safitrijawa.files.wordpress.com · web viewuntuk menjawab soal pilihan ganda, gunakan...
TRANSCRIPT
UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL (USBN)SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN
SMK PERDANA SEMARANG TAHUN PELAJARAN 2018/2019
LEMBAR SOAL
Mata pelajaran : BAHASA JAWAKelas/ Program : XIIHari/Tanggal : / 2019Dimulai Pukul : WIBDiakhiri pukul : WIB
Petunjuk Umum:1. Tulislah lebih dahulu nomor peserta dan identitas anda pada lembar jawaban yang
disediakan sesuai petunjuk yang diberikan pengawas menggunakan pena/ballpoint.2. Untuk menjawab soal pilihan ganda, gunakan pena/ballpoint untuk menyilang huruf A,
B, C, D atau E pada lembar jawaban yang disediakan.3. Selama pelaksanaan USBN tidak diperkenankan bertanya atau meminta penjelasan
mengenai soal yang diujikan kepada siapapun termasuk kepada pengawas.4. Dilarang menggunakan kalkulator, HP, kamus, dan alat bantu lainnya dalam menjawab
soal USBN.5. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum anda menjawabnya.6. Laporkan kepada pengawas bila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah
soal kurang.7. Jumlah soal sebanyak 40 butir berupa pilihan ganda, dan 5 butir berupa essay.8. Dahulukan mengerjakan soal-soal yang anda anggap mudah.9. Periksa pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada pengawas dan keluar ruangan.
Petunjuk khusus:Soal Pilihan Ganda:
1. Pilihlah salah satu jawaban yang paling tepat dengan memberikan tanda silang (x) pada salah satu pilihan jawaban A, B, C, D, E pada lembar jawaban yang disediakan!
2. Apabila ada jawaban yang anda anggap salah, dan anda ingin memperbaikinya, tidak diperbolehkan menggunakan correction pen (tipe-x) atau penghapus, melainkan dengan cara seperti dibawah ini:
Semula : A B C D EDibetulkan : A B C D E
Soal Uraian1. Jawablah dengan singkat dan jelas2. Untuk perbaikan menjawab soal uraian (esai) dengan cara mencoret jawaban yang salah
dengan dua garis dan menuliskan di atas jawaban yang diperbaiki.
SELAMAT BEKERJA
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 1
DOKUMEN NEGARASANGAT RAHASIA
KURIKULUM 20 13 SOAL SUSULAN
A. Pilihan Ganda Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing salah sawijining aksara A, B, C, D utawa E!
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Nuladha laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama.
1. Pitutur luhur kang kamot ana ing tembang dhuwur yaiku ….
A. Menawa dadi menungsa kang utama kudu sregep nyambut gawe
B. Menawa dadi menungsa kang utama kudu milih agama sing paling becik
C. Menawa dadi menungsa kang utama kudu bisa ngurangi lan ngalahke hawa nepsu
D. Manungsa kudu gelem sinau
E. Manungsa kudu nyingkiri tumindak angkara
2. Tembang kang jumbuh kanggo nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun
bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku ….
A. Mijil
B. Sinom
C. Durma
D. Kinanthi
E. Asmaradhana
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Suprandene gayuh utami
Duk wiwit prang Ngalengka
Dennya darbe atur
Mring raka amrih raharja
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 2
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara
3. Miturut tembang ing dhuwur, paraga kang gugur mbelani negarane saka amuke
wadyabala Prabu Ramawijaya yaiku ....
A. Satriya
B. Sugriwa
C. Sumantri
D. Dasamuka
E. Kumbakarna
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Lire lelabuhan tri prekawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang manggada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
4. Ukara kang tegese lelabuhane Patih Suwanda bisa mrantasi gawe, yaiku ....
A. bisa mati ngrana
B. binudi dadya unggule
C. bantu prang manggada
D. purune sampun tetela
E. bisa saniskareng karya
Gatekna tembang ing ngisor iki !
