quran suci jarwa jawi — javanese translation and...

254
QUR’AN SUCI DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali www.aaiil.org JARWA JAWI

Upload: nguyendieu

Post on 15-Mar-2018

433 views

Category:

Documents


15 download

TRANSCRIPT

QUR’AN SUCI

DALAH TAFSIRIPUNMaulana Muhammad Ali

www.aaiil.org

JARWA JAWI

SURAT 27

AN-NAML

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(7 ruku’, 93 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kanjeng Nabi tampi timbalan, kados déné Kanjeng Nabi Musa makaten. Ruku’ 2, 3. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Ruku’ 4. Kanjeng Nabi Salih lan Kanjeng Nabi Luth. Ruku’ 5. Para angèstu badhé dipun dadosaken luhur. Ruku’ 6. Qiyamat ruhani. Ruku’ 7. Sirnanipun para milawani ingkang ageng-ageng.

Namanipun

Namanipun surat punika kapendhet saking ayat 18 ingkang nyebutaken satunggaling pancer ingkang namanipun Naml, gagandhèngan kaliyan carios panglurugipun Kanjeng Nabi Sulaiman lumawan Ratu Putri ing Saba’. “Naml” ing ngriki ingkang dipun karsakaken pancer ingkang namanipun “Naml,” dados sanès semut, kados déné ingkang katerangaken ing 1847.

Ingkang kawarsitakaken

Bab prakawis titimangsanipun tumurunipun surat punika tuwin panggènanipun wonten ing Quran, mirsanana purwaka ingkang minangka kateranganipun surat ingkang sampun. Ing ngriku ugi sampun katerangaken bilih ing bab ingkang karembag, punika mèh sami kémawon kaliyan ingkang karembag wonten ing surat ingkang sampun. Quran punika sabda pangandikanipun Gusti Allah ingkang katampi déning Kanjeng Nabi saking langit, boten prabéda lan timbalaning Pangéran ingkang katampi déning Kanjeng nabi Musa wonten ing Redi Sina, sarta mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi dipun patrapi kados déné patrapan ingkang katumrapaken dhateng mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Musa. Punika pathinipun ruku’ ingkang sapisan. Ruku’ ingkang kaping kalih lan kaping tiga ngandharaken lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman, ing ngriku kaluhuranipun Kanjeng Nabi ing wekdal ingkang badhé dhateng kapratélakaken. Menggah ing sajatosipun lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman punika péranganipun babad Musawiyah (babad lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa lan bangsa Bani Israil), jalaran mumbul-mumbulipun kaluhuraning Karaton Bani Israil, punika ing nalika jamanipun Kanjeng Nabi Sulaiman, sarta kados déné ingkang sampun kasumerepan ing ngakathah, ngantos sasédanipun Kanjeng Nabi Musa karaton Israil dèrèng wonten. Nanging tumrap Kanjeng Nabi Muhammad saw. sampun pinasthi kasinungan kaluhuraning kenabian akaliyan karaton, kaluhuranipun Kanjeng Nabi Sulaiman lan andhap asoring kenabian Kanjeng Nabi Musa. Nalika sugengipun, panjenenganipun sampun dipun akeni dados ratuning tanah Arab, éwadéné nadyan panjenenganipun punika kasinungan kaluhuraning ratu, panjenenganipun tetep sugeng kalayan pasaja sanget, sugeng pasaja ingkang dèrèng naté katindakaken déning Kanjeng Nabi Musa, sanajan ta sugengipun Kanjeng Nabi Musa punika dados pangageng ingkang nglembara wonten ing ara-ara samun. Ruku’ sanès-sanèsipun ing surat punika nyebutaken paratélan cekakan; ruku’ angka sakawan lalampahanipun Kanjeng Nabi Salih lan Kanjeng Nabi Luth, mengsah-mengsahipun sami dipun lebur; déné ruku’ ingkang kaping gangsal kénging kaanggep sambetipun ingkang trep ruku’ ingkang kaping sekawan, inggih punika bilih para angèstu badhé sinengkakaken ing ngaluhur. Ruku’ ingkang kaping enem nerangaken bilih kamenanganipun Kanjeng Nabi punika boten badhé awujud leburipun babar pisan

Surat 27 Kanjeng Nabi kados Kanjeng Nabi Musa 1021

RUKU’ 1

Kanjeng Nabi tampi timbalan, kados déné Kanjeng Nabi Musa

1-3. Quran Suci punika tuntunan. 4-6. Pèpènget tumrap para atindak dédé. 7-12. Kanjeng Nabi Musa tampi timbalan. 13, 14. Temahanipun angemohi.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Allah Ingkang-wilasa-Né ang-limputi, Ingkang-Miyarsa!a Iki ayat-ayating Quran lan Kitab kang agawé terang;b

2 Tuntunan lan warta bubungah tumrap para kang angèstu.

3 Kang padha anjumenengaké salat lan ambayar zakat sarta marang akhirat dhèwèké padha yakin.

4 Wondéné para kang padha ora angèstu ing akhirat, sayekti tumrap dhèwèké Ingsun wus amamaèsi panggawé-panggawéné, ananging dhèwèké padha bingung mak-makan.1840

mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, kados déné para nabi wau, nanging awujud gesangipun malih ruhaniyahipun para titiyang, ingkang sajakipun sampun budheg, tur mawi sanget, bisu lan pejah. Ngemungaken mengsah ingkang ageng-ageng ingkang badhé sumingkir; punika katerangaken wonten ing ruku’ ingkang wingking piyambak.

______________

1840. “Panggawé-panggawéné” punika karsanipun: pandamel ingkang mesthinipun kedah katindakaken, dados sanès tindak adamel wisuna ingkang katindakaken para titiyang wau. Jalaran bab prakawis tindakipun adamel wisuna para titiyang wau, sampun kasebutaken kalayan terang wonten ing panggènan sanès makaten: “Sarta sétan amamaèsi tumrap dhèwèké apa kang wus padha dilakoni,, (6:43). Lah ing ngriku kasebutaken: apa kang wus padha dilakoni, boten panggawé-panggawéné.Dados sampun terang, bilih ingkang mamaesi tindak adamel wisuna tumrap para ingkang atindak awon, punika sétan; déné ingkang dipun remeni ing Allah, punika pandamel saé. Kanggé ngiyataken bab prakawis punika, prayogi kapethik ing ngriki dhawuh ing 49: 7 ingkang mungel makaten: “Ananging Allah andhemenake sira marang iman sarta amamaèsi atinira, apa déné anggethingaké sira marang kakafiran lan pamurang-yekti tuwin pambaléla.”

a. 1802

b. 1803

Ut. mukmin

An-Naml Juz XIX 1022

5 Yaiku para kang bakal olèh siksa kang ala sarta ana ing akhirat bakal dadi wong kang banget kapitunan.1841

6 Lan sayekti temen sira iku wus kaparingan Quran saka ngar-sané Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Udani.

7 Nalikané Musa acalathu ma-rang kulawargané: Sayekti aku weruh geni; mengko dak-teka mréné anggawa warta prakara iku, utawa dak-mréné anggawa obor murub, supaya kowé padha bisa api-api.

8 Bareng dhèwèké wus teka ing kono, ana swara winahya, ujaré: Binarkahan sapa kang anggolèki geni iku lan sapa kang ana ing sakukubané; lan Mahasuci Allah, Pangéraning ngalam kabèh:1842

9 O, Musa! sayektiné, Aku iki Allah, Ingkang-Mahamulya, Ing-kang-Wicaksana:

1841. Péranganipun ingkang wekasan ayat punika nedahaken, bilih siksa ingkang awon ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika siksa ingkang mesthi andhawahi piyambakipun wonten ing gesang sapunika punika amargi kapitunan ingkang langkung ageng malih taksih sumimpen tumrap piyambakipun wonten ing akhirat.

1842 Tembung punika dipun suraos warni-warni. Ingkang prayogi piyambak ingkang nyuraos tembung fi (wantahipun ateges ing dalem) anggolèki utawi ngupaya. Sawenèh anggènipun nyuraos AH dhateng ukara punika makaten: wong kang ana ing panggonan utawi kang ngener prenahing geni manut panyawangé. Rz nerangaken Kanjeng Nabi Musa kénging winastan fin-nâr, margi saking anggènipun celak kaliyan latu, awit Rz wau nerangaken bilih tiyang ingkang celak sanget kaliyan satunggaling barang, punika winastan dumunung ing ngriku. Kitab Tâju-t-Tafsir anggènipun nembungaken panyuraos ingkang kados makaten wau kalayan tetembungan ingkang /

terang gamblang makaten: jawinipun: wong kang ngupaya iku lan nedya marang iku. Panyuraos sanèsipun malih, inggih punika man ing ngriki boten ateges sapa (wong) nanging apa, déné ingkang dipun maksud: panggènan dunungipun latu manut pamirsanipun Kanjeng /

Nabi Musa (AH, Rz, Bd). Déné apa kang ana ing sakukubané, punika lajeng ateges tanah ingkang binarkahan ingkang kasebut ing piweca, awit kathah para nabi ingkang kajumenengaken wonten ing ngriku (Bd).

Ut. apa ...... apa ing dalan Ut. apa

Surat 27 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman 1023

10 Lan tibakna tekenira. Lah bareng dhèwèké weruh iku obah kaya déné ula,a (banjur) mungkur angoncati lan ora bali. O, Musa! aja wedi: sayekti, ana ngarsa-Ku, para utusan iku ora bakal wedi:

11 Lan (iya) ora (bakal wedi)1843

sapa kang wus atindak dudu banjur salin alaku becik sawisé ala, amarga sayekti Aku iki Apara-marta, Mahaasih:

12 Lan tanganira lebokna ing bubukaning dhadhanira, iku metu-né bakal putih tanpa cacad:b

kalebu pratandha sasanga marang Fir’aun sabangsané; sayekti dhè-wèké iku bangsa kang duraka.

13 Bareng pratandha-pratandha-Ningsun kang cetha wus anekani dhèwèké, padha calathu: Iki kemayan kang tétéla.

14 Lan dhèwèké padha ange-mohi iku kalawan tindak dudu sarta kumalungkung, kang mang-ka, jiwané padha yakin; lah limba-ngen, kapriyé temahané para wong kang padha agawé wisuna.

RUKU’ 2

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman

15-19. Wiyaripun karajanipun kanjeng Nabi Sulaiman. 20-31. Raja putri Saba’.

1843. Miturut Mugni, tembung illâ ing ngriki sami kaliyan wa (jawinipun lan). Minangka wawaton Mugni nyebutaken katranganipun Akhfasy, Farra, tuwin Abu ‘Ubaidah, ingkang nerangaken bilih illawau namung lugu tembung panggandhèng. Nanging rèhning tembung lâ ing ukara ingkang sampun, ingkang dipun sambeti ing ukara ingkang wau, kedahipun kasuraos dhumawah sasampunipun wa, mila tegesipun ingkang leres tembung illâ ing ngriki punika: lan ora utawi lan iya ora. Ngulami sanès nyuraos ing ngriki kanggé murwani pratélan enggal (Bd.) Utawi illa punika sami kaliyan lâkin,jawinipun nanging (R), déné suraosing dhawuh: Nanging sapa kang atindak dudu, banjur salin alaku becik sawisé ala, lah sayekti Ingsun iki Aparamarta, Mahaasih.

a. 926, 1581

Ar. alab. 926, 1582

An-Naml Juz XIX 1024

Ut. jaran

15 Lan sayekti temen Ingsun wus aparing kawruh marang Dawud lan Sulaiman, sarta sakaroné padha munjuk: Sadaya pangalembana punika kagunganipun Allah, Ing-kang sampun anglangkungaken kawula angungkuli para mukmin kathah, kawula-Nipun.

16 Lan Sulaiman iku warisé Dawud, lan calathu: É, para manu-sa, aku wineruhaké (surasané) unining manuk1844 sarta aku pina-ringan mubra-mubru;1845 sayekti iki temen lubèring paparing kang tétéla.

17 Lan wadyabalané, arupa jin lan manusa sarta manuk padha di-impun marang (ngarepé) Sulaiman, banjur padha tinata sajuru-juru.1846

1844. Tembung manthiq punika asal saking tembung nuthq, tegesipun ingkang asli wicara ingkangwijang-wijang utawi suwanten ingkang mungel sareng, ingkang kaucapaken déning lisan sarta katampi ing talingan (Rgh). Manawi tembung wau dipun anggé kanggé nembungaken tumrap sanèsipun manusa, lajeng kaanggep dados tembung ngibarat, sarta kéngang-kénging kémawon migunakaken tembung wau, waton tiyang mangertos tegesipun, nadyan saged ugi punika sanès wicara ingkang wijang-wijang (Rgh). Kanjeng Nabi Sulaiman mangertos suraosing suwantenipun peksi, punika saged ugi namung mengku teges anggèning panjenenganipun sok migunakaken peksi kanggé andhatengaken dhawuh utawi pawartos dhateng pundi pundi, dados dhawuh-dhawuh utawi pawartos-pawartos punika kénging dipun ngibarataken ginemipun peksi. Utawi inggih saged ugi ateges sarananing sasambetan sanès-sanèsipun. Kula aturi mirsani ugi 1846, ing ngriku tegesipun tembung thair ingkang kasebut ing ayat 17, katerangaken. Salajengipun, dhawuh ingkang nungka ing sawingkingipun, ingkang andha-wuhaken bilih Kanjeng Nabi Sulaiman kaparingan mubra-mubru, punika anedahaken kalayan terang, bilih dipun tegesana punapa kémawon, ingkang dipun karsakaken wonten ing ngriki punika tetep namung saprakawis, inggih punika kasugihaning karatonipun Kanjeng Nabi Sulaiman ingkang atanpa wilangan kathahipun, ingkang kanggé nglurug nelukaken mengsahmengsahipun dhateng pundi-pundi.

1845. ing ngriki dipun terangaken para mufassirin ateges jawinipun: samukawis ingkang sampun kaparingaken dhateng panjenenganipun kalayan kathah sanget; déné tembung kull (sakabèhé) kanggé gentosipun tembung katsrah (akèh banget utawi mubra-mubru), punika kaanggep ngibarat (Rz). JB anggènipun nerangaken inggih kados makaten wau, makaten katranganipun: Ukara ingkang tegesipun wantah: si Suta weruh marang samubarang, punika ateges bilih piyambakipun punika jembar utawi kathah seserepan-ipun. Utawi saged ugi tegesipun punika: samukawis ingkang gagayutan kaliyan praja.

1846. Ing ngriki kapratélakaken bilih wadyabalanipun Kanjeng Nabi Sulaiman punika kapérang dados tigang golongan, jinn, manusa, tuwin thair. Bab prakawis jinn, sampun katerangaken ing 1647, bilih wadyabala jinn punika golonganipun titiyang paredèn ingkang sampun katelukaken Kanjeng Nabi Sulaiman. Ingkang dados rembag ing samangké, punapa tegesipun thair punika. Wadyabala tigang

Ar. samuba-rang

Surat 27 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman 1025

18 Nganthi, nalikané wis padha tumeka ing jujurang Naml1847 ana sawijining Naml wadon acalathu: É, Naml, padha lumebua ing omahmu, (supaya) kowé aja padha remuk déning Sulaiman sawadya-balané, kanthi dhèwèké padha ora weruh.

19 Mulané dhèwèké mèsem, gu-mun1848 marang pangucapé sarta

golongan sami kaimpun dados satunggal sarta katata sajuru-juru, punika nedahaken bilih tiga-tiganipun wau sadaya sami manusa. Tembung thair, utawi thâir, punika karimbag saking tambung thâra, ingkang tegesipun mabur; sarta tembung punika boten namung kanggé tumrap peksi kémawon, nanging, ugi kanggé nenbungaken barang sanès-sanèsipun ingkang mawa suwiwi” (LL). Thair tegesipun barang ingkang saged mabur; sarta ing sarèhning tembungipun pokok kénging dipun anggé tumrap barang ingkang boten gadhah suwiwi, mila thair (ingkang jama’ipun: thair kados déné ingkang kagem wonten ing ngriki) punika ugi kénging dipun anggé tumrap kèwan-kèwan ingkang rikat plajengipun kadosta kapal. Milanipun tembung thayyâr, rimbag amtsilah mabalagah-ipun thair, punika manawi bawa piyambak lajeng ateges kapal ingkang keras, trengginas, cukat ngantos mèh kados mabur margi saking santering plajengipun (TA-LL). Sarta ugi ateges tiyang sabregada (Q-LL). Tembung thayyârr ingkangugi rimbaganipun amtsilah mubalagah kriya-wacaka thâir, tegesipun tiyang ingkang cukat saha trengginas, kados déné ingkang kasebut ing paribasan jawinipun dhèwèké ikucukat lan trengginas, anggoné bali (Q-LL). Dados manawi suraosing dhawuh punika dipun werdèni kalayan katrangan ingkang kados makaten wau, ngleresaken dhateng pupuntoning pamanggih, bilih thair ing ngriki ateges kapal, inggih punika prajurit kakapalan, awit prajurit kakapalan makaten gampil dipun pindhah-pindhah kalayan rikat. Ingkang makaten punika ugi dipun kiyataken dhawuh pratélan ing 38: 31-33, ingkang anerangaken bilih Kanjeng Nabi Sulaiman punika remen sanget dhateng kapal. Tumrap para ingkang remen nyuraos kalayan walaka, prayogi dipun wewahi katrangan, bilih migunakaken peksi kanggé ambekta pawartos, langkung-langkung ing wekdal perang, punika inggih nama adamel peksi-peksi wau dados babantu ingkang perlu tumrap prajurit ingkang andon perang. Déné katranganipun peksi-peksi ingkang sami tut-wingking wadyabala ingkang menang, katerangaken wonten ing 1387.

1847. Kathah dodongèngan bab Kanjeng Nabi Sulaiman ingkang tuwuh awit saking kalèntu /

anggènipun nyuraos tembung naml, utawi namlatun. Kedah dipun pèngeti bilih punika boten leres manawi dipun tegesi juranging awon, awit tembung wau tembung aran kanggé namakaken barang, sarta miturut TA (mirsanana ing panggènan tembung pokok wady) /

jawinipun: jurang Naml punika kaprenah wonten ing saantawisipun Jibrîn tuwin ‘Asqalân. Déné Namlah punika namanipun satunggaling pancer, kados déné Mâzin makaten, ingkang wantahipun ateges tigan sémut (kasebut ing kateranganipun Hamasa Imam /

Tabrizi nalika nerangaken kidung inggih punika samungguh aku iku éwoné wong Mâzin); sarta namil punika ateges inggih punika tiyang wegig (TA). Asring ugi Namlahpunika dipun anggé namakaken laré, ingkang nalika lairipun tanganipun dipun sukani semut, jalaran cariyosipun laré makaten wau calon dados pinter lan lantip (TA). Ing Qamus kasebutaken kalayan terang bilih Namlah punika pancer, makaten kateranganipun nalika nerangaken tembung barq /

jawinipun: Abriqah punika kagolong toyanipun Namlah.1848. Dlâhik tegesipun gumun, jalaran miturut Rgh tembung dlhik punika kénging kanggé

An-Naml Juz XIX 1026

acalathu: Pangéran kawula! mugi Tuwan paringi kawula saged syu-kur ing nugraha Tuwan, ingkang Tuwan nugrahakaken dhateng kawula saha dhateng tiyang sepuh kawula, punapa déné anyagedaken kawula anglampahi pandamel saé, ingkang dados pirena Tuwan, saha mugi Tuwan anglebetaken kawula ing antawisipun para kawula Tuwan, para tulus, kalayan wilasa Tuwan.

20 Lan dhèwèké angiling-ilingi manuk banjur acalathu: Yagéné aku ora tumon si Hudhud, apa ta kalebu panunggalané sing padha ora ana?1849

21 Dhèwèké masthi bakal dak-patrapi kalawan patrapan kang abot, utawa dak patèni, utawa dhèwèké kudu ngaturaké marang aku bukti cetha (kang nélakaké olèhé ora luput).

22 Lah olèhé meneng ora suwé, tumuli dhèwèké matur: Kula sume-rep ing barang ingkang panjene-

nembungaken bingah lan kénging kanggé nembungaken gumun. Kula aturi mirsani ugi LL, ing ngriku katerangaken bilih dlahaka, punika manawi kanggé nyariyosaken lekasipun satunggaling tiyang, ugi ateges gumun, dados sami kaliyan tembung’adjiba (TA).

1849. Hud-hud punika sampun dipun suraos bangsanipun peksi platuk bawang, nanging dipun suraosa punika namanipun satunggaling tiyang. Nadyan tembung thair dipun tegesana peksi pisan, boten mratandhakaken manawi Hud-hud ing ngriki mesthi peksi, awit saged ugi ingkang dipun karsakaken punika Hud-hud namanipun tiyang, dados namung nunggil nami kémawon. Ing saben basa kathah kémawon namanipun tiyang ingkang sami kaliyan namanipun kèwan-kèwan. Para juru-ngarang Arab mastani satunggaling ratu ing Himyar: Hudad (LA), inggih punika nama ingkang mèh sami kémawon kaliyan nama Hud-hud ingkang kasebut ing dalem Quran. Punika nedahaken bilih boten nama anèh manawi nama bangsanipun ingkang kados makaten wau kanggé namakaken tiyang. Ayat-ayat candhakipun nedahaken kalayan terang, bilih ingkang kapangan-dikakaken Kanjeng Nabi Sulaiman punika salah satunggaling sénapatinipun. Saèstu boten mèmper manawi satunggaling ratu binathara anyakrawati ambaudhendha, kados déné Kanjeng Nabi Sulaiman makaten, kasdu andhawahaken pidana ageng dhateng satunggaling peksi, tur peksi ingkang alit; makaten ugi inggih nama boten mèmper, manawi piwulang Tauhid, inggih punika piwulanging agami ingkang sakalangkung déning wigatos, namung kagelarakan satunggaling peksi platuk-bawang.

Ut. jaran

Ut. belèh

Surat 27 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman 1027

ngan dèrèng uninga saha kula ambekta pawartos nyata saking Saba katur panjenengan.1850

23 Saèstu kawula amrangguli satunggaling wanita ingkang ma-réntah ing ngrika sarta kasinungan mubra-mubrua punapa darbé si-ngangsana ageng:

24 Kula sumerep piyambakipun sabangsanipun sami manembah dhateng surya, sanès Allah, sarta sétan amaès-maèsi pandamel-pan-damelipun tumrap piyambakipun, dados angénggokaken piyambak-ipun saking margi, wusananipun sami boten katuntun ing margi leres:

25 Temahan boten sami manem-bah ing Allah, Ingkang angedal-aken sesimpenan ing salebeting langit-langit lan bumi punapa déné anguningani punapa ingkang dipun singidaken tuwin punapa ingkang dipun eblak:

26 Allah, boten wonten sesem-bahan kajawi Panjenenganipun: Panjenenganipun punika Pangé-raning karaton ingkang agung.

27 Calathuné: Arep Ingsun de-leng dhisik apa calathumu temen, apa kowé iku panunggalané wong-wong goroh:

1850. Saba’ punika saminipun Syeba ing Bébel. Cariyos kados ingkang kaandharaken ing ngriki, punika ing Bébel boten wonten, nadyan inggih kasumerepan para pandhita Yahudi. Ingkang makaten punika boten kok dados pratandha bilih cariyos wau boten nyata. Bébel namung nyariyosaken pisowanipun nata èstri ing Syeba dhateng Kanjeng Nabi Sulaiman, kalayan ambekta pisungsung kathah sanget perlu kanggé nètèr panjenenganipun. Kula aturi mirsani I Para Raja 10 tuwin II Babad 9. Ing wingking lajeng nerangaken tiyang èstri bangsa ngamonca kathah sanget ingkang dados garwanipun Kanjeng Nabi Sulaiman (I Para Raja 11).

Ar. piyam-bakipun Ar. samuba-rang a. 1845 Ut. karaton Ar. kapang-gih

Ut. panjene-ngan

Ut. panjene-ngan

Ut. singga-sana

An-Naml Juz XIX 1028

28 Ampilen layangku iki, banjur tampakna marang dhèwèké, tumuli balia saka kono, jajal delengen, kapriyé bakal wangsulané.

29 Dhèwèké acalathu: É, para panggedhé! sayekti ana layang minulya ditampakaké marang aku.

30 Sayekti iku saka Sulaiman, lan sayekti iku kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ing-kang-Mahaasih:

31 Aja kowé padha lumuhur angungkuli aku, sarta sébaa ma-rang aku kalawan sumarah.

RUKU’ 3

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman

32-44. Sumarahipun sang prabu putri dhateng Kanjeng Nabi Sulaiman.

32 Calathuné: É, para pang-gedhé! ngaturna pirembug marang aku tumrap prakaraku; ora tau aku mutus sawijining prakara, yèn kowé ora angèstrèni ana angarepku.

33 Padha matur: Ing ngriki ga-dhah kakiyatan sarta gadhah keken-delan linangkung, déné paréntah wonten ing asta panjenengan, milanipun sumangga, punapa dha-wuh panjenengan.

34 Calathuné: Sayekti para ratu iku – samangsa angleboni kutha – iku dirusak, sarta wong-wongé kang minulya padha didadèkaké asor, lan dhèwèké iya (tansah) bakal nindakaké kaya mangkono:

35 Sayekti aku arep utusan atur pisungsung marang dhèwèké, jajal dakentènané, balining utusan iku anggawa (wangsulan) apa.

Ar. dhèwèké

Ut. padha dadi Muslim

Ar. nganti kowé

Ar. kulasami

Ar. lan

Surat 27 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman 1029

36 Bareng wis tumeka (ngarepé) Sulaiman, (Sulaiman) calathu: Apa kowé arep ambantu aku kalawan bandha? Mangka paparingé Allah marang aku luwih becik tinimbang paparingé Panjenengané marang kowé. O, balik kowé padha bungah marang pisungsungmu:

37 Bali mrono, lah sayekti temen aku bakal padha anekani dhèwèké kalawan wadyabala, kang ing konoora bakal kawawa nanggulangi, lan temen dhèwèké bakal padha daktundhung saka ing kono kala-wan asor apa déné dhèwèké bakal padha tumiba ing kanisthan.

38 Calathuné: É, para pang-gedhé! sapa sing bisa anggawa mréné singangsanané, ing saduru-ngé dhèwèké teka mréné kalawan sumarah?1851

39 Sawenèhing jin kaliwat kendel matur: Punika kula ingkang badhé ambekta mriki ing sadéréngipun panjenengan jumeneng saking pa-pan panjenengan; sarta saèstu, kula punika ingatasipun prakawis puni-ka yektos kiyat, amitadosi.1852

1851. Kados adat sabenipun, cariyos ing ngriki boten mawi ngandharaken wangsulipun para utusan dhateng sang raja putri, sarta anggénipun sang raja putri karsa sumarah dhateng Kanjeng Nabi Sulaiman, nalika panjenenganipun tampi pangancam kados ingkang kasebutaken ing ayat ingkang wekasan wau, inggih boten kaandharaken, nanging nglajengaken cariyos nalika Kanjeng Nabi Sulaiman sudiya-sudiya nampèni pisowanipun sang raja putri. Arsya-hâ ingkang tegesipun singasanané, punika singangsana kagem penjeneganipun ingkang kasudhiyakaken déning Kanjeng Nabi Sulaiman, dados sanès kok singangsananipun sang prabu putri piyambak ingkang wonten ing nagari Saba’.

1852. Jumeneng saking papan panjenengan, punika boten teka ateges jumenengipun Kanjeng Nabi Sulaiman saking anggènipun lenggah, nanging anggènipun bidhal Kanjeng Nabi Sulaiman saking panggènan ingkang dipun tedhaki nalika wekdal wau. Anggènipun kasebutaken mawi milih tiyang ingkang kénging pinitados, punika kanggé anedahaken bilih pakaryan wau perlu katindakaken tukang ingkang temen. Jinn ingkang linangkung ing kakendelanipun punika sajakipun salah satunggaling tiyang bangsa Amalek, inggih punika bangsa ingkang titiyangipun ageng-ageng pawakanipun.

Ar. marang dhèwèké

Ar. dhèwèké

Ar. marang aku

Ar. dhateng panjene-ngan

An-Naml Juz XIX 1030

40 (Ana wong) kang darbé ngèl-muning kitab, matur: Kula (ing-kang) badhé andhatangaken punika mriki ing sakedhèp nétra.1853 Ba-reng Panjenengané andeleng iku wis ana ing ngarepé,1854 calathu: Iki saka lubèring paparingé Pangé-ranku, purihé Panjenengané arep nyoba aku, apa aku sukur apa aku angafiri; lan sapa sing anyukuri, lah ora liya kajaba nyukuri marang jiwané dhéwé lan sapa sing ngafiri lah sayekti Pangéranku iku Sugih, Minulya.

41 Calathuné: dhèwèké singang-sanané owahana; coba padha di-deleng, apa dhèwèké nurut dalan bener apa kalebu panunggalané para kang ora ngambah dalan bener.

42 Bareng dhèwèké wis teka, dipangandikani: Punapa singang-sana sampéyan kados punika? Aturé: Kados-kados inggih punika, lan ing sadèrèngipun punika kula sampun kaparingan seserepan saha kula sampun sami sumarah.

43 Lan apa kang sinembah saliyané Allah, iku angalang-alangi dhèwèké, sayekti dhèwèké iku dhèk samono éwoné bangsa kang kafir.

1853. Tembung tharf punika ateges mripat lan ateges tiyang tedhak ing ngaluhur (TA-LL) Manawi nganggé teges ingkang kapisan, wangsuling nétra punika ateges kedhèping netra déné maksudipun: piyambakiptun sagah anindakaken punika kalayan tumunten. Déné manawi nganggé teges satunggalipun, tembung wau kénging dipun jarwani: ing sadèrèngipun (utusan) paduka ingkang minulya wangsul sowan ing paduka. Tiyang ingkang sinung ngélmuning Kitab, punika tiyang Yahudi.

1854. Dodongèngan ingkang aèng-aèng kalebetaken dhateng sabda pangandika Quran ingkang pasaja punika; déné sababipun margi kakinten bilih lalampahan ingkang kaandharaken wau kelampahan sami sanalika. Tetembungan bareng dhèwèké andeleng iku wis dumunung ana ing ngarepé, punika boten ateges bilih panjenenganipun uninga punika anjenggeleg ing salebeting wekdal panjenenganipun imbal wacana, kados ingkang kaandharaken wonten ing dhawuh ingkang sampun wau. Sayektosipun punika lalampahan sanès malih.

Ar. dhateng panjene-ngan Ar. sadè-rèngipun nétra padu-ka wangsul ing paduka

Surat 27 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Sulaiman 1031

44 Dhèwèké dipangandikani: Sampéyan malebet kadhaton; ana-nging bareng dideleng, panyanané iku banyu amba angilak-ilak, sarta tata-tata ambirat kangèlan iku.1855

Pangandikané: Saèstunipun punika kadhaton mawi sarasah gedhah.1856

Unjuké: Pangéran kawula! saèstu kawula sampun anganiaya badan kawula piyambak, saha kawula anyartani Sulaiman sumarah dha-teng Allah, Pangéraning sadaya ngalam.1857

1855. Ing kitab-kitab Arab migunakaken tembung sâq kalayan mengku teges rekaos wonten ing dalem ukara ingkang warni-warni, punika sampun limrah. Ngemungaken tiyang ingkang boten manger-tos basa Arab kémawon, ingkang sok remen negesi tembung sâq kalayan walaka (inggih punika kém-pol), jer sampun kalimrah tembung wau kanggé wontening tetembungan ingkang sampun gumathok tegesipun (idiom). punika idiom ingkang sampun kasumerepan ing ngaka- thah, mengku teges kanggé ambasakaken satunggaling tiyang “samangsa ketaman ing rekaos tegesipun dhèwèké sumedya nrenjuhi rekasa, makaten kateranganipun l’Amb; salajengipun panjenenganipun nerangaken (TA, ing ngriku ugi kasebutaken katrangan ingkang kados makaten wau awawaton saking Isd) makaten: “samangsa tiyang punika badhé nyariyosaken rekaosipun satunggaling prakawis utawi satunggaling kawontenan, sarta manawi badhé nyariyosaken anggènipun anggigirisi, piyambakipun lajeng nyebut sâq (Q, TA)” (LL). Dados pratélan ing 68: 42 punika tegesipun ing dina nalika rekasa utawi bilai gedhé bakal binuka (I’Ab, Mjd). Makaten ugi Punika tegesipun campuhing peperangan saya anggigirisi (Msb-LL), sarta Jal anggènipun nerangaken tegesipun inggih kados makaten punika (LL). Dhawuh Quran ing 75: 29 ingkang mungel punika tegesipun tuwin bilai ing donya iki dikumpulaké karo bilai ing delahan. (TA-LL). Makaten ugi punika ateges tiyang kathah (kaum) dumunung wonten ing kawon- tenan rekaos (TA-LL). Saèstunipun taksih kathah sanget tuladha sanès-sanèsipun bab panganggénipun tembung sâq sacara ngibarat makaten wau, nanging pethikan sakedhik kasebut nginggil wau kados sampun cekap kanggé anggenahaken jarwan kados anggèn kula anjarwakaken wau. Kula aturi mirsani ugi 2546, ing ngriki katerangaken bilih para mufassirin inggih kados makaten wau anggènipun negesi tetembungan punika.

1856. Katranganipun Quran Suci bab kadhaton wau, sarta maksud ingkang kawengku wonten ing ngriku, nedahaken kawicaksananipun Kanjeng Nabi Sulaiman anggènipun damel gagambaran bab makardinipun astaning Pangéran wonten ing dalem sagung titah punika. Panjenenganipun yasa kadhaton gedhah, sarasahing kadhaton inggih saking gedhah, sarta ing sangandhaping sarasah gedhah wonten toyanipun ingkang mili. Sang raja putri ing Saba’ kalèntu pamirsanipun, sarasah gedhah kagalih toya ingkang mili. Sareng kaparingan uninga Kanjeng Nabi Sulaiman, sanalika panjenenganipun lajeng anglenggana anggèning sampun tumindhak sasar déné manembah barang-barang lahir, kadosta surya, mangka jatos-jatosing panguwaos utawi tuking ngagesang punika Allah, inggih punika Dhat ingkang asta-Nipun makardi wonten ing barang-barang wau. Lah inggih kanggé maksud makaten punika, déné cariyos punika kaandharaken.

1857. Ing dalem bab punika Quran cengkah kaliyan Bébel. Bébel mastani bilih Kanjeng Nabi

An-Naml Juz XIX 1032

RUKU’ 4

Kanjeng Nabi Salih kaliyan Nabi Luth

45-53. Nabi Salih kaliyan ingkang milawani. 54-58. Kaumipun Nabi Luth linebur.

45 Lan sayekti, temen Ingsun wus kirim utusan marang Tsamuda

saduluré, Salih, calathuné:b padha ngawulaa ing Allah; lah ing kono dhèwèké dadi rong pantha kang padha pasulayan.

46 Calathuné: O, bangsaku! ya-géné kowé padha anggégé marang ala sadurungé kang becik? Yagéné kowé padha ora nyuwun pangapu-raning Allah, supaya kowé padha pinaringan wilasa?

47 Padha calathu: Aku padha nemu cilaka amarga saka kowé lan amarga saka kang nyartani kowé. Calathuné: Sababé cilakamu iku ana ing ngarsaning Allah; O, balik kowé iku bangsa kang dicoba.

48 Lan ing sajroning kutha ana wong lanang sanga, padha agawé wisuna ing bumi sarta ora alaku becik.1858

49 Padha calathu: Padha sum-paha ing Allah: aku masthi bakal padha nyidra dhèwèké sakula-wargané ing wayah bengi; tumuli

Sulaiman santun dados manembah brahala, margi saking ketularan garwa-garwanipun ingkang sanès tiyang Israil. Nanging Quran nerangaken bilih para garwanipun ingkang lajeng sami ngrasuk dhateng agaminipun Kanjeng Nabi Sulaiman saha dados tiyang ingkang sami angèstu ing Kasawijènipun Pangéran. Panaliti-priksa ing jaman samangké leresipun pratélan ingkang kasebut ing Quran; kula aturi mirsani 147.

1858. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ing ngriki punika nyasmitakaken mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, awit bénggoling mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi wau inggih sanga cacahipun. Tiyang sanga wau, ingkang wolu tiwas nalika peperangan wonten ing Badr (kajawi Abu Lahab, ingkang pejahipun wonten ing Makkah, nalika mireng pawartos kasoranipun wadya Makkah wonten ing Badr). Nama-namanipun tiyang sanga wau, inggih punika: Abu Jahal, Muth’im bin ‘Adiy, Syaibah bin Rabitah, ‘Utbah bin Rabi’ah, Walid bin ‘Utbah, Umayah bin Khalf, Nadar bin Al-Haris. ‘Aqbah bin Abi Mu’aith, tuwin Abu Lahab.

a. 911 b. 1356

Surat 27 Kanjeng Nabi Salih kaliyan Luth 1033

aku masthi bakal padha kandha marang ahli warisé: Aku padha ora ameruhi leburé kulawargané lan aku iki nyata padha wong te-men.1859

50 Lan dhèwèké padha ngran-cang rancangan, sarta Ingsun angrancang rancangan, ananging dhèwèké padha ora ngrasa.

51 Lah delengen, kapriyé tema-hané rancangané: Ingsun sirnakaké dhèwèké dalah bangsané kabèh.

52 Lah iku omah-omahé padha rubuh, amarga saka olèhé padha atindak dudu; sayekti, ing sajeroné iku, temen ana pratandha tumrap wong kang padha weruh.

53 Lan Ingsun anyalametaké para wong kang padha angèstu sarta padha anjaga dhiriné (saka ing ala).

54 Lan (Ingsun angutus) Luth,analika dhèwèké calathu marang bangsané: Apa kowé padha anindakaké panggawé nistha, kang mangka kowé padha weruh?

55 Apa kowé temen padha ama-reki wong-wong lanang kalawan urubing dhemen, ora marang wong wadon. O, balik kowé iku bangsa kang atindak busuk.

1859. Semunipun ing ngriki punika ugi mengku sasmita mecakaken wontenipun sakuthon ngrénah ing Kanjeng Nabi Suci, jalaran upaya ingkang kados makaten wau ing wasananipun ugi dipun sarujuki déning para titiyang Quraisy, inggih punika kanggé ngrampungi ing panjenenganipun. Kedah dipun pèngeti bilih tumurunipun surat punika kagolong ing mangsa ingkang rumiyin piyambak; déné upaya badhé nyédani Kanjeng Nabi, punika makaten lampahipun: saben pancer Quraisy dipun pendhet satunggal tiyangipun, kapurih ngrundhuk ing Kanjeng Nabi. Para titiyang wau lajeng samia namakaken pedhangipun dhateng sariranipun Kanjeng Nabi kalayan sasarengan, pamrihipun supados boten wonten pancer satunggal kémawon ingkang nama lepat nyédani ing Kanjeng Nabi. Kirang sakedhap kaliyan linggaripun Kanjeng Nabi dhateng nagari Madinah, upaya punika dipun sarujuki sadaya tiyang Quraisy. Dados, lalampahan ingkang gagayutan kaliyan Kanjeng Nabi Salih punika mengku teges piweca.

a. 917

An-Naml Juz XX 1034

56 Ananging wangsulané bang-sané ora ana liya kajaba mung padha calathu: Padha tundhungen pandhèrèké Luth saka nagaramu; sayekti, dhèwèké iku wong kang padha arep suci!

57 Ananging Ingsun anyalamet-aké dhèwèké saahliné, kajaba rabiné, iki Ingsun wus amasthi dadi panunggalané wong kang padha kari.

58 Lan Ingsun angudanaké udan,amarang dhèwèké, lah ala udané wong kang wus padha dipépélingi iku.

RUKU’ 5

Para angèstu badhé dipun dadosaken luhur

59. Rahayu tumrap ingkang pinilih. 60-66. Kawasa saha ngèlmunipun Allah.

59 Munjuka: Sadaya pangalem-bana kagunganipun Allah saha rahayu tumrap para kawula-Nipun ingkang Kapilih. Apa Allah kang luwih becik, apa barang kang padha disakutokaké (karo Panje-nengané)?

JUZ XX

60 Apa kang wus anitahaké langit-langit lan bumi sarta anu-runaké banyu saka mendhung tumrap marang sira; iku banjur Ingsun agem anukulaké kebun kang éndah; sira ora bisa padha anukulaké wit-witané. Apa ana sesembahan kang anyartani Allah? O, balik dhèwèké iku wong kang padha nalisir.

Ar. dhèwèké

a. 918 Ar. ingatasé Ut. anibani

Surat 27 Para angèstu dipun dadosaken luhur 1035

61 Apa Kang wus andadèkaké bumi dadi enggon palèrènan, sarta andadèkaké kali-kali ing kono, lan andadèkaké gunung-gunung ing kono, apa déné andadèkaké papa-ger ing antarané sagara loro.a Apa ana sesembahan kang anyartani Allah? O, balik dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh!

62 Apa Kang anyembadani wong kang kasrakat samangsa anyuwun ing Panjenengané tuwin ambirat alané, apa déné Panjenengané bakal andadèkaké sira dadi pa-maréntah ing bumi1860 Apa ana sesembahan kang anyartani Allah? Sathithik anggon sira padha éling!

63 Apa Kang anuntun sira ing sajroning pepetenging daratan lan sagara kang lilimengan, sarta Kang angutus angin minangka warta bubungah acacala wilasa-Né. Apa ana sesembahan kang anyartani Allah? Mahaluhur Allah iku saka barang kang padha disakuthokaké (Panjenengané).

64 Apa Kang amurwani tumita-hing dumadi banjur angambali dumadiné, sarta Kang angrejekèni sira saka ing langit lan bumi. Apa ana sesembahan kang anyartani Allah? Calathua: Padha anekakna buktinira, manawa sira iku padha wong temen.

65 Calathua: Sapa baé ing langit-langit lan bumi, ora weruh marang barang gaib, kajaba Allah; sarta dhèwèké padha ora ngrasa, kapan anggoné bakal padha tinangèkaké.

1860. Pranyata èdi lan éndah temenan dhawuh-dhawuh punika ! piweca kaselipaken wonten ing dhawuh pratélan bab gumelaring kawasanipun Pangéran dhateng titah sawegung! Sarta inggih punika

a. 917

Ut. samar

An-Naml Juz XX 1036

66 O, balik susurupané prakara akhirat kambang-kambang;1860A

malah dhèwèké padha dumunung ing semang-semang tumrap pra-kara iku; o, balik dhèwèké tumrap prakara iku padha wuta babar pisan.

RUKU’ 6

Mumbuling ruhani

67-69. Wewulang ingkang sumimpen ing pandumipun titiyang jaman rumiyin. 70-79. Wanci kalampahanipun. 73. Mahamurahipun Gusti Allah. 74, 75. Ngèlmu-Nipun. 76-79. Tuntunan lan pancasan. 80-82. Tiyang tuli sami badhé mireng, tiyang wuta badhé sami sumerep.

67 Lan para kang padha kafir acalathu: Apa yèn aku wis padha dadi lebu, mangkono uga bapak-bapakku, apa temen bakal padha diwetokaké?

68 Sayekti, temen iki dhèk biyen wis dijanjèkaké marang aku, lan bapak-bapakku; iki ora liya kajaba dodongèngané para wong kuna.

69 Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, lah padha delengen, ka-priyé temahané para wong duraka.

70 Lan aja sira susah prakara dhèwèké sarta aja sira ribed amarga saka pamaékané.

71 Dhèwèké padha calathu: Ka-pan bakal kalakoné ancaman iki, yèn kowé iki padha wong temen?

maksudipun ingkang sajatos dhawuhing Pangéran ing sagemblenging ruku’ punika, “Wong kang kesrakat” ing ngriki, boten sanès inggih para Muslimin, ingkang ing nalika wekdal wau sami kinaniaya kaliyan kalangkung wengis.

1860A. Utawi,dhawuh punika kénging dipun jarwakaken makaten: Balik, apa susurupané iku lastari wutuh nganti bebles tekan akhirat ?

Ar. balik

Surat 27 Mumbuling ruhani 1037

72 Calathua: Bisa uga sawenèh kang padha sira gégé iku wiscedhak marang kowé.1861

73 Lan sayekti Pangéranira iku temen Kang kagungan lubèring paparing tumrap para manusa, ananging akèh-akèhé padha ora sukur.

74 Sayekti Pangéranira iku temen udani apa kang siningidaké dha-dha-dhadhané lan apa kang kawe-dharaké.

75 Lan ora ana barang gaib ing sajroning langit lan bumi kajaba (kabèh iku wus ana) ing sajroning kitab kang terang.

76 Sayekti Quran iki anerangaké marang para turun Israil barang luwih akèh, kang ing kono dhèwèké padha sulaya.

77 Lan sayekti, iku temen tun-tunan lan wilasa tumrap para mukmin.

78 Sayekti Pangéranira bakal amancasi prakarané kalawan bebeneran-É, lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahawikan.

79 Mulané kumandela marang Allah; sayekti sira iku dumunung ing kasunyatan kang terang.

1861. miturut IAr ateges sarta Farra inggih kados makaten wau anggè- nipun negesi, awit panjenenganipun nerangaken bilih margi wonten lam-ipun ingkang dados silah, /

lajeng murugaken tembung wau ateges jawinipun nyedaki sira. Sawenèh mastani bilih, dhawuh punika ateges bakal tumeka marang kowé sawisé aku ninggal kowé (LL).

Ut. bakal tumeka ma-rang kowé sawisé aku lunga

An-Naml Juz XX 1038

80 Sayekti sira iku ora agawé krunguné wong mati lan ora agawé krunguné ing panguwuh marang wong budheg samangsané padha mungkur, angedohi.1862

81 Lan sira ora bisa dadi pituduh tumrap wong wuta saka ing sasaré; sira ora bisa agawé krunguné sapa-sapa kajaba sing angèstu marang timbalan-timbalan-Ingsun, banjur padha sumarah.

