smkissuda1ambarawa.sch.id. bhs jawa... · web viewbab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara...

37
MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KELAS XI (SEBELAS) SEMESTER GENAP KURIKULUM 2013 SMK ISLAM SUDIRMAN 1 AMBARAWA TAHUN PELAJARAN 2018/2019 Materi Pokok : Tembang Macapat Gambuh Pembelajaran ke : 1 A. Kompetensi Dasar dan Indikator No Kompetensi Dasar Indikator 3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh. 3.1.1 Mengidentifikasi unsur pembangun teks serat Wedhatama pupuh Gambuh. 3.1.2 Menganalisis relevansi nilai-nilai yang terkandung dalam teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh dalam kehidupan sehari-hari. 4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Gambuh dan menulis serta menyajikan syair Serat Wedhatama pupuh Gambuh dengan bahasa sendiri. 4.1.1 Memproduksi tembang Gambuh dengan menggunakan bahasa sendiri. 4.1.2 Menyunting hasil karya tembang Gambuh. 4.1.3 Menyajikan secara lisan tembang Gambuh B. Tujuan Pembelajaran Dengan melalui pengalaman pembelajaran kegiatan praktik, penugasan, diskusi kelompok, tanya jawab, peserta didik memiliki sikap religius, menunjukkan sikap disiplin dan kerja sama dalam kegiatan diskusi kelompok, cermat dan tekun dalam kegiatan keterampilan serta jujur dalam melaksanakan ulangan harian/ 1

Upload: others

Post on 26-Nov-2020

32 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA

KELAS XI (SEBELAS) SEMESTER GENAP KURIKULUM 2013

SMK ISLAM SUDIRMAN 1 AMBARAWA

TAHUN PELAJARAN 2018/2019

Materi Pokok : Tembang Macapat Gambuh

Pembelajaran ke : 1

A. Kompetensi Dasar dan Indikator

No Kompetensi Dasar Indikator

3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama

pupuh Gambuh.

3.1.1 Mengidentifikasi unsur pembangun teks

serat Wedhatama pupuh Gambuh.

3.1.2 Menganalisis relevansi nilai-nilai yang

terkandung dalam teks Serat Wedhatama

pupuh Gambuh dalam kehidupan sehari-

hari.

4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama

pupuh Gambuh dan menulis serta

menyajikan syair Serat Wedhatama

pupuh Gambuh dengan bahasa

sendiri.

4.1.1 Memproduksi tembang Gambuh dengan

menggunakan bahasa sendiri.

4.1.2 Menyunting hasil karya tembang

Gambuh.

4.1.3 Menyajikan secara lisan tembang

Gambuh

B. Tujuan Pembelajaran

Dengan melalui pengalaman pembelajaran kegiatan praktik, penugasan, diskusi kelompok,

tanya jawab, peserta didik memiliki sikap religius, menunjukkan sikap disiplin dan kerja sama

dalam kegiatan diskusi kelompok, cermat dan tekun dalam kegiatan keterampilan serta jujur

dalam melaksanakan ulangan harian/ evaluasi, melalui tahapan :

1. Melalui diskusi kelompok peserta didik mengidentifikasi unsur pembangun teks Serat

Wedhatama pupuh Gambuh dengan bahasa yang santun dan penuh tanggung jawab.

2. Secara berkelompok peserta didik merelevansi nilai-nilai yang terkandung dalam isi teks serat

wedhatama pupuh Gambuh dengan penuh kerjasama.

3. Melalui diskusi kelompok peserta didik memproduksi tembang Gambuh dengan teliti.

4. Secara mandiri peserta didik menyunting hasil karya tembang Gambuh peserta didik lain

dengan jujur.

5. Secara mandiri peserta didik menyajikan tembang gambuh

1

Page 2: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

C. MATERI AJAR

1. Pangertene tembang macapat Gambuh

Tembang macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat tembang alit.

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

1. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.

2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.

3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese

Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing

jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).

2. Pathokan Tembang Gambuh

GAMBUH

Guru wilangan Guru lagu Guru gatra

7 U

5

10 U

12 i

8 u

8 o

3. Watak tembang Gambuh

Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab

asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.

4. Makna tembang Gambuh

Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa

utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan

masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah

menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng

aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora

bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang

sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan

maneka warna.

2

Page 3: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

5. Tuladha tembang Gambuh

3 5 5 5 5 3 56

sa- mêng- ko ing- sun tu- tur

6 5 3 2 2 3 5 5 3 56

sêm- Bah ca- Tur su- pa- ya lu- mun- tur

3 2 6 12 2 2 2 2 3 1 6 1

dhi- Ngin ra- Ga cip- ta ji- wa ra- sa ka- ki

1 2 2 2 3 1 2 3

Ing ko- no la- mun kê- tê- mu

3 5 6 5 3 23 1 2

tan- Dha nu- gra- ha- ning Ma- non

6. Teknik penulisan tembang Gambuh

a. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang, saengga bisa mangerteni

wewatakane.

b. Temtokno tembang apa sing arep kogawe.

c. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.

d. Gawea ukara-ukara (kalimat ) kang selaras karo paugerane tembang macapat.

e. Titinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kogawe mau kudu cocok karo

paugerane tembang sing kokgawe

3

Page 4: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

LEMBAR KERJA SISWA (LKS)

Pada 1

Samengko ingsun tutur,

sembah catur supaya lumuntur,

dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,

ing kono lamun tinemu,

tandha nugrahaning Manon.

Pada 2

Sembah raga puniku,

pakartine wong amagang laku,

susucine asarana saking warih,

kang wus lumrah limang wektu,

wantu wataking wawaton.

1 Kados pundi paugeranipun tembang Gambuh ing inggil?

2 Kados pundi Pitutur luhur ingkang kandhut wonten tembang Gambuh ing inggil?

3 Kadamela cakepan/ syair tembang macapat Gambuh jumbuh kaliyan paugeran!

4 Sasampunipun ndamel tembang, banjur paringana pamanggih ngenani pitutur

luhur ingkang kandhut wonten tembang punika!