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
Lan Pandhawa tur kadange,
Len yayah tunggil ibu,
Suwita mring Sri Kurupati,
Aneng nagri Ngastina,
Kinarya gul- agul,
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 3
Manggala golonganing prang,
………………………………..
5. Manggala golonganing prang nduweni teges ....
A. Medan perang
B. Musuh perang
C. Prajurit perang
D. Perang tanding
E. Panglima perang
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 6 lan 7 !
Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi
6. Pitutur kang kamot ana ing tembang dhuwur yaiku ….
A. Yen kurang pangati-ati.
B. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban.
C. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan.
D. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe.
E. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene.
7. Tembang Kinanthi ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
A. 6 B. 7
C. 8
D. 9
E. 10
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 4
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
8. Pitutur luhur kang kamot ana ing tembang dhuwur yaiku ....
A. Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara.
B. Manungsa kudu milih agama sing paling becik.
C. Nalika mulang anak kudu nganggo kidung.
D. Manungsa kudu sregep nyambut gawe.
E. Manungsa kudu gelem sinau.
Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki!
9. Piranti gamelan ing dhuwur iku diarani ….
A. rebab
B. saron
C. kempul
D. kenong
E. gambang
10. Ing ngisor iki piranti gamelan kang cara ngunekake digesek ….
A.
B.
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 5
C.
D.
E.
Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit. Kendhang
ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Kendhang
diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. kendhang ing
musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik.
11. Teks ing dhuwur iku kalebu teks eksposisi ….
A. analisis
B. ilustrasi
C. definisi
D. klasifikasi
E. kosok balen
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki !
(1) Aja nganggo klambi ijo ana ing Parang Tritis.
(2) Aja nganggo katok abang ing wayah purnama.
Aja dolanan beras mundhak tangane kriting
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 6
Yen madhang ora usah karo ngombe, mundhak kekarepane ora kagayuh.
Aja lungguh bantal mundhak udunen
12. Ukara – ukara ing dhuwur kang kalebu tuladha wewaler yaiku ….
A. (1),(2)
B. (2),(3)
C. (2),(5)
D. (1),(4)
E. (3),(5)
13. Aja ngawur nandur wit-witan. Wewaler kasebut duweni teges ….
A. Yen nandur wit-witan kudune sakpenake tanpa metungake bebaya kang bakal kedaden magepokan karo owah –owahe mangsa
B. Yen nandur wit-witan kudune sing gampang ambruk neng pinggire dalan lan ora kuwat yen kena angina lisus
C. Yen nandur wit-witan kudune gelem metungake bebaya kang bakal kedaden magepokan karo owah-owahe mangsa
D. Yen nandur wit-witan kudune gampang ambruk kang bakal kedaden magepokan karo owah-owahe mangsa
E. Yen nandur wit-witan kudune mangsa rendheng lan tanpa nyawang gunane ing dalan uga masarakate
14. Aja sok tumbak cucukan,mundhak dadi wong kafir. Tumbak cucukan tegese ….
A. seneng tetulungB. seneng critoC. seneng adu-aduD. seneng dolanE. seneng ngrungoke
Geguritan ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomor 15 !
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana....
Den semu
Geneya....?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
...miris...jebul datan anyandhang
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 7
15. Tegese tembung kang digaris ngisor geguritan ing dhuwur, yaiku ....
A. getih
B. awan
C. surup
D. angin
E. kringet
Gatekna wacan eksposisi ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 16!
Upacara penganten adat Jawa iku salah sawijine upacara sakral adat Jawa sing duwe
paugeran rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangake
sapatemon antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing kaya dene
ginambarake Raja lan Ratu. Padatan, rantaman inti upacara dileksanakake ing daleme
penganten putri. Sing dadi pamangku gati yaiku kulawarga penganten putri dibiyantu dening
kulawarga saka penganten kakung. Rantaman upacara penganten adat jawa antarane: siraman,
srah-srahan, upacara panggih, upacara balangan, upacara wiji dadi, pupuk temanten, sinduran,
timbang, dhahar klimah, mertui, sungkeman, lan resepsi.
