ajining filosofis upacara panggih panganten · pdf fileupacara nyadran, sedhekah bumi, mitoni,...
TRANSCRIPT
AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN
ING DESA MANGUNJIWAN, KECAMATAN DEMAK,
KABUPATEN DEMAK
SKRIPSI
LISA SATRIANI
NPM: 06430315
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
i
AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN
ING DESA MANGUNJIWAN, KECAMATAN DEMAK,
KABUPATEN DEMAK
SKRIPSI
LISA SATRIANI
NPM: 06430315
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
SKRIPSI
AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN ING DESA
MANGUNJIWAN KECAMATAN DEMAK
KABUPATEN DEMAK
Ingkang kasusun lan dipunajengaken dening
LISA SATRIANI
NPM 06430315
Sampun dipunsarujuki dening Pembimbing kangge nindakaken pandadaran
skripsi ing ngajeng Dewan Pandadar ing Surya 16 Agustus 2010
Pembimbing I, Pembimbing II,
Sutadi, S. Pd., M.Pd. Drs. Suyitno Yoga PamungkasNIP 196705041990031012 NIP -
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iii
SKRIPSI
AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN ING DESA
MANGUNJIWAN KECAMATAN DEMAK
KABUPATEN DEMAK
Ingkang kasusun lan dipunajengaken deningLISA SATRIANINPM 06430315
Sampun dipuntodhi ing ngarsanipun Dewan Pandadaring surya Agustus 2010
lan dipuntelakaken sampun murakabiDewan Pandadar
Pangarsa, Panyitra,
Dra. Sri Suciati, M. Hum Dra. HR. Utami, M. HumNIP 196503161990032002 NPP 906301071
1. Pandadar I,
Sutadi, S. Pd., M.Pd. (………………………..)NIP 196705041990031012
2. Pandadar II,
Drs. Suyitno Yoga Pamungkas (………………………..)NIP -
3. Pandadar III,
M. Soedianto, SH., M.Si. (…………………….….)NIP
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti.
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri
handayani (Ki Hajar Dewantara).
Atur Pisungsung.
1. Bapak lan ibu ingkang kula tresnani
ingkang sampun paring donga
pangestu.
2. Mas Tulus ingkang dados semangat
kula, maturnuwun awit sedayanipun.
3. Mbakyu lan adhi kula ingkang
sampun mbiyantu.
4. Kanca-kanca sedaya ingkang sampun
sami mbiyantu.
v
ATUR CECALA
Puji syukur tansah kaaturaken dhateng Allah SWT ingkang sampun
paring rahmat sarta hidayah-Ipun, saengga panyerat saged maripurnani skripsi
punika kanthi sesirah “Ajining Filosofis Upacara Panggih Panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”, kangge pikantuk gelar
Sarjana Pendidikan ing Fakultas Bahasa dan Seni, Program Studi Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.
Panyerat nglenggana bilih skripsi punika boten saged purna tanpa
pitedah lan bimbingan sarta pambiyantunipun saking pinten-pinten pihak. Pramila
panyerat ngaturaken matur nuwun kangge:
1. Bapak Muhdi, SH., M.Hum., minangka rektor IKIP PGRI Semarang.
2. Ibu Dra. Sri Suciati, M.Hum., minangka dekan Fakultas Pendidikan Bahasa
dan Seni IKIP PGRI Semarang.
3. Ibu Dra. HR. Utami, M.Hum., minangka Ka. Progdi Pendidikan Bahasa dan
Sastra Jawa.
4. Bapak Sutadi, S.Pd., M.Pd., minangka dosen pembimbing I ingkang sampun
mbimbing kanthi sabar, taliti, lan paring motivasi anggenipun nyerat skripsi.
5. Bapak Drs. Suyitno Yoga Pamungkas, minangka dosen pembimbing II
ingkang sampun suka pandom lan paring pitedah anggenipun nyerat skripsi.
6. Bapa lan ibu dosen PBSJ ingkang sampun ndhidhik panyerat sadangunipun
sinau ing IKIP PGRI Semarang.
7. Bapa lan ibu ingkang sampun suka donga pangestu.
vi
8. Kanca-kanca jurusan PBSJ angkatan II, taun 2006 IKIP PGRI Semarang.
9. Sedaya pihak ingkang sampun mbiyantu.
Pungkasaning kanthi paripurnaning skripsi punika, panyerat nggadhahi
pangajeng-ngajeng mugi-mugi skripsi punika saged migunani kangge pamaos.
Semarang, Agustus 2010
Panaliti
vii
SARIPATHI
LISA SATRIANI, NPM 06430315. “Ajining Filosofis Upacara Panggih Ing DesaMangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”. Skripsi ProgramStudi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasadan Seni. IKIP PGRI Semarang 2010. Pembimbing I: Sutadi, S.Pd, M. Pdlan Pembimbing II: Drs. Suyitno Yoga Pamungkas.
Tembung wos: Ajining filosofis, upacara panggih panganten.Panaliten kanthi irah-irahan “Ajining Filosofis Upacara Panggih Ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”, panaliten punikakagungan pawadaning prekawis inggih punika amargi bebrayan ing DesaMangunjiwan kathah ingkang boten tepang lan boten nggatosaken upacarapanggih, punapa malih mangertosi ajining filosofisipun. Prekawis ingkangdipunbahas inggih punika kados pundi ajining filosofis lan ngrembakanipunupacara panggih ing Desa Mangunjiwan, sarta kados pundi anggenipun nguri-uriupacara punika. Panaliten punika kagungan ancas, njlentrehaken ajining filosofisingkang kawrat ing salebeting upacara panggih panganten ing Desa Mangunjiwan.
Filosofis inggih punika teori ingkang adhedhasar alam pikiranipun.Upacara panggih inggih punika upacara nalika panganten kakung kepanggihkaliyan panganten putri. Upacara adat inggih punika upacara ingkang wontengegayautanipun kaliyan adat istiadat ing salah satunggaling tlatah.
Panaliten punika ngginakaken pendekatan subjektif. Panaliten punikangginakaken metodhe deskriptip kualitatip. Panaliten punika fokusipun namungwonten ing ajining filosofis ingkang kawrat ing salebeting upacara panggihpanganten ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak. Dhatapunika dipunkempalaken kanthi reduksi dhata, deskripsi dhata, lan inferensi.Sumber dhata panaliten punika saking juru paes, sesepuh ing Desa Mangunjiwan,lan buku.
Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipuntindakaken pikantuk asil,saben acara ingkang dipuntindakaken punika minangka simbolis kegiatan ingkangkagungan teges ing pagesangan. Sedaya tatacara acara ingkang dipuntindakakenpanganten punika ngandhut makna filosofis utawi piwulangan pagesangan kanggepanganten kekalih. uapacar panggih punika jarang dipunginakaken deningbebrayan ing Desa Mangunjiwan. Upaya kangge nguri-uri upacara panggihpanganten inggih punika kanthi cara maringi imbauan dhumateng bebrayan ingtlatah kasebat kangge ngawontenakaen upacara panganten kanthi ngawontenakenupaacara panggih.
viii
ABSTRAK
LISA SATRIANI, NPM 06430315. “Ajining Filosofis Upacara Panggih Ing DesaMangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”. Skripsi ProgramStudi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasadan Seni. IKIP PGRI Semarang 2010. Pembimbing I: Sutadi, S.Pd, M. Pddan Pembimbing II: Drs. Suyitno Yoga Pamungkas.
Kata kunci: Ajining filosofis, upacara panggih panganten.Penelitian dengan judul “Ajining Filosofis Upacara Panggih Ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”, yang menjadi alasandalam memilih judul yaitu karena masyarakat di Desa Mangunjiwan banyak yangtidak memperhatikan dan mengenali upacara panggih, apalagi mengetahuimaknanya. Masalah yang dibahas dalam penelitian ini yaitu bagaimana nilaifilosofis upacara panggih, dan bagaimana perkembangannya serta bagaimanacara melestarikan upacara panggih tersebut. Penelitian ini mempunyai tujuanmendeskripsikan nila-nilai filosofis upacara panggih di Desa Mangunjiwan,Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
Filosofis adalah teori yang berdasarkan alam pikiran. Upacara panggihadalah upacara bertemunya pengantin laki-laki dan pengantin perempuan.upacaraadat adalah upacara yang berhubungan dengan adat disalah satu daerah.
Penelitian ini menggunakan pendekatan subjektif. Metode penelitian yangdigunakan adalah metode deskriptif kualitatif. Fokus dalam penelitian ini adalahnilai-nilai yang terkandung dalam upacara panggih. Pengumpulan data dilakukanmelalui wawancara, observasi, dokumentasi, dan analisis data yang digunakanadalah dengan reduksi data, deskripsi data, dan inferensi. Sumber data dalampenelitian ini yaitu juru paes, sesepuh di Desa Mangunjiwan, dan buku.
Berdasarkan penelitian yang telah dilakukan diperoleh hasil, setiap acarayang dilakukan merupakan simbolis kegiatan yang mempunyai makna dalamkehidupan. Semua prosesi acara yang dilakukan pengantin tesebut mempunyaimakna filosofis atau pelajaran hidup bagi kedua mempelai. Prosesi adat panggihsecara umum jarang yang digunakan oleh masyarakat di Desa Mangunjiwan.Upaya untuk melestarikan upacara panggih pengantin yaitu dengan cara memberihimbauan kepada masyarakat yang ada di wilayah tersebut untuk mengadakanupacara pengantin dengan mengadakan upacara panggih didalamnya.
ix
PRATELAN ISI
IRAH-IRAHAN ....................................................................................................... i
PENGESAHAN ...................................................................................................... ii
PASARUJUKAN................................................................................................... iii
SESANTI LAN PISUNGSUNG............................................................................ iv
ATUR CECALA......................................................................................................v
SARIPATHI.......................................................................................................... vii
ABSTRAK.. ......................................................................................................... viii
PRATELAN ISI ..................................................................................................... ix
BAB I PURWAKA
A. Pawadaning Prekawis.............................................................................1
B. Momotaning Prekawis ...........................................................................7
C. Ancasing Panaliten.................................................................................8
D. Mupangating Panaliten...........................................................................8
E. Panandhesing Tembung .........................................................................9
F. Tata Rakiting Panyeratan .....................................................................10
BAB II NGUNGAK KAPUSTAKAN LAN LANDHESING TEORETIS
A. Ngungak Kapustakan ...........................................................................12
B. Landhesaning Teori..............................................................................15
1. Pangertosan Ajining Filosofis ..................................................15
2. Pangertosan Kabudayan ...........................................................16
3. Pangertosan Upacara Adat Panganten .....................................17
x
4. Pangertosan Upacara Panggih..................................................18
5. Pangertosan Tatacara Panggih .................................................21
BAB III METODHOLOGI PANALITEN
A. Fokus Panaliten ....................................................................................30
B. Pendekatan Panaliten ...........................................................................30
C. Sumber Dhata.......................................................................................31
D. Papan Panaliten ....................................................................................32
E. Metodhe Ngempalaken Dhata..............................................................33
F. Teknik Analisis Dhata...........................................................................35
G. Teknik Mbabar Asil Analisis Dhata......................................................36
BAB IV PIREMBAGAN LAN ANALISIS
A. Deskripsi Dhata....................................................................................38
B. Pirembagan lan Analisis ......................................................................40
BAB V PANUTUP
A. Dudutan ................................................................................................61
B. Pamrayogi ............................................................................................62
KAPUSTAKAN
SIMPINGAN
1
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Prekawis
Bangsa Indonesia punika minangka bangsa ingkang kagungan budaya
lan adat istiadat ingkang adhiluhung lan inggil sanget ajinipun. Budaya lan
adat istiadat ingkang adhiluhung lan inggil ajinipun punika saged kita tingali
saking sejarah bangsa Indonesia menawi bangsa Indonesia punika kagungan
budaya lan pakulinan paring pakurmatan dening para leluhur. Budaya lan
pakulinan punika sampun ngrasuk wonten ing pagesanganipun bebrayan.
Budaya lan pakulinan punika ndadosaken tindak tanduk lan pakulinan
pagesangan bangsa Indonesia sedinten-dintenipun wonten gegayutanipun
kaliyan pakulinan budaya lan adat para leluhur kala rumiyin. Piyambakipun
sami ngurmati sanget para leluhur kala rumiyin, ngantos budaya para leluhur
sapunika taksih kathah ingkang sami dipunginakaken. Prekawis kados
mekaten dipuntindakaken amargi piyambakipun ngudi sanget kangge
ngupakara lan njagi budaya bangsanipun supados boten ical.
Kathah kabudayan lan adat istiadat bangsa Indonesia ingkang dumugi
sapunika taksih dipuntindakaken lan dipunuri-uri. Mliginipun wonten ing
tlatah Jawi, kabudayan lan adat istiadat ingkang taksih asring dipunginakaken
dhateng bebrayan Jawi punika kados upacara adat. Upacara adat ing Jawi
2
punika jinisipun wonten kathah, antawisipun upacara panggih, sedhekah laut,
upacara nyadran, sedhekah bumi, mitoni, wilujengan, lan sapiturutipun.
Ing jaman sapunika wates informasi antawisipun negara kita kaliyan
negara sanes punika sampun radi ical, pramila ndadosaken budaya saking
manca negari gampil mlebet ing negara kita. Budaya manca punika
sejatosipun mboten jumbuh kaliyan budaya kita. Pramila kita kedah saged
mbedakaken pundi ingkang jumbuh lan pundi ingkang boten jumbuh kaliyan
budaya bangsa kita (Yosodipuro 1996: 7).
Salah satunggaling tuladha saking prekawis ing inggil inggih punika
upacara adat. Upacara adat ingkang sampun wiwit kala rumiyin kasebat asring
dipunwewahi utawi tatacaranipun punika dipunrembakakeken miturut jaman.
Prekawis kados mekaten punika dipunsebabaken amargi pola pikir saking
bebrayan ingkang wawasanipun sampun wiyar lan dipunjumbuhaken kaliyan
tuntutan jaman ingkang sampun ngrembaka. Sebab sanesipun inggih punika
wontenipun status lan ekonomi ingkang beda-beda, wewengkon lan
sesambetan kaliyan kulawargi, antawisipun pepanthan ing bebrayan ingkang
sanes.