4

Page 5: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Materi Pokok : Crita Rakyat

Pembelajaran ke : 2

A. Kompetensi Dasar dan Indikator

No Kompetensi Dasar No Indikator

3.1 Memahami isi teks crita rakyat 3.1.1

3.1.2

Siswa dapat menyebutkan isi

teks crita rakyat

Siswa dapat menyebutkan nilai –

nilai luhur crita rakyat

4.1 Menulis dan menyajikan sinopsis teks

crita rakyat

4.1.1

4.1.2

Siswa dapat membuat sinopsis

teks crita rakyat dengan

menggunakan ragam krama

Siswa dapat mencritakan kembali

isi crita rakyat kanthi lisan

menggunakan ragam krama

B. Tujuan Pembelajaran

KI 3 : Setelah mendiskusikan crita rakyat, siswa dapat :

a. Menyebutkan isi teks crita rakyat

b. Menyebutkan nilai – nilai luhur crita rakyat secara santun

KI 4 : Setelah mendiskusikan crita rakyat siswa dapat :

a. Membuat sinopsis teks crita rakyat dalam ragam krama

b. Mencritakan kembali isi crita rakyat dalam ragam krama

C. MATERI AJAR

Crita Rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan minangka asli kolektif

karo masyarakat.

1. Titikane crita rakyat kaya ing ngisor iki :

a. anonim

b. Kolektif

c. Dicritakake kanthi lesan

d. Sing nyritakake saka generasi ke generasi /turun temurun

2. Wujud crita rakyat

a. Mitos

b. Legenda

c. Dongeng

d. Babat

5

Page 6: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

3. Unsur pambangun crita rakyat ana 2 yaiku

a. Unsur intrinsik

b. Unsur ekstrinsik

4. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun crita. Unsur kasebut

yaiku :

a. Tema

b. Alur

c. Paraga

d. Watak wantu

e. Setting

f. Amanat

g. Sudut pandang

5. Unsur ekstrinsik yaiku unsur saka njaba kang mangaribawani crita kadosta nilai moral, budaya lsp.

LEMBAR KERJA SISWA (LKS)

Ing piwulangan crita rakyat “Asal Usul jeneng Desa Serayu” siswa bakal mangerteni utawa

diukur apa wae unsur kang mbangun crita rakyat.

1. Wenehana tandha centang pratelan ngisor iki kalebu unsur pambangun crita sing endi !

No PratelanUnsur

Intrinsik

Unsur

EkstrinsikKeterangan

1. Nilai Moral

2. Tema

3. Amanat

4. Biografi

5. Nilai Budaya

6. Latar

7. Paraga

8. Alur

9. Nilai Agama

10. Nilai Sosial

11. Sudut Pandang

2. Apa tegese saka unsur pambangun ing ngisor iki!6

Page 7: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

No Pratelan Teges

1. Nilai Moral

2. Nilai Sosial

3. Nilai Budaya

4. Tema

5. Amanat

6. Paraga

7. Setting

8. Alur

9. Sudut Pandang

ASAL USUL JENENG DESA SERAYU

Kang Toro – Sawijining dusun ing daerah ingkang tandus, wonten keluarga ingkang atas nami

Darmakusuma ingkang gadah garwa, Erawati. Gesangipun, Darmakusuma tentrem napa malih seniki

garwanipun saweg mbobot angeng Darmakusuma kuwatir mriksani garwanipun, “Napa ingkang

diraosaken garwaku?” ngendika Darmakusuma. “Menawi putranipun lair, nanging daerahipun tandus

susah madosi toya, kados pundi nasib putranipun kita?”. Ingkang penuh kasih sayang Darmakusuma

maringi pangerten dhumateng garwanipun lan ngibur Erawati, supados mboten usah kuwatir.

Darmakusuma kaliyan sedaya usahanipun madosi tuk. Teng pundi mawon sampun didatengi, dugi

Pring sedapur Sangkanayu lan daerah Talagening. Nanging tetep mboten wonten toya, ngantos dinten-

dinten. Dugi garwanipun lairan, tetep mboten angsal padahal toya ingkang wonten cukup kangge

masak lan nginum.

Darmakusuma putus asa ing penggalihipun ngendika, “Menawi usaha lan do’a ingkang khusuk

Gusti Allah pasti bakal ngabulna penyuwunanku. “Ingkang tengah keheningan, Darmakusuma bertapa

nyuwun pitulungan dhumateng Tuhan Ingkang Maha Kuasa, supados napa ingkang dipun suwun

dikabulna termasuk kebutuhan toya. Ijig-ijig dateng tiyang jaler ingkang ngaku naminipun Sabdaita.

Tiyang jaler punika maringi saran supados bayinipun diasta medal lan embing-embing ipun enggal

dipotong. Darmakusuma nglampahaken perintah kasebut. Sewekdal embing-embingipun dipotong,

ijig-ijig mekdal toya saking puser bayinipun, amargi kaget embing-embingipun dawah teng toya

punika.

Sesampunipun dipriksani, tuk punika wonten kalih. Ingkang setunggal saking kalih tuk punika

diparingi nami “Tuk Lanang”, amargi toyanipun deres lan setunggale malih diparingi nami “Tuk

Dandang ” amargi tuk punika kaya caruk. Embing-embingipun ingkang dawah lan terendam ing tuk

punika damel mambu amis/arus. Nanging toyanipun mboten mambu lan tetep jernih. Amargi wonten

mambu amis, daerah punika terkenal ingkang naminipun Dusun Arus. Darmakusuma ngrasa lega lan

terkabul usahanipun, kangge rasa matur nuwun, Mbah Sabdaita diparingi panggenan teng Ciputat.

Mbah Sabdaita ngrasa remen manggeni griya kasebut. Ditanemna kalih wit beringin ingkan tumbuh

subur, saengga panggenan punika terkenal ingkang sebutan “Waringin Jajar”.7

Page 8: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Toya saking Tuk Arus dados kalih lan diparingi nami kali Arus, dados dipun ginakaken aliran

kali diarahaken mangidul lan keleresan saking arah selatan wonten kali saking Campokoah. Amargi

kali punika nglewatii alas jati saengga disebut Pejaten. Usaha Darmakusuma mbangun dibantu Mbah

Sandaita kaliyan pelepah godong kelapa lemah punika di gali utawi disusuk. Ngantos dinten-dinten

pekerjaan punika dilampahaken. Ing pungkasane kali punika rampung lan diparingi nami “Susukan

Pejaten”. Mriksani pedamelanipun sampun rampung, Darmakusuma ngrasa remen lan bangga, kangge

rasa syukuripun diwontenaken selamatan. Diaturi rawuh petinggi saking Kabupaten Purbalingga,

Kanjeng Bupati Purbalingga. Ing sesambutanipun Kanjeng Bupati aturaken selamet dhumateng

penduduk utawi warga. “Sira rahayu ” ingkang gadah arti panjenengan selamet. Kata-kata punika

ditirukaken sedaya penduduk ingkang rawuh dados “Serayu utawi Sesaya”.

Sesanesipu ngaturi selamet, Bupati Purbalingga nyaranaken supados Susukan-Pejaten saged

miguna kangge penduduk bagian wetan, menawi penduduk bagian ler ngginakaken kali Arus.

