rumahgurusd.files.wordpress.com · web viewsoal nomer 32 lan 33 gegayutane karo ukara guneman ing...

16
Wacan kanggo nomer soal 1, 2, 3, 4, lan 5. Loper Koran Jono adhine Yono iku bocah sing sregep. Saben mulih sekolah age-age ngibadah. Sawise ngibadah dheweke ora lali mangan, banjur ngaso. Yen wis wayah sore, nyambut gawe dadi loper koran rana rene melu kangmase. Ing pangajab supaya bisa kacukupan kabutuhane. Pancen dhasare bocah sregep, Jono seneng makarya dadi loper Koran. Saben dina ora tau nggresula lan duwe rasa kesel. Mulih saka loper Koran banjur adus, awake krasa seger. Ing wayah wengi dheweke ora lali sinau. Mangkono iku tansah dilakoni Jono kanthi legawa. Sanadyan wis ditinggal seda wong tuwane, nanging Jono ora nglokro. Dheweke saben sasi nampa bayaran saka anggone loper koran, mulane Jono bisa tuku buku uga barang liyane. 1. Apa sing ditindakake Jono saben dina? A.Nampa bayarane Yono B.Dadi loper koran C.Golek dhuwit kanggo tuku buku D.Sregep nyambut gawe 2. Apa sebabe Jono dadi loper koran? A.Kanggo ngraketake sedulur karo Yono B.Mbantu pagaweyane Yono C.Kepingin nyambut gawe nyambi karo sekolah D.Supaya kekarepane bisa keturutan 3. Kepriye carane Jono ngatur wektu? A.Ora lali ngibadah B.Ngibadah banjur mangan, nuli loper koran C.Yen esuk sekolah, wayah sore loper koran, bengine sinau D.Bubar mangan wayah sore loper Koran 4. Ukara pitakon kang mathuk kanggo isine paragraf telu yaiku .... A.Apa sing njalari Jono bisa tuku buku ? US - 2012 / BHS JAWA / PDR 1

Upload: vuque

Post on 27-Jul-2019

266 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Wacan kanggo nomer soal 1, 2, 3, 4, lan 5.

Loper KoranJono adhine Yono iku bocah sing sregep. Saben mulih sekolah age-

age ngibadah. Sawise ngibadah dheweke ora lali mangan, banjur ngaso. Yen wis wayah sore, nyambut gawe dadi loper koran rana rene melu kangmase. Ing pangajab supaya bisa kacukupan kabutuhane.

Pancen dhasare bocah sregep, Jono seneng makarya dadi loper Koran. Saben dina ora tau nggresula lan duwe rasa kesel. Mulih saka loper Koran banjur adus, awake krasa seger. Ing wayah wengi dheweke ora lali sinau.

Mangkono iku tansah dilakoni Jono kanthi legawa. Sanadyan wis ditinggal seda wong tuwane, nanging Jono ora nglokro. Dheweke saben sasi nampa bayaran saka anggone loper koran, mulane Jono bisa tuku buku uga barang liyane.

1. Apa sing ditindakake Jono saben dina?A. Nampa bayarane YonoB. Dadi loper koranC. Golek dhuwit kanggo tuku bukuD.Sregep nyambut gawe

2. Apa sebabe Jono dadi loper koran?A. Kanggo ngraketake sedulur karo YonoB. Mbantu pagaweyane YonoC. Kepingin nyambut gawe nyambi karo sekolahD.Supaya kekarepane bisa keturutan

3. Kepriye carane Jono ngatur wektu?A. Ora lali ngibadahB. Ngibadah banjur mangan, nuli loper koranC. Yen esuk sekolah, wayah sore loper koran, bengine sinauD.Bubar mangan wayah sore loper Koran

4. Ukara pitakon kang mathuk kanggo isine paragraf telu yaiku ....A. Apa sing njalari Jono bisa tuku buku ?B. Kepriye carane Jono bisa tuku buku ?C. Sapa sing menehi bayaran ?D. Ing endi Jono tuku buku ?