82 Lan samangsané kalakon sabda iku anibani dhèwèké, Ingsun bakal ametokaké titah saka ing bumi tumrap marang dhèwèké, bakal anatoni dhèwèké, déning anggoné para manusa marang timbalan-timbalan-Ingsun ora padha yakin.1863

RUKU’ 7

Sirnanipun para milawani ingkang ageng-ageng

83-86. Para ingkang angemohi dipun timbali dhateng pangadilan. 87, 88. Para milawani ingkang ageng-ageng sami dipun asoraken. 89, 90. Wawalesipun saé lan wawalesipun awon. 91. Makkah badhé dhumawah ing astanipun Kanjeng Nabi. 92, 93. Pèpènget dhateng ingkang milawani.

1862. Ayat punika dados pasaksèn ingkang terang, punapa tegesipun Kanjeng Nabi angge sangaken tiyang pejah punika; awit kadhawuhaken ing ngriki, bilih samangsa tiyang pejah punika mungkur lan maléngos, Kanjeng Nabi boten saged damel mirengipun. Sampun cetha ingkang kapangandikakaken ing ayat punika tuwin ing wiwitaning dawuh ing ayat candhakipun, punika bab para murang yekti ingkang sami muta lan ambudheg dhateng yekti.

1863. Titah saking bumi ingkang natoni manusa samangsa boten sami angèstu, punika ateges siksa utawi kacilakan ingkang andhawahi manusa, kadosta peperangan, paceklik, pageblug lan sapiturutipun; pageblug langkung khusus, awit pageblug makaten krumanipun natoni utawi nyakiti manusa sarana lumebet dhateng badan. Déné ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika, siksa ingkang tarkadhang sok dhumawah dhateng para mengsahing yakti ing gesang sapunika punika ugi, awit para mengsahing yakti wau sami boten suka manawi yakti punika saged gesang angrembaka tuwin raharja boten kirang satunggal punapa, utawi dhumawah dhateng para tiyang duraka, samangsa kadursilanipun sampun anglangkungi wates, saha samangsa katulusan punika mèh sirna babar pisan. Tumrap ingkang kados makaten wau, para atindak awon sami dipun icipaken dhateng sawenèh siksa ing gesang samangké punika. Inggih sabab saking punika déné kathah piweca-piweca ing hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang kalayan tembung ingkang terang gamblang mangandikakaken peperangan, paceklik, pageblug, tuwin lindhu ing jaman akhir, wonten malih piweca satunggal, ingkang mangandikakaken siksa ingkang kadhawahaken alantaran dâbbatu-l-ardl, titah ing bumi. Utawi dâbbatu-l-ardl punika kénging dipun tegesi titiyang ingkang kraket ing bumi.

Ut. malé-ngos

Ut. anyala-thoni

Surat 27 Mumbuling ruhani 1039

83 Lan ing dinané Ingsun angimpun saka siji-sijining umat sagrombolaning wong kang ang-gorohaké ing timbalan-timbalan-Ingsun, tumuli padha dipantha-pantha.

84 Nganti, samangsané padha teka, Panjenengané bakal ngan-dika: Apa kowé padha anggo-rohaké marang timbalan-timbalan-Ku, kang mangka kowé ora duwé kawruh kang anglimputi iku? Utawa apa kang wus padha kolakoni?

85 Lan bakal kalakon sabda iku anibani dhèwèké, amarga saka anggoné padha atindak dudu; banjur dhèwèké bakal ora padha kumecap.

86 Apa dhèwèké ora padha andeleng, yèn Ingsun wus anda-dèkaké wengi, amurih dhèwèké padha lerem ing kono, sarta (wus andadèkaké) raina (amurih) ama-dhangi? Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angèstu.

87 Lan ing dinané slomprèt bakal tiniyup,a bakal banjur padha giris kang ana ing langit-langit lan ana ing bumi, kajaba kang dadi karsaning Allah, lan kabèh bakal padha séba ing Panjenengané kalawan padha asor.1864

1864. Kanggé anedahaken bilih bénjing ing gesang sasampuning pejah mesthi inggih kados makaten, piweca punika ugi dipun laksanani wahananipun wonten ing gesang sapunika punika. Saindhenging tanah Arab angakeni Kanjeng Nabi Suci dados pangagengipun dunyawi tuwin ruhani, sarta para mengsah ingkang ambek gumedhé sami nandhang asor.

Ar. lan

Ut. ruh ba-kal tiniyup-aké marang sajroning badan a. 789

An-Naml Juz XX 1040

88 Lan sira andeleng gunung-gunung; pangiranira iku kukuh, lan iki bakal padha mlaku kaya laku-ning méga: pakaryaning Allah, kang adamel samubarang sarwa sampurna; sayekti Panjenengané iku Waspada marang sabarang kang sira lakoni.1865

89 Sapa sing teka kalawan kabecikan, tumuli bakal olèh kang luwih becik tinimbang iku; lan ing dina iku bakal padha santosa saka prakara kang anggigirisi.

90 Lan sapa sing teka kalawan kalakuan ala, tumuli rainé bakal padha dilelepaké ing geni; apa kowé bakal winales kajabané apa kang padha kolakoni?

91 Aku iki mung didhawuhi supaya angabdi Pangéraning naga-ra iki, kang wus anucèkaké nagara iki, lan kagungané Panjenengané samubarang iku:1866 lan aku didha-wuhi supaya dadi panunggalané wong kang padha sumarah:

92 Lan supaya aku maca Quran. Mulané sapa sing alaku bener, lah ora liya iku mung alaku bener tumrap jiwané dhéwé, lan sapa sing sasar kandhanana: Aku iki mung panunggalané para juru-pépéling.

1865. Jabal tegesipun tiyang ageng; bab punika sampun katerangaken ing 1280, Redi-redi sami lumampah, punika genah ingkang dipun karsakaken sumingkiripun para titiyang ingkang nyepeng panguwaos, ingkang Milawani anggènipun mumulang Kanjeng Nabi. Ingkang makaten punika ugi sampun kacetha wonten ing dhawuh ing ayat ingkang wekasan, ingkang kalayan terang mangandikak-aken siksaning pandamel awon ingkang kadhawahaken Dhat ingkang waspada dhateng sabarang karya ingkang sami katindakaken para titiyang wau. Nalika wekdal piweca punika kadhawuhaken, redi-redi utawi titiyang ingkang kuwaos wau kaanggep sakalangkung santosa, mokal sageda kasingkiraken; nanging piweca punika angundhangaken, bilih piyambakipun mesthi badhé sumingkir kados sumingkiripun méga.

1866. Dhawuh pratélan ing ngriki, ingkang mangandikakakaken bilih Kanjeng Nabi kadhawuhan ngabdi Pangéranipun nagari Makkah, punika mengku sasmita, bilih abdinipun Pangéran punika mesthi

Ar. dhèwèké

Ar. iku

Ar. kandhaa

Surat 27 Mumbuling ruhani 1041

93 Lan calathua: Sakèhing pa-ngalembana iku kagungané Allah. Panjenengané bakal angatonaké tandha-tandha-Né marang kowé kabèh, iku kowé banjur bakal padha weruh; lan ora bakal Pangé-ranira iku léna marang apa kang padha kolakoni.1867

badhé dados gustining nagari wau, awit sadaya samukawis punika kagungan-Ipun, makaten ugi nagari ingkang kasucèkaken wau, awit barang suci makaten boten saged lastantun dumunung wonten ing tangan ingkang boten suci.

1867. Kula aturi anggatosaken ukaraning dhawuh ingkang mangandikakaken kalayan dhawuh kenceng bab prakawis badhe gumelaripun tandha-tandha yekti punika. Ukara ingkang mengku raos kenceng!

___________

SURAT 28

AL-QASHASH

(Cariyos)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(9 ruku’, 88 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1-4. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ 5. Nabi kados Kanjeng Nabi Musa. Ruku, 6. Kayektènipun wahyunipun Pangéran. Ruku’ 7. Ingkang sami milawani badhé dipun asoraken. Ruku’ 8. Quran, bandhanipun andhawahaken awakipun piyambak ing karisakan. Ruku’ 9. Menangipun ingkang wekasan Kanjeng Nabi.

Titimangsaning tumurunipun

Sawenèh riwayat nyariyosaken bilih surat punika anggènipun katurunaken dhateng kanjeng Nabi nalika panjenenganipun tindak hijrah dhateng Madinah, wonten ing panggènan ingkang namanipun Jahfah (I’Ab-HH). Sawenèhipun malih nyariyosaken bilih ingkang tumurun wonten ing ngriku punika namung ayat 85 thok, inggih punika dhawuh ingkang mecakaken badhé wangsulipun malih Kanjeng Nabi dhateng Makkah kalayan ambekta kamenangan (I-Salam-AH). Sajakipun ingkang ongka kalih punika ingkang leres. Mirsanana purwaka ingkang mongka kateranganipun surat ingkang kaping 26.

Ingkang kawarsitakaken

Jejering rembag ingkang enggel piyambak wonten ing surat punika bab saminipun Kanjeng Nabi kaliyan Kanjeng Nabi Musa, sarta ing ngriki kapangandikakaken wahyuning Pangéran ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa punika dados pasaksèn ingkang terang gamblang ing kayektèning wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Muhammad saw. Kawan ruku’ ingkang wiwitan surat punika ngandharaken lalampahan ingkang enggel-enggel wonten ing sugengipun Kanjeng Nabi Musa wiwit jaman miyosipun, ngantos dumugi jaman kasilipun saged ngirid titiyang Israil medal saking tanah Mesir, sarta kelemipun wadya bala Mesir. Kathah riricikaning lalampahan ing jaman punika ingkang kasebutaken wonten ing surat ngriki, boten kasebutaken wonten ing panggènan sanès. Andharan bab Kanjeng Nabi Musa lajeng kasambetan ing pratélan ingkang anerangaken bilih nabi ingkang kados déné panjenenganipun punika ing samangké sampun rawuh, inggih punika ingkang kayektènipun kaseksèn déning wahyu ingkang kaampil ing Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ ingkang kaping nem ngiyataken kayektèning wahyu Quran, ruku’ ingkang kaping pitu nerangaken bilih ingkang sami milawani Quran badhé dipun asoraken. Ruku’ ingkang kaping wolu nyebutaken Karun kanggé tepa palupi, inggih punika bandhanipun andhawahaken awakipun piyambak ing karisakan, sarta punika dados pèpènget dhateng para titiyang Quraisy, sampun ngantos ngandel-andelaken sanget dhateng bandha-donyanipun, utawi saged ugi punika minangka pèpènget dhateng para Muslimin samangsa sampun sami sugih lan kuwaos. Wekasaning surat angundhangaken menangipun ingkang wekasan Kanjeng Nabi, lan badhé rawuhipun malih kalayan ambekta kamenangan dhateng kitha Makkah, ingkang ing sapunika kapeksa katilar kèndhang.

____________

Surat 28 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1043

RUKU’ 1

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

1, 2. Kitab ingkang adamel terang. 3-6. Fir’aun ambujeng turun Israil. 7-13. Babayi Musa kacemplungaken lèpèn, ketulungan sarta kawangsulaken dhateng ibunipun.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Allah, Ingkang-wilasa-Né ang-limputi, Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Anguningani,a

2 Iki ayat-ayating Kitab kang agawé terang!b

3 Ingsun amacakaké marang sira lalakoné Musa karo Fir’aun kalawan nyata, tumrap wong-wong kang padha angèstu.

4 Sayekti Fir’aun iku kumalu-hur ana ing bumi sarta andadèkake wong ing kono dadi panthan-panthan, angapesaké papanthan kang sawidji;1868 ambelèhi anak-anaké lanang lan anguripi para wadon-wadon; sayekti dhèwèké iku panunggalané para kang agawé wisuna.

5 Lan Ingsun arsa aparing nu-graha marang kang padha diapes-aké ana ing bumi, lan (arsa) anda-dèkaké dhèwèké padha dadi panga-rep, apa déné (arsa) andadèkaké dhè-wèké padha dadi waris,1869

1868. Papanthan kalih wau inggih punika titiyang Israil tuwin titiyang Mesir. Wondéné titiyang Mesir, kadadosaken lulurah (tukang nyukani padamelan utawi sasanggèn) tumrap titiyang Israil. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih punika mengku karsa mangandikakaken panganiaya ingkang kasandhang para Muslimin. Titiyang Quraisy, inggih punika papanthan ingkang langkung kiyat, sumedya badhé numpes papanthanipun titiyang Muslimin ingkang ringkih.

1869. Kadadosaken waris punika boten teka ateges bilih piyambakipun kakarsakaken badhé maris barang darbèkipun raja Fir’aun, nanging maris karaton ing Kan’an, tanah ingkang kajanjèkaken. Lah punika ugi nyasmitani badhé jumenengipun karatoning Islam tuwin kawonipun para tukang nganiaya.

a. 1802

b. 1803

Cariyos Juz XX 1044

6 Lan (arsa) aparing kawasa ana ing bumi marang dhèwèké, sarta (arsa) ameruhaké saka dhè-wèké marang Fir’aun tuwin Haman sawadyabalané sakaroné barang kang pada digirisi.1870

7 Lan Ingsun wus amedhar sabda marang ibuné Musa, sabda-Ningsun:a Dhèwèké susonana; lah manawa sira anguwatiraké marang dhèwèké, iku banjur cemplungna ing kali sarta aja kowé kuwatir tuwin aja susah; sayekti Ingsun bakal ambalèkaké dhèwèké marang sira sarta andadèkaké dhèwèké dadia panunggalané para utusan.

8 Tumuli dhèwèké dientasaké déning para pandhèrèké Fir’aun, cikbèn tumrapé dhèwèké dadi mungsuh lan kasusahan;1871 sayekti Fir’aun lan Haman sawadyabalané sakaroné iku padha wong luput.

9 Lan rabiné Fir’aun acalathu: Panyegering mripat tumrap kula saha tumrap sampéyan; piyambak-ipun sampun sampéyan pejahi; saged ugi punika badhé maédahi

1870. Raja Fir’aun tuwin para paramparanipun sami kuwatos bok bilih titiyang Israil, ingkang wontenipun ing tanah Mesir dados tiyang ngamanca, punika ing satunggaling wekdal lajeng dados kiyat saha nyepeng panguwaos wonten ing Mesir. Milanipun titiyang Mesir wau lajeng sami nindhes sarta nganiaya dhateng titiyang Israil sarana lampah warni-warni. Éwadéné kaparenging karsanipun Pangéran ngarsakaken barang ingkang dipun kuwatosaken Fir’aun wau kalampahan saèstu, tuwin andadosaken titiyang Israil ingkang dipun kethiplakaken wau dados bangsa ingkang kiyat tuwin dados bangsa ingkang maréntah. Sarta inggih kados makaten wau ugi keparenging karsanipun Pangéran tumrap dhateng titiyang Muslimin ingkang kinaniaya. Dupèh Abasuerus, nata ing Persi, kagungan kakasih ingkang nama Haman, mangka Bébel boten nyebutaken bilih Fir’aun kagungan najaka ingkang ugi nama Haman, punika lajeng kanggé waton amastani, bilih Kanjeng Nabi Suci kisruh ing panganggep, Fir’aun cawuh kaliyan raja Parsi. Saèstunipun mendhet pupuntoning pamanggih sacara makaten wau nama anèh, jalaran saged kémawon tiyang Mesir nganggé nama Haman kados tiyang Persi.

1871. Punika tuladhanipun ingkang cetha lâmu-l-‘âqibah, inggih punika lâm ingkang dipun anggé kanggé nedahaken “temahan” utawi “wasana.” Leres, sanès maksudipun para titiyangipun Fir’aun, andadosaken pun jabang dados mengsahipun; éwadéné ing wasananipun inggih kados makaten wau kelampahanipun.

a. 1356

Ar. dhèwèké

Ar. piyam-bak

Surat 28 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1045

dhateng kula ngriki, utawi sami dipun pendhet anak; lan dhèwèké padha ora anggraita.

10 Lan atiné ibuné Musa sepi (saka ing kuwatir);1872 mèh baé dhèwèké ambalakakaké prakara iku, ajaa Ingsun wus angukuhaké atiné, supaya dhèwèké dadia panunggalané para wong angèstu.

11 Lan dhèwèké acalathu marang mbakyuné (Musa): Dhèwèké tutna. Banjur angetutaké dhèwèké saka ing kadohan, déné wong-wong padha ora anggraita.

12 Lan ing mauné Ingsun ora kapareng dhèwèké nusu; tumuli dhèwèké acalathu: Punapa sam-péyan karsa kula tedahaken batih griya ingkang saged tulung dha-teng sampéyan angopèni punika sarta sami badhé gumatos dhateng piyambakipun?1873

13 Dadi dhèwèké wus Ingsun balèkaké marang ibuné, supaya anyegerna mripaté lan (supaya) aja susah sarta supaya weruha, yèn janjining Allah iku nyata; ananging dhèwèké sing akèh padha ora weruh.1874

1872. Panggalihipun ingkang ibu Kanjeng Nabi Musa sepen saking kuwatos, punika margi saking panjenenganipun sampun angsal katemtuan saking Pangéran lantaran wahyu. Dhawuh candhakipun nedahaken, bilih panggalihipun ingkang ibu Kanjeng Nabi Musa sampun kasantosakaken langkung rumiyin kalayan kasabaran, dados boten kénging winastan kasepenan ing sabar. Menggah ing sajatos-jatosipun tembung farig, punika asring kémawon dipun pigunakaken sacara jugagan, terangipun: wonten ukaranipun malih ingkang dipun langkahi boten dipun sebutaken; déné tegesipun: sepi saka samar utawi kuwatir utawi melang-melang (LL).

1873. Nâsih tegesipun tiyang ingkang suka pamrayogi kalayan tulusing manah utawi tiyang ingkang mamrih saé dhateng tiyang sanès utawi tiyang ingkang gumantos (Q-LL).

1874. Terang ingkang dipun karsakaken punika para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang boten sami sumerep bilih janjining Allah kados ingkang kaparingaken dhateng para angèstu, punika badhé kanyataan saèstu.

Ar. dhèwèké kabèh

Ar. nglara-ngi marang

Ut. mbakyu-né Musa

Ar. tumrap Ar. piyam-bakipun

Ar. sadaya

Cariyos Juz XX 1046

RUKU’ 2

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

14-21. Kanjeng Nabi Musa amejahi tiyang Mesir sarta dipun ancam babaya.

14 Lan bareng wis tumeka kuwat (akal)-é sarta wis diwasa, dhèwèké Ingsun paringi kawi-caksanan lan kawruh, lan kaya mangkono iku pangganjar-Ingsun marang para kang agawé becik (marang liyan).

15 Lan dhèwèké malebu kutha ing mangsa lénané wong-wong, tumuli ing kono katemu wong loro padha kerengan, kang siji panung-galané golongané, sijiné panung-galané mungsuhé; tumuli kang panunggalané golongané anglawan kang panunggalané mungsuhé; mulané Musa anjotos dhèwèké, lan rampung. Calathuné: Iki saka panggawéné sétan; sayekti, iku mungsuh kang tétéla nasaraké.1875

16 Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! saèstu kawula sampun adamel pituna ing dhiri kawula piyambak, milanipun mugi Tuwan angayomi kawula. Banjur Panjene-ngané angayomi dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Apara-marta, Ingkang-Mahaasih.1876

1875. Ternbung “iki” wonten ing pangandikanipun Kanjeng Nabi Musa punika, ingkang dipun karsakaken: pidana ingkang kapatrapaken dhateng tiyang Mesir wau; déné suraosipun: margi saking pandamelipun tiyang Mesir wau kados pandameling sétan, mila piyambakipun kapidana kados makaten wau. Pangentasan 2: 12 nyebutaken bilih Kanjeng Nabi Musa mejahi tiyang Mesir; kitab-kitabipun agami Yahudi anggènipun nerangaken, bilih tiyang wau pancèn pantes pinejahan “awit piyambakipun sampun ngrudaparipeksa satunggaling tiyang èstri bangsa Yahudi lampah sèdhèng kaliyan piyambakipun” (Yewish En. jilid IX kaca 48). Quran boten nyebutaken kalayan ceplos punapa dosanipun, nanging sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih Quran nyebutaken dosanipun tiyang wau tindaking sétan. Panganggep bilih Kanjeng Nabi Musa mastani anggènipun anjotos tiyang Mesir wau “tindaking sétan,” punika boten leres. Ayat 17 nedahaken kalayan cetha, bilih Kanjeng Nabi Musa boten nganggep sariranipun piyambak dados tiyang ingkang nindakaken pandamel dédé utawi biyantu dhateng tiyang lepat. Mirsanana ugi 1808.

1876. Donganipun Kanjeng Nabi Musa punika boten kénging dipun anggé bukti, bilih Kanjeng

Ar. ikiAr. iki

Surat 28 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1047

17 Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! sarèhning Tuwan sampun aparing nugraha ing kawula, mila-nipun boten badhé kawula dados panulung tumrap titiyang lepat.

18 Lan dhèwèké ana ing sa-jroning nagara, ngandhut kuwatir, anganti-anti, lah ing kono, kang anjaluk tulung dhèwèké dhèk winginé sambat anjaluk tulung dhèwèké. Musa acalathu marang dhèwèké: sayekti kowé iku temen wong luput kang tétéla.

19 Bareng dhèwèké arep ana-ngani wong kang dadi mungsuh tumrap sakaroné, dhèwèké acala-thu: É, Musa! apa kowé arep matèni aku, kaya olèhmu matèni wong dhèk wingi? Kowé iku ora liya kajaba mung arep dadi wong rudaparipeksa ing bumi, lan ora niyat kowé arep dadi panunggalané para kang alaku tulus.

20 Lan ana wong lanang sawiji teka ana ing bagéaning kutha iku kang adoh banget mlayoni. Cala-thuné: O, Musa! saèstu para pangageng sami kempal angrem-bag sampéyan, badhé mejahi sam-péyan; milanipun (énggal) sam-péyan oncat; saèstu kula punika panunggalanipun para ingkang sami ngéman dhateng sampéyan.

.Nabi Musa dosa, awit tembung punika tegesipun, kawula sampun adamel pituna ing dhiri kawula piyambak, jalaran tegesipun ingkang sakawit dzulm punika naqsh (TA), utawi adamel nandang pituna (LL), sarta inggih teges punika ingkang kanggé ing 7: 60 tuwin ing 18: 33, Dzalamahu ugi ateges mikulaken dhateng awakipun piyambak sasanggèn ingkang langkung saking kadar kakiyatan utawi kasagedanipun. Déné suraosipun ing ngriki, inggih punika: Kanjeng Nabi Musa andadosaken sariranipun piyambak kaancam ing babaya, margi saking anggènipun mitulungi tiyang sanès.

Cariyos Juz XX 1048

21 Mulané dhèwèké oncat saka ing kono kalawan angandhut kuwa-tir anganti-anti, unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan amilujeng-aken kawula saking bangsa ing-kang anganiaya punika.

RUKU’ 3

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

22-26. Malajeng dhateng Madiyan. 27, 28. Anggènipun krama.

22 Lan bareng adhepé angener marang Madiyan, calathuné: Ambok-manawi Pangéranku bakal nuntun aku ing dadalan kang bener.

23 Lan bareng dhèwèké tumeka ing banyuné Madiyan, ing kono katemu wong sagolongan padha angombèkaké (wedhusé), lan sali-yané iku dhèwèké katemu wong wadon loro padha ngunduraké (wedhusé). Calathuné: Apa kang dadi susahmu sakaroné? Padha calathu: Kula boten sami saged ngombèkaken, manawi para pa-ngèn punika dèrèng sami angésah-aken (méndanipun), sarta bapak kula tiyang sepuh sanget.

24 Tumuli dhèwèké angom-bèkaké (wedhusé wong wadon) sakaroné iku, banjur bali marang éyupan, banjur munjuk: Pangéran kawula! saèstu, kawula punika, dhateng samukawis kasaénan ingkang Tuwan turunaken dhateng kawula, betah sanget.

25 Tumuli wadon loro mau kang siji lumaku kalawan rikuh anekani

Ar. dhèwèké

Ar. ngantos

Surat 28 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1049

dhèwèké.1877 Calathuné: Sampéyan dipun aturi mrika bapak, perlu badhé dipun caosi pituwas anggèn sampéyan sampun angombèkaken (ménda) kula. Bareng dhèwèké wus teka ing kono sarta wus anyaritakaké lalakon marang dhè-wèké, iki acalathu: Sampun sampé-yan kuwatos, sampéyan wilujeng saking titiyang ingkang anganiaya.

26 Wadon loro mau kang siji calathu: O, bapak! punika panje-nengan pundhut réncang; saèstu, ingkang langkung saé panjenengan pundhut réncang punika tiyang ingkang rasa, tiyang ingkang pini-tados.

27 Calathuné: Kula punika ga-dhah niyat badhé andhaupaken salah satunggaling anak kula èstri kakalih punika kaliyan sampéyan, kalawan janji: sampéyan arérén-cang kula wolung taun; déné manawi sampéyan badhé anjang-kepaken sadasa (taun), inggih sakajeng sampéyan, sarta kula boten gadhah kajeng badhé adamel rekaos dhateng sampéyan; manawi Allah angarsakaken, sampéyan ba-dhé sumerep nyatanipun, manawi kula punika panunggilanipun para tulus.1878

1877. Mirsanana Pangentasan 2: 15-21. Quran boten nyebutaken pinten anakipun èstri tiyang wau; Quran namung mangandikakaken bilih laré èstri ingkang kalih kapatah angèn méndaning bapakipun. Dados tiyang ingkang mastani bilih cariyos punika worsuh kaliyan carios anakipun èstri Laban kakalih, punika malah piyambakipun piyambak ingkang kisruh.

1878. Tukang kritik Nasrani gadhah pamanggih, bilih cariyos punika ugi worsuh. Dupèh Kanjeng Nabi Ya’qub naté ngladosi Laban pitung taun minangka netepi babana anggènipun mundhut garwa salah satunggaling anakipun èstri Laban (Purwaning-dumados 29: 18), punika lajeng nuwuhaken panganggep bilih cariyosipun Bébel “ingkang kénging pinitados” punika wonten ing panggalihipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. dados cawuh boten kanten-kantenan, ngantos nukulaken cariyosan kramanipun Kanjeng Nabi Musa. Wonten ing pikiranipun tukang-kritik Nasrani, manawi magepokan kaliyan cariyos ingkang wonten ing Quran, lalampahan ingkang radi wonten saminipun sakedhik kémawon, rnakaten ugi nama ingkang nunggil, punika lajeng kémawon nukulaken pupuntoning

Ar. piyam-bakipun

Ar. manggih

Cariyos Juz XX 1050

28 Calathuné: Punika badhé (pra-janjian) kula kaliyan panjenengan; mangsa kakalih punika pundi ingkang badhé kula tetepi, rak boten badhé wonten kalepatan ing atasipun kula; lan Allah punika saksi ingatasipun punapa ingkang sami kula ucapaken.

RUKU’ 4

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

29-35. Ayahanipun Kanjeng Nabi Musa. 36-39. Pabenipun Fir’aun kaliyan panjenenganipun. 40-42. Fir’aun dipun kèlem.

29 Bareng Musa wus angganep-aké mangsa kang wus tinamtu sarta lunga karo kulawargané, weruh ing iring kénéning gunung ana geni. Acalathu marang kula-wargané: Padha mandhega, sayekti aku andeleng geni, manawa-manawa aku bisa anggawa mrénékabar utawa tumper kang murub saka ing kono, supaya kowé padha bisa api-api.a

30 Bareng dhèwèké teka ing kono, diuwuh saka sisih tengening jujurang, ing papan kang binar-kahan kebak kakayon, ujaring swara:b O, Musa! sayekti Aku iki Allah, Pangéraning ngalam kabèh.

31 Lan pangandikané: Uncalna tekenira. Bareng dhèwèké weruh iku obah, kaya-kaya iku ula,c (ban-jur) mungkur, angoncati, lan ora bali. O, Musa! majua lan aja kuwatir; sayekti, sira iku panung-galané para kang padha slamet:

pamanggih, bilih cariyos wau worsuh lan cawuh. Miturut cacariyosan ingkang pinanggih wonten ing kitab-kitabipun agami Yahudi, Kanjeng Nabi Musa naté ngèngèr Kanjeng Nabi Syu’aib ngantos sadasa taun, dados punika ngiyataken lajering cariyos ingkang kasebut ing Quran (mirsanana Yewish En.), sarta inggih boten nama nglengkara Kanjeng Nabi Musa ngantos sadasa-nan taun anggènipun andhèrèk Kanjeng nabi Syu’aib karana badhé anggarwa ingkang putra Kanjeng Nabi Syu’aib wau.

Ar. antawis-ipun kula kaliyan antawisipun

Ar. marang

a. 578

Ar. saka b. 1356

c. 926, 1581

Surat 28 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1051

32 Tanganira sira salobokna ing dhadhanira, iku metuné bakal putih warnané, tanpa cacad,d lan sira rapetna tanganira (utawa suwiwi-nira) ing awakira saka wedi: lah loro iku bukti loro saka Pangé-ranira marang Fir’aun dalah para wongé gedhé-gedhé; sayekti, dhè-wèké iku wong kang padha murang yekti.

33 Unjuké: Pangéran kawula! saèstu kawula sampun mejahi panunggilanipun piyambakipun sa-tunggal, milanipun kawula kuwa-tos manawi dipun pejahi piyam-bakipun:

34 Saha sadhèrèk kawula, Harun, punika langkung tètèh-patitis ing wicara tinimbang kawula mila-nipun mugi Tuwan angutus piyam-bakipun anyartani kawula minang-ka pambantu, anemenaken kawula; saèstu kawula kuwatos, manawi piyambakipun badhé sami anggo-rohaken kawula.

35 Pangandikané: Ingsun bakal anguwataké baunira kalawan sa-dulurira, lan Ingsun bakal aparing wisésa marang sira sakaroné, temah dhèwèké bakal padha ora tumama marang sira:1879 (mang-kata) kalawan tandha-tandha-Ningsun; sira sakaroné dalah sapa kang manut ing sira bakal unggul.

36 Bareng Musa wis teka ing panggonané kalawan tandha-tan-dha-Ningsun kang terang, dhèwèké padha calathu: Iki ora liya kajaba kemayan gawé-gawéan, lan pra-

1879. Terangipun: temah dhèwèké ora bakal bisa amitunani ing sira.

d. 926, 1582 Ut. diteguh sajroné wedi

Ar. dhèwèké

Ar. piyam-bakipun

Cariyos Juz XX 1052

kara iki aku padha ora tau krungu ana ing bapak-bapakku biyèn.

37 Lan Musa calathu: Pangéran luwih udani marang sapa kang teka kalawan tuntunan saka ngarsa-Né lan sapa kang bakal andharbèni pungkas-pungkasaning padunungan; sayekti ora bakal beja wong kang padha atindak dudu iku.

38 Lan Fir’aun acalathu: É, para panggedhé! aku ora weruh sesem-bahan tumrap kowé kabèh saliyané aku; mulané, o, Haman! Aku obongna bata, banjur aku gawèkna panggung kang dhuwur, supaya aku bisa weruh marang Sesem-bahané Musa; lan sayekti, aku ngira, dhèwèké iku panunggalané wong kang padha goroh.1880

39 Lan dhèwèké gumedhé ana ing bumi kalawan ora bener, dhèwèké sawadyabalané, lan padha nyana, yèn awaké ora bakal di-balèkaké marang Ingsun.

40 Mulané dhèwèké sawadya-balané Ingsun pundhut banjur Ingsun kelem ing sagara; lah delengen, kapriyé wusanané kang padha atindak dudu.

41 Lan dhèwèké padha Ingsun dadèkaké pangarep, kang angajak marang geni, lan ing dina kiyamat ora bakal padha tinulungan.1881

1880. Ing wontenipun Pangéraning langit-langit lan bumi, Fir’aun anggugujeng, sarta kalayan ngemu maksud nyanyamah Fir’aun dhawuh dhateng salah satunggaling nayakanipun supados nyudhiyakaken banon (awit inggih makaten punika kajengipun tembung ngurubaken latu ing lebu makaten) sarta ngadegaken panggung ingkang inggil, kanggé anginceng dhateng langit ngupadosi Pangéraning langit-langit lan bumi.

1881. Dados raja Fir’aun punika dipun anggé tuladha awon; para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci dipun pèpèngeti, samangsa sami napak tilas raja Fir’aun, mesthi inggib badhé manggih lalampahan saminipun ingkang dipun sandhang Fir’aun.

Ar. urubna geni ing lebu

Surat 28 Kanjeng Nabi kados Kanjeng Nabi Musa 1053

42 Lan ana ing donya iki, dhè-wèké padha Ingsun lud kalawan la’nat, lan ing dina kiyamat bakal padha dadi panunggalané para kang siningkiraké saka ing becik.

RUKU’ 5

Kanjeng Nabi kados Kanjeng Nabi Musa

43-46. Wedharing sabdanipun Allah sampun nyumerepaken rumiyin dhateng Kanjeng Nabi Musa bab badhé rawuhipun Kanjeng Nabi. 47-50. Kanjeng Nabi nyata rawuh saèstu.

43 Lan sayekti, temen Ingsun wus amaringi Kitab Musa ing sawisé Ingsun anglebur bangsa kang kuna-kuna, bukti-bukti terang sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap para manusa, supaya dhèwèké padha élinga.

44 Lan sira ora ana ing sisih kulon nalikané Ingsun amedhar papakon marang Musa, lan sira ora kalebu panunggalané para kang neksèni;1882

45 Ananging Ingsun anuwuhaké bangsa-bangsa, banjur umur dida-wakaké tumrap dhèwèké; lan sira ora dudunung nunggal wong-wong Madiyan amacakaké timbalan-timbalan-Ingsun marang dhèwèké, ananging Ingsun kang utusan.

46 Lan sira ora ana iring kénéné gunung nalikané Ingsun anguwuh, ananging (iki) wilasa saka Pangéranira, dimèn sira apépéling

1882. Manawi makaten, lah kados pundi déné Kanjeng Nabi Musa saged ngandikakaken kalayan terang gamblang ing bab badhé rawuhanipun Kanjeng Nabi Suci? Saupami botena lantaran saking wahyuning Pangéran, kaselak mokal Kanjeng Nabi Musa saged ngandikakaken kalayan cetha bab Kanjeng Nabi Suci, kalih éwonan taun ing sadèrèng ing miyosipun. Ukara sira ora ana ing ........ dipun wongsal-wangsuli wonten ing ayat punika saha wonten ing ayat kakalih candhakipun, punika perlu kanggé ngatingalaken kalayan melok kelampahanipun saèstu wahananing piweca, tur ingkang kalayan cetha awéla-wéla, ngantos Kanjeng Nabi Musa kados déné ngandikakaken satunggaling tiyang ingkang nalika jaman samanten sampun wonten, dadosipun ngantos trawaca pamirsanipun.

Ut. anggi-lani

Cariyos Juz XX 1054

marang bangsa, kang sadurungé sira ora ana juru-pépéling anekani dhèwèké, supaya dhèwèké padha élinga.1883

47 Lan supaya – manawa ana babaya anekani dhèwèké amarga saka panggawéning tangané kang dhisik-dhisik – dhèwèké aja banjur padha calathu: Pangéran kawula! punapa déné Tuwan boten angin-tunaken utusan mriki, ingkang su-pados kawula lajeng sami miturut ing timbalan-timbalan Tuwan, saha sami dados panunggilanipun para ingkang sami angèstu!

48 Bareng kasunyatan saka ngarsa-Ningsun anekani dhèwèké, padha calathu: Yagéné dhèwèké ora diparingi padhané barang kang diparingaké Musa? Apa ta dhè-wèké ora padha angafiri barang kang diparingaké Musa ing biyèn? Padha calathu: Kemayan loro bantu-binantu; sarta padha cala-thu: Sayekti, aku iki wong kang angafiri sakabèhé.1884

1883. Ayat punika anggenahaken maksudipun ayat-ayat ingkang sampun, makaten terangipun: Sira ora ana ing kono, balik wilasaning Pangéran, kang maringaké piweca ing bab awakira ana ing lisané Musa. Bab punika sampun kacetha wonten ing dhawuh wilasa saka Pangéranira. Dimèn sira apépéling ......... Bangsa ingkang dèrèng karawuhan juru-pépéling ing sadèrèng-sadèrèngipun, punika bangsa Arab. Kacundhukna kaliyan 32: 3, 36: 6.

1884. Para titiyang kafir anggènipun sami milawani ing Kanjeng Nabi Suci boten mawi waton satunggal-tunggala ingkang kekah lan gumathok. Milawani samangsa ingkang dipun anggé waton milawani kacihna lepatipun, piyambakipun lajeng malémbar ngupados gogondèlan sanès. Nalika Kanjeng Nabi rawuh, piyambakipun sami wicanten bilih kedahipun Kanjeng Nabi punika tampi wahyu kados ingkang katampi Kanjeng Nabi Musa. Nanging sareng sami dipun tedahi saminipun wahyu ingkang katampi ing Kanjeng Nabi lan ingkang katampi ing Kanjeng Nabi Musa, sarta sareng kadhawuhan bilih piyambakipun sami badhé nandhang nasib kados ingkang kasandhang dening para mengsahipun Kanjeng Nabi Musa, lah piyambakipun lajeng sami wicanten, bilih kakalihipun wau, inggih punika Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Muhammad- mugi-mugi rahayu saha nugrahanipun Allah tetepa ing panjenenganipun kakalih - punika sami tukang apus krama, damelanipun nyinthung ing tiyang kathah kalayan wicaranipun ingkang tètèh, satunggal lan satunggalipun tulung-tinulung, awit saking punika piyambakipun boten purun angèstu dhateng kalih-kalihipun wau.

Ar. dhateng kawula

Surat 28 Kayektèning wahyu 1055

49 Calathuné: Lah padha ane-kakna kitab (liyané) sawiji saka ngarsaning Allah, (sing dadi) tun-tunan luwih becik tinimbang loro iku, (mengko) dak-turuté, manawa kowé iku padha temen.1885

50 Ananging manawa dhèwèké ora padha nyembadani panjaluk-ira, lah weruha, manawa dhèwèké iku mung padha miturut pépé-nginané kang asor baé; lan sapa kang luwih sasar tinimbang wong kang miturut pépénginané kang asor, kalawan tanpa tuntunan saka ing Allah, sayekti Allah iku ora nuntun para wong kang atindak dudu.

RUKU’ 6

Kayektèning wahyuning Pangéran

51-53. Anetepaken sesambetanipun kaliyan wahyu ingkang rumiyin. 54-57. Para mukmin kedah sabar salebetipun kénging cobi. 58-60. Kitha ingkang sampun linebur suka pèpènget.

51 Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké Sabda iku akèh sasambungané tumrap marang dhèwèké, supaya dhèwèké padha éling.1886

1885. Suraosipun: manawa kowé ora ngakoni ing kayektèning wahyu loro mau, lah mara aranana endi wahyu sing ana ing donya kene sing bisa aweh tatanan kanggo tuntunan sing luwih becik. Dhawuh pratélan makaten punika namung kanggé anedahaken, bilih wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa lan ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci, punika sami déné luhur lenggahipun manawi katandhing kaliyan wahyu sanès-sanèsipun ingkang pundi kémawon. Sarta menggah ing sajatos-jatosipun ingkang makaten punika pancèn nyata, awit ing antawisipun sadaya kitab suci ing jagad punika, Bébel punika lenggahipun dhumawah angka kalih ing sasampunipun Quran Suci. Nanging dhawuh punika boten ateges, bilih Bébel punika lenggahipun sami kaliyan Quran Suci. Sapinten aosipun, mirsanana 697, 703. Kula aturi mirsani ugi 152.

1886. Fi’il (tembung kriya), punika manawi nganggé rimbag fa’ala, mengku teges ingkang dipun sangetaken (mubâlagah) utawi teges ingkang langkung jembar (taksîr). Awit saking punika dados washshala punika ateges banget anggoné nyambung utawi anggathukaké utawi gawé (tali) akèh sambungané (TA-LL). Déné maksudipun, dhawuhipun Allah kados ingkang kamot wonten ing Quran, punika kadamel kathah bab-ipun ingkang sasambetan kaliyan wahyu kitab ingkang sampun-sampun, supados tiyang langkung gampil dipun èngetaken ing kayektènipun. Nadvan silih tiyang punika botena sami iman pisan dhateng wahyu ingkang sampun-sampun, saminipun piwulanging nabi kakalih ingkang

Ar. ing sira

Cariyos Juz XX 1056

52 (Wondéné) para kang wus padha Ingsun paringi kitab sadu-rungé iku, marang iku dhèwèké padha angèstu.1887

53 Lan nalika dhèwèké padha diwacakaké iku, padha calathu: Aku padha angèstu marang iku; temen iku kasunyatan saka Pangé-ranku; sayekti, aku iki, sadurungé iku, padha wong kang sumarah.

54 Iki wong kang bakal pina-ringan ganjaran ambal pindho, amarga saka anggoné padha kukuh sarta anulak ala kalawan becik apa déné amèwèhaké barang paparing-Ingsun.1888

55 Lan samangsa padha ngrungu catur lalahan, padha méngo saka ing kono sarta calathu: Aku bakal padha olèh panggawéku lan kowé bakal olèh panggawému;

rawuhipun sampun dangu sanget, ingkang béda babar pisan umatipun tur babar pisan béda kawontenaning jamanipun, punapa déné kelampahanipun wahananing piweca ingkang kawecakaken nabi ingkang satunggal wonten ing sariranipun nabi satunggalipun, punika sadaya -meksa saged suka bukti ingkang ambabar pisani, ingkang nelakaken ing kayektèning nabi kakalih wau. Kados déné ingkang sampun katerangaken ing nginggil, ingkang dipun karsakaken ing ngriki, punika sasambetanipun kaliyan wahyu ingkang sampun-sampun. Ingkang makaten punika ugi kacetha saking ayat candhakipun, ingkang kalayan tembung ingkang terang gamblang mangandikakaken tiyang ingkang sampun sami kaparingan Kitab.

1887. Ingkang makaten punika boten ateges bilih sadaya ingkang sampun naté kaparingan kitab suci angèstu dhateng Quran. Ayat punika namung amèngetaken wutah gumelaring kanyataan, bilih sadaya kémawon mesthi iman dhateng kayektèning wahyu saking Allah, sarta boten badhé maiben ing sasambetanipun wahyu kakalih wau, boten maiben ing kayektèning piwulang-piwulang ingkang mongka tatales saha boten maiben kanyataanipun saèstu wahananing piweca-piweca. Nanging, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat sambetipun, ngemungaken tiyang ingkang sampun sumarah saèstu dhateng Allah kémawon, ingkang purun angèstu.

1888. Punika boten ateges bilih tiyang ingkang angèstu dhateng kitab suci ingkang sampun- sampun, sarta ingkang ing sapunikanipun lajeng angèstu dhateng Kanjeng Nabi Suci, punika badhé angsal ganjaran ambal kaping kalih margi saking lekasipun wau. Déné ingkang murugaken angsal ganjaran ambal kaping kalih (ingkang boten sanès tegesipun ganjaran ingkang langkung ageng) punika kadhawuhaken makaten: amarga saka anggoné padha kukuh sarta anulak ala kalawan becik apa déné amèwèhaké barang paparing-Ingsun. Piyambakipun sami nandhang panganiaya, suprandéné tetep sabar (kekah, santosa) salebetipun nandhang cobi ingkang ageng wau; boten namung samanten kémawon, nanging malah males saé dhateng piawonipun tiyang ingkang nganiaya dhateng piyambakipun wau, kawimbuhan malih piyambakipun purun kurban ageng-agengan kanggé nglabuhi pakaryanipun yakti. Mirsanana ugi 1987 ingkang kanggé nafsiri dhawuh ing 33: 31 tuwin 2458.

Ar. ganja-rané

Surat 28 Kayektèning wahyu 1057

rahayu tumibaa marang kowé, aku ora padha mamrih para wong bodho.

56 Sayekti sira iku ora bisa nun-tun wong kang sira tresnani, ananging Allah nuntun sapa kang dikarsakaké, lan Panjenengané iku luwih Ngudanèni marang kang padha miturut ing dalan kang bener.1889

57 Lan dhèwèké padha calathu: Manawa aku padha miturut tuntu-nan anyartani kowé, bakal dicuthat saka ing bumiku. Apa Ingsun ora wus angenggonaké-tetep dhèwèké ing tanah kang suci, slamet, sawar-nané wowohan padha ditekakaké mrono minangka rijeki saka ngarsa-Ningsun? Ananging dhèwèké sing akèh padha ora weruh.1890

58 Lan wis pira baé kutha kang mubra-mubru panguripané kang wus Ingsun lebur; lah iki pa-dunungané: ing sapungkuré ora didunungi, kajaba sadhéla, lan Ingsun kang dadi waris.1891

1889. Kacariyos nalika Bagéndha Abu Thalib (ingkang paman Kanjeng Nabi) sampun andungkap badhé séda, Kanjeng Nabi ngaturi panjenenganipun supados angèstu dhateng Kasawijènipun Pangéran. Abu Jahal, ingkang nalika ing wekdal wau ugi wonten ing ngriku, ngayani sampun mituruti karsanipun Kanjeng Nabi wau, wicantenipun: Sampun ngantos nilar agamining luluhuripun. Bagénda Abu Thalib dumugining séda tetep dados tiyang kafir. Dhawuh ingkang mungel sira iku ora bisa nuntun wong kang sira tresnani, punika dados panglipur tumrap Kanjeng Nabi (Bkh).