Masyarakat nampi napa ingkang dados saran Bupati Purbalingga. Pepali utawi larangan sampun dados

ingkang sangat nglekat kangge masyarakat, Amargi dusun ingkang dereng gadah nami niki, diparingi

nami “Serayu Larangan “. Serayu saking sira rahayu ingkang gadah arti panjenengan selamet.

Larangan utawi pepali ngandung arti menawi panjenengan pengen selamet sesanesipun nglampahi

kebaikan kudu nebihi larangan. Nami dusun Serayu Larangan dicocoki masyarakat. Kemakmuran

dusun Serayu Larangan nyebabaken kecemburuan Sasrakusuma saking penduduk Gung-Ilang ing

dhusun Serang. Sasrakusuma usaha pengin ganggu lan musuhi. perkawis punika dadosaken perkawis

Sasrakusuma kaliyan Darmakusuma. Ing pungkasane wonten peperangan nanging dimenangna

Darmakusuma ingkang dibantu Mbah Sabdaita. Maksud Sasrakusuma kandas mboten dados terkabul.

Lan pungkasanipun Sasrakusuma nyerah. Kemakmuran dipunraosaken penduduk Serayu Larangan.

Penduduk tambah kathah. Perkawis punika dadosaken Darmakusuma pengin buka pemukiman enggal

ing bagean ngidul. Tugas punika diserahaken dhumateng Mbah Sabdaita.

Dibukane dusun anyar Mbah Sabdaita maringi nami “Serayu Karanganyar”. Dugi seda Mbah

Sabdaita tetep teng Serayu Karanganyar.

                                 

Materi Pokok : Iklan ( Pariwara )

Pembelajaran ke : 3

8

Page 9: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

A. Kompetensi Dasar dan Indikator

No Kompetensi Dasar No Indikator

3.3 Menelaah teks iklan

berbahasa Jawa

3.3.1

3.3.2

3.3.3

3.3.4

3.3.5

Membaca contoh teks dengaran iklan berbahasa Jawa

Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan

kaidah teks dengaran iklan berbahasa Jawa

Menanyakan struktur dan kaidah

Menganalisis pilihan kata

Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi

teks dengaran iklan berbahasa Jawa

Menemukan pokok-pokok yang terkandung didalam

teks dengaran iklan berbahasa Jawa

4.3 Menulis teks iklan

berbahasa Jawa

4.3.1

4.3.2

4.3.3

4.3.4

Membuat teks dengaran iklan berbahasa Jawa

Mendiskusikan struktur dan kaidah teks dengaran iklan

berbahasa Jawa

Mendiskusikan pilihan kata pada iklan berbahasa Jawa

Menanggapi isi teks dengaran iklan berbahasa Jawa

Menyajikan secara lisan atau tulisan teks dengaran

iklan berbahasa Jawa

B. Tujuan Pembelajaran

KI 3 : Setelah mendiskusikan teks dengaran iklan berbahasa Jawa, siswa dapat :

a. Membaca contoh teks dengaran iklan berbahasa Jawa

b. Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan kaidah teks dengaran iklan

berbahasa Jawa

c. Menanyakan struktur dan kaidah

d. Menganalisis pilihan kata

e. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks dengaran iklan berbahasa

Jawa

f. Menemukan pokok-pokok yang terkandung didalam teks dengaran iklan berbahasa

Jawa

KI 4 : Setelah mendiskusikan teks dengaran iklan berbahasa Jawa, siswa dapat :

a. Membuat teks dengaran iklan berbahasa Jawa

b. Mendiskusikan struktur dan kaidah teks dengaran iklan berbahasa Jawa

c. Mendiskusikan pilihan kata pada iklan berbahasa Jawa

d. Menanggapi isi teks dengaran iklan berbahasa Jawa

e. Menyajikan secara lisan atau tulisan teks dengaran iklan berbahasa Jawa

9

Page 10: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

C. MATERI AJAR

1. Pangertene pariwara/iklan

Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening

prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan

umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem

gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.

Ancas pariwara yaiku :

a. Menehi ngerti masarakat

b. Ngajak masarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut

2. Perangan pariwara/iklan

Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :

a. Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)

b. Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)

c. Tulisan lan gambare narik kawigaten

3. Unsur-unsur pariwara/iklan

Unsure iklan ing antarane kayata :

a. Jeneng barang/jasa kang ditawakake

b. Alamat produsen

c. Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp.

LEMBAR KERJA SISWA (LKS)

I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!

10

Page 11: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

1. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani …

a. brosur d. iklan

b. majalah e. sayembara

c. lelayu

2. Wara-wara kang surasane andon kaprigelan (lomba/festival), diarani …

a. brosur d. iklan

b. majalah e. sayembara

c. lelayu

3. Rungokna pamaose wara-wara iki! Wara-wara iki klebu wara-wara kang awujud …

Wara-wara

SMANSA GLAGAH WANGI

Nganakake

Mengeti Ulang Taun Kamardikan RI kang kaping 68, tumrap kanca-kanca siswa SMA

Sa-Kabupaten GLAGAH WANGI

Kang kreatif lan inovatif ing babagan seni tradhisional

Ayo tuduhna kabisanmu ana ing ajang iki.

Pagelaran iki kanthi tema :

Pendhaftaran bisa langsung menyang panitya wiwit tgl 26 Juni 2013

Ing SMAN 1 GLAGAH WANGI

Jalan Erlangga No. 1

Utawa bisa langsung ngubungi :

Suryo (08179345454)

a. iklan d. kesehatan

b. lelayu e. pendidikan

c. sayembara

4. Wara-wara ing dhuwur iku surasane……

a. andon kaprigelan

b. nawake barang

11

Page 12: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

c. bela sungkawa

d. iklan

e. pentas seni

5. Perangan iki ana ing sajroning panulise wara-wara, kajaba ……

a. titi mangsa d. purwaka basa

b. peprenahan e. satata basa

c. surasa basa

6. Wos surasane wara-wara iku kudu ana perangan kang diarani …..

a. saka sapa, kanggo sapa, alamat kang dituju d. kanggo sapa, saka sapa, urutane acara

b. kanggo sapa, apa surasane, tanggal layang e. saka sapa, urutane acara, alamat kang dituju

c. saka sapa, kanggo sapa, apa surasane

II. Tindakna dhawuh iki!

1. Setitekna wara-wara iki kang diwaosake dening bapak utawa ibu guru, sabanjure wangsulana

pitakone!

