kapribadhen paraga utawa sajrone cerita cekak kupu tanpa elar

11
Kapribadhen Paraga Utawa Sajrone Cerita Cekak “Kupu Tanpa Elar” Anggitane JMV Sunarjo Andari Oktavita Ardani 12020114033 2012 B S1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Daerah A. Purwaka Urip ing alam donya ora bisa uwal saka sesambungan karo wong liya. Sajrone sesambungan mau bisa wae tuwuh rasa tresna, anyel, pegel, gething, kesengsem lan rasa liyane. Rasa pangrasa kang tuwuh sithik akeh mesthi oleh perbawa saka watake paraga sing nglakoni sesambungan kasebut. Wernane sesambungan sajrone urip bebrapan maneka werna. Tuladhane sesambungan antarane wanodya lan priya. Sesambungan kaya mangkono duweni perbawa sing gedhe banget tumrap panguripane sing nandhang. Sesambungan kaya mangkana bisa duweni werna kahanan seneng, bungah, anyel, pegel lan gething. Sesambungan kang duweni maneka werna rasa pangrasa mau banjur nuwuhake sikap utawa tanggepan wong sing ana ing sesambungan mau. Sikap-sikap iki minangka perwujudan saka Id sing diwujudake dening ego nanging isih oleh pertimbangan saka superegone. JMW Sunarjo ing Cerkak “Kupu Tanpa Elar” menehi gegambaran paraga utama sing bisa nyikapi kahanan sing dituwuhake dening sesambungan kang duweni perbawa ala marang panguripane wong sing nglakoni. Sajrone cerkak kasebut Sunarjo nggambarake wong sing nglakoni sesambungan amarga samubarang saliyane Gusti Alloh bakal cilaka ing tembe buri. Saliyane iku Sunarjo uga 1

Upload: ahmad-syahrul

Post on 19-Feb-2016

100 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

psiko sastra

TRANSCRIPT

Kapribadhen Paraga Utawa Sajrone Cerita Cekak Kupu Tanpa Elar Anggitane JMV SunarjoAndari Oktavita Ardani

12020114033

2012 B

S1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Daerah

A. PurwakaUrip ing alam donya ora bisa uwal saka sesambungan karo wong liya. Sajrone sesambungan mau bisa wae tuwuh rasa tresna, anyel, pegel, gething, kesengsem lan rasa liyane. Rasa pangrasa kang tuwuh sithik akeh mesthi oleh perbawa saka watake paraga sing nglakoni sesambungan kasebut. Wernane sesambungan sajrone urip bebrapan maneka werna. Tuladhane sesambungan antarane wanodya lan priya. Sesambungan kaya mangkono duweni perbawa sing gedhe banget tumrap panguripane sing nandhang. Sesambungan kaya mangkana bisa duweni werna kahanan seneng, bungah, anyel, pegel lan gething. Sesambungan kang duweni maneka werna rasa pangrasa mau banjur nuwuhake sikap utawa tanggepan wong sing ana ing sesambungan mau. Sikap-sikap iki minangka perwujudan saka Id sing diwujudake dening ego nanging isih oleh pertimbangan saka superegone. JMW Sunarjo ing Cerkak Kupu Tanpa Elar menehi gegambaran paraga utama sing bisa nyikapi kahanan sing dituwuhake dening sesambungan kang duweni perbawa ala marang panguripane wong sing nglakoni. Sajrone cerkak kasebut Sunarjo nggambarake wong sing nglakoni sesambungan amarga samubarang saliyane Gusti Alloh bakal cilaka ing tembe buri. Saliyane iku Sunarjo uga nggambarake kapribadhen paraga utama sing bisa nyikapi kahanan sing dituwuhake dening sesambungan sing kaya mangkono.