Sejatosipun upacara adat punika kagungan makna pangajeng-ajeng
ingkang sesambetan kaliyan ingkang ngripta. Ajining filosofis kasebat
ingkang dipunwujudaken wonten ing pinten-pinten upacara, maringi
gambaran menawi ingkang ngripta ing donya lan wewengkon sosial punika
caket sanget. Gambaran punika kagungan teges ucapan syukur, nyuwun
kawilujengan, lan mbentuk jati dhirinipun manungsa, bangsa lan negari.
3
Upacara adat saged dipuntindakaken dening setunggal tiyang,
kulawargi utawi pepanthan ing bebrayan kanthi sareng-sareng. Prekawis
punika gumantung kaliyan kapreluanipun piyambak. Upacara adat ingkang
dipuntindakaken ing satunggaling kulawargi tuladhanipun inggih punika
upacara panganten, mitoni bayi ingkang kaandhut, sepasaran bayi lair, tedhak
siti, sunatan, ruwatan, lan sapiturutipun. Menawi upacara adat ingkang
dipuntindakaken dening pepanthan ing bebrayan, tuladhanipun inggih punika
sedhekah ingkang dipuntindakaken para tani ingkang dados ungkapan syukur
amargi sampun dipunparingi kanugrahan ing mangsa panen kala wingi sarta
nyuwun kawilujengan ingkang badhe dhateng samangke. Prekawis punika
sami kaliyan sedekah laut ingkang dipuntindakaken para nelayan. Sedekah
laut punika ugi saged dipunwastanai wilujengan.
Salah satunggaling upacara adat ingkang sampun dipunjlentrehaken
wonten ing inggil inggih punika upacara adat panganten. Upacara adat
panganten punika minangka salah satunggaling upacara ingkang
dipuntindakaken ing satunggaling kulawargi. Upacara adat panganten
minangka salah satunggaling kedadosan ingkang wigatos wonten ing
pagesanganipun manungsa. Kedadosan punika dipunwernani rerangkenan
upacara ingkang ngandhut ajining budaya ingkang luhur ingkang
dipunwarisaken saking para leluhur lan sapunika dados kagunganipun sedaya
bangsa Indonesia. Saben tlatah, kagungan tatanan, busana, lan upacara
ingkang beda kaliyan tlatah sanes. Sedaya kala wau kagungan keagungan,
keunikan, lan kaendahan piyambak-piyambak (Yosodipuro 1996: 15).
4
Upacara panganten punika kagungan pinten-pinten ancas, ingkang
sepisan inggih punika nyuwun donga lan pangestu dening para sesepuhipun,
ingkang kaping kalih inggih punika manggihaken panganten kekalih sacara
formal lan resmi, kaping tiga, maringi ngertos dhumateng bebrayan sanes bilih
panganten kekalih sampun kagungan ikatan, lan ancas ingkang purna inggih
punika kita sacara langsung ugi nguri-uri budaya ingkang adiluhung
(Pringgawidagda 2003: 2).
Mliginipun wonten ing tlatah Jawi, bebrayan Jawi punika bebrayan
ingkang sikap gesangipun adhedhasar adat istiadat tata cara Jawi, adat tata
caraning gesang ingkang kawarisaken dening leluhuripun kanthi pinten-pinten
abad dangunipun (Dojosantosa 1985: 5).
Menawi kita jlentrehaken ngengingi upacara adat ing tlatah Jawi
Tengah piyambak, upacara adat antawisipun tlatah setunggal kaliyan tlatah
ingkang sanes punika boten sami, tuladhanipun inggih punika upacara
panganten. Ing salebeting upacara panganten punika wonten tataranipun
piyambak. Dados gambaran kemawon, bilih urutaning upacara panganten
punika dipunwiwiti saking Lamaran, Pasrah Tukon, Midodareni, Akad Nikah,
Panggih, lan Sepasaran panganten. Ing ngriki ingkang dados salah
satunggaling tataran puncak saking upacara panganten inggih punika tataran
saking upacara panggih.
Upacara panganten ing Jawi Tengah punika limrahipun wonten 2 cara
ingkang dipunanut saben tlatah inggih punika cara Surakarta lan cara
Ngayogyakarta. Ingkang mbedakaken antawisipun cara Surakarta lan
5
Ngayogyakarta punika biyasanipun saking urutaning upacara panganten,
tembung-tembung saking tataran upacara panganten, sarta model rasukan
ingkang dipunginakaken. Ing ngriki model rasukanipun ingkang bedanipun
cetha sanget. Model rasukan saking cara Surakarta punika ngginakaken model
basahan, menawi model Ngayogyakarta ngginakaken model beskap werni
cemeng.
Ing tlatah Demak mliginipun ing Desa Mangunjiwan punika kathah
ingkang nganut upacara panganten saking Ngayogyakarta, ingkang dipunanut
limrahipun namung model rasukanipun inggih punika beskap werni cemeng,
ananging saking model rasukanipun piyambak punika biyasanipun sampun
kathah ingkang dipunwewahi lan dipunrembakakaken. Prekawis mekaten
dipunsebabaken amargi wontenipun jaman ingkang sampun ngrembaka.
Menawi saking tataran upacara panganten, mliginipun upacara panggih
punika radi beda saking cara Ngayogyakarta. Prekawis-prekawis ingkang
mbedakaken punika ugi daya pangaribawa saking ngrembakanipun pola pikir
manungsa ingkang kepingin maringi variasi-variasi ingkang luwih modern lan
ndadosaken setunggal antawisipun adat kala rumiyin kaliyan adat jaman
sapunika.
Bebrayan ing Desa Mangunjiwan punika minangka bebrayan ingkang
awam ingkang namung nganut kebiasaanipun manungsa sapunika. Prekawis
upacara panganten, bebrayan ing Desa Mangunjiwan sapunika namung
kepingin sedaya ingkang dipuntindakaken punika praktis. Mliginipun upacara
panggih, bebrayan ing Desa Mangunjiwan boten nggatosaken sanget upacara
6
adat punika. Sejatosipun upacara adat punika kagungan teges ingkang wigatos
lan kagungan daya tarik, mliginipun kangge panganten kekalih.
Upacara panggih punika ingkang ketingal sanget sampun ical utawi
boten nate dipunginakaken malih dening bebrayan ing Desa Mangunjiwan.
Upacara panganten ing Desa Mangunjiwan punika sampun pikantuk daya
pangaribawa utawi kecampur adat saking manca. Tiyang-tiyang ing Desa
Mangunjiwan punika namung nggatosaken upacara panganten punika saking
Lamaran, Pasrah Tukon, Akad Nikah, lan dipunlajengaken acara resepsinan
kemawon. Kedahipun miturut adat Jawi, upacara panganten punika urutanipun
boten mekaten. Kedahipun sabibaripun akad nikah punika dipunlajengaken
acara upacara panggih. Sejatosipun tataran saking upacara panggih punika
wigatos sanget lan prelu dipunawontenaken, amargi upacara pnggih punika
minangka puncakipun upacara panganten ingkang kagungan teges ingkang
wigatos sanget.
Prekawis punika dipunsebabaken amargi upacara panggih punika
sampun kesilep kaliyan tradhisi saking manca. Dados sabibaripun akad nikah
punika mboten dipunlajengaken upacara panggih, ananging dipunlajengaken
acara resepsinan. Miturut pamanggihipun tiyang saking Desa Mangunjiwan,
upacara panggih punika upacara ingkang njlimet. Kathah tiyang ingkang
mboten mangertosi saben tataran wonten ing upacara panggih, lajeng saking
pamanggih sanes, upacara panggih punika minangka upacara jangkepan
(formalitas) kemawon lan tiyang-tiyang ugi mboten mangertosi teges saking
upacara panggih punika. Sanadyan jaman sapunika langkung moderen lan
7
praktis, kedahipun upacara panggih dipun rembakakaken lan dipuntepangaken
malih dhateng tiyang-tiyang ing Desa Mangunjiwan punika amargi upacara
punika salah satunggaling warisan para leluhur kita ingkang kedah dipunuri-
uri.
Adhedhasar pawadan kasebat, pramila panyerat damel skripsi punika
kanthi irah-irahan ”Ajining Filosofis Upacara Panggih Panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”.
B. Momotaning Prekawis
Adhedhasar pawadaning prekawis wonten ing inggil, prekawis ingkang badhe
dipunjlentrehaken ing skripsi kados ing ngandhap punika.
1. Kados pundi ngrembakanipun upacara panggih panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak sapunika?
2. Kados pundi ajining filosofis upacara panggih panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak kanthi ndherek
nguri-uri budaya Jawi?
3. Kados pundi upaya kangge nguri-uri upacara panggih panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak punika supados
boten ical?
8
C. Ancasing Panaliten
Ancasipun dipunawontenaken panaliten ngenani ajining filosofis upacara
panggih panganten ing Desa Mangunjiwan Kecamatan Demak Kabupaten
Demak kasebat ing ngandhap punika.
1. Ngandharaken ngrembakanipun upacara panggih ing Desa Mangunjiwan,
Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
2. Ngandharaken ajining filosofis ingkang wonten ing upacara panggih ing
Desa Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
3. Ngandharaken upaya kangge nguri-uri upacara panggih ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
D. Mupangating Panaliten
1. Teoretis
Kasil saking panaliten punika saged ndadosaken panaliten ing
bidhang kabudayan ingkang kathah sanget lan kagungan mupangat kangge
ngrembakakaken panaliten salajengipun.
2. Praktis
a) Kangge mangertosi menawi wonten ing upacara panggih punika wonten
ajining filosofis ingkang kedah dipunmangertosi lan migunani kangge
pagesanganing bebrayan.
b) Saged dipunginakaken kangge bahan acuan nyerat karya ilmiah
ngengingi upacara panggih ingkang dipuntindakaken dening panyerat
sanes.
9
E. Panandhesing Tembung
Panyerat badhe njlentrehaken tembung ingkang dipunginakaken
wonten ing irah-irahan skripsi punika supados boten wonten kalepatan pamaos
nalika paring teges irah-irahan punika. Skripsi punika irah-irahanipun inggih
punika ”Ajining Filosofis Upacara Panggih Panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak”. Wonten ing babagan
punika panyerat njlentrehaken istilah-istilah kasebat.
1. Ajining inggih punika watak utawi prekawis ingkang wigatos sanget lan
migunani kangge manungsa (Depdikbud 1991: 620).
2. Filosofi punika dhasaripun saking filsafat. Filsafat inggih punika
pangertosan utawi madosi pangertosan kanthi akal budi ngengingi sebab,
asal, lan hukumipun, utawi teori ingkang adhedhasar alam pikiran, utawi
ilmu ingkang adhedhasar logika (Depdikbud 1991: 276).
3. Upacara inggih punika rerangkening lelampahan ingkang wonten
gegayutanipun kaliyan aturan-aturan tartamtu miturut agami utawi adat
(Depdikbud 1991: 1108).
4. Panggih inggih punika upacara nalika panganten kakung kepanggih kaliyan
panganten putri (Purwadi 2005: 176).
5. Desa Mangunjiwan inggih punika satunggaling Desa ingkang wonten ing
Kecamatan Demak lan minangka satunggaling Desa ing Kabupaten
Demak ingkang dados panggenan kangge panaliten.
10
F. Tata Rakiting Panyeratan
Kangge nggampilaken maos lan nyurasani skripsi, mila tatarakiting
panyeratan kaperang dados gangsal bab. Gangsal bab punika antawisipun: Bab
I Purwaka, wosipun inggih punika Pawadaning Prekawis, Momotaning
Prekawis, Ancasing Panaliten, Mupangating Panaliten, Panandhesing
Tembung, lan Tata Rakiting Panyeratan. Wonten ing mupangating panaliten
kaperang dados kalih inggih punika: 1) Mupangat Teoretis, 2) Mupangat
Praktis.
Bab II inggih punika Ngungak Kapustakan lan Landhesaning Teoritis.
Landhesaning Teoritis wosipun ngengingi Ajining Filosofis, Kabudayan,
Upacara Adat Panganten, Upacara Panggih, lan Prosesi Panggih.
Wonten ing Bab III inggih punika Metodhe Panaliten. Wonten ing
metodhe panaliten, wosipun: Fokus Panaliten, Pendekatan Panaliten, Sumber
Dhata, Papan Panaliten, Metodhe Ngempalaken Dhata, Teknik Analisis Dhata,
lan Teknik Mbabar Kasil Analisis. Wonten ing metodhe ngempalaken dhata
ugi kaperang dados sekawan inggih punika: 1) Metodhe Studi Pustaka, 2)
Metodhe Wawancara, 3) Metodhe Observasi, 4) Metodhe Dokumentasi.
Wonten ing teknik analisis dhata punika kaperang dados tiga inggih punika: 1)
Reduksi Dhata, 2) Deskripsi Dhata, 3) Inferensi.
Bab IV punika arupi Bahasan lan Analisis. Wonten ing bahasan lan
analisis punika wosipun inggih menika a) Deskripsi Dhata, b) Bahasan lan
Analisis. Deskripsi Dhata punika wosipun inggih punika 1) Ngandharaken
Kabupaten Demak Kanthi Umum, 2) Ngandharaken Desa Mangunjiwan
11
Kanthi Umum. Bahasan lan analisis wosipun inggih punika 1) Ajining
Filosofis ingkang kaandhut salebeting Upacara Panggih ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak, 2) Ngrembakanipun
Upacara Panggih ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten
Demak, 3) Upaya Nguri-uri Upacara Panggih ing Desa Mangunjiwan
Kecamatan Demak Kabupaten Demak. Salajengipun ingkang pungkasan
punika Bab V inggih punika Panutup. Wonten ing bab panutup, panaliti
maringi Dudutan lan Saran. Ugi kajangkepi Kapustakan lan Simpingan.
12
BAB II
NGUNGAK KAPUSTAKAN LAN LANDHESANING TEORETIS
A. Ngungak Kapustakan
Wonten panaliten punika prelu dipunjlentrehaken pinten-pinten kasil
panaliten ingkang dipundadosaken bahan tetimbangan saengga saged
dipunginakaken acuan panyerat. Panaliten kasebat dipunjlentrehaken panyerat
kados ing ngandhap punika.