5. Kesimpulane crita wacan ing dhuwur sing bener yaiku ….A. Sregep nyambut gaweB. Jono nyambut gawe ora duwe keselC. Jono bocah taberi, mula bisa kecukupan kekarepaneD. Jono adhine Yono dadi loper koran

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 1

Wacan kanggo nomer soal 6, 7, lan 8.

Jam lima esuk kancil mlaku-mlaku ing alas golek pangan. Kancil mlaku alon-alon karo nyawang kiwa tengen. Dheweke ora weruh ana luweng. Kancil kecemplung luweng. Dheweke mencolot-mencolot arep munggah, nanging ora bisa metu. Kancil keweden banget.

Arep njaluk tulung, dheweke rumangsa isin amarga kabeh kewan wis tau diapusi. Dumadakan ana gajah liwat banjur kancil njaluk tulung kanthi memelas marang gajah supaya dientasake saka luweng. Gajah banjur nulungi njegur ing luweng. Kancil munggah saka gegere gajah banjur mlayu.

6. Bedane watake gajah lan kancil yaiku ….A. Kancil seneng ngapusi, gajah seneng srakahB. Gajah watake jujur, kancil watake ngapusiC. Gajah seneng ngapusi kancil seneng tetulungD.Kancil watake srakah, gajah watake wedi

7. Papan kadadeyane crita ing dhuwur yaiku ….A. luwengB. sawahC. alasD.pinggir kali

8. Amanate crita ing dhuwur sing bener yaiku ….A. Seneng ngapusi ora becik dadineB. Watak srakah lan jujur akeh kancaneC. Tumindaka kang becik, jujur, lan dhemen tetulung D.Seneng ngapusi, bisa akeh untunge

Teks pacelathon kanggo nomer soal 9, 10, lan 11. Ivan : “Heh , Jon ! nonton wayang , yok ! ”Joni : “ Kapan ? “ Ivan : “ Mengko bengi ing TBRS. Ana bintang tamune Marwoto lho !

“ Joni : “ Ya, aku gelem , nanging aku nyuwun pamit Bapak lan

Ibuku dhisik, mengko yen wis pareng kowe tak sms “

9. Temane teks kasebut yaiku ….A. Menyang TBRSB. Nonton wayangC. Pamit bapak lan ibuD.Marwoto kuwi pelawak

10. Topike teks ing dhuwur yaiku ….A. Bintang tamune MarwotoB. Nonton wayang ing TBRS

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 2

C. Ngajak nonton wayangD.Pamit nonton wayang

11. Amanate pacelathon ing dhuwur yaiku ….A. Joni pamit marang bapak lan ibuB. Anak kudu manut marang wong tuwaC. Ivan ora pamit bapak lan ibuneD.Yen arep lelungan becike pamit marang wong tuwa

Wacan kanggo nomer soal 12, 13, lan 14.

Mampir ngombeUripmu ing alam donyaSuwene ora sepiraaAja daksiya marang sapadha-padhaElinga aja padha sulayaElinga kang Maha Kuasa

12. Tembung sulaya ing geguritan kasebut tegese ….A.ngapusiB.mblenjaniC.tukaranD.drengki

13. Isine geguritan ing dhuwur yaiku ….A.Rukun wae sing penting mulyaB.Sulaya ing alam donyaC.Rukun , ngibadah murih uripe tentremD.Sulaya mung ana donya

14. Pesene isine geguritan yaiku….A.Kerukunan, ngibadah lan dhemen tetulung bisa gawe katentremanB.Urip mung sepisan luwih becik kanggo senengC.Kasenengan durung mesthi gawe tentremD.Urip ing alam donya, bebasan mung mampir ngombe

Cuplikane pidhato kanggo soal nomer 15 lan 16.

