ssekarang kita telah pergantian musim

2
PIDATO BASA JAWA Bismillahirrahmanirrahiim Assalamualaikum wr.wb Robbisrahli sadrii wayassirli amri wahlul u’datammillisaanii yafqohu qouli.. Sumangga langkung rumiyen sesarengan muji syukur Alhamdulillah dhumateng Allah SWT engkang tansah paring keselamatan, kesarasan, taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga kita saget makempal, silaturahmi wonten ing parepatan punika. Shalawat sarta salam senantiasa kita tujuaken dhumateng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW ingkang dados panutan kita ngantos ing mbenjing dumugi yaumul kiyamah. amin Engkang kawula hormati, sedaya rekan-rekan dokter engkang rawuh wonten ing mriki, kawula matur suwun sanget dhumateng rawuhipun panjenengan sami ingkang sampun makempal wonten ing parepatan agung punika. Rekan-rekan Dokter, sakmenika sampun wekdal wancinipun gantos musim, inggih menika saking musim ketiga dhumateng musim rendeng. Kados ingkang kita mangertosi sesarengan menawi pergantosan musim ngaten punika kathah wabah penyakit, pramila punika kedah ngantos-atos njagi kebersihan lingkungan lan kesarasan. Kangge nyegah penyakit demam berdarah,kawula badhe nerangaken sekedhik perkawis pencegahan penyakit demam berdarah. Ingkang kaping sepindah, kita kedah seget njagi lingkungan supados mboten wonten genangan toyo kangge njagi kedadosan sarang nyamuk. Kanthi cara, kita nindakaken 3M inggih punika mengubur,menutup,menguras. Mengubur punika ing antawisipun mendem barang-barang bekas ingkang ndadosaken toyo saget nyembong. Menutup punika ing antawisipun toyo kedhah dipun tutupi amrih nyamuk mboten saget mlebet lan toyo ingkang sampun dipun tutupi kalawau , saben setunggal minggu sepindah, kedah dipun kuras supados mboten wonten sarang nyamuk aides aygepti. 3M punika ingkang langkah sepindah, langkah kaping kalih ing antawisipun penyemprotan dateng dalem dalem masyarakat kangge nyegah perkembangbiakan nyamuk aides aygepti. Sarehne wonten kedadosan nganten menika, kita badhe ngawontenaken pembentukan panitia ingkang dipun tugasaken kangge nyemproti dalem-dalemipun warga sekitar. Ewadene rembugan babagan kegiatan punika, kita ngawontenaken

Upload: hafid-ilham-mahmudi

Post on 29-Jan-2016

242 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

sdf

TRANSCRIPT

Page 1: Ssekarang Kita Telah Pergantian Musim

PIDATO BASA JAWA

Bismillahirrahmanirrahiim

Assalamualaikum wr.wb

Robbisrahli sadrii wayassirli amri wahlul u’datammillisaanii yafqohu qouli..

Sumangga langkung rumiyen sesarengan muji syukur Alhamdulillah dhumateng Allah SWT engkang tansah paring keselamatan, kesarasan, taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga kita saget makempal, silaturahmi wonten ing parepatan punika.

Shalawat sarta salam senantiasa kita tujuaken dhumateng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW ingkang dados panutan kita ngantos ing mbenjing dumugi yaumul kiyamah. amin

Engkang kawula hormati, sedaya rekan-rekan dokter engkang rawuh wonten ing mriki, kawula matur suwun sanget dhumateng rawuhipun panjenengan sami ingkang sampun makempal wonten ing parepatan agung punika.

Rekan-rekan Dokter, sakmenika sampun wekdal wancinipun gantos musim, inggih menika saking musim ketiga dhumateng musim rendeng. Kados ingkang kita mangertosi sesarengan menawi pergantosan musim ngaten punika kathah wabah penyakit, pramila punika kedah ngantos-atos njagi kebersihan lingkungan lan kesarasan. Kangge nyegah penyakit demam berdarah,kawula badhe nerangaken sekedhik perkawis pencegahan penyakit demam berdarah. Ingkang kaping sepindah, kita kedah seget njagi lingkungan supados mboten wonten genangan toyo kangge njagi kedadosan sarang nyamuk. Kanthi cara, kita nindakaken 3M inggih punika mengubur,menutup,menguras. Mengubur punika ing antawisipun mendem barang-barang bekas ingkang ndadosaken toyo saget nyembong. Menutup punika ing antawisipun toyo kedhah dipun tutupi amrih nyamuk mboten saget mlebet lan toyo ingkang sampun dipun tutupi kalawau , saben setunggal minggu sepindah, kedah dipun kuras supados mboten wonten sarang nyamuk aides aygepti. 3M punika ingkang langkah sepindah, langkah kaping kalih ing antawisipun penyemprotan dateng dalem dalem masyarakat kangge nyegah perkembangbiakan nyamuk aides aygepti. Sarehne wonten kedadosan nganten menika, kita badhe ngawontenaken pembentukan panitia ingkang dipun tugasaken kangge nyemproti dalem-dalemipun warga sekitar. Ewadene rembugan babagan kegiatan punika, kita ngawontenaken rapat pembentukan panitia ingkang badhe dilaksankaken enjing dinten Minggu, 2 Ferbuari 2014. Harepanipun, sedaya saget rawuh ing pakempalan punika.

Semanten ingkang saget kula aturaken dhumateng rekan-rekan dokter perkawis kegiatan ingkang enggal-enggal kita tumindakaken. Mugi-mugi kanthi ridha Allah SWT enggal saget kita lampahi kanthi lancar lan mboten wonten alangan suetunggal menopo.

Billahitaufik wal hidayah.. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Alhamdulillah

Fidha Prisnanda Putri

9

XII IPA 7