Panaliten ingkang dipuntidakaken Dyah Puspitorini (2001) wonten
skripsinipun ”Nama-Nama Pamor Keris Daerah Yogyakarta dan Cirebon,
Sebuah Tinjauan Semantik –Semiotik”. Wonten panaliten menika Dyah
Puspitorini njlentrehaken ngengingi tegesipun utawi maknanipun sarta
komponen ingkang kaandhut salebeting pamor keris ing tlatah Yogyakarta lan
Cirebon kanthi tinjauan semantik lan semiotik. Analisis semantik tegesipun
nyinaoni makna utawi teges saking pamor keris kanthi basa, bilih semiotik
inggih menika analisis ngengingi lambang-lambang lan tandha-tandha saking
pamor keris.
Puspitorini maringi dudutan bilih analisis semantik nama-nama pamor
keris kagungan makna kanthi gramatikal lan leksikal. Saben pamor ugi
kagungan komponen makna beda-beda ingkang jumbuh kaliyan karakteristik
nama-nama pamor kasebat. Saking komponen nama-nama ingkang beda-beda
13
kasebat saged dipuntingali bedanipun antawisipun pamor keris setunggal
kaliyan pamor keris ingkang sanes. Pramila prekawis kados mekaten
nyebabaken tiyang ingkang remen keris pamor saged milih pamor ingkang
dipunanggep jumbuh kaliyan pribadhi lan kahananipun. Bilih saking analisis
semiotik, saged dipunpundhut dudutanipun bilih pamor-pamor keris punika
asilipun empu ingkang damel keris ingkang asilipun minangka saking
gabungan penempaan, donga, lan lakunipun sang empu, mila saged dumados
bentuk-bentuk pamor lan ingkang kagungan makna kontekstual utawi makna
ingkang kabentuk punika jumbuh kaliyan konversi bebrayan kados budaya,
kahanan sosial-polotik, lan agami saking bebrayanipun kangge nyengkuyung
kabudayan keris.
Panaliten ingkang sanes inggih punika panalitenipun Siti Zubaidah
(1997) wonten skripsinipun ”Nama-Nama Upacara Ritual Masyarakat Jawa,
Sebuah Analisis Morfo-Semantis dan Semiotis”. Siti Zubaidah njlentrehaken
ngengingi tinjauan semantik pinten-pinten namining upacara ritual tiyang Jawi
lan makna tandha-tandha utawi lambang ingkang wonten ing salebeting
upacara ritual punika. Upacara-upacara ingkang dipuntaliti inggih punika
upacara kehamilan, kelahiran, kematian, lan upacara ingkang mligi kados
wetonan lan sunatan.
Dudutan saking skripsinipun Zubaidah inggih punika analisis morfo-
semantis ing salebeting upacara panganten punika njlentrehaken ngengingi
asalipun tembung sarta makna urutan saking upacara panganten antawisipun:
14
Nontoni inggih punika ningali calon panganten putri ingkang badhe
dipunlamar, nglamar (nakokake) inggih punika nakokake nalika pihak saking
calon panganten kakung dhateng nglamar calon pangnten putri, srah-srahan
inggih punika maringaken tukon saking pihak calon panganten kakung
dhumateng pihak calon panganten putri, siraman inggih punika nyirami calon
panganten, midodareni inggih punika upacara ingkang dipunlampahi nalika
ndalu saderengipun nglampahi upacara temu mbenjing enjing, ijab kabul
inggih punika ngucapaken janji, temu inggih punika upacara manggihaken
panganten sabibaripun ijab kabul, sepasaran inggih punika upacara ingkang
dipunlampahi dinten kaping gangsal sasampunipun upacara panganten,
selapanan inggih punika upacara ingkang dipunlampahi dinten kaping 35
sasampunipun upacara panganten, tilik besan inggih punika sami-sami tilik
antawisipun kulawargi panganten kakung lan pangnten putri.
Analisis semiotis inggih punika ing upacara temu utawi panggih
ingkang wosipun: ngidak tigan ingkang kagungan makna bilih mangsa
prawanipun panganten putri punika sampun purna, panganten putri mijiki
samparanipun panganten kakung ngangge toya sekar setaman ingkang
kagungan teges bilih panganten putri kedah bekti dhumateng panganten
kakung, singkep sindur inggih punika panganten kekalih tumuju papan
palenggahan lan pundhakipun disingebi utawi dipuntutupi slendhang kaliyan
ibunipun panganten putri, kacar-kucur werdinipun panganten kakung kedah
maringaken sedaya pangasilanipun dhumateng temanten putri, dhahar kembul
utawi dulang-dulangan werdinipun inggih punika bilih panganten kekalih
15
samangke angsal rejeki kedah dipunginakaken sareng-sareng saengga
mupangatipun saged dipunraosaken sareng-sareng ugi, sungkeman werdinipun
panganten kekalih ngabekti dhumateng tiyang sepuhipun.
Panaliten-panaliten ing inggil kasebat sejatosipun sami, ananging
namung objek semiotikipun kemawon ingkang beda. Objek ingkang
dipunginakaken ing panalitenipun Dyah Puspitorini inggih punika nama-nama
pamor keris di daerah Yogyakarta dan Cirebon, bilih panalitenipun Siti
Zubaidah ngginakaken objek nama-nama upacara ritual masyarakat Jawi.
Adhedhasar panaliten kasebat, panyerat kagungan kepinginan kangge
naliti namining ritual upacara panggih panganten. Wonten ing panaliten
punika, panyerat boten badhe nganalisis saking segi morfo-semantik lan
semiotik, ananging panyerat badhe nganalisis saking segi filosofisipun.
Panaliten punika dipuntindakaken wonten ing salah satunggaling desa ing
Kabupaten Demak inggih punika Desa Mangunjiwan.
B. Landhesaning Teori
1. Ajining Filosofis
Filosofis punika saking tembung filsafat utawi filosofis adhedhasar
filsafat ingkang tegesipun pangertosan utawi pados pangertosan kanthi
akal budi mangertosi hakikat sedaya ingkang wonten, sebab, asal, lan
hukumipun, utawi teori adhedhasar alam pikiranipun, utawi ilmu ingkang
adhedhasar logika. Ajining filsafat tegesipun pangertosan saking alam
16
pamikiranipun manungsa ingkang dhasaripun saking logika utawi saking
kasunyatan (Depdikbud 1991: 690).
Filsafat punika ugi minangka renungan kaliyan rasio utawi cipta-
akal, pikir-nalar lan ateges pangertosan pinten-pinten bidhang ingkang
saged maringi pitedah ingkang badhe dipunlampahi sedinten-dintenipun
(Purwadi 2005: 2-3).
2. Kabudayan
Kabudayan inggih punika warisan sosial ingkang namung
dipungadhahi kaliyan warga bebrayan ingkang nyengkuyung kanthi
nyinauni kabudayan punika. Wonten cara-cara tartamtu ing saben
bebrayan supados saben warganipun purun anggenipun nyinauni
kabudayan ingkang wonten ing salebetipun kabudayan punika kawrat
norma-norma sarta ajining pagesangan ingkang gumathok ing
pagesanganing bebrayan ingkang sami wonten gegayutanipun (Purwadi
2005: 1).
Miturut Clifford Geertz kabudayan minangka pangertosan
manungsa ingkang dipunyakini kaleresanipun kaliyan tiyang ingkang
wonten gegayutanipun lan ingkang dipuntutup lan nutupi raos lan emosi
manungsa sarta dados sumber kangge sistem pambiji punapa ingkang sae
lan ingkang awon, punapa ingkang wonten reginipun lan ingkang boten.
Punapa ingkang resik utawi ingkang reged lan sapiturutipun (Sutardjo
2008: 11-12).
17
Wonten ing buku karanganipun Koentjaraningrat (1985: 19),
kabudayan inggih punika samubarang prekawis ingkang kagungan
sesambetan kaliyan akal lan budi minangka wohing saking usahanipun
manungsa.
Kabudayan punika kagungan kathah sanget ciri lan jinisipun.
Pramila bangsa Indonesia punika kagungan semboyan Bhineka Tunggal
Ika. Prekawis kados mekaten ndadosaken kabudayan wonten ing pinten-
pinten tlatah ing wilayah negari kedah tetep dipunuri-uri.
3. Upacara Adat Panganten
Upacara inggih punika tandha ingkang agung, piranti (miturut adat
istiadat), rerangkening lelampahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan
aturan-aturan tartamtu miturut adat utawi agami (Depdikbud 1991: 108).
Upacara adat inggih punika upacara ingkang wonten gegayutanipun
kaliyan adat ing satunggaling tlatah.
Panganten punika saking tembung anti ingkang pikantuk imbuan
pa – an lajeng dados tembung panganten ingkang tegesipun penantian.
Panganten saking segi basa tegesipun sami kaliyan pangeran ingkang
nganti-anti dados raja (Mulyono 2002: 7).
Upacara panganten, kanggenipun manungsa ingkang kagungan
budaya punika, boten namung nalusuri naluri para leluhuripun ingkang
sacara turun-temurun kangge mbentuk satunggaling kulawargi wonten ing
satunggaling ikatan ingkang resmi antawisipun tiyang kakung kaliyan
putri. Ananging ugi kagungan teges ingkang wiyar kangge
18
kepentinganipun manungsa piyambak lan wewengkonipun (Any 1986:
11).
Upacara panganten punika ugi minangka tataraning manungsa
kangge nggladhi pagesanganipun ingkang kawiwitan saking mangsa
remaja dugi mangsa ingkang sampun kagungan kulawargi. Prekawis
kasebat wigatos sanget wonten ing proses pengintegrasian manungsa ing
donya. Saengga upacara panganten punika ugi kasebat tataraning
pagesangan enggal kangge manungsa (Endah 2006: 139).
Wonten ing pasal 1 Undang-Undang Perkawinan Republik
Indonesia nyebataken menawi mantenan inggih punika ikatan lair batos
antawisipun tiyang kakung kaliyan putri ingkang kagungan ancas ndhapuk
satunggaling kulawargi ingkang bingah lan langgeng.
Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia, mantenan inggih
punika prekawis (urusan lan sapiturutipun) kawin: pernikahan. Mantenan
inggih punika janji antawisipun tiyang kakung kaliyan putri kangge
ndhapuk setunggal kulawargi (kanthi resmi).
4. Upacara Panggih
Wonten ing Baoesastra Jawi (1993: 469), panggih tegesipun temu.
Panggih inggih punika upacara nalika panganten kakung kepanggih
kaliyan panganten putri. Tatacara panggih ugi kasebat upacara dhaup
utawi temu. Acara punika dipunayahi sasampunipun ijab. Tatacara
panggih minangka puncak saking tradisi upacara panganten Jawi ingkang
kathah sanget pakurmatanipun.
19
Upacara temu utawi panggih inggih punika upacara nalika
panganten kakung kepanggih kaliyan panganten putri. Upacara punika
dipunawontenaken ing papanipun kulawargi panganten. Wonten ing
rerangkening upacara adat panganten punika minangka upacara ingkang
kagungan peran ingkang wigatos sanget miturut norma-norma adat
(Purwadi 2005: 176).
Upacara dhaup inggih punika upacara panggih ingkang sacara adat
tradisioanal panganten kakung lan panganten putri ingkang dipunayahi ing
papanipun kulawargi panganten putri (Susetya 2007: 44).
Ing salebeting upacara panggih punika ugi mbetahaken pinten-
pinten piranti ingkang kagungan makna simbolik kados upacara adat
ingkang sanes (Riefky 2008: 35).
Upacara panganten minangka upacara ingkang wigatos sanget ing
salebeting rerangkening upacara tataraning pagesanganipun manungsa,
amargi kathah ingkang dipuncawisaken lan ingkang dipunbetahaken.
Miturut wawan ngendikan kaliyan key informan wonten pinten-pinten
prekawis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan prekawis mantenan ing
tlatah Demak antawisipun inggih punika anggenipun milih jodho.
Prekawis milih jodho punika wonten pinten-pinten motivasinipun. Ing
tlatah Demak punika wonten unen-unen asal, asil, lan usul. Ing ngriki,
unen-unen asal, asil, lan usul kagungan teges piyambak-piyambak, teges
saking unen-unen punika saged dados paugeran nalika milih jodho. Asal
20
tegesipun asal-usulipun tiyang kasebat, kados pundi akhlakipun, asal
keturunanipun, lan status sosialipun.
Asil tegesipun asil utawi pengasilanipun. Punapa calon panganten
kakung sampun kagungan pengasilan (sampun nyambut damel) utawi
pengangguran. Menawi usul tegesipun pakaryan ingkang tetep. Ananging
prekawis milih jodho punika kathah ingkang dipuntemtokaken saking
pihak tiyang sepuhipun piyambak-piyambak.
Unen-unen sanes utaminipun kangge calon panganten kakung
inggih punika macak, manak, lan masak. Macak tegesipun pinter dandan,
tegesipun milih calon panganten putri punika saking pasuryanipun (ayu
punapa boten). Manak tegesipun, saged maringi keturunan. Bilih masak
punika tegesipun, pinter anggenipun masak nalika samangke sampun
kagungan kulawargi.
Sanesipun wonten malih unen-unen kangge calon panganten
kakung anggenipun calon panganten putri inggih punika mugen, rigen,
tegen. Mugen tegesipun betah wonten ing griya, boten remen medal-medal
saking griya kangge ngendikan ingkang boten prelu kaliyan tanggi. Rigen
punika tegesipun cekatan, saged ngatur arta ingkang dipunparingi
garwanipun. Menawi tegen tegesipun sabar anggenipun ngadhepi kahanan
ingkang boten sekeca lan remen nyambut damel.
Sasanesipun punika ugi wonten unen-unen bobot, bibit, lan bebet.
Bobot tegesipun pambijinipun tiyang sanes ngengingi status sosialipun
kadosta jabatan, kaya, lan sapiturutipun. Bibit tegesipun pambijinipun
21
tiyang ngengingi asal-usulipun. Menawi bebet punika pambijinipun tiyang
saking wewengkonipun.
Wonten ing buku karanganipun Poernomo lan Adi (1995: 25) ugi
dipunjlentrehaken ngengingi bab pamilihing putra mantu. Wonten ing
ngriki ugi njlentrehaken ngengingi bobot, bibit, lan bebet ingkang kasebat
tri tetimbangan paugeran. Bobot, werdinipun sedaya ingkang gegayutan
bab bandha lan pendhidhikanipun. Kedahipun calon mantu nyambut
damel, akhlakipun kedah sae. Bebet, werdinipun sedaya ingkang
gegayutan ngengingi kasarasan lan wiji utami. Kedahipun calon mantu
jiwa-raganipun saras. Menawi bebet punika werdinipun sedaya ingkang
gegayutan ngengingi watak bebudenipun calon putra mantu. Watakipun
calon mantu punika kedah sabar, bekti dhumateng tiyang sepuh lan
jatmika.