………………………………….Minangka wakilipun murid kelas enem kula badhe matur dhumateng bapak ibu guru saha panjenengan sedaya. Kirang langkung nem tahun laminipun kula sakanca ngudi ilmu dumateng bapak lan ibu guru wonten sekolah mriki. Matur nuwun sanget dene sampun kathah ilmu ingkang dipun paringaken dhumateng kula sedaya. Mugi ngilmu kula wau saged kangge sangu nglajengaken sekolah dhateng SMP lan kangge nggayuh cita-cita.

……………………………….

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 3

15. Perangan pidhato ing ndhuwur klebu ….A. isine pidhatoB. adangiyahC. pambukaD. panutup

16. Tema-ne pidhato ing ndhuwur yaiku….A. Perpisahan murid kelas enemB. Ulang tahune bocah kelas enemC. Bapak guru arep pindhahD. Bocah kelas enem arep pindhah

Wacan kanggo soal nomer 17, 18, lan 19.

Sore iki beda ora kaya biasane. Tina ulate katon sluntrut. Kamangka dheweke bocah sing grapyak, sumringah, lan seneng guyon. Kahanan iki gawe bingung atine Retno lan Wulan. Berbi, bonekane dirusakake dening Dhimas adhine. Bapak lan ibune ngarih-arih, nanging dheweke ora gelem guneman.

17. Watake Tina yaiku ….A.ora seneng guneman B.aleman lan gampang nesuC.seneng guyonD.bingungan

18. Ulate Tina katon sluntrut. Tembung entar sing trep karo kahanane Tina yaiku ….A.bening banyu leriB.anteng kitiranC.rupak jagadeD.kandel kupinge

19. Amanate kang mathuk kanggo crita ing dhuwur yaiku ….A.Seneng ugungan dadine bingungB.Becike grapyak, sumanak supaya akeh kancaneC.Gampang nesu, ora duwe kancaD.Ulate sluntrut, cepet tuwa

20. ?wizi[so[rakutukus[t. Ukara ing ndhuwur yen ditulis latin dadine ….A.Aku tuku sate wingi soreB.Wingi sore aku gawe sateC.Wingi sore aku tuku sateD.Aku wingi sore tuku kate

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 4

21. ?aibunitih[dok/. A. Iku jenenge dhokarB. Ibu duwe dhokarC.Aku nitih dhokarD.Ibu nitih dhokar

22. ?simBhzaTpiri=.A.Simbah ngasah-asah piringB.Simbah gadhah piringC.Simbah bekta piringD.Simbah ngasta piring

Cakepan tembang kanggo soal nomer 23 lan 24.KinanthiYen prapta diwasanipunDadi manungsa kang lantipNgabdi bangsa lan negaraMbutuhake wong kang lantipNora wurung para mudhaKang kudu bisa gumanti

23. Gatra “Dadi manungsa kang lantip” tegese ….A.Wong sing tumindak lembah manahB.Wong sing sregep lan pinterC.Wong enom gantine wong tuwaD.Dadi manungsa sing seneng weweh

24. Pesene tumrap surasane tembang ing ndhuwur yaiku ….A.Bocah duwe gegayuhan sing becikB.Gegayuhan supaya dadi pinter lan becik tumrap anak kanggo

gantine wong tuwaC.Wong enom kudu bisa dadi gantine wong tuwaD.Gegayuhane wong enom bakale dadi wong tuwo

25.

Urutane wayang ing dhuwur saka sing enom yaiku ….A.3 – 1 – 4 – 2

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 5

Aksara jawa ing sisih iki unine ….

Aksara jawa ing sisih iki unine ….

1 2 3 4

B.1 – 2 – 3 – 4C.2 – 4 – 1 – 3 D.4 – 1 – 2 – 3

26. Gatekna gambar wayang iki ! Gambar wayang iki ratu ing negara ….

A. AmartaB. AstinaC. DwarawatiD. Mandura

27.

Sing trep kasatriyane gambar wayang iki yaiku nomer ….A. 1 – R ; 2 – SB. 2 – T ; 3 – RC. 3 – P ; 2 – TD. 4 – S ; 3 – P

28. Gatekna! (1) Upacara diwiwiti jam 06.30

(2) Bubar upacara banjur mlebu ing kelas(3) Dina senen murid-murid upacara bendera

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 6

Gambar Wayang Jenenge Wayang1.