Wara-wara

Wara-wara katujokake marang putra siswa klas X, XI, lan XII SMA,SMK, lan MA ing

lingkungan Yayasan Pendidikan WONOARJO

Ujian semester ganjil taun iki bakal diadani

Akhir wulan Desember

Kanggo piwulang basa Jawa para siswa wajib maca buku ‘PRIGEL BASA JAWA’

Wulangan 1 tumeka 6

Penting!!!

a. Wara-wara kasebut katujokake marang sapa?

b. Jlentrehna wos surasane wara-wara iku!

c. Kapan kegiatan iku ditindakake?

d. Sapa kang mbyawarakake wara-wara iku?

Materi Pokok : Seni Pertunjukan Tradisional

Pembelajaran ke : 4

12

Page 13: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

A. Kompetensi Dasar dan Indikator

No Kompetensi Dasar No Indikator

3. 3.1 Menelaah teks eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Jawa (Drama

Tradisional)

3.1.1

3.1.2

3.1.3

3.1.4

Membuat pertanyaan yang

berhubungan dengan Teks

eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Drama Tradisional

untuk memahami isi Teks

eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Drama Tradisional.

Mengidentifikasi nilai-nilai

simbolis yang terkandung dalam

Teks eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Drama Tradisional

lisan maupun tulisan.

Menganalisis penggunaan

kagunan basa dalam Teks

eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Drama Tradisional

lisan maupun tulisan.

Mengevaluasi relevansi nilai-nilai

simbolis Teks eksposisi tentang

Seni Pertunjukan Drama

Tradisional dengan kondisi

masyarakat masa kini lisan

maupun tulisan

4. 4.1 Menanggapi isi, menulis, dan

menyajikan teks eksposisi tentang

Seni Pertunjukan Drama

Tradisional

4.1.1

4.1.2

4.1.3

Menginterpretasi dengan memberi

tanggapan isi Teks eksposisi

tentang Seni Pertunjukan Drama

Tradisional dengan bahasa sendiri

lisan maupun tulisan.

Menulis kembali isi Teks eksposisi

tentang Seni Pertunjukan Drama

Tradisional lisan maupun tulisan.

Menyunting kesalahan penceritaan

kembali Teks eksposisi tentang

Seni Pertunjukan Drama

Tradisional karya teman.

Menyajikan Teks eksposisi

tentang Seni Pertunjukan Drama

13

Page 14: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Tradisional lisan maupun tulisan.

B. Tujuan Pembelajaran

KI 3: Setelah mendiskusikan seni pertunjukan Jawa siswa dapat :

1. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan

Drama Tradisional

2. Mengidentifikasi nilai-nilai simbolis yang terkandung dalam Teks eksposisi tentang Seni

Pertunjukan Drama Tradisional

3. Menganalisis penggunaan kagunan basa dalam Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan

Drama Tradisional

4. Mengevaluasi relevansi nilai-nilai simbolis Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama

Tradisional dengan kondisi masyarakat masa kini

KI 4 : Setelah mendiskusikan seni pertunjukan Jawa siswa dapat :

1. Memberi tanggapan isi Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional dengan

bahasa sendiri

2. Menulis kembali isi Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional

3. Menyunting kesalahan penceritaan kembali Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama

Tradisional karya teman.

4. Menyajikan Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional

C. Materi Ajar

A. Drama Tradisional

Tembung drama tradisional iku asale saka tembung drama lan tradisional. Tembung drama iku

minangka bedhahan (istilah) kanggo ngarani crita kang diwedhar kanthi lantaran omong-omongan

utawa pacelathon/crita ing drama bisa dinikmati kanthi cara maca naskah (teks) lan bisa uga digelar ing

panggung minangka totonan. Dene tembung tradisional iku tegese apa-apa kang asale saka run-

tumurun. Dadi yen kaya mengkono, sing diarani drama tradisional yaiku kagunan (kesenian) drama

kang diturunake dening para leluhur dhek jaman biyen marang para wong wong ing jaman saiki.

Tembung tradisional kang nempel ing drama mau uga nudhuhake anane sambung rapete karo wektu-

wektu sing wis kapungkur. Sawijining wektu kang wis mlumpat saka sak turunan (satu generasi), mula

saka iku kedadeyan lan lelakone manungsa kang dicritakake ing drama tradisional iku wis kedaden ing

atusan taun kapungkur. Mula saka iku sing dadi tuk utawa sumber cerita ing drama tradisional bisa

arupa crita babad jaman kerajaan, utawa crita-crita biyen kang minangka hasil kasusastran jaman

biyen. Dene tontonan kang kalebu golongane drama tradisional yaiku kethoprak, wayang wong lan

ludruk.

14

Page 15: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Adhedasar andharan-andharan mau mula banjur kena dijupuk dudutan (kesimpulan) ngenani tontonan

tradisional, yaiku :

1) Tontonan tradisional iku asli kagunan (seni) kang diwarisake run-temurun saka para leluhur

marang wong-wong ing jaman saiki.

2) Sumber utawa tuke crita iku asale saka crita babad, crita kerajaan, utawa crita-crita saka asil

kasusastran dhek jaman kerajaan, umpamane serat Panji, serat Menak lan liya - liyane. Dene

yen wayang wong babon critane bisa saka Serat Ramayana lan Serat Bharatayuda.

3) Sandhang penganggone para paraga tontonan drama tradisional uga ngemba (niru) sandhang

pangangone wong-wong jawa dhek jaman biyen, cundhuk karo lelakon kang digelar.

4) Tontonan drama tradisional nggunakake gamelan Jawa kanggo ngrenggani pagelarane.

Coba rungokna drama tradisional kanthi lelakon “Brandhal Lokajaya” iki!

Brandhal Lokajaya

Jejer 1

Diwiwiti ana ing jero omah. Pak Karto lungguhan ing kursi. Ing sangarepe ana meja lan ana damar

ublik. Ing damar ublik iku Pak Karto nylomot rokok. Nuli Nyi Karto mlebu ngomah karo nggawa

wedang ing cangkir. Dhipan lan bantal wis ditata apik ing kursi.

Nyi Karto : Tak sawang-sawang panjenengan niku kok legok-legok niku wonten napa ta

15

Page 16: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

pakne?

Ki Karto watuk-watuk banjur sumaur

Ki Karto : Bune-bune. Jan jane anggonku legok-legok iki rak mikirne bocah-bocah

sing nyambutgawe ngeculne dhuwit. Sing tak sumelangake kuwi, aja-aja

wong sing diutangi dhuwit kuwi, wong sing kontrak, dudu penduduk tetep

ngono lo bune. Njur wong sing kontrak mau lunga. Yen ngono kuwi sing

rugi sapa? Rak ya awake dhewe ta bune.

Nyi Karto : Panjenengan pun was sumelang. Bocah-bocah niku anggone nyambut damel

sae kok pakne.