Ananging ing jaman sapunika pamilihing jodho kathah ingkang
dipuntemtokaken dening putra putrinipun piyambak. Tiyang sepuhipun
namung maringi donga pangestu kemawon.
5. Tatacara Panggih
Tatacara panggih punika kathah ingkang dipunjlentrehaken wonten
ing pinten-pinten buku, salah satunggaling wonten ing buku karanganipun
Pringgawidagda (2003: 4-13), dipunjlentrehaken ngengingi pinten-pinten
prekawis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan prekawis upacara
panggih. Tatacara upacara panggih wonten ing buku punika saged
dipunjlentrehaken kados ing ngandhap punika.
22
a. Kepyok Kembar Mayang.
Ingkang mbeta kembar mayang saking pangombyong panganten
wanita lan kakung sami ijol-ijolan kembar mayang. Ingkang mbeta
kembar mayang saking pangombyong wanita majeng, lajeng
nyenggolaken kembar mayang ing pundhak kiwa lan tengenipun
panganten kakung. Lajeng kembar mayang kala wau dipun bucal ing
mergi.
Acara punika werdinipun inggih punika kangge ngicalaken
sedaya wujud bebaya.
b. Balangan Gantal.
Panganten kekalih adhep-adhepan, lajeng panganten wanita
mbalang gantal ing jajanipun panganten kakung. Salajengipun
panganten kakung mbalangaken gantal ing palarapanipun panganten
putri.
Acara punika werdinipun inggih punika kados mekaten.
a) Gantal ingkang dipunbalangaken dening panganten putri kasebat
gondhang kasih. Gondhang kasih punika tegesipun panganten putri
inggih punika wanita ingkang kagungan tresna, lan kasih ingkang
tulus.
b) Gantal ingkang dipunbalangaken ing jajanipun panganten kakung
punika werdinipun, supados panganten kakung samangke
kagungan sipat lapang dada.
23
c) Gantal ingkang dipunbalangaken dening panganten kakung kasebat
gondhang tutur. Gondhang tutur tegesipun panganten kakung kedah
siyap mbimbing, ngajar, lan maringi pitedah.
d) Gantal ingkang dipunbalangaken ing palarapanipun panganten putri
punika werdinipun, supados panganten putri dados wanita ingkang
mateng anggenipun mikir.
c. Midak Antiga.
Panganten kakung ngidak tigan ayamingkang sampun
dipuncawisaken. Acara punika dados pratandha pecah nalar, pecah
pikir.
Acara punika werdinipun, panganten kekalih kedah sami siyaga
anggenipun ngurus kulawarginipun samangke, kanthi ngginakaken
otak lan pikiranipun.
d. Ranupada.
Panganten putri mijiki samparanipun panganten kakung ngangge
toya sekar setaman.
Acara punika werdinipun, ing pagrsangan punika boten lepat
saking alangan lan pacoban punapa kemawon. Ananging, ing ngriki
pangnten putri nedahaken pangabektenipun dhumateng pangnten
kakung. Pangnten putri kedah siyaga ngicalaken sedaya alangan lan
pacoban, saengga panganten kakung rumaos entheng lan aman.
24
e. Munggah Pasangan.
Sasampunipun nindakaken ranupada, panganten putri
dipunbiyantu jumeneng kaliyan panganten kakung. Panganten kekalih
jumeneng jejer lajeng lumangkah ing nginggilipun pasangan sapi
ingkang ngandhapipun dipuntataki ron pisang raja lan ron kluwih.
Acara punika werdinipun kados mekaten.
a) Lumangkah sareng-sareng werdinipun, panganten kekalih siyaga
ngadhepi pagesangan anggenipun emah-emah.
b) Ingkang dipunginakaken tatakanipun sapi punika ron pisang raja
lan ron kluwih. Ron pisang raja werdinipun, anggenipun
lumangkah, tindak tanduk, pocapanipun panganten kekalih kedah
kados raja lan prameswari. Menawi ron kluwih punika kagungan
teges pangajeng-ajeng pagesanganipun panganten kekalih
samangke saged luwih.
f. Sindur Binayang.
Panganten kekalih jumeneng jejer. Ibunipun panganten putri
wonten wingkingipun panganten kekalih nylimutaken kain sindur ing
pundhakipun panganten kekalih. Bapanipun panganten putri wonten
ngajengipun panganten kanthi nggujengi pucukanipun kain sindur
kala wau. Sedaya sami mlampah tumuju papan palenggahan.
Acara punika werdinipun kados mekaten.
a) Bapa ingkang mlampah ing ngajeng punika werdinipun ing ngarsa
sung tuladha inggih punika siyap nedahaken panganten kekalih
25
tumuju pagesangan ingkang enggal, siyap ngadhepi sedaya alangan
lan piyambakipun ugi maringi tuntunan dhumateng panganten
kekalih.
b) Ibu ingkang nggujengi pundhakipun panganten kekalih punika
werdinipun, tut wuri handayani. Ibu punika sampun maringi
pangestu dhumateng panganten kekalih.
c) Tembung sindur menawi wonten ing keratabasa dados isin mundur.
Tegesipun inggih punika manungsa ingkang sampun lumangkah
punika pantang surut ke belalakang. Sindur tegesipun ugi saged
sindu, saking tembung bindu lan aksara Jawi (ra). Bindu tegesipun
inggih punika toya ingkang suci kangge umat Hindu. Ra tegesipun
kanugrahan. Dados werni pethak lan abrit ingkang dados setunggal
punika tegesipun pangajeng-ajeng pikantuk kanugrahan, inggih
punika putra ingkang saged nyambung silsilah kulawargi.
g. Bobot Timbang.
Panganten kekalih lenggah ing pangkonanipun bapa panganten
putri. Panganten kakung wonten sisih ktengen lan panganten putri
wonten sisih kiwa. Ibu panganten putri nyuwun priksa dhumateng
bapa, “ Kepriye abote panganten sakloron?”. Bapanipun maringi
wangsulan, “Padha abote”. Acara punika werdinipun, ngajengaken
tresna, kasih lan sayangipun panganten kekalih sami abotipun.
26
h. Wisudha Panganten.
Bapanipun panganten putri jumeneng ing ngajenganipun
panganten kekalih. Salajengipun panganten kekalih dipunlenggahaken
ing papan palenggahan kanthi dipunandhapaken pundhakipun. Acara
punika werdinipun, panganten kekalih sampun dipunwisudha dados raja
lan prameswari sedinten.
i. Kacar-kucur.
Panganten kakung ngucuraken beras kuning, arta receh, kacang
kawak, lan dhele kawak ing pangkonanipun panganten putri. Acara
punika werdinipun, panganten kakung kagungan tanggel jawab
nyekapi kabetahanipun kulawargi. Asil saking kacar-kucur kala wau
dipuntitipaken ibunipun panganten putri.
j. Dhahar Walimahan.
Panganten kakung ngepel-ngepel sekul kuning cacahipun enem,
lajeng dipunparingi ati antep. Salajengipun panganten kekalih sami
dulang-dulangan. Acara punika werdinipun, panganten kekalih
samangke kedah sami ngrembag, diskusi, sami-sami ngemutaken lan
paring nasehat. Sasampunipun acara dhahar walimahan, panganten
kekalih ngunjuk toya wening.
k. Mapag Besan.
Tiyang sepuhipun panganten putri mapag besan. Biyasanipun
tiyang sepuhipun panganten kakung nengga ing lawang utawi tarub.
Sasampunipun kepanggih, tiyang sepuhipun panganten putri lan tiyang
27
sepuhipun panganten kakung sami salaman. Ibu panganten putri lan
kakung mlampah wonten ngajeng lan bapa panganten putri lan kakung
mlampah wonten wingking. Bapa lan ibunipun panganten kakung
dipunsumanggakaken lenggah wonten ing papan palenggahan. Lajeng
bapa lan ibunipun panganten putri lenggah ing papan palenggahanipun
piyambak.
l. Sungkeman.
Keris ingkang dipunagem panganten kakung dipuntanggalaken
dening dhukun manten. Salajengipun panganten kekalih sungkem
dhateng tiyang sepuhipun panganten putri rumiyin. Panganten putri
sungkem dhateng bapanipun rumiyin lajeng dhateng ibunipun.
Salajengipun panganten kakung nembe sungkem dhateng bapanipun
panganten putri lajeng dhateng ibunipun panganten putri.
Sasampunipun sungkem dhateng tiyang sepuhipun panganten putri,
panganten kekalih sungkem dhateng tiyang sepuhipun panganten
kakung. Tatacaranipun sami ananging ingkang sungkem rumiyen
panganten kakung, salajengipun nembe panganten putri.
Sanesipun tatacara upacara panggih wonten ing inggil, ing buku
karanganipun Purwadi (2004: 24-29) ugi dipunjlentrehaken tatacara
upacara panggih, kados ing ngandhap punika.
28
a. Balangan Gantal.
Panganten kakung lan panganten putri sami-sami balang-
balangan gantal. Acara balangan gantal punika werdinipun, panganten
kekalih sampun siyap lair batin anggenipun mangun kulawargi.
b. Wiji dadi.
Panganten kakung ngidak tigan ingkang sampun dipuncawisaken
ing cowek. Acara punika werdinipun, panganten kakung kagungan
tekat bulat (tigan), pantang mundur kangge nggayuh rereman ing
pagesanganipun samangke.
c. Mijiki
Panganten putri jengkeng lajeng mijiki samparanipun panganten
kakungngangge toya ingkang sampun dipunparingi sekar.
Sasampunipun dipunwijiki, panganten kakung mbiyantu panganten
putri jumeneng. Acara punika werdinipun, panganten putri ingkang
setia lan kagungan kuwajiban nyucekaken naminipun panganten
kakung nalika panganten kakung nindakaken kalepatan.
d. Sinduran
Panganten kekalih gandhengan mlampah tumuju papan
palenggahan kanthi nggujengi rasukanipun bapa. Bapanipun panganten
putri wonten ngajengipun panganten. Lan ibunipun panganten putri
nylimutaken kai sindur ing pundhakipun panganten kekalih. Bapa
ingkang mlampah wonten ngajeng punika werdinipun, bapa punika
kagungan kuwajiban maringi tuladha lan nedahaken mergi dhumateng
29
putra-putrinipun. Ibu ingkang mlampah wonten wingking punika
werdinipun, ibu ingkang maringi dorongan lan pangestu dhumateng
panganten kekalih.
e. Mangku utawi Nimbang.
Bapa panganten putri mangku panganten kekalih, lajeng ibu
panganten putri nyuwun priksa: ”Abot endi pak?” lajeng
dipunwangsuli dening bapa panganten putri: ”Padha wae”.
Werdinipun acara bobot timbang inggih punika, bapanipun panganten
putri punika boten pareng mbedak-mbedakake antawisipun putranipun
piyambak kaliyan putra mantu.
f. Tanem.
Bapanipun panganten putri nyumanggakaken panganten
kekalih lenggah kanthi ngandhapaken pundhakipun panganten kekalih.
Sasampunipun panganten kekalih lenggah, bapanipun panganten putri
ngunjuk degan lajeng gantian ibunipunpanganten putri. Sasampunipun,
panganten kekalih ugi ngunjuk degan kala wau. Acara punika
werdinipun tiyang sepahipun sampun sami paring pangestu dhumateng
panganten kekalih.
g. Kacar-kucur.
Menawi kacar-kucur punika kados mekaten, panganten kakung
maringi kaya dhateng panganten putri ingkang arupi kacang-kacangan,
dhele, uwos kuning, lan arta receh. Werdinipun acara kacar-kucur
punika inggih punika, sedaya asil saking panganten kakung samangke
30
dipunparingaken sedaya dhumateng panganten putri kangge
dipunsimpen lan saged dipunginakaken kulawarginipun.
h. Dhahar Kembul.
Panganten kekalih sami mundhut sekul ngangge astanipun
lajeng panganten kekalih sami dulang-dulangan ngantos kaping tiga.
Sasampunipun dulang-dulangan, panganten kekalih munndhut toya
kangge dipunujnuk piyambak-piyambak. Acara punika werdinipun,
sasampunipun samangke dados kulawarga, mboten namung ingkang
kakung kemawon ingkang kagungan padamelan, ananging ingkang
putri ugi kedah kagungan padamelan piyambak. Dados asil saking
panganten kakung lan panganten putri punika pareng dipunginakaken
sareng-sareng.
i. Menjemput Besan.
Ibu lan bapanipun panganten putri tumuju lawang ngajeng kangge
mapag besan. Sasampunipun besan dipunsumanggakaken lenggah ing
sisih kiwanipun panganten.
j. Sungkeman.
Panganten kekalih nyuwun pangestu dhateng tiyang sepuhipun
panganten kekalih. Werdinipun acara sungkeman inggih punika,
panganten kekalih punika sami ngabekti dhumateng tiyang sepuhipun.
Urutanipun upacara panggih ugi dipunjlentrehaken wonten Kitab
Primbon Bataljemur Adammakna (1965: 34-35) ingkang saged
dipunjlentrehaken kirang langkung kados mekaten.
31
Panganten kakung dipunarak ngangge payung lan panganten
kakung mbeta gantal kangge balang-balangan kaliyan panganten putri.