P. Janaka

2.

R. Puntadewa

3.

S. Werkudara

4.

T. Nakula

(4) Mula tekane luwih esuk

Urutane ukara kang bener supaya dadi paragraf kang runtut yaiku …A. 1-2-3-4B. 3-4-1-2C. 3-1-2-4D. 1-2-4-3

29. Gatekna gambar iki!

Paragraf kang cocok karo gambar ing sisih iki yaiku ….A. Wayah awan Eri weruh wong ngemis. Sing ngemis wonge wis

tuwa. Wong kuwi njaluk dhuwit. Eri nyedhaki banjur ngusir wong ngemis sing teka.

B. Ana wong wis tuwa banget. Dheweke lagi lungguh ana pinggir dalan. Wong kuwi katon mesakake. Awake katon kuru. Fitri menehake dhuwit marang wong kuwi.

C. Ing pinggir dalan ana wong loro. Sing siji wis tuwa, dene sijini isih bocah. Wong loro lagi padha rebutan dhuwit. Sing kasil ngrebut dhuwite yaiku bocah cilik.

D. Fitri bocahe cilik. Nalika weruh wong ngemis, dheweke nyedhaki. Wong sing ngemis wis tuwa. Dheweke lagi lungguhan ana pinggir dalan. Fitri lan wong tuwa lagi mangan sega.

30. Aku arep … marang Bu Guru.Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku …A. ngomongB. ngendikaC. sanjangD. matur

31. Gatekna paragraf iki! Prahara sing disebabake mbledhosing Gunung Merapi njalari

rusaking kahanan sakiwa tengene. Akeh korban sing ora ketulungan.

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 7

Akeh kewan padha mati, omah ambruk, lan …. Kabeh mau golek pangungsen sing aman.

Ukara kang mathuk kanggo ngganepi paragraf ing dhuwur yaiku ….A.para warga padha mlayu pating brengokB.kabeh tanduran padha matiC.akeh bocah sing padha nagis D.pamarentah menehi bantuwan

Soal nomer 32 lan 33 gegayutane karo ukara guneman ing ngisor iki !

Sandi : “Reginipun gabah sapunika mirah, Pak ?”Pak Karyo : “Iya, sebab rega gabah wektu iki anjlog”

S Sandi : “Dados kuciwanipun amargi kirang … 1) asil panenipun

gabah ?”P Pak Karyo : “Iya, kaya ngono kuwi Mas . Wong tani kuwi yen

tandurane apik, regane anjlog, yen pas dhuwur, parine dipangan

ama.”S Sandi : “……………………….” 2)P Pak Karya : “Muga-muga pamarintah menggalihake nasibe kaum

tani, amrih tetanen ora ditinggalake.”

32. Ukara sing mathuk kanggo nglengkapi guneman Sandi (2) yaiku ….A. Kados pundi Pak KaryoB. Inggih, mugi-mugi reginipun gabah awisC. Lajeng kersanipun Pak Karyo D. Punapa Pak Karyo gela penggalihipun

33. Tembung kang bener kanggo nglengkapi gunemane Sandi (1) yaiku ….

A. sithikB. akehC. sekedhikD. kathah

Teks layang kanggo soal nomer 34 lan 35.Katur kancaku Lasmini 1Ing Demak

Pamuji Rahayu, 2Piye kabarmu saiki Las, aku ing Semarang apik-apik wae. Tak suwun kowe ya mangkono. Awake dhewe tansah pinayungan dening 3 Pengeran.Las, preinan sekolah bubar lulusan kowe dolan ya ! Jare kowe duwe sedulur ing Semarang, mengko mampir ing omahku. 4

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 8

Pokoke tak tunggu !………………………………………….