16. Saka wacan eksposisi ing dhuwur ngrembug tema bab apa ….
A. Urut-urutane adat mantu budaya Jawa
B. Budaya Jawa Tengah
C. Maneka warna budaya mantu ing Jawa.
D. Budaya upacara adat mantu Jawa.
E. Nglestarikake budaya mantu.
Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja
ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang
dahat kinurmatan.
17. Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
A. salam pambuka
B. ancasing gati
C. surasa basa
D. wasana basa
E. purwaka basa
Pawarta kanggo mangsuli pitakonan nomer 18 !
Sawijining usaha jroning piranti musik, yaiku gawe lan adol drum. Manut ngrembakane
musik sing sangsaya rame ing ngendi-endi, kabutuhan marang piranti musik drum uga
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 8
sansaya akeh. Malah produksi drum pira wae cacahe, mesthi bakal payu. Genah cetha, kuwi
dadi peluang usaha sing njanjekake.
Priya sing jeneng jangkepe Arto Subiyanto iki wis usaha gawe drum awit taun 1990-an.
Sadurunge taun 1980-an, dheweke tau dadi karyawan home industri sing uga gawe drum.
Jalaran juragane nutup usaha kuwi, wekasane kanthi sangu pengalaman lan niat sing tenan,
dheweke nekad mbuka usaha produksi dhewe.
(Kapethik saka Panjebar Semangat, 17 Februari 2018)
18. Manut wacan ing dhuwur Arto Subiyanto mbuka usaha gawe drum amarga ....
A. Ngrembakane musik sing sangsaya rame.
B. Kasengsem marang piranti musik drum.
C. Kabutuhan marang piranti musik drum sangsaya akeh.
D. Juragane nutup usaha home industri gawe drum.
E. Nggawe drum kuwi gampang lan adol drum bathine akeh.
Pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 19 !
APLIKASI OJEKKOE DADI PESAING GOJEK
Wis sesasi diluncurke, aplikasi ojek online iki wis katampa kanthi antusias, becik saka driver
arepa pangguna. Bab kuwi amarga Ojekkoe menehake 100% asil sing dikasilke saka driver
marang driver, nuli saka ngendi Ojekkoe oleh untung?
Sejatine, Ojekkoe ora njupuk persen saka asile driver. Nanging sistem sing mayokake neng
Ojekkoe yaiku saka pembayaran sewa sing dilakoke saka driver kanggo nggunakne aplikasi
driver Ojekkoe wiwit saka 10 ewu tekan 15 ewu rupiah.
Minggu 14 Februari 2016, tim Ojekkoe bali nganakne pendaftaran driver sing dilakokake
neng taman langsat kebayoran Jakarta.
Kapethik saka (http://pawartabahasajawa.blogspot.co.id/2016/02/aplikasi-Ojekkoe-dadi-
pesaing-gojek.html)
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 9
19. Miturut wacan ing dhuwur, tim Ojekkoe nganakake pendaftaran driver tanggal ....
A. 12 Februari 2016
B. 13 Februari 2016
C. 14 Februari 2016
D. 15 Februari 2016
E. 16 Februari 2016
Gatekna gambar ing ngisor!
20. Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhatan akeh di
temokake ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka pohung. Panganan tradisional
iku jenenge ….
A. thiwul
B. urap
C. sega megana
D. sega jagung
E. gendar pecel
Wayang wong menika salah satunggaling jinis pagelaran tradhisional Jawa. Wayang wong
menika gabungan saking seni drama ingkang ngrembaka ing negri Eropa kaliyan seni
pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika ngrembaka
ing Kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa bangsawan.