Gantal punika isinipun jambe ingkang dipuntaleni lawe. Sasampunipun
balang-balangan gantal, kulukipun panganten kakung dipunbikak kaliyan
bapanipun panganten kakung lajeng embun-embunipun dipupuki toya
kaliyan ibunipun panganten kakung ngantos kaping tiga. Salajengipun,
panganten kakung ngidak tigan lajeng panganten putri ingkang mijiki
samparanipun panganten kakung ngangge sekar setaman. Sasampunipun
mijiki samparanipun panganten kakung, panganten kakung mbiyantu
panganten putri jumeneng ing sakiwanipun panganten kakung lajeng
panganten kekalih mlampah sareng-sareng ngidak pasangan rakitan sapi
ngantos dugi ngajeng papan palenggahan. Ing ngajeng papan palenggahan,
panganten kekalih laku bokong ngantos dugi papan palenggahan lajeng
lenggah. Salajengipun panganten kakung lan putri dulang-dulangan
ngangge sekul lan pindhang antep. Dipunlajengaken acara kacar-kucur
ingkang isinipun kacang dhele, beras, jagung, dhuwit ingkang
dipuntampani ngangge saputangan kaliyan panganten putri lajeng
dipunparingake ibunipun panganten putri ingkang dipunlebetakaen ing
kendil sepasang. Sabibaripun kacar-kucur panganten kekalih nglampahi
acara bobot timbang. Bobot timbang punika, panganten kekalih dipangku
kiwa tengen dening bapanipun panganten putri. Salajengipun ibunipun
panganten putri paring pitakenan dening bapanipun ngenani bobotipun
panganten kekalih, lajeng bapanipun mangsuli sami kemawon.
32
Saking tatacara panggih ingkang sampun dipunjlentrehaken
wonten ing Kitab Primbon ing nginggil saged dipunmangertosi tatarakiting
upacara panggih ingkang dipuntindakaken kaliyan bebrayan kala rumiyin.
Prekawis kasebat saged dados acuan tatarakiting upacara panggih ingkang
kathah dipuntindakaken dening bebrayan ing wekdal sapunika. Tatacara
panggih ingkang dipunjlentrehaken ing Kitab Primbon, bukunipun
Pringawidagda lan bukunipun Purwadi, sedaya punika wonten bedanipun
inggih punika wonten ing prekawis tatacaranipun, perlengkapanipun,
tetembunganipun wonten ing tatacara punika, sarta werdinipun saking
tembung-tembung tatacara panggih punika.
Ananging saking buku-buku ingkang njlentrehaken ngengingi
upacara panggih, sedaya kagungan inti ingkang sami inggih punika
njlentrehaken ngengingi tatacara kepanggihipun panganten kakung kaliyan
panganten putri wonten ing upacara panganten.
Saking wontenipun buku-buku kasebat saged nambah katrangan
kangge panyerat ngengingi upacara panggih lan dipundadosaken pedoman
panaliten ingkang badhe panyerat lampahi.
33
BAB III
METODHOLOGI PANALITEN
Panaliten upacara panggih panganten punika ngginakaken metodhe
deskriptif kualitatif . Deskriptif punika nggambaraken punapa wontenipun,
limrahipun kangge nggambaraken prekawis ingkang aneh. Kualitatif punika data
ingkang ngasilaken tembung-tembung ingkang arupi seratan utawi lesan saking
tiyang ingkang dipunjingglengi (KBBI, 1993: 467).
A. Fokus Panaliten
Fokus inggih punika objekipun panaliten, utawi punapa ingkang dados
kawigatosanipun wonten ing satunggaling panaliten. Wonten ing panaliten
punika namung wonten setunggal fokus kemawon inggih punika ajining
filosofis upacara panggih panganten ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan
Demak, Kabupaten Demak.
B. Pendekatan Panaliten
Pendekatan panaliten katindakaken supados angsal asil ingkang
maksimal salebeting analisis dhata saking pinten-pinten sumber. Pendekatan
panaliten ingkang wonten ing panaliten punika inggih punika pendekatan
subjektif. Pendekatan subjektif minangka upaya nggiyaraken lelampahaning
34
tiyang supados saged dipunsurasani. Subjektivis punika saperangan lakuning
tiyang ingkang tumindak (Deddy 2004: 32-33).
Pendekatan subjektif minangka pendekatan ingkang jumbuh kangge
nindakaken panaliten kualitatif, jalaran ing salebeting wonten maneka warna
lakuning tiyang. Pendekatan subjektif minangka pendekatan ingkang jumbuh
kaliyan upacara panggih panganten punika, jalaran upacara panggih panganten
punika saperangan saking lakuning tiyang ingkang arupi adat. Adat punika
wonten ritual ingkang kedah dipuntindakaken dening bebrayan. Subjektif
inggih punika ngengingi utawi manut pamanggih pangrasanipun piyambak
ngengingi pokok utawi hal (KBBI 1993: 862).
C. Sumber Dhata
1. Sumber Dhata Lesan
Sumber dhata inggih punika saking pundi pikantuk sumberipun dhata
punika. Dhata inggih punika kasil saking catetanipun panaliti ingkang arupi
bukti ingkang nyata utawi angka. Ing panaliten punika ingkang
dipundadosaken sumber dhata inggih punika juru paes lan satunggaling tiyang
ingkang dados manten ing Desa Mangunjiwan. Ingkang dipundadosaken dhata
ing panaliten inggih punika dokumentasi ingkang arupi foto-foto lan kasil
saking wawan ngendikan. Dhata lesan pikantuk saking kasil wawan ngendikan
kaliyan Key Informan inggih punika dhateng juru paes lan ugi ingkang dados
dhukun manten, dhateng satunggaling warga Desa Mangunjiwan ingkang nate
ngawontenaken acara panganten kanthi upacara panggih ingkang wonten ing
35
salebetipun acara sapunika, lan dhateng sesepuh ing Desa Mangunjiwan
supados ngasilaken katrangan ingkang langkung cetha. Ingkang sanes dhata
lesan punika ugi pikantuk saking pinten-pinten bebrayan ing Desa
Mangunjiwan.
2. Sumber Dhata Sinerat
Dhata ingkang arupi seratan punika pikantuk saking buku-buku
ingkang wonten gegayutanipun kaliyan upacara panganten mliginipun
ngengingi upacara panggih. Satunggaling buku ingkang dipunginakaken
inggih punika buku anggitanipun Purwadi ingkang irah-irahanipun Upacara
Tradisional Jawa. Dhata ingkang sanes saking dokumentasi arupi foto-foto
dokumentasi upacara panggih saking satunggaling bebrayan ing Desa
Mangunjiwan.
D. Papan Panaliten
Kanthi paring teges lan watesan prekawis ingkang sampun
dipunjlentrehaken saderengipun menawi objekipun panaliten punika namung
dipunwatesi upacara panggih ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan Demak,
Kabupaten Demak. Desa Mangunjiwan punika minangka satunggaling Desa
ing Kecamatan Demak, sacara geografis tlatah punika panggenanipun kirang
langkung 7 km saking kabupatenipun. Desa Mangunjiwan punika kagolong
dataran ingkang andhap antawisipun 0-100 m saking inggilipun segara. Desa
Mangunjiwan saged dipunliwati angkutan tumuju Bonang-Moro utawi
angkutan tumuju Wedung.
36
E. Metodhe Ngempalakaken Dhata
1. Metodhe Studi Pustaka
Panyerat maos buku-buku literatur ingkang nunjang ngengingi
upacara panganten utaminipun wonten ing upacara panggih.
Sasampunipun, panyerat nyathet tembung utawi ukara ingkang saged
njangkepi dhata ingkang dipunprelokaken panyerat wonten ing
panalitenipun.
2. Metodhe Wawancara
Wawancara inggih punika salah satunggaling teknik kangge
ngempalaken dhata kanthi cara tanggel jawab antawisipun panyerat
kaliyan ingkang dipunsuwuni katrangan utawi pihak-pihak ingkang
wonten sesambetanipun kangge nyuwun katrangan ingkang
dipunprelokaken. Sejatosipun wawan ngendikan punika dipuntindakaken
supados pikantuk katrangan sacara langsung ngengingi kahanan
wewengkonipiun, proses kados pundi kedadosanipun salah satunggaling
objek, lan kados pundi interaksi ingkang kedadosan antawisipun objek
kaliyan pagesanganing bebrayan. Wonten ing panaliten sapunika panyerat
ngawontenaken wawan ngendikan dhateng juru paes ingkang ugi dados
dhukun manten wonten ing Desa Mangunjiwan ingkang dados key
informan. Key informan inggih punika tiyang ingkang dipunsuwuni
katrangan ingkang utami utawi tiyang ingkang mangertosi sanget
ngengingi sedaya prekawis nalika wonten ing wawan ngendikan sapunika
payerat badhe nyuwun priksa, saengga panyerat saged pikantuk dhata
37
ingkang valid. Prekawis kados mekaten dipuntindakaken supados panyerat
saged pikantuk informasi ngengingi kados pundi tatacara upacara panggih
lan punapa kemawon ajining filosofis wonten ing upacara panggih
panganten ingkang dipuntindakaken bebrayan wonten ing Desa
Mangunjiwan. Sanesipun wawan ngendikan punika ugi dipuntindakaken
dhateng satunggaling tiyang wonten ing bebrayan ingkang dipuntingali
kagungan pangertosan ngengingi tatacara upacara panggih panganten sarta
wawan ngendikan dhateng pinten-pinten bebrayan saking Desa
Mangunjiwan ingkang nate ngawontenaken upacara panganten sacara
jangkep. Prekawis punika dipuntindakaken kangge mangertosi
antawisipun bebrayan ing Desa Mangunjiwan ingkang setunggal kaliyan
ingkang sanes punika wonten bedanipun ingkang ketingal sanget punapa
boten.
3. Metodhe Observasi
Observasi inggih punika ningali kanthi premati lan mirengaken
sistematik saking fenomena-fenomena ingkang dipuntaliti (Hadi, 1982:
136). Observasi inggih punika ningali kanthi wigatos sanget lan
mirengaken sacara sistematik saking fenomena-fenomena dipunpadosi
sacara langsung utawi sacara boten langsung. Metodhe observasi ingkang
dipuntindakaken wonten ing panaliten sapunika inggih punika observasi
sacara langsung, inggih punika panaliti ningali sacara langsung upacara
panggih ingkang dipuntidakaken kaliyan pinten-pinten bebrayan ing Desa
Mangunjiwan.
38
4. Metodhe Dokumentasi
Metodhe dokumteasi minangka metodhe ngempalaken dhata
saking dokumen-dokumen ingkang sampun wonten, saengga anggenipun
ngempalaken dhata-dhata ingkang badhe dipunginakaken punika saged
langkung jangkep lan saged kangge nunjang informasi utawi sumber-
sumber ingkang dipunbetahaken. Sumber dokumen ing panaliten punika
dipunpundhut saking dhata arupi foto-foto dokumentasi upacara panggih
bebrayan Desa Mangunjiwan.
F. Teknik Analisis Dhata
Ingkang dipunwastani analisis dhata ingkang pungkasan wonten
ngriki inggih punika ngolah dhata saking kasilipun panaliten. Ngemut-emut
panaliten punika sipatipun deskriptif kualitatif mila nalika nganalisis dhata
boten ngginakaken uji statistik. Paugeran ingkang dipunginakaken kangge
mangsuli pitakenan saking panaliten pikantuk saking dhata-dhata ingkang
sampun dipunkempalaken liwat studi pustaka, wawan ngendikan, observasi,
lan dokumentasi.
Moleong (1996: 190) njlentrehaken menawi dhata-dhata ingkang
sampun dipunkempalaken punika saged dipunlajengaken kanthi cara kados
ing ngandhap punika.
1. Reduksi Dhata
Reduksi dhata punika kangge madosi butir-butir ajining filosofis
upacara panggih panganten. Reduksi dhata punika dados proses
39
anggenipun nyaring lan milih dhata saking ingkang kirang relevan kanthi
ancas kangge ngandharaken dhata ingkang saged ndukung kegiatan
analisis. Wonten ing panaliten punika reduksi dhata dipuntindakaken
kanthi cara miyambakaken bageyan wujud cawisan ingkang boten
nyengkuyung ajining filosofisipun.
2. Deskripsi Dhata
Deskripsi dhata punika wosipun ngengingi jlentrehan kanthi
objektif ngengingi punapa kemawon ingkang kedadosan ing upacara
panggih ingkang wonten gegayutanipun kaliyan momotaning panaliten.
Ngandharaken punika wonten gegayutanipun kaliyan punapa ingkang
dipuntingali lan dipuntampi tanpa wonten pandhangan saking panyerat.
Anggenipun ngandharaken punika dipunusahakaken sipatipun aktual,
punapa ingkang kedadosan punika miturut kahanan ingkang leres.
3. Inferensi
Inferensi dipuntarik sasampunipun deskripsi dhata punika
dipuntindakaken, inggih punika maringi makna ajining filosofis ingkang
arupi dhata-dhata ingkang relevan. Salajengipun, nggadhengaken kaliyan
teori-teori, referensi-referensi ingkang ndhukung sarta pangertosan saking
panyerat.
G. Teknik Mbabar Kasil Analisis
Teknik nyajikaken asilipun analisis, panyerat ngginakaken teknik
informasi, inggih punika nyajikaken asilipun analisis ingkang arupi deskripsi
40
saking asil dhata. Teknik punika dipundhukung saking wontenipun dokumen-
dokumen arupi foto-foto kangge njagi validitas sedaya informasi saking
panaliten punika.
41
BAB IV
PIREMBAGAN LAN ANALISIS
A. Deskripsi Dhata
1. Ngandharaken Kabupaten Demak Kanthi Umum.
Kabupaten Demak punika panggenanipun wonten ing Propinsi
Jawi Tengah. Kanthi geografis, Kabupaten Demak punika dununganipun
antawisipun 6043’26” – 70 09’ 43” LS, lan 1100 48’ 47” BT kanthi wates,
sisih ler inggih punika Kabupaten Jepara lan Laut Jawa, sisih wetan inggih
punika Kabupaten Kudus lan Kabupaten Grobogan, ingkang sisih kidul
inggih punika Kabupaten Grobogan lan Kitha Semarang, lan ingkang sisih
kilen inggih punika Kitha Semarang. Kabupaten Demak punika wiyaripun
kirang langkung 89.743 ha ingkang kaperang dados 14 kecamatan, 234
desa, lan 6 kelurahan. Dipuntingali saking wiyaripun siti, siti sawah punika
wiyaripun kirang langkung 48.947 ha, lan sisanipun punika minangka siti
ingkang garing, biyasanipun dipunginakaken dados kebon lan tambak.
Kabupaten Demak punika kaperang dados 21 desa antawisipun
inggih punika: Desa Kalikondang, Desa Donorejo, Desa Katonsari, Desa
Mangunjiwan, Desa Karangmlati, Desa Kalicilik, Desa Singorejo, Desa
Betokan, Desa Bintoro, Desa Kadilangu, Desa Bolo, Desa Bango, Desa
Cabean, Desa Tempuran, Desa Sedo, Desa Mulyorejo, Desa Wonosalam,
Desa Surodadi, Desa Bango.
