tugas bahasa jawa parikan dan wangsalan

2
Carane ngarang parikan Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho. 1. A. Wangsalan Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen- unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane. Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang. Wangsalan jroning pacelathon Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn) Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan) Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali) Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras) Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok) Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa) Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada) Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok) Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg) Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang (ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese) Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras. (godhong garing = klaras; nglaras)

Upload: tomi-adi-putra

Post on 21-Oct-2015

2.250 views

Category:

Documents


8 download

TRANSCRIPT

Page 1: Tugas Bahasa Jawa Parikan Dan Wangsalan

Carane ngarang parikanSing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

1. A.     Wangsalan

Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.

 Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.

 Wangsalan jroning pacelathon Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)

Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)

Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)

Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras)

Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)

Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)

Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)

Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)

Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)

Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang

(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese) Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.

(godhong garing  = klaras; nglaras)

Wangsalan èdi pèni

Page 2: Tugas Bahasa Jawa Parikan Dan Wangsalan

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)

Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

Wangsalan awujud tembang Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha

wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.

- kenthang rambat = tèla- menyan putih = wlirang- cecongkak wohing kalapa = bathok