Jaman saiki akeh wong sing rabi mung amarga kepencut bandha donyane tanpa ngerti pakarya sing dilakoni bakal bojone.Para calon mertua uga mung nyawang pangkat lan bandhane si calon mantu tanpa nlesih kanthi runtut nasabe. Ana uga wong tuwa sing manut pilihane anake tanpa menehi tetimbangan becik alane. Saengga akeh bocah wadon sing isih enom banjur rabi karo priya sing ditresnani tanpa mikir dawa apa sing bakal kelakon ing tembe burine. Ora sethithik bocah wadon sing lunga menyang luwar negri bubar rabi, amarga sing lanang ora bisa nyukupi kabutuhan saben dinane.B. Kajian Teori

1. Panliten Sadurunge

Sasuweni iki Cerita cekak Kupu Tanpa Elar durung ana sing nliti. Awit cerita cekak iki isih kalebu anyar. Kepacak ing kalawarti Jaya Baya edhisi 09 Minggu I November 2015.

2. Teori

Tumindak miturut Freud yaiku asil padu lan mupakate kaletu sistem kapribadhen. Faktor-faktor sing merbawani karibadhen yaiku faktor historis jaman biyen lan faktor kontemporer. Faktor gawan bayi lan faktor lingkungan sing mbentuk kapribadhen.

Sajrone Struktur Kapribadhen Freud, ana telug unsur sistem sing wigati yaiku id, ego, lan superego. Miturute Beterns(2006:32) tetembungan liya saka telung unsur mau yaiku telung instansi sing nengeri uripe psikis. Telung sistem iki padha sambung sinambung saengga nujudake sawijine kekuwatan utawa totalitas. Mula kanggo gampanganke rembung ngenani Kapribadhen sajrone psikoanalisis, telung unsur mau dijlentrehake kaya mangkene:

a. Id

Id iku lapisan psikis sing paling dasar lan bahan dasar kanggo mujudake urip psikis sabanjure. Id kapribadhen dasar sing wis diana nalika lair. Nalika bocah dilairake id ngandhut aspek psikologik sing diturunake kayata insting, impuls, lan drives. Id ana lan tumindak sajrone daerah unconscious, makili subyektivitas sing ora tau disadari selawase. Id ana sambung rapete proses fisik supaya bisa ngolehake energi psikis sing digunakake kanggo tindakake sistem saka stuktur kapribadhen liyane. Energi psikis sajrone Id iku bisa mundhak amarga perangsang, yen energine mundhak mula bisa nuwuhake tegangan lan tuwuh pengalaman ora seneng. Mula Id kudu nyudani energi kanggo ngilangi rasa ora seneng.

Tumindak Id adhedhasar prinsip kenikmatan (pleasure principle), yaiku ngupaya oleh kenikmatan lan ngingati rasa lara. Kanggo Id, kenikmatan yaiku kaanan sing relative inaktif utawa tingkat energi sithik. Dene rasa lara yaiku tegangan utawa mundhake energi sing kepengin dipuasake. Dadi nalika ana stimulus sing nuwuhake energi kanggo makarya-tuwuh tegangan energi-id tuminda kanthi prinsip kenikmatan; ngupaya nyuda utawa ngilangi tegangan; mbalikake dhiri menyang tingkat energi sithik. Jarwan saka kabutuhan dadi kepenginan diarani proses primer. Proses primer yaiku reaksi mbayangake utawa ngayal samubarang sing bisa ngurangi utawa ngilangake tegangan-digawe kanggo nangani stimulus kompleks, kayata bayi sing luwe mbayangake panganan utawa putinge ibune. Id mung bisa mbayangake samubarang, tanpa bisa mbedakake khayalankaro kanyatan. Id ora bisa mbiji mbedakake benar-salah , ora ngerti moral. Dadi dalan oleh kanyatan saka khayalan kudu dirembakake saengga bisa menehi kepuasan tanpa nuwuhake ketegangan mligine perkara moral.Adhedhasar iki sing nuwuhake ego.

b. Ego

Ego yaiku aspek psikologis saka kapribadhen lan tuwuh amarga kabutuhan organisme kanggo sesambungan kanthi lancar karo kanyatan utawa realita (Freud sajrone Suryabrata 2010:126). Ego beda karo id. Miturut Koeswara (1991:33-34),ego yaiku sistem kapribadhen sing tumindak minangka perbawa individu menyang objek saka kanyataan, lan ngakoni fungsine adhedhasar prinsip kanyataan. Miturut Freud (sajrone Bertens 2006:33),ego kawujud kanthi diferensiasi saka Id amarga ana kontak karo donya jaba, mligine wong ing sakiwa-tengene. Ego tuwuh amarga kabutuhan interaksi organisme karo donya raelita utawa kanyatan. Ego yaiku eksekutif sing tumindak saka kapribadhen.