42
Tahun 2009 gunggungipun warga ing Kabupaten Demak inggih
punika 1.073.187, ingkang kaperang 531.606 (49,54%) jaler lan 541.581
(50,46%) estri. Gunggungipun warga ingkang nyambut damel dados tani
inggih punika 219.635, ingkang nyambut damelipun wonten ing industri
inggih punika 119.156, ingkang dagang inggih punika 107.752, ingkang
nyambut damel ing transportasi inggih punika 24.558, lan ingkang
nyambut damelipun wonten gegayutanipun kaliyan jasa inggih punika
54.137.
2. Ngandharaken kanthi umum ngengingi Desa Mangunjiwan.
Desa Mangunjiwan minangka salah satunggaling desa ingkang
wonten ing Kecamatan Demak.Kanthi geografis tlatah punika
panggenanipun kirang langkung 7 km saking kabupatenipun.
Gunggunganipun warga ing Desa Mangunjiwan inggih punika 4.753 jiwa,
ingkang kaperang 1.893 jaler lan 2.860 estri. Ing ngandhap punika
ngandharaken ngengingi warga Desa Mangunjiwan.
Ngengingi agami, Islam punika minangka agami ingkang ageng
ing Indonesia. Mayoritas warga ing Desa Mangunjiwan punika
agaminipun Islam. Ngengingi pakaryan, Indonesia punika minangka
negari agraris. Saperangan warga ing Desa Mangunjiwan punika kathah
ingkang nyambut damel dados petani.
Desa Mangunjiwan punika kalebet dhataran rendhah, antawisipun
0-100 meter saking inggilipun seganten. Desa Mangunjiwan saged
43
dipunliwati angkutan tumuju Bonang-Moro utawi angkutan tumuju
Wedung.
B. Pirembagan lan Analisis
1. Ngrembakanipun Upacara Panggih ing Desa Mangunjiwan,
Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
Asil saking panaliten ingkang dipuntindakaken dening panyerat
kanthi teknik tartamtu, saged dipunmangertosi bilih upacara panggih ing
Desa Mangunjiwan punika limrahipun ngginakaken cara Yogyakarta,
sanadyan nate wonten ingkang ngginakaken cara Surakarta. Prekawis
kados mekaten gumantung saking pasuwunanipun panganten, ananging
ugi kathah ingkang masrahaken sedaya dhateng dhukun mantenipun
(perias manten).
Upacara panggih ing sedaya tlatah, mliginipun ing Jawi, sacara
umum ajeng sami. Ananging, tatacara, urutan, tembung, lan ajining
filosofisipun wonten ingkang beda. Tatacara lan urutanipun wonten
ingkang dipuntambah lan wonten ingkang dipunkirangi. Sedaya kala wau
gumantung saking budayanipun bebrayan ing tlatah kasebat.
Upacara panggih samenika sampun jarang dipunginakaken dening
bebrayan ing Desa Mangunjiwan. Prekawis punika dipunsebabaken pola
pikiripun bebrayan samenika ingkang sampun ngrembaka. Dados
ngrembakanipun upacara panggih punika radi boten ketingal. Budaya
kados punika sampun kesilep dening budaya ingkang modern.
44
Samenika tatacaranipun upacara panggih ing Desa Mangunjiwan
punika wonten ingkang dipunkirangi. Ing ngriki, acara munggah pasangan,
acara mapag besan, acara tandur utawi tanem punika boten wonten kados
tatacara ingkang dipunjlentrehaken ing bukunipun Pringgawidagda lan
Purwadi. Acara punika dipunicali amargi kangge nyingkat wekdal supados
acaranipun punika radi rikat. Tatacaranipun ugi wonten ingkang beda
inggih punika wonten ing salebeting acara balangan gantal, ing ngriki
gantal ingkang dipunginakaken namung setunggal pasang kemawon lan
dipunbalangaken ing samparanipun panganten kakung lan jajanipun
panganten putri kemawon. Salajengipun wonten ing acara dulang-
dulangan punika, ngginakaken sekul kuning ingkang dipunlampahi kaping
kalih. Lajeng acara sungkeman, bapa lan ibunipun panganten kakung
punika sampun wonten ing papan palenggahan nalika panganten badhe
nglampahi acara singeb sindur. Dados ing ngriki ugi boten wonten acara
mapag besan. Ing ngriki, nalika panganten kakung sungkem, kerisipun ugi
mboten dipuntanggalaken. Ing Desa Mangunjiwan, acara munggah
pasangan punika mboten dipunginakaken, amargi ndadosaken biyayanipun
tambah lan amargi pirantinipun sapunika sampun ewet anggenipun
madosi.
Saking prekawis ing inggil, saged dipuntingali bilih
ngrembakanipun upacara panggih ing Desa Mangunjiwan punika boten
sae. Prekawis punika dipunsebabaken tiyang sapunika boten mangertosi
kawontenanipun acara panggih. Ananging menawi mangertos, inggih
45
boten sedaya lan tiyang-tiyang punika ugi boten mangertosi teges lan
mupangatipun.
2. Ajining Filosofis ingkang kawrat salebeting upacara panggih ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
a. Prekawis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan upacara panggih.
Saderengipun mlebet ing acara panggih, tatacara lan urutaning
acara panggih ing Desa Mangunjiwan umumipun dipunpandhegani
dening panatacara. Limrahipun ingkang dados panatacara punika
tiyang jaler ingkang sacara mligi saged kasebat dhalang manten. Sinten
kemawon ingkang dados dhalang manten punika kedah kagungan
kawasisan antawisipun, kedah saged ngginakaken Basa Jawi krama
inggil utawi kawi. Anggenipun nggginakaken Basa Jawi punika kedah
gancar lan trep, kados ing ngandhap punika.
a) Boten ngginakaken basa sedinten-dinten, kajawi namung kangge
gegojegan kemawon.
b) Ngginakaken dialek tlatah tartamtu sacekapipun kemawon.
c) Luwes anggenipun ngginakaken paribasan, bebasan, saloka,
parikan, lan sapiturutipun.
d) Ngatos-atos anggenipun nyebataken gelar utawi ingkang sanes.
Kajawi punika, menawi dados dhalang manten punika
swantenipun kedah dipungladhi kanthi tumemen, amargi kanthi
swanten ingkang sae saged narik kawigatosan ing acara punika.
46
Supados acara panganten punika boten kaku, dhalang
manten punika ugi kedah saged mbetakaken acara ingkang
dipunselingi humor.
Saderengipun acara panggih dipunwiwiti, wonten ing
salebeting upacara panganten ing Desa Mangunjiwan punika
dipunwiwiti rumiyin kanthi rerangkenan kados mekaten.
1) Pambuka.
Panatacara nyuwun idin, donga, lan candra inggih punika
kawontenanipun dhayoh lan panggenan upacara panganten.
2) Panganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga.
Saderengipun upacara panggih kalaksanan, panganten putri
medal saking panti busana utawi palereman, salajengipun
dipunlenggahaken ing sasana rinengga, ingkang kairing patah
sakembaran ing kiwa lan tengenipun ingkang ngarem-aremi
panganten putri, biyasanipun kanthi nepaki panganten patri.
Acara punika kagungan teges, panganten putri dados prameswari
ingkang dipunladosi, dipunarem-aremi kados garawanipun raja.
Ing ngriki panganten putri nengga rawuhipun panganten kakung.
Wekdal anggenipun nengga boten pareng dangu-dangu, kirang
langkung gangsal menit kemawon. Acara punika werdinipun,
panganten putri ingkang sabar anggenipun nganti-anti rawuhipun
panganten kakung. Lajeng sanesipun, sikep lan tindak
tandukipun panganten putri ugi kedah alus, setia, lan sabar.
47
3) Pasrah-Tinampi Panganten Kakung.
Panganten kakung dumugi panggenan ingkang sampun
dipuncawisaken kangge pasrah-tinampi panganten kakung.
Kulawargi panganten kakung masrahaken panganten kakung
dhumateng kulawarginipun panganten putri kangge
dipunpanggihaken. Mekaten urutaning pangombyong saking
panganten putri.
a) Tiyang sepuhipun panganten putri.
b) Putri Dhomas.
c) Panganten wanita ingkang dipunapit ibu ingkang cacahipun
wonten kalih.
d) Pangombyong saking panganten putri.
Bilih urutaning pangombyong saking panganten kakung
kados ing ngandhap punika.
a) Panganten kakung ingkang dipunapit tiyang sepuhipun.
b) Satria Kembar.
c) Pangombyong saking panganten kakung.
4) Putri Dhomas.
Tembung dhomas punika saking tembung bodho lan emas.
Ingkang dados dhomas punika sapasang wanita ingkang ketingal
bodho ananging kados emas. Werdinipun putri dhomas inggih
punika, wanita lugu ingkang manahipun sae lan manut.
Rasukanipun putri dhomas punika kebaya lan sinjang ingkang
48
dipunrengga cundhuk mentul. Dhomas punika kadhang namung
setunggal pasang utawi kalih pasang ananging saged luwih
gumantung kahanan lan kabetahanipun. Rasukanipun putri
dhomas punika werninipun boten dipuntemtokaken ananging
kedah kembar.
5) Satria Kembar.
Ingkang dados satria kembar punika limrahipun tiyang
jaler ingkang taksih jaka. Cacahipun satria kembar punika saged
kalih utawi setunggal pasang. Rasukanipun satria kembar punika
kedah sami utawi kembar. Satria kembar dipunpundhut saking
tembung prajurit kala rumiyin. Satria kembar punika ingkang
dados pangawal kangge njagi raja. Satria kembar mlampah ing
ngajenganipun panganten kakung. Satria Kembar ugi mbikak
mergi ingkang ngalang-ngalangi lampahipun raja supados
gancar. Werdinipun, supados ing pagesanganipun samangke
pikantuk kawilujengan.
b. Ajining Filosofis ingkang Kawrat salebeting Upacara Panggih ing
Desa Mangunjiwan Kecamatan Demak Kabupaten Demak.
Sasampunipun panaliten dipuntindakaken dening panyerat
ngengingi upacara panggih ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan
Demak, Kabupaten Demak, kasunyatan wonten pinten-pinten tataran
acara ing salebeting upacara panggih. Ing ngriki, sasampunipun
panganten kakung rawuh, pangnten putri dipunsumanggakaken
49
jengkar saking papan palenggahan ingkang samangke badhe manggihi
lan dipunpanggihaken kaliyan panganten kakung ing teras sasana
wiwaha.
Saderengipun njlentrehaken upacara panggih, langkung sae
bilih kita mangertosi rumiyin piranti-piranti ingkang werdinipun
simbolik ingkang samangke dipunginakaken ing salebeting upacara
panggih.
1) Kangge upacara balang-balangan gantal lan wijikan, ubarampe
ingkang dipunginakaken kados ing ngandhap punika.
(a) Sepasang lintingan suruh ingkang dipunparingi gambir, injet,
lan dipuntaleni lawe pethak.
(b) Ranupada.
(c) Bokor ingkang dipunparingi toya lan sekar setaman sarta
gayung.
(d) Tigan ayam kampung setunggal ingkang dipunparingaken ing
bokor.
2) Kain sindur kangge upacara singeb sindur.
3) Kangge upacara kacar-kucur, ubarampe ingkang dipunginakaken
kados ing ngandhap punika.
(a) Kacang dhele, kacang tholo, uwos.
(b) Arta receh.
(c) Kain mori pethak utawi kacu ingkang ukuranipun 25 cm x 25
cm.
50
(d) Klasa bangka.
4) Kangge upacara dulang-dulangan.
(a) Sekul kuning ingkang dipunparingi tigan dadar, dhele, tempe
goreng, ayam, abon, lan janganan.
(b) Teh manis, cacahipun kalih ingkang dipunparingaken wonten
cangkir.
Punika asil saking wawan ngendikan kaliyan key informan lan
observasi ingkang sampun panyerat lampahi, saged dipunmangertosi
rerangkening upacara panggih ing Desa Mangunjiwan, Kecamatan
Demak, Kabupaten Demak kados ing ngandhap punika.
1) Balangan Gantal.
Asil panaliten ingkang sampun dipunlampahi dening
panaliti, tataranipun upacara panggih ingkang sepisan inggih
punika acara balangan gantal. Tembung balangan gantal wonten
ing Desa Mangunjiwan punika sami kaliyan tembung-tembung
ingkang dipunjlentrehaken ing bukunipun Pringgawidagda, lan
Purwadi. Ananging ingkang mbedakaken punika namun
werdinipun lan tatacaranipun.
Menawi wonten ing bukunipun Pringgawidagda punika
tatcaranipun panganten kakung mbalangaken gantal ing
palarapanipun panganten putri, punika werdinipun supados
panganten putri dados wanita ingkang mateng anggenipun mikir.
Menawi gantal ingkang dipunbalangaken ing jajanipun panganten
51
kakung punika werdinipun supados panganten kakung samangke
kagungan sipat lapang dada. Tatcara lan werdinipun balangan
gantal punika beda malih kaliyan ingkang dipunjlentrehaken ing
bukunipun Purwadi. Ing bukunipun Purwadi tatacaranipun
panganten kakung lan pangnaten putri balang-balangan gantal
ingkang dipunarahaken ing jajanipun, punika werdinipun
panganten kekalih sampun sami siap lair batin anggenipun mangun
kulawargi. Menawi tatacara lan werdinipun balangan gantal ing
Desa Mangunjiwan punika kados mekaten.
Tatacaranipun Balangan Gantal.
Sasampunipun panganten kekalih dugi ing ngajeng tarub
kanthi adhep-adhepan, dipunlajengaken acara balangan gantal.
Gantal inggih punika suruh ingkang kepanggih rosipun ingkang
dipunparingi gambir, injet, lajeng dipunlinting lan dipuntaleni lawe
pethak. Cacahipun gantal ingkang dipunginakaken ing ngriki
namung sapasang kemawon. Mbalanganipun gantal punika ugi
namung kaping pisan kemawon. Caranipun mbalang inggih
punika, panganten kakung mbalang rumiyin ing jajanipun
panganten putri, lajeng nembe panganten putri ingkang mbalang
ing samparanipun panganten kakung.
