SWT.” ( QS : 65 : 2-3 )

Para hadirin ingkang minulya Wonten ing khutbah punika kula badhe anerangaken kados pundi menggah keagunganing pangibadah Haji khususipun manawi dipun tropong saking kaca tingal pendhidhikan akhlak.

Wonten ing khutbah punika kula nerangaken bab hikmah lan kawigatosanipun ngibadah Haji jalaran ing wekdal punika saweg nedheng-nedhengipun dados kawigatosan kita sedaya umat Islam saindenging bawana.

Ugi angengeti dhawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an Ingkang jawinipun : “Sapa wonge ngegungake syi’aring Allah (kalebet syi’aring Allah inggih punika ngibadah Haji) mangka sayekti mangkono iku kalebu taqwaning ati.” (Q.S. Al Haj : 32)

Para sedherek ingkang kula mulyakaken.

Wonten ing tarikh tasyri’ Al Islami utawi sejarah perkembangan hukum Islam ngibadah Haji punika kalebet : Inggih punika ngibadah ingkang wonten hubunganipun kaliyan kemasyarakatan kanthi tembung sanes gegayutan kaliyan kepentinganing masyarakat sebab sedaya umat Islam sak ngalam donya sami anggadahi kepentingan dateng ing bab pangibadah Haji punika.

Sahingga estu-estu ngibadah Haji punika agung sanget dados syi’ar Islam ingkang cemerlang ingkang saged kapirsanan dening tiyang sak donya.

Kathah kedadosan riwayat lan crita ingkang magepokan kaliyan pangibadah Haji wonten ingkang sae, wonten ingkang kirang sae, saged ugi wonten ingkang boten beres lan sapiturutipun gumantung dateng manungsanipun piyambak-piyambak.

Saweneh saking riwayat ingkang nengsemaken inggih punika saweneh Ulama-ulama kita ing jaman rumiyin tiyang-tiyang sepuh rumiyin kalebet ugi tiyang sepuhipun

Page 2: Khutbah Jumat Bahasa Jawa Haji

punika saking kepenginipun nindakaken ngibadah Haji nekat nyambut sangu dateng kanca sekedar saged kangge sangu dateng Singgapur.

Samangsa sampun dumugi Singapur sagah badhe mangsulaken sambutanipun kala wau kanthi nyambut damel langkung rumiyin.

Allah ngabulaken panyuwunipun kawulanipun ingkang mukhlis sareng sampun nglempakaken arta salebeting kalih taun terus sambutanipun sanalika kawngsulaken lan tirahanipun kangge kesah dateng Makkah lan ngantos dumugi Makkah kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Saged nindakaken punapa ingkang dados idham-idhamanipun inggih punika nindakaken pangibadah Haji malah-malah saking kemirahaning Allah SWT. angsal rejeki  saged sinau kalih taun wonten Makkah.

Wekdal kalih taun kaginakaken kangge nambah anyinau ilmu agami terus wangsul dumugi tanah air wilujeng akhiripun dados ulama ingkang shaleh. Ngelmunipun amigunani dateng masyarakat kathah jeripun kangge kemajenganing agami lan bangsa.

Makaten para sedherek riwayat punika dados pepaes wonten ing lembaraning sejarah jama’ah Haji ingkang patut dipun tiru kados pundi kencenging manahipun.

Punapa sebabipun para sedherek dene ngibadah Haji punika kalebet pangibadah ingkang agung boten sanes jalaran ngibadah Haji punika manawi dipun tingali saking kaca tingal pendhidhikan akhlak nyakup gangsal ajaran Islam ingkang luhur.

Inggih punika Sepisan : Ngibadah Haji mengku dhidhikan ingkang tegas ingkang supados umat Islam sak donya mbina pasedherekan lan sesrawungan ingkang saintim-intimipun, ingkang supados saged kawujudaken “Ukhuwah Islamiyah” ingkang suci murni.