Ego nduweni rong tugas yaiku sepisan milih stimuli sing arep direspon lan insting sing arep dipusake miturut prioritas kabutuhane. Kapindo nemtokake wektu lan carane puasake kabutuhan miturut anane peluang sing reksikone sithik.Miturut Bertens (2006:33), tugas ego yaiku kanggo mertahanake kapribadhen dhiri lan njamin penyesuaian karo lingkungan sakiwatengene. Uga kanggo nangani konflik-konflik kanthi relitas lan konflik-klonflik antara kepanginan sing ora cocok karo liyane. Ego minangka sing numindakake kapribadhen ngupaya menuhi kabutuhan Id uga kabutuhan moral lan kabutuhan ngrembaka kasampurnan sepurego. Sabenere tumindak ego kanggo muasake Id, mula saka iku ego sing ora duwe energi dhewe ngupaya njupuk energi saka Id. Proses sekunder kasusun saka upaya nemokake kanyatan kanthi cara ngrencanakake tumindak sing wis dirembakakake liwat pikiran lan pengenalan.

c. Superego

Miturut Bertens (2006:33-34), superego dibentuk liwat internalisasi (internalization), tegese pamenggak utawa printah-printah sing asale saka luar mligine wong tuwa diolah kaya mangkana saengga akire katon saka njero. Superego yaiku asil proses internalisasi, pokoke pamenggak lan printah-printahe iku dudu samubarang sing asing kanggo si subyek, akire dianggep minangka samubarang sing asale saka subyek dhewe, tuladhane awaku aja.., awakmu kudu....

Miturut Freud superego yaiku aspek sosiologi kapribadhen, wakil saka nilai-nilai tradisional sarta cita-cita masyarakat. Superego luwih menyang kasampurnan saka kesenengan. Mula saka kuwi superego bisa dianggep minangka aspek moral kapribadhen. Fungsi utamane yaiku nemtokake bener-salahe samubarang, pantes orane samubarang, susila utawa ora. Kanthi mengkono tumindake pribadhi bisa cocok karo moral masyarakat.Superego yaiku kekuwatan moral lan etik saka kapribadhen, sing tumindake kanggo prinsip idealistic minangka walikane saka prinsip kapuasan id lan prinsip realitik saka ego (alwisol,2004:21).

Superego sipate nonrasional sajrone nuntun kasampurnan, ngukum kanthi keras salahe ego, sing wis dilakoni utawa sing isih neng pikiran. Superego ngontrol id, ora mung menggak ning uga ngalangi sakabehe. Fungsi utamane superego yaiku :

1. Minangka pamenggak dorongan utawa impuls naluri id supaya impuls kasebut disalurake kanthi cara sing bisa diterima dening masyarakat.

2. Ngarahake ego menyang tujuwan sing cocok karo moral tinimbang kanyatan.

3. Nyurung individu menyang kasampurnan. Superego meksa ego supaya ngatur hasrat-hasrat sing beda menyang alam sadar. Superego karo id ana ing alam bawah sadar (Hall lan lindzey, 1993:67-68)