34. Ukara kang trep kanggo ngganepi panutuping layang ing ndhuwur yaiku…A. Aja lali oleh-olehe sing akehB. Puji syukur mring Pengeran awake dhewe bisa ketemuC. Bijine rapot awake dhewe muga-muga apikD. Cukup semene wae layang saka aku . Tak tunggu tekamu.

35. Perangane layang ing ndhuwur kang diarani isi yaiku ukara kang diwenehi tandha angka ….A. 1B. 2C. 3D. 4

Gatekna laporan iki supaya bisa nggarap soal nomer 36 lan 37!

Jeneng kegiatan : Dokter KecilWektuning tumindak : Sabtu, 3 Maret 2012Papan : SDN Melati Indah 04Tema : Nepungake babagan sing gegayutan karo PPPK

36. Paragraf sing jumbuh karo data palaporan ing ndhuwur yaiku ….A.Kiprahing Dokter Kecil pinangka nggladhi kekendelaning murid,

jalaran isa tambah kawruh babagan carane menehi pitulungan kang sepisan marang sing kena kacilakan

B. Kiprahing Dokter Kecil ing sekolahanku kaleksanan saben dina Sabtu jam

9.00, lan bisa oleh kawruh babagan menehi pitulungan kang sepisan sing nandhang kacilakanC. Kiprahing Dokter Kecil ing sekolahanku tansah nyenengake, mula

aja ditindakake mung dina Sabtu baeD. Kiprahing Dokter Kecil dadi pilihan baku tumrap murid sing kurang

seneng marang wulangan formal. Kegiatan iki ditindakake saben dina Sabtu

37. Sing mathuk tumrap isine palaporan ing dhuwur yaiku ….A. Kiprahing Dokter Kecil kanggo nambahi kawruh tumrap murid

babagan carane menehi pitulungan marang sing nandhang kacilakanB. Kawruh babagan Dokter Kecil ora perlu diudi jalaran tanpa migunani

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 9

C. Carane menehi pitulungan marang sing kena kacilakan, Dokter Kecil wis

pinterD. Kiprahing Dokter Kecil ing sekolahanku ditindakake saben dina

Sabtu

38. Ngendi tulisan aksara Jawa kang bener kanggo ukara “Kebo wedi sapi telu?”

A. ?ke[bowefispitelu.B. ?keb[wfisptelu.C. ?kebowefspitlu.D. ?ke[bownisaipitu.

39. Dina Minggu aku libur. Ukara iku yen di tulis nganggo aksara jawa dadine ….

A. ?sbenMi=guakuaibu/.B. ?finmi=guakulibu/.C. ?fi[nomi=guakupibu/.D. ?finmi=gulkupabu/.

40. Dadi siswa kang lantip lan andhap asor. Ukara iku yen di tulis nganggo aksara

Jawa dadine ….

A. ?ffimuripK=lnTipLnHnDpHulet¿,B. ?ffimuripK=lnTipLnHnDpH[s/o.C. ?ffisisWk=lnTipLnHnDpH[s/o.D. ?ffisisWik=lnTipLnHnDpH[s/o.

41. Simbah rikmanipun sampun pethak. Ukara iku yen di tulis nganggo aksara Jawa dadine ….

A. ?simBhrikMnipunSmPunPeqk¿,B. ?si[mBokºikMnipunSmPunHg_.C. ?smPunPeqkSimBhrikMnipun¿,D. ?smPunPeqkºikMnipunSimBh.

42. Wacanen!Jajanan kang ana ing kantin iku ana permen, gorengan lan ora keri es. Bocah-bocah anggone jajan mung ing wayah ngaso. Liyane wektu iku

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 10

ora oleh. Kantin kuwi dijaga karesikane. Nalika bocah-bocah padha mlebu kelas, petugas kantin padha resik-resik.Ringkesane paragraf ing dhuwur yaiku ….A. Kantin dibangun ing sekolahankuB. Jajan ing kantin mung ing wayah ngasoC. Kantin nyediani kabutuhane muridD. Permen, gorengan, es disediani ing kantin

43. Gatekna geguritan iki!IbukuKanthi susah lan rekasaIbu nglairake, nggula wenthah, lan nggedhekake akuIbu paring pepayung uripkuIbu minangka tuladha uripkuParafrase sing mathuk kanggo geguritan ing dhuwur yaiku ….