1890. Langkung rumiyin ayat punika mangandikakaken kuwatosipun ingkang atanpa waton para titiyang ingkang anggadhahi panganggep, bilih ringkihipun para Muslimin punika mesthi badhé mahanani para ingkang purun ngrasuk agami Islam dipun cepeng, dipun pejahi, utawi dipun sébrataken. Minangka wangsulan para titiyang wau sami kadhawahan bilih piweca-piweca ingkang angundhangaken bilih nagari Makkah badhé dados tanah suci ingkang aman, ingkang dados luruganipun titiyang kathah ing sadaya jaman, punika mesthi badhé kelampahan saèstu, sarta ing wasananipun nagari Makkah mesthi kadarbé ing para Muslimin, ingkang inggih akarana punika déné piweca-piweca wau kadhawuhaken.

1891. Terangipun, nadyan ing sapunika ugi karatoning Pangéran mesthi badhé dipun jumeneng-aken, sarta para angèstu ing Allah ingkang sajati mesthi badhé dipun dadosaken gustinipun nagari wau.

Ar. tuntunan

Cariyos Juz XX 1058

59 Lan ora tau Pangéranira ang-lebur kutha-kutha, kajaba yèn wis anjumenengaké utusan ing kuthané karajan, amacakaké timbalan-timbalan-Ingsun marang dhèwèké; lah ora tau Ingsun anglebur kutha-kutha kajaba manawa wong-wongé padha atindak dudu.

60 Lah sabarang apa baé kang kaparingaké marang sira lah iku mung pasadhiyan kauripan donya sarta papaèsé, lan barang kang ana ing ngarsaning Allah iku luwih becik lan luwih lestari; lah apa kowé ora ngerti?

RUKU’ 7

Ingkang sami milawani badhé dipun asoraken

61-66. Para panuntun nilar pandhèrèkipun. 67-73. Kawasa lan ngilmu punika kagunganipun Allah. 74, 75. Ingkang milawani sami nglenggana dhateng apesipun.

61 Lah wong kang Ingsun janjèni janji kang becik, kang sabanjuré bakal tinemu (nyata), iku apa padha karo kang Ingsun sadhiyani pasadhiyan kauripan donya, kang sabanjuré ing dina kiyamat dhèwèké bakal dadi panunggalané para kang diimpun (perlu anampani pidana)?1892

62 Lan ing dinané Panjenengané bakal animbali dhèwèké banjur ngandika: Endi kang padha sira anggep sakuthu-Ningsun?

63 Para kang ditibani pancasan kang wis tetep, munjuk: Pangéran kawula! punika para ingkang sami kawula sasaraken; anggèn kawula nasaraken piyambakipun kados

1892. Wonten tiyang kalih pantha ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika (1). Kanjeng Nabi lan para pandhèrèkipun, inggih punika ingkang sami nampèni janji saé saking Allah, nadyan ing wekdal wau ringkih saha kinaniaya: (2). golonganipun mengsah ingkang kiyat, ingkang

Ar. nganti

Ar. ibuné

Ar. sabda nyata ing-atasé dhè-wèké

Surat 28 Ingkang sami milawani 1059

sasar kawula piyambak; (unjuk kawula) ing Tuwan, kawula sam-pun lebaran (kaliyan piyambak-ipun); boten naté piyambakipun sami manembah dhateng ka-wula.1893

64 Lan bakal dipangandikani: Padha nguwuha sesembahan seku-thonmu. Banjur padha anguwuh dhèwèké, ananging ora bakal padha diwangsuli, sarta bakal andeleng siksa; o, upama ta dhèwèké padha nuruta dalan kang bener!

65 Lan ing dinané Panjenengané bakal animbali dhèwèké, banjur angandika: Kapriyé anggonmu mangsuli para utusan?

66 Tumuli ing dina iku katera-ngané kang angènthèngaké kalupu-tané dadi peteng tumrap dhèwèké kabèh, sabanjuré bakal padha ora takon-tinakon.1894

67 Wondéné wong kang tobat sarta angèstu, lan anglakoni pang-gawé becik, lah iku bisa uga bakal dadi panunggalané para wong begja.

68 Lan Pangéranira iku anitah-aké sarta milih apa kang dadi karsa-Né; pamilih iku ora dumu-nung ing dhèwèké; Mahasuci Allah iku lan Mahaluhur saking barang kang disakuthokaké (karo Panjenengané).

abandha-abandhu, nanging ingkang ing satunggaling dinten mengsah badhé dipun impun perlu nampèni pancasan.

1893. Sadaya para mufassir sami sarujuk, bilih kang ditibani pancasan kang wis tetep punika para panuntuning kakafiran (JB, Kf). Dados anggènipun sami wicanten piyambakipun boten naté sami ngabdi utawi manembah dhateng kawula, punika anedahaken bilih inggih para panuntun punika, ingkang kapangandikakaken dados sesembahan ingkang dipun sembah déning para pandhèrèkipun.

1894. Piyambakipun badhé boten saged damel pawadan, jalaran gorohipun pawadan palsu, ingkang wonten ing ngriki saged damel pamaremipun, ing bénjingipun badhé dados cetha pratéla tumrap

Ut. wisuh

Cariyos Juz XX 1060

69 Lan Pangéranira iku anguda-nèni apa kang disingidaké déning dhadha-dhadhané lan apa kang digelar.

70 Lan Panjenengané iku Allah; ora ana sesembahan kajaba Panje-nengané! Kagungané Panjene-ngané sakèhing pangalembana iku, ing donya (iki) lan (ing) akhirat, sarta kagungané Panjenengané pancasan iku, tuwin marang Panjenengané anggonira bakal di-balèkaké.

71 Calathua: Mara wangsulana, manawa Allah andadèkaké wengi ingatasé kowé kabèh terus tanpa pedhot tumeka dina kiyamat, sapa sesembahan saliyané Allah kang bakal bisa anekakaké padhang marang kowé? Lah apa kowé padha ora krungu?

72 Calathua: Mara wangsulana, manawa Allah andadèkaké raina ingatasé kowé kabèh terus tanpa pedhot tumeka dina kiyamat, sapa sesembahan saliyané Allah kang bakal bisa anekakaké wengi ma-rang kowé, kang ing kono kowé padha bisa ngaso? Lah apa kowé padha ora andeleng?

73 Lan amarga saka wilasa-Né, Panjenengané wus andadèkaké wengi lan raina, supaya ing kono padha bisa ngaso lan supaya kowé padha bisa ngupaya lubèring paparing-É, sarta supaya kowé atur panuwun.*

*dhateng piyambakipun. Makaten ugi piyambakipun boten badhé takèn-tinakèn, jalaran satunggal- satunggalipun badhé sami sumerep palsuning pawadanipun tiyang sanès.

Surat 28 Qarun 1061

Ut. baléla

74 Lan ing dinané Panjenengané animbali dhèwèké, banjur ngan-dika: Endi kang padha koanggep sakuthu-Ningsun.

75 Lan saka sisji-sijining umat Ingsun bakal mundhut saksi siji, banjur Ingsun ngandika: Padha tekakna buktinira; dhèwèké banjur bakal padha weruh, yèn kasu-nyatan iku kagungané Allah, sarta barang anggit-anggitané dhéwé bakal padha sirna saka ing kono.

RUKU’ 8

Qarun, bandhanipun andawahaken awakipun piyambak ing karisakan

76-80. Qarun mirong lumawan Kanjeng Nabi Musa sarta angandel-andelaken kasugihan. 81, 81. Remukipun.

76 Sayekti, Qarun iku panung-galané kaumé Musa, ananging mirong lumawan dhèwèké, lan wus Ingsun paringi kasugihan sapirang-pirang, nganti tumpu-kaning bandhané masthi bisa mlenetaké wong sagrombol kang padha rosa-rosa. Nalika kaumé calathu marang dhèwèké: Aja kowé bungah-bungah, sayekti Allah iku ora remen marang kang padha abungah-bungah:1895

1895. Cariyos lalampahanipun Qarun utawi Korah, anggènipun ambaléla dhateng panuntunipun, Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Harun, sarta anggènipun dipun untal bumi, kaandharaken wonten ing Wilangan 16. Cariyos ing Quran mawi nyebutaken prakawis ingkang radi wigatos, ingkang boten kasebutakan ing Bébel, inggih punika bab bandhanipun Qarun. Bab prakawis bandhanipun Qarun punika gelar yekti ingkang ugi kasebut wonten ing kitab-kitab Yahudi (Yewish En.). Miturut kitab-kitab Yahudi wau, sampun misuwur bandhanipun Qarun, punika kathah sanget, ngantos kuncining gedhong-gedhongipun kémawon sampun wonten tigang atus momotan kimar. Tembung mafâtih kados ingkang kasebut ing Quran punika jama’-ipun tembung maftah, ingkang tegesipun bandha ingkang tanpa wicalan kathahipun utawi bandha simpenan utawi bandha pinendhem (TA-LL). Mafâtih ugi dados jama’-ipun tembung maftah, tegesipun kunci; nanging rèhning tembung kunuz (tegesipun kasugihan mufrad-Ipun: kanza) punika tembung jama’, milanipun dlamir (tembung purusa) ingkang wonten ing mafâtiha-hu, punika boten wangsul dhateng kunuz, nanging dhateng Qarun; awit saking punika mafâtîh wau ateges tumpukaning bandha.

Ar. dhèwèké

Cariyos Juz XX 1062

77 Lan ngupayaa padunungan akhirat asarana paparinging Allah marang kowé sarta aja nglalèkaké bagéanmu prakara donya, tuwin agawéa becik (ing liyan) kaya anggoné Allah agawé becik ma-rang kowé, apa déné aja dhemen agawé wisuna ing bumi: sayekti Allah iku ora remen marang kang padha agawé wisuna.

78 Calathuné: Olèhku diparingi iki, iku mung marga saka olèhku duwé kawruh. Apa dhèwèké ora weruh, yèn Allah iku, ing sadu-rungé dhèwèké temen wis anglebur bangsa-bangsa, kang luwih prakasa tinimbang dhèwèké ing dalem karosan sarta luwih akèh ing dalem kalumpuking (bandha)? Lan para wong dosa iku ora bakal ditakoni dosané.1896

79 Tumuli dhèwèké metu marangkaumé linimput ing papaèsé. Para kang padha kapéngin kauripan donya acalathu: O, mbok aku iki duwé padhané kang diparingaké Qarun! Sayekti, dhèwèké iku duwé kabegjan gedhé temenan.

80 Lan para kang padha kapa-ringan ngilmu acalathu: Cilaka kowé! ganjaraning Allah iku luwih becik tumrapé wong kang angèstu lan anglakoni panggawé becik, lan ora ana kang éntuk iku kajaba para kang padha sabar.

81 Mulané Ingsun angarsakaké bumi anguntal dhèwèké dalah padunungané; lan dhèwèké ora duwé papanthan kang mitulungi

1896. Titiyang dosa boten badhé dipun dhawuhi ngandharaken larah-larahipun déné ngantos nglampahi dosa, awit Allah punika Mahawikan.

Surat 28 Qarun 1063

awaké lumawan Allah, sarta dhèwèké ora kalebu panunggalané para kang bisa anulungi awaké dhéwé.1897

82 Lan para kang dhèk winginé padha kapéngin kaya dhèwèké wiwit padha calathu: Ah! (weruha), yèn Allah iku anjembaraké lan anyumpi rijeki marang para kawu-la-Né; manawa Allah ora welas marang aku, amasthi Panjenengané angasoraké aku; ah! (weruha), yèn ora bakal beja wong kang padha ora weruh ing panarima iku.

RUKU’ 9

Menangé ingkang wekasan Kanjeng Nabi

83, 84. Tiyang andhap-asor badhé menang. 85. Makkah badhé dhumawah ing asta-nipun Kanjeng Nabi. 86-88. Kanjeng Nabi kedah tetep santosa.

83 (Ana déné) padunungan akhi-rat iku, iku Ingsun dadèkaké bagéané para kang ora padha kumudu luhur ing bumi sarta ora agawé wisuna; lan kawusanan kang becik iku tumrap para kang anjaga dhiriné (saka ing ala).

84 Sapa sing anggawa kabecikan iku bakal olèh kang luwih becik tinimbang iku, lan sapa sing anggawa ala – lah para kang padha anglakoni panggawé ala, ora bakal winales kajaba apa kang wus padha dilakoni.

85 Sayekti, Panjenengané, Kang wus amajibaké Quran ing atasé sira, iku amasthi bakal ambalèkaké sira marang panggonan kang wus tinamtu.1898 Calathua: Pangéranku

1897. Suraosipun: piyambakipun lebur. Khasf ugi ateges nginakaken (adamel inanipun) tiyang sanès utawi ngasoraken; manawi makaten tembungipun kriya Khasafa (LL awawaton Ham, Q, tuwin

1898. Mirsanana kaca candhakipun.

Ar. panggo-nané

Ar. dhèwèké

Cariyos Juz XX 1064

luwih udani, sapa sing anggawa tuntunan lan sapa sing dumunung ing sasar kang tétéla.

86 Sira ora angarep-arep supaya Kitab iku winisikaké marang sira, ananging iku wilasa saka Pa-ngéranira; mulané aja sira dadi panulung tumrap para kafir.

87 Lan aja nganti dhèwèké angéngokaké sira saka timbalan-timbalan-Ingsun, ing sawisé iku diturunaké marang sira, sarta ajak-ajaka (uwong) marang Pangéran-ira, lah aja sira dadi panunggalané wong kang padha manembah pangéran akèh.

88 Lan aja sira anguwuh sesem-bahan liya anyartani Allah; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; sarupané barang iku bakal lebur, kajaba Panjenengané, pancasan iku ana ing asta-Né sarta marang Panjenengané anggonira bakal di-balèkaké.1899

TA), Teges punika kula anggé anjarwani ing ayat candhakipun.

1898. Tembung ma’âd tegesipun panggènaning wangsul utawi panggènan ingkang dipun wangsuli.

(inggih punika saking tembung ‘ada, jawinipun bali) (LL). Tembung ma’ad ing punika ingkang sampun-sampun dipun suraos mengku teges nagari Makkah, miturut anggènipun nyuraos I’Ab, sarta TA inggih nganggèkaken panyuraos punika, jalaran bedhahipun nagari Makkah punika sampun kajanjèkaken dhateng Kanjeng Nabi, dadosipun inggih dhateng nagari Makkah ngriku badhé wangsulipun Kanjeng Nabi. Anggènipun mastani sababipun mila nagari Makkah winastan ma’ad, sanès malih; inggih punika margi titiyang ingkang sami jiyarah haji wangsul mriku (LL.). Miturut sawenèh ayat punika katurunakcn nalika Kanjeng Nabi bidhal saking Makkah, inggih punika nalika salebetipun tindak dhateng Madinah. Saboten-botenipun ayat punika isi piweca ingkang terang, bab anggènipun Kanjeng Nabi badhé kawangsulaken dhateng nagari Makkah.

1899. Rèhning Kanjeng Nabi makaten tiyang ingkang nampèni wahyu ingkang ngemot dhawuh kados ingkang wonten ing ayat punika saha ayat ing sadèrèng ipun, milanipun menggah ing sajatos jatosipun dhawuh-dhawuh wau suka gagambaran dhateng kula sami bab panggalihanipun Kanjeng Nabi. Saking dhawuh-dhawuh bangsanipun ingkang kados makaten punika, sok wonten tiyang ingkang lajeng damel pupuntoning pamanggih, bilih panggalihipun Kanjeng Nabi punika tumiyung dhateng kamusrikan (mangéran kathah). Nanging ngemungaken gagasan ingkang boten tumata kémawon, ingkang saged damel pupuntoning pamanggih makaten wau. Kosokwangsulipun, dhawuh-dhawuh punika boten anedahaken tumiyunging panggalih kados makaten wau, nanging malah anedahaken bilih panggalihipun Kanjeng Nabi punika suci mulus saking prakawis bangsanipun ingkang makaten wau.

_______________

Ar. wadana-NéAr. kagu-ngan-É

SURAT 29

AL-‘ANKABÛT

(Kemlandhingan)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(7 ruku’, 69 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Cobi punika murugaken suci. Ruku’ 2, 3. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Nuh, Ibrahim, tuwin Luth. Ruku’ 4. Ringkihipun iman palsu: kaca benggala saking pandumipun bangsa-bangsa ing

kina-kina. Ruku’ 5. Quran Suci punika anucèkaken Ruku’ 6. Para kafir dipun pèpèngeti, para angèstu dipun lipur. Ruku’ 7. Menangipun para mukmin.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsaning tumurunipun

Surat punika dipun namakaken Kemlandhingan, margi wonten ing surat punika pangandel kabrahalan lan kamusrikan punika dipun samèkaken kaliyan lamating kemlandhingan. Lan sayekti ringkih-ringkihing omah iku omah kemlandhingan (ayat 41). Suraosipun sampun terang: iman palsu mesthi boten kiyatipun tinodhi ing wekdal, sarta mesthi badhé larut déning ilining yakti ingkang santer. Surat punika tuwin surat titiga sambetipun, punika dados sagolongan malih saking éwoning wahyu Makkiyah, satunggal-satunggalipun sami dipun sisirahi aksara alif, lam, mîm. Déné ingkang karembag wonten ing surat punika, inggih punika panganiaya tuwin cobi ingkang kasandhang déning para Muslimin, milanipun lajeng wonten sawenèh para saged ingkang anggadhahi pamanggih bilih sawenèh ayat-ayatipun surat punika, langkung-langkung ayat-ayat ingkang wiwitan, punika anggènipun katurunaken wonten ing Madinah, tuwin mengku karsa mangandikakaken pepérangan-pepéranganipun titiyang Muslimin. Nanging mastani bilih wiwitanipun para Muslimin nandhang panganiaya tuwin cobi punika nalika wonten ing Madinah sarta awujud peperangan, punika nama boten migatosaken sagemblenging babad Islam jaman wiwitan. Wonten ing Makkah para Muslimin sampun sami nandhang rekaos ingkang kalangkung sanget; nadyan upaminipun sampun boten wonten malih carios ingkang ngandharaken nalika para wengis, titiyang ingkang sami ngrasuk Islam jaman wiwitan sami dipun kaniaya kalayan para Muslimin sami hijrah dhateng nagari Habsyah sarta dhateng Madinah, punika sampun cekap kanggé paseksèn sapinten genging cobi ingkang kasandhang déning para Muslimin wau wonten ing Makkah. Ingkang kapangandikakaken ing surat punika jaman nalika wau wonten ing Makkah. Ingkang kapangandikakaken ing surat jaman nalika sanget-sangeting panganiaya, sarta para ingkang ngrasuk Islam sami dipun lipur. Dados ingkang cepak kémawon surat punika kagolong ing wekasaning jaman Makkah wiwitan utawi ing wiwitaning jaman Makkah tengahan.

Sasambetanipun tuwin babipun ingkang kawarsitakaken

Surat ingkang ingkang sampun mecakaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang badhé rawuhipun malih Kanjeng Nabi dhateng Makkah, tur kalayan ambekta kamenangan; punika ateges mratélakaken badhé kamenangan Islam. Ing surat punika kadhawuhaken bilih adiluhung inggih punika kamenangan yakti, punika tangèh lamun saged kagayuh, kajawi manawi sarana nandhang kasusahan

Kemlandingan Juz XX 1066

RUKU’ 1

Cobi punika amurugaken suci

1-5. Cobi punika perlu. 6-7. Panyarempeng punika ambekta ganjaran. 8, 9. Pamba-ngun-turut dhateng tiyang sepuh ingkang nyembah brahala. 10, 11. Panguya-uya amilah-aken para susatya kaliyan para lamis. 12, 13. Sasanggènipun tiyang awon.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Ingsun Allah, Ingkang-Maha-wikan.a

2 Apa manusa padha ngira, yèn bakal ditogaké baé déning padha acalathu: Aku padha angèstu, sarta padha ora dicoba?1900

3 Lan sayekti temen Ingsun wus nyoba para ing sadurungé; lah sayekti Allah bakal anguningani para kang padha temen sarta Panjenengané sayekti bakal angu-ningani para wong goroh.b

ageng saha cobi ingkang sanget karana punika. Mila cobi lan panganiaya makaten perlu. Sasampunipun murwani makaten wau, lajeng nyebutaken anak ingkang kinaniaya déning tiyang sepuhipun piyambak, sarta para ingkang sami ngrasuk Islam kadhawuhan supados sami ambangun turut dhateng tiyang sepuhipun ing dalem bab prakawis punapa kémawon, nanging kedah sarosa angemohi pangandel palsu. Ruku’ ingkang kaping kalih, tiga tuwin sakawan kalayan cekak nyebutaken lalampahanipun Kanjeng Nabu Nuh, Ibrahim, Luth lan nabi sanès-sanèsipun malih, wigatos anerangaken bilih para tulus punika mesthi nandhang cobi lan mesthi nadhang panganiaya, kosok wangsulipun iman palsu kasanépakaken kados déné lamating kemlandhingan; punika kanggé anggambaraken ringkihipun iman palsu wau. Ruku’ ingkang kaping nem memèngeti para kafir nasib ingkang calon badhé dipun sandhang saha wohing anggènipun sami nganiaya kalayan wengis dhateng para titiyang Muslimin; kajawi punika ugi nglipur para Muslimin sarana nyebutaken bilih rekaos ingkang dipun sandhang punika badhé tumunten santun dados kawontenan ingkang nyenengaken. Ruku’ ingkang kaping pitu nerangaken bilih Gusti Allah, ingkang nadyan dhateng para kafir kalayan wilasa garapipun, punika mesthi boten amarengaken manawi pambudidayanipun para mukminin wonten ing margining yakti punika lastantun boten wonten wohipun; salajengipun ruku’ punika anerangaken bilih para ingkang sami nyarempeng sakiyat-kiyatipun lan kalayan tuhu-tuhu, punika mesthi badhé tinuntun dhateng margi ingkang leres, inggih punika margi ingkang anjog ing kabegjan.

___________

1900. Cobi ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat-ayat punika, ingkang dipun karsakaken panganiaya ingkang katandukaken para titiyang kafir dhateng para titiyang mukminin ing Makkah. Ingkang makaten punika kacethakaken ayat 10. Margi kalèntu-panampi bab prakawis kawontenanipun cobi-cobi wau, mahanani wonten sawènèhipun juru-kritik ingkang gadhah pamanggih, bilih ayat 1 dumugi ayat 10 punika mesthi wonten ing Madinah tumurunipun.

a. 11

b. 494

Surat 29 Cobi amurugaken suci 1067

4 Apa para kang padha ang-lakoni panggawé ala padha ngira, yèn bakal padha bisa angoncati Ingsun? Ala panemuné iku.1901

5 Sapa sing wedi katemu Allah, lah sayekti mangsa kang wus tinamtu déning Allah iku masthi kalakon; lan Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Angu-danèni.

6 Lan sapa sing nyarempeng, lah panyarempengé iku mung tu-mrap jiwané dhéwé; sayekti Allah iku cukup Pribadiné, adoh saka (butuh marang) ngalam kabèh.1902

7 Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, sayekti Ingsun temen bakal ambi-rat panggawéné ala saka ing awaké, lan sayekti temen Ingsun bakal amales becik-beciké kang wus padha dilakoni.1903

8 Lan Ingsun wus andhawuhi manusa, marang wong tuwané loro dibecik, lan manawa dhèwèké amerdi-merdi sira, supaya sira anyakuthokaké kalawan Ingsun apa kang sira ora duwé ngilmuné, lah sakaroné aja sira turut; marang

1901. Terangipun, para tukang nganiaya boten badhé saged oncat saking siksa.1902. Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing 1793, tembung jihad punika asring

kasebut wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang tumurun ing Makkah, sarta sami mengku tegesipun ingkang asli, inggih punika, nyarempeng wonten ing margining Allah. Anggènipun titiyang Muslimin sami nandhang panganiaya tuwin dipun pisakit nalika wonten ing Makkah, karana anggènipun ngandhemi agaminipun, punika inggih nama jihâd, boten kawon kaliyan anggènipun sami peperangan karana rumeksa agami Islam nalika wonten ing Madinah.

1903. Ingkang kajarwakaken ambirat ing ngriki, punika tembung nukaffirana. utawi tebusan cara agami Nasrani, punika karimbag saking tembung wau. Quran maringi ancer-ancer bilih kaffârah utawi tebusan ingkang sajati, ingkang mangka kanggé nebus pandamel awon, punika nindakaken pandamel saé. Pamrihipun, supados pandamel saé wau, salebetipun katindakaken minangka gentosipun pandamel awon, ambangun gesangipun tiyang ing sagemblengipun. Nebus dosa sarana katulusan, punika piwulangipun kudrat ingkang sajati, déné tebusan sarana rah, punika babar pisan cengkah kaliyan kudrat sarta boten pinanggih ing nalar.

Ut. ngarep-arep

Ar. tumeka

Kemlandingan Juz XX 1068

Ingsun balinira, tumuli Ingsun bakal anjalèntrèhaké marang sira ing barang kang wus padha dilakoni.1904

9 Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku yekti temen bakal Ingsun lebokaké golonganing para tulus.

10 Lan sawenèhing wong ana kang calathu: Aku padha angèstu ing Allah; ananging samangsa ana ing (dadalaning) Allah iku, dhè-wèké dikuya-kuya, anganggep panguya-uyaning wong iku siksa-ning Allah;1905 lan manawa pitulungsaka Pangéranira teka, sayekti bakal padha calathu: Temen aku iki padha rowangmu. O, apa Allah iku dudu Ingkang Mahawikan marang apa kang ana ing sajroning dhadha-dhadhané saindhenging ka-manusan?

11 Lan sayekti Allah iku angu-danèni para kang padha angèstu sarta sayekti angudanèni para wong lamis.a

1904. Ayat punika mengku teges migatosaken pambangun-turut dhateng tiyang sepuh, nanging ugi maringi pèpènget, sampun ngantos tiyang punika nglangkungi wates anggènipun migatosaken kawajibanipun anak dhateng tiyang sepuh. Punika anedahaken bilih samangsa satunggaling kawajiban ingkang wigatos cengkah kaliyan kawajiban ingkang langkung wigatos malih, ingkang satunggal kedah dipun kawonaken, merlokaken ingkang langkung wigatos wau. Kacariyos, nalika Sa’d bin Waqqas ngrasuk Islam, ibunipun supados boten badhé nedha lan ngombé, ngantos manawi anakipun wau wangsul dados kafir; ing wekdal wau ayat punika katurunaken. Manawi lalampahan punika nyata, punika lajeng dados pasaksèn malih, bilih ayat-ayat punika tumurunipun nalika jaman Makkah, awit Sa’d punika éwonipun sahabat ingkang ngrasukipun Islam nalika jaman wiwitan. Saboten-botenipun anggènipun ambuktèkaken tuwan Noldeke, atanpa damel. Déné tuwan Noldeke wau mastani sarèhning ayat-ayat punika tumurun wonten Madinah, milanipun lalampahan wau mesthi boten nyatanipun. Ingkang cepak kémawon ayat ingkang kados makaten punika, langkung dipun betahaken kanggé tuntunanipun tiyang ingkang ngrasuk Islam jaman wiwitan ing Makkah, katimbang lan ingkang ngrasuk Islam ing sapengkeripun, ing Madinah; jalaran inggih nalika jaman Makkah wau kelampahanipun anak kapeksa nilar tiyang sepuhipun margi saking anggènipun ngrasuk agami Islam, sebab tiyang sepuhipun boten lila manawi piyambakipun ambucal agaminipun lami.

1905. Tegesipun, tiyang ingkang tipis imanipun, nganggep panganiayanipun tiyang kafir, ingkang pancènipun perlu kanggé nyantosakaken saha ngresikaken imanipun, kaanggep kados siksa saking

Ar. dhèwèké Ar. ing jero-ning

a. 494

Surat 29 Nabi Nuh sarta Nabi Ibrahim 1069

12 Lan para kang padha kafir acalathu marang kang padha angèstu: Padha manuta dadalanku, lan kaluputan-kaluputanmu dak sanggané. Lan ora pisan dhèwèké iku (dadi) wong kang nyangga kaluputan-kaluputané sathithik-thi-thika; sayekti, dhèwèké iku temen padha wong goroh.

13 Lan sayekti, dhèwèké temen bakal nyangga momotané dhéwé sarta momotan liya kanthiné momotané dhéwé, lan sayekti, ing dina kiyamat, temen bakal padha didangu prakara anggoné padha gawé-gawé.1906

RUKU’ 2

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Nuh sarta Ibrahim

14, 15. Kanjeng Nab Nuh. 16-18. Kanjeng Nabi Ibahim. 19-22. Umat énggal ang-gentosi umat lami.

14 Lan sayekti, temen Ingsun wus angutus Nuh marang bangsa-né, lan olèhé dudunung nunggal dhèwèké sèwu taun kurang sèket taun.1907 Banjur ketempuh ing banjir, amarga dhèwèké padha atindak dudu.a

Allah amargi anggènipun santun agami. Péranganipun ingkang wekasan ayat punika, piweca kados pundi badhé wicantenipun tiyang ingkang tipis imanipun wau, samangsa piyambakipun sami nyumerepi pitulunging Allah tumedhak dhateng para Muslimin saha nglebur para kafir.

1906. Kedah dipun pèngeti bilih wonten ing pundi kémawon Quran boten naté mangandikakaken, bilih momotanipun satunggaling titiyang punika badhé dipun sanggi ing tiyang sanès. Satunggal-satunggalipun tiyang tanggel jawab ing sabarang ingkang katindakaken. Menggah ing sajatos-jatosipun “momotan sanès” wau momotanipun piyambak anggènipun nasaraken tiyang sanès. Dados momotan kakalih ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika momotaning tindakipun piyambak ingkang lepat sarta momotanipun anggèning sampun nasaraken ing sanès.

1907. Mesthi kémawon boten wonten pakèwedipun tumrap para titiyang Nasrani, manawi kasebutaken wonten ing ngriki bilih Kanjeng Nabi Nuh sugeng ngantos 950 taun, awit Bébel inggih mastani samanten wau yuswanipun Kanjeng Nabi Nuh. Saèstunipun boten nama mokal, manawi wonten ing babading manusa ing jaman kina, umuripun tiyang langkung panjang katimbang ing jaman samangké; sarta inggih saged ugi, yuswanipun Kanjeng Nabi Nuh ngantos panjang sanget, nyebal ing kalimrahanipun tiyang nalika jamanipun. Nanging wonten titikan- titikan ingkang anedahaken, bilih ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika 950 taun lamining tumindhakipun angger-angger ingkang dipun wulangaken Kanjeng Nabi Nuh, awit sapundhating wawangen wau, kalenggahananipun Kanjeng

Ar. ingapaya

Ut. pageblug Ar. kangsarta a. 901, 902

Kemlandingan Juz XX 1070

15 Banjur Ingsun anyalametaké Nuh dalah sing padha nunggang prau, sarta iki Ingsun dadèkaké tandha tumrap para bangsa.*

16 Lan (Ingsun wus angutus) Ibrahim, nalika dhèwèké calathu marang bangsané: Padha manem-baha ing Allah sarta dirumeksa ing (wajibmu marang) Panjenengané; iki luwih becik tumrapé kowé, manawa kowé padha weruh.

17 Kowé mung padha manem-bah saliyané Allah, (yaiku) braha-la-brahala, sarta padha nganakaké panggorohan. Sayekti, para kang padha kokawulani, saliyané Allah, iku, padha ora anguwasani rijeki tumrap marang kowé; mulané padha ngupayaa rijeki saka ngar-saning Allah sarta ngabdia marang Panjenengané tuwin sukura marang Panjenengané; marang Panjene-ngané bakalé kowé padha di-balèkaké.

18 Lan manawa kowé padha anggorohaké (kasunyatan), lah para umat ing sadurungmu wus padha anggorohaké (kasunyatan); lan tanggunganing utusan iku ora liya kajaba mung anekakaké (aya-han) kalawan terang.

Nabi Nuh lajeng dipun gentosi Kanjeng Nabi lbrahim, ingkang inggih awit saking punika déné kasebutipun Kanjeng Nabi Ibrahim wau tumaruntun ing sasampunipun Kanjeng Nabi Nuh. Miturut titimangsa ingkang katerangaken ing Bébel, wekdal antawising miyosipun Kanjeng Nabi Nuh kaliyan miyosipun Kanjeng Nabi Ibrahim, punika wonten 952 taun. Lah nitik anggènipun Kanjeng Nabi Ibrahim kasebutaken tumaruntun ing sapengkeripun Kanjeng Nabi Nuh, punika mratandhani saged ugi ingkang dipun karsakaken punika inggih 950 taun punika. Kedah dipun pèngeti bilih dhawuh ingkang wekasan, ingkang mungel banjur katempuh ing banjir, punika kaelet-eletan waqf (padha lungsi ) kaliyan péranganipun ingkang wiwitan ayat punika. Sarta inggih awit saking punika déné dhawuh wau boten mengku teges, bilih banjir wau nempah umatipun Kanjeng Nabi Nuh ing sasampuning panjenenganipun sugeng wonten ing tengah-tengahing umat wau 950 taun. Utawi, thufan ing ngriki punika kénging dipun tegesi kados déné ingkang kasebutaken ing margin ing nginggil, déné suraosipun saged ugi sanès banjir, nanging sawenèh siksa ingkang dhumawahipun langkung kantun. Katrangan-ipun teges ingkang kados makaten punika sampun kasebutaken ing 934.*

Surat 29 Nabi Nuh sarta Nabi Ibrahim 1071

19 Kapriyé! apa dhèwèké ora angangen-angen, kapriyé Allah anggoné miwiti purwaning tu-mitah, tumuli angambal-ambali (terusé) iku? Sayekti, iki ingatasé Allah gampang.1908

20 Calathua: Padha lalakua ing bumi banjur delengen, kapriyé Panjenengané amiwiti purwaning tumitah; tumuli Allah andadèkaké dumadi kang kari; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa.1909

21 Panjenengané aniksa sapa kang dikarsakaké sarta aparing wilasa marang sapa kang dikarsak-aké, sarta marang Panjenengané bakalé kowé padha dibalèkaké.

22 Lan ora bakal kowé padha bisa ngoncati ana ing bumi, lan ana ing langit iya ora; sarta saliyané Allah kowé ora padha duwé pangayoman, lan panulung iya ora.

1908. Angger-angger “tumitah saha leburipun sadaya barang,” ingkang tansah makardi wonten ing sagung dumados, punika cumetha ugi wonten ing dalem gesanging bangsa-bangsa utawi umat. Satunggaling bangsa katitahaken, lajeng kalebur sarta minangka gentosipun bangsa énggal kajumenengaken. Lah inggih angger-angger punika, ingkang dipun karsakaken ing ayat punika, inggih punika minangka kanggé pèpènget dhateng para manembah-brahala ing Makkah, bilih sampun dumugi wahyaning masakalanipun piyambakipun kagentosan ing umat sanès. Bab prakawis punika kacethakaken malih wonten ing ayat-ayat sambetipun.

Kedah dipun pèngeti bilih ayat 18-23 punika parenthetical (jawinipun dhawuh sanès ingkang sumesel, minangka katrangan), awit dhawuh-dhawuh wau tumuju dhateng mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Quran asring maringi pèpènget ingkang kalayan mawi cara makaten punika, inggih punika kaseselaken wonten ing andharan sanès; jalaran karsanipun Quran boten kok lugu namung badhé ngandharaken cariyos, nanging perlu badhé maringi pèpènget dhateng para ingkang sami milawani sumiyaripun yakti ingkang kawahyokaken dhateng Kanjeng Nabi Suci punika.

1909. Ing panggènan sanès, saben wonten dhawuh padha lalakua ing bumi, mesthi lajeng dipun sambeti ing dhawuh banjur delengen, kapriyé wekasané wong kang padha anggorohaké. Nanging ing ngriki sambeting dhawuh mungel: Kapriyé Panjenengané amiwiti purwaning tumitah, tumuli Allah andadèkaké dumadi kang kari. Manawi dhawuh warni kalih wau dipun cocogaken, cetha bilih suraosipun sami kémawon, inggih punika mengku karsa mangandikakaken leburipun satunggaling bangsa (umat) ingkang lajeng kagentosan ing umat sanès

Kemlandingan Juz XX 1072

RUKU’ 3

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim lan Luth

23-25. Kanjeng Nabi Ibrahim dipun kuya-kuya. 26, 27. Panjenengané mlajeng sarta dipun barkahi. 28-30. Kanjeng Nabi Luth.

23 Lan para kang padha angafiri timbalan-timbalaning Allah sarta sapatemoné Panjenengané, iku medhot pangarep-arep ing wilasa-Ningsun, sarta iki bakal tampa siksa kang nglarani.

24 Déné wangsulané bangsané ora liya kajaba mung padha angucap: Patènana dhèwèké utawa padha obongen; ananging Allah anyalametaké dhèwèké saka geni, sayekti, ing kéné iki temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angèstu.1910

25 Lan dhèwèké calathu: Kowé iku mung padha ngalap saliyané Allah, (yaiku) brahala, mamrih sih-sinihan ing antaramu ing sajroning kauripan donya; banjur ing dina kiyamat sawenèhmu bakal anyé-laki sawenèhé, sarta sawenèhmu bakal angla’nati sawenèhé, lan padununganmu geni, apa déné kowé ora bakal duwé panulung.

26 Luth banjur angèstu ing dhèwèké, sarta dhèwèké calathu: Aku iki ngungsi marang Pangé-ranku; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Wicaksana.1910A

1910. Boten prabéda lan dhawuh ing 21: 69, dhawuh ing ngriki ugi boten nyebutaken, bilih Kanjeng Nabi lbrahim kacemplungaken ing latu saèstu. Sapisan, dhawuh ingkang kagem wonten ing ngriki, Allah banjur nylametaké dhèwèké saka geni punika anedahaken bilih mengsah boten saged nyemplungaken panjenenganipun dhateng latu. Kaping kalihipun, upayanipun mengsah wau: nyédani panjenenganipun utawi ambesmi panjenenganipun; dados latu wau saged namung ateges memengsahan ingkang tuwuh awit saking pangrencananipun mengsah wau.

1910A. Tetembungan Aku iki lumayu (ngungsi) marang Pangéranku, punika mengku teges

Ut. mimi-tran

Surat 29 Nabi Ibrahim lan Nabi Luth 1073

27 Lan Ingsun apaparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub,a sarta andadèkaké kanabian karo kitab dumunung ing turuné, lan Ingsun aparing ganjaran marang dhèwèké ing donya, tuwin ana ing akhirat sayekti dhèwèké iku temen panunggalané para tulus.

28 Lan (Ingsun wus angutus) Luth, nalika dhèwèké calathu marang bangsané: Sayekti, kowé iku temen padha anglakoni tindak nistha, kang ing sadurungmu bangsa-bangsa ora ana siji-sijia kang atindak mangkono:

29 Kapriyé! apa kowé padha anekani (padha) wong lanang, lan alaku bégal ing lulurung, sarta atindak ala ing pakumpulanmu?1911

Ananging wangsulané bangsané ora liya kajaba mung padha acalathu: Tekakna siksaning Allah marang aku, yèn kowé iku panunggalané para wong temen.

30 Unjuké: Pangéran kawula! mugi aparing pitulung ing kawula lumawan bangsa ingkang adamel risak punika.

lumajeng dhateng nagari sanès, ingkang manut dhawuhing Pangéran panjenenganipun kedah lumajeng mriku (Bd). Bab punika kasebutaken langkung cetha wonten ing 19: 49 “Lan aku bakal ngedoh saka kowé,” sarta lajeng kasambetan dhawuh pratélaning 19: 50 “Mulané bareng wis ngedoh saka dhèwèké.” Punika saya mewahi cetha bilih wilujengipun Kanjeng Nabi Ibrahim saking latu wau, margi saking panjenenganipun lumajeng dhateng nagari sanès.

1911. Wonten warni tiga pandamel awon ingkang katindakaken umatipun Kanjeng Nabi Luth, inggih punika lampah dosa ingkang sulaya ing kudrat, ambebégal, tuwin nindakaken pandamel awon kalayan ngeblak wonten ing pakempalan-pakempalanipun. Dados awit saking punika, nama lepat manawi nerangaken sadaya lalampahan ingkang magepokan kaliyan cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi Luth, punika namung pandamel dosa ingkang sulaya ing kudrat kémawon, pandamel awon .

ingkang katindakaken umatipun. Miturut Kf, punika “pandamel ambébégal mejahitiyang saha ngrebat bandhanipun.” JB mewahi katerangan wonten ing sawingkingipun ukara

makaten: “awit damelanipun piyambakipun punika mejahi tiyang ingkang sami lumampah sarta ngrebat bandhanipun.” Para mufassir sanès-sanèsipun ugi kados makaten wau anggènipun nerangaken.

a. 1549

Kemlandingan Juz XX 1074

RUKU’ 4

Ringkihipun iman palsu: Kaca benggala saking pandumipun bangsa-bangsa ing kina-kina

31-35. Umatipun Nabi Luth dipun lebur. 36, 37. Umatipun Nabi Syu’aib. 38. ‘Ad lan Tsamud. 39. Fir’aun lan sanèsipun. 40. Wujuding pidana mawarni-warni. 41-44. Iman palsu dipun sanépakaken lamat kemlandhingan.

31 Lan bareng para utusan-Ingsun wus teka (ing panggonané) Ibrahim kalawan pawarta bubu-ngah,a padha calathu: Saèstu kula badhé sami anglebur tiyangipun kitha punika, saèstu tiyangipun sami atindak dédé.

32 Calathuné: Saèstu, Luth wonten ing ngriku. Padha calathu: Kula sami sumerep saèstu sinten ingkang wonten ing ngriku; saèstu kula badhé milujengaken piyam-bakipun dalah pandhèrèkipun, kajawi rabinipun; punika badhé dados panunggilanipun ingkang sami kantun.

33 Lan bareng para utusan-Ingsun wus teka (ing panggonané) Luth, iki amrihatinaké marang dhèwèké kabèh, lan cupet kaku-watané kanggo angrampungi pra-karané dhèwèké,1912 sarta dhèwèké padha calathu: Sampun sampéyan kuwatos sarta sampun susah; sa-èstu kula badhé sami milujengaken sampéyan dalah pandhèrèk sam-péyan, kajawi rabi sampéyan; punika badhé dados panunggilan-ipun ingkang sami kantun:

1912. Dhar’un, ingkang tegesipun wantah nguluraken tangan, punika mengku teges kakiyatan .

utawi kasagedan utawi kuwaos ingkang jembar. tegesipun dhèwèké ora bisa ngrampungi prakarané (Q-LL).

a. 1187, 11:69

Surat 29 Ringkihipun iman palsu 1075

34 Sayekti Ingsun bakal anurun-aké pidana saka ing langit marang wongé ing kutha iki, amarga saka anggoné padha murang-yekti.

35 Lan sayekti, temen Ingsun ninggal sawijining tandha kang terang, saka ing iku, tumrap wong kang padha ngerti.1913

36 Lan marang Madiyan (Ingsun wus angutus) Syu’aib, saduluré,asarta calathu: O, bangsaku padha ngabdia ing Allah lan wedia ing dina akhir sarta aja padha alaku ala ing bumi agawé wisuna.

37 Ananging dhèwèké padha anggorohaké Syu’aib, mulané lindhu gedhé anempuh ing kono,satemah dhèwèké padha dadi badan kang tanpa mosik ana ing padunungané.

38 Lan (Ingsun wus anglebur) ‘Ad lan Tsamud, sarta sakapadunungané, temen (iki) terang tumrapé kowé kabèh; lan pang-gawé-panggawéné dipaès-paèsi dé-ning sétan tumrap dhèwèké; mula-né banjur angénggokaké dhèwèké saka ing dalan, sanajan dhèwèké padha kasinungan pandulu.

39 Lan (Ingsun wus anglebur) Qarunb lan Fir’aun sarta Haman;c

lan sayekti temen Musa wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti, ananging padha gumedhé ana ing bumi; éwadéné padha ora bisa anglancangi (Ingsun).

1913. Sadum tuwin Gomorah, kitha kakalih ingkang sami dipun lebur, punika dumunung wonten ing sacelakipun Saganten Pejah, kaprenah wonten ing margi saking tanah Arab kados déné ingkang kadhawuhaken wonten ing 15: 76: “Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana.”

a. 919

Ar. dhèwèké Ar. dhèwèké

b. 1895 c. 1870

Kemlandingan Juz XX 1076

40 Mulané siji-sijiné padha Ingsun pidana karana dosané; sawenèh Ingsun utusan prahara riwud anempuh dhèwèké,a lan sa-wenèh ana kang katempuh déning oreg gumuruh,aa lan sawenèhé ana kang Ingsun dhawuhi nguntal déning bumi,b lan sawenèhé ana kang Ingsun kelemc lan ora mung-guh Allah atindaka dudu marang dhèwèké, ananging dhèwèké kang padha atindak dudu marang jiwané dhéwé.

41 Sanépané para kang padha angalap pangayoman saliyané Allah iku kaya sanépané kemlan-dhingan kang gawé omah; lan sayekti, ringkih-ringkihing omah iku omah kemlandhingan – lamun ta dhèwèké padha weruha.1914

42 Sayekti Allah iku angudanèni barang apa baé saliyané Panjene-ngané kang padha diuwuh; lan Panjenengané iku Ingkang-Maha-mulya, Ingkang-Wicaksana.

43 Lan sanépa-sanépa iki, iku Ingsun gawé tumrap para manusa, lan iku ora ana wong kang ngerti, kajaba para pinter.

1914. Ngandel dhateng sesembahan-sesembahan palsu, ingkang menggah ing sajatos-jatosipun mengku teges sawarnining pangandel lepat, punika wonten ing ngriki kasanépakaken kaliyan lamating kemlandhingan, kanggé anggambaraken ringkihipun. Saged ugi sawatawis wekdal pangandel lepat wau saged gesang kalayan angrembaka; nanging samangsa kapanduk ing papadhanging paniti-priksa saha panglèlèr, sanalika lajeng lebur atanpa tabet. Utawi, boten prabéda lan lamating kemlandhingan punika lajeng éwah babar pisan samangsa dipun bibrah, lah makaten ugi pangandel lepat, boten saged tetep lastantun wonten ing kawujudanipun ingkang asli; samangsa wonten piwulangipun ingkang tinampik, mesthi lajeng nyababaken thukulipun piwulang énggal minangka gentosipun ingkang sampun; dados menggah ing sajatos-jatosipun pangandel lepat punika ringkih sanget, tanpa wonten kakiyatanipun.