Pramila raos pasedherekan ala Islam punika kedah kadhedher wonten ing sanubarining umat Islam ing pundi panggenan. Cocok kaliyan pangandikan Rasulullah SAW : "Bilih sedaya Muslim tumanduk dateng muslim dados sedherek inggih punika sedherek seagami seperjuangan senasib lan sepenanggungan."

Kaping kalih : Secara demontratif ngibadah Haji suka isyarat bilih Islam tujuanipun ingkang pokok inggih punika ngajak manungsa ngibadah dateng Allah SWT.

Sedaya taktik lan cara kaginakaken tujuanipun boten sanes inggih naming ngajak manungsa ngibadah dateng Allah SWT.

Kaping tiga : Ngibadah Haji andhidhik dateng kita umat Islam supados tansah ngegungaken asmanipun Allah angungkuli sedaya-sedayanipun.

Ngagungaken Allah SWT. ateges ugi kedah ngegungaken agaminipun Allah SWT. inggih agami Islam ingkang hukum-hukum saha peraturanipun sampun kaemot wonten ing Al Qur’an. Kaping sekawan : Ngibadah Haji mengku ajaran ingkang luhur inggih punika supados umat Islam sampun ngantos nglirwakaken bab persatuan.

Umat Islam kedah bersatu padhu rukun saeka praya sampun ngantos memengsahan lan padudon ananging kedah saiyeg manunggil dados satunggaling barisan.

Page 3: Khutbah Jumat Bahasa Jawa Haji

Pamanggih kenging benten-benten taktik perjuangan boten sami boten dados punapa asal boten ngrisak persatuan.

Cocok kaliyan dhawuhipun Allah SWT. wonten Al Qur’an : Ingkang jawinipun  : “Gegondhelana sira kabeh marang agamane Allah kabeh wae lan aja padha cecongkrahan/pepisahan.” (Q.S. Ali Imran : 103)

Kaping gangsal : Ngibadah Haji mengku tuntunan ingkang luhur inggih punika sapados umat Islam berjuang nyiaraken agami kanthi sategak-tegakipun sahingga tuntunaning agami saged dipun amalaken kanthi saestu wonten gesang sadinten-dintenipun.

Wiwit gesang wonten salebetipun bale griya ngantos dumugi gesang bermasyarakat lan bernegara.

Makaten, para sedherek menggah hikmah lan keagunganipun ngibadah Haji Awit saking punika Rasulullah SAW. ngendika  : Ingkang jawinipun  : “Haji ingkang mabrur utawa makbul ora liya piwalese kajaba mung suwarga. “

Awit saking punika para sedherek.

Kita umat Islam ingkang wonten ing tanah air ingkang boten kapinujon anindakaken ngibadah Haji ingkang mulya punika mangga-mangga jiwa haji jiwa perdhamaian lan pasedherekan sageda tansah kita dhedher wonten sanubari kita umat Islam.

Mangga kita kandelaken jiwa ibadah, jiwa dhedhepe wonten ngarsaning Allah SWT. lan tansah ngegungaken asmaning Allah.

Langkung-langkung jiwa persatuan lan semangat perjuangan anggenipun negakaken agamanipun Allah kedah kita sesubur wonten ing jiwa kita ngantos dumugining para putra kedah kita dhedher ing manahipun remen dateng agami lan remen dateng Al Qur’anipun.

Sahingga tuntunan Islam saged kita amalaken kanthi sak kongkrit-kongkritipun lan sasempurna-sempurnanipun. Wonten ing gesang ing salebetipun bale griya lumeberipun gesang wonten ing masyarakat gesang bermasyarakat lan bernegara.

Insya Allah kanthi makaten ateges anggen kita lumebet wonten ing wulan Haji punika saged mendhet kemanfaatan ingkang sakathah-kathahipun kemanfaatan tumrap masyarakat umumipun.

Mugi-mugi Allah tansah nedahna kita ing margi ingkang leres kalebet ewoning para manungsa ingkang saged manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah.Amin.