berita jawa banjir

Upload: saif-ipunk

Post on 09-Feb-2018

322 views

Category:

Documents


5 download

TRANSCRIPT

  • 7/22/2019 Berita Jawa Banjir

    1/2

    WartaBANJIR TEKA MANEH

    Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi

    Desember nganti tekan tengah-tengahing April, dibarengi karo pawarta-

    pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus,lemah longsor, lan liya-liyane. Yen wis ngono, kabeh jinis informasielektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat, kayata

    radhio, tivi, internet, koran, lan sapanunggalane dikebaki dening pawartabanjir. Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh, pawarta banjir ora

    ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut. Durung suwe ingwiwitaning sasi Januari kepungkur, banjir bandhang wis dumadi ing tlatah

    Jember Jawa Timur lan Wonosobo. Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerahketerak banjir.

    Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadiing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa. Banjir kang

    dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah JawaBarat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa Timur.

    Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah, kalebu Semarang mangetan lanmangulon ora keri, melu kebanjiran. Malah miturut kabar saka medhia tivi

    lan surat kabar, ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih,amarga ora asat-asat lan udan tetep grejih. Durung maneh, longsor lan

    banjir cilik-cilikan ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana. Tundhonemusibah saka banyu udan wis ora bisa diselaki maneh. Korban manungsa,

    raja kaya lan raja brana wis ora bisa kaetung maneh.

    Saka musibah banjir kasebut yen didelok, saben taune nuduhake ora saya

    suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing kena banjir sayarata. Apa ateges iki sing diarani jaman karusakan (kalabendu)? Nalika jaman

    saya maju lan akeh wong winasis, suwalike alam saya bubrah lan rusak.Endi sing kudu disalahake, manungsane apa alame?

  • 7/22/2019 Berita Jawa Banjir

    2/2