21. Ana ing pethilan teks eksposisi ing dhuwur ana tembung ngrembaka kang nduweni teges
yaiku ....
A. tumbuh
B. rintisan
C. bersemi
D. berkembang
E. kelestarian
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 10
Wektu iku ana siswa kang lagi wae rampung praktek saka industri. Dheweke diutus guru
maju sesorah bab industri, ora ana persiapan apa-apa, banjur gelem ora gelem dheweke kudu
maju.
22. Miturut pethilan crita ing dhuwur, metodhe sesorah kang digunakake siswa kasebut ….
A. maca teks
B. ekstemporan
C. impromptu
D. ngapalake teks
E. maca sithik
23. Katrangan kang ora kalebu ciri-cirine cerkak yaiku ….
A. paraga kang diceritakake owah nasibe
B. bisa ngenani biografi
C. perkara kang diceritakake mung siji
D. fakta, opini, bisa uga interpretasi
E. cacahe paraga akeh
Ing sawijining dina nalika Rudi lan Rukidi lagi ngrembug bab kanggo siap-siap menyang
industri, nalika kuwi kanca-kancane uga takon “kepiye, persiapan neng industri wis siap
durung, Rud?” pitakone kancane marang Rudi.
“Wis siap kabeh, muga-muga ora ana alangan apa-apa”. Wektu sansaya sore wis wayahe bali
neng omahe dhewe-dhewe, Rudi, Rukidi lan kancane kuwi kang lagi kumpul neng warung
kopi Mak Cor.
24. Latar panggonan pethilan novel ing dhuwur yaiku ….
A. sekolahan
B. warung kopi
C. dalan
D. omah
E. warung Tegal
Ing tlatah Prambanan ngrembaka crita rakyat kadadeyane Candi Sewu. Crita sing nyritakake
Bandung Bandawasa sing kepincut karo Rara Jonggrang. Ananging Rara Jonggrang ora
gelem dadi sisihane Bandung Bandawasa tanpa menehi sarat sing mokal bisa dilakoni.
Bandung Bandawasa dikon nggawe candi cacahe sewu sakjrone sewengi. Gandheng Bandung
Bandawasa iku sekti mandraguna, dheweke bisa nglakoni sarat kuwi mau, ing wayah tengah
wengi wis entuk 999 candi. Ngerti kahanan mangkono, Rara Jonggrang banjur gawe – gawe
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 11
supaya ora kasil anggone Bandung Bandawasa tandhang gawe. Mulane kabeh wong kon nutu
lan ngobong damen ana ing sisih wetan supaya dikira wis esuk. Ngerti Rara Jonggrang
tumindak culika, Bandung Bandawasa nesu banjur Rara Jonggrang di sabda dadi candi sing
kaping 1000.
25. Miturut isine, pethilan crita rakyat ing dhuwur kalebu ….
A. sage
B. mitos
C. fabel
D. legenda
E. dongeng
Gatekna pethilan cerkak ing ngisor iki!
Esuk-esuk Joko wis tekan ana ing kantor. Amarga udan deres Amat mangkat kerja rada gasik. Lagi wae tekan kantor Joko wis ditimbali marang pimpinane.“Jok, mreneya!”“ Inggih, Pak. Wonten menapa Pak?”“ Tulung jupukna berkas kang ana ing dhuwur lemari.”“ Sik, Pak. Aku njupuk ngombe sik.”“ Aja kesuwen ya“ Inggih, Pak. Menika sampun kula pendhetaken.”
26. Ukara kang kacithak kandel ing dhuwur, owahana miturut unggah-ungguh kang bener!
A. Sekedhap Pak, kulo mendhet ngombe sikB. Sekedhap Pak , dalem mendhet unjukan rumiyinC. Sekedhap Pak , dalem mendhet ngompe rumiyinD. Sekedhap Pak, kulo mendhet ngompe rumiyinE. Sekedhap Pak , kulo mendhet unjukan rumiyin
Pethilan teks cerkak kanggo mangsuli pitakonan nomor 27 !