Dhawuh punika ugi kénging dipun suraos nyasmitakaken upayanipun para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang tinamtu badhé sirna atanpa tilas, margi saking anggènipun boten kawawa nahan kamajenganipun yakti ingkang kados ilining banjir punika.

a. 910

aa. 915

b. 1897 c. 82, 902

Surat 29 Quran Suci anucèkaken 1077

44 Allah wus anitahaké langit-langit lan bumi kalawan kasu-nyatan: sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap para mukmin

RUKU’ 5

Quran Suci punika anucèkaken

45. Quran Suci punika angluwaraken manusa saking babandaning dosa. 46. Tatalesing papabenan. 47-49. Quran Suci ngemot sadaya kasunyataning agami. 50, 51. Éwah-éwahan ingkang dadosipun jalaran saking Quran Suci punika satunggaling pratandha kasunyatanipun.

JUZ XXI

45 Sira macaa apa kang wus diwedharaké marang sira yaiku Kitab, sarta anjumenengna salat: sayekti salat iku angedohaké (manusa) saka laku nistha lan laku ala, sarta sayekti éling marang Allah iku kang gedhé dhéwé, lan Allah iku Ngudanèni apa kang padha sira lakoni.1915

1915. Ayat punika ngajak dhateng para pandhèrèking Kitab Sami nampènana Quran, margi Quran makaten gadhah daya saged anucèkaken gesangipun tiyang, boten kados kitab sucinipun para titiyang wau piyambak, sampun boten gadhah daya saged anguwalaken tiyang saking babandaning dosa, mangka maksudipun ingkang sajati tumurunipun wahyu, punika inggih badhé nguwalaken manusa saking babandaning dosa wau. Kajawi punika ayat punika ugi masang tatales ingkang saleres-leresipun ingkang mangka kanggé nguwalaken saking panilikungipun dosa, kalayan sabda pangandika ingkang makaten: èling maring Allah iku kang gedhé dhéwé, liripun, ingkang kawasa piyambak saha ingkang peng-pengan piyambak kanggé anebihaken saking dosa. Sampun cetha manawi punika tatalesing piwulang ingkang leres piyambak, sadaya para andika nabi tuwin para titiyang tulus sami aneksèni, makaten ugi akal budi kita inggih mastani makaten wau. Sagedipun tiyang punika tebih saking tumindhak wonten ing margi ingkang boten dipun renani Pangéran, punika ngemungaken sarana iman ingkang gesang dhateng kawasaning Pangéran, sarana ngèlmu lan sarana kasaénan; sarta inggih makaten punika ingkang nama “èling ing Allah” punika. Sarana ingkang peng-pengan piyambak kanggé anebihaken saking awon, inggih punika kayakinan bilih saben pandamel awon mesthi badhé anguwuhaken awon, kayakinan bilih Ingkang-Mahaluhur punika pranyata wonten sayektos, inggih punika Dhat Ingkang- Mahawikan dhateng barang punapa kémawon ingkang sumingid saking mripating manusa sarta Ingkang kagungan angger-anggering budipakarti ingkang langkung kinawasa tikel-matikel katimbang lan daya-kakiyataning budipakartinipun babrayaning gesang, kayakinan bilih Panjenengan-ipun punika tuking sadaya kasaénan sarta inggih asarana kasaénan wau sagedipun manusa sasambetan kaliyan Panjenenganipun. Ngemungaken punika sadaya, ingkang saged nebihaken tiyang saking awon. Lan inggih punika piwulang ingkang mangka tatales, ingkang dipun anggé niyup iman ingkang gesang saben wahyu ingkang taksih murni.

Ugi perlu dipun pèngeti bilih maos Quran, nindakaken sembahyang, sarta émut ing Allah, punika menggah ing sajatosipun sami kémawon maksudipun, awit sembahyang punika mawi maos Quran, sarta Quran punika sarana ingkang prayogi piyambak kanggé émut ing Allah saben ukara dhawuh

Kemlandingan Juz XXI 1078

46 Lan aja padha apapadon karo pandhèrèking Kitab kajaba kala-wan apa kang luwih becik,1916

kajaba para kang padha atindak dudu saka antarané dhèwèké,1917

sarta padha calathua: Aku padha angèstu marang kang diturunaké marang aku sarta kang diturunaké marang kowé, sarta Sesembahanku lan Sesembahanmu iku Sawiji, sarta marang Panjenengané aku iki padha sumarah.

47 Lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun anurunaké kitab marang sira. Déné para kang wus

Quran punika saged anggelar dhateng manahipun tiyang ingkang maos, kasaénan, kawasa, saha mahawikanipun Pangéran, ingkang kitab sanès boten wonten ingkang saged kados makaten wau. Quran, punika sanès serat angger-angger, sanajan ing ngriku ugi ngemot tatalesing angger-angger ingkang perlu kanggé tuntunan tumrap para manusa. Quran inggih sanès serat babad suci (serat cariyos lalampahanipun para Nabi), sanajan ing ngriku ugi ngemot babad suci ingkang perlu-perlu. Wangsul Quran punika Kitab ingkang adi-luhung, ingkang anggelar kaluhuran, kaagungan, kamulyan, kasaénan, katresnan, kasucian, kawasa, tuwin mahawikanipun Pangéran ingkang Mahaluhur.

1916. Kedah dipun pèngeti bilih ingkang karembag wonten ing dhawuh punika namung caraning pabenan utawi pirembagan ingkang kedah dipun anggé salebetipun ajak-ajak para titiyang ingkang sampun gadhah cecepengan kitab suci – tiyang Arab boten gadhah – dhateng kasunyatanipun Islam saha dhateng wahyu Quran. Gagasan ingkang wonten mamalanipun, ingkang manggihaken réka majibaken migunakaken rudaparipeksa, tétéla manawi boten andungkap babar pisan dhateng suraosipun dhawuh punika; awit nama boten mantuk sanget manawi rembagan prakawis agami teka mawi lampah rudaparipeksa. Saged ugi, cara ingkang makaten punika mikantuki sanget tumrapipun para mubalig Nasrani ing jaman akhir punika. Nanging tumrapipun Quran, pundi ingkang nama langkung saé, punika sampun kadhawuhaken kalayan cetha pratéla, sarta tumrapipun Quran, ingkang kedah dados titimbangan ingkang premati, punika piwulangipun ingkang momot ingkang mangka dados dhadhasar tatalesipun agami. Piwulangipun agami ingkang minangka dados tatales dhadhasar-ipun, punika wonten warni kalih, inggih punika: wontenipun Pangéran tuwin wontenipun wahyuning Pangéran. Racak sadaya agami ingkang asli saking wahyuning Pangéran, mesthi kados makaten wau dhasar tatalesipun. Namung wonten bédanipun sawatawis, inggih punika: piwulangipun agami Islam, punika piwulang tauhid (mastuti ing kasawijènipun Allah) ingkang sampurna lan murni, anggènipun nyifati Pangéran, Allah punika kagungan sifat-sifat ingkang sampurna, sarta Panjenenganipun punika suci saking sawarnining apes saha sawarnining ingkang nama “boten sampurna.” Lah paham makaten punika kénging katamtokaken, boten badhé saged dipun waosi sintena kémawon ingkang ngaken pita-dos dhateng wontenipun Pangéran, waton mawi migunakaken akal budinipun. Pahamipun tiyang Islam ing bab wahyuning Pangéran, inggih sakalangkung jembar lan momot angungkuli pahamipun para pandhèrèking agami sanès ingkang pundi kémawon, awit manut piwulangipun Islam, wahyuning Pangéran punika tansah kaparingaken ing sadaya jaman lan dhateng sadaya umat. Dados tiyang Muslimin makaten ngakeni ing kayektènipun sadaya nabi tuwin sadaya wahyu, sarta pandhèrèking agami sanès ingkang pundi kémawon boten badhé kécalan punapa-punapa nanging malah angsal-angsalan, samangsa sami nganggé agami Islam.

1917. Tembung kajaba kang padha atindak dudu, punika boten teka ateges, manawi pirembagan kaliyan piyambakipun kedah mawi cara sanès, punika boten, nanging ateges bilih para ingkang sami

Surat 29 Quran Suci anucèkaken 1079

padha Ingsun paringi Kitab padha angèstu marang iku, lan sawenèhé iki ana kang angèstu marang iku, sarta ora bakal anulak marang timbalan-timbalan-Ingsun kajaba para kafir.1918

48 Lan ing sadurungé iku sira ora tau maca Kitab siji, lan sira ora nulis iku kalawan tanganira te-ngen, amarga mundhak para dora-wicara padha semang-semang.1919

49 O, balik iku timbalan-timba-lan kang terang ing dalem dhadha-dhadhané para kang padha sinungan ngilmu;1920 lan ora bakal nulak timbalan-timbalan-Ingsun kajaba kang padha atindak dudu.

atindak dédé wau mesthi boten purunipun ngajengi kateranganing piwulangipun agami ingkang laras kaliyan akal punika. Bab prakawis punika kacethakaken ayat candhakipun.

1918. Lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun anurunaké Kitab marang sira; inggih punika: kalayan anetepaken kayektèning sadaya wahyu ingkang sampun tumurun ing wekdal ingkang sampun-sampun. Tembung iki ingkang dipun karsakaken bangsa Arab, inggih punika bangsa ingkang boten gadhah cecepengan kitab suci.

1919. Piwulang-piwulang ingkang momot ingkang dados tatalesipun agami, sarta kasunyatan ruhani lan budipakarti ingkang adi-éndah, ingkang cumetha gumelar wonten ing dalem Quran, sadaya wau saupami ngalempakipun punika saged katindakaken ing tanganing manusa, tandha inggih ngemungaken tiyang ingkang sugih ngélmu dhateng kitab-kitab suci ing kina kémawon ingkang saged nglempakaken wau. Nanging Kanjeng Nabi Suci punika, sampun malih sadaya kitab-kitab suci kina yèn mangertosa. Lah mbok inggih satunggal kémawon maos boten saged. Tumrapipun satunggaling nabi kados déné Kanjeng Nabi ‘Isa, punika saged manawi dipun wastanana sampun naté maosi kitab-kitab suci kina, sarta mendheti saking ngriku kasunyatan ingkang éndah-éndah lajeng dipun kalempakaken dados satunggal. Nanging tumrap Kanjeng Nabi Suci, boten saged dipun wastani maka-ten wau, jalaran panjenenganipun punika boten saged maos lan boten saged nyerat, dados anggènipun boten saged nyerat lan boten saged maos wau, saged anetepaken kayektènipun. Sadaya piwulang lan sadaya kasunyatan sanès-sanèsipun kénging dipun sisihaken rumiyin; sapunika saprakawis kémawon ingkang dipun manah. Cobi kula aturi anggalih piwulangipun Islam ingkang momot punika, inggih punika piwulang bab wahyuning Pangéran, ingkang miturut Islam kaparingaken ing sadaya jaman lan dhateng sadaya umat, inggih punika kasunyatan ingkang dèrèng naté kawulangaken lan dèrèng naté dipun akeni déning agami punapa kémawon lan tiyang sintena kémawon sadèrèngipun Kanjeng Nabi Suci; punapa boten anèh, manawi kasunyatan ingkang momot wau dipun wulangaken tur kalayan tetembungan ingkang ceplos lan terang gamblang déning satunggaling tiyang, ingkang boten naté maos kitab sucinipun agami punapa kémawon, kathik ingkang sugengipun wonten ing nagari, ingkang kénging winastan babar pisan boten wonten sasambetanipun kaliyan nagari-nagari sanès? Satunggaling tiyang Arab ing saganten wedhi, saged ngundhangaken kasunyatan ingkang dèrèng naté kawulangaken nabi agung satunggal-tunggala, punika thok sampun cekap kanggé ambuktèkaken, bilih tuk ingkang ngilèkaken piwulang wau nyata sanès kawruhipun manusa. Saweg sasampunipun let tigawelas abad,

1920. Mirsanana kaca candhakipun.

Kemlandingan Juz XXI 1080

50 Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha-tandha diturunaké marang dhèwèké saka Pangérané? Calathua: Tandha-tan-dha iku mung ana ing ngarsaning Allah, lan aku iki mung juru-pépéling kang terang.1921

51 Apa ta ora cukup tumrap dhè-wèké déné Ingsun wus anurunaké Kitab marang sira, winacakaké marang dhèwèké? Sayekti ing kono iku temen ana wilasa sarta pépéling tumrap wong kang padha angèstu.1922

inggih punika sasampunipun kawruh saya pepak lan bangsa-bangsa saged sambetan satunggal kaliyan satunggalipun, kasunyatan wau dipun akeni dados kasunyatan enggel bab kayektènipun sadaya agami.

1920. Ayat ingkang sampun mangandikakaken bilih kasunyatan-kasunyatan ingkang pinanggih wonten ing kitab-kitab sucinipun agami-agami, ingkang dèrèng naté kawaos Kanjeng Nabi Suci punika kacakup wonten ing Quran.

Salajengipun ayat punika andhawuhaken, bilih boten namung kasunyatan-kasunyatan wau kémawon, ingkang kasebutaken wonten ing dalem Quran, nanging dalasan prakawis sanès- sanèsipun ugi, ingkang boten pinanggih wonten ing kitab suci sanès-sanèsipun, inggih punika prakawis ingkang namung pinanggih wonten ing dhadhanipun para saged, sarta prakawis- prakawis ingkang badhé tansah rinaos para saged, ugi kasebutaken wonten ing Quran Suci. Pamanggih ingkang sakalangkung majeng ing babagan agami ing jaman samangké punika mastani, wontenipun tatalesing agami satunggal ingkang kanggé manusa sadaya, punika perlu sanget. Lah ingkang makaten punika ing dalem Islam sampun wonten. Punika dados tandha yekti ingkang terang gamblang, ingkang ambuktèkaken ing kayektèning dhawuhipun ayat punika.

1921. Kados déné ingkang sampun naté katerangaken wonten ing panggènan sanès dipun pèngetana bilih dhawuh ingkang kados makaten ungelipun, punika boten teka mengku teges, bilih tandha-tandha boten badhé katurunaken, nanging kosokwangsulipun, malah namtokaken bilih tandha-tandha wau mesthi badhé ginelar. Kanjeng Nabi punika juru-pèpènget, sarta wonten ing masakalanipun ingkang trep panjenenganipun paring pèpènget, bilih tandha-tandha wau wonten ing ngarsanipun Allah. Titiyang kafir maiben dhateng kawasanipun Pangéran anurunaken tandha-tandha wau. Gagandhèngan kaliyan dhawuh punika, kula aturi maos ugi ayat 53 dumugi ayat 55, ingkang kalayan tetembungan ingkang terang saha ceplos andhawuhaken bab prakawis tumurunipun siksa ingkang déning para kafir dipun gégé tumurunipun; lah lajeng terang punapa tegesipun tandha-tandha wonten ing ngarsanipun Allah punika.

1922. Lah punika ugi dhawuh wangsulan dhateng para ingkang sami nedha dipun turuni tandha yekti, ingkang boten sandé namung badhé mahanani ing karisakanipun. Quran punika wilasa: manawi para titiyang wau sami purun nampèni Quran, sarta purun ambangun gesangipun manut pitedahipun Quran, piyambakipun mesthi badhé dipun rengkuh kalayan sih-wilasa. Piyambakipun saged nyumerepi piyambak, anggènipun Quran sampun suka paédah dhateng para ingkang sami angèstu; ngantos engédab-édabaken sanget anggènipun sampun ambangun gesangipun para angèstu wau, punapa punika dèrèng cekap kanggé tandha yekti ing kayektènipun Quran Suci tumrap para titiyang wau? Saèstunipun, punika bukti ingkang melok saha ceplos dhateng kayektènipun sabda suci; amargi, inggih badhé andayani pambangunan suci dhateng gesangipun para ingkang ambangun-turut punika, sedyanipun ingkang baku sabda suci wau; déné saged ngawonaken mengsah-mengsahipun, punika namung dados bukti ingkang boten melok kémawon.

Surat 29 Para kafir dipun pèpèngeti 1081

RUKU’ 6

Para kafir dipun pèpèngeti, para angèstu dipun lipur

52-55. Siksa punika sampun tamtu. 56-62. Para mukmin badhé tampi ganjaran ageng. 63. Bumi pejah badhé dipun gesangaken.

52 Calathua: Wus cukup Allah iku minangka saksi ing antarané aku lan kowé; Panjenengané angu-danèni sabarang ing sajroning langit-langit lan bumi. Déné parakang padha angèstu ing pang-gorohan sarta angafiri ing Allah, yaiku wong kang padha kapitunan.

53 Lan dhèwèké padha anggégé anjaluk siksa marang sira; lan lamun oraa wus tinamtu mangsané, amasthi siksa wus anekani dhè-wèké; lan sayekti, iku bakal ane-kani dhèwèké kalawan dumrojog, sarta dhèwèké padha ora nglegéwa.

54 Dhèwèké padha anggégé an-jaluk siksa marang sira, lan sayekti, naraka iku temen ang-limputi para kafir;1923

55 Ing dinané siksa bakal anu-tupi dhèwèké, saka ing dhuwuré lan saka sangisoring sikil-sikilé; lan Panjenengané ngandika: Padha rasakna apa kang wus padha kolakoni.1924

1923. Dalasan siksa ing gesang sapunika, ingkang dipun gégé déning para kafir wau ugi winastan naraka. Éwadéné manawi ayat punika dipun suraos mengku teges siksa ing gesang sasampuning pejah (siksa akhirat), kados déné panyurasoipun sawenèh mufassir, punika inggih meksa ateges: bibar angsal siksa donya lajeng angsal siksa akhirat. Jalaran asring kémawon Quran Suci mangandikakaken kakalihipun wau sambet rapet, ngantos mèh boten saged kasilah-silahaken.

1924. Ukara ingkang makaten punika namung mengku teges, bilih kawontenanipun siksa wau anglimputi piyambakipun, ngantos boten wonten marginipun malih kanggé oncat. Utawi, siksa saking nginggil punika mangsa benter ingkang sanget (ngantos mahanani awis toya lan mejahi tanem tuwuh), déné siksa saking ngandhap, punika peperangan.

Ar. antara-né kowé

Ar. lan

Kemlandingan Juz XXI 1082

56 O, kawula-Ningsun kang pa-dha angèstu! sayekti bumi-Ningsun iku jembar; mulané marang Ingsun dhéwé kuduné pangabdinira.1925

57 Sarupaning jiwa iku masthi ngrasakaké mati: tumuli marang-Ingsun sira bakal padha dibalèk-aké.

58 Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku masthi bakal Ingsun paringi padunungan kang luhur ing pata-manan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono; iba ta beciké ganjarané para kang tumandang gawé:1926

59 Para kang padha sabar sarta marang Pangérané padha kuman-del.

60 Lan sapira baé kéwan kang ora anggawa rijekiné; Allah apa-ring rijeki marang iku lan marang kowé kabèh; lan Panjenengané iku ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda-nèni.1927

61 Lan manawa dhèwèké padha sira takoni, sapa kang anitahaké langit-langit lan bumi sarta ambangun-turutaké srengéngé lan rembulan, amasthi bakal padha calathu: Allah. Lah apa karanané, déné dhèwèké padha maléngos?

1925. Punika kanggé anglipur para Muslimin salebetipun dipun kuya-kuya mengsah- mengsahipun. Manawi wonten ing Makkah sami dipun kuya-kuya, piyambakipun mesthi badhé angsal panggènan sanès, ingkang boten wonten panguya-uyanipun ingkang kados makaten wau.

1926. Janji punika sampun dipun jangkepi kanyataanipun wonten ing gesang sapunika punika ugi, tur kalayan muwah-muwah, inggih punika nalika kadhaton-kadhatonipun ingkang linuhung para raja ing Persi tuwin para maharaja ing Rum, kaparingaken déning Pangéran dhateng titiyang Muslimin supados dipun enggèni.

1927. Punika dados pangarem-arem dhateng titiyang Muslimin, bilih anggènipun sami nilar padamelan lan panggaotanipun ing Makkah, punika boten badhé mahanani ing kasangsaran.

Ar. ngisoré

Surat 29 Menangipun para Mukmin 1083

62 Allah anjembaraké rijeki tumrap para kawula-Né, sapa kang dikarsakaké, sarta anyumpi tumrap saka (kang dikarsakaké): sayekti, Allah iku marang samubarang Udani.

63 Lan manawa dhèwèké padha sira takoni, Sapa sing nurunaké banyu saka mendhung banjur dianggo anguripaké bumi sawisé matiné, amasthi bakal padha calathu: Allah. Calathua: Sadaya pangalembana kagunganipun Allah. O, balik dhèwèké iku sing akèh ora padha ngerti.1928

RUKU’ 7

Menangipun para mukmin

64-66. Wilasanipun Pangéran kaparingaken dalasan dhateng para kafir. 67. Wilujeng-ipun nagari Makkah. 68, 69. Para mukmin badhé sami ngraosaken begja.

64 Lan kauripan ing donya iki ora liya kajaba lalahan lan dodolanan; lan sayekti padunungan akhirat iku temen, yaiku urip – yèn ta dhèwèké padha ngertia!

65 Lah nalika dhèwèké padha nunggang ana ing prau, padha nguwuh ing Allah, kalawan tuhu-tuhu sumungkem ing Panjenenga-né; ananging bareng Panjenengané wus nyalametaké dhèwèké marang dharatan, lah ing kono dhèwèké (banjur) anyakuthokaké (Panjene-ngané).

66 Dadi dhèwèké padha ora narima marang barang paparing-Ingsun ing dhèwèké, sarta dadi padha abungah-bungah; ananging dhèwèké bakal padha tumuli weruh.

1928. Para titiyang wau ingkang kathah boten sami mangertos, bilih bumi Arab ingkang pejah punika, ing sapunikanipun sampun mèh badhé dipun gesangaken.

Ut. supaya .. angafiri

Ut. supaya

Kemlandingan Juz XXI 1084

67 Apa ta ora padha weruh, yèn Ingsun wus andadèkaké slameting tanah suci,a mangka wong-wong padha dibandhang kalawan ruda-paripaksa saka ing sakiwa-tenge-né?1928A Apa ta dhèwèké marang panggorohan tansah padha angès-tu, sarta marang nugrahaning Allah angafiri?

68 Lan sapa kang luwih anga-niaya tinimbang wong kang agawé-gawé goroh tumrap marang Allah utawa anggorohaké marang kasunyatan samangsané iku tume-ka marang dhèwèké? Apa panggo-nan tumrap para kafir iku ora ana ing jeroning naraka?

69 Lan para kang padha anya-rempeng ing dalem (prakara)-Ningsun, yekti bakal padha Ingsun tuntun ing dadalan-Ingsun; lan sayekti Allah iku temen anyartani para kang padha agawé becik.

1928A. lngkang kalebet tanah haram (tanah suci) punika kitha Makkah tuwin tanah ing sakukubanipun sawatawis mil. Ing salebetipun wawates wau perang ingawisan. Déné ingkang dipun karsakaken wong-wong padha dibandhang kalawan rudaparipeksa, punika makaten: ing satanah Arab bandha lan nyawa punika kalangkung anggènipun boten aman, suprandosipun boten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang wantun nerak wawaler kasucianipun tanah Makkah. Tanah haram boten katerak wawalering kasucianipun ngantos pinten-pinten abad laminipun, minangka dunungipun wonten ing nagari, ingkang titiyangipun sakalangkung anggènipun remen peperangan tuwin sakalangkung anggènipun bodho, punika sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi punika gumelaring kawasa saha mahawikanipun Pangéran ingkang élok.

_____________

a. 469 Ar. lan

SURAT 30

AR-RUM

(Para titiyang Rum)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(6 ruku’, 60 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Piweca ingkang ageng. Ruku’ 2. Papanthan kalih. Ruku’ 3. Wewedharing kawasanipun Pangéran wonten ing jagad. Ruku’ 4. Éwah-éwahan. Ruku’ 5. Cabaripun ingkang milawani.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsaning tumurunipun

Namanipun surat punika mendhet saking piweca wigatos bab menangipun para titiyang Rum kaliyan titiyang Persi, ingkang nalika jamanipun piweca punika kadhawuhaken para titiyang Persi wau sampun angrabasa saindhenging kitha Konstantinopel. Nanging kawigatosanipun surat punika boten namung wonten ing piweca punika kémawon, nanging wonten ing prakawis sanès sarta asareng punika piweca ingkang langkung adiluhung malih kaundhangaken. Inggih punika: piweca bab menangipun para Muslimin kaliyan mengsahipun ingkang kiyat, titiyang Quraisy. Kawontenan punika sèwu mokal yèn sageda dipun kinten-kintenaken ing manusa mawi adhadhasar wutah gumelaring kawontenan. Piweca punika kanyataan wahananipun wonten ing prang Badr, ingkang kelampahanipun nunggil taun kaliyan menangipun titiyang Rum kaliyan titiyang Persi. Tumrap surat Makkiyah kawan iji ingkang kagolong ing golongan punika, inggih punika surat 29, 30, 31 lan 32, ingkang sami kawiwitan kaliyan Alif, lâm, mîm, punika ing dalem saprakawis sadaya sami anyebutaken, inggih punika sabda pangandika ingkang adiluhung ingkang mangandikakaken bilih satunggaling umat ingkang ageng badhé dipun jumenengaken saking bumi Arab ingkang pejah, sarta piweca ingkang makaten punika nadiyan kasebutaken wonten ing surat-surat wau sadaya, nanging ingkang cetha piyambak ingkang kasebut ing ngriki punika. Para mufassir sarujuk sami amastani surat punika wahyu Makkiyah (AH), déné titimangsaning tumurunipun, miturut wawaton ingkang saé piyambak ing nalika taun ingkang kaping nem utawi pitu sadèrèngipun hijrah; dados menggah ing babipun ingkang karembag lan menggah ing tumurunipun, surat punika kénging kagolongaken kaliyan surat ingkang sampun, sami déné kagolong wahyu Makkiyah jaman tengahan ingkang sepuh.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika kawiwitan kalayan anyebutaken kawonipun titiyang Rum, tumunten lajeng mangandikakaken piweca bab menangipun tiyang Rum kaliyan mengsahipun, sarta malih amahyakaken piweca bab kamenanganipun ingkang ageng para Muslimin kaliyan para ingkang sami nganiaya piyambakipun, ing wekdal wau ugi. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken papanthan kalih, titiyang mukmin lan titiyang kafir, sarwi anyebutaken bilih kawontenanipun golongan kakalih wau tumunten badhé walik grembyang, para Muslimin gentos wonten ing nginggil. Ruku’ ingkang kaping tiga nyebutaken gumelaring kuwaosipun Pangéran wonten ing sagung dumados, minangka kanggé anedahaken bilih gumelaring kawasanipun Pangéran wau ugi badhé adamel kamenanganipun Islam. Ruku’ ingkang kaping sakawan anerangaken bilih kamenanganipun ruhani Islam, punika prakawis

Para titiyang Rum Juz XXI 1086

RUKU’ 1

Piweca ingkang ageng

1-3. Piweca kamenanganipun titiyang Rum anglindhih titiyang Persi. 4-7. Nunggil para Muslim angsal kamenangan anglindhih tiyang kafir. 8-10. Para bangsa ingkang kinawasa sami dipun dadosaken asor.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Ingsun, Allah, Ingkang-Mahawikan.a

2 Kalah wong-wong Rum,1929

3 Ing tanah kang cedhak, lan dhèwèké, sawisé kalah, bakal ngalahaké,1930

ingkang sampun yakin, jalaran agami Islam punika cocog kaliyan kudrat dumadosipun manusa lan laras kaliyan paugeran ingkang kedah dados dhadhasaring agaminipun kudrat manusa, milanipun boten kénging boten wasananipun kudrat dumadosipun manusa punika mesthi ketarik dhateng Islam, lah sajagad mesthi badhé ngajengi Islam. Kasebutaken wonten ing ruku’ sambetipun, kamenangan punika badhé dipun rampungi déning éwah-éwahan ageng ingkang angédab-édabi ing tanah Arab. Para ingkang sami semang-semang dhateng kelampahanipun éwah-éwahan ageng wau, margi agenging panglawan dhateng kamajenganipun Islam, sami dipun pangandikani wonten ing ruku’ ingkang wekasan, bilih sirnaning panglawan punika prakawis ingkang sampun yakin boten kénging boten.

___________

1929. Para kawulanipun karajan Rum manawi mastani awakipun piyambak: wong Rum; déné nama “wong Yunani (Griek)’. ingkang kaanggep sami kaliyan ‘wong kafir’ tegesipun, punika tumrap para titiyang wau dados tembung pangina (Arab Conguest of Egypt, déning Butler, wewahan katrangan ing kaca 141). Dados tembung Rum dipun jarwani ‘wong Yunani’ utawi ‘Griek’, kados kalimrahanipun para tukang anjarwakaken Quran ing basa Inggris, punika kirang trep.

1930. Peperangan antawisipun Karajan Persi kaliyan Karajan Rum, punika wontenipun ngantos dangu sanget. Peperangan ageng ingkang wasananipun tiyang Persi ingkang menang, kawiwitan nalika taun Masehi 602, inggih punika nalika Kisra II ing Persi wiwit merangi Rum kanggé ngalap pulih ing pejahipun Maurice ingkang dipun cidra Phocas. “Wadyabalanipun Sang Kisra Persi anjarah rayah tanah Siriyah tuwin Asia Alit, sarta ing nalika taun 608 ngangsek dhateng Khalcedon. Nalika taun 613 tuwin 614 Damaskus lan Yerusalem kabedhah sénapati Syahabaraz, Salib Suci kabandhang. Boten let dangu, Mesir ugi bedhah. Titiyang Rum namung saged nanggulangi sawatawis, awit tiyang Rum piyambak pecah-pecah pasulayan ing antawisipun piyambak sarta margi kaplèpèt déning bangsa Avars tuwin bangsa Slavs” (En. Br. Art.”Khosrus II”). Nalika pawartos kamenanganipun tiyang Persi wau dumugi ing Makkah, titiyang Quraisy lajeng sami bingah-bingah. Mila makaten awit titiyang Quraisy wau anjagoi titiyang Persi tukang manembah latu, déné titiyang Nasrani (titiyang Rum punika sami tiyang Nasrani, pen) margi gadhah cecepengan kitab suci, déning tiyang Quraisy kagolongaken kaliyan kaum Muslimin. Sajakipun anggènipun sami bingah-bingah wau sabab manut kayakinanipun kasoripun titiyang Nasrani wau dados cacala badhé kawonipun para Muslimin, jer Quran marambah-rambah mecakaken para Muslimin badhé unggul lan menang kaliyan titiyang Quraisy. Nalika Quran angundhangaken dhawuh punika, nalika taun 615 utawi 616; suraosipun mengku piweca warni kalih, inggih punika, sapisan mecakaken bilih tiyang Persi ingkang menang, ingkang sampun nyangklek

Ar. kalahé

a. 11

Surat 30 Piweca ingkang ageng 1087

wonten sangajenging gapuranipun kitha Konstantinopel, punika calon dipun kawonaken tiyang Rum, ingkang nalika ing wekdal wau kalangkung anggènipun telas kakiyatanipun. Piweca ingkang kaping kalih mecakaken bilih titiyang Makkah ingkang kuwaos punika badhé dipun kawonaken titiyang Muslimin ingkang sakedhik cacahipun tur kinuya-kuya punika.

Bab prakawis kelampahanipun wahananing piweca warni kalih punika, saged kanyatakaken namung sarana ningali serat babad ingkang nerangaken kawontenan nalika taun 624 sarta taun ing sapengkeripun. Saèstu, kalampahanipun piweca punika saged damel sungsang buwana balik tumrap Karajan Persi ingkang kiyat punika, makaten ugi saged damel “jarak mrajak jati mati” tumrap para mengsahipun para Muslimin ingkang sakalangkung santosa, tur kelampahanipun wau namung wonten salebeting wekdal ingkang sakedhap sanget, inggih punika sangang taun, manut wawangen ingkang sampun katamtokaken piweca wau. (Miturut sawarnining wawaton, tembung bidl’un, punika tegesipun: wekdal wiwit tigang taun dumugi sanga utawi sadasa taun). “Nalika taun 624, Heraclius ngangsek dhateng tanah Media-lèr, ing ngriku piyambakipun nglebur candhi ageng pamujan-latu ing Goudzak” (En, Br. Art.”Khosrus II”).

Ing taun wau ugi, kaum Muslimin cacah 313, nanging ingkang kathah sami laré nèm-nèman ingkang taksih tlondho saha dèrèng gadhah pangalaman, tur prasasat tanpa dadamel, saged ngawonaken prajurit Quraisy ingkang kiyat cacah sèwu jiwa, saged mejahi para panuntun Quraisy lan saged nandukaken panempah ingkang anggigirisi tumrap panguwaosipun mengsah. Ungguling yudanipun wadyabala Muslimin, tuwin kamenanganipun prajurit Rum, lastantun tumindhak terus ngantos ambrukipun babar pisan panguwaos Quraisy nalika jaman bedhahipun nagari Makkah nalika taun 630, déné “Karajan Persi, sasampunipun ngalami kaluhuran agung wiwit sadasa taun kapengker, lajeng mawut-mawut tan mangga puliha’ (En. Br.)

Kula sumanggakaken dhateng para maos ingkang adil panimbangipun, kados pundi anggènipun manggalih, punapa saged namung lugu wawasan pulitik kémawon, namtokaken kanthi trep kelampahanipun kawontenan ingkang boten saged kakinten-kintenaken wau? Utawi punapa ing babad naté wonten wawasan pulitik ingkang sami drajatipun kaliyan piweca warni kalih kados ingkang kawengku ing dhawuh punika? Kala punapa naté wonten wawasan pulitik ingkang wantun mastani, bilih satunggaling karajan ingkang kiyat, ingkang sampun saged ngiles-iles karajan sanès ingkang ugi kiyat, ingkang salebetipun piten-pinten taun tansah saged angebroki laladaning mengsah, ngantos prajuritipun dumugi wonten ing sangajenging kontenipun kitha karajaning mengsah – punika badhé gentos dipun kawonaken, gentos kécalan laladan, sarta ngantos katempuh telenging karajanipun? Kawimbuhan malih déné kelampahanipun wau wonten ing salebeting wekdal ingkang sakedhap sanget, ingkang boten cekap kanggé anukulaken reresah wonten ing antawising prajuritipun karajan ingkang menang, lan boten cekap kanggé mulihaken prajuriting karajan ingkang kawon, ingkang prasasat sampun remuk-bubuk wau? Malih, kala punapa wawasan pulitik saged ambedhèk, bilih tiyang ingkang namung sakedhik cacahipun, ingkang boten jangkep tiyang satus, tur ingkang sanget anggènipun nandhang panganiaya lan panguya-uya, ngantos kapeksa sami ngungsi dhateng nagari sanès, punika ing salebetipun sangang taunan saged ngawonaken bangsanipun sadaya ingkang sami prigel ulah dadamel? Boten prabéda lan “hari-wartinipun’’ tuwan Wherry, tiyang Arab punika ugi saged mawas lan saged anjangka, sarta tiyang Arab wau anggènipun mastani piweca warni kalih punika: pangomyangé wong owah, dados sami kémawon kaliyan tiyang jaman samangké manawi mastani piweca. Nanging tuwan Palmer gadhah pamanggih, ingkang kénging kanggé ambuktèkaken lepating pamanggihipun tuwan Wherry, makaten: “Titiyang Yunani (titiyang Rum) sanget anggènipun nandhang kacilakan, ngantos katingalipun tangèh lamun saged mumulih icaling jayanipun, sarta ing taun candhakipun titiyang Persi ngangsek angepang kitha Konstantinopel.”

Tuwan Rodwell ngedalaken réka kanggé ngirangi wigatosipun piweca punika, sarana nerangaken bilih sandhangan utawi jabar jèr-ipun seratan Arab, punika wontenipun kantun, milanipun ayat punika sogad-saged kémawon, dipun waos kados jarwan ing nginggil, “Lan Dhèwèké, sawisé kalah, bakal ngalahaké,” utawi dipun waos sayuglabûn, “Lan Dhèwèké sawisé kalah, bakal dikalahake.” Manawi waosan cara tuwan Rodwell punika dipun anggé, ukaranipun lajeng ruwet boten kanten-kantenan, temah boten teges babar pisan. Kajawi punika, lajeng punapa tegesipun ing dina iku para mukmin padha bungah? Awit manawi nganggé waosan cara tuwan Rodwell wau, tiyang mukmin boten bingahnanging malah susah, mangka jabar jèr mesthi kémawon boten saged ngéwahaken tembung yafrahûndados yahzanûn! Éwadéné inggih sampun, awit ingkang sampun genah kémawon, wontenipun pamanggih ingkang boten leres wau, tuwuh awit saking boten mangertosipun dhateng caraning

Para titiyang Rum Juz XXI 1088

4 Ing sajroné sawatara taun. Kagunganing Allah paréntah iku, ing sadurungé lan ing sawisé; lan ing dina iku para mukmin padha bungah,

5 Kalawan pitulunging Allah;1931

Panjenengané iku amitulungi sapa kang dikarsakaké; sarta Panjene-ngané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih:

6 (Iki) janjining Allah! Allah ora bakal nyulayani janji-Né, ananging akèh-akèhing manusa ora padha weruh.

7 Dhèwèké padha weruh kala-hiraning kauripan donya, ananging babagan akhirat dhèwèké padha léna.

8 Apa ta dhèwèké ora padha angangen-angen ing awaké dhéwé, (yèn) Allah, anggoné anitahaké langit-langit lan bumi sarta barang kang ana ing saantarané loro iku ora liya kajaba kalawan kasu-nyatan, sarta (kanggo) ing mangsa kang wus tinamtu? Lan sayekti,

anggènipun dhawuh Quran kawulangaken. Saben wonten dhawuh ingkang tumurun, kathah tiyang ingkang lajeng ngapilaken dhawuh wau, sarta ing salebetipun salat jama’ah (salat sasarengan) dhawuh ingkang tumurun wau tansah kawaos marambah-rambah lan wongsal-wangsul, dadosipun, kaselakmokal manawi prakawis legena-suku-wulunipun tetep boten gumathok. Langkung-langkung, wonten pasaksèn malih ingkang terang gamblang, makaten: nalika ayat punika katurunaken, wonten sangajengipun tiyang kathah Bagéndha Abu Bakar ambadhé bilih titiyang Rum mesthi badhé saged ngawonaken (inggih punika jarwanipun ingkang leres tembung sa-yaglibun) mengsahipun ing salebetipun wekdal tigang taun; Ubaiy bin Khalf, tiyang kafir, maiben; wasana lajeng sami anjanjèkaken toh unta sadasa. Kanjeng Nabi suci miyarsa, lajeng ngandika dhateng Bagéndha Abu Bakar bilih wawangen tigang taun wau boten leres, jalaran bidl’un punika ateges tiga dumugi sadasa taun. Awit saking punika wawangen wau lajeng dipun ulur, déné tohipun lajeng dipun inggahaken dados unta satus. Lah punika anedahaken sapinten genging kayakinanipun para sahabat dalah Kanjeng Nabi Suci piyambak ing badhé kelampahanipun saèstu wahananing piweca punika (Rz).

1931. Pitulunging Allah punika pitulung ingkang sampun marambah-rambah kajanjèkaken dhateng para mukminin lumawan titiyang musyrik Makkah. Dados dhawuh wau piweca ingkang terang gamblang, bilih para Muslimin mesthi badhé menang kaliyan titiyang Makkah ing salebetipun wekdal sangang taun, kapétang wiwit piweca punika kaundhangaken. Wasana piweca punika kanyataan saèstu wahananipun nalika prang Badr.

Ar. lan

Surat 30 Papanthan kalih 1089

temen manusa iku sing akèh, kang padha angafiri marang sapate-moné karo Pangérané.

9 Apa ta dhèwèké padha ora la-laku ing bumi, banjur padha andeleng, kapriyé kawusanané para ing sadurungé awaké? Iki padha luwih prakosa tinimbang dhèwèké sarta padha andhudhuki lemah,1932 apa déné padha agawé yayasan ing kono luwih akèh tinimbang olèhé gawé yayasan ing kono, lan para rasulé padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti cetha: lah ora pisan Allah iku anganiaya dhèwèké, ananging dhè-wèké kang padha anganiaya jiwané dhéwé.

10 Tumuli, temahané para kang atindak ala, iku ala,1933 amarga padha anggorohaké timbalan-tim-balaning Allah, sarta iki dhèwèké gawéné angguguyu.

RUKU’ 2

Papanthan kalih

11-18. Para tulus sarta para dosa sami nampèni pituwasipun piyambak-piyambak. 19. Bangsa pejah dipun gesangaken.

11 Allah iku amurwani titah, banjur angambal-ambali dumadi-né, tumuli marang Panjenengané anggonira bakal binalèkaké.

12 Lan ing waktua tekaning wayahé, para wong dosa bakal padha kapedhotan pangarep-arep.

1932. Andhudhuki siti punika kalebet ugi ngulah siti kawedalaken asilipun, andhudhuk pelikan sarta damel ilèn-ilèn lan susukan-susukan, makaten ugi kanggé masang tatalesing griya-griya.

1933. Éndah temenan dhawuh ingkang anggambaraken angger-anggering “awon angsal woh awon” punika.

Ut. mung-guh

a. 8

Para titiyang Rum Juz XXI 1090

13 Lan sesembahan kang padha disakuthokaké marang Allah ora ana kang dadi palantaran tumrap dhèwèké, sarta dhèwèké bakal padha dadi wong kang angafiri sakuthon-sakuthoné.

14 Lan ing waktub tekaning wayahé, ing waktu iku dhèwèké bakal padha apipisahan.

15 Wondéné para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, bakal padha disenengaké ing sajroning taman.

16 Déné para kang padha kafir sarta padha anggorohaké timbalan-timbalan-Ingsun apa déné sapate-mon akhirat, lah iku bakal padha diirit marang pasiksan.

17 Mulané Mahasuci Allah iku, samangsané sira manjing wayah wengi lan samangsané sira man-jing wayah bangun.

18 Lan kagungané Panjenengané pangalembana ing langit-langit lan bumi iku, sarta ing wayah ‘asar apa déné samangsané sira ana ing wayah luhur.1934

19 Panjenengané angetokaké ba-rang urip saka barang mati, lan angetokaké barang mati saka barang urip, sarta anguripaké bumi

1934. Sampun terang sembahyang gangsal wekdal, ingkang katuju ing karsa wonten ing ayat punika tuwin ing ayat sadèrèngipun. Sembahyang ing wanci dalu punika sembahyang magrib tuwin sembahyang ‘isya’. Sembahyang gangsal wekdal punika sampun katindakaken wonten ing Makkah, sarta papan-papan ingkang dipun anggé nindakaken sembahyang sasarengan titiyang Muslimin, punika sampun kasebut wonten ing hadits-hadits ingkang nerangaken prakawis- prakawis ingkang magepokan kaliyan anggènipun mumulang Kanjeng Nabi nalika jaman wiwit-wiwitan.

Ut. sakuthon-sakuthoné

b. 8

Surat 30 Wewedharing kawasanipun Pangéran 1091

sawisé matiné, lan kaya mangkono iku anggonira bakal padha di-wetokaké.1934A

RUKU’ 3

Wewedharing kawasanipun Pangéran wonten ing jagad

20-25. Warni-warni wewedharing kawasanipun Pangéran. 26, 27. Sadaya sami sumarah dhateng kawasa-Nipun.

20 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku déné Panjene-ngané wus anitahaké sira saka lebu; tumuli, ing kono sira dadi manusa (kang) sumebar.

21 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku déné Panjene-ngané wus anitahaké jodho tumrap marang sira saka (jinis)-ira, supaya sira padha olèh tentreming ati ing kono, sarta Panjenengané wus adamel sih lan welas ing anta-ranira;1935 sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mikir.

22 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku tumitahing langit-langit lan bumi sarta béda-bédané basanira tuwin warnanira; sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap para ahli kawruh.

23 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku turunira sarta pangupayanira lubèring paparing-É ing wengi lan raina; sayekti ing

1934A. Dhawuh punika nerangaken kalayan terang bilih satunggaling umat ingkang ageng badhé kajumenengaken saking antawisipun bangsa Arab, ingkang sampun pejah ruhani saha akal budinipun.

1935. Rapeting sasambetanipun jaler lan èstri (inggih punika laki lan rabi), punika kadhawuhaken kalayan tetembungan, ingkang anggènipun nerangaken raketing manunggilipun kalangkung sanget, ngantos kathah tiyang ingkang lajeng kalèntu panampinipun, kakinten bilih dhawuh wau mengku teges mangandikakaken dumadosipun tiyang èstri punika saking tiyang jaler. Nanging Quran sampun cetha dhawuhipun lan sampun terang punapa suraosipun, nalika Quran nyasmitakaken tatangsuling sih lan welas, makaten ugi tentreming manah ingkang dipun panggih tiyang ingkang sésémahan wonten ing

Ar. jodho-jodhoné

Ut. tumiyung marang dhèwèké

Para titiyang Rum Juz XXI 1092

kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angru-ngokaké.*

24 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku déné Panjenenga-né ameruhaké sira ing kilat anjalari kuwatir lan pangarep-arep sarta déné Panjenengané anurunaké ba-nyu saka ing mendhung, banjur diagem anguripaké bumi sawisé matiné; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mangerti.