Dadi superego luwih nentang ego lan id lan nggawe donya miturut konsepsi sing ideal. Katelu unsur kasebut senadyan duwe karakteristik dhewe-dhewe sajrone prateke, nanging katelune bisa sesambungan kanthi dinamisC. AndharanKatresnan minangka anugrah saka Gusti Alloh kang disuweni sakabehe titah-E. Katresnan bisa menehi daya sing becik lan ala. Gumanthung wong sing kena daya katresnan kasebut. Katresnan sing suci saka telenge ati lan lelandhesan rasa manembah marang Gusti Alloh bisa menehi daya sing becik marang panguripane wong sing nandhang. Semono uga katresnan sing tuwuh mung amarga ana rasa demen marang perangane awak utawa bandha donya bisa menehi daya sing ala tumrap panguripane sing nandhang. JMV Sunarjo sajrone cerkak kang irah-irahane Kupu Tanpa Elar menehi gegambaran ngenani pawongan kang bisa kanthi wicaksana nyikapi kahanan sing ora becik kang dituwuhake dening sesambungan wanodya sing ditresnane karo priya liya. Sikap utawa kapribadhenen paraga utama yaiku:1. Pethel Ngupaya Ngolehake Atine Yuni

Paraga utama sajrone ngolehake atine Yuni banget ngupaya amprih bisa sesambungan cedhak, dheweke ngupaya apa wae sing bisa dilakoni. Kaya katon ing pethikan ngisor iki;Usahaku nyedhaki ya wis ora kurang-kurang. Budhal mulang dakampiri, wayah mulih uga dakboncengake dat ter nulih, yen ana tugas sing mbutuhake tenaga lan pikiran abot aku uga tansah aweh pambiyantu..(JB:08:28)Wong lanang iku yen duweni rasa menyang kenya utawa wanodya mesthi gelem nglakoni apa wae. Supaya si kenya mau kepikut atine. Ing jaman saiki akeh wong lanang yen wis nyenengi sawijine kenya gelem nglakoni apa wae nalika isih tahap PDKT. Nalika si kenya njaluk kon ngeterake menyang endi wae mesthi budhal. Senajan gawe montor silihan lan ing tengah wingi. Apa wae panjaluke si kenya disanggupi supaya diarani pangerten lan peka. Kepribadhen ing kene sing katon yaiku ego. Awit apa kang dadi kepenginane Id bisa kaleksanan lan kawujud. 2. Nrima ing Pandum

Paraga Utama sajrone cerkak Kupu Tanpa Elar digambarake nduweni kapribadhen sing nrima ing pandum. Dheweke wis rumangsa ngupaya sabisane kanggo ngolehake atine Yuni. Nanging sawijine dina weruh priya liya sing luwih sembarange nyedhaki Yuni, saengga rumangsa kalah saksembarange. Dheweke nrima yen Yuni dirabi wong liya dudu merga wis ora tresna nanging kepengin Yuni bisa urip mulya. Dheweke ora kepengin ngganggu sesambungane Yuni karo priya liya mau. Katon saka pethikan ing ngisor ikiNalika sawijining dina aku weruh dheweke diampiri lan diter mulih dening pawongan bagus tumpakane mobil, aku mawas dhiri, mundhur teratur mumpung durung ditampik.(JB:08: 28)Aku Nglenggana, kalah bandha uga kalah rupa. (JB:08:28)Aku ngadohkuwatir ngrusak hubungan katresnane Yuni karo pawongan bagus mau.(JB:08:28)

Dheweke ora kepengin ngrusak sesambungane Yuni karo wong liya sing luwih sak sembarange mau. Dheweke nrima yen jejere mung dadi guru SD ora pas sing tetandhingan karo wong bagus pengusaha sing nyedhaki Yuni. Pilih mundur alus tinimbang dibacutake nanging olehe mung lara ati. Ing kene struktur kapibadhen sing onjo yaiku superego, awit paraga utama bisa ngalah lan milih ngalih. Tetimbangan superego banget digunakake ing kene.3. Sabar