Jam 06.00 esuk, Jono wis nganggo klambi rapi amarga dina iki arep mangkat kerja.
Ana ing panggonan kerja Jono kondhang dadi wong sing apik. Dheweke kalebu pawongan
kang sregep, ora tau telat kerja lan seneng tinulung marang kanca-kancane. Ana ing kantor
uga dadi wong kang di percaya, amarga saben pakaryan sing di cekel mesthi rampung lan
apik banget hasile. Merga saka iku Jono disenengi wong akeh ana ing kantore …
27. Pitutur luhur kang kamot ana ing pethilan teks cerkak ing dhuwur yaiku ….
A. Dadi wong iku kudu sabar lan narima.
B. Dadi wong iku kudu sregep sinau.
C. Dadi wong iku kudu seneng tulung tinulung.
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 12
D. Dadi wong iku kudu kurmat marang liyan.
E. Dadi wong iku kudu kurmat marang guru.
Pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa ana wates
ruwangan. Wujud ruwangan iki ora tanpa ngemu teges, iki aweh pralambang luruhe pribadi
Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan.
28. Salah siji piguna pendhapa yaiku kanggo ….
A. nampa tamu
B. nyimpen pari
C. nggelar wayang
D. nyimpen pusaka
E. ngumpul kulawarga
Selop utawa canela mujudaken lambaran samparan. Canela punika kadidene sepatu naming
kemawon krowok ing perangan wingking. Padhatan canela dipun agem piyantun kakung ing
adicara tartamtu.
29. Rantaman ukara-ukara ing inggil minangka paragraph deskripsi. Ing andhap punika
ingkang boten titikanipun wacana deskripsi inggih punika ….
A. Ngandharaken pokok pikiran kangge njembaraken kawruh
B. Nggambaraken sawijining kedadosan kanthi cetha
C. Maringi peprincen-peprincen saking sawijining barang
D. Ngajak pamaos supados kepranan
E. Ngandaraken pamrayoga marang bebrayan
30. Perangan pakaian adat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan batik. Lumrahe
sing nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing burine.
Perangan pakaian adat apa sing dikarepake saka wacan ing dhuwur ….
A. selop
B. jarik
C. keris
D. beskap
E. blangkon
31. Mangga para pamiyarsa menawi betahaken winih jagung ingkang top markotop,kula
aturi mundhut jagung Bisi 2.
Iklan kang ana ing dhuwur kuwi kalebu iklan ana ing ngendhi ....
A. kalawari
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 13
B. ariwarti
C. baliho
D. radhiyo
E. TV
Coba gatekna pethikan crita pengalaman ing ngisor iki!
Kaya padatan, saben dina ing panggonan magang bengkelku, aku mesthi teka paling keri
dhewe. Bab mau amarga aku ngerti yen saben dina kuwi bosku ing bengkel ora tau rawuh
gasik. Kena dipesthekake piyambake rawuh bubar bedhug dzuhur.
Dina kuwi aku teka ing bengkel kanthi mlaku alon-alon. Tekan bengkel kira-kira wis tabuh
10.00 WNIK.
“Wadhuh… telat suwe iki”, pikirku. Kanca-kanca wis padha tandang gawe.
“Cepet lho, Sur! Bose wis rawuh lho!” celathune kancaku.
“Halah... durung bedhug kok, paling ya isih molor... .” kandhaku.
“Ora kok, Bos cilik... Aku wis teka wiwit esuk...”, wangsulane wong ing mburiku.
Lha dalah…, jebule kuwi mau bosku. Aku kisinan banget!
