document2

2
Kancil Nyolong Timun Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger, Kancil dadi luwe. Amarga luwe Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Saben dino Kancil nyolongtimune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa menawa timune saya kelong sithik-sithik. Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan dipasang ana ing kebon timun. Esuke kancil moro maneh ana kebon timun, kancil kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki kancil mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe amarga iku mung wong-wongan. Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau, tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu kelet ana ing wong-wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong- wongan. Saiki Kancil wis ora iso obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani. Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane. Kancil dikancing ana ing kandhange Pak Tani. Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki Kirik ingon-ingone Pak Tani lan ditakoni ngapa Kancil kok onok neng kandhang. Kancil banjur crita menawa deweke arep didaupake

Upload: rizsa-aulia-danesty

Post on 08-Jul-2016

227 views

Category:

Documents


6 download

DESCRIPTION

prolaps

TRANSCRIPT

Page 1: Document2

Kancil Nyolong Timun

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger, Kancil dadi luwe. Amarga luwe Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Saben dino Kancil nyolongtimune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa menawa timune saya kelong sithik-sithik.

Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan dipasang ana ing kebon timun.

Esuke kancil moro maneh ana kebon timun, kancil kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki kancil mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe amarga iku mung wong-wongan.

Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau, tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu kelet ana ing wong-wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora iso obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.

Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane. Kancil dikancing ana ing kandhange Pak Tani.

Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki Kirik ingon-ingone Pak Tani lan ditakoni ngapa Kancil kok onok neng kandhang. Kancil banjur crita menawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumanga srei lan nesu.

Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake ulahe, Kancil nawari apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banjur nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.

Kancil banjur mlayu, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya. Ing kandhang, Kirik ngenteni karo ngguya ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget banget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau sampek tatu kabeh.