52
Werdinipun upacara balangan gantal punika inggih punika
kados mekaten.
(a) Ing inggil kala wau sampun dipunjlentrehaken bilih acara
panggih punika ngginakaken suruh ingkang kepanggih rosipun.
Suruh ingkang kepanggih rosipun punika werdinipun,
panganten kekalih sampun sami sarujuk, lan sami-sami tresna,
amargi sampun kepanggih rosipun. Dados raosipun punika
boten kapeksa. Tresnanipun panganten kekalih punika ugi
dados pondhasi salebeting kulawargi ingkang badhe
dipunwangun samangke.
(b) Ing ngriki tali ingkang dipunginakaken kangge naleni suruh
inggih punika lawe ingkang werninipun pethak. Lawe ingkang
werninipun pethak punika werdinipun dados lambang ikatan
suci.
(c) Ing acara punika ngginakaken gantal namung sapasang, amargi
menawi balangan gantal punika langkung saking setunggal,
kathahipun tiyang sami salah tapsir, saking balangan gantal
dados balang-balangan gantal, pramila raosipun kados dolanan.
(d) Gantal ingkang dipunbalangaken ing jajanipun panganten putri
punika werdinipun, jaja punika dados pasemon utawi lambang
keibuan (wadah maemipun bayi), pangnten kakung punika
ngaturaken pesen, panganten putri samangke kedah dados ibu
ingkang sae kangge putranipun.
53
(e) Gantal ingkang dipunbalangaken ing samparanipun panganten
kakung punika werdinipun bilih samparan punika kados tiang.
Panganten putri punika ngaturaken pesen, panganten kakung
samangke kedah dados tiang kulawargi ingkang sae lan
wicaksana (wawan ngendikan dening panyerat, 28 Juni 2010).
2) Ngidak Endhog.
Tembung ngidak endhog ing Desa Mangunjiwan punika
mboten sami kaliyan tembung-tembung ingkang dipunjlentrehaken
ing bukunipun Pringgawidagda lan Purwadi. Ing bukunipun
Pringgawidagda, unen-unenipun midak antiga, ing bukunipun
Purwadi unen-unenipun wiji dadi. Ing ngriki tatacaranipun sami
sedaya antawisipun buku kaliyan asil panaliten ing Desa
Mangunjiwan. Menawi werdinipun punika beda-beda.
Pringgawidagda njlentrehaken werdinipun midak antiga punika
panganten kekalih kedah sami siyaga anggenipun ngurus
kulawarginipun kanthi ngginakaken otak lan pikiranipun. Menawi
Purwadi njlentrehaken werdinipun wiji dadi punika panganten
kakung kagungan tekad bulat, pantang mundur kangge nggayuh
reremenan ing pagesanganipun samangke. Menawi asil saking
panaliten ing Desa Mangunjiwan inggih punika kados mekaten.
Tatacaranipun Ngidak Endhog.
Panganten putri lan kakung jumeneng adhep-adhepan.
Salah satunggaling pangiring panganten putri utawi dhukun
54
manten mundhutaken tigan setunggal saking bokor. Tigan kala
wau dipunparingaken ing cowek, salajengipun panganten kakung
kedah ngidak endhog. Tigan lan wadhahipun (cowek) punika
kedah dipunidak ngantos pecah.
Werdinipun upacara ngidak endhog punika kados mekaten.
(a) Ngidak endhog ngantos pecah punika werdinipun, unsur ibu
lan unsur bapak punika sampun dados setunggal lan bakal
dados winih ingkang subur (wawan ngendikan dening panyerat,
28 Juni 2010).
3) Mijiki.
Unen-unen mijiki ing Desa Mangunjiwan punika beda
kaliyan bukunipun Pringgawidagda, ing bukunipun
Pringgawidagda punika unen-unenipun ranupada. Ranupada punika
saking tembung ranu ingkang kagungan teges toya lan pada
ingkang tegesipun sikil. Dados unen-unen ranupada punika
sejatosipun sami kaliyan mijiki. Werdinipun antawisiupun asil
panaliten ing Desa Mangunjiwan kaliyan bukunipun
Pringgawidagda lan Purwadi punika beda.Pringgawidagda
njlentrehaken werdinipun ranupada inggih punika panganten putri
kedah siyaga ngicalaken sedaya alangan lan pacoban. Ing
bukunipun Purwadi, mijiki kagungan werdi kuwajibanipun
panganten putri nyucekaken naminipun panganten kakung. Menawi
wonten ing Desa Mangunjiwan kados mekaten.
55
Tatacaranipun Mijiki.
Sasampunipun panganten kakung ngidak tigan, panganten
putri jengkeng mijiki samparanipun panganten kakung ngantos
resik. Toya ingkang dipunginakaken dipunparingi sekar-sekar
ingkang arum.
Werdinipun upacara mijiki punika kados ing ngandhap
punika.
(a) Panganten putri ingkang mijiki samparanipun panganten
kakung punika werdinipun, panganten putri punika samangke
sediya dados ibu ingkang sae kangge putra-putrinipun lan ugi
wujud pangabektenipun panganten putri dhumateng panganten
kakung.
(b) Menawi toya ingkang dipunginakaken dipunparingi sekar
ingkang arum. Sekar ingkang arum punika ugi werdinipun,
bilih samangke sampun dados kulawargi dipunsingkiraken
saking daya pangribawa ingkang awon kanthi dipunresiki
ngangge sekar setaman supados arum (wawan ngendikan
dening panyerat, 28 Juni 2010).
4) Tuntunan.
Unen-unen tuntunan ing Desa Mangunjiwan punika beda
kaliyan bukunipun Pringgawidagda lan Purwadi. Ing bukunipun
Pringgawidagda unen-unenipun sindur binayang. Ing bukunipun
Purwadi, unen-unenipun sinduran. Menawi prekawis tatacaranipun
56
punika sami sedaya. Menawi werdinipun ugi sami antawisipun
buku kaliyan asil saking panaliten ing Desa Mangunjiwan. Asil
panaliten ing Desa Mangunjiwan punika kados mekaten.
Tatacaranipun Tuntunan.
Sasampunipun acara mijiki, panganten kakung mbiyantu
pangaten putri jumeneng lajeng panganten kekalih jumeneng jejer.
Panganten kakung wonten sisih tengen lan panganten putri wonten
sisih kiwanipun. Bapanipun panganten putri wonten sisih ngajeng
kaliyan ngujengi kain sindur ingkang dipunslimutaken ing
pundhakipun panganten kekalih. Lajeng panganten kekalih wonten
wingkingipun bapanipun panganten putri. Jenthik kiwanipun
panganten kakung dipungandheng kaliyan jenthik tengenipun
panganten putri. Lajeng ing wingkingipun panganten kekalih
wonten ibunipun panganten putri ingkang mbimbing panganten
kekalih ngangge kain sindur ingkang dipunslimutaken ing
pundhakipun panganten kekalih. Sedaya kala wau mlampah
dhateng papan palenggahan.
Werdinipun upacara tuntunan kados ing ngandhap punika.
(a) Sindur inggih punika kain mori panjang ingkang werninipun
abrit lan kagungan lerek kados toya ingkang ngalir. Pinggiripun
kain punika werninipun pethak. Lerek ingkang kados toya
ingkang ngalir punika werdinipun, bilih upacara panganten lan
samangke sampun dados kulawargi punika kathah
57
tantanganipun kados nyebrangi segara ingkang toyanipun
ngalir kanthi deres sanget.
(b) Bapa ingkang mlampah wonten ngajeng punika werdinipun,
bapa punika dados tuladha ing kulawargi. Bapa punika maringi
pitedah mergi ingkang sae ngantos dumugi ing papan
palenggahan.
(c) Panganten ingkang wonten ing sisih tengah punika werdinipun,
piyambakipun ingkang kagungan peran mujudaken kulawargi
ingkang sae kanthi tekad ingkang kiyat.
(d) Ibu ingkang wonten ing sisih wingking werdinipun, ibu punika
maringi donga pangestu.
(e) Lajeng singeb sindur piyambak punika werdinipun
panarimaning mantu lan werdinipun malih bilih sasampunipun
pembuahan, kados ingkang sampun dipunjlentrehaken ing
acara ngidak endhog punika, panganten kekalih kedah siaga
dados bapa lan ibu (wawan ngendikan dening panyerat, 28 Juni
2010).
5) Pangkon.
Unen-unen pangkon ing Desa Mangunjiwan mboten sami
kaliyan ing bukunipun Pringgawidagda lan Purwadi. Ing
bukunipun Pringgawidagda unen-unenipun bobot timbang, menawi
wonten ing bukunipun Purwadi, unen-unenipun mangku.
Tatacaranipun antawisipun panaliten kaliyan buku sami sedaya.
58
Werdinipun acara punika antawisipun panaliten kaliyan buku beda,
menawi wonten bukunipun Purwadi werdinipun sami.
Pringgawidagda njlentrehaken werdinipun acara bobot timbamng
punika ngajengaken tresna, kasih, lan sayangipun panganten
kekalih sami abotipun. Menawi asil saking panaliten ing Desa
Mangunjiwan punika kados mekaten.
Tatacaranipun Pangkon.
Sasampunipun dugi ing papan palenggahan, bapanipun
panganten putri lenggah ing papan palenggahan. Salajengipun
panganten kekakih lenggah ing pangkonanipun bapa panganten
putri. Panganten kakung wonten sisih tengen, lan panganten putri
wonten ing sisih kiwa. Nalika bapanipun mangku panganten
kekalih, ibunipun panganten putri nyuwun priksa dhateng
bapanipun, ”Abot endi pak, anakmu lanang karo anakmu wedok?”
lajeng bapanipun mangsuli, ”Padha wae!”.
Werdinipun upacara pangkon inggih punika, saking
pitakenan ”abot endi anakmu lanang karo anakmu wadon?”, lan
saking wangsulan ”padha wae” punika nedahaken bilih tiyang
sepuhipun punika kedah adil utawi boten mbedakaken antawisipun
putranipun piyambak kaliyan putra mantunipun.
59
6) Kacar-kucur.
Asil saking panaliten ing Desa Mangunjiwan, unen-unen,
tatacara, lan werdinipun kacar-kucur punika sami sedaya. Asil
panaliten ing Desa Mangunjiwan punika kados mekaten.
Tatacaranipun Kacar-kucur.
Panganten kakung ngucuraken guna-kaya arupi kacang
dhele, kacang tholo, arta receh, uwos dipuncampur dados setunggal
ing pangkonanipun panganten putri ingkang dipunparingi klasa
bangka. Salajengipun klasa bangka ingkang isinipun guna kaya
punika dipunparingaken ibunipun panganten putri kangge
dipunsimpen.
Werdinipun acara kacar-kucur inggih punika kados
mekaten.
(a) Panganten kakung ingkang ngucuraken guna-kaya punika
werdinipun, panganten kakung punika samangke kagungan
kuwajiban maringi napkah dhumateng panganten putri.
(b) Klasa bangka ingkang dipunparingaken dening ibunipun
panganten putri lajeng dipunsimpen punika werdinipun, asil
saking panganten putri lan panganten kakung samangke supados
saged dipunraosaken dhumateng kulawarginipun (wawan
ngendikan dening panyerat, 28 Juni 2010).
60
7) Dulang-dulangan.
Unen-unen, tatacara, lan werdinipun acara punika beda-beda.
Ing asilipun panaliten punika unen-unenipun dulang-dulangan,
menawi ing bukunipun Pringgawidagda unen-unenipun dhahar
walimahan. Ing bukunipun Purwadi unen-unenipun dhahar kembul.
Tatacaranipun dhahar walimahan, panganten kakung ngepel-ngepel
sekul kuning cacahipun enem, lajeng dipunparingi ati antep.
Salajengipun panganten kekalih sami dulang-dulangan. Ing
bukunipun Purwadi tatacaranipun panganten kekalih sami mundhut
sekul ngangge astanipun lajeng panganten kekalih sami dulang-
dulangan kaping tiga. Acara punika werdinipun ugi beda-beda.
Werdinipun dhahar walimahan inggih punika panganten kekalih
kedah ngerembag, diskusi, sami-sami ngemutaken lan paring
nasehat. Werdinipun dhahar kembul punika panganten kekalih kedah
sami kagungan padamelan supados asilipun saged dipunraosaken
sareng-sareng. Menawi asil panaliten ing Desa Mangunjiwan punika
kados mekaten.
Tatacaranipun Dulang-dulangan.
Putri dhomas ingkang cacahipun kalih mbetakaken sekul
kuning ing papan palenggahan. Putri dhomas kekalih jengkeng ing
kiwa lan tengenipun panganten kanthi ngujengi sekul kala wau. Putri
dhomas nyumanggakaken panganten kekalih dhahar. Kaping pisan,
panganten kakung ndulang panganten putri, semanten ugi panganten
61
putri ndulang panganten kakung. Ingkang kaping kalih, panganten
kakung lan panganten putri dhahar piyambak-piyambak, ananging
astanipun dipunsilang.
Werdinipun acara dulang-dulangan menika kados mekaten.
(a) Putri dhomas ingkang mbetakaken sekul kuning punika
werdinipun, putri dhomas samenika dados tiyang ingkang
ngladosikanthi sabar lan setia anggenipun ngladosi panganten
ingkang ingkang kados raja lan prameswari.
(b) Putri dhomas ingkang nggujengi sekul kuning lajeng
nyumanggakaken dhumateng panganten kekalih kanthi jengkeng
punika werdinipun, pengabdianipun putri dhomas dening raja lan
prameswari.
(c) Panganten ingkang dulang-dulangan punika werdinipun,
panganten kekalih kedah sami mahami menawi samangke
sampun dados kulawargi.
(d) Panganten ingkang dhahar piyambak-piyambak punika
werdinipun, panganten kakung lan putri kedah njagi pocapanipun
nalika samangke sampun dados kulawargi.
(e) Sekul kuning ingkang wosipun arupi tigan dadar, dhele, tempe
goreng, abon, ayam, lan janganan punika werdinipun, bilih
samangke sampun dados kulawargi kedah saged ngadhepi
alangan utawi prekawis-prekawis ingkang wonten, supados saged
62
nggayuh kebingahan (wawan ngendikan dening panyerat, 28 Juni
2010).
8) Ngunjuk Teh Manis.