25 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku déné langit-langit lan bumi iku madeg amarga saka paréntah-É; tumuli, samangsané Panjenengané anguwuh sira kala-wan panguwuh (sapisan baé) saka ing bumi, ing kono sira (banjur) padha metu.

26 Lan kagungané Panjenengané apa baé kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kabèh ambangun turut marang Panjenengané.

27 Lan Panjenengané iku Kang amurwani titah, tumuli angambal-ambali dumadiné, sarta iku gam-pang ingatasé Panjenengané; sarta kagungané Panjenengané sifat linuhung ing langit-langit lan bumi iku, lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Wicaksana.

RUKU’ 4 Islam punika angetrepi kodrat dumadosing manusa

28, 29. Kasawijèn punika pancèn anggathuki trep kaliyam dumadosipun manusa. 30-32. Agamining jagad ingkang sampun kinodrat tumrap manusa. 33. 34. Ing salebeting nandhang rekaos anguwuh Gusti Allah. 35-37. Boten wonten wisésa gumadhuh panembah-pangéran-kathah. 38-40. Lampah welas sasamining manusa kaliyan Maha-tunggal Gusti Allah punika tatalesing agamining jagad.

*sémahipun wau. Saèstu ayat punika maringi dhateng kula sami idham-idhaman cara Islam ing bab manunggilipun laki lan rabi.

Surat 30 Islam angetrepi kodrat 1093

28 Panjenengané akarya sanépa tumrap marang sira prakara awak-ira:1936 Apa sawenèhing para kang kadarbé ing tanganira tengen ana kang dadi sakuthunira – andharbèni ing rijeki paparing-Ingsun marang sira, (kang) wusanané ing dalem prakara iki sira dadi padha – pangémanira marang dhèwèké kaya pangémanira marang antaranira?Kaya mangkono anggon-Ingsun amijangaké timbalan-timbalan tu-mrap wong kang padha mangerti.

29 O, balik para kang padha atin-dak dudu, iku manut pépénginané kang asor kalawan tanpa kawruh; lah sapa kang bisa nuntun wong kang kasasaraké déning Allah?a

Sarta dhèwèké ora bakal padha olèh pitulung.

30 Mulané jejegna rainira ing agama kalawan legawa – dumadi kang katitahaké déning Allah, kang Panjenengané wus anitahaké para manusa ana ing kono; ora ana owah-owahé tumrap dumadiné titahing Allah iku; yaiku agama kang jejeg, ananging akèh-akèhé manusa padha ora weruh __1937

1936. Sanépa punika saged dipun mangertosi sok tiyanga kalayan gampil sanget, sarta maksudipun ingkang mathis inggih sampun cetha awéla-wéla. Manawi bandara lan kawula punika boten sami, lah kados pundi sagedipun sami barang pejah saking antawising titahipun Pangéran, kadosta séla, kaliyan Ingkang-Anitahaken, inggih punika Dhat Ingkang mangrèh saha ingkang nyababaken dumadosipun sagung dumadi?

1937. Miturut ayat punika, Islam, punika agaminipun manusa ingkang laras kaliyan kudratipun, utawi: agami ingkang menggah ing kayektènipun kasaksèn kudrat dumadosipun manusa. Piwulang- piwulangipun Islam ingkang mangka tatales, Kasawijèn saha mahaluhuripun Allah, wahyuning Pangéran ingkang kaparingaken dhateng sagung manusa ing jagad, saha sadaya tiyang bénjing ing gesang sasampuning pejah tanggel dhateng sadaya pandamelipun, sadaya punika dipun akeni sadaya agami lan sadaya umat, sarta anggènipun dipun akeni ing sajagad wau, dados bukti ingkang terang bilih kudrat dumadosipun manusa suka pasaksèn dhateng kasunyatanipun piwulang-piwulang wau. Islam anyirnakaken sawarnining wawates ingkang matesi piwulang ingkang mangka tatalesing agami ingkang kanggé manusa sadaya warni tiga punika, sarta pahamipun Islam dhateng piwulang-piwulang wau sakalangkung wiyar lan momot, nyakup dhateng sagung para manusa. Ing jagad punika boten wonten agami sanèsipun malih, ingkang ngaken dados agami kudrat dumadosing manusa kajawi namung Islam piyambak. Sahabat Abu Hurairah ngriwayataken hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang

Ar. saka

Ut. kawula-nira

Ar. anggon-ira nguwa-tirakéAr. anggon-ira nguwa-tirakéAr. awakira

a. 44

Ut. con-dhong

Para titiyang Rum Juz XXI 1094

31 Kalawan sira madhep marang Panjenengané sarta dituhu marang (wajibira ing) Panjenengané, lan padha anjumenengna salat, tuwin aja padha dadi panunggalané para kang manembah pangéran akèh,

32 Panunggalané para wong kang padha mecah-mecah agamané sarta padha dadi panthan-panthan, siji-sijining golongan padha rumasa bungah marang apa kang ana ing awaké.

33 Lan samangsa sangsara anem-puh para manusa, iki padha ngu-wuh Pangérané, kalawan madhep marang Panjenengané; tumuli; sa-mangsa Panjenengané angicipaké dhèwèké (marang) wilasa saka Panjenengané, ing kono dhèwèké banjur ana sapérangan kang nyaku-thokaké (apa-apa) karo Pangérané.

34 Pamrihé arep ora atur panu-wun marang apa kang wus Ingsun paringaké ing dhèwèké; ananging padha bungah-bungaha (sawatara suwéné), amarga sira bakal tumuli padha weruh.

35 Utawa apa Ingsun anurunaké wisésa marang dhèwèké, kang banjur ngandhakaké apa kang padha disakuthokaké karo Panje-nengané?1938

nunggil suraos kaliyan dhawuh punika, makaten: “Kabèh bayi iku linahiraké trep karo agama kang sajati (wantahipun, kudrat dumadiné manusa); banjur wong tuwané loro kang andadèkaké dhèwèké dadi Yahudi utawa Nasrani utawa Majusi, lah iya ora béda karo kèwan raja kaya, olèhé dilahiraké ganep anggotané (utawi, mulus tanpa cacad); apa kowé weruh kang anggoné linahiraké wis cacad anggotaning badané?” Panjenenganipun lajeng maos ayat Quran (inggih punika minangka kanggé netepaken pangandikanipun) makaten: “Dumadi kang katitahaké Allah, kang Panjenengané wus anitahaké para manusa ana ing kono; ora ana owah-owahé tumrap dumadiné titahing jejeg.” (Bkh).

1938. Boten wontenipun wisésa utawi wawaton ingkang mastani leres tindak damel sesembahan ingkang dipun jèjèraken kaliyan Pangéran Ingkang-Mahaluhur, punika sampun terang manawi katitik saking wutah gumelaring kawontenan, déné boten wonten nabi satunggal kémawon ingkang tampi

Surat 30 Islam angetrepi kodrat 1095

36 Lan samangsa manusa Ingsun icipaké ing wilasa, iki andadèkaké padha bungahé, lan manawa padha kataman ribed amarga saka pang-gawéning tangané kang dhisik-dhisik, ing kono banjur padha pedhot pangarep-arepé.

37 Lan apa padha weruh, yèn Allah iku anjembaraké sarta anyumpi rijeki tumrap sapa sing dikarsakaké? Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angèstu.

38 Mulané amèwèhana marang para krabat apa beneré sarta marang wong miskin tuwin wong lalaku; iki luwih becik tumrap para kang padha kapéngin pirenaning Allah, lan ya iki para wong begja.1939

39 Lan apa kang sira wetokaké kalawan riba, supaya iku mun-dhaka saka bandhaning wong-wong, lah iku mungguhing Allah ora bakal mundhak; lan apa kang sira wetokaké kalawan kasucian, kapéngin pirenaning Allah, lah iku kang bakal padha olèh tikel-matikel.1940

wahyu saking Pangéran, ingkang andhawuhaken supados nganggep makhluk sami lenggahipun kaliyan Pangéran Ingkang-Anitahaken. Sarupining pangandel bangsanipun ingkang kados makaten wau, kedah kaanggep lepat, jalaran kajawi ingkang makaten wau cengkah kaliyan pasaksènipun kudrat dumadosipun manusa lan cengkah kaliyan nalar, ugi boten awawaton wahyu.

1939. Dadana dhateng sasamining manusa, punika tindak ingkang tuwuh saking piwulang pasadhèrèkanipun manusa sadaya. Déné piwulang pasadhèrèkanipun manusa sadaya, punika salah satunggaling piwulang warni kalih ingkang mangka tatalesipun agami kudrat ingkang kanggé manusa sadaya. Satunggalipun, inggih punika Kapangérananipun Allah, kasebutaken wonten ing ayat ingkang wekasan ing dalem ruku’ punika. Rèhning piwulang bab pasadhèrèkanipun manusa sadaya punika agami Islam kadadosaken piwulang ingkang tumus dumugi ing tindak, milanipun bab prakawis punika tansah kasasmitakaken wonten ing dalem Quran, kalayan maujud ing dhawuh, ingkang maréntahaken dhateng manusa atindak welas lan ber-budi dhateng sadhèrèkipun manusa.

1940. Ayat punika migatosaken sanget dadana dhateng sasamining manusa. Ayat punika mangandikakaken bilih sawènèhipun tiyang wonten ingkang ngupados wewahing bandhanipun sarana

Para titiyang Rum Juz XXI 1096

40 Allah iku Kang wus nitahaké sira, banjur ngrijekèni sira, tumuli amatèni sira, banjur anguripaké sira. Apa sekuthon-sekuthon se-sembahanira ana kang nindakaké mangkono iku sathithik baé? Mahasuci Panjenengané lan Maha-luhur saka barang kang padha disakuthokaké (karo Panjenengané).

RUKU’ 5

Éwah-éwahan

41, 42. Karisakan anglimputi. 43-45. Teguh angambah margi lurus. 46-50. Tandha-tandhanipun éwah-éwahan ingkang masthi badhé kalempahan. 51-53. Ingkang sami pejah dipun tangèkaken saking sakedhik.

41 Karusakan wus tumimbul ing dharatan lan sagara amarga saka panggawéning tangan-tangané para manusa, amurih Panjenengané angicipaké dhèwèké sawenèhé kang wus padha dilakoni, supaya dhèwèké padha balia (marang Allah).1941

dipun anakaken. Punika ateges ngupados wewahing bandhanipun, sarana adamel kapitunan dhateng bandhanipun tiyang sanès. Nanging tumrap tiyang Islam, manawi badhé mamrih mindhaking bandhanipun, kedah sarana dipun danakaken kanggé tutulung dhateng sadhèrèkipun manusa, kanthi karana Allah.

1941. Babad suka pasaksèn dhateng kayektènipun dhawuh punika. Sadèrèngipun miyos Kanjeng Nabi Suci, karisakan anglimputi sadaya nagari ing jagad punika. Sagara ing ngriki saged ateges pulo-pulo. Pepeteng anglimputi sadaya nagari ing jagad, sarwi anumusi dhateng pangandel lan pandamelipun manusa. Agami Yahudi, agami Hindu, agami Buddha, agami Kong Hu Cu, tuwin agami Zarathustra, sampun dangu anggènipun boten saged andayani saé dhateng gesangipun tiyang ingkang sami nganggé agami-agami wau. Pandhèrèkipun agami-agami wau, boten namung boten sami nindakaken katulusan kémawon, ananging kojuripun déné malah sami nganggep pandamel asor kaanggep pandamel tulus, sarta kathah kémawon ingkang nganggep para titiyangipun saged tuwin para sesembahanipun sami nindakaken pandamel nistha saha pandamel murang-kasusilan. Agami Nasrani, sami-sami agami ing jagad nalika ing wekdal wau ingkang enèm piyambak, sampun ical sadaya kasucianipun. Tuwan Muir nerangaken makaten: “Agami Nasrani piyambak, punika ing nalika abad kaping pitu sampun gapuk sarta risak.” Ing babading donya, karisakan ingkang ngantos kados makaten sumrambahipun, dèrèng naté kalampahan ing sadèrèng-dèrèngipun. Ing salebetipun nem abad laminipun, ing pundi-pundia ing jagad punika, boten wonten ingkang kasorotan ing papadhang saking langit. Kalayan papadhangipun Islam, lan lantaran oboring kawruh saha kamajengan ingkang katunu wonten ing tanah Arab, jaman anyar malethèk, boten namung wonten ing tanah Arab kémawon, nanging ugi wonten ing nagari sanès-sanèsipun. Tanah Eropa ingkang dangu piyambak dumunung wonten ing salebeting pepeteng; saweg nalika oboring kawruh kaurubaken wonten ing Sepanyol déning titiyang Muslimin, Renaissance (jaman Gumarégah) lan Reformasi (jaman Éwah-éwahan) dhateng.

Surat 30 Éwah-éwahan 1097

42 Calathua: Padha lalakua ing bumi, banjur padha andelenga, kapriyé wusanané para kang padha (urip) ing dhisik: iku sing akèh para wong manembah pangéran akèh.1942

43 Mulané jejegna rainira ing agama kang jejeg, sadurungé tekan dina saka ing Allah kang ora kena tinulak; ing dina iku dhèwèké bakal padha sowang-sowangan.

44 Sapa sing kafir, kafiré iya anibani awaké dhéwé, lan sapa sing anglakoni panggawé becik, iku anyadhiyakaké (kabecikan) tu-mrap marang jiwané dhéwé.

45 Supaya Panjenengané ang-ganjar para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik arupa lubèring paparing-É; sayekti Panjenengané iku ora remen ma-rang para kafir.

46 Lan sawenèh saka tandha-tandha-Né yaiku déné Panjenenga-né angutus angin anggawa pawarta bungah, sarta supaya Panjenengané angicipaké sira ing wilasa-Né, lan supaya prau lumaku saking parén-tah-É, tuwin supaya sira padha angupaya lubèring paparing-É, apa déné supaya sira padha atur panuwun.1943

1942. Piwulang Tauhid (mastuti ing Allah Sawiji) sampun kasupèkaken sadaya umat. Dalasan titiyang Yahudi anggènipun sami sumarah dhateng pancasanipun para titiyangipun saged, ngantos kados déné sumarah dhateng Pangéran. Déné agami Nasrani, sampun terang sampun langkung rumiyin anggènipun nglirwakaken Tauhid.

1943. Ayat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng éwah-éwahan ingkang sampun wiwit cumetha wonten ing jazirah Arab. Punika dados pratandha ingkang terang, badhé wontenipun éwah-éwahan ageng ingkang ing wasananipun meshti badhé kelampahan kanthi sampurna.

Ut. anuruta dalan kang bener

Ut. iya ba-kal nyangga tanggungan kafiré

Para titiyang Rum Juz XXI 1098

47 Lan sayekti, ing sadurungira temen Ingsun wus angutus utusan-utusan marang para bangsané, sarta tekané mrono kalawan bukti-bukti terang; tumuli Ingsun ami-dana para kang padha duraka; lan mitulungi para mukmin iku tetep ing atasé Ingsun.

48 Allah iku kang angutus angin, banjur iki angungggahaké méga; banjur Panjenengané angratakaké iki ana ing langit kaya kang di-karsakaké, sarta Panjenengané ambedhah iku, temah sira weruh udan metu saka ing jeroné; lah samangsa Panjenengané anurunaké marang kawula-Né kang dadi karsa-Né, ing kono dhèwèké iki padha bungah.

49 Sanajan sadurungé iki, ing sadurungé iku diturunaké marang dhèwèké, dhèwèké putung teme-nan pangarep-arepé.

50 Banjur andelenga tabeté wila-saning Allah, kapriyé anggoné Panjenengané anguripaké bumi sawisé matiné. Sayekti, Panjene-ngané iku temen Juru-nguripaké wong mati; lan Panjenengané iku marang samubarang kawasa.

51 Lan manawa Ingsun angutus angin sawiji, banjur iku katon dadi kuning, amasthi sawisé iku dhè-wèké ambanjuraké olèhé padha angafiri.1944

1944. Tembung iku wonten ing ayat punika, wangsul dhateng wiji ingkang sampun thukul ingkang wonten ing ayat ingkang sampun katembungaken “anguripaké bumi.” Déné suraosipun, wiji ingkang sampun thukul wau saged ugi lajeng dados jené utawi lajeng kadamel alum déning panampeking angin. Maksudipun, mangandikakaken kacilakan ingkang badhé adamel pituna dhateng upayanipun para kafir. Dhawuh punika ugi nyasmitakaken badhé puguhipun para kafir wau wonten ing dalem kakafiranipun, nadyan piyambakipun sami badhé ngalami kasangsaran, kadosta paceklik ageng, utawi angsal tandha

Ut. ing dhèwèké

Ut. sela-selané

Surat 30 Éwah-éwahan 1099

52 Amarga, sayekti sira iku ora bisa agawé krunguné wong mati, sarta ora bisa agawé krunguné wong budheg ing panguwuh, sa-mangsa padha maléngos, mundur.

53 Lan ora bisa sira anuntun wong-wong wuta saka sasaré. Ora bisa sira agawé krunguné sapa-sapa, kajaba kang padha angèstu ing timbalan-timbalan-Ingsun, wu-sana padha dadi Muslim.

RUKU’ 6

Cabaripun ingkang milawani

54-57. Ingkang kiyat sami dipun ringkihaken. 58, 59. Puguh anggènipun angemohi. 60. Kasunyataning janji.

54 Allah iku Kang nitahaké sira saka ing ringkih, banjur sawisé ringkih andadèkaké kuwat, tumuli andadèkaké ringkih sarta uwanen sawisé kuwat;1945 Panjenengané anitahaké apa kang dikarsakaké, sarta Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni, Ingkang-Kawasa.

55 Lan ing waktua tekaning wa-yahé, para wong dosa bakal padha sepata, (yèn) olèhé padha manggon mung saejam; kaya mangkono iku anggoné tansah diénggokaké.

56 Lan para kang kaparingan ngilmu lan iman bakal calathu: Sayekti, miturut undhang-undhang ing Allah, temen olèhmu padha manggon tumeka ing dinaning tangi; lah iki dinaning tangi, ana-nging kowé kang mau padha oraweruh.

ingkang terang ingkang nélakaken susuting panguwaosipun, kados déné ingkang sami dipun sumerepi nalika wonten ing prang Badr tuwin wonten ing paprangan sanès-sanèsipun.

1945. Ing ngriki punika mengku sasmita ingkang lebet bab prakawis angger-angger bab adegipun, thukulipun, tuwin risakipun umat (bangsa).

Ut. wong sumarah

a. 8

Ar. ing da-lem kitabing

Ut. kiyamat

Para titiyang Rum Juz XXI 1100

57 Ananging ing dina iku, para kang padha atindak dudu, pra-sabené angènthèngaké kaluputan wis bakal ora migunani, sarta ora bakal padha rinengkuh kalawan sarju.

58 Lan sayekti, ing sajroning Quran iki temen Ingsun wus agawé sarupaning sanépa tumrap para manusa; lan manawa sira anekak-aké sawijining timbalan marang dhèwèké, amasthi para kang padha kafir bakal acalathu: Kowé iku ora liya kajaba mung para wong doracara.

59 Kaya mangkono Allah ange-cap ing ati-atiné para kang padha ora weruh.1946

60 Mulané disabar; sayekti janji-ning Allah iku nyata, lan aja nganti para kang padha ora yakin angrè-mèhaké sira.1947

1946. Lah ing ngriki katerangaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang, Gusti Allah ngecap manah, punika menggah ing sajatos-jatosipun ateges anggènipun sami ambeguguk para titiyang wau wonten ing dalem kakafiranipun, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat ingkang sampun.

1947. Terangipun, nadyan saikiné dhèwèké padha angguguyu ing sira, bakal teka masakalané, dhèwèké ora bakal ngrèmèhake ing sira, marga saka kanyataané janjining Pangéran wus jumeneng kalayan santosa.

_______________

SURAT 31

LUQMAN

(Luqmân)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(4 ruku’, 34 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Para mukmin sami badhé angraosaken kabegjan. Ruku’ 2. Pituturipun Luqman dhateng putranipun. Ruku’ 3. Agenging kawasanipun Pangéran. Ruku’ 4. Dhatengipun siksa.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsanipun tumurunipun

Namanipun surat punika kapirid saking asmanipun pujangga ingkang kacariyosaken wonten ing surat punika. Luqmân punika priya bangsa Habasyah, anggènipun kasebutaken wonten ing surat punika, punika mracihnani jembaring tatales dhadhasaripun Islam ingkang kasasmitakaken wonten ing surat ingkang sampun. Ing ayat 27 kasebutaken bilih sabdanipun Allah punika boten saged telas, sanajan sadaya wit-witan kadamel kalam lan saganten kadamel mangsi; punika ugi anedahaken bilih wontenipun para titiyang ingkang saé saha tulus, punika boten kawatesan ing jaman, nagari utawi satunggaling umat ingkang tartamtu; makaten ugi inggih anedahaken bilih wahyuning Pangéran punika kaparingaken dhateng sadaya bangsa, sarta bangsa Yahudi ingkang pethak pakulitanipun lan bangsa Habsyi ingkang cemeng, punika sami kémawon, sami déné nampeni nugrahaning Pangéran tuwin wahyuning Pangéran. Kanjeng Nabi ‘Isa punika kalimatullah (sabdanipun Allah), lah kados makaten ugi Luqman bangsa Habsyi, ingkang limrahipun katitik bilih panjenenganipun punika Aesop (Esopus) Yunani. Maksudipun surat punika, boten prabéda lan surat-surat panunggilanipun, nanggel bilih para angèstu mesthi badhé manggih kabegjan. Wondéné titimangsaning tumurunipun, babipun ingkang karembag punika sampun saged anyethakaken bilih surat punika, boten prabéda lan surat kakalih ingkang sampun, kagolong jaman Makkah tengahan, sanajan ta wonten pamanggih warni-warni, ingkang mastani bilih sawenèh ayat-ayatipun surat punika, utawi malah sapérangan ageng ayat-ayatipun, punika katurunaken ing Madinah. Nanging pamanggih punika sajatosipun boten wonten watonipun.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika namung isi sakawan ruku’. Ingkang rumiyin piyambak andhawuhaken kalayan tetembungan ingkang ceplos bab kabegjanipun para Muslimin. Ingkang angka kalih nyebutaken pituturipun Luqman dhateng putranipun, ingkang sapunikanipun kakarsakaken dados pitutur tumrap para Muslimin. Ingkang kaping tiga mangandikakaken agunging kawasanipun Pangéran, kawasa ngawontenaken barang-barang ingkang katingalipun mokal sagedipun kelampahan, kados déné menangipun para Muslimin kaliyan mengsah-mengsahipun punika. Ingkang kaping sakawan mecakaken siksanipun mengsah ingkang kiyat wau.

___________

Luqman Juz XXI 1102

RUKU’ 1

Para mukmin sami badhé angraosaken kabegjan

1-5. Sinten ingkang badhé sami ngraosaken kabegjan. 6, 7. Siksa ingkang ngraosaken tumrap para ingkang sami angemohi. 8-11. Para mukmin badhé sami begja.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Ingsun Allah, Ingkang Maha-wikan.a

2 Iki ayat-ayating Kitab kawi-caksanan.

3 Tuntunan sarta wilasa tumrap para kang agawé becik,

4 Para kang padha anjumeneng-aké salat sarta padha ambayar zakat tuwin marang akhirat padha yakin.

5 Yaiku wong kang padha miturut tuntunan saka Pangérané lan yaiku wong kang padha begja.

6 Lan sawenèhing wong ana kang malah nguyang gunem lalahan kanggo anasaraké (wong-wong) saka dadalaning Allah kalawan tanpa kawruh, sarta iki dianggep guguyon; yaiki kang bakal padha olèh siksa kang ngasoraké.1948

1948. Klèntu manawi dhawuh punika kasuraos nuju dhateng satunggaling tiyang ingkang tartamtu. Dhawuh ing wekasaning ayat nedahaken kalayan terang, bilih dhawuh pratélan punika mengku suraos ing saumumipun, sarta kénging katumrapaken dhateng sadaya tiyang ingkang nganggé gugujengan Quran. Nadr ibnu-l-Hars, punika namung salah satunggaling tiyang ingkang atindak makaten wau. Déné Nadr bin Hars wau kacariyos sampun naté nyinau sawenèh dodongèngan-dodongèngan ing nagari Persi, lajeng punika dipun waosaken ing pakempalanipun titiyang Quraisy, pamrihipun supados titiyang Quraisy boten sami anggapé dhateng Quran Suci.

a. 11

Surat 31 Badhé angraosaken kabegjan 1103

7 Lan samangsa timbalan-timbalan-Ingsun diwacakaké ma-rang dhèwèké, dhèwèké maléngos kalawan gumedhé, kaya-kaya iku dhèwèké ora krungu, kaya-kaya ing kupingé ana tindhihé; mulané dhèwèké wartanana bubungah kalawan siksa kang nglarani.1949

8 Sayekti para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh patamanan nugraha.

9 Padha manggon ing kono; janjining Allah: (iku janji kang) nyata, lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Wicaksana.

10 Panjenengané wus anitahaké langit-langit kalawan tanpa cagak, kaya kang kodeleng, sarta Panje-nengané wus andekèkaké gunung-gunung ana ing bumi, supaya iki aja oyag kalawan sira,a lan Pan-jenengané wus angratakaké saru-paning kéwan ana ing kono; apa déné Ingsun anurunaké banyu saka mendhung, tumuli Ingsun anukul-aké sarupaning (tutuwuhan) jinis kang adi.

11 Iki dadamelaning Allah, nanging Ingsun tuduhna, para kang saliyané Panjenengané iku wus agawé apa. O, balik para wong atindak dudu iku padha dumunung ing sasar kang tétéla.

1949. Ayat punika nerangaken kados pundi tiyang dados tuli dhateng yakti punika: piyambakipun malèngos saking yakti kalayan gumedhé, kados kados piyambakipun boten mireng punika. Dados, anggènipun lajeng tuli wau, margi saking pandamelipun piyambak. Ayat punika wigatos sanget kanggé anerangaken ayat-ayat ingkang mangandikakaken bilih Allah angecap talingan-lalingan saha manah-manahipun tiyang.

Ut. kang katon ing sira

Ut. awèh pangan marang a. 1358

Luqman Juz XXI 1104

RUKU’ 2

Pituturipun Luqman dhateng putranipun

12 Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi kawicaksanan Luqman,1950 pangandika-Ningsun: Sukura maring Allah. Lah sapa sing sukur, lah (ora liya kajaba) mung sukur tumrap jiwané dhéwé; lan sapa sing ora sukur, lah sayekti Allah iku Cukup-pribadiné, Pinuji.

13 Lan nalikané Luqman calathu marang anaké sarta amituturi: O, anakku! aja kowé anyakuthokaké (apa-apa) kalawan Allah; sayekti anyakuthokaké iku temen tindak dudu kang gedhé.

14 Lan Ingsun wus aparing weweling marang manusa tumrapé marang wong tuwané – biyungé angandhut dhèwèké kalawan lesah amarlupa sarta panyapihé ing jero-né rong taun – pangandika-Ningsun: Disukur marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro; marang Ingsun patoging paran.1951

15 Lan manawa sakaroné ame-tel-metelaké sira, supaya sira anyakuthokaké kalawan Ingsun, barang kang sira ora kadunungan ngilmuné, lah aja koturut sakaroné,

1950. Gelar yekti ingkang adhadhasar babad, samangsa bangsa Wétan ingkang ngandharaken, lajeng kémawon dipun cap dongèng ngayawara titiyang Eropa “ingkang jembar dhadhanipun punika.” Kosokwangsulipun dodongèngan ngayawara damelan Eropa, kaanggép babad ingkang kénging pinitados tur mawi sanget. Nitik cacriyosanipun, sajakipun Luqman punika priyantun bangsa Habsyi, sarta sampun dados sifatipun Quran, samangsa mastani nabi, punika boten mawi ambédak-bédakaken kabangsanipun. Kathah èmperipun nama Aesop tumrap bangsa Yunani, punika asli saking kelanturipun tembung Ethiopian (jawinipun tiyang Habsyi = cemeng), tuwin inggil, kathah èmperipun manawi Aesop wau inggih Luqman punika.

1951. Ayat 14 lan ayat 15 punika parenthetical (jawinipun dhawuh ingkang sumesel wonten ing andharan sanès), wigatos andhawuhaken ambangun-turut dhateng tiyang sepuh kakalih punika wajib, jalaran tiyang sepuh kakalih makaten ingkang nyerep-nyerepaken dhateng anak. Ayat kakalih wau boten kok kalèntu anggènipun mapanaken, kados pangintenipun ingkang grusa-grusu tuwan Wahl.

Surat 31 Pituturipun Luqman 1105

sarta sakaroné ana ing donya kancanana kalawan cara kang becik,1952 lan sira nuruta dadalané wong kang tumuju marang Ingsun; tumuli marang Ingsun balinira, lan Ingsun bakal anjalèntrèhaké ma-rang sira prakara apa kang wus padha sira lakoni __

16 O, anakku! sayekti, lamun ta iku aboté sawiji sawi saelas sarta ana sajroning watu utawa ana ing (dhuwuring) langit utawa ana ing (telenging) bumi, Allah bakal anekakaké iku (binabar); sayekti Allah iku Ingkang-Ngudanèni kang lembut-lembut, Waspada:1953

17 O, anakku! anjumenengna salat lan amaréntahna ing becik sarta menginga ing ala tuwin disabar marang apa kang anibani sira; sayekti iki sawenèh saka prakara-prakara kang pinaréntah-aké kalawan tuhu-tuhu:

18 Lan aja maléngosaké rainira (kalawan angrèmèhaké) marang manusa, sarta aja lumaku ing bumi kalawan gumedhé; sayekti Allah iku ora remen marang sarupaning wong umuk, gumedhé:

19 Lan di sedhengan ing mlaku-nira sarta diaris swaranira; sayekti swara kang anggethingaké banget iki yekti swaraning kuldi.1954

1952. Najan ing ngriki lan ing panggènan sanès Quran Suci migatosaken sanget dhateng prakawis kawajiban ambangun-turut dhateng tiyang sepuh kakalih, suprandéné Quran inggih maringi pèpènget, sampun ngantos keladuk anggènipun migatosaken dhateng kawajiban wau, samangsa kawajiban wau cengkah kaliyan kawajiban ingkang langkung luhur malih, inggih punika kawajibanipun tiyang dhateng Ingkang-Nitahaken. Cekakipun kémawon, sadaya kawajiban, nadyan sapinten kémawon agengipun, kedah kawon kaliyan kawajiban ingkang langkung ageng malih. Wondéné kawajibanipun manusa dhateng Ingkang-Nitahaken, punika sami-sami kawajiban, kawajiban ingkang ageng saha ingkang luhur piyambak.

1953. Punika pèpènget dhateng para Muslimin, nanging para Muslimin piyambak sami boten 1954. Mirsanana kaca candhakipun.

Ut. kudu linakonan

Ut. pipinira

Luqman Juz XXI 1106

RUKU’ 3

Agenging kawasanipun Pangéran

20-26. Nugrahanipun Allah sarta tiyang ingkang nampik. 27. Sabdanipun Allah punika boten badhé wonten telasipun. 28. Tanah Arab badhé dipun gigah saking tilem. 29. 30. Barang palsu sumingkir déning barang yakti.

20 Apa sira ora andeleng yèn Allah iku wus andadèkaké saba-rang ing langit-langit lan sabarang ing bumi alaladi marang sira, sarta nyampurnakaké nugraha-Né tu-mrap ing sira, kang lahir lan kang batin? Lan sawenèhing wong ana kang madoni ing dalem prakara Allah kalawan tanpa kawruh lan tanpa pituduh tuwin tanpa Kitab kang madhangi.1955

21 Lan samangsa padha di-calathoni: Padha manuta apa kang wus didhawuhaké déning Allah, padha calathu: Ora, aku padha ngluluri apa lakuné bapak-bapak-ku. Apa sanajan dhèwèké padha diajak sétan marang siksa geni murub!

22 Lan sapa sing sumarah babar pisan marang Allah sarta dhèwèké

ngalap paédah dhateng pèpènget punika, kosokwangsulipun malah sami klelep wonten ing pandamel awon, temah sami nandhang wohipun ingkang awon.

1954. Andhap asor, jatmika tuwin ruruh, kawulangaken wonten ing ayat-ayat punika. Pathining sadaya piwulangipun Kanjeng Nabi ‘Isa wonten ing redi (Bergrede, Mat. 5-7, pen), katerangaken wonten ing ngriki kalayan ringkes, kanggé anedahaken bilih Allah punika boten pilihasih. namung miji bangsa utawi umat satunggal kaparingan nugraha piwulang budipakarti ingkang luhur. Nadyan tiyang bangsa Habsyi, inggih saged mulangaken andhap asor jatmika tuwin ruruh, ingkang boten kawon kaliyan gadhahanipun bangsa-bangsa ing jaman samangké, ingkang nadyan menggahing kawadhagan-ipun sakalangkung majeng pisan.

1955. Dhawuh punika saged dipun anggé tiyang Muslimin, lan saged katujokaken dhateng para tiyang kafir. Titiyang Muslimin sami kakathahen anggènipun marsudi kawruh falsafah Yunani, ingkang boten saged suka papadhang dhateng piyambakipun, sarta nyingkur Kitab ingkang pancènipun saged madhangi piyambakipun. Sadangunipun titiyang Muslimin andhèrèk dhateng Kitab kang madhangi,piyambakipun sami majeng wonten ing donya ngriki, inggih menggahing kawadhaganipun, inggih menggahing akal budinipun. Nanging sareng titiyang Muslimin ketungkul dhateng barang sanès, nyingkur Kitabipun Pangéran, piyambakipun lajeng sami dhawah saking nginggil, inggih punika saking kaluhuran ingkang sampun kagayuh.

Ar. manut apa kang daktemu ana ing

Ut. adhepé

Surat 31 Agenging kawasanipun Pangéran 1107

iku wong kang agawé becik (ing liyan), lan satuhu dhèwèké iku wus agondhèlan cecekelan kang kukuh; lan marang Allah wusanané kabèh prakara.

23 Lan sapa sing angafiri, lah aja nganti kafiré anusahaké sira; marang Ingsun baliné dhèwèké, tumuli Ingsun bakal anjalèntrèhaké marang dhèwèké prakara apa kang wus padha dilakoni; sayekti Allah iku Ingkang-Ngudanèni marang apa kang ana ing dhadha-dhadha.

24 Dhèwèké padha Ingsun bu-ngahaké sathithik, tumuli bakal padha Ingsun giring marang siksa kang abot.

25 Lan manawa padha sira takoni: Sapa sing anitahaké langit-langit lan bumi, masthi bakal padha mangsuli: Allah. Munjuka: Sadaya pangalembana punika kagu-nganipun Allah; ananging piyam-bakipun ingkang kathah sami boten sumerep.

26 Kagunganing Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; sayekti Allah iku Ingkang-sugih, Ingkang-Ingalembana.

27 Lan saupama sarupaning wit kang ana ing bumi (minangka) kalam sarta sagara (minangka mangsiné), iku isih winuwuhan manèh sagara pitu, ora bakal entèk sabdaning Allah; sayekti Allah iku Mahamulya, Wicaksana.1956

1956. I’Ab gadhah pamanggih bilih ayat punika tuwin ayat kakalih sambetipun, punika kagolong dhawuh ingkang tumurun ing Madinah. Nanging yektinipun boten wonten satunggal punapa ingkang anedahaken bilih ayat-ayat wau boten tumurun ing Makkah. Satunggaling tiyang, ingkang panjene-nganipun piyambak boten saged migunakaken kalam (pén), sarta ingkang sugeng wonten ing

Ut. Cukup-pribadhiné

Luqman Juz XXI 1108

28 Tumitahira sarta tanginira kabèh, iku ora liya kajaba kaya jiwa sawiji; sayekti Allah iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda-nèni.

29 Apa sira ora andheleng yén Allah iku anglebokaké wengi ing raina sarta anglebokaké raina ing wengi, tuwin andadèkaké srengé-ngé lan rembulan alaladi (ing sira); kabèh nurut dadalané tumeka mangsa kang wus tinamtu; lan yèn Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni?

30 Iki amarga déné Allah iku Ingkang-Mahayakti sarta déné apa kang diuwuh saliyané Panjene-ngané iku barang goroh, lan déné Allah iku Ingkang-Mahaluhur, Ingkang-Mahaagung.

RUKU’ 4

Dhatengipun siksa

31, 32. Tandha-tandha ing cobi ingkang alit-alitan. 33, 34. Dinten pamidana.

31 Apa sira ora andheleng yèn prau iku lalayarané ing sagara kalawan nugrahaning Allah, supa-ya Panjenengané ameruhaké sira sawenèhing tandha-tandha-Né? Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap sarupaning (wong) kang sabar-santosa, su-kur.1956A

satunggaling nagari ingkang awis-awis wonten kalam lan mangsi, teka saged amedharaken gagasan kalam lan mangsi ingkang sakalangkung kathah, punika pantes pinèngetan. Dhawuh-dhawuh punika sadaya mengku sasmita, bilih badhé kathah sanget kalam lan mangsi, ingkang dipun pigunakaken kanggé nyerati Quran Suci. Kula aturi mirsani 1529, ing ngriku wonten dhawuh ingkang nunggil suraos, sarta wonten ing ngriku katerangaken bilih dhawuh-dhawuh wau ugi katujokaken kanggé mabeni kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa.

1956A. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih tandha-tandha tumrap sarupaning wong kang sabar-santosa lan sukur, punika mengku sasmita bilih para Muslimin, ingkang nadyan

Surat 31 Dhatengipun siksa 1109

32 Lan nalika alun kaya gunung anungkep dhèwèké, padha angu-wuh ing Allah kalawan tuhu-tuhuning pambangun-turut ing Panjenengané; bareng Panjene-ngané anylametaké dhèwèké ma-rang dharatan, sawenèh ana kang jejeg tindaké; sarta ora ana kang angemohi tandha-tandha-Ningsun kajaba wong kang cidra, wong ora weruh ing panarima.

33 O, para manusa! di padha rumeksa dhirinira (saka pidana-ning) Pangéranira, sarta diwedi marang dina kang (ing kono) bapa ora bakal anyukup marang anaké sarta ora bakal ana anak kang nyukup marang bapakné sathithik-thithika. Sayekti janjining Allah iku nyata; mulané aja nganti ka-uripan donya iku anjalomprongaké sira, sarta aja nganti bénggoling apus anjalomprongaké sira tumrap prakara Allah.1957

34 Sayekti, Allah iku, ana ing Panjenengané titining-mangsané, sarta Panjenengané anurunaké udan, lan Panjenengané anguda-nèni apa kang ana sajroning talanakan; lan ora ana wong kang weruh apa kang bakal pinakolih sésuk; lan ora ana wong kang weruh ana ing bumi ngendi bakal matiné; sayekti, Allah iku Angu-danèni, Waspada.1958

nandhang rekaos meksa sukur, punika ing satunggaling wekdal mesthi kadadosaken umat ingkang ageng, ngantos saged nguwaosi saganten.

1957. Garur, ingkang wantahipun ateges bénggoling tukang apus krama punika tegesipun sétan.1958. Sa’ah utawi titining-mangsané, punika tegesipun titimangsanipun kalampahaning wahana-

nipun piweca, tuwin ambrukipun titiyang Makkah. Dados ayat punika, mengku karsa mangandikakaken éwah-éwahan ageng ingkang badhé dumados wonten ing tanah Arab. Makaten terangipun: tumurunipun jawah, punika ateges gesangipun tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun; ingkang wonten ing salebeting talanakan, punika sampun katamtokaken dados tiyang Muslimin; tiyang ingkang ing

Luqman Juz XXI 1110

dinten punika dados mengsah, bénjing énjing badhé dados mitra; déné para ingkang sami nundhung titiyang Muslimin saking griya-griyanipun, mesthi badhé nemahi tiwas samangsa medal saking padununganipun, lah inggih kados déné ingkang kasandhang para titiyang wau nalika sami merangi titiyang Muslimin. Wondéné suraosipun ingkang umum, sumerep barang ingkang wonten ing talanakan, punika sumerep kados pundi badhé kadadosanipun, punapa badhé dados saé punapa awon; sumerep barang ingkang pinakolih bénjing énjing, punika tegesipun sumerep pandamel awon punapa saé ingkang badhé katindakaken satunggaling tiyang punika; déné boten saged mastani wonten pundi pejahipun satunggaling tiyang, punika ateges boten saged nginten-intenaken punapa pejahipun punika anyartani para tiyang tulus, punapa anyartani para ingkang atindak awon.

____________

SURAT 32

AS-SAJDAH

(Panembah)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(3 ruku’, 30 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pèpènget. Ruku’ 2. Para mukmin lan para kafir. Ruku’ 3. Pancasan.

Katerangan gerban

Babipun ingkang karembag lan titimangsaning tumurunipun surat punika boten kathah bédanipun kaliyan surat titiga ingkang sampun. Pamanggih ingkang mastani bilih wonten ayatipun ingkang katurunaken ing Madinah, punika boten sanès kajawi namung nama panginten-inten blaka. Surat punika ingkang wekasan piyambak tumrap gogolonganipun surat-surat wiwit surat 29, déné isinipun kénging winastan ringkesan lan pathinipun surat-surat wau, lan sampun boten wonten semang-semangipun malih mengku sasmita bab lalampahanipun Islam ing wekdal ingkang badhé dhateng. Pèpènget kaparingaken, nasibipun para mukminin lan para kafir katandhing, sarta pancasan kaundhangaken. Inggih tigang prakawis punika ingkang dados jejering rembag wonten ing ruku’-ipun titiga surat punika.

RUKU’ 1

Pèpènget

1-3. Pèpènget. 4-11. Allah Ingkang-Anitahaken saha Ingkang-Angudanèni jagad tuwin Ingkang-Anitahaken manusa.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah Ingkang-Mahaasih.

1 Ingsun Allah, Ingkang-Maha-wikan.a

2 Dhumawuhing Kitab – ing dalem prakara iku ora ana semang-semangé – iku saka Ingkang-Mangérani ngalam kabèh.

a. 11

Panembah Juz XXI 1112

3 Apa dhèwèké padha calathu: Iku anggit-gawé-gawéané (dhéwé)? O, ora, iku kasunyatan saka Pangéranira, amrih sira apépélinga marang bangsa kang ing sadu-rungira ora ana juru-pépéling kang nekani mrono, supayané dhèwèké padha miturut dalan kang be-ner.1958A

4 Allah iku Ingkang-Anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing saantarané ing dalem nem mangsa, sartaa Panjenengané angasta purba-wisésa ing karaton iku;b ing saliyané Panjenengané sira ora duwé kakawal sarta ora duwé pantara; apa ta sira ora padha angangen-angen?

5 Panjenengané amranata pra-kara (sabarang) saka ing langit marang bumi, tumuli iku bakal munggah marang Panjenengané ing sawijining dina kang ukurané séwu taun manut pangétungmu.1959

6 Iki Ingkang-Ngudanèni barang kang ora katon lan kang katon, Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih,

7 Kang ambecikaké samuba-rang kang wus katitahaké, sarta Panjenengané amurwani tumita-hing manusa saka lebu.c

8 Tumuli Panjenengané adamel turuné saka ing sari, saka banyu kang ina.

1958A. Nagari Makkah dèrèng naté karawuhan nabi sadèrènging kautusipun Kanjeng Nabi Suci Muhammad; ing antawisipun tiyang darah Ismail, ngemungaken panjenenganipun piyambak ingkang kajumenengaken dados nabi.

1959. Sajakipun ing ngriki punika mengku sasmita, bilih amr (ingkang ing ngriki kajarwakaken prakara, nanging ugi ateges paréntah, liripun karatoning Pangéran, inggih punika Islam) punika ing sakawit badhé dipun jumenengaken kalayan santosa wonten ing bumi, lajeng badhé dados mundur ngantos salebetipun wekdal sèwu taun. Kula aturi mir sani 1602, 1603.

Ar. dhèwèké

a. 45

b. 895 Ut. pangrek-saUt. panglan-tar

Ar. saka

c. 1716

Surat 32 Para mukmin lan para kafir 1113

9 Tumuli Panjenengané anyam-purnakaké iku sarta aniyup ing jeroné kalawan ruhé Panjenenga-né,1960 lan adamel pangrungu sarta pandeleng apa déné ati tumrap marang sira; sathithik anggonira padha atur panuwun.

10 Lan padha calathu: Apa manawa aku wis padha lebur ing jeroning bumi, apa iya temenan aku bakal padha ana ing jeroning titah kang anyar? O, balik dhèwèké iku padha angafiri marang sapa-temoning Pangérané.

11 Calathua: Malaikat pati kang dipasrahi sira bakal agawé patinira, tumuli sira bakal dibalékaké marang Pangéranira.

RUKU’ 2

Para mukmin lan para Kafir

12-20. Para titiyang dosa sarta para mukmin saha wawales tumrap satunggal-satunggalipun. 21-22. Siksa tumrap titiyang dosa ing gesang sapunika.

12 Lan lamun sira weruha sa-mangsa para dosa padha tumung-kul sirahé ana ngarsaning Pangé-rané: Pangéran kawula! kawula sampun sami aningali saha kawula sampun sami mireng; milanipun mugi kawula sami Tuwan wang-sulaken, kawula sami badhé ang-lampahi kasaénan; saèstu kawula (sapunika) sami yakin.

1960. Nitik dhawuh punika, tétéla Gusti Allah punika niyupaken ruh-Ipun dhateng saben tiyang ingkang kakarsakaken kasampurnakaken. Menggah ing sajatos-jatosipun, rûh punika sabda utawi ilhamingkang damel sampurnanipun tiyang. Saboten-botenipun, ruh katiyupaken dhateng manusa, punika wonten ing ngriki kadhawuhaken sacara umum, dados boten nuju satunggaling tiyang ingkang tartamtu. Punika ngiyataken punapa ingkang sampun karembag ing 653, inggih punika bilih rûh punika sajatosipun ateges ilhaming Pangéran, boten ateges nyawa.