Ki Karto : Tenan pa piye?

Nyi Karto : Estu menika

Ki Karto : Buktine apa?

Nyi Karto : Wonten!!!

Nyi Karto banjur mlebu senthong

Ki Karto : Pengin ngerti aku. Yen ana untunge kuwi aku melu seneng.

Nyi Karto : Hla meniko njenengan persani rumiyin.

Pak Karto dilungi kotak isi mas rajabrana

Ki Karto : Iki sing tahun iki?

Nyi Karto : Inggih, taun kepengker sampun kula caosne panjenengan.

Ki Karto : Iki berleyane iki. Iki emas lempengan. Bukune-bukune, iki wis kok cathet

neng buku!

Nyi Karto : Sampun-sampun! Sedaya sampun.

Ki Karto : Iki jambrut, jambrut Kolombia?

Nyi Karto : Menawi kula mboten titen.

Ki Karto : Sapi-sapi, iki sapi Bangkok iki.

Nyi Karto : Ngremenaken ta?

Ki Karto : Ya...ya... Kaya ngene iki rak nyenengake. Tegese olehe nyambut gawe iki

ana asile.

Ujuk-ujuk ana wong dhodhok-dhodhok banter. Ki Karto lan Nyi Karto keweden. Raja branane

banjur didelikake neng ngisor (klasa) ing dipan kono. Wong sakloron katon keweden. Jebul kang

dhodok-dhodok karo bengak-bengok mau sawijine perampok kanthi sikep gegamane landhep.

Glati lan pedang. Nyi Karto dibanda dening perampok.

Perampok : Mas-masanmu endi ?!

Ki Karto : Kula boten gadhah napa- napa den.

Ki Karto didugang nganti tiba.

Perampok : Kok wehne apa ora? Tega karo bojomu? Yen ra kokwehne tak pateni

kowe...!!

Ki Karto : Estu, kula boten gadah napa-napa dipateni dipejahi kula nggih purun.

Ki Karto terus dipulasara, saperangan perampok nggledhah omah.

Perampok : Mas-masan neng ngendi ?!16

Page 17: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Salah siji perampok ngunus gaman arep dibacokne ing Ki Karto. Ki Karto keweden.

Perampok : Kowe omong apa? Kowe ora nduwe mas-masan. Apa kowe pengin tak

pateni.

Ki Karto : Kula nyuwun gesang.

Perampok : Kowe njaluk urip ?

Ki Karto : Nggih? Niku bojo kula pun dinapak-napakne niku!

Perampok : Kowe tak uripi, nanging kowe tak elekne. Kowe aja lapur neng Tuban!

Upama kowe lapur tanpa guna. Merga ngertenana, aku Raden Said putra raja

Tuban. Ha...ha...Wis cah ayo metu!!!

Ki/Nyi Karto : Tulung – tulung! Bandhaku entek. Tulung!!!!!

Jejer 2

Kedadeane ing tengah dalan, ana salah sawijineng wong desa Brondong kepethuk rombongan

punggawa praja.

Wong Brondong : Tulung – tulung!!!!!

Punggawa praja : Sapa kowe tatu arang kranjang?

Wong Brondong : Kula menika tiyang Brondong. Nyuwun sewu sinuwun, papan kula

menika desa Brondong. Papan kula menika ketaman kraman, ngantos

banda donya kula menika dipun rampok. Tiyang jaler sami dipun pejahi,

dene para wanita menika dipun noda paripaksa. Adhuh sinuwun kula

nyuwun pangayoman.

Punggawa praja : Aku nayaka praja ing Tuban, wajib ngayomi marang kowe, kamangka

Brondong wilayah Tuban. Banjur sapa sing milara kowe lan abdi-abdimu

kabeh.

Wong Brondong : Nun inggih, ingkang milara kula sakaluarga ing Brondong......

Punggawa praja : Sing ngrampok , mbegal, kacu sapa ?

Wong Brondong : Inggih menika, andhahanipun Raden Said.

Punggawa praja : Raden Said? Ora ngira yen Raden Panji, putra dalem tumindak murang

tata kaya mengkono iki trus piye.

Prajurit : Prayogine tiyang menika dipun beta dhateng panti usada, supados

tatunipun punika enggal saras.

Punggawa praja : Prajurit, yen ngono iki gawanen ing panti usada!!

Ora dinyana-nyana rombongan rampok kepethuk gapruk karo rombongan nayaka praja saka

Tuban. Para perampok katon murang tata/gumuyu jegagakkan ora karu-karuan.

Perampok : Sajake awake dhewe ketemu karo nayaka praja. Ayo deloken sandhang

pengagone sarwa emas. Yen awake dhewe isa mbegal nayaka praja iki,

mbok menawa anake dhewe pitung turunan wis kecukupan ha haha....

Punggawa praja : Cukup! aja kok bacutne anggonmu sesongahan. Aku ngerti, kowe ngguyu

17

Page 18: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

cekak-cekak iki mesti kowe begal. Seneng mbegal duweke liyan.

Perampok : Iya-iya.

Punggawa praja : Ya kowe kuwi sing tak goleki arep tak rangket. Tak gawa menyang

Tuban, tak lebokne pakunjaran.

Perampok : Kowe durung ngerti sapa brandale Lokajaya he... Yen kowe bisa

ngrangket aku, ayo jajalen. Cah ayo dikroyok!!!

Wusana perampok lan nayaka praja saka Tuban padha pasulayan kaya dene peperangan.

Jejer 3

Bupati Tuban ngenekake pasewakan ngrembug Brandal Lokajaya. Ya ngrembuk Raden Said, ing

pasewakan iki garwa prameswari, putri-putri, patih, senopati lan prajurit padha ngumpul.

Prameswari : Menawi njenengan dalem duka perkawis ingkang putra. Putra njenengan

punika namung kalih .ingkang mbajeng Raden Said ingkang ragil putra

njenengan Rasawulan. Coba ta sang adipati, njenengan sampun kesesa dhahar

aturipun para kawula, ing mangkenipun badhe mecahaken kaluwarga adipati

ing Tuban Njeng Adipati...

Patih : Mekaten. Miturut pelaporanipun para telik sandi lan para kawula ing

kabupaten Tuban. Raden Said punika malah sampun nglumpati lima ingkang

dados larangane negri.

Bupati Tuban : Said kuwi???

Patih : Malah nembe-nembe punika, Panjenengan nali pirsa, dening Merok Arok,

Merok Arok punika rak gadhah damel mantu ngrabekaken anakipun.

