tugas bahasa jawa profile (elviera rossiana rahmawati)

3
Profile Elviera Rossiana Rahmawati Pribadi Kang Kebak Inspirasi Guru Program Studi Teknologi Informasi dan Komunikasi SMA Negeri 1 Sentolo menika asmane Elviera Rossiana Rahmawati lan cekap dipunaturi Bu Erri utawi Bu Vera mekaten kemawon. Ibu Erri menika lahir ing Kulon Progo tanggal 15 Oktober 1985. Bu Erri menika gadhah kapridaian kang becik lan kathah inspirasi utawi ide-ide kanggé murid-muridipun, mbok bilih Bu Erri menika wonten ing sekolahipun dados Guru ingkang gaul marang muridipun, mekaten gampangipun. Amarga saking sifatipun, Bu Erri dipun remeni marang muridipun amargi saged maringi Inspirasi utawi ide-ide marang muridipun kanggé kemajengan muridipun. Guru Program Studi Teknologi Informasi dan Komunikasi utawi Guru TIK menika griyanipun wonten ing Mabean, Karangséwu, Galur, Kulon Progo lan sampun gadhah garwa lan sampun kagungan setunggal laré setri. Saklajengipun Bu Erri menika rikala SD sekolah wonten ing SD Negeri Prembulan lan ing wanci kasebat Bu Erri gadhah préstasi kanthi kathah kayata juwara nembang lan maos puisi.Medal taun 1997 Bu Erri nglajengaken ing SMP Negeri 2 Galur, ing sekolah SMP menika Bu Erri inggih gadhah prestasi ingkang ngremenaken kaya déné juwara nembang lan macapat. Saklulusipun saking SMP 2 Galur taun 2000 Bu Erri nglajengaken sekolah wonten ing SMA Negeri 1 Wates, setunggal maléh wonten ing SMA Bu Erri gadhah prestasi inggih menika Juwara kalih téater tingkat provinsi. Ibu kang gadhah remenan nembang niki Nama : Wahyu Ari wibowo No : 25 Kelas : XII IPA 2

Upload: waqhyoe-arryee

Post on 22-Jun-2015

75 views

Category:

Education


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Tugas bahasa jawa profile (elviera rossiana rahmawati)

Profile

Elviera Rossiana RahmawatiPribadi Kang Kebak Inspirasi

Guru Program Studi Teknologi Informasi dan Komunikasi SMA Negeri 1 Sentolo menika asmane Elviera Rossiana Rahmawati lan cekap dipunaturi Bu Erri utawi Bu Vera mekaten kemawon. Ibu Erri menika lahir ing Kulon Progo tanggal 15 Oktober 1985. Bu Erri menika gadhah kapridaian kang becik lan kathah inspirasi utawi ide-ide kanggé murid-muridipun, mbok bilih Bu Erri menika wonten ing sekolahipun dados Guru ingkang gaul marang muridipun, mekaten gampangipun. Amarga saking

sifatipun, Bu Erri dipun remeni marang muridipun amargi saged maringi Inspirasi utawi ide-ide marang muridipun kanggé kemajengan muridipun. Guru Program Studi Teknologi Informasi dan Komunikasi utawi Guru TIK menika griyanipun wonten ing Mabean, Karangséwu, Galur, Kulon Progo lan sampun gadhah garwa lan sampun kagungan setunggal laré setri. Saklajengipun Bu Erri menika rikala SD sekolah wonten ing SD Negeri Prembulan lan ing wanci kasebat Bu Erri gadhah préstasi kanthi kathah kayata juwara nembang lan maos puisi.Medal taun 1997 Bu Erri nglajengaken ing SMP Negeri 2 Galur, ing sekolah SMP menika Bu Erri inggih gadhah prestasi ingkang ngremenaken kaya déné juwara nembang lan macapat. Saklulusipun saking SMP 2 Galur taun 2000 Bu Erri nglajengaken sekolah wonten ing SMA Negeri 1 Wates, setunggal maléh wonten ing SMA Bu Erri gadhah prestasi inggih menika Juwara kalih téater tingkat provinsi. Ibu kang gadhah remenan nembang niki saksampuni lulus saking SMA taun 2003 banjur nglajengaken kuliyah wonten ing UPN Veteran Yogyakarta mendhet jurusan TI utawi Teknologi Informasi.

Ibu kang gadhah motto “Mboten Usah Pados Ingkang Apik Ananging Dadosa Piyambakipun Piyambak” menika saklulusipun saking UPN taun 2007, lajeng pados kerja ing pundi-pundi kayata : dados --------- ananging Bu Erri menika mutusaken dados guru lan alhamdulillah saged ketampi wonten ing SMA Negei 1 Sentolo dados Guru TIK. Amargi yuswa Bu Erri taksih eném yaiku 27 taun, dados kathah muridipun luwih remen marang Bu Erri katimbang guru-guru ingkang sampun sepuh mboten niku kemawon Bu Erri menika gadhah kerja sampingan kanggé nyekapi kabetahanipun, Bu Erri mbikak usaha kayata warung ingkang alit lan usaha sepet. Miturut Bu Erri, panjenenganipun remen dados guru amargi saged maringi pitudhuh kangge kemajengan

Nama : Wahyu Ari wibowoNo : 25Kelas : XII IPA 2

Page 2: Tugas bahasa jawa profile (elviera rossiana rahmawati)

muridipun, ananging panjenenganipun gadhah raos prihatin amargi mboten saged maringi ilmu kang dhuwur sanget lan mboten saged njumbuhaken raos sabar.

Mboten niku kemawon Ibu kang gadhah remenan kempal marang kaluwarganipun niki ngendika urip menika kedhah wonten kasih sayang, pada gotong royong mbiantu marang kancanipun, lan kedhah wonten sifat ikhlas. Amargi, umpami wonteng ing urip menika mboten wonten sifat kasebat saged ndadosaken tiyang ingkang angkuh lan mboten purun réwang dhateng seduluripun. Lan panjenengaipun ngendika malih menawi saged mujudkaken menapa kemawon ingkang dipun péngini kita kedhah purun ngorbanaken menapa kemawon, lan kedhah saged manfaataken kesempatan menapa kemawon. Amargi niku sadaya saged njumbuhaken raos disiplin lan semangat kangge mujudaken menapa kemawon. Contonipun badhe nglamar kerja, sadaya lowongan ingkang dipun remeni kedhah dipun cobi sadaya, amargi niku sampun mujudaken raos mboten gampil nyerah anggenipun pados menapa ingkang dipun péngini.

Narasumber

Elviera Rossiana R.