Sabar minangka sikap sing bisa ndadekake paraga utama cerkak kasebut nyedhaki Yuni maneh. Dheweke sabar ngenteni lan menehi panglipur marang Yuni sing bale somahe ambrug sajrone wektu rong taun. Sing lanang minggat lan megat dheweke, saliyane iku anake lair ciri lan kapundhut pisan. Nalika Yuni ngalami kasripahan kaya mangkono paraga utama sabar ngancani Yuni. Senajan tanggepane Yuni isih adhem. Kaya katitik saka pethikan ing ngisor iki;Sekolahan wis sepi. Pancen wis jam loro awan. Dina iku giliranku piket bareng Yuni. Metu saka kantor guru tumuju menyang parkiran kepethuk Yuni aing lagi metu saka kelas. Bu Yuni lagi arep mulih? pitakonanku bosa-basi. Sing ditakoni ora wangsulan kejaba mung mesem. Esem ampang eseme wong sing isih nyimpen rasa gela, kuciwa. Sepisan maneh aku nglenggana, ora ana rasa serik babar pisan. (JB:08:28)

Paraga utama senajan wis ditampik kanthi alus dening Yuni ing kanyataane isih tetep nresnani lan ngancani Yuni sing lagi kesripahan. Senajan tau dilarani atine kanthi cara ora langsung dening Yuni paraga utama tetep ngenteni Yuni kanthi sabar. Malah kaya-kaya ora mentas kedadean apa-apa. Ing kene struktur kapribadhen sing onjo yaiku superegone sakaa paraga utama. Ing kene sabenere Id kepengin nesu lan mangkel kenya mau nanging dipenggak dening superego. Sing metu yaiku sikap sabar nrima kahanan kaya mengkono.4. Nresnani kanthi Tulusing Ati Paraga utama minangka gambaran priya sing nresnani kenyane kanthi tulusing ati. Wiwit awal nalika Yuni dicedhake wong pengusaha bagus, dheweke milih mundhur alus. Ora kepengin ngrusak sesambungane Yuni karo priya bagus mau. Banjur nalika Yuni dadi randha lan oleh kesripahan kaya mangkono,dheweke isih tetep ana lan ngancani Yuni. Saliyane iku uga isih gelem nrima Yuni apa anane. Kaya kapethik ing ngisor iki;

Kupu tanpa ler mau melu mati. Ananging merga saking tresnane marang kembang mau kanthi katresnane kang suciiku kupu tanpa lar mau saguh njaga supaya wit kembang mau tetep urip lan ngasilake madu terus. (JB:08:29)Iya tresna banget ngluwihi apa wae, wangsulanku sinambi neblek-neblek tangane Yuni ing pupuku. (JB:08:29)Paraga utama isih banget nresnani Yuni, senajan kahanane Yuni wis ora kaya biyen. Dheweke isih tetep nresnani kenya sing wis tau nampik alus tresnane lan malah rabi karo wong liya. Sikape paraga utama ing cerkak Kupu Tanpa Elar iki nggambare priya sing setiya marang kenyang sing ditresnani. Ing kene struktur kapribadhen sing onjo yaiku superego, awit dheweke nduweni rasa utawa Id kepengin duweni lan cedhak karo Yuni lan ora trima yen Yuni rabi karo wong liya. Nanging ing kene katon yen superegone menehi tetimbangan yen dheweke kudu tetep nresnani Yuni kanthi ati tulus lan ikhlas. D. PanutupStruktur kapribadhen Freud sing onjo yaiku superego. Ing cerita cekak Kupu Tanpa Elar iki akeh konflik batin sing dialami dening paraga utama nanging amarga superegone main mula kepenginan Id sing tuwuh ing pikiran bisa dipenggak utawa diwenehi tetimbangan. Kapribadhen sing digambarake lumantar paraga utama yaiku pethel ngupaya ngolehake atine Yuni, nrima ing pandhum, sabar lan nresnani kanthi tulusing ati. Kapustakan

Minderop,Albertine.2013.Psikologi Sastra Karya Sastra Metode, Teori, dan Contoh Kasus.Jakarta:Yayasan Pustaka Obor IndonesiaSunarjo, JMV.2015. Kupu Tanpa Elar Edhisi Minggu I November 2015

http://www.jendelasastra.com/wawasan/artikel/teori-psikologi-sastra-ala-sigmund-freud1