32. Pengalaman mau kalebu crita pengalaman kang ....
A. lucu
B. nengsemake
C. nyedihake
D. seneng
E. trenyuh
Ing Ngastina,Dewi Kunthi ngairake bayi kang awujud bungkus.Dhawuhe Dewa,bungkus
kudu di buang ing alas Kredawahana.Ing pertapaan,Raden Permadi njelasake kahanan Bima
Bungkus marang Retawu Begawan Abiyasa.Amarga si bungkus ngegerake donya,Batara
Guru ngutus Gajah sena kanggo mecah si bungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo
ngajari babagan apik marang si bungkus.Sak sampunipun si bungkus pecah,si bungkus
mateni Gajah Sena.Banjur Batara Narada nerangake awake si bungkus lan maringi asma
Bratasena.Ratu Tasikmadu nyuwung tulung Bratasena kanggo mateni Raja Raseksa lan
patihipun.Sawise Raja Raseksa lan patihipu mati,kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.
33. Amanat kang bisa dijupuk saka crita Bima Bungkus kasebut yaiku ....
A. Kudu ati-ati marang apa kang ditindakake marang liyan.
B. Aja gampang nesu sakdurunge ngerti perkarane.
C. Sedhulur iku wong bisa dipercaya.
D. Kudu manut marang guru.
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 14
E. Guru ora mesthi pinter.
34. Sawise lulus tes, Anton bakal diwawancarai dening pangarsa PT Wika.
Menawa ditulis mawa aksara Jawa dadine ….
A. swi[slulu[sTs\a[nTonBklFiwwnCrai[fni=pz/s[%[#wikB. swi[slulu[sTs\,A[nTonBklFiwwvCrai[fni=pz/s%\#\wi@C. swi[slulu[sTs\A[nTonBklFiwwnCrai[fni=pz/s%\#\wikD. swiselulu[sTs\.A[nTonCklDiwwnBrai[fni=pz/s[%[#wikE. swi[slulu[sTs\a[nTonBklDiwwnCrai[fni=p=rs%\#\wik
35. ?swi[slulu[sTs\a[nTonBklFiwwnCrai[fni=pz/s[%[#wikAksara jawa ing dhuwur ana sing kurang trep yaiku ukara ….
A. SawiseB. AntonC. LulusD. WawancaraE. Wika
36. ?Ami/ [pzinBzet\mLebuHi=b[nDo[nsiyh[powe/.fillh,biji[n wiwit Kels\;10;apik\,mul[d[w[kKbisktutNlikfi[ts\,Miturut ukara ing dhuwur, Amir pengin banget kerja ing ….
A. Bank
B. Asuransi
C. Tanjung mas
D. Indonesia Power
E. Kacang Dua Kelinci
37. ? ami/ [pzinBzet\mLebuHi=b[nDo[nsiyh[powe/,Aksara jawa ing dhuwur ana sing kurang trep yaiku ukara ….
A. PengenB. AmirC. BangetD. PowerE. Mlebu
38. ?sbenFin[g+op+u/s}gepHf+nMg]ib\,bub/[zwziHibu[n,bvJu/mLyu ai=mesJif\,
Manut ukara ing dhuwur, sing sregep jenenge ....
A. Fatimah
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 15
B. Khotijah
C. Ghofur
D. Afrizal
E. Khumaeroh
39. ai = [b=[klBzunNn Hn gerinF;10; [moX n\ ;2;[a[mB/ ;20;Cacahe gerinda ing bengkel bangunan kasebut ana ….
A. 2
B. 5
C. 8
D. 10
E. 25
40. Sasi Januari Syifa lan Risa wiwit magang ing kantor Telkom Semarang.
Ukara kasebut menawa katulis mawa aksara Jawa yaiku ….
A. ssijnuwri$-ip+lnRi$wiwitMg=ai=k[nT/o[#[lKom°emr=B. ssijnuwris-ip+lnRiswiwitMg=ai=k[nT/o[t[lKomSemr=C. ssijnuari$i-p+lnRi$wiwitMg=ai=k[nT/o[#[lKom°emr=D. ssijnuwri$-iplnRi$wiwitMg=ai=k[nT/o#e[lKo[m°mr=E. ssijnuaris-ip+lnRiswiwitMg=ai=k[nT/ote[lKo[mSmr=B. Uraian
41. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Lire lelabuhan tri prekawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang manggada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
Tegese tembung-tembung ing ngisor iki yaiku ….
a. Guna : ……………..
b. Kaya : ………………
c. Purun : ……………..