Ar. saka Ut. wewe-dhar

Panembah Juz XXI 1114

13 Lan lamun Ingsun angarsak-na, amasthi sarupaning jiwa Ingsun paringi tuntunan, ananging sabda (kang miyos) saka Ingsun iku nyata: Sayekti Ingsun bakal angi-sèni naraka kalawan kalumpuking jin lan manusa.

14 Mulané padha rasakna, amar-ga saka anggonira anglirwakaké sapatemon (ing) dinanira iki; sayekti, Ingsun anglirwakaké sira; lan padha ngrasakna siksa tetep, amarga saka barang kang padha sira lakoni.

15 Kang angèstu ing timbalan-timbalan-Ingsun iku mung para kang, samangsa diélingaké ka-lawan iku, (banjur) tumundhuk sumungkem, sarta padha maha-sucèkaké kalawan pangalembana-ning Pangérané apa déné padha ora gumedhé.a

16 Lambungé sumingkir saka paturon(é), (banjur) padha angu-wuh Pangérané kalawan wedi sarta kalawan pangarep-arep, apa déné padha amèwèhaké barang papa-ring-Ingsun.

17 Lah ora ana jiwa weruh marang apa kang sinamar tumrap dhèwèké, yaiku kang anyegeri pandeleng: wawales tumrap apa kang wus padha dilakoni.1961

1961. Punika katranganipun ingkang sajati nugraha ing suwarga: Ora ana jiwa weruh marang apa kang sinamar tumrap dhèwèké. Nugraha wau sumingid saking mripat wadhagipun manusa, dados gagambaran ingkang mawi tetembungan ingkang mengku suraos kados nugraha ing gesang samangké, punika tembung ngibarat. Tetembungan boten saged amedharaken kawontenanipun ingkang sajati nugraha suwarga wau. Pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang nerangaken dhawuh punika, nedahaken leresing katrangan punika. Makaten pangandikanipun Kanjeng Nabi: “Gusti Allah ngandika: Ingsun wus anyadhiyakaké turnrap para kawula-Ningsun kang tulus, barang kang durung tau dineleng ing mripat, durung tau rinungu ing kuping lan durung tau kumrenteg ana ing dalem ati” (Bkh).

Ar. tuntu-nané

Ut. asasanti

a. 978

Surat 32 Pancasan 1115

18 Lah wong angèstu, iku apa ta padha karo wong kang murang yakti? Ora padha.

19 Déné para kang padha angèstu sarta padha anglakoni kabecikan, lah iku padha olèh pata-manan (minangka) panggonané; pasadhiyan amarga saka barang kang wus padha dilakoni.

20 Wondéné para kang padha murang yakti, lah iku geni pang-gonané; saben-saben kapéngin arep metu saka ing kono padha dibalèk-aké ing kono, sarta padha dipa-ngandikani: Padha ngrasakna siksa geni kang wus padha kogorohaké.

21 Lan sayekti dhèwèké bakal padha Ingsun icipaké ing siksa kang luwih cepak sadurungé siksakang luwih gedhé, supaya dhè-wèké padha balia.1962

22 Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang di-élingaké ing timbalan-timbalané Pangérané banjur méngo saka ing kono? Sayekti, Ingsun bakal ani-bakaké pidana marang para wong duraka.

RUKU’ 3

Pancasan

23. Wecanipun Kanjeng Nabi Musa kelampahan. 24, 25. Para pandhèrèkipun. 26. Pèpènget saking pandumipun para titiyang jaman rumiyin. 27-30. Pratandha-pratandha badhé dhumawahipun pancasan.

23 Lan sayekti, temen Ingsun wus amaringi Kitab Musa, mulané

1962. Siksa ingkang cepak, tegesipun siksa ing bumi, ingkang kénging kanggé pèpèngeting badhé wontenipun siksa ingkang langkung ageng ing akhirat.

Ut. duraka

Ar. saliyané

Panembah Juz XXI 1116

aja dumunung ing semang-semang prakara tampané iku, sarta iku Ingsun dadèkaké tuntunan tumrap anak-turuning Israil.1963

24 Lan sawenèhé padha Ingsun dadèkaké pangarep, padha nuntun kalawan paréntah-Ingsun, déning padha sabar, sarta marang timba-lan-timbalan-Ingsun padha yakin.

25 Sayekti Pangéranira iku ing dina kiyamat bakal amancasi dhè-wèké ing dalem prakara kang ing kono dhèwèké padha sulaya.

26 Apa ta iku ora nuduhaké marang dhèwèké ing dalan kang bener, wis pira baé bangsa ing sadurungé dhèwèké kang padha lumaku ing padunungané kang Ingsun lebur? Sayekti, ing kono iku ana tandha-tandha; lah apa ta dhèwèké ora padha angrungokaké?

27 Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun anggiring banyu marang bumi kang bera; tumuli Ingsun anggo angetokaké palawija iku minangka panganing raja-kayané sarta awaké dhéwé; lah apa ta padha ora weruh?

28 Lan padha calathu: Kapan bakal kalakoné pancasan iki, yèn kowé padha temen?

1963. Suraosipun ayat punika andhawuhaken, bilih Kanjeng Nabi Musa sampun kaparingan kitab ingkang ngemot piweca ingkang terang bab Kanjeng Nabi Suci Muhammad. Wondéné Kitab, ingkang manut piweca wau badhé dipun paringaken dhateng Kanjeng Nabi Muhammad, punika kasasmitakaken wonten ing tembung iku. Ing ngriki Kanjeng Nabi Suci angsal panglipur, uninga bilih sadaya kawontenan ingkang perlu kanggé anetepaken samining kautusipun kaliyan kautusipun Kanjeng Nabi Musa punika badhé kelampahan sadaya. Ingkang wigatos piyambak saminipun wau: Kanjeng Nabi Suci kaparingan angger-angger, umatipun kaentasaken, tuwin pandhèrèkipun badhé dipun dadosaken umat ingkang ageng saha umat ingkang menang.

Ar. antara-né dhèwèké kabèh

Surat 32 Pancasan 1117

29 Calathua: Ing dina pancasan iku imané para kang (saiki) padha kafir ora bakal migunani sarta ora bakal padha disumenèkaké.1964

30 Mulané sira méngoa saka dhèwèké sarta ngentènana; sayekti, dhèwèké iya padha ngentèni.

1964. Wontenipun pitakèn makaten punika nandhakaken kalayan terang, bilih ayat-ayat ing nginggil wau mangandikakaken bab prakawis siksanipun para titiyang wau, milanipun mesthi kémawon piyambakipun lajeng sami pitakèn bénjing punapa kelampahanipun siksa wau.

____________

SURAT 33

AL-AHZÂB

(Para papanthan)

KADHAWUHAKEN ING MADINAH

(9 ruku’, 73 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Sasambetan ruhani lan jasmani. Ruku’ 2. Panyerangipun para wadya papanthan dhateng Madinah. Ruku’ 3. Keplajengipun para wadyabala Papanthan: Titiyang Quraidzah pinidana. Ruku’ 4. Sugengipun Kanjeng Nabi Suci ingkang sarwa pasaja. Ruku’ 5. Pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab. Ruku’ 6. Panyédha dhateng sugengipun asésémahan Kanjeng Nabi Suci. Ruku’ 7. Tatanan babrayan ing griya. Ruku’ 8. Titiyang ingkang sami nyebar pangawon-awon. Ruku’ 9. Pitutur dhateng para mukmin.

Namanipun

Surat punika kanamakaken Al-Ahzâb, Para Papanthan, ingkang tegesipun para titiyang Quraisy sami sekuton kaliyan pancer musyrik lan para titiyang Yahudi, inggih ingkang sampun kawedalaken saking Madinah, inggih ingkang taksih tetep dudunung wonten ing ngriku. Sadaya wau, kajawi ingkang dudunung wonten ing Madinah, sami nglurug dhateng Madinah sumedya badhé numpes kaum Muslimin lan adamel katlèyèkipun kaum Muslimin ingkang ambabar pisani. Saèstu punika panyerang ingkang sakalangkung ageng tumrapipun titiyang Muslimin ing salebeting kitha Madinah ingkang namung sakedhik cacah jiwanipun punika; milanipun anggènipun panyerang wau boten angsal damel, punika saèstunipun dados satunggaling lalampahan ing babad ingkang anggumunaken piyambak. Leres, wadyabala gemblèngan ingkang agengipun langkung saking tikel sadasaning wadyabala Muslimin wau kénging winastan boten katitih yudanipun déning pamukipun wadyabala Muslimin; éwadéné keplajengipun wadya sakutu wau, sanget anggènipun anjalari aliting manahipun mengsah-mengsahipun Islam, ngantos piyambakipun boten wantun malih ngayati nempuh kaum Muslimin. Awit saking punika peperangan ingkang wonten babading Islam jaman wiwitan sakalangkung misuwur wau, pantes kaanggep wigatos.

Titimangsaning tumurunipun

Surat punika ing sagemblengipun kadhawuhaken ing Madinah; déné titimangsanipun nalika katurunaken, saged katamtokaken kanthi gampil, awit perang Ahzab, utawi perang ing Jagang, punika kelampahanipun nalika wulan Sawal taun Hijrah ingkang kaping sakawan (Bkh). Prakawis sanès-sanèsipun sabagéan kathah ingkang karembag wonten ing ngriki, kadosta bab ingkang magepokan pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab, tuwin ingkang gagandhèngan kaliyan pikramanipun Kanjeng Nabi ing saumumipun, kénging katamtokaken radi akhir sakedhik, nanging boten saged yèn kagolongaken sasampunipun taun Hijrah ingkang kaping pitu.

Gathuking suraosipun

Surat punika marsitakaken dadamel warni kalih ingkang sakalangkung déning ampuh, ingkang marambah-rambah katandukaken dhateng angganing Islam. Ingkang sapisan migunakaken kakiyatan

Surat 33 Para papanthan 1119

wadhag sumedya kanggé anumpes kaum Muslimin, ingkang angka kalih nyédha sugengipun sésémahan Kanjeng Nabi ingkang suci murni punika. Dadamel warni kalih punika wonten ing dalem babadipun Islam jaman wiwitan sampun kenyataan anggènipun boten pasah, sarta ing salajengipun sampun pinasthi inggih boten badhé pasah. Wondéné punapa sababipun déné surat punika manut urut-urutaning surat-suratipun Quran kapapanaken wonten ing ngriki, punika sampun terang sanget. Golonganing surat-surat Makkiyah ingkang sampun angundhangaken piweca ageng warni-warni, wigatos amecakaken kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh déning para Muslimin ing wekdal ingkang badhé dhateng; lah surat punika nerangaken bilih kakiyatan ingkang dipun pigunakaken kanggé nyures Islam punika kadamel boten tumama, dados ingkang makaten punika ateges andamelaken margi tumrap para Muslimin kanggé anggayuh kaluhuran ingkang dipun janjèkaken wau.

Ingkang kawarsitakaken

Panataning urut-urutanipun surat saged katerangaken kaliyan cekak. Surat punika kawiwitan kalayan dhawuh ingkang maréntahaken ambangun turut ingkang kalayan ambabar pisani dhateng Allah, tanpa mawi anggapé pikajengipun lan pangawon-awonipun para lamis lan para kafir. Ruku’ ingkang sapisan ngrembag masalah sasambetan jasmani lan ruhani ingkang dipun pupucuki dhawuh ing nginggil wau. Pangakening lésan ngaken sasambetan sanak, punika kedah boten dipun anggep manut kados tatacaranipun tiyang Arab, ingkang asring kémawon ngewer sémahipun namung kalayan ngucap bilih sémahipun wau tumrap piyambakipun kados déné biyungipun, makaten ugi dhateng tiyang ingkang kaanggep anak dipun rengkuh kados déné anakipun saèstu ing dalem sadaya samukawisipun. Tatacara warni kalih punika kasuwak sadaya. Éwadéné wonten sasambetan ingkang ngungkuli sadaya sasambetan wadhag, inggih punika sasambetan ruhani antawisipun Kanjeng Nabi Suci kaliyan para pandhèrèkipun. Punika wonten papanipun piyambak, mila inggih kedah dipun turuti punapa mesthinipun. Dados punapa ingkang kasebutaken wonten ing surat punika, punika minangka pupucuking pangrembag dhateng prakawis-prakawis ingkang badhé karembag langkung panjang wonten ing surat punika. Panempuh ageng-agengan dhateng para Muslimin ingkang katindakaken déning para titiyang Quraisy lan para sarayanipun, ingkang kapangandikakaken wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih saha kaping tiga, punika menggah ing sajatos-jatosipun tindak ingkang mengku sedya badhé numpes Islam ingkang kalayan ambabar pisani, sarana migunakaken landheping dadamel. Nanging kados déné ingkang sampun katerangaken ing ngajeng, wadya sekutu wau sami keplajeng, déné mengsah mungging cangklakan, inggih punika para titiyang Yahudi, lajeng sami dipun pidana margi anggènipun sami cidra wau. Rèhning kakiyatanipun wadhag mengsah sampun remuk kados makaten wau, milanipun prakawis ingkang angka kalih, ingkang magepokan kaliyan panyédha dhateng Kanjeng Nabi, lajeng dipun ungupaken. Panyédha dhateng Kanjeng Nabi ingkang enggel piyambak, ingkang ing jaman samangké inggih taksih sok dipun wedalaken, punika sampun kawangsulan déning Quran Suci sèwu tigangatus taun kapengker. Dados menggah ing sajatos-jatosipun sadaya panyédha dhateng sugengipun sésémahan Kanjeng Nabi, punika sampun kawangsulan wonten ing ruku’ ingkang kaping sakawan punika. Pasajaning sugengipun Kanjeng Nabi ingkang tanpa wonten ingkang nyameni punika, dados kuncining wangsulan dhateng sadaya panyédha. Pasajanipun wau kapintonaken wonten ing lekasipun Kanjeng Nabi ingkang milaur pisah kaliyan para garwanipun manawi para garwa wau kenceng sedyanipun kapéngin angsal kasenengan donya kados ingkang dipun raosaken para èstri sanèsipun wonten ing balegriyanipun para sahabat. Ing wekdal wau kawontenanipun umat Islam éwah dados kawontenan mujur, nama samesthinipun manawi para garwanipun Kanjeng Nabi wau inggih sami kapéngin tumut ngraosaken kamakmuranipun umat wau. Nanging para garwa wau boten dipun pituruti pepénginanipun. Boten namung Kanjeng Nabi piyambak punika tetep sakalangkung pasaja sugengipun, ngantos sasédanipun, sarta tetep boten éwah gingsir nadyan panjenenganipun sumengka ing ngaluhur ngratoni saindhenging tanah Arab, nanging dalasan para garwanipun inggih boten dipun keparengaken nilar kapasajanipun wau. Mastani panjenenganipun, satunggaling tiyang ingkang remen nguja hawa nafsunipun, punika pranyata tindak duraka ageng. Pasajaning sugengipun ing kalanipun ngasta pusaraning praja boten wonten ingkang nyamèni, sarta boten naté pinanggih wonten ing gesangipun tiyang nadyan ingkang kados punapa kémawon luhuring bubudènipun. Panjenenganipun inggih saged maringi para garwanipun sawarnining barang ingkang nyenengaken, éwadéné panjenenganipun boten karsa nglegani pepénginanipun dhateng kadonyan para garwanipun wau, kosokwangsulipun malah mangandikani para garwa wau, manawi sami kapéngin angsal barang-barang

Para papanthan Juz XXI 1120

RUKU’ 1

Sasambetan jasmani lan ruhani

1-3. Kanjeng Nabi kedah prayitna dhateng para tiyang lamis. 4, 5. Sasambetan sarana pangakenan. 6-8. Sasambetanipun para mukmin kaliyan Kanjeng Nabi.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 O, Nabi! di rumeksa ing (wajibira marang) Allah sarta aja nuruti (karepé) para kafir lan para lamis; sayekti Allah iku Udani, Wicaksana;1965

2 Lan mituruta apa kang kawe-dharaké marang sira saka Pangé-ranira; sayekti Allah iku Waspada marang sabarang kang padha sira lakoni;

3 Sarta suméndhéa marang Allah; lan wis cukup minangka Pangayoman.

wau, panjenenganipun boten saged kanggènan malih wonten ing dalemipun. Punika saged dados pasaksèn ingkang kiyat bilih sadaya pikramanipun Kanjeng Nabi punika boten sanès kajawi namung mengku sedya ingkang suci tur linuhung.

Ruku’ ingkang kaping gangsal marsitakaken pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab, sarta nulak panyédha dhateng panjenenganipun ingkang margi saking punika. Ruku’ ingkang kaping nem nulak panyédha ing saumumipun dhateng sugengipun sésémahan Kanjeng Nabi. Ruku’ pitu dhawuh dhateng para Muslimin supados anggatosaken dhateng tatanan babrayan ing griya. Ruku’ wolu mangandikakken para titiyang ingkang nyebar pangawon-awon. Ruku’ingkang kaping sanga mungkasi surat punika kalayan pitutur dhateng para mukminin.

__________________

1965. Kanjeng Nabi kadhawuhan medhot sadaya sasambetan kaliyan tiyang kafir lan tiyang lamis sarta kadhawuhan sampun ngantos Kanjeng Nabi mituruti kajengipun para titiyang wau, awit itha’ahmakaten tegesipun mituruti utawi minangkani kajengipun tiyang (LL). Surat punika katurunaken nalika wadyabalanipun para pancer Arab ingkang ngempal dados satunggal saha kiyat ngancam nagari Madinah saking jawi tuwin para lamis biyantu saking nglebet, sumedya badhé nglebur para Muslimin. Ing wekdal ingkang mutawatosi makaten wau, perlu sanget para Muslimin (inggih punika ingkang sajatosipun katuju ing tembung “O Nabi”) puguh boten tumiyung dhateng mengsahipun bubuyutan, awit pokalipun mengsah wau kadhawuhaken wonten ing panggènan sanès makaten: “Dhèwèké ora wurung padha gawé pituna ing sira; padha dhemen sabarang kang anusahaké sira” (3: 117).

Manawi tegesipun tambung tuthi’ ingkang limrah, kados ingkang kaserat ing margin punika ingkang dipun anggé, dhawuh punika lajeng mengku suraos, Kanjeng Nabi kadhawuhan sampun ngantos mraduli dhateng para tukang maoni dhateng panjenenganipun, jalaran sedyanipun para tukang maoni wau namung badhé ngawon-awon, sadaya tindak mesthi dipun pétani dipun upadosi ingkang kénging dipun anggé garan ngawon-awon.

Ut. manut

Surat 33 Sasambetanipun ruhani lan jasmani 1121

4 Allah ora andadèkaké ati loro tumrap wong sawiji ana ing jero-ning awaké;1966 lan Panjenengané ora andadèkaké rabi-rabinira, kang gegeré padha sira padhakaké karo gegeré biyungira, iku dadi biyung-ira; sarta Panjenengané ora anda-dèkaké anak-anakira angkat iku dadi anak-anakira temenan; iki pangucapira kalawan lésanira; lan Allah iku angandhakaké kasunyatan sarta Panjenengané iku anuntun (ing) dalané (kang bener).1967

5 Padha uwuhen kalawan nyebut bapak-bapakné; iku luwih jejeg mungguh ing Allah; ananging manawa sira ora weruh bapak-bapakné, lah iya sadulurira ing dalem agama lan mitranira; lan ora

1966. Dhawuh punika boten gagandhèngan kaliyan dhawuh candhakipun (Rz), wangsul ngringkes punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing ayat ingkang sampun. Ing ayat ingkang sampun wau Kanjeng Nabi kadhawuhan sampun ngantos tumiyung dhateng para kafir tuwin para lamis, wangsul kedah namung suméndhé dhateng Allah piyambak, awit manah satunggal boten saged sareng-sareng tresna ing Allah lan tresna ing mengsah-mengsahipun Allah.

1967. Dhawuh punika nyuwak adat tata-cara warni kalih ingkang tumindhak nalika jaman Jahiliyah (tanah Arab nalika jaman sadèrèngipun Islam). Ingkang sapisan tatacara ingkang winastan dzihâr tuwin mudzâhirah. Dzihâr punika sanès pegat ingkang salugu-lugunipun pegat. Déné tembung dzihâr punika asli saking tembung dzhar, jawinipun geger tegesipun cariyos dhateng ingkang èstri: tumrapé aku kowé iku kaya gegeré embokku. Samangsa tetembungan punika kaucapaken, sesambetan antawisipun laki lan rabi pedhot thel kados déné pegat, kaotipun ingkang èstri boten lajeng mardika nilar griyaning lakinipun. Pun èstri tetep nunggil sagriya kaliyan ingkang jaler, nanging ing salami-laminipun boten dipun kempali sacara tiyang sésémahan, dadosipun èstri wau kados déné èstri ingkang dipun kèwèr. Déné tata-cara satunggalipun inggih punika nganggep anak pupon kados anakipun saèstu. Dhawuh punika, anggènipun nyirnakaken tata-cara warni kalih wau, mawi sabab ingkang sami; sémah boten saged dados biyung ingkang sajati, makaten ugi tiyang sanès, inggih boten saged manjing dados anak saèstu. Pangakenan thok, boten saged manjing dados anak saèstu. Pangakenan thok, boten saged netepaken tatangsuling gotrah.

Adat tata-cara warni kalih ingkang nunggil cakrik, kasuwak sasarengan mawi awaton sabab ingkang sami, sanès sabab ingkang mengku pamrih ingkang namung tumuju dhateng salah satunggal, punika sampun saged kanggé nglepataken andharan lepat ingkang amastani, bilih anggènipun Kanjeng Nabi nyuwak salah satunggalipun tata-cara wau, karana badhé kanggé ngapsahaken anggènipun krama kaliyan tilas sémahipun sahabat Zaid. Kajawi punika, boten wonten bukti-bukti ingkang nedahaken, bilih dhawuh punika anggènipun katurunaken ing sasampunipun wonten kawontenan-kawontenan, ingkang mahanani Kanjeng Nabi mundhut garwa tilas sémahipun sahabat Zaid. Lan malih, anggènipun prakawis warni kalih wau wonten ing Quran karembag piyambak-piyambak, punika anedahaken bilih kakalih wau boten wonten sasambetanipun.

Bab dzihâr karembag kanthi panjang wonten ing ruku’ ingkang sapisan ing surat angka 58.

Ut. wong kang kareng-kuh anak

Ar. marang

Para papanthan Juz XXI 1122

kaluputan ing atasé sira ing bab anggonira kliru tumrap prakara iku, ananging (ing bab) barang kang kalawan jaragan dilakoni déning atinira (iku sira bisa kalu-putan), lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih.

6 Andika Nabi iku luwih wewe-nangé marang para mukmin tinimbang para mukmin marang awaké dhéwé, sarta para garwané iku (minangka) para ibuné (para mukmin);1968 sarta kang para duwé sasambungan kulawarga, iku mitu-rut angger-anggering Allah, kang sawenèh wewenangé angungkuli sawenèhé tumrap warisan tinim-bang para mukmin (liyané) sarta (tinimbang) para kang ngili (ating-gal omahé), kajaba manawa sira arep agawé kabecikan marang mitra-mitranira;1969 iki katulis ana ing dalem Kitab.

1968. Yaktinipun Kanjeng Nabi punika tumrap para mukminin tikel-matikel langkung katimbang bapa. Panjenenganipun sampun angentas para mukminin saking salebeting kawontenan biadab, sinengkakaken ing ngaluhur kadadosaken manusa sajati. Awit saking punika Kanjeng Nabi punika dhateng para mukminin langkung ageng wewenangipun katimbang para mukminin piyambak, sarta tatangsuling katresnan ingkang ngiket para mukmin kaliyan panjenenganipun, punika langkung kiyat katimbang tatangsuling katresnan tuwin mimitran limrah. Déné dhawuh pratélan punika namung mengku teges, rèhning Kanjeng Nabi punika sasambetanipun ruhani kaliyan para mukminin kados déné bapa, milanipun para garwanipun punika ugi kedah ingaji-aji kados déné ibu, salajengipun ing ayat 53 kasebutaken, ing sapengkeripun Kanjeng Nabi para garwa wau ingawisan palakrama kaliyan tiyang mukmin sintena kémawon.

1969. Ing sakawit nalika para Muslimin dhateng ing Madinah, ing antawisipun sahabat Muhajirin (para Muslimin Makkah ingkang sami ngungsi) lan para sahabat Anshar (para Muslimin Madinah ingkang sami tutulung) lajeng tuwuh wonten pasadhèrèkan; saben sahabat Muhajir satunggal, manjing dados sadhèrèk kaliyan sahabat Anshar satunggal, sarta sintena ingkang sampun kaiket ing pasadhèrèkan ingkang kados makaten wau, manawi salah satunggal ngajal, satunggalipun (ingkang kantun) gadhah wewenang maris barang titilaranipun, manut adat tata-cara Arab kina. Dhawuh punika nyuwak tata-cara wau; pasadhèrèkan dipun lastantunaken, nanging pasadhèrèkan Islam ingkang langkung wiyar suraosipun, déné waris-winaris, ingkang dipun keparengaken ngemungaken ing antawisipun krabat ingkang saèstu. Pasadhèrèkan Islam boten ambekta wewenang saged waris-winaris, nanging tiyang Islam saged mitulungi sadhèrèkipun Islam sarana pawèwèh utawi sarana damel wasiyat kanggé sadhèrèkipun Islam wau. Lah inggih punika, suraosipun dhawuh ing kang mungel: kajabamanawa arep gawé kabecikan marang mitra-mitranira wau.

Ar. ingdalem

Surat 33 Panyerangipun para papanthan 1123

7 Lan nalika Ingsun amundhut sasanggemané para nabi sarta sasanggemanira lan sasanggemané Nuh tuwin Ibrahim apa déné Musa lan ‘Isa ibnu Maryam, lan Ingsun amundhut sasanggeman kang ku-kuh marang dhèwèké kabèh,1970

8 Pamurihé, Panjenengané bakal andangu para wong temen prakara temené sarta Panjenengané wus anyadhiyakaké siksa kang angla-rani tumrap wong kafir.

RUKU’ 2

Panyerangipun para wadya papanthan dhateng Madinah

9-11. Serangan anggigirisi saking sisih pundi-pundi. 12-20. Para titiyang lamis sarta anggènipun boten setya.

9 É, para kang padha angèstu! padha angélingana nugrahaning Allah marang sira, nalikané para wadyabala anekani sira,1971 tumuli

1970. Lirnrahipun sasanggeman ing ngriki punika kasuraos: sasanggeman bab andhatengaken ayahaning anggènipun kautus para andika nabi wau (Bd), ingkang angsal-angsalanipun: tiyang ingkang ambangun-turut ing yakti angsal ganjaran, tiyang ingkang angemohi yakti kasiksa. Nanging mirsanana 3: 80, ingkang mangandikakaken bab Allah mundhut sasanggemanipun para nabi sasanggeman ing ngriku, ingkang gagandhèngan kaliyan miyosipun Kanjeng Nabi Suci, kasebutaken wonten ing Bébel lalampahanipun para rasul 3: 21 tuwin ing panggènan sanès; déné rembagipun ingkang panjang sampun kasebutaken ing tafsir angka 458. Wonten ingkang sajak boten mantuk, inggih punika ing ngriki kapangandikakakcn bilih Kanjeng Nabi Suci piyambak inggih kapundhutan sasanggeman. Déné katranganipun dhawuh pratélan wau mengku karsa mangandikakaken bilih Kanjeng Nabi punika ngleresaken sadaya wahyu ingkang sampun-sampun; ing Quran Suci dhasar tatalesing imanipun tiyang Islam punika kasebutaken makaten: “lan kang padha angèstu ing barang kang kadhawuhaké marang sira lan barang kang kadhawuhaké ing sadurungira” (2: 4).

Utawi, mundhut sasanggemanipun para nabi punika ugi saged mengku teges: anjumenengaken para nabi wau nglenggahi pangkat kanabian sarta maringi para andika nabi wau kitab suci kanggé nuntun umatipun. Saben nabi mesthi kagungan pandhèrèk sarta inggih kagungan mengsah; garapipun Allah dhateng golongan kakalih punika ajeg; para ambangunturut mesthi kaganjar, para mengsah mesthi ka-siksa. Lah makaten ugi golongan kakalih ing sapunika, mesthi inggih dipun garap kados makaten wau.

1971. Lalampahan ingkang kaandharaken ing ruku’ punika saha ing sapéranganing ruku’ candhakipun, punika lalampahan nalika nagari Madinah kinepang wakul binaya mangap déning wadyabala Quraisy dalah sarayanipun ingkang ngempal dados satunggal. Sarayanipun tiyang Quraisy inggih punika: tiyang Gathfan, tiyang Asyja’ tuwin tiyang Murrah, tiyang Fidharah, tiyang Sulaim, tuwin tiyang Bani Sa’d lan Bani Asad, kabiyantu pancer Yahudi Bani Nadlir tuwin Bani Quraidzah; déné tiyang Yahudi Bani Quraidzah punika sajatosipun sampun aprajanjian sakuthon kaliyan titiyang Muslimin. Miturut sawenèh cacahipun wadyabala kafir gunggung kempal wonten sadasa èwu jiwa,

Para papanthan Juz XXI 1124

Ingsun angutus angin1972 sarta wadyabala kang ora katon ing sira1973 anempuh dhèwèké, lan Allah iku Amriksani marang apa kang padha sira lakoni.

10 Nalika padha anekani sira saka ing dhuwurira lan saka ing ngisorira,1974 lan nalikané pande-leng padha buthek sarta ati padha munjuk tumeka ing tenggok, lan sira padha anyana ing Allah kala-wan panyana warna-warna.1975

11 Ing kono para angèstu padha cinoba sarta padha digonjingaké kalawan gonjing kang abanget.

12 Lan nalika para lamis sarta para kang ing atiné ana lalarané padha calathu: Allah lan utusan-É ora anjanjèni (kamenangan marang) aku kabèh, ora liya kajaba mung apus-apusan.1976

déné titiyang MusIimin namung wonten watawis sapra sadasanipun. Kanjeng Nabi mutusaken tetep wonten ing salebeting kitha Madinah, sarta kanggé nanggulangi panempuhing wadyabalanipun mengsah ingkang kiyat wau, dipun damelaken jagang (jogangan). Peperangan kelampahan ngantos pinten-pinten dinten, wasananipun wadyabalanipun mengsah sami lumajeng sasaran nalika wonten prahara ing wanci dalu, tur tanpa saged adamel pituna dhateng titiyang Muslimin sakedhik-kedhika.

1972. Ingkang dipun karsakaken lésus ageng ingkang anjalari mengsah sami lumajeng. Tuwan Muir nerangaken: “Manahipun sampun sami alit lan nglokro, kawimbuhan malih ing satunggaling dalu piyambakipun katempuh ing asrep saha prahara ageng. Angin lan jawah nempuh dhateng pakuwonipun kanthi boten ngèngèh-ngèngèh. Prahara andados malih dados angin lésus ingkang sakalangkung ageng. Latu sami pejah, tarubipun sami kabur, pirantos-pirantos kanggé olah tetedhan tuwin bekakas sanès-sanèsipun sami mawut-mawut boten kanten-kantenan.”

1973. Wadyabala ingkang boten katingal punika wadyabala malaikat ingkang damel pepesing manahipun mengsah. Saupami botena sampun kadamel pepes manahipun boten angsal damel anggènipun nempuh titiyang Muslimin ingkang sampun kinepang, namung prahara thok tangèh lamun saged mahanani wadyabala ingkang cacahipun l0.000 jiwa wau lumajeng sasaran ngantos abusekan tambuh-tambuh solahipun. Pitulungipun malaikat punika sampun kajanjèkaken wonten 3: 124, ingkang kalayan cetha nyebutaken panempuhing mengsah ingkang dumarojog wau, makaten: “O, manawa sira padha teteg lan padha bekti, sarta dhèwèké padha dumrojog anekani sira, Pangéranira bakal angréwangi sira kalawan malaikat pangrusak limang èwu.”

1974. Titiyang Gathfan pacak baris wonten sisih wétanipun kitha, ing péranganing jujurang ingkang inggil, titiyang Quraisy ing sisih kilèn, ing péranganing jujurang ingkang ngandhap (Bd).

1975. Paningal sami buthek sarta manah sami munjuk dumugi ing tenggok, punika tegesipun titiyang Muslimin sami kuwatos; sarta inggih mèmper kémawon yèn kuwatosa, lah tiyang kaum

1976. Mirsanana kaca candhakipun.

Surat 33 Panyerangipun para papanthan 1125

13 Lan nalika dhèwèké ana sapantha sing ngucap: É, para wong Yatsrib!1977 (ing kéné) ora ana panggonan tumrap ing kowé, mulané padha balia;1978 lan dhè-wèké kang sapérangan anjaluk pamit marang Nabi, tembungé: saèstu griya kula boten mitayani; lan ora kok iku ora mitayani; ora liya kajaba padha arep mlayu.

14 Lan manawa dhèwèké padha dileboni (mungsuh) saka talatah sisihé, banjur ditari supaya ama-ngun perang, amasthi anglaksa-nani, lan ora bakal dumunung ing kono kajaba mung sadhéla.1979

15 Lan sayekti temen dhèwèké wus padha anyanggemi Allah ing sadurungé ikua (yèn) ora bakal padha ambalik geger; lan janji ing Allah iku bakal dadi pandangon.

Muslimin sakedhik sanget cacahipun teka kapeksa nanggulangi wadyabala ingkang samanten kiyatipun. Panyana warni-warni ateges para ingkang alit manahipun tuwin para lamis sami kuwatos manawi janjining Allah boten nyata sarta mengsah saèstu saged nglebur piyambakipun. Déné gagasanipun titiyang mukminin, kasebutaken ing ayat 22.

1976. Piweca-piwecanipun Quran Suci ingkang amecakaken menangipun ingkang wekasan agami Islam saha unggulipun para Muslimin, punika sanès ungel-ungelan ingkang kemeng suraosipun, wangsul sabda pangandika ingkang terang gamblang saha ceplos, awit saupami botena makaten, yekti para lamis boten mungel kados ingkang kawarsitakaken ing ayat punika. Janji badhé kaparingan kamenangan genah sampun cetha awéla-wéla, nanging nitik kawontenan, mokal sagedipun janji wau kelampahan saèstu wahananipun, milanipun para ingkang alit manahipun sami wicanten, bilih janji kamenangan wau namung kanggé ngapusi piyambakipun.

Kedah dipun pèngeti bilih para ingkang sami alit manahipun, punika wonten ing ngriki kaèwokaken kaliyan para lamis aliyas tiyang munafék. Lah manawi tiyang ingkang sami ngaken Islam ing jaman samangké punika dipun todhi mawi panglèlèr kados makaten punika, badhé kacepeng pinten kathahipun ingkang nama tiyang Islam sajati ?

1977. Yatsrib punika namanipun kitha Madinah ing sadèrèngipun Kanjeng Nabi hijrah mriku.1978. Terangipun, balia marang panembah-brahala kanggo nylametaké uripmu, utawi: mundura

lan bali marang omah-omahmu (Bd).1979. Ayat-ayat punika sadaya nerangaken kawontenanipun para lamis, ingkang sami damel-damel

pawadan murih boten tumut perang lumawan mengsahipun kaum Muslimin. Saupami mengsah lumebet dhateng kitha sarta ngajak piyambakipun tumut merangi kaum Muslimin, piyambakipun mesthi lajeng samapta ing perang. Dhawuh ingkang wekasan nedahaken, bilih nadyan medal saking kitha Madinah pisan, lajeng nempuh kaum Muslimin, piyambakipun inggih puran-purun kémawon, dadosipun prakawis rumeksa griya-griyanipun, piyambakipun sampun boten mraduli.

a. 126

Ar. janji-ning

Para papanthan Juz XXI 1126

16 Calathua: Mlayu iku ora bakal maédahi marang sira mana-wa sira mlayu angoncati pati utawa pinrajaya, lan ing kono ora bakal sira pinareng angrasakaké kasenengan kajaba sathithik.

17 Calathua: Sapa kang bisa angayomi sira saka Allah manawa Panjenengané karsa agawé ala marang sira, utawa (sapa kang bisa anduwa, manawa) Panjenengané karsa aparing wilasa marang sira?b

Lan saliyané Allah dhèwèké ora bakal éntuk pangayoman utawa panulung.

18 Temen Allah angudanèni sira kang padha mamalangi sarta kang padha calathu marang sadulur-saduluré: ngumpula marang aku kéné; lan ora padha tumeka marang paprangan kajaba mung sathithik.

19 Padha kumed marang sira; ananging nalika si wedi anekani, sira weruh dhèwèké padha anga-wasaké marang sira, mripaté padha pandirangan kaya wong kang semaput saking déning pati; ana-nging bareng si wedi wis lunga, padha ambalang sira kalawan lisan kang landhep-landhep, kumed ing atasé prakara becik. Iki ora padha angèstu, mulané Allah amusprak-aké panggawé-panggawéné; lan iki ingatasé Allah gampang.

20 Dhèwèké padha ngira para papanthan ora padha oncat, sarta manawa para papanthan padha teka (manèh), dhèwèké padha kapéngin

Ar. saka

Ut. angrek-sa

b. 1928A

Ar. lan ora (bakal éntuk

Ut. mubeng

Surat 33 Panyerangipun para papanthan 1127

ana ing sagara wedhi ing (padunu-ngané) wong Arab-sagara wedhi, arep atatakon prakara wartanira, lan manawa ana ing kalanganira dhèwèké ora padha tumandang perang kajaba mung sathithik.

RUKU’ 3

Keplajengipun para Papanthan: titiyang Quraidzah pinidana

21. Kanjeng Nabi punika conto. 22-24. Imanipun para mukmin mindhak dados santosa déning piweca. 25. Mengsah wangsul boten angsal damel. 26, 27. Amidana dhateng Bani Quraidzah.

21 Sayekti, temen, ing Utusan ing Allah sira duwé conto kang utama tumrap sapa-sapa sing anga-rep-arep ing Allah sarta dina weka-san tuwin akèh élinga ing Allah.1980

1980. Ayat punika marsitakaken kasunyatan ingkang sakalangkung wigatos tuwin sisifatanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang miyambaki, inggih punika: Kanjeng Nabi punika conto ingkang saé piyambak tuwin kaca-benggala ingkang linuhung piyambak kanggé tuladhanipun katulusan tumrap para mukminin. Kawontenan-kawontenan ingkang sok dipun pigunakaken mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi kanggé mancahi panjenenganipun, punika menggah ing sajatos-jatosipun malah kaéndahanipun ingkang sajati sugengipun Kanjeng Nabi. Tiyang sentimentalist (inggih punika tiyang ingkang keladuk namung nganggé raos pangraosipun kémawon, ngantos boten manah bab prakawis tumindhakipun) manawi nyariyosaken makaten: sebagai juru-pembangun ingkang kinuya-kuya ing Makkah, panjenenganipun pancèn mintonaken conto ingkang adi-luhung; nanging sareng dados pangageng ing praja ing Madinah, panjenenganipun lajeng remen mangun yuda, asring mundhut garwa, dhawuh mejahi mengsah-mengsahipun, sarta nindakaken pandamel warni-warni bangsanipun punika, ingkang pancènipun prayogi boten katindakaken. Nanging sedya ingkang winengku ing rawuhipun Kanjeng Nabi, punika boten kok namung badhé nglegani manahipun para sentimentalist, sarana maringi piwulang-piwulang budi-pakarti, ingkang wonten ing gesanging manusa babar pisan boten saged tumindhak, sarta namung mligi maringi tepa-tuladha ingkang linuhung ing bab kasabaran duk kalanipun nandhang panguya-uya ingkang sanget, namung punika thok, tanpa maringi pranatan ingkang saged katindakaken minangka kanggé tuntunaning manusa-manusa ingkang gesang saha makarya wonten ing donya punika, punapa déné boten mawi maringi tuladha tumindhakipun kalayan tindakipun. Boten kados makaten wau ingkang dipun sedya rawuhipun Kanjeng Nabi punika. Saupami panjenenganipun boten naté nyénapaténi wadyabala, yekti panjenenganipun boten kénging dipun anggé conto tumrap sénapati ingkang ngangkataken wadyabalanipun dhateng paprangan. Saupami panjenenganipun dèrèng naté nyarirani tumut perang, yekti panjenenganipun boten kénging dipun anggé conto tumrap prajurit satria tama ingkang ngurbanaken jiwa raganipun kanggé ambélani yakti, kaadilan, tuwin kamardikan. Saupami panjenenganipun boten yasa angger-angger kanggé tuntunan tumrap para pandhèrèkipun, sayekti panjenenganipun boten naté nganggep dados conto ingkang monjo piyambak tumrap juru-yasa angger-angger. Saupami panjenenganipun dèrèng naté mutusi prakawis, yekti panjenenganipun boten saged dados papadhang tumrap para jaksa tuwin para juru hukum. Saupami panjenenganipun boten naté palakrama, yekti tiyang boten angsal pitedah ing bab tumindakipun sapalihing kawajibanipun ing sadinten-dinten, sarta tiyang boten angsal papadhang kados pundi dados sémah ingkang ambek-saé lan ambek-tresna punika, lan kados pundi dados bapa ingkang ambek-asih punika. Saupami panjenenganipun boten karsa males dhateng tukang nganiaya margi anggènipun miawon dhateng tiyang ingkang boten lepat, sarta saupami panjenenganipun boten

Para papanthan Juz XXI 1128

22 Lan bareng para mukmin we-ruh para papanthan, padha calathu: iki barang sing dijanjèkaké déning Allah lan Utusan-É marang aku kabèh, lan Allah sarta Utusan-É iku pangandikané temen; lan iku ora liya kajaba amuwuhi imané lan sumarahé.1981

23 Sawenèhé para angèstu ana wong kang padha anuhoni apa

nelukaken mengsah-mengsahipun ingkang remen nganiaya ingkang lajeng dipun apunten dosanipun, tuwin saupami panjenenganipun kasdu boten midana ing tindak lepat dupèh ingkang anindakaken punika tiyang ingkang raket kaliyan panjenenganipun, saupami panjenenganipun punika kados makaten wau, sayekti panjenenganipun boten saged dados conto ingkang utami tuwin tepa-tuladha ingkang sampurna, kados ingkang kadhawuhaken ing ngriki. Pancèn sifatipun ingkang miyambaki sugengipun Kanjeng Nabi punika, déné panjenenganipun punika boten namung maringi pranatan ingkang kénging katindakaken kanggé tuntunan tumrap sadaya tindaking ngagesang kémawon, nanging panjenengan-ipun inggih nuladhani sarana sugengipun, kados pundi cak-cakanipun pranatan wau sadaya.

Wonten prakawis kalih bab pantes pinèngetan ing ngriki. Sapisan, rèhning Kanjeng Nabi punika conto, dadosipun panjenenganipun punika sampun cekap kanggé mangsuli titiyang ingkang ngawon- awon dhateng panjenenganipun; jalaran margi manusa makaten betah dhateng tuntunan kanggé pitedahing margi ing kalanipun ngalami warni-warnining kawontenan tuwin lalampahan ing donya, Kanjeng Nabi angalami sadaya lalampahan lan kawontenan wau. Kaping kalihipun, sifat-sifatipun budipakarti ingkang sumingid boten kawistara wonten ing dalem manusa, punika badhé lastantun boten makardi, ngantos manawi sifat-sifat wau dipun makardékaken. Awit saking punika tiyang boten wenang ngaken kasinungan sifatipun budipakarti ingkang luhur, manawi piyambakipun dèrèng mintonaken sifat-sifat wau wonten ing masakalanipun ingkang prayogi.

Déné masakala ingkang katuju ing dhawuh, Kanjeng Nabi dados conto tumrap para mukmin, punika nalika panjenenganipun mintonaken kasantosanipun ingkang ageng duk kalanipun ngalami babaya ingkang sakalangkung anggigirisi kumandel dhateng pitulunging Pangéran, tuwin tetep mantep salebetipun nandhang coba ingkang sakalangkung ageng. Titiyang mukmin kadhawuhan sampun sami telas manahipun, wangsul samia nulad tépatuladhanipun Kanjeng Nabi Suci. Punika langkung- langkung malih dipun anggé mangsuli pangawon-awonipun para mengsahing Islam, ingkang ing salajengipun karembag wonten ing surat punika.

1981. Ingkang dipun karsakaken ing ngriki janjining Pangéran, bilih badhé dhateng masakalanipun wadyabala sakutu Arab badhé keplajeng. Janji punika anggènipun kaparingaken sampun let dangu ing sadèrèng-dèrèngipun, inggih punika nalika Kanjeng Nabi Suci tuwin para pandhèrèkipun ingkang saweg sakedhik cacahipun kinaniaya kalayan sakalangkung sanget wonten ing Makkah. Ungeling piweca wau makaten: “Wadyabalané para papanthan kang santosa ing kono bakal padha keplayu” (38:11). Milanipun, sareng wadyabala sekuthu nempah nagari Madinah, dhawuhing piweca wau agawang-gawang wonten ing manahipun sok tiyanga Muslimin ingkang sajati. Piyambakipun sami bingah-bingah, awit piyambakipun sami yakin bilih wadyabala sakuthunipun mengsah mesthi kepla-jeng. Kados déné ingkang kacetha ing ruku’ ingkang sampun, ngemungaken para titiyang munafék kémawon ingkang semang-semang. Cekakipun, peperangan wau niyupaken kayakinan ingkang ageng dhateng menangipun Islam ingkang wekasan, jalaran: Sapisan, peperangan wau anjangkepi wahananing piweca-piweca ingkang rumiyin-rumiyin. Kaping kalih, nalika Kanjeng Nabi Suci nyarirani tumut andhudhuk jogangan, panjenenganipun andhandhang séla ageng (séla ingkang dados alangan tumrap pandhudhuking jogangan), ingkang lajeng medal pletikipun; nalika punika panjenenganipun macakaken piweca agung, bilih pletik wau medharaken dhateng panjenenganipun kadhatonipun sang Kisra (maharaja Persi) tuwin kadhatonipun sang Caesar (maharaja ing Rum), sarta panjenenganipun kaparingan uninga bilih pandhèrèkipun mesthi badhé menang kaliyan karajan kakalih wau.

