assalamualaiku warohmatullah wabarokatuh

Upload: resa-vodera

Post on 13-Jul-2015

105 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Assalamualaiku Warohmatullah Wabarokatuh, om swasthi astu, namo budaye, Nugraha miwah sih wilasanipun gusti, ingkang sampun kesdu paring kabagyan, katentreman lan kawilujengan, mugi hanggung kajiwa kasarira mring kita sami waradin sagung dumadi. Para pepundhen, peparaning para mudha sentana ingkang pantes tinulat sinudarsana, Minangka purwakaning atur, sumangga caos puji syukur dumateng gusti Allah ingkang murbeng rat, mugiya ing sadangunipun kula lan panjenengan sami gesang tansah pinaringan hayu raharja niskala, nir ing papa cintraka, amin ya rabbal alamin. Boten katalompen shalawat saha salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad SAW, mugiya benjang ing yaummil kiamah tansah pikantuk syafaatipun, saged sumandhing hangiringi lampah labuhanipun. Nuhoni dhawuhipun bapak Sumedi, kula sinaraya gati minangka talang aturipun kepareng nganturaken gunging panuwun awit rawuhipun bapak lan ibu ing tumapaking adicara menika. Inggih awit gunging bombong raosing manah anggen bapak Sumedi, hanampi kanugrahan masugata rawuh panjenengan, bapak Sumedi boten kuwagang ngunandika piyambak wonten ngarsanipun panjenengan sami. Sarehning sampun nimbang bibit, bobot, lan bebetipun penganten kakung minangka gandhenganipun putri kinasih, bapak Sumedi kraos marem, madhep, lan manteb hanela kramakaken pun putra kekalih. Dhasaripun kekalihipun sampun sami hangetingalaken tuhu antebing tresna, saengga minangka tiyang sepuh hamung saged mangestuni niyat ingkang sae menika. Wondene anak kula Paiman pancen bocah cubluk ingkang dereng kathah mangertosi abang ijoning kahanan, saengga ambokbilih wonten lepat leletipun kepareng dipundukani lan dipundhidhik kados dene putranipun piyambak. Tebih anggenipun penjenengan sowan lan pinarak wonten mriki tertamtu pinayungan pikajengan ingkang edi. Nanging, kahanan ingkang saged dipunaturaken dening pamangku gati boten saged ngimbangi kapikajengan ingkang edi saking para rawuh. Saengga mbokbilih wonten kirang asin, legi, utawi gurih anggenipun masugata para rawuh, kepareng kula ngaturaken gunging pangaksami ingkang tanpa pepindhan.Mugi sarawuh lan sakonduripun panjenengan sami sanityasa pinayungan karaharjan, kawilujengan, lan kasarasan dening gusti ingkang murbeng rat. Wasana, mekaten anggenipun kula matur, wilujeng handherekaken tumapaking adicara lan ngrahapi dhedhaharan ingkang cinaosaken dening pamangku gati. Wassalamu allaikum Warohmatullah Wabarokatu.

Assalamualaiku Warohmatullah Wabarokatuh, om swasthi astu, namo budaye,Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula lan panjenengan sadaya. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Suharjo sekalihan [kawula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung mugi katur panjenenganipun Bapa Yugi sekalihan garwa]. Panjenenganipun Bapa B ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Yugi sekalihan ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kawula wonten ngarsa panjenengan, ingkang sepisan: ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa Suharjo boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim Bapa Suhsrjo ingkang lumantar kawula mugi katura ing panjenenganipun. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Jangkep kaping kalih, rehning putra calon temanten kakung pun Bagus Santo, atmaja kakung saking Bapa Suharjo sekalihan ingkang pidalem ing Salatiga sampun kelampahan dhaup suci kaliyan Rara Ratih, Kenya siwi saking panjenenganipun Bapa Yugi sekalihan, kala wau dinten Kamis surya kaping ruwah wanci tabuh 08.00 WIB mapan ing Sidomukti kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa. Sarehning sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kawula pasrahaken, mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten. Kawula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya. Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kawula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga. Salajengipun, hambok bilih anggen kawula hanjejeri minangka talanging basa wonten gunyak-gunyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing reh tata karma, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Nuwun

Assalamualaiku Warohmatullah Wabarokatuh, om swasthi astu, namo budaye,

Dhumateng panjenenganipun Bapa Ahmad ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Sujono sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparingipun Bapa Yanto sekalihan, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa Sujono sekalihan lumantar panjenganipun Bapa Ahmad. Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget ketampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa Yanto sekalihan garwa. Mboten kekilapan Bapa Yanto sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa Yanto sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya. Namung semanten panampi saking Bapa Yanto sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab/panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa Sujono sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya. Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen Bapa Yanto sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Wassalamu allaikum Warohmatullah Wabarokatu.

NAMA : HERRI SUSANTO KELAS: XII TKR 4 NO : 10

WATAK/SIFAT PRABU DURYUDANA Dasanama : Jakapitana, Gendarisiwi, Suyudana, Kurawaindra, Kurupati, Destratmaja, Tri Pamangsah. Negari : Ngastina. Sipat/watak : Adigang adigung adigunam, sembada ing warna. Gegaman : Gajah Kyai Panukma, Gada Kyai pamecatnyawa.

.

WATAK/SIFAT RADEN DURSASANA Kasatriyan : Banjarjungut. Sipat/watak : Adigang adigung adiguna dumeh putra narenra, tansah lembean, pengendikanipun sora dipun sarengi gumujeng. Kadigdayan : Sekti mandraguna. Aji : Kyai Barla.

WATAK/SIFAT DEWI BANOWATI Nagari : Rama : Ibu : Garwa : Lesmanawati. Sipat/watak : Kaputrean Taman Kadilengleng. Prabu Salya. Dewi Setyawati. Prabu Duryudana nuruaken Lesmana, dewi Tregal-tregel merak ati, pinter nuju prana.

NAMA KELAS NO

: SUGUN WIDADI : XII TKR 4 : 10

WATAK/SIFAT RADEN KARTAMARMA Kasatriyan : Banyutinalang. Rama : Pabu Drestharastra. Ibu : Dewi Gendari. Garwa : Dewi Wulan Sumirat. Sipat/watak : Adigang adigung adi guna, ngegungaken putra raja, ajrih getih, boten mersudi rehning tatakrami.

WATAK/SIFAT RADEN DURMAGATI Kasatriyan : Slobrah Blambangan. Rama : Prabu Drestarastra. Ibu : Dewi Gendari. Sipat/watak : adigang adigung adguna, gumendhung dumeh putra narendra. Gaman : Mesail.

WATAK/SIFAT RADEN CITRAKSA Kasatriyan : Carang Glagah. Rama : Prabu Destarastra. Ibu : Dewi Gendari. Sipat/Watak : Anut grubyug, boten gadhah adeg-adeg.