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 16
42. “Aja dolanan beras mundhak tangani kriting”.
Wewaler kasebut duweni teges ….
Wacan teks geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 43 !
Nanging kurang kawruh
Umuk angkuh
Kaya pari kopong nyengonglong
Kaya klenthing lokak, kocak
43. Sempalan geguritan ing dhuwur tegese ....
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sawijine upacara sakral adat Jawa sing duwe
rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangake
sapatemonan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya
dene raja lan ratu. Padhatan, rantaman inti upacara dilakoni ing daleme penganten putri,
sing dadi pamangku gati yaiku wong tuwa utawa kulawarga pengantin putri dibiyantu
dening kulawarga saka pengantin kakung. Rantaman adicara pengantenan adat Jawa ing
saben laladan, beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga.
44. Miturut pethilan wacana eksposisi ing dhuwur, sebutna filosofi adat tradhisi Mantu!
45. Tulisa mawa aksara latin aksara Jawa ing ngisor iki!
? Ahmfik[rog+j+litukukWcixg;25;[awuai=kuq$emr=
numP[kMo[nT/omub_mb_znTitezhwezi.
*** SUGENG MAKARYA ***
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 17
KUNCI JAWABAN
UJIAN SEKOLAH MATA PELAJARAN BAHASA JAWA (SUSULAN)
KURIKULUM 2013
TAHUN PELAJARAN 2018/2019
A. KUNCI JAWABAN PILIHAN GANDA
1. C 6. E 11. C 16. D 21. D 26. D 31. D 36. D
2. D 7. A 12. E 17. E 22. C 27. C 32. A 37. B
3. E 8. A 13. C 18. D 23. C 28. A 33. B 38. C
4. E 9. D 14. C 19. C 24. B 29. D 34. B 39. D
5. E 10. B 15. A 20. A 25. D 30. E 35. E 40. A
B. KUNCI JAWABAN URAIAN
41. Guna : bisa mrantasi gawe
Kaya : bisa mboyong putri dhomas marang ratune
Purun : kekendelane wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka,ratu negara
Ngalengka
42. Beras minangka bahan makanan pokok,yen dienggo dolanan ora becik.
43. Lumrahe wong kang senengane ngomong umume ora ana isine
44. A. lakune adicara mantu lumaku miturut adat tradisi ana ing papan panggonan tinamtu
B. lakune prosesi pengantenan gumantung saka kersane pengantenan lan kulawarganipun
C. upacara pengantenan duwe tujuwan kang mulya kanggo nerusake sesambungan
anggone omah-omah
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 18
45. Ahmadi karo Ghozali tuku kwaci rega 25 ewu ing kutha Semarang numpak montor
mubeng-mubeng nganti tengah wengi.
PEDOMAN, DAN NORMA PENILAIAN
UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL
BAHASA JAWA (SUSULAN)
SMK GRAFIKA BAKTI NUSANTARA
TAHUN AJARAN 2018/ 2019
No Bentuk soal Jumlah soal Skor soal Skor pencapaian 1 Pilihan Ganda 40 2 802 Uraian 5 4 20
Jumlah perolehan nilai maksimal
100
Ket:
Kriteria penilaian soal Uraian
Kegiatan Skor Siswa menjawab dengan sangat baik 4Siswa menjawab dengan baik 3Siswa menjawab dengan cukup baik 2Siswa menjawab tetapi masih kurang baik 1Siswa tidak menjawab 0
USBN SUSULAN BAHASA JAWA KUR.2013 2018/2019 Page 19