tradisi kirab suran mbah demang

11
Tradisi Kirab Suran Mbah Demang Dening : 1. Angga Oktyashari (01) 2. Nurrohmah (16)

Upload: oktyashari

Post on 26-Jul-2015

79 views

Category:

Education


9 download

TRANSCRIPT

Page 1: Tradisi kirab suran mbah demang

Tradisi Kirab Suran

Mbah DemangDening :

1. Angga Oktyashari (01)2. Nurrohmah

(16)

Page 2: Tradisi kirab suran mbah demang

Tradisi Suran Mbah Demang dipuntindakaken

kagem ngenang kiprah Demang Cokrodikromo.

Ki Demang Cokrodikromo inggih menika tiyang

ingkang gentur tapane (gedhe laku prihatine),

nduweni kharisma ingkang inggil, disegani, lan

dihormati wonten ing masyarakat sekitar.

Suran Mbah Demang

Page 3: Tradisi kirab suran mbah demang

Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang

mapan wonten ing dhusun Modinan,

Banyuraden, Gamping, Sleman. 

Suran Mbah Demang

Upacara adat ingkang sampun lumampah

atusan taun menika, kasunyatanipun

taksih narik kawigatosanipun para sanak

kadang saking tlatah pundi kemawon.

Page 4: Tradisi kirab suran mbah demang

Upacara tradisi suran Mbah Demang

dipuntindakaken saben setaun pisan, inggih menika

ing tanggal 7 sura lan wektunipun pas tengah wengi.

Suran Mbah Demang

Biaya ingkang dipunperluaken dados tanggunganipun

kerabat keturunanipun Ki Demang, lan tiyang ingkang

mimpin serta ngatur upacara inggih menika anggota

kerabat keturunan Ki Demang ingkang paling sepuh lan

dibantu sesepuh liyane.

Page 5: Tradisi kirab suran mbah demang

Kue satu Roti tawar Unjukan teh  dan

kopi Sekar setaman Sekar kebuli Sekul petak Perlengkapan

makan lsp.

Suran Mbah Demang

Sarana lan sesaji ingkang dipunperluaken inggih menika :

Dhaharan asrep Sambel goreng

asrep Jangan bening

asrep Tempe goreng Klepon Apem Sambel kering Tape Pisang

Page 6: Tradisi kirab suran mbah demang

Prosesi Upacara

Tradisi SuranMbah

Demang

Page 7: Tradisi kirab suran mbah demang

Suran Mbah Demang

Wiwit sonten, wonten sangajengipun dalemipun

Mbah Demang sampun kebak tiyang cacah ewon

ingkang sami rebat ngajeng saperlu nampi dum-

duman kendhi ijo ingkang isinipun sekul gurih

mawi lawuhipun ingkang awujud ketan tholo lan

gudhangan ingang dipunwungkus ngangge ron

pisang.

Page 8: Tradisi kirab suran mbah demang

Saparipurna adicara dum-duman kendhi ijo

lajeng dipunadani kirab pusaka saking

dalemipun Mbah Juru Permana swargi

(rumiyin minangka abdi dalem saking

Kraton Ngayogyakarta) dhateng dalemipun

Mbah Demang Cokrodikromo ing dhusun

Modinan.

Suran Mbah Demang

Page 9: Tradisi kirab suran mbah demang

Saparipurna acara kirab, lajeng dipunadani

srah-srahan gambaripun Mbah Demang lan

Mbah Juru Permana, lajeng acara nyiprati

toya suci, kalajengaken nglepasaken peksi

dara.

Suran Mbah Demang

Page 10: Tradisi kirab suran mbah demang

Wonten ing pucuking adicara slawatan,

dipunwaosaken donga, lajeng acara siraman ‘trah’

kademangan Modinan kanthi ngangge toya suci

ingkang kapendhet saking sumur Mbah Demang.

Sasampunipun siraman trah rampung, lajeng

gantosan para pengunjung sami rebat biyada

saperlu badhe pados toya suci amargi kepengin

pikantuk katentreman ing panggesanganipun lan

katentreman ing kaluwarganipun.

Suran Mbah Demang

Page 11: Tradisi kirab suran mbah demang

MATUR SUWUN

Wassalamu’alaikum Wr.Wb