Dumadak sakbibaripun subuh, sak bibaripun rame-rame, ing wanci subuh

menika wonten putri ical. Lajeng para warga ngoyak maling, sapa sing wani

maling temanten putri menika, ingkang maling temanten putri menika

kecepeng, nanging sedaya ingkang ngoyak maling punika boten wantun

menapa-menapa!

Bupati Tuban : Sebab apa?

Patih : Inggih menika, andhahanipun Raden Said.

Bupati Tuban : Raden Said? Ora ngira yen Raden Panji, putra dalem tumindak murang tata

kaya mengkono iki trus piye.

Patih : Sebabipun ingkang wani nyolong temanten putri menika ingkang putra

piyambak Raden Mas Said. Pramila lajeng bab menika kula pasrahne

panjenengan Kanjeng Bupati ing Tuban.

Senopati manembah banjur matur

Senopati : Kejawi punika kanjeng, keparenga ingkang abdi manyuk nyuwun sih

pangapunten, sesambatan kaliyan atinipun ndara patih dhumateng

panjenengan. Katemben punika kula ndenangi piyambak, tiyang Brondong

ingkang rojah-rajeh, dipilara ing durjana juti. Tiyang-tiyang Brondong sami

ajrih mboten wani dhateng putra dalem mas Said. Sebab sedaya kalawan 18

Page 19: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

pratelanipun judi menapa kemawon, menika saking putra panjenengan

piyambak, pun Mas Said.

Tumenggung : Malah ing kalenggahan punika sampun dugi Ngerek. Ing kademangan Ngerek

nembe dipun gegeraken maling, kentong titir wonten wetan, wonten kilen

maling. Sedaya bebaon kademangan Ngerek sami matur, menawi

pandheganipun sedaya maling punika mboten sanes nggih Raden Said, putra

panjenengan dalem kanjeng adipati.

Rasawulan : Nanging nyuwun sewu kanjeng Rama. Sampun ndhahar kanthi wantah

aturipun sedaya nayaka. Dipun talisih langkung rumiyin, mbok menawi

paman patih saha paman tumenggung nika rumaos serik sanget dhateng kang

mas Said, Rama.

Bupati Tuban : Menenga ya nak!!

Rasawulan : Nanging Rama...

Bupati Tuban : Wis-wis !

Ngomong karo prameswari

Bupati Tuban : Kowe krungu dhewe, ora mung siji loro sing matur ing ngarsaku. Aku iki

adipati mandhegani kabeh kawula ing Tuban padha manut. Anakmu Said kok

mrojol solahe guru kuwi piye??? ta bu...???

Prameswari : Kanjeng Adipati, ingkang kula suwun sageda sareh lan sabar penggalihe

panjenengan. Jalaran panjenengan kagungn putra Said, Said punika sampun

ngancik dewasa menawi ta panjenengan duka kaki ingkang putra, mangga

dipun timbali ingkang putra.

Bupati Tuban : Ah... Kowe kuwi ngono. Saben saben aku ndukani Said kowe mbela.

Prajurit!!

Prajurit : Inggih.

Bupati Tuban : Said timbalana !

Prajurit : Sendika dhawuh.

Ora suwe Said marak sowan ing Ramane kanthi sembah sungkem

Bupati Tuban : Kowe wis nggadhang? Lagi ngapa kowe?

Said : Netepi kewajiban gladhen, olah guna raga para magang enggal. Sageda

magang enggal menika saged ndherek mbebethengi katentremanipun

kadipaten Tuban Rama....

Bupati Tuban : Gladhen, apa kowe ngluyur??

Ngadek saka palenggahan nyedheki Said

Bupati Tuban : Said kowe aja mbodho wong tuwa ya kaki..... Sawangen bapak iki umure wus

anguk-anguk kubure. Upama srengenge ngono adoh saka pletheke. Chedak

karo surute. Mbesuk sing tak gala-gala dadi Adipati Tuban ora liya kejaba

kowe! Nanging Said, tumindakmu aleman, nglengserake asmane Adipati ing

Tuban, kowe wani nglakoni 5 lima. Coba, neng Merak Urak kowe

ngglandhang temanten, neng Ngerek mandhegani para maling, kowe neng 19

Page 20: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

kademangan Brondong mandhegani wong judi, iya!!!

Prameswari : Sareh-sareh njeng dipati

Said : Nyuwun sewu. Sampun kesesa paring duka, kanjeng Rama ndakwa kula

ingkang mekaten, awit saking aturipun sinten?!

Bupati Tuban : Kowe aja takon sapa sing wadul Said! Rama iki midhangatake para sandi sing

wis gumathok. Said anaku ngger. Bocah bagus. Yen kowe ora tumindak

sokur, nanging yen kowe tumindak lerenana ya ngger, mesakna Rama.

Krungu Said....!!!

Said : Rama kula mboten ngrumaosi tumindak ingkang mekaten.

Bupati Tuban : Said? Kowe isik selak??? Pira kawula sing jerit-jerit merga polahmu sing ora

pener, nek kowe ra ngakoni tumindakmu Said. Kelangan anak siji aku ora

getun.

Bupati Tuban ngunus pusaka arep ditamakne ing Said. Prameswari lan Rasawulan bebarengan

njerit nggondheli sang adipati, sakala pada tangisan Raden Said mlayu saka pasewakan

Prameswari : Rama? Kenging punapa badhe mejahi ingkang putra?

Bupati Tuban : Isin aku

Prameswari : Menawa katemahan pejah Said estu panjenengan sinten ingkang kecalan!!!

Kula, kula ingkang kecalan kanjeng!!!!

Bupati Tuban : Anu kakang patih, pancene keladuk sapa ngerti Said iku bisa nglereni

tumindake. Nanging saka korban sing wis tumpuk-matumpuk, atiku dadi

cupet. Aku iki pangayoman, yen kabeh para kawula manut dhawuhku kok

anakku dhewe tumindak ngono???

Patih : Inggih-inggih njeng adipati.

Kula mboten maido dhateng sempaling penggalih panjenengan lan dukane

penggalih panjenengan. Nanging kula aturi enget, punika putra panjenengan,

calon bupati, salengser panjenengan. Putra panjenengan ingkang gedhe

pangestuti. Mas Said punika ingkang gedhe anglenggahi dhampar kencana,

ing kadipaten Tuban punika, kanjeng adipati.

Bupati Tuban : Kakang patih iya mengkana kakang tumenggung, mula golekana separan

lakune si Said, pipilen supaya gelem kondur ing kadipaten Tuban.

Tumenggung : Nun inggih njeng adipati.

Bupati Tuban : Wis aja nangis ngono lo bune.

Jejer 4

Sunan Bonang lagi tindakan ing satengahe marga, diendheg tindake dening Raden Said, nedya

dibegal.