Womten ing bukunipun Pringgawidagda lan bukunipun
Purwadi punika mboten wonten acara ngunjuk teh manis ananging,
sakinh asilipun panaliten ing Desa Mangunjiwan punika wonten
acara ngunjuk teh manis ingkang kagungan tatacara lan werdi kados
mekaten.
Tatacaranipun Ngunjuk Teh Manis.
Putri dhomas mbetakaken teh manis kanthi jengkeng ing kiwa
lan tengenipun pangnten kekalih. Panganten kekalih sami-sami
ngunjuk teh manis.
Werdinipun acara ngunjuk teh manis inggih punika, kados
mekaten.
(a) Putri dhomas ingkang mbetakaken teh manis inggih punika
punika werdinipun, putri dhomas punika setia anggenipun
ngladosi raja lan prameswari.
(b) Putri dhomas ingkang mbetakaken teh manis kanthi jengkeng
werdinipun, utawi dados lambang, pangabdianipun putri dhomas
dening raja lan prameswari.
(c) Panganten ingkang ngunjuk teh manis punika werdinipun,
pngajeng-ajeng supados anggenipun emah-emah samangke dados
63
kulawargi ingkang manis (wawan ngendikan dening panyerat,
28 Juni 2010).
9) Sungkeman.
Asil saking panaliten ing Desa Mangunjiwan, unen-unen,
tatacaranipun, lan werdinipun sungkeman punika sami sedaya. Asil
panaliten ing Desa Mangunjiwan punika kados mekaten.
Tatacaranipun Sungkeman.
Ibunipun panganten putri lenggah wonten ing sisih kiwanipun
bapa panganten putri, panganten kakung jengkeng ing ngajenganipun
bapa panganten putri nyembah lajeng bapanipun nggujengi
pundhakipun panganten kakung. Sasampunipun sungkem dhateng
bapanipun pangaten putri, panganten kakung geser lajeng sungkem
malih dhateng ibunipun panganten putri, kanthi cara ingkang sami.
Sasampunipun sungkem kaliyan bapa lan ibunipun panganten putri,
panganten kekalih ugi sungkem kaliyan bapa lan ibunipun panganten
kakung kanthi cara ingkang sami. Ing ngriki, panganten putri
namung niru punapa ingkang sampun dipuntindakaken dening
panganten kakung.
Werdinipun acara sungkeman inggih punika kados mekaten.
(a) Panganten ingkang sungkem dhateng tiyang sepuhipun punika
werdinipun, nyuwun donga pangestu lan nyuwun pangapunten
dhumateng tiyang sepuhipun.
64
(b) Bapa lan ibu ingkang nggujengi pundhakipun panganten kekalih
punika werdinipun, bilih pangabektenipun panganten kekalih
punika sampun dipuntampi (wawan ngendikan dening panyerat,
28 juni 2010).
Jlentrehan wonten inggil kala wau minangka upacara panggih ingkang
wonten ing Desa Mangunjiwan Kecamatan Demak Kabupaten Demak.
Acara panggih punika minangka acara ingkang utami saking sedaya
rerangkening upacara panganten. Werdinipun ajining filosofis ing
salebeting upacara panggih punika petuah lan pitedahipun taksih kenthel
sanget kaliyan budaya Jawi ingkang adiluhung. Kenthel petuah lan
pitedahipun punika kajengipun saben ritual ing acara panggih punika
kagungan teges, lambang lan proses pagesangan ingkang badhe
dipunlampahi panganten kekalih.
3. Upaya kangge nguri-uri Upacara Panggih ing Desa Mangunjiwan,
Kecamatan Demak, Kabupaten Demak.
Sanadyan upacara panggih taksih wonten ing Desa Mangunjiwan,
ananging taksih wonten pinten-pinten prekawis ingkang wonten. Prekawis
punika antawispun inggih punika amargi pangertosanipun warga
ngengingi aji ingkang kawrat ing upacara panggih punika kirang.
Kirangipun pangertosanipun punika ndandosaken upacara punika boten
dipunlampahi sedaya ingkang biyasanipun dipunlajengaken acara sanes
kados foto-foto kaliyan kulawargi lan dayoh.
65
Salah satunggaling tuladhanipun upacara panggih ingkang sampun
nate dipunlampahi dening tiyang ing Desa Mangunjiwan punika boten
jangkep. Upacara ingkang dipunlampahi punika namung acara balangan
gantal, dulang-dulangan, ngunjuk teh manis lan sungkeman kemawon.
Sasampunipun acara balangan gantal, panganten kekalih lajeng mlampah
ing papan palenggahan kaliyan bapa ibu panganten putri. Bapanipun
wonten ngajeng, panganten kekalih wonten tengah, lan ibunipun wonten
wingkingipun panganten. Acara punika ajeng sami kaliyan acara singeb
sindur ananging wonten ngriki, ibu lan bapanipun punika namung ndherek
mlampah kemawon, lan ibunipun punika boten mbeta kain sindur ingkang
dipunslimutaken ing pundhakipun panganten kekalih. Sasampunipun dugi
ing papan palenggahan, bapa lan ibunipun panganten putri punika lajeng
lenggah ing papan palenggahanipun piyambak, lan panganten kekalih ugi
lajeng lenggah ing papan palenggahanipun piyambak ingkang
dipunmandhegani dening dhukun manten. Sasampunipun panganten
lenggah ing papan palenggahan, panganten kekalih nglampahi acara
dulang-dulangan lajeng ngunjuk teh manis. Sasampunipun acara punika,
panganten kekalih sungkeman kaliyan bapa ibunipun panganten kekalih,
sasampunipun acara punika dipunlajengaken acara foto-foto kaliyan
kulawargi lan dayoh.
Prekawis ingkang sanes inggih punika prekawis arta, amargi kanthi
dipunawontenaken upacara panggih, ateges upacara panganten punika
mbetahaken biyaya ingkang kathah. Warga Desa Mangunjiwan punika
66
mayoritas kagolong warga menengah dugi ngandhap, amargi warganipun
punika pakaryanipun punika kathah ingkang dados tani. Prekawis punika
nyebabaken bilih salah satunggal tiyang ing kulawarganipun punika dados
manten namung ngawontenaken upacara panganten kanthi samadya utawi
sawontenipun kemawon ingkang wigatos sampun wonten ijab kabulipun.
Limrahipun ingkang ngawontenaken upacara panganten kanthi
upacara panggih ing Desa Mangunjiwan inggih punika bebrayan ingkang
nyambut damel dados pegawe utawi PNS. Prekawis kados mekaten
dipunsebabaken amargi piyambakipun dipunanggep saged ngawontenaken
upacara kasebat ingkang mbetahaken biyaya ingkang boten sekedhik.
Ananging prekawis ingkang langkung kompleks inggih punika amargi
ngrembakanipun jaman ingkang langkung modern, saengga minat
bebrayan ngengingi prekawis-prekawis ingkang wonten gegayutanipun
kaliyan adat istiadat punika kirang. Prekawis kasebat ing jaman sapunika
sampun dipunanggep kina lan mboten praktis sarta mbetahaken biyaya
ingkang langkung kathah. Dados, bebrayan samenika mliginipun bebrayan
ing Desa Mangunjiwan punika langkung milih ngawontenaken upacara
panganten kanthi boten ngawontenaken upacara panggih.
Saking prekawis-prekawis ing inggil kala wau, mila prelu
dipunawontenaken upaya kangge nguri-uri upacara panggih ing Desa
Mangunjiwan. Saking asil wawan ngendikan kaliyan sesepuh ing Desa
Mangunjiwan, dugi samenika upaya ingkang sampun dipunlampahi inggih
menika kanthi cara maringi imbauan dhateng bebrayan kangge ngangkat
67
lan nyinauni mupangat saking upacara panggih menika. Prekawis punika
dipunsebabaken amargi upacara panggih punika ngandhut ajining filosofis
ingkang sakral. Panganten kekalih saged pikantuk petuah lan pitedah
ngengingi kados pundi piyambakipun kedah mlampah lan emah-emah
sasampunipun piyambakipun resmi dados panganten.
Ananging amargi prekawis punika minangka urusan ingkang intern
antawisipun kulawaginipun panganten kekalih, saengga imbauan ingkang
dipunlampahi boten pikantuk asil ingkang sae. Sedaya kala wau
gumantung saking kapitadosan panganten kekalih. Dados, sedaya kala wau
gumantung bebrayanipun piyambak ingkang nglampahi.
68
BAB V
PANUTUP
A. Dudutan.
Adhedhasar panaliten ingkang dipunlampahi dening panyerat
ngengingi Ajining Filosofis Upacara Panggih Panganten ing Desa
Mangunjiwan, Kecamatan Demak, Kabupten Demak, saged dipunpundhut
dudutanipun kados mekaten.
1. Upacara panggih ing jaman sapunika sampun radi kesilep kaliyan budaya
saking manca, mliginipun wonten ing Desa Mangunjiwan. Dados,
sabibaripun acara ijab kabul punika dipunlajengaken acara resepsinan lan
foto-foto kemawon. Bebrayan ingkang ngawontenaken acara panganten
ingkang mboten ngangge upacara panggih punika alesanipun, acara punika
mboten praktis, tambah ragad, sarta mboten sami mangertosi tataran lan
ajining filosofisipun.
2. Kados ingkang sampun dipunrembag ing bab gangsal kal wau, acara
panggih punika kagungan pinten-pinten tataran ingkang kagungan ajining
filosofis. Acara balangan gantal werdinipun, panganten kekalih supados
dados bapa lan ibu ingkang sae kangge putra-putrinipun. Ngidak endhog
werdinipun, unsur bapak lan ibu punika sampun dados setunggal. Mijiki
werdinipun, wujud pangabektenipun panganten putri kaliyan panganten
kakung. Tuntunan werdinipun, bapa maringi pitedah ingkang sae,
panganten kekalih ingkang kagungan peran mujudaken kulawargi ingkang
sae kanthi tekad ingkang kiyat, ibu paring donga pangestu. Pangkon
69
werdinipun, tiyang sepunipun boten pareng mbedakaken putra piyambak
kaliyan putra mantu. Kacar-kucur werdinipun, panganten kakung
kagungan kuwajiban maringi kaya dhateng panganten putri. Dulang-
dulangan werdinipun, panganten kekalih kedah sami mahami lan njagi
pocapanipun. Ngunjuk teh manis werdinipun, supados anggenipun emah-
emah dados kulawargi ingkang manis. Sungkeman werdinipun wujud
pangabektenipun panganten kekalih dhumateng tiyang sepuhipun.
3. Upaya ingkang saged dipunlampahi kangge nguri-uri upacara panggih
inggih menika kanthi maringi imbauan dhumateng bebrayan kangge
ngangkat lan nyinauni mupangatipun upacara panggih. Prekawis punika
dipunsebabaken amargi upacara panggih punika ngandhut ajining filosofis
ingkang sakral, supados panganten kekalih pikantuk petuah lan pitedah
ngengingi kados pundi anggenipun emah-amah samangke.
B. Pamrayogi.
Amargi tatacara upacara panggih minangka aset budaya bangsa lan
tlatah, mila prelu dipunuri-uri. Panyarwe ingkang saged dipunaturaken inggih
punika kados ing ngandhap punika.
1. Pamrayoginipun kangge bebrayan ing Desa Mangunjiwan lan bebrayan
ing desa sanes dipunkajengaken supados bebrayan punika mangertosi
ajining filosofis upacara panggih lan purun nindakaken upacara kasebat.
2. Generasi samenika bok menawi saged ngangkat budaya punika supados
boten ical kanthi nyinauni lan nguri-uri upacara panggih.
DAFTAR PUSTAKA
Any, Andjar. 1986. Perkawinan Adat Jawa Lengkap. Surakarta: PT. Pabelan.
Deddy, Mulyana. 2003. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Rosda Karya.
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1991. Kamus Besar Bahasa Indonesia.Jakarta: Balai Pustaka.
Dojosantosa. 1985. Unsur Religius Dalam Sastra Jawa. Semarang: Aneka Ilmu.
Hadi, Sutrisno. 1980. Metodologi Riset Jilid III. Yogyakarta: Fakultas PsikologiUGM.
Koentjaraningrat. 1985. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balai Pustaka.
Mulyono, Djoko. 2002. Mutiara diBalik Tata Cara Pengantin Jawa. Jakarta:
Pustaka Bahasa.
Moleong, J. Lexy. 2008. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT. RemajaRosdakarya.
Poernomo, Suwarno Hadi lan Adi, Latimin Winoto. 1995. Mutiara Rinonce.Surakarta: CV. Cendrawasih.
Pringgawidagda, Suwarna. 2003. Pawiwahan lan Pahargyan. Yogyakarta:Kanisius.
Purwadi. 2005. Upacara Tradisional Jawa. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Purwadi. 2006. Kamus Besar Bahasa Jawa. Yogyakarta: Bina Media.
Puspitorini, Dyah. 2001. ”Nama-Nama Pamor Keris Daerah Yogyakarta DanCirebon (Tinjauan Semantik-Semiotik)”. Skripsi. Yogyakarta: UniversitasGajah Mada.
Sutardjo, Imam. 2008. Kajian Budaya Jawa. Jurusan Sastra Daerah FakultasSastra dan Seni Rupa. Universitas Sebelas Maret.
Susetya, Wawan. 2007. Ular-Ular Manten. Yogyakarta: Narasi Yogyakarta.
Soemodidjojo, R. 1980. Kitab Primbon Batal jemur Adamakna. NgayogyakartaHadiningrat: Soemididjojo Mahadewa.
Tienuk, Riefky, dkk. 2008. Kesatrian Ageng Selikuran dan Kesatrian Ageng.Yogyakarta: Kanisius.
Yosodipuro, Marmien Sardjono. 1996. Rias Pengantin Gaya Yogyakarta.Yogyakarta: Kanisius.
Zubaidah, Siti. 1997. ”Upacara Ritual Masyarakat Jawa (Analisis Morfo-Semantisdan Semiotis)”. Skripsi. Yogyakarta: Universitas Gajah Mada.
Simpingan
1. Ubarampe kangge upacara panggih.
Bokor, siwur, lan tigan
Gantal
Kain Sindur
Acara sungkeman kaliyan tiyang sepuhipun panganten putri
Acara sungkeman kaliyan tiyang sepuhipun panganten kakung