A. Kanthi katresnan, ibu nglairake , nggula wenthah lan nggedhekake

putrane. Ibu minangka pangayoman lan tuladha tumrap putraneB. Kanthi adus kringet, ibu ngopeni, nggula wenthah putrane nganti

dewasa, ibu dadi pahlawan kanggo keluwarga, ibu dadi tuladha kanggo putraneC. Kanthi susah lan rekasa, ibu nglairake lan nggula wenthah,

nggedhekake putrane, pangorbanan ibu ora gampangD. Ibu pinangka tuladha tumrap putrane kanthi susah lan rekasa, ibu

ora gampang

44. Gatekna geguritan iki!BukuBuku iku sumbere ilmuBuku bisa dadi gantine guruTanpa buku siswa ora bisa majuSumber kawruh tumrap sing butuhMundhak kawruhe tambah wasis lan pintereYa, amarga suka maca bukuBuku ora kanggo lemek turu………………

Ukara kang trep kanggo ngganepi geguritan ing ndhuwur yaiku…A. Buku diwaca lan disinauB. Aja padha sembrana mundhak ora bisaC. Nanging kanggo kanca turuD. Yen ngantuk kudu disimpen dhisik

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 11

45. Waspadakna gambar iki!

Geguritan kang jumbuh karo gambar ing ndhuwur yaiku…

1. A. Arep nuju papan ngendi Dhokar kang rindhik mlakune Rodhane wis pating sleyot Jarane wis sayah ora teteh jumangkah Kusire ngantuk kebenthuk benthuk Ewadene sing nitih isih pada Katrem anggone ngimpi

2.3. B. Arep nuju papan ngendi

Bendhi kang alon mlakune Tanpa kusir liwat dalan mlipir-mlipir Jarane wis sayah njaluk dhedhak lan suket Ewadene padha Katrem olehe ngimpi

4. C. Saya suwe saya adoh Digeret jaran papat Rodha loro tansah mubeng Kusire wis loyo Ngantuk kebenthuk trucuk Ewadene sing nitih manthuk- manthuk Impenmu nganti esuk

5.6. D. Dhokar nuju pasar

Ngangkut para saudagar Rodane mung kari siji Lakune theklak theklik Andum rejeki Ngiras pantes ngleluri budaya leluhur

46. ... caranipun damel sekul goreng punika , Bu ?Tembung kang trep kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku ….A. kepriyeB. kadospundiC. wonten pundiD.menapa

47. Yen wis lulus, aku arep … sekolah ing SMP.Tembung andhahan sing trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ….A. diteruskeB. diterusakeC. neruskeD. nerusake

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 12

48. Ukara ing ngisor kang migunakake Ngoko Alus yaiku ….A. Aku diwenehi sangu ibuB. Kula dipunparingi sangu ibuC. Aku diparingi sangu ibuD. Kula dipuncaosi sangu ibu

49. Ukara kang nggunakake basa Krama yaiku …….A. Bapak saha ibu dereng nedha manawi kula sampun dhaharB. Bapak saha ibu dereng dhahar manawi kula sampun manganC. Bapak saha ibu dereng dhahar manawi kula sampun nedhaD.Bapak saha ibu dereng mangan manawi kula sampun dhahar

50. Wis telung dina Bapak ora bisa tindak amarga gerah mumet.Yen ditulis dadi krama alus sing trep yaiku …..A. Sampun tigang dinten Bapak boten saged tindak amargi gerah puyengB. Wis tigang dinten Bapak boten saget kesah amargi gerah mumetC. Sampun telung dina Bapak boten tindak amargi gerah puyengD.Sapun tigang dinten Bapak boten saged tindak amargi gerah mumet

US - 2012 / BHS JAWA / PDR 13