Raden Said : Yen kowe ngeman nyawamu tinggalen tekenmu sing lapis emas iku!

Sunan Bonang mungkur banjur mlaku ngedohi Said

Raden Said : He kowe nyepelekke marang aku. Yen teken iki ora kok lungne aku, tak

20

Page 21: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

tugel gulumu.

Sunan Bonang : Kowe mbutuhke teken iki ?

Raden Said : Aku butuh teken iki mergo ana emase.

Sunan Bonang : Emase mung sethithik ora ana regane, yen kowe pengin luwih akeh kae

sawangen!

Sunan Bonang nudingi woh aren.

Raden Said : Oh...emas

Said arep menek wit aren, sedya njupuk emas.

Raden Said : Mandheg, kowe adol sulap, kae dudu mas. Kowe aja mbarang sulap neng

ngarepe brandal Lokajaya.

Sunan Bonang : O......Lokajaya iku kowe ta?

Raden Said : He eh.

Sunan Bonang : Lokajaya kowe kena kandha mengkono nanging kuwi jeneng kowe

nyimpen diri pribadi, Said !!

Sunan Bonang nggetak.

Raden Said : Aja mandheng aku kowe!!! mripatmu mblerengi aku, aja kok pandheng

aku sulap, sapa kowe, dene kowe ngerti marang aku.

Sunan Bonang : Aku Mahdum Ibrahim, para santri – santriku ngarani aku Sunan Bonang.

Raden Said : O.......Kanjeng Sunan Bonang

Said sungkem ana pepadane.

Sunan Bonang : Yen kowe mbutuhake teken, nya gawanen !

Raden Said : Mboten.

Sunan Bonang : Apa meneh Said, ora papa yen iki kok butuhke.

Raden Said : Mboten. Nyuwun gunge pangaksami.

Sunan Bonang : Genea kok tumungkul marang aku ?

Raden Said : Karana panjenengan salah satunggale waliyyullah ing tanah Jawi. Dosa

menapa ingkang kula sandhang, Kanjeng Sunan samenika sanes emas

ingkang kula betahaken nanging kula pengin uwal saking sedaya

lelampahan menika Kanjeng Sunan, kula sampun mboten kiyat. Kula

tumindak mekaten jalaran kepeksa ing kahanan. Kula mbrandhal, main,

ngacu, lan sapiturute. Krana kula boten saged, lan boten kiyat nyawang

kahanan Tuban, ingkang mboten adil, kathah para panggawa, kathah para

nayaka ingkang boten jujur. Kula tumindak ngaten menika kangge

mitulungi dhateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken. Kula maling kula

ngrampok, kula nyolong gadhahane liyan saperlu kangge mitulungi

dhateng kawula ingkang kasisahanlan ingkang kasiksa.

Sunan Bonang : Said, sakabehe tumindakmu kuwi satemene kowe kuwi manungsa nanging

ora diuwongake dening wong kiwa tengenmu. Mula banjur kowe

tumindak kejem wengis jalaran kowe manungsa sing ora diuwongke mau.

21

Page 22: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Sawise kowe ketemu klawan aku, taktuding mau apa? Kae wit aren kang

uwoh kolang-kaling. Wis sak mesthine kowe kudu leren kudu eling,

jumbuh karo wit aren kang uwoh kolang kaling. lerenana pakertimu kang

kebak kadurhakan.

Raden Said : Napa saged ?

Sunan Bonang : Elinga marang kautaman. Jalaran yen pakertimu sing kaya mengkene iki

mbok terus terusne, banget gawe rugine diri pribadhimu dhewe. Said

kowe ngerti?? tenane kowe kuwi dudu turunane wong mikat manuk

ngundhuh kroto, nanging kusuma rembesing madu upama kowe tak bukak

lelakon kang sak tenane ngenani magepokan karo uripmu kepriye? apa

kowe bisa nerima?

Raden Said : Dangu anggen kula nganti–anti kapingin mangertos, sinten sejatosipun

kula menika lan kenging punapa kula menika tansah nggadhahi raos

mboten sekeca. Dhateng swasana-swasana ingkang mboten adil ing

Tuban, pramila Kanjeng Sunan, menawi ta panjenengan kersa mbukak

sinten sejatosipun kula, kula remen sanget lan gunging panuwun ingkang

kula aturaken.

Sunan Bonang : Said, yen mengko wis kelakon tak bukak sejarah uripmu aja rumangsa

nduwe gedhe atimu, nanging syukura marang Gusti kang maha kuasa.

Adipati Wilwatikta lan Dewi Candrawati ing Tuban iku mung nggedhekne

kowe. Wiwit parang jabang bayi kowe diupakara digedhekake lan

dipinterake, mula kowe wajib mbales budi kabecikan marang adipati ing

Tuban Wilwalitikta. Ning saktenane kowe kuwi isih trah luhur ngersa

dalem ingkang sinuwun Prabu Brawijaya iku tenane sudarmamu salut.

Raden Said : Nun inggih.

Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi hal wit aren

lan woh kolang kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe bakal

anggayuh kahanane kolang kaling. Tumindake kaya ngono kuwi kowe

bakal bisa nglereni pakartimu jalaran dak deleng saka sinaring lan

cahyaning sariramu, kowe patut dadi sunabi makna sing tegese wohing

pambudi kabeh mau bakal dadi sawiji marang kowe minangka dadi wali

pinutup Said.

Raden Said : Kanjeng Sunan punapa menika mboten kalangkung awrat. Menapa saged

krana kula sampun asring tumindak awon. Tangan kula sampun makaping

kaping milara tiyang, mejahi tiyang wisuh getih manungsa. Mbok menawi

mboten wonten dalem malik kanggenipun saking martobat.

Sunan Bonang : Rungokna ya! Wong sing kasebut kopi kae ngenteni cawange pamartobat.

Dheweke isih menang manggon ana ing suwarga mbesuk ing alam

pangrantunan. Dosamu pindhane abang kaya glugu, bisa putih memplak

22

Page 23: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

kaya salju yen ngerteni lawange pamartobat. Mula tobata mumpung kowe

durung kebacut, banget rekasa dosamu yen kebacut bacut tumindak kaya

ngono Said.

Raden Said : Inggih. Menawi ta tasih saged dipun bilasi tumindak kula ingkang lepat,

wiwit samenika ugi kula pasrah jiwa raga. Kados pundi sagedipun kula

nebusi dosa-dosa ingkang sampun kula tindakaken.

Sunan Bonang : Sranane kowe kudu mbangun miturut kang dadi dhawuhku.

Raden Said : Inggih.

Sunan Bonang : Kae ana pinggir kali, mertapaa lan semedia ana kana papan dunung sing

cedhak nggonmu semedi bakal tak encepi teken iki. Aja jugar yen dudu

aku sing njugarake.