Surat 33 Panyerangipun para papanthan 1129

janjiné marang Allah; lah iki sawenèhé ana kang isih ngentèn-entèni, sarta ora padha angowahi babar pisan;1982

24 Supaya Allah angganjar para kang padha tuhu amarga saka pamituhuné sarta aniksa para lamis, manawa Panjenengané angarsak-aké utawa Panjenengané bali (wi-lasa-Né) marang dhèwèké; sayekti Allah iku Aparamarta, Maha-asih.1928A

25 Lan Allah anulak para kang padha kafir karo padha muring-muring; ora padha éntuk pakolih, lan Allah anyukupi para mukmin ing dalem perang; lan Allah iku Kuwat, Menang.

26 Lan Panjenengané angudhun-aké para pandhèrèking Kitab, kang padha ambiyantu dhèwèké, saka ing bibitingé, sarta Panjenengané an-dèkèki giris ing sajroning ati-atiné; sapérangan padha sira patèni lan sapérangan padha sira tawan.1983

1982. Sawènèhipun tiyang mukmin wonten ingkang pejah syahid karana nglabuhi yakti; sanès-sanèsipun taksih ngentos-entosi, kapéngin angurbanaken nyawanipun kanggé nglabuhi yakti wau

1928A. Ing ngriki kasebutaken kalayan terang makaten ugi ing ayat 17, bilih boten sadaya tiyang munafék badhé dipun siksa; nanging margi Allah punika asih dhateng piyambakipun, dadosipun siksa wau namung badhé dhumawah dhateng tiyang ingkang pantes kadhawahan siksa. Kelampahan, ingkang kathah para lamis wau ing pawingkingipun sami manjing Islam kalayan ikhlas.

1983. Titiyang Bani Quraidzah punika sarayanipun Kanjeng Nabi Suci, dados nalika mengsah ngepang nagari Madinah, kedahipun tiyang Bani Quraidzah wau tumut nglawan panempuhing mengsah (mirsanana 126). Nanging dumugining endon boten sami biyantu dhateng Kanjeng Nabi, malah ngiloni mengsah ingkang ngepang. Tuwan Muir angakeni, sampun golong titiyang Quraidzah sami biyantu titiyang Quraisy “sarta sanajan tuwan Muir semang-semang, punapa “titiyang Quraidzah wau tumut peperangan saèstu, punapa boten” suprandéné sampun cetha buktinipun, bilih piyambakipun punika sampun aprajanjian kaliyan titiyang Quraisy nempuh titiyang Muslimin saking nglebet. Dados sawaunipun saraya, lajeng ambalik dados mengsah. Milanipun, sareng prajurit ingkang ngepang keplajeng sarta titiyang Quraidzah wangsul dhateng bibitingipun, bibiting Quraidzah lajeng dipun ke-pang Kanjeng Nabi Suci, jalaran manawi mengsah munggwing cangklakan wau boten kapidana, mesthi tansah dados tuking babaya ingkang ambabayani ing kawilujenganipun kaum Muslimin. Titiyang Quraidzah dipun kepang ngantos salangkung dinten, wasana lajeng sami purun teluk, nanging mawi janji, piyambakipun namung badhé teluk dhateng pidana ingkang manut pancasanipun Sa’d bin Mu’az.

Ar. kalawan sabarang owah-owa-han

Ar. kalawan pamuring-muringé

Para papanthan Juz XXI 1130

27 Lan Panjenengané amarisaké buminé lan padunungané lan bandhané marang sira, apa déné bumi kang durung sira idak; lan Allah iku marang samubarang kawasa.1984

RUKU’ 4

Sugengipun Kanjeng Nabi Suci ingkang sarwa pasaja

28, 29. Para garwanipun Kanjeng Nabi kedah sarwa pasaja sugengipun. 30-32. Sami dipun wajibaken suci gesangipun. 33, 34. Sami boten kénging angedhèng kaéndahanipun.

28 O, Nabi! calathua marang bo-jo-bojonira: Manawa kowé padha kapéngin kauripan donya dalah papaèsé, lah padha marénéa, padha dak sadhiyani, sarta padha dak-lilani lunga kalawan becik:1985

Saupami tiyang Quraidzah purun pasrah dhateng Kanjeng Nabi, ambok manawi kémawon pidana ingkang kadhawahaken Kanjeng Nabi dhateng titiyang Quraidzah wau sami kaliyan pidana ingkang ka-dhawahaken dhateng titiyang Qainuqa’, inggih punika: pindhah. Nanging Sa’d kebranang déning cidranipun titiyang Quraidzah wau, milanipun pancasanipun Sa’d: titiyang ingkang tumut perang kedah pinejahan, déné sanès-sanèsipun dipun tawan. Wonten tiyang tigangatus ingkang pinejahan manut pancasan wau, sarta pasitènipun dhawah dhateng tanganipan titiyang Muslimin. Tiyang ingkang mastani bilih Kanjeng Nabi wengis garapipun dhateng titiyang Quraidzah, punika kénging winastan tiyang ingkang boten mangertos dhateng wutah gumelaring kawontenan ingkang nyata. Nadyan ing dinten sapunika ugi, pandamel cidra kados lekasipun titiyang Quraidzah wau, boten sanès mesthi inggih kapatrapan pidana kados makaten wau.

1984. Bumi kang durung sira idak punika ingkang dipun karsakaken bumi ngamonca, ingkang wonten ing dhawuh punika kajanjèkaken dhateng para Muslimin tuwin ingkang ing pawingkingipun dipun telukaken para Muslimin.

1985. Dhawuh punika mathis sanget kanggé ambukani rembag bab prakawis sugengipun padintenan Kanjeng Nabi Suci ingkang sarwa pasaja. Ing wekdal punika kaum Muslimin dados kiyat saha sugih. Kamenangan ing Badr, tuwin anggènipun angsal kukupan pasitèn saha bandhanipun tiyang Quraidzah, mahanani para Muslimin mindhak kathah bandhanipun. Wonten ing dalem kawontenan ingkang kados makaten wau, nama sampun satrepipun kémawon, manawi para garwanipun Kanjeng Nabi punika inggih kapéngin dipun sudhiyani barang kabetahaning ngagesang ingkang langkung saé katimbang ingkang sampun-sampun. Suprandéné inggih ing wekdal wau ugi, tumurunipun wahyu ingkang andhawuhaken supados para garwa wau sugeng ingkang kalayan pasaja sanget. Mesthi botenipun manawi dhawuh kenceng punika medal saking satunggaling tukang doracara, sarta nadyan “tiyang donya” pisan, ingkang saben dinten tansah mindhak-mindhak panguwaos lan kasugihanipun, mesthi botenipun ngedalaken dhawuh makaten wau. Saupami Kanjeng Nabi inggih amarengna garwa-garwanipun tumut ngraosaken kamakmuranipun umat, punika inggih boten wonten pakèwedipun sakedhik-kedhika. Nanging wahyu ingkang katampi ing panjenenganipun andhawuhaken, panjenenganipun lan sadaya ingkang rapet sasambetanipun kaliyan panjenenganipun, boten kénging tumut ngalap paédah barang-barang wau, inggih punika barang kadonyan ingkang tumrap tiyang sanès saged dipun pikantuk kalayan gampil. Barang-barangipun donya ingkang éndah-éndah, kénging kémawon dipun upadosi, sarta tiyang Islam boten dipun awisi ngupados barang-barang wau; nanging tumrap Nabinipun Pangéran, boten kénging kaéndahaning donya wau lumebet wonten ing balégriya-

Ar. lunga kang becik

Surat 33 Sugengipun Kanjeng Nabi Suci 1131

29 Lan manawa kowé padha kapéngin Allah lan utusan-É sarta padunungan akhirat, lah sayekti Allah iku wus anyawisi ganjaran gedhé tumrap kowé kang padha anglakoni panggawé becik.

30 É, para wadoning Nabi! kowé, sapa sing alaku ala kang tétéla, siksané bakal ditikelaké rong tikelan; lan iki ing atasé Allah gampang.1986

JUZ XXII

31 Lan kowé, sapa-sapa sing ambangun turut ing Allah lan Utusan-É, sarta anglakoni pang-gawé becik, ganjarané bakal pina-ringan tikel pindho, lan Ingsun wus anyawisaké rijeki kang mulya tumrap marang dhèwèké.1987

32 O, para wadoning Nabi! ora pisan sira iku kaya para wadon sok-wonga; manawa sira anjaga dhiri, lah aja manuara ing pangu-

nipun. Rèhning panjenenganipun kagungan sarananipun, panjenenganipun kedugi minangkani, manawi garwa-garwanipun kapéngin késah kalayan ambekta barang paparingipun Kanjeng Nabi ingkang sakalangkung kathah. Dhawuh punika ugi saged anerangaken sedyaning palakramanipun Kanjeng Nabi. Manawi ingkang kasedya punika nguja hardaning nafsunipun ingkang asor, kaselak mokal panjenenganipun milaur andhawuhaken sarwa pasaja wonten ing balégriyanipun, jer éca lan sakéca, punika tumrap hawa nafsu ingkang asor mathukanipun.

1986. Kedah dipun pèngeti, bilih para garwanipun Kanjeng Nabi, punika kajawi boten saged ngraosaken gesang sakéca kados para èstri Muslimin sanès-sanèsipun, manawi atindak awon pidananipun tikel. Mangga titiyang Nasrani samia ngangen-angen. Punapa mèmper manawi punika yasanipun tukang apus-apus? Déné sababipun mila pidananipun kadamel tikel, jalaran, margi saking para garwa wau wonten ing salebeting dalemipun Kanjeng Nabi, mesthinipun para garwa wau langkung kathah angsalipun tuntunan ingkang leres lan langkung kathah uthutipun saged mangun gesang suci ingkang kalayan mulus. Kedah dipun pèngeti ugi, gelar yektinipun boten wonten piawon sakedhik-kedhika wonten ing antawisipun ingkang garwa-garwa Kanjeng Nabi wau.

1987. Ganjaran tikel kalih ingkang kadhawuhaken ing ngriki, punika tegesipun ganjaran ingkang langkung ageng, kados déné ingkang kacetha ing dhawuh rejeki kang mulya punika. Déné mila ganjaranipun langkung ageng, awit para garwa wau sami mugen wonten ing dalemipun Kanjeng Nabi, milaur nebihi gesang sakéca, mangka upamia sami angarsakna, saged kémawon pikantuk wonten ing panggènan sanès. Kula aturi mirsani 1985. Mirsanana ugi katerangan 1986, ing ngriku kapangandi-kakaken pidananipun langkung ageng manawi para garwa wau sami tumindhak awon. Kula aturi nyundhukaken ugi kaliyan 1888.

Para papanthan Juz XXII 1132

cap, mundhak kinarepaké déning kang ing atiné ana lalarané; lan angucapa pangucap kang becik.1988

33 Lan padha mugena ing omah-ira, sarta aja angedhèngaké kaén-dahanira kaya pangedhèng jaman kabodhoan dhèk biyèn, lan padha anjumenengna salat tuwin amba-yara zakat, apa déné ambangun turuta marang Allah lan Utusan-É; Allah iku mung angarsakaké supaya lelethek kabirata saka ing sira, o, warganing padaleman (Nabi)! sarta (arsa) anucèni sira kalawan suci (kang sampurna).1989

34 Lan padha élinga apa kang wus diwaca ing omahira yaiku timbalan-timbalaning Allah tuwin kawicaksanan; sayekti Allah iku Ingkang__Angudanèni_ing__lembut, Waspada.

RUKU’ 5

Pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab

35, 36. Pamituhu dhateng dhawuhipun Allah. 37-39. Lalampahanipun Zainab sarta anggènipun digarwa Kanjeng Nabi Suci. 40. Kanjeng Nabi Muhammad, wekasan sarta sampurna-sampurnanipun para nabi, punika minangka bapa ruhani tumrap sadya umat salajengipun.

1988. Sanajan dhawuh punika khusus (tartamtu) dhateng para garwanipun Kanjeng Nabi, nanging menggah ing sajatosipun dhawuh punika pranatan utawi paugeraning gesang tumrap para èstri Muslimin, wigatos andhawuhaken sucining manah tuwin suci ing dalem sasrawungan antawisipun jaler lan èstri. Para Muslimat boten kaawisan wicanten kaliyan tiyang jaler, nanging kanggé rumeksa sampun ngantos manah tumiyung dhateng gagasan ingkang awon, para èstri Muslimat kadhawuhan sampun ngantos sami umbaran wicantenan kaliyan tiyang jaler kalayan manis-manuara saha rembagan prakawis ingkang saged nanangi hardaning nafsu.

1989. Sarana-sarana kanggé anucèkaken sampun kawarsitakaken wonten ing ayat-ayat ingkang sampun, inggih punika gesang kalayan sarwa pasaja, nebihi sawarnining pandamel nistha, sarta boten angedhéngaken kaéndahanipun dhateng ngasanès. Dados lelethek ingkang dipun karsakaken ing Allah badhé kabirat, punika leletheking pepénginan dhateng kasugihan donya. Rèhning Kanjeng Nabi punika conto tumrap para mukminin, mila padalemanipun, punika inggih dados contoning kaprasajan tuwin kasucian tumrap para èstri Muslimat.

Kedah dipun pèngeti, bilih ing dhawuh ngriki para garwanipun Kanjeng Nabi kasebut ahlu-l-bait,utawi warganing padaleman. Para garwa wau ingkang jan ahlu-l-bait, déné putra-putranipun Kanjeng Nabi tuwin wayah-wayahipun, inggih kénging kagolongaken. Kajawi ing dhawuh ngriki ing Quran Suci tembung ahlu-l-bait wau namung kagem kaping kalih, sadaya mengku teges garwa, inggih punika

Surat 33 Pikramanipun Kanjeng Nabi Suci 1133

35 Sayekti, para muslim lanang lan para muslim wadon, sarta para mukmin lanang lan para mukmin wadon, sarta para lanang kang ambangun turut lan para wadon kang ambangun turut, sarta para lanang kang temen lan para wadon kang temen, sarta para lanang kang sabar lan para wadon kang sabar, sarta para lanang kang konjem lan para wadon kang konjem, sarta para lanang kang awèh sidhekah lan para wadon kang awèh sidhe-kah, sarta para lanang kang puwasa lan para wadon kang puwasa, sarta para lanang kang rumeksa (kahur-matané) lan para wadon kang rumeksa (kahurmatané), sarta para lanang kang akèh élingé maring Allah lan para wadon kang akèh élingé (maring Allah), – Allah wus acawis pangapura sarta ganjaran kang gedhé tumrap dhèwèké.

36 Lan ora mungguh tumrapé mukmin lanang lan mukmin wadon yèn ta padha duwéa pamilih ing prakarané dhéwé samangsa Allah lan Utusan-É wus amutus sawijining prakara; lan sapa sing andaga ing Allah lan Utusan-É, lah sayekti sasar kalawan sasar kang tétéla.1990

garwanipun Kanjeng Nabi Ibrahim ing 11: 73 tuwin garwanipun ‘Imran utawi ingkang ibu Kanjeng Nabi Musa ing 28: 12. Punika ugi anedahaken bilih ingkang kawengku ing tegesipun termbung ahlu-l-bait, punika sémah èstri, lulurahing balégriya. Dados manut ayat punika, putra-putranipun Kanjeng Nabi punika kagolongipun ahlu-l-bait, katut para garwanipun Kanjeng Nabi wau.

1990. Sadaya para mufassir sami sarujuk amastani bilih tumurunipun ayat punika nalika Kanjeng Nabi Suci mundhut Siti Zainab, taksih kaleres nak-sadhèrèkipun Kanjeng Nabi piyambak aluran saking ingkang bibi, badhé kaangsalaken sahabat Zaid, putra-puponipun Kanjeng Nabi. Siti Zainab lan sadhèrèkipun kakung boten rujuk, awit Zaid punika tilas réncang tumbasan (réncang tumbasan ingkang sampun dipun mardikakaken). Nanging sareng wonten dhawuh punika, rangu-rangunipun Zainab lan sadhèrèkipun kakung saged sumisih, wasana Zainab karsa kaangsalaken sahabat Zaid (Rz, Kf, JB). Ayat punika boten sasambetan kaliyan lalampahan ing pawingkingipun, bab anggènipun pegatan Siti Zainab lan sahabat Zaid sarta bab prakawis Siti Zainab lajeng kagarwa Kanjeng Nabi. Malah-malah dhawuh punika anedahaken bilih ingkang ngrancang pikramanipun Siti Zainab angsal Zaid wau

Ar. kawira-ngané Ar. kawira-ngané

Ar. lan ora

Para papanthan Juz XXII 1134

37 Lan nalikané sira acalathu marang wong kang wus kapa-ringan nugraha déning Allah sarta wus sira wènèhi nugraha: Kowé nglastarèkna mengku rabimu lan di ngati-ati (wajibmu marang) Allah; lan sira anyingidaké ing sajroning jiwanira barang kang bakal wine-dharaké déning Allah sarta sira iku wedi marang para manusa, lah Allah iku luwih bener sira wedènana. Ananging bareng Zaid wis anekani kabutuhané marang dhèwèké, dhèwèké Ingsun jodhok-aké sira, supaya ora ana riribet ing atasé para mukmin ing dalem bab rabi-rabining anaké angkat samang-sané iki wis anekani kabutuhané marang dhèwèké, lan paréntahing Allah iku kudu ditindakaké.1991

Kanjeng Nabi Suci piyambak, sarta sampuna karana mituruti karsanipun Kanjeng Nabi, Zainab mesthi boten karsa kaangsalaken sahabat Zaid.

1991. Ayat punika isi kalih pérangan ingkang béda-béda lan piyambak-piyambak. Pérangan ingkang sapisan ngrembag prakawis anggènipun sahabat Zaid megat Siti Zainab; pérangan ingkang kaping kalih, wiwit dhawuh ingkang mungel Ananging bareng Zaid wis anekani butuhé marang dhèwèké, saterusipun, ngrembag pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab. Rèhning paniliti-priksanipun golongan Nasrani remen nengen-nengenaken prakawis ingkang sakinten saged damel camah dhateng kahurmatanipun Kanjeng Nabi Suci, milanipun lalampahan-lalampahan ingkang magepokan kaliyan pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan Siti Zainab wau perlu katerangaken ingkang radi sawatawis panjang. Zaid punika tiyang pancer Kalb; nalika taksih alit, Zaid dipun tawan sarta kadadosaken réncang tumbasan tuwin dipun sadé wonten ing Makkah, dipun tumbas déning sadhèrèkipun kakung Siti Khadijah, ingkang lajeng kaparingaken dhateng Siti Khadijah; Siti Khadijah gentos nyaosaken réncang tumbasan Zaid wau dhateng Kanjeng Nabi Suci, ingkang boten prabéda kaliyan adat sabenipun, lajeng mardikakaken Zaid wau. Nanging sahabat Zaid sakalangkung tresnanipun dhateng Kanjeng Nabi, milanipun nalika sahabat Zaid dipun tantun Kanjeng Nabi, punapa tumut mantuk bapakipun dhateng griyanipun, punapa lastantun andhèrèk Kanjeng Nabi, sahabat Zaid milih andhèrèk Kanjeng Nabi kémawon. Kanjeng Nabi inggih sanget asihipun dhateng sahabat Zaid, ngantos sahabat Zaid kasebut “putranipun kakung Kanjeng Nabi Muhammad,” sarta sahabat Zaid wau salah satunggalipun tiyang ingkang ngrasuk Islam rumiyin piyambak. Inggih awit saking punika mila wiwitaning dhawuh ing ayat punika anggènipun mangandikakaken sahabat Zaid: tiyang ingkang sampun kaparingan nugraha Allah tuwin Kanjeng Nabi.

Siti Zainab punika putranipun èstri ingkang bibi Kanjeng Nabi, Umaimah, putranipun èstri Sayid Abdul Muththallib. Panjenenganipun salah satunggalipun tiyang ingkang ngrasuk Islam rumiyin piyambak. Kanjeng Nabi Suci ngrembagi sadhèrèkipun kakung Siti Zainab, supados Siti Zainab dipun angsalaken sahabat Zaid. Siti Zainab lan ingkang raka boten rujuk, déné lajeng karsa nglampahi, punika karana mituruti karsanipun Kanjeng Nabi ingkang adreng. Mirsanana katrangan ingkang sampun. Kacariyos kakalihipun sami kepéngin Kanjeng Nabi piyambak ingkang anggarwa Siti Zainab (Rz), nanging Kanjeng Nabi adreng, supados Siti Zainab karsa dipun angsalaken sahabat Zaid.

Surat 33 Pikramanipun Kanjeng Nabi Suci 1135

Anggènipun sésémahan sahabat Zaid kaliyan Siti Zainab boten saged atut-runtut kalayan saé. Siti Zainab punika panggalihanipun wanter, panjenenganipun boten naté rena dhateng sahabat Zaid, margi saking sahabat Zaid wau tilas réncang tumbasan. Lajeng tuwuh pasulayan, wasana sahabat Zaid lajeng matur dhateng Kanjeng Nabi sumedya megat Siti Zainab. Kanjeng Nabi sungkawa sareng midhanget aturipun sahabat Zaid wau, jalaran ingkang adreng dhateng wontenipun sésémahan wau Kanjeng Nabi, milanipun panjenenganipun lajeng mrayogèkaken sahabat Zaid sampun ngantos megat Siti Zainab. Kanjeng Nabi kuwatos, bokbilih tiyang kathah maoni panjenenganipun, margi sésémahan ingkang dipun rigenaken panjenenganipun badhar. Lah inggih dhateng kawontenan punika ingkang katuju ing dhawuh sarta sira iku wedi marang para manusa, lah Allah iku luwih bener sira wedénana. Makaten ugi inggih prakawis wau ingkang katuju ing dhawuh lan sira anyingidaké ing sajroning jiwanira barang kang bakal winedharaké Allah, awit Kanjeng Nabi boten rena manawi boten atutipun Siti Zainab lan sahabat Zaid wau kasumerepan ing tiyang kathah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi dhateng sahabat Zaid supados boten megat sémahipun, kasebutaken wonten ing Quran Suci kalayan tetembungan ingkang terang gamblang. Nanging sadaya wau tanpa damel, sarta ing wasananipun sahabat Zaid saèstu megat Siti Zainab.

Sasampunipun dipun pegat sahabat Zaid, Siti Zainab lajeng kagarwa Kanjeng Nabi Suci, awit ingkang makaten wau pancèn sampun dados pangajeng-ajengipun Siti Zainab tuwin krabatipun wiwit nalika dèrèng kasémah sahabat Zaid. Déné tumrapipun Kanjeng Nabi, rèhning ing sapunikanipun sésémahan ingkang dipun rigenaken wau boten saged dados, mila adilipun, panjenenganipun kedah minangkani pangajeng-ajengipun Siti Zainab tuwin para krabatipun wau. Langkung-langkung malih, Quran punika sampun angundhangaken suwakipun tata-cara nganggep anak pupon kados anak sajati; lah sapunika wonten masakalanipun ingkang prayogi tumrap Kanjeng Nabi Suci, kanggé maringi conto nyuwak babar pisan tata-cara wau. Pamrih makaten wau, wonten ing péranganipun ingkang angka kalih ayat punika sampun kasebutaken kalayan terang: Dhèwèké Ingsun jodhokaké sira, supaya ora ana riribed ingatasé para mukmin ing dalem bab rabi-rabining anaké angkat. Quran boten nerangaken pamrih sanèsipun tumrap sésémahan punika.

Cariyos ingkang pasaja utawi salimrah punika, dipun anggé garan ngawon-awon Kanjeng Nabi Suci. Dipun cariyosaken, kalayan sacara kapinujon, Kanjeng Nabi pirsa (wadananipun ingkang tanpa tutup) Siti Zainab saking sajawining konten ingkang menga sapalih; Kanjeng Nabi kepranan panggalihipun kasulistyanipun Siti Zainab; sahabat Zaid sareng mangertos punika lajeng megat Siti Zainab, ing salajengipun, Siti Zainab lajeng kagarwa Kanjeng Nabi. Tuwan Muir lan tuwan Arnold ngajengi dodongèngan punika, saya malih para pengarang ingkang langkung kathah raosipun panggething dhateng Islam saya ajeng sanget. Ingkang makaten punika anedahaken bilih “criticism,”utawi, murih gampilipun kula jawèkaken kémawon “panliti-priksa,” punika yektinipun boten resik saking raos panggething dhateng agami sanès. Sampun dipun akeni bilih Siti Zainab punika putra-putrinipun ingkang bibi Kanjeng Nabi; dipun akeni bilih panjenenganipun punika éwonipun tiyang ingkang angèstu dhateng Islam rumiyin piyambak ingkang tumut ngungsi dhateng nagari Madinah; dipun akeni bilih ingkang ngrigenaken pikramanipun Siti Zainab kaliyan sahabat Zaid punika Kanjeng Nabi piyambak; tuwin inggih dipun akeni bilih ing sadèrèngipun Siti Zainab krama angsal sahabat Zaid, panjenenganipun lan sadhèrèkipun kakung kapéngin supados Kanjeng Nabi Suci piyambak ingkang anggarwa. Lah manawi makaten, punapa ingkang murugaken Kanjeng Nabi Suci boten anggarwa panjenenganipun nalika panjenenganipun taksih kenya? Punapa ing sadèrèng- dèrèngipun Kanjeng Nabi dèrèng naté uninga dhateng panjenenganipun? Kanjeng Nabi punika kaliyan Siti Zainab taksih krabat ingkang celak; nitik punika panginten kados makaten wau boten mèmper babar pisan. Kajawi punika, jaman sadèrèngipun Siti Zainab kagarwa Kanjeng Nabi, dèrèng wonten pranatan hijab (sawarni pingid), sarta bab punika dipun akeni piyambak tuwan Muir. Dados Kanjeng Nabi punika dhateng Siti Zainab sampun uninga nalika taksih kenyanipun, sarta margi Siti Zainab punika taksih kaleres krabatipun Kanjeng Nabi ingkang celak tuwin margi panjenenganipun punika éwonipun para angèstu ing Islam jaman wiwitan, pamirsanipun Kanjeng Nabi dhateng Siti Zainab wau terang sanget, punapa malih Siti Zainab piyambak, dalah krabatipun, punika kapéngin kagarwa ing Kanjeng Nabi. Lah manawi makaten, nama mokal sèwu mokal manawi sulistyaning suwarninipun Siti Zainab ing kalanipun taksih kenya boten saged narik panggalihipun Kanjeng Nabi, mangka ing pawingkingipun sareng kapirsanan saking sajawining konten ingkang menga sapalih, saged mahanani Kanjeng Nabi kegiwang panggalihipun, ngantos supé bilih sahabat Zaid kaliyan panjenenganipun punika taksih wonten sasambetanipun ruhani lan sasambetan mimitran. Mokal sèwu mokal saged

Para papanthan Juz XXII 1136

38 Ora ana alané ing atasé Nabi anindakaké apa kang didhawuhaké déning Allah marang dhèwèké:1992

iku wis angger-anggering Allah tumrap para kang wus kaliwat ing biyèn: lan paréntahing Allah iku sawijining pepesthèn kang wus pinasthi:

39 Para kang padha anekakaké ayahaning Allah sarta wedi ing Panjenengané, tuwin ora wedi ma-rang sapa-sapa kajaba Allah; lan wis cukup Allah kang angétung.1993

40 Muhammad iku dudu bapak-né salah sawijining wong-wongira lanang, ananging Utusaning Allah sarta pungkasaning para nabi; lan Allah iku marang samubarang Udani.1994

kelampahan makaten. Dados cacriyosan wau cacriyosan ingkang nglengkara, boten mèmper sanget; sok tiyanga ingkang jangkep akalipun mesthi boten ngandel dhateng cacriyosan wau. Nanging panggething dhateng agami sanès tumrap golongan Nasrani, sakalangkung kandel, ngantos kasdu kémawon ngedalaken pangawon-awon ingkang samanten tanpa mawi ngèngèh-ngèngèh.

1992. Rèhning sampun kaidèn Kanjeng Nabi anggarwa Siti Zainab, kedahipun panjenenganipun boten kandheg namung margi kuwatos bokbilih tiyang mancahi tindakipun. Menggah ing sajatosipun, adrengipun Kanjeng Nabi ing sakawit, murih Siti Zainab karsa nglampahi kaliyan Zaid, tumiyunging panggalihipun Siti Zainab lajeng karsa nglampahi karana mituruti karsanipun Kanjeng Nabi, boten atutipun kaliyan Zaid, ngantos dumugining pipisahan, punika sadaya kalangkung anggènipun anjalari runtaging panggalihipun Siti Zainab. Boten wonten malih marginipun lajeng angicalaken runtaging panggalih wau, kajawi manawi Kanjeng Nabi piyambak lajeng tumiyung panggalihipun dhateng prakawis ingkang ing sakawit boten karsa nglampahi, inggih punika anggarwa Siti Zainab. Dados anggènipun Kanjeng Nabi lajeng anggarwa Siti Zainab, punika margi saking welasipun dhateng panjenenganipun, boten margi andurusi karsanipun Kanjeng Nabi piyambak, awit manawi karsanipun Kanjeng Nabi, wiwit nalika Siti Zainab dèrèng krama angsal sahabat Zaid, boten kados makaten wau. Lah sareng Siti Zainab mituhu lan ambangun-turut, inggih punika sarana narimahaken panggalih karsa nglampahi krama ingkang mlèsèd kaliyan pangajeng-ajengipun, mangka ingkang murugaken pipisahan punika sahabat Zaid, lah nama kirang mungguh manawi Kanjeng Nabi lastantun boten karsa mi-nangkani pangajeng-ajengipun Siti Zainab.

1993. Pratélan ingkang nerangaken bilih tiyang ingkang tinanggenah ngampil ayahaning Pangéran boten ajrih dhateng sinten-sintena kajawi namung dhateng Allah piyambak, punika saged anerangaken pratélan ing ayat 37, ingkang nerangaken bilih Kanjeng Nabi ajrih dhateng manusa; kados déné ingkang sampun kacetha wonten ing tafsiripun, nitik lalampahan wau, Kanjeng Nabi punika boten kok ajrih utawi kuwatos dhateng manusa, nanging nguwatosaken manusa, bokbilih sami dhumawah ing sasar.

1994. Tembung Khâtam punika tegesipun ingkang asli cap, tegesipun ingkang kaping kalihpéranganipun satunggaling barang ingkang wekasan utawi ingkang telas-telasan. Déné teges ingkang kaping kalih wau tegesipun ingkang asli tembung khâtim. Sanajan sampun dipun akeni bilih Kanjeng

Surat 33 Panyéda dhateng Kanjeng Nabi Suci 1137

RUKU’ 6

Panyédha dhateng sugengipun asésémahan Kanjeng Nabi Suci

41-44. Para mukmin kawedalaken saking pepeteng. 45-48. Tembung panyédhanipun para kafir. 49-52. Pikramanipun saha pegatipun Kanjeng Nabi Suci.

41 É, para kang padha angèstu! padha élinga ing Allah kalawan éling kang akèh.1995

Nabi Suci punika wekasanipun para nabi, sarta babad inggih anedahaken bilih boten wonten nabi ingkang rawuh ing jagad ing sapengkeripun Kanjeng Nabi Suci, suprandéné Quran Suci meksa ngagem tembung khâtam, boten khâtim, jalaran tetembungan capé para nabi punika langkung lebet tegesipun katimbang kaliyan tetembungan wekasaning para nabi. Menggah ing sajatosipun, tembung wau mengku teges pungkasan sinembuh mengku sampurnaning sifat-sifatipun kenabian, sinembuh malih lastantuning tumurunipun sawenèh nugrahanipun kanabian wonten ing antawising pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Suci. Panjenenganipun punika capipun para nabi, awit kalayan rawuhipun panjenenganipun, ingkang kasedya ing kanabian, gumelaring karsanipun Pangéran wonten ing dalem angger-angger ingkang kedah dados tuntunanipun manusa sadaya, kasampurnakaken babar pisan wonten ing angger-angger ingkang sampurna ingkang kawahyokaken wonten ing Quran Suci. Sarta panjenenganipun punika caping para nabi, awit sawenèh nugraha kados ingkang kaparingaken dhateng para nabi, punika ing salami-laminipun badhé tansah dipun paringaken wonten ing antawising pandhèrèkipun. Pakaryanipun nabi punika namung perlu kanggé nuntun manusa, sarana maringi angger-angger ing para manusa, utawi sarana ngicali boten sampurnanipun angger-angger ingkang sampun, ingkang taksih wonten nalika punika, utawi sarana maringi tuntunan énggal murih cocogipun kaliyan kabetahanipun jaman, margi kawontenaning babrayanipun manusa ingkang rumiyin-rumiyin boten mathuk manawi dipun turunana angger-angger ingkang sampurna, ingkang nocogi kaliyan kabetahanipun sagung para manusa ing pundi-pundi panggènan. Awit saking punika mila tansah wonten kémawon nabi ingkang kautus. Nanging lumantar Kanjeng Nabi Suci, angger-angger ingkang sampurna kaparingaken; angger-angger punika tansah cocog kaliyan kabetahanipun sadaya jaman tuwin sadaya nagari, sarta angger-angger punika kareksa saking sawarnining karisakan, awit saking punika mila pakaryan kanabian punika sampun boten kabetahaken malih. Nanging ingkang makaten punika boten teka ateges, bilih nugrahanipun Pangéran kados ingkang sampun kaparingaken dhateng para kawula-Nipun ingkang pinilih, punika boten badhé dipun paringaken dhateng kawula ingkang pinilih ing wekdal ingkang badhé dhateng. Manusa sampun boten ambetahaken angger-angger énggal, awit sampun kaparingan angger-angger ingkang sampurna. Nanging manusa taksih betah tampi nugrahaning Pangéran. Wondéné nugraha ingkang ageng piyambak, punika ilhaming Pangéran. Islam angakeni bilih Pangéran ing sapunika taksih kepareng ngandika dhateng kawula-Nipun ingkang pinilih, kades déné anggè-Nipun ngandika ing jaman ingkang sampun-sampun, boten prabéda kaliyan anggèning Panjenenganipun miarsa lan Ngudanèni ing sapunika, punika inggih kados déné anggèning Panjenenganipun miarsa lan Ngudanèni ing jaman ingkang sampun-sampun. Saged ugi, sarana margi punapa kémawon, kabetahanipun manusa saged dipun cekapi; nanging sifat-sifatipun Pangéran boten kèndel-kèndel anggènipun-makardi.

Andharan ing nginggil kakiyataken hadits sabda pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci .makaten jawinipun: kanabian wis ora ana manèh, sing ana mung

pawarta bubungah. Kanabianipun piyambak sampun boten wonten, nanging salah sutunggaling nugrahanipun taksih tetep wonten, sarta badhé tansah wonten ing salami-laminipun wonten ing antawising para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Suci. Milanipun panjenenganipun punika ugi kasebut bapa ruhani, jalaran panjenengaipun sampun andadosakan para pandhèrèkipun ing salami-laminipun wenang maris salah satunggaling nugrahanipun kanabian. Dados nadyan kanabian sampun kapunggel rawuhipun Kanjeng Nabi Suci, sapéranganing kanabian taksih dipun lastantunaken ing salami- laminipun badhé dipun paringaken dhateng pandhèrèkipun Kanjeng Nabi ingkang sajati.

1995. Ruku’ punika ngrembag bab pikramanipun saha pegatipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang

Para papanthan Juz XXII 1138

42 Sarta padha maha sucèkna Panjenengané ésuk lan soré.

43 Panjenengané iku kang an-dhawahaké wilasa marang sira (mangkono uga) para malaikat-É, supaya Panjenengané ametoké sira saka pepeteng lilimengan marang papadhang; lan Panjenengané iku marang para mukmin Maha-welas.1996

44 Pakurmaté ing dina bakal sapatemoné karo Panjenengané: Rahayu, sarta Panjenengané wus anyawisi ganjaran minulya tumrap marang dhèwèké.

45 O, Nabi! sayekti Ingsun wus angutus sira minangka saksi sarta minangka juru warta becik tuwin minangka juru-pépéling,

46 Sarta minangka juru angajak-ajak marang Allah kalawan idining Panjenengané apa déné minangka obor kang madhangi.1997

47 Lan amartanana becik marang para mukmin, yèn bakal padha olèh kanugrahan gedhé saka ing Allah.

margi saking punika para mengsahipun Kanjeng Nabi sanget anggènipun ngawon-awon dhateng panjenenganipun. Awit saking punika mila ruku’ punika dipun bukani mawi dhawuh pratélan mahasucèkaken Pangéran, ingkang lajeng anuwuhaken pupuntoning pamanggih, bilih mokal yèn ta Kanjeng Nabi Suci punika kasèrènan sifat boten suci.

1996. Dhawuh punika ugi anggelaraken bukti bilih Kanjeng Nabi punika suci mulus. Anggèning para sahabatipun Kanjeng Nabi kawedalaken saking salebetipun pepetenging kabodhoan punika lantaran pambangunan ingkang katindakaken Kanjeng Nabi Suci. Manawi makaten, punapa boten nama mokal, manawi tiyang ingkang sampun saged nucèkaken ing tiyang sanès teka awakipun piyambak boten suci? Bukti punika kagelar kalayan langkung wiyar lan cetha pratéla wonten ing ayat-ayat sambetipun.

1997. Dhawuh punika mengku teges kalayan terang, bilih tiyang ingkang sampun saged nyukani papadhang dhateng ngasanès, tuwin ngentas piyambakipun saking juranging kanisthan lan pamurangsarak, sarta ngangkat ing ngaluhur dhateng kasucèn lan kasampurnan ingkang inggil piyambak, punika mokal yèn ta awakipun piyambak boten suci.

Surat 33 Panyéda dhateng Kanjeng Nabi Suci 1139

48 Lan aja sira manut marang para kafir lan para lamis, sarta aja mraduli tembung panyédhané,1998

tuwin kumandela maring Allah; lan wis cukup Allah iku minangka pangayoman.

49 O, para kang padha angèstu! manawa sira anikah para mukmin wadon, banjur padha sira pegat ing sadurungé sira gepok, lah tumrap marang dhèwèké sira ora duwé wawangening mangsa kang sira wilang;1999 banjur sira wènèhana pasadhiyan sawatara sarta sirabalèkna kalawan bali kang becik.

50 O, Nabi! sayekti Ingsun wus angalalaké tumrap sira rabinira,2000

1998. Ayat-ayat ingkang sampun, mengku suraos nerangaken lepatipun panyédha saha pangawon-awonipun mengsah dhateng Kanjeng Nabi margi anggènipun krama marambah-rambah. Ingkang makaten wau kacethakaken malih wonten ing dhawuh ngriki, awit ing ngriki Kanjeng Nabi kadhawuhan sampun ngantos sungkawa ginemipun mengsah ingkang nyakitaken manah, sarta kadhawuhan kumandel dhateng Allah, awit Panjenenganipun ingkang badhé rumeksa dhateng panjenenganipun saking piawoning panyédhanipun mengsah wau. Kula aturi mirsani 3:185.

1999. Mila pranatan punika kadhawuhaken wonten ngriki, ing dhawuh ingkang mangandikakaken bab pikramanipun Kanjeng Nabi Suci, punika ambokmanawi kémawon margi wonten gagayutanipun ingkang mligi kaliyan pikramanipun Kanjeng Nabi kaliyan satunggaling pawestri ingkang namanipun Asma’ anakipun èstri Nu’man Kindi. Kanjeng Nabi dèrèng ngantos salulut kaliyan piyambakipun, piyambakipun nyuwun pegat, sarta Kanjeng Nabi inggih minangkani kajengipun èstri wau. Dipun riwayataken bilih Bagéndha ‘Umar mutusaken piyambakipun boten kaanggep garwanipun Kanjeng Nabi.

2000. Tumrap para tukang nyédha, pikramanipun Kanjeng Nabi Suci punika dados pirantos ingkang enggel piyambak kanggé ngawon-awon panjenenganipun; malah keladukipun para guru agami Nasrani ingkang asor budinipun ngantos mastani bilih panjenenganipun punika satunggaling tiyang ingkang remen nguja hardaning hawanapsunipun, sanajan ta sawenèh panuntunipun ruhani ingkang dipun pundhi-pundhi wonten ingkang misuwuripun kagungan garwa ngantos satus. Awit saking punika mila ing ngandhap punika kula badhé nerangaken bab pikramanipun Kanjeng Nabi satunggal-satunggal. Anggènipun krama sapisanan Kanjeng Nabi punika nalika yuswa salangkung taun, angsal Siti Khadijah ingkang sampun randha, yuswa kawandasa taun, dados langkung sepuh katimbang lan yuswanipun Kanjeng Nabi kaot gangsalwelas taun. Ngantos sasédanipun Siti Khadijah nalika ngajengaken Hijrah kirang tigang taun, ingkang nalika punika Kanjeng Nabi sampun ngancik dados priyantun sepuh yuswa sèket taun, ngemungaken kaliyan Siti Khadijah wau kémawon, boten wonten sanèsipun malih, kanthinipun Kanjeng Nabi nalika panjenenganipun sugeng dados priya taruna lan dados “tiyang.” Kawontenan punika kémawon sampun cekap kanggé nélakaken gorohipun para tukang ngawon-awon ingkang asor ing budi, ingkang mastani bilih panjenenganipun punika tiyang ingkang ngawula ing hawanapsunipun. Sasédanipun Siti Khadijah, Kanjeng Nabi lajeng krama angsal Siti Saudah tuwin Siti ‘Aisyah; ing nalika punika Kanjeng Nabi taksih tetep wonten ing Makkah. Sami-sami garwanipun Kanjeng Nabi, ngemungaken Siti ‘Aisyah wau piyambak, ingkang nalika ka-garwa Kanjeng Nabi taksih kenya.

Ar. ‘iddah

Ar. eculnaAr. ucul

Para papanthan Juz XXII 1140

Ar. apa kang maskawiné sira wis mènèhi, sarta para kang kadarbé ing tanga-nira tengen saka paparinging Allah marang sira dadi tawanan perang, apa déné anak wadoné pamanira saka bapa, sarta anak wadoné bibèkira saka bapa, lan anak wadoné pamanira saka biyung, sarta anak wadoné bibèkira saka biyung, kang keplayu (atinggal omah) anyartani sira; sarta wong wadon mukmin yèn masrahaké awaké marang Nabi manawa Nabi arep yèn anikaha dhèwèké –

Lajeng ketungka lalampahan ngungsi dhateng Madinah. Sasampunipun Hijrah, marambah-rambah

Kanjeng Nabi perang kaliyan mengsah-mengsahipun, titiyang Quraisy utawi pancer-pancer Arab ingkang mihak dhateng tiyang Quraisy sarta nganiaya para Muslimin. Peperangan punika mahanani cacah jiwanipun tiyang jaler lan tiyang èstri kathah sungsatipun (kathah tiyang èstri). Kathah pandhèrèkipun Kanjeng Nabi ingkang kinasih tiwas wonten ing palagan nalika tumut peperangan lumawan mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi lan para sahabat ingkang taksih sugeng kejibah ngopèni brayatipun ingkang sami tiwas wonten ing paprangan wau. Nalika prang Badr, Khunais anakipun Hudhafah tiwas wonten ing peperangan, Siti Hafsah ingkang setyatuhu, inggih punika putranipun èstri Bagéndha ‘Umar, dados randha. Bagéndha ‘Umar nawèkaken putranipun dhateng Bagéndha Utsman supados kagarwa, nanging Bagéndha Utsman boten karsa, lajeng dhateng Bagéndha Abu Bakar, inggih boten karsa, wasana lajeng kagarwa Kanjeng Nabi Suci nalika taun Hijrah ingkang kaping tiga.

Nalika perang Uhud, Abdullah anakipun Jahsy séda syahid: ing taun punika ugi randhanipun Abdullah, Siti Zainab putranipun Khuzaimah kagarwa ing Kanjeng Nabi. Taun candhakipun Abu Salmah séda, randhanipun, Ummi Salmah, kagarwa ing Kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi ugi anggarwa priyantun putri ingkang asma Siti Zainab. Lalampahanipun kaandharaken wonten ing ruku’ ingkang sampun, ngantos dumuginipun sahabat Zaid megat Siti Zainab. Kanjeng Nabi anggarwa Siti Zainab wau nalika taun Hijrah ingkang kaping gangsal, margi wonten lalampahan kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng. Ummi Habibah, salah satunggaling pandhèrèkipun Kanjeng Nabi ingkang setya, tumut ngungsi kaliyan ingkang jaler, ‘Ubaidullah, dhateng nagari Habasyah. Ing Habasyah ingkang jaler dados tiyang Nasrani, sareng ingkang jaler ngajal, Siti Ummi Habibah kagarwa ing Kanjeng Nabi nalika taun Hijrah kaping pitu.

Kajawi randhanipun tiyang mukminin, ingkang dipun ayomi Kanjeng Nabi wau, panjenenganipun ugi anggarwa randhaning mengsahipun titiga, sarta sadaya punika saged mahanani manunggil saha sayuk-rukunipun tiyang sapancer sadaya. Titiga wau inggih punika: Siti Juwairiyah, Maimunah, tuwin Shafiyyah, ingkang kagarwa ing Kanjeng Nab nalika taun Hijrah kaping nem lan kaping pitu. Bab prakawis kawontenanipun salah satunggaling titiga punika, cekap kasebutaken bilih nalika Kanjeng Nabi anggarwa Siti Juwairiyah wau, wonten tiyang Bani Mushthaliq iangkung saking satus kulawarga, ingkang lajeng dipun mardikakaken sanalika déning para Muslimin. Siti Juwairiyah punika kagolong tiyang pancer Bani Mushthaliq wau.