Raden Said : Menawi ngaten ngestokaken dhawuh pangandika panjenengan, kaparenga

kula nindakaken wajib.

Sunan Bonang : Gawanen iki ! Sing ngati ati. Muga muga Said kasembadan apa kang dadi

sedyamu. Kowe bisa ngilangake coba ing atimu!

Sauntara iku Rasawulan teka. Rasawulan nggoleki kakangmase yaiku Raden Mas Said.

B. Nemokake Isi utawa Makna “tersurat”saka Drama

Sawijining drama digelar dadi sawenehe tontonan iku mesthi ana tujuwan (motivasi). Lumrahe

tujuan yaiku aweh kaca benggala, kaca pangilon, marang wong kang mersani amrih bisa oleh

pengalaman kang becik kanggo sangu urip ing bebrayan. Maknane, isine utawa piwulang luhur kang

kinandhut ing tontonan drama mau kudu digoleki saka kedadeyan-kedadeyan lan saka kang dirembug

dening paragane. Kang kaya mangkene iki diarani nggoleki makna sing katon (tersurat).

Tuladhane :

Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi kae wit

aren lan woh kolang-kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe

bakal nggayuh kahanane kolang-kaling tumindakmu kaya ngono kuwi

kowe bakal bisa nglereni pakartimu.

Saka tuladha cuplikan wawan pangandikan Sunan Bonang lan Raden Said mau ditemokake piwulang

luhur, yaiku :

1. Kita kabeh manungsa iki kudu bisa nglereni tumindak ala.

2. Gelem nglereni tumindak ala iku tegese bisa eling marang bebener atawa tumindak kang apik.

3. Eling lan gelem nglereni tumindak ala iku luwih aji ketimbang oleh emas picis raja brana.

C. Nggoleki Piwulangan Luhur kang Sinamur (tersirat) ing Sajroning Drama

Nggoleki piwulangan luhur kang sinamur ing sajroning drama iku diwiwiti kanthi ngoleki sarta

nemokake apa kang ana ing sajroning drama (konteks) saha nggandhengake karo kang ana sajabane

naskah/teks drama (diluar konteks). Mula saka iku nggoleki piwulang luhur kang sinawur (tersirat) iku

23

Page 24: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

mbutuhake tajeme ati/lantipe ati jalaran piwulung luhur mau ora disebutake kanthi trawaca (jelas) ing

naskah drama.

Tuladhane :

Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi kae wit

aren lan woh kolang-kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe

bakal nggayuh kahanane kolang-kaling tumindakmu kaya ngono kuwi

kowe bakal bisa nglereni pakartimu.

Saka cuplikan mau piwulang kang sinamur (tersirat), yaiku:

1) Jane sadar (insaf), bisa nglereni tumindak ala iku butuh bantuane wong liya kang arupa pitutur

utawa nasihat.

2) Ora ana telate wong kang kepengin mertobat.

3) Wong ala durung mesti yen ala seteruse, isih ana wektu kanggo ndandani urip yen gelem tobat.

D. Sambung Rapete Isi/maknane Drama Brandhal Lokajaya Karo Bebrayan Jaman Saiki

Lelakone manungsa wiwit jaman biyen nganti jaman saiki iku prasasat mung mubeng/munyer

kaya dene cakra panggilingan (kaya dene roda kang mlaku). Mula kang dumadi ing jaman biyen, bisa

uga dumadi ing jaman saiki. Kang mangkene iku njalari apa kang ana lelakon crita ing drama ya banjur

cocog (relevan) karo kahanan jaman saiki.

Tuladha ing drama :

Raden Said : …………”Kula tumindak mekaten jalaran kapeksa ing kahanan. Kula

brandhal, ngecu lan sapiturute, krana kula mboten saged lan mboten kiyat

nyawang kahanan Tuban ingkang mboten adil. Kathah para Punggawa,

kathah para nayaka ingkang mboten jujur”.

Cuplikan ature Raden Said marang Sunan Bonang iku ana sambung rapete (relevan) karo kahanan ing

jaman saiki ing wektu iki, ing Indonesia uga isih akeh pejabat sing korupsi, akeh wong sing kelah

(nuntut) keadilan, nanging keadilan isih angel digayuh.

Lembar Kerja Siswa (LKS)

Indikator Pencapaian

Kompetensi

Teknik

Penilaian

Bentuk

PenilaianInstrumen

Memahami seni

pertunjukkan Jawa / drama

tradisional.

Tes lisan/

tertulis

Uraian Apa kang diarani drama tradisional

iku?

Mengidentifikasi

penggunaan kagunan basa

dalam seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

Tes lisan/

tertulis

Uraian Sebutna kang kalebu seni

pertunjukan tradisional!

24

Page 25: smkissuda1ambarawa.sch.id. BHS JAWA... · Web viewBab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku : Ukarane cekak lan aos (singkat jelas) Basa kang digunakake isa dingerteni utawa

Menganalisis nilai-nilai

simbolis yang terkandung

dalam seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

Tes lisan/

tertulis

Uraian Pitutur luhur apa kang bisa

kotemokake ing wacana eksposisi

drama tradisional.

kang kowaca?

Mengevaluasi relevansi

dengan masa kini nilai-

nilai simbolis yang

terkandung dalam seni

pertunjukkan Jawa / drama

tradisional.

Tes lisan/

tulis

Uraian

Pitutur luhur kang kotemokake ing

wacana eksposisi seni

pertunjukkan Jawa / drama

tradisional.

kang kowaca apa isih jumbuh yen

dicakake/ diterapake ing jaman

saiki?

Menginterpretasi nilai-nilai

simbolis yang terkandung

dalam seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

.

Tes lisan/

tertulis

Uraian Golekana piwulang kang sinamur

(tersirat) saka wacana eksposisi

seni pertunjukkan Jawa / drama

tradisional kang kowaca?

Memroduksi penceritaan

kembali seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

lisan maupun tulisan.

Tes lisan/

tertulis

Uraian Critakkna kanthi ringkes

rerangkening drama tradisional

migunakake basa Jawa kang trep!

Menyunting penceritaan

kembali seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

karya teman.

Tes

tertulis

Uraian Golekana sambung rapete

(relevansi) isine drama tradisional

karo jaman saiki.

Menyajikan penceritaan

kembali seni pertunjukkan

Jawa / drama tradisional.

lisan maupun tulisan.

Tes

praktik

Demonstrasi/

penampilan

Wacanen crita kang kogawe

babagan drama tradisional.

ing ngarepe kelompokmu utawa

ngarep kelas!

======

25