Dados tétéla sadaya pikramanipun Kanjeng Nabi Suci, punika manawi boten karana welas dhateng randhaning pandhèrèkipun ingkang setya-tuhu, inggih karana badhé nyegah tuwuhing peperangan kaliyan sawenèh pancer sarta karana damel pirukun kaliyan sawenèh pancer. Kula aturi mirsani ugi 535, ing ngriku katerangaken bilih idin wayuh, punika anggènipun kaparingaken manawi wonten kawontenan ingkang kados makaten wau. Kathah para sahabatipun Kanjeng Nabi ingkang nulad ing panjenenganipun. Mirsanana tgi 2007, 1985 tuwin 1989.

Surat 33 Panyéda dhateng Kanjeng Nabi Suci 1141

mligi tumrap marang sira, ora tumrap para mukmin (liyané);2001

temen Ingsun angudanèni apa tata-nan kang wus Ingsun tamtokaké ing atasé dhèwèké tumrap ing para rabiné sarta apa kang kadarbé tangané tengen, supaya aja ana kuciwa ing atasé sira, lan Allah iku Apara-marta, Mahaasih.

51 Diwenangaké tumrap marang sira aninggal dhèwèké endi sing dadi karepira sarta diwenangaké anunggal sapa sing dadi karepira, apa déné sing sira tinggal sawatara suwéné, endi sing sira karepaké (manèh), lah ora cacad ing atasé sira; iki luwih prayoga amurih adhema mripaté sarta aja susah, apa déné kabèh padha senenga atiné kalawan apa pawèwèhira marang dhèwèké;2002 lan Allah iku angudanèni apa kang ana ing sajroning ati-atimu; lan Allah iku Udani, Aris.

2001. Ingkang sampun dhawuh punika dipun suraos warni kalih, inggih punika: miturut Imam Abu Hanifah, mengku suraos, Kanjeng Nabi Suci kaparingan wewenang ingkang mligi, kénging anggarwa satunggaling tiyang èstri tanpa maringi maskawin, samangsa tiyang èstri wau mulung saking kajengipun piyambak nyuwun supados kagarwa Kanjeng Nabi: miturut Imam Syafi’i mengku suraos, tiyang èstri ingkang sampun kagarwa Kanjeng Nabi Suci boten kénging kapendhet sémah tiyang sanès (Rz). Ngemungaken punika kémawon wewenang ingkang mligi kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci. Nanging kosokwangsulipun, Kanjeng Nabi inggih boten dipun keparengaken megat garwa-garwanipun, mangka para pandhèrèkipun kénging kémawon megat sémah-sémahipun. Mirsanana 2004.

2002. Ayat punika kedah dipun cundhukaken kaliyan ayat 28 tuwin ayat 29, ingkang andhawuh-aken, para garwanipun Kanjeng Nabi kénging milih salah satunggal, punapa lastantun tetep andhèrèk Kanjeng Nabi, punapa pisahan. Ing dhawuh ngriki Kanjeng Nabi ugi kaparingan pamilih ingkang kados makaten wau. Nalika para garwanipun Kanjeng Nabi sami milaur manggung sugeng pasaja kaliyan panjenenganipun, boten karsa pisah kaliyan panjenenganipun murih pikantuk barang-barang dunyawi, panjenenganipun ugi boten kirang-kirang anggènipun mrihatosaken dhateng para garwa wau; tandha-nipun, nadyan panjenenganipun kaparingan wewenang milih garwanipun, pundi ingkang dipun karsakaken tetep andhèrèk panjenenganipun, suprandéné panjenenganipun boten karsa migunakaken wewenang milih wau kalayan ingkang sakinten saged mitunani dhateng salah satunggaling garwa- garwa wau; kosokwangsulipun, sadaya dipun lastantunaken andhèrèk panjenenganipun, awit sadaya inggih sami milih tetep andhèrèk ing panjenenganipun. Menggah ing sajatos-jatosipun, dhawuh ingkang mungel (murih) kabèh padha senenga atiné kalawan apa pawèwèhira marang dhèwèké,punika mengku karsa nuju dhateng dhawuh ing ayat 28 tuwin ayat 29. Suraosipun: dhawuh punika anggelar ririgen anyar grès, ingkang kakalihipun (Kanjeng Nabi lan ingkang garwa-garwa) kaparingan

Para papanthan Juz XXII 1142

52 Ing sawusé iku2003 ora kena tumrapé sira anjupuk wong wadon, lan ora kena sira asalina bojo kalawan wadon liya,2004 sanajan éndahé angédabaké sira, kajaba kang kadarbé tanganira tengen;2005

lan Allah iku marang samubarang Mulat.

RUKU’ 7

Tatanan babrayan ing griya

53, 54. Padalemanipun Kanjeng Nabi sarta panyilahing pérangan padunungan para garwa. 55. Palilah tumrap para kulawangsa. 56-58. Pandakwa ingkang dora dhateng Kanjeng Nabi sarta para mukmin.

53 É, Para kang padha angèstu! aja padha malebu padalemaning Nabi kajaba manawa idin wus kaparingaké marang sira lumebu mangan, ora (dadak) angentèni rampungé pangolahé – ananging samangsa sira ditimbali, banjur padha malebua lan samangsa sira wis mangan banjur padha bubar ana – lan aja (dadak) arep angru-ngokaké marang catur; sayekti iki andadèkaké ribeding Nabi, ana-nging dhèwèké rikuh marang sira, lan Allah ora rikuh marang barang bener. Lan samangsa sira anjaluk apa-apa marang dhèwèké lah anja-luka saka saburining aling-aling;2006

wewenang milih ingkang kalayan mardika sarta fihak kakalihipun kadhawuhan nyingkur titimbangan sanès-sanèsipun, angemungna mamrih suci murnining tatangsulipun sésémahan.

2003. Sareng para garwanipun Kanjeng Nabi sami milih lastantun andhèrèk ing Kanjeng Nabi, Kanjeng Nabi Suci lajeng kawatesan,inggih punika: panjenenganipun boten dipun keparengaken krama malih. Sasampunipun taun Hijrah ingkang kaping pitu inggih punika sasampunipun ayat punika katurunaken, Kanjeng Nabi boten naté krama malih.

2004. Punika ugi wawates malih: inggih punika: Kanjeng Nabi boten dipun keparengaken megat salah satunggaling garwanipun ingkang sampun milih andhèrèk ing panjenenganipun.

2005. Kang kadarbé tanganira tengen punika tegesipun para garwa ingkang sampun kagarwa ing Kanjeng Nabi kalayan apsah.

2006. Tatanan babrayan ingkang éndah punika, déning raosipun panggething golongan Nasrani ugi dipun anggep mengku pamrih mikantukaken dhiri pribadhi. Kedah dipun èngeti bilih tatanan babrayan punapa kémawon, ingkang kedah katindakaken dhateng sariranipun Kanjeng Nabi Suci, punika meng-

Ar. marang

Ar. takon (i.p. para garwanipun Kanjeng Nabi)

Surat 33 Tatanan babrayan 1143

iki luwih suci tumrap atinira lan atiné; lan ora mungguh tumrapé sira yèn ta sira padha andadèkna ribeding Utusaning Allah, sarta ora mungguh yèn ta sira anikaha para rabiné ing sapungkuré salawasé:2007

sayekti iki tumraping Allah pra-kara kang gedhé.

54 Manawa sira padha ange-dhèng sawijining prakara utawi anyingidaké, lah sayekti Allah iku marang samubarang Udani.

55 Ora cacad ingatasé dhèwèkéapatemon karo bapak-bapakné utawa anak-anaké lanang utawa sadulur-saduluré lanang utawa anak-anaké lanang para saduluré lanang utawa anak-anaké lanang para saduluré wadon utawa para wadoné dhéwé utawa kang kadarbé ing tangané tengen; lan dipadha ru-meksa ing (wajibira marang) Allah;

gah ing sajatos-jatosipun tatanan, ingkang kedah katindakaken déning sintena kémawon wonten ing sasrawunganing babrayan. Quran boten namung mulangaken budipakerti ingkang luhur kémawon, nanging ugi mulangaken patrap ingkang saé, jalaran Quran makaten winahyakaken kanggé sadaya manusa. Wonten ing ayat punika Quran nganggep asor dhateng adat-tata-cara ingkang andadosaken ribedipun tiyang ingkang gadhah griya, samangsa piyambakipun ngajak mitra-mitranipun medal sasarengan wonten ing griyanipun, kadosta sarana dhateng sadèrèngipun dumugi wekdal ingkang katamtokaken utawi kantun wonten ngriku perlu jagongan lalawora ing sasampunipun kembul nedha. Punika tatanan ingkang kedahipun katindakaken sadaya tiyang Islam satunggal dhateng satunggalipun, makaten ugi tumrap dhateng Kanjeng Nabi Suci. Makaten ugi tatanan bab tiyang jaler sanès wicantenan kaliyan tiyang èstri kedah saking sawingkinging warana punika inggih kedah katindakaken sadaya tiyang Islam tumrap dhateng sadaya tiyang Muslimat, dados boten namung dhateng para garwanipun Kanjeng Nabi kémawon.

2007. Rekaos manawi tiyang badhé nyuraos pangandika punika tuwuh saking butajenganipun Kanjeng Nabi. Para garwanipun Kanjeng Nabi punika sadaya randha, namung Siti ‘Aisyah piyambak ingkang sanès randha, dalasan Siti Zainab punika inggih randha pegat. Krana ngaosi Kanjeng Nabi, déné wonten pangandika punika. Manawi tiyang purun nglimbang-nglimbang sawatawis, mesthi badhé angsal pupuntoning pamanggih, bilih saupami boten wonten pangandika punika, saged tuwuh wonten prakawis ingkang ruwet warni-warni. Salah satunggaling maksud ingkang kasedya ing pikramanipun Kanjeng Nabi, punika badhé anggelar ingkang kalayan sanyata-nyatanipun lalampahan-lalampahan wigatos ingkang dipun alami Kanjeng Nabi, nanging ingkang namung saged kasumerepan wonten ing kalanganing kulawarganipun Kanjeng Nabi. Lah, manawi garwa titilaranipun Kanjeng Nabi wonten ingkang nglampahi krama malih, boten kénging boten mesthi badhé mitunani maksud wau, jalaran tilas garwa wau saged éwah pamanggihipun margi kadayan anggènipun krama kaliyan tiyang jaler sanès. Langkung-langkung malih ingkang makaten wau saged nuwuhaken pepecahan, sarta punika cepak

(i.p. para garwanipun Kanjeng Nabi)Ar. ingdalem

Ar. lan ora

Para papanthan Juz XXII 1144

sayekti Allah iku marang samu-barang aneksèni.2008

56 Sayekti Allah lan para mala-ikat-É padha angrahmati marang Nabi (Muhammad); O, para kang padha angèstu! padha sira anyu-wuna rahmat tumrap dhèwèké sar-ta padha atura pambagiya kalawan pambagiya (kang mungguh).2009

57 Sayekti, para kang padha angucapaké ala marang Allah lan Utusan-É,2010 iku Allah angla’nati ana ing donya lan akhirat sarta anyawisi siksa kang angenakaké.

58 Lan para kang padha angu-capaké ala marang para mukmin lanang lan para mukmin wadon kalawan tanpa ana buktiné pang-gawéné, lah temen iku padha anggèndhong pandalih goroh lan dosa kang tétéla.

RUKU’ 8

Tiyang ingkang sami nyebar pangawon-awon

59. Para èstri kedah nganggé kudhung nglèmbrèh, supados dipun pakéringi. 60-62. Pidananipun para lamis. 63-68. Pidananipun para kafir.

kelampahanipun; kula aturi angèngeti pecahipun tiyang Islam dados golongan Ahli Sunnah kaliyan golongan Syi’ah punika tuwuhipun margi saking mihak dhateng tedhak turunipun Siti Fatimah, putra-putrinipun Kanjeng Nabi.

2008. Tembung kriya ittaqîna (tembung agnya jama’ tumrap èstri kathah), punika anedahaken bilih ingkang katuju ing dhawuh punika para garwanipun Kanjeng Nabi.

2009. Nyuwunaken nugrahaning Pangéran dhateng Kanjeng Nabi Suci, punika kasebutaken wonten ing ngriki gagandhèngan kaliyan pandalih palsu dhateng panjenenganipun ing bab prakawis pikramanipun. Suraosipun: pandalih-pandalih bangsanipun ingkang kados makaten wau badhé kasirnakaken déning nugraha ingkang badhé kajawahaken dhateng panjenenganipun déning Gusti Allah, sarwi anedahaken bilih panjenenganipun punika suci amulus sarta saged sasambetan kaliyan Tuking kasucèn.

2010. Tembung yu’dhun ingkang kasebut ing ngriki punika asal saking tembung adhâ, ingkang ugi kasebut wonten ing ayat 48 ing surat punika tuwin ing 3: 185, tegesipun: ginemipun para kafir tuwin para lamis ingkang anyerik-nyerikaken, ingkang awujud pandalih palsu dhateng Kanjeng Nabi Suci. Suraosing tembung ingkang makaten punika, katerangaken kalayan langkung cetha malih wonten ing ayat sambetipun, ing ngriku tembung wau ugi dipun agem tumrap dhateng para mukmin, salajengipun dipun terangaken wonten ing dhawuh ing wekasaning ayat, ateges pandalih goroh dhateng para mukminin.

Ar. apa

Ut. kalupu-tan

Surat 33 Tiyang ingkang sami nyebar pangawon-awon 1145

59 O, Nabi! calathua marang para rabinira lan anak-anakira wadon sarta wadoné para mukmin padha anglèmbrèhna kudhungé ing awaké; iki luwih prayoga supaya padha kinawruhan, dadi ora padha kataman riribed; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih.2011

60 Manawa para lamis lan para kang sajroning atiné ana lelalarané sarta para kiyanat tukang angojok-ojoki ing sajroning kutha ora marèni, masthi Ingsun bakal angu-lungaké dhèwèké marang sira, tumuli dhèwèké ora dadi tatang-ganira ing kono, kajaba sadhéla.

61 Kena ing la’nat: tinemua ing ngendi baé, bakal padha cinekel sarta pinatènan kalawan pati (pinrawasa).2012

62 (Mangkono iku wis) pranata-ning Allah tumrap para kang wus kapungkur biyèn; lan sira ora bakal mrangguli owah-owahan tumrap pranataning Allah.2013

63 Para manusa padha takon ing sira prakara titiningmangsané. Ca-lathua: kaweruh prakara iku mung ana ing ngarsaning Allah, lan apa ta kang bakal meruhaké ing sira,

2011. Dhawuh manganggé kukudhung-nglembrèh ing ngriki punika, anggènipun kadhawuhaken kalayan mengku sedya murih tiyang èstri mardika punika sageda pilah kaliyan réncang-tumbasan, ingkang salajengipun supados boten dipun riridhu tuwin dipun kinthil tiyang-tiyang ingkang tumiyung dhateng awon. Awit para titiyang wau mesthinipun lajeng sumerep saking tandha punika, bilih tiyang èstri wau tiyang èstri ingkang suci tuwin mulus, mesthi boten trimahipun manawi dipun cacamah utawi dipun tanduki patrap ingkang kirang prayogi (Rz).

2012. Dhawuh punika lan ayat candhakipun, punika mangandikakaken para titiyang munafék tuwin sawenèh titiyang Yahudi ingkang sami nyebar pawartos awon ing babagan kaum Muslimin. Sadèrèngipun Kanjeng Nabi séda, nagari Madinah sampun resik saking wijining bencana punika.

2013. Kados makaten punika nasib ingkang kasandhang bangsa Yahudi ing saindhenging jagad, sarta inggih kados makaten punika ugi nasibipun para lamis ingkang sami katundhung saking masjid.

Para papanthan Juz XXII 1146

ambokmanawa titimangsané iku wis cedhak.2014

64 Sayekti Allah wus angla’nati para kafir sarta anyawisaké geni murub tumrap marang dhèwèké,

65 Supaya padha manggona lawas ing kono;a ora bakal ana sing ngayomi lan ora (bakal ana) sing mitulungi.

66 Ing dinané rai-rainé padha winalik ing geni bakal padha calathu: O, mbok aku biyèn ambangun-turuta ing Allah lan ambangun-turuta ing Utusan!

67 Lan padha munjuk: Dhuh Pangéran kawula! saèstu kawula sampun ambangun-turut ing para pangajeng kawula saha para ageng kawula, wusana sami nasaraken kawula saking margi:

68 Dhuh Pangéran kawula! mugi piyambakipun sami Tuwan paringi siksa kalih tikelan saha sami Tuwan la’nati kalayan la’nat ingkang ageng.

RUKU’ 9

Pitutur dhateng para mukmin

69. Pandalih awon dhateng Kanjeng Nabi Musa. 70, 71. Margi anggayuh kabegjan. 72. Langit lan bumi sami ambangun turut dhateng angger, ananging manusa boten. 73. Pamidananipun para lamis sarta para kafir.

69 É, para kang padha angèstu! aja padha kaya para kang padha

2014. Titimangsané, punika tegesipun titimangsaning leburipun, kados déné ingkang sampun kawecakaken wonten ing ayat-ayat ingkang sampun.

a. 1201 Ar. padha nemu

Ut. para tutuwané

Surat 33 Pitutur dhateng para mukmin 1147

andalih ala marang Musa, ana-nging Allah angresikaké dhèwèké saka barang pangucapé, lan dhè-wèké iku ing ngarsaning Allah kajèn.2015

70 É, para kang padha angèstu! dirumeksa ing (wajibira marang) Allah, sarta padha angucapa pangu-cap kang jejeg;

71 Panjenengané bakal ambecik-aké tumrap marang sira panggawé-panggawénira sarta angapura marang sira dosanira, lan sapa sing ambangun-turut ing Allah lan Utu-san-É, lah sayekti olèh kabegjan kang gedhé.

72 Sayekti Ingsun wus amaring-aké sasanggeman marang langit-langit lan bumi sarta gunung-gunung, lah padha emoh yèn ora tuhu-tuhua marang iku sarta wedi marang iku, lan manusa ora tuhu-tuhu marang iku; sayekti dhèwèké iku atindak dudu, bodho;2016

2015. Manawi badhé nguningani pandalih palsu ingkang katujokaken dhateng Kanjeng Nabi Musa déning umatipun piyambak, dalasan sadhèrèkipun èstri piyambak, mirsanana Wilangan bab 12. Rèhning ingkang karembag wonten ing surat punika bab pandalih palsu, milanipun ing ngriki lajeng anyebutaken pandalih palsu ingkang katujokaken dhateng Kanjeng Nabi Musa, awit rawuhipun Kanjeng Nabi Suci punika sarupi lan Kanjeng Nabi Musa. Déné wigatosipun, supados dadosa pèpènget, kados pundi nasib ingkang dipun sandhang déning para titiyang ingkang tumut-tumut andalih. Pandalih palsu dhateng Kanjeng Nabi Suci punika sadaya damel-damelanipun para mengsahipun Kanjeng Nabi, sanès damel-damelanipun para pandhèrèkipun; nanging pandalih palsu dhateng Kanjeng Nabi Musa punika damel-damelanipun pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Musa piyambak.

2016. tegesipun ora nuhoni sasanggemané (LL). TA anggènipun merdèni.

yahmilna-hâ, jawinipun padha ora nuhoni iku, déné tegesipun: jawinipun: manusa ora nuhoni iku. Wondéné sababipun katerangaken déning Az:

jawinipun: oraanggawa sasanggeman tegesé dhèwèké padha netepi iku; sarta sing sapa ora tuhu-tuhu marang sasanggeman, ditembungaké anggawa iku (TA). Suraosipun: sagung dumados sami setya tuhu netepi angger- anggeripun (angger-anggering dumadi) ingkang saged nyampurnakaken tumuwuhing kamajenganipun; nanging manusa boten sami setya tuhu netepi angger-angger, mangka jatos jatosipun kabegjanipun manusa punika gumantung ing ngriku punika.

Para papanthan Juz XXII 1148

73 Mulané2017 Allah bakal aniksa para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon sarta para musyrik lanang lan para musyrik wadon sarta Allah bakal bali (Wilasa-Né) marang para mukmin lanang lan mukmin wadon, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih.

2017. Lâm ing ngriki punika lâmu-l-âqibah, milanipun dipun jarwani mulané utawi awit saka iku.Terangipun: angsal-angsalanipun boten tuhu-tuhu dhateng angger-anggering Pangéran, manusa lajeng sami nandhang pidana. Para lamis lan para kafir boten sami tuhu-tuhu dhateng angger-angger, temahan sami nandhang rekaos. Para Muslimin kalayan tuhu-tuhu sumarah dhateng angger-angger wau, temah sami manggih kabegjan.

____________

SURAT 34

AS-SABÂ

(Saba’)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(6 ruku’, 54 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pancasan punika sampun temtu. Ruku’ 2. Pradana tinungka pidana. Ruku’ 3. Kamenangan tumrap para Muslimin. Ruku’ 4. Panuntuning awon. Ruku’ 5. Apesipun para sesembahan palsu. Ruku’ 6. Kasunyatan badhé angrembaka.

Namanipun tuwin gathuking suraosipun

Namanipun surat punika mirid namanipun satunggaling nagari ingkang namanipun Sabâ’, inggih punika ing tanah Yaman, ingkang kalebur déning banjir. Pèpènget ingkang kawarsitakaken wonten ing surat punika, punika kanggé tumrap sadaya bangsa ingkang tinitah ageng saha makmur, nanging dados bandhanganing pangadatan ingkang sarwa luluwihan. Sakéca punika wijining awon, ingkang badhé mahanani karisakan tuwin bibrah. Milanipun ingkang makaten punika dados pèpènget tumrap para titiyang Quraisy, nanging ugi dumunung dados pèpènget dhateng para Muslimin, ingkang tinitah ngratoni bumi nanging lajeng dados bandhaning pangadatan remen among suka pari-suka lan luluwihan, sarta ingkang ing sapunika sami nandhang temahanipun. Pèpènget dhateng titiyang Quraisy punika sampun mapan sanget kapapanaken wonten ing ngriki, awit surat ingkang sampun-sampun mapan sanget kapapanaken wonten ing ngriki, awit surat ingkang sampun-sampun marsitakaken pambudidayanipun ingkang sakatog-katogipun para titiyang Quraisy wau ingkang ing pawingkingipun inggih dipun tindakaken sayektos, murih sirnaning Islam.

Titimangsaning tumurunipun tuwin bab-ipun ingkang kawarsitakaken

Surat punika wahyu Makkiyah sarta kagolong jaman Makkah wiwitan. Ruku’ ingkang wiwitan andhawuhaken pancasan punika sampun tamtu, inggih punika pancasan ingkang kayektènipun punika boten namung badhé kanyataan wonten ing gesang sasampuning pejah kémawon, nanging dalasan ing gesang sapunika punika ugi inggih katingal cetha tumindhakipun. Pancasan punika sami ugi, andhawahi tiyang satunggal-satunggal utawi bangsa-bangsa; ing ruku’ ingkang kaping kalih tuladha warni kalih kasebutaken, wigatos anerangaken kados pundi anggènipun kasirnakaken umat-umat ingkang tuwuh angrembaka sareng sami dhumawah dhateng pangadatan ingkang awon. Awit saking punika para titiiyang Quraisy mesthi inggih badhé kadhawahan pancasan, sarta kapratélakaken wonten ing ruku’ ingkang kaping tiga, bilih sesembahan palsu para Quraisy wau boten badhé migunani sakedhik-kedhika tuwin golongan kakalih badhé tempuk perang, ingkang temahanipun kamenangan wonten ing fihakipun para Muslimin. Ruku’ ingkang kaping sakawan nerangaken kojuripun para panuntun awon, para panuntun kaliyan ingkang sami katuntun sami lepat-linepatan satunggal dhateng satunggalipun. Ruku’ ingkang kaping gangsal nerangaken bilih sesembahanipun piyambak boten saged mitulungi piyambakipun nalika punika, sarta piyambakipun sami badhé kapidana, boten prabéda lan para titiyang ingkang sami angemohi yakti punika mesthi sami kapidana. Ruku’ ingkang wekasan piyambak andhawuhaken bilih yakti mesthi badhé tuwuh angrembaka sarta panggorohan mesthi sirna.

Saba’ Juz XXII 1150

RUKU’ 1

Pancasan punika sampun tamtu

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 (Sakèhing) pangalembana iku kagunganing Allah, Kang kagungansabarang kang ana ing langit-langit lan ing bumi sarta (Kang) kagu-ngan sakèhing pangalembana ing akhirat; lan Panjenengané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada.

2 Panjenengané iku Anguda-nèni apa kang lumebu ing bumi lan apa kang metu saka ing kono, sarta apa kang tumurun saka ing langit lan apa kang munggah ing kono; lah Panjenengané iku Ingkang-Mahaasih; Ingkang-Aparamarta.

3 Lan para kang padha kafir calathu: Titining mangsa iku ora bakal teka ing aku. Calathua: O, iya! dhemi Pangéranku, Ingkang Angudanèni kang ora katon, yekti iku bakal teka ing sira; Panjene-ngané ora kasamaran bobot samen-dhang ing langit-langit lan ing bumi, mangkono uga kang luwih cilik tinimbang iku utawa luwih gedhé, ananging (kabèh iku) ana ing sajroning Kitab kang terang,2018

4 Supaya Panjenengané anggan-jar para kang padha angèstu wedi sarta anglakoni panggawé becik;

2018. Ayat punika nyebutaken angger-angger ingkang gumathok boten saged éwah gingsir, bilih saben pandamel punika mesthi wonten wohipun. Boten wonten satunggal punapa, nadyan alita di kados punapa, ingkang boten saged nukulaken woh. Ayat kakalih candhakipun anggambaraken tumindhak-ipun angger-angger punika: saé angsal ganjaran saé, awon angsal pidana awon.

Ar. kagu-ngan-É

Ar. kagu-ngan-É

Surat 34 Pancasan punika tamtu 1151

iki kang padha olèh pangapura lan rejeki kang minulya.

5 Wondéné para kang padha nyarempeng anjugaraké timbalan-timbalan Ingsun,2019 iki kang padha kasiksa nglarani kang ala.2020

6 Lan para kang padha sinungan kawruh, padha weruh, manawa apa kang katurunaké marang sira saka Pangéranira, iku kasunyatan sarta anuntun marang dadalané Ingkang-Kinawasa, Ingkang-Pinuji.

7 Lan para kang padha kafir calathu: Apa gelem kowé padha dak tuduhi sawijining wong lanang, kang anerangaké marang kowé, yèn samangsa kowé wis padha ajur mumur babar pisan, temen-temen kowé bakal padha didadèkaké titah kang anyar?

8 Dhèwèké iku agawé-gawé goroh tumrap marang Allah apa kadunungan lalara owah. O, balik para kang padha ora angèstu ing akhirat, iku ana ing sajroning siksa sarta sasar kang banget.

9 Lah apa ta padha ora ande-leng barang kang ana sangarepé lan barang kang ana saburiné, yaiku langit lan bumi? Lamun Ingsun angarsakna, dhèwèké bakal padha Ingsun asoraké ing bumi, utawa bakal padha Ingsun tibani

2019. Mu’âjizîn wantahipun ateges merangi tuwin nandhingi tiyang sanès, murih piyambak-ipun boten saged nindakaken satunggaling barang (LL).

2020. Tembung min rijzin punika saged dipun suraos dados sifat-ipun tembung ‘adhâb min-ipun: min bayaniyah; utawi saged dipun suraos nerangaken sababipun ‘adhâb, déné min-ipun min sababiyah.Panyuraos ingkang angka kalih kula sebutaken wonten ing margin. Tembung rijz punika wantahipun ateges jember, mila saged mengku teges awon, utawi pandamel awon, utawi panembah brahala.

Ut. amarga saka alaning panggawéné

Ar. adoh

Ut. sirnak-aké

Saba’ Juz XXII 1152

sisilep saka ing langit; sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap sarupaning kawula kang bali (maring Allah).2021

RUKU’ 2

Pradana tinungka Pidana

10-14. Kados pundi karatonipun Nabi Daud sarta Sulaiman anggènipun dados risak. 15-19. Saba linebur salebetipun saweg seneng. 20, 21. Iblis angajak sasar.

10 Lan sayekti temen Ingsun wus aparing kaluwihan saka (ngarsa-)Ningsun marang Dawud: O, gunung! mbolan-balènana pu-puji (ing Allah) karo dhèwèké2022

sarta manuk-manuk;a lan Ingsun anglemesaké wesi tumrap dhè-wèké,2023

11 Pangandika(-Ningsun): Ga-wéa (kulambi keré) kang longgar,lan ukuren rancangané sarta padha

2021. Punika buktinipun Quran Suci ingkang asring kasebutaken. Para titiyang kafir sami maiben ing wontenipun kiyamat, maiben ing wontenipun gesang sasampunipun pejah, ngemohi dhateng piwulang ingkang adiluhung bilih sadaya manusa tanggel dhateng sadaya pandamelipun, mangka ngemungaken piwulang-piwulang wau ingkang dados dhadhasaring budipakerti ingkang luhur. Awit saking punika para titiyang wau lajeng sami dipun pangandikani, minangka pasaksèn bilih kiyamat punika nyata wonten saèstu tuwin bilih pandamelipun awon punika mesthi wonten wohipun awon, para titiyang wau badhé kapatrapan pidana wonten ing gesang ing sapunika punika ugi, margi saking kadursilanipun. Terangipun malih, piyambakipun badhé kadadosaken asor wonten ing nagarinipun piyambak sarta sami badhé kadhawahan pidana ingkang ambabar pisani anglimputi awakipun, ngantos piyambakipun boten saged wilujeng saking pidana wau

2022. Awwaba punika wantahipun ateges bali (LL); manawi kanggé nembungaken sagolonganipun tiyang, ateges: lalaku ing wayah raina (LL); manawi dipun anggé tembung silihan, âba utawi awwaba,ateges bali saka pandaga marang pambangun-turut utawi ngambal-ambali pupuji ing Pangéran. .

Dhawuh punika limrahipun dipun jarwani: É, gunung-gunung! mbolan-balénana pupuji ing Allah. Miturut sawenèh mufassir, redi-redi sami mumuji ing Allah, punika mengku teges kados déné ingkang kasebut ing Quran Suci bilih sadaya barang ingkang boten gesang sami maha-sucèkaken ing Allah. Miturut mufassir sanès-sanèsipun malih, mengku teges redi-redi wau ngumandhangaken anggènipun mumuji Kanjeng Nabi Dawud kalayan suwantenipun ingkang sora. Nanging nitik anggènipun mawi nyebutaken peksi-peksi, ingkang sami tutwingking wadya ingkang menang (mirsanana 1387), tuwin tosan, kasebutaken sasarengan, punika nedahaken bilih ingkang dipun karsakaken punika kamenanganipun Kanjeng Nabi Dawud. Dados redi-redi sami mumuji, punika mengku teges teluk dhateng Kanjeng Nabi Dawud. Utawi jibâl ing ngriki saged ateges para tiyang ageng (mirsanana 1604); suraosipun: para titiyang punika sami kadhawuhan andhèrèkaken Kanjeng Nabi Dawud nelukaken mengsah.

2023. Gusti Allah anglemesaken tosan tumrap panjenenganipun, punika tegesipun kathah sanget tosan ingkang dipun pigunakaken panjenenganipun wonten ing paprangan-papranganipun, makaten ugi rasukan keré ingkang kasebutaken ing ayat candhakipun.

Ut. sapéra-nganing

a. 1387

Ut. anglako-nana pang-gawé kang sampurna

Surat 34 Pradana tinungka pidana 1153

anglakonana kabecikan; sayekti Ingsun iki angudanèni marang apa kang padha sira lakoni.2024

12 Lan (Ingsun ambangun-turut-aké) angin marang Sulaiman,akang ésuké lakon sasasi sarta ing soréné lakon sasasi,2025 lan Ingsun angi-lèkaké tuk tembaga ajer tumrap marang dhèwèké;2026 lan sawenè-hing jin ana kang padha anyambut gawé ana ing ngarepé kalawan idining Pangéran; lan iku sapa sing ambadal paréntah Ingsun, bakal Ingsun icipaké siksa urubing geni.2027

2024. Bab ingkang karembag wonten ing ayat ingkang sampun dipun lajengaken malih. Kanjeng Nabi Dawud kadhawahan nyamektani sariranipun lan wadyabalanipun kanggé paperangan-paperangan ageng, milanipun rasukan keré punika perlu, inggih punika kanggé rumeksa kawilujenganing gesangipun. Sawenèh mufassir gadhah pamanggih dhawuh punika mengku teges, bilih Kanjeng Nabi Dawud boten dipun keparengaken mundhut bandhaning praja kanggé daharipun, salajengipun panjenenganipun kadhawahan ngupa-boga sarana nindakaken pakaryan kriya, kadosta damel rasukan keré (Kf). Sâbigât punika jama’-ipun sabigah, manawi dados ternbung sifat ateges longgar utawi kathah, déné ing ngriki kasuraos dados tembung aran ingkang dipun sifati, jalaran tetembungan .

tegesipun rasukan keré ingkang longgar. Nanging ugi wonten ukara jawinipun: nugraha ingkang sampurna (TA-LL), sarta punika saged-sagedipun namung dipun tegesi teges ingkang kula sebutaken wonten ing margin, inggih punika: nglakonana panggawé kang sampurna. Tembung sard tegesipun rasukan keré utawi trancanganipun (LL), déné qaddara tegesipun andamel kalayan manut ukuran utawi namtokaken, sarta ugi ateges namtokaken wekdal ingkang tartamtu (Q-LL). Rz nganggé teges ingkang kasebutaken kantun piyambak wau kanggé negesi tembung qaddara ing ngriki, dados suraosipun: Kanjeng Nabi Dawud kadhawuhan sampun migunakaken wekdalipun sadaya kanggé nindakaken pakaryan wau, jalaran jatos-jatosing ingkang sinedya, punika nglampahi pandamel saé.

2025. Suraosipun, baita-baitanipun Kanjeng Nabi Sulaiman saged lalayaran dhateng panggènan lampahan sewulan namung ing salebetipun sadinten, manawi angsal angin ingkang saé. Bab prakawis baita-baitanipun Kanjeng Nabi Sulaiman. kasebutaken wonten ing I Para-raja 9: 26. Nanging inggih kedah dipun pèngeti bilih rîh punika ugi ateges panguwaos utawi papréntahan utawi jajahan (S, TA-LL), dados inggih saged ugi tegesipun punika: kerajanipun Kanjeng Nabi Sulaiman punika wiyar sanget, ngantos mangétanipun lampahan sewulan lan mangilènipun inggih lampahan sewulan.

2026. “Karo déné damel sagarané singen, bukané sapuluh asta, saka ing tepi sisih tutug sisihé” (II Babad 4: 2).

2027. Jin-jin punika boten sanès kajawi tiyang bangsa sanès ingkang katelukaken sarta kaparéntah Kanjeng Nabi Sulaiman tuwin ingkang lajeng kapeksa kapurih nyambut damel. Mirsanana II Babad 2: 12-18: “Wong mau kang pitung leksa padha kapatah pagawéan mikul, kang wolung leksa negor ana ing pagunungan.” Kapèngetana bilih jinn ing ayat punika, punika para syayâthîn ing 38: 37; ing ngriku kapangandikakaken: “(Ingsun ambangun turutaké marang Sulaiman) para sétan, sakèhing ahli yayasan sarta juru-silem;” dados ing ayat wau Quran piyambak anerangaken, bilih syayâthîn utawi sétan-sétan,punika boten sanès inggih para ahli yayasan lan para juru-silem ingkang dipun peksa kapurih tu-mandang ing damel. Tabrizi wonten ing kitabipun ingkang anggancaraken Himasa, jilid satunggal,

a. 1646

Saba’ Juz XXII 1154

13 Iku padha anggawèkaké dhè-wèké apa kang dadi karepé, kaya ta bètèng-bètèng lan pepethan-pepethan, sarta wadhah (gedhé-gedhé) kaya déné jedhing-jedhing, jèdhi-jèdhi kang ora kena dielah-elih;2028 padha anindakna sukur, o, kulawarga Dawud! lan sathithik para kawula-Ningsun kang padha sukur.

14 Ananging bareng Ingsun wus anetepaké pati marang dhèwèké, ora ana kang anuduhaké ing bab patiné marang dhèwèké kajaba gegremeting bumi kang mangan tekené; bareng iku rubuh, jin weruh kalawan terang, yèn, lamun ta padha weruha barang kang ora katon, ora bakal dhèwèké padha lestari dumunung ing siksa kang anginakaké.2029

nerangaken makaten: “Abu ‘Ula nerangaken bangsa Arab asring mungel jinn; tiyang ingkang wegig ngrampungi ing damel dipun sanépakaken kaliyan jinn tuwin syaithân, milanipun manawi piyambakipun badhé nyariyosaken bilih awakipun dados ringkih tuwin asor, piyambakipun lajeng mungel bilih jinn-ipun sampun késah.” Katerangan punika, kawimbuhan malih kateranganipun Quran piyambak, saged ngudari masalah bab jinn tuwin syaithân ingkang dipun mradamelaken déning Kanjeng Nabi Sulaiman.

2028. II Babad 3:7 nyebutaken papager ingkang dipun ukir rerekan kerub; II Babad 4:3 pandamelipun rerekan sapi; 1I Babad 4: 11, 14 bab pandamelipun jedhing, jedhi, kulah, sapiturutipun.

2029. Gegremeting bumi kang mangan tekené (tekenipun Kanjeng Nabi Sulaiman) punika ingkang dipun karsakaken papréntahanipun ingkang ringkih putranipun Kanjeng Nabi Sulaiman, awit inggih nalika putranipun Kanjeng Nabi Sulaiman ngasta papréntahan wau, dados pecah brahipun karajanipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Sampun terang bilih putra ingkang sumilih keprabonipun Kanjeng Nabi Sulaiman, inggih punika Rekhabeam, punika remen sanget nengenaken gesang nglangkungi wates tuwin gesang among suka, boten karsa nindakaken pituturipun para sepuh, malah remen andurusi kakajenganipun para mitranipun tukang nguja kasenengan (I Para-raja 12: 13). Sarta inggih caraning gesangipun ingkang sarwa anglangkungi wates saha sarwa ngéca-éca wau, ingkang dipun karsakaken Quran Suci gegremeting bumi punika. Nedha tekenipun Kanjeng Nabi Sulaiman punika tegesipun mecah karajanipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Déné jinn, kados déné ingkang sampun katerangaken ing ngajeng, punika para pancer ingkang sami mirong, ingkang sampun dipun telukaken Kanjeng Nabi Sulaiman, sarta ingkang ing sawatawis wekdal tetep kebawah tiyang Israil, ngantos dumugining jaman pecah belahipun karajan. Kawontenan punika, makaten ugi kawontenan tutugipun, punika mengku pèpènget tumrap para Muslimin, kados pundi angsal-angsalanipun manawi tiyang punika remen gesang sarwa nglangkungi wates lan manggung mangun suka; émanipun titiyang Muslimin namung purun ngalap paédah sakedhik dhateng pèpènget punika. Nasib ingkang wekasan piyambak kasandhang karajan Islam Daulah Ummawiyah lan Daulah ‘Abbasiyah, sami plek kados déné nasib ingkang kasandhang karajanipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Kula aturi mirsani ugi 7141.

(i.p. para jin)

Surat 34 Pradana tinungka pidana 1155

15 Lan sayekti temen ana sawiji-ning tandha tumrap Saba’ ing pa-dunungané: kebon loro ing tengen lan kiwa; padha mangana rijekiné Pangéranira sarta padha sukura marang Panjenengané: Nagara kang becik sarta Pangéran kang Para-marta!

16 Ananging dhèwèké padha maléngos, mulané Ingsun angutus banjir bandhang anempuh dhè-wèké, sarta kebonné loro dhèwèké Ingsun lironi kebon loro kang wetuné wowohan pait sarta wit atsal tuwin widara sathithik.2030

17 Iki pamales-Ingsun marang dhèwèké amarga saka anggoné padha angafiri; lan Ingsun ora midana sapa-sapa kajaba kang ora weruh ing panarima.

18 Lan saantarané dhèwèké karokutha-kutha kang wus Ingsun barkahi, ing kono Ingsun anda-dèkaké kutha-kutha (liya) kang katon dineleng kalawan gam-pang,2031 lan lalaku ing kono wus Ingsun ukur: padha lalakua ing kono pirang-pirang dina lan pirang bengi, aman.

19 Banjur padha munjuk: Dhuh Pangéran kawula! mugi Tuwan tebihaken antawisipun lalampah-

2030. Saba’ punika satunggaling kitha ing nagari Yaman, ugi winastan Ma’arab, watawis lampahan tigang dinten saking Sana’aa. Jebolipun bendungan ing Ma’arab tuwin risakipun kitha déning banjir, punika kawontenan nyata ingkang kaseksèn ing babad, kelampahanipun nalika kirang langkung abad sapisan utawi abad ingkang kaping kalih Maséhi” (Kateranganipun tuwan Palmer).

Nama salimrah manawi sinebut taman utawi kebon kakalih, jalaran pasiten wiyar ingkang kaulah kawedalaken asilipun, punika ing sisihipun kakalih winatesan ing kebon.

2031. Prenahipun kitha-kitha, satunggal kaliyan satunggalipun rapet ajèjèr-jèjèr, ngantos kitha ingkang satunggal saged tiningalan saking satunggalipun, utawi kitha-kitha wau gampil tiningalan saking margi. Punika nandhakaken makmuripun nagari wau. Kitha-kitha ingkang binarkahan, punika kitha-kithanipun nagari Syam lalayananipun dagang titiyang ing Saba’.

Ut. asem,

Ar. karo antarané

Saba’ Juz XXII 1156

lalampah kawula;2032 lan dhèwèké padha anganiaya awaké dhéwé, mulané padha Ingsun dadèkaké dodongèngan, sarta padha Ingsun buyaraké kalawan buyar babar pisan; sayekti Ing kono iku temen-temen ana tandha-tandha tumrap sarupaning wong kang sabar, sukur.

20 Lan sayekti temen Iblis iku anganggep nyata panyanané ma-rang dhèwèké, lan iki padha miturut dhèwèké, kajaba sapantha yaiku para mukmin.

21 Lan dhèwèké ora duwé kawa-sa marang iki, ananging supaya Ingsun amilahnaa sapa sing angèstu marang akhirat karo sing dumu-nung ing semang-semang ing atasé prakara iku; lan Pangéranira iku Kang-Rumeksa marang samuba-rang.

RUKU’ 3

Kamenangan tumrap para Muslimin

22-24. Para panuntun boten badhé amitulungi. 25-27. Perang sarta putusan. 23. Kanjeng Nabi Suci punika juru pèpènget tumrap sadaya bangsa. 29, 30. Titimangsanipun kalampahaning janji.

22 Calathua: Pada anguwuha para kang padha sira anggep,

2032. Boten susah nyunyuwun kados makaten wau kalayan lésan-lésanipun, para titiyang wau inggih kénging winastan nyunyuwun. Jalaran saged kémawon ingkang kados makaten wau cumethaning kawontenanipun ingkang saèstu para titiyang wau. Terangipun, para titiyang wau boten atur panuwun dhateng nugraha ingkang sampun katampi, nanging malah lajeng dhumawah ing awon, temahan para titiyang wau lajeng sami kadhawahan pidana.

Sawenèh mufassir gadhah paham, bilih panyuwun ingkang kados makaten wau pancèn dipun kajengaken saèstu; déné ingkang kasedya badhé mamrih angsal kauntungan saking titiyang miskin jalaran para titiyang miskin wau lajeng kapeksa langkung dangu anggènipun wonten ing margi (JB).

Nalika nerangaken dadaganganipun Yaman kaliyan Syam, tuwan Muir nerangaken makaten: “Dadaganganipun ageng sanget sarta nyugihaken bangsa wau ......... tuwin, anèhipun, cacahipun pos-pakèndelan Hadlaramaut dumugi Aylah, .... wonten cacah pitung dasa, trep kados wontenipun ing jaman samangké.” Ayat ingkang sampun nyebutaken lampahan ingkang dipun ulur, punika saged ugi ingkang dipun karsakaken inggih pos-pos pakèndelan wau.

Ut. dhèwèké(i.p. para mukmin) a. 185 Ar. saka

Surat 34 Kamenangan tumrap Muslimin 1157

saliyané Allah; dhèwèké iku ora anguwasani bobot samendhang (baé) ing langit-langit lan ing bumi, sarta ana ing sakaroné kono dhèwèké padha ora duwé sakuthu, lan Panjenengané saka ing anta-rané dhèwèké ora kagungan wong kang mitulungi (Panjenengané).2033

23 Lan ora bakal migunani sya-fa‘at iku ana ngarsaning Panjene-ngané, kajaba tumrapé wong kang kaidèn déning Panjenengané.aNganti, samangsa giris wus kabirat saka ing ati-atiné bakal padha calathu: Pangéranmu angandikak-aké apa? Padha bakal amangsuli: Kasunyatan. Lan Panjenengané iku Ingkang-Mahaluhur, Ingkang-Agung.

24 Calathua: Sapa sing angrije-kèni sira saka ing langit-langit lan bumi? Calathua: Allah. Lan sayekti aku utawa kowé iku temen dumu-nung ing dalan bener utawa ing sasar kang tétéla.2034

25 Calathua: Kowé ora bakal pa-dha dinangu prakara kaluputanku lan aku ora bakal padha dinangu prakara panggawému.

26 Calathua: Pangéranku bakal angimpun aku (lan kowé) kabèh; banjur amutusi antarané aku (lan kowé) kalawan bener; lan Panje-nengané iku Juru-mutusi-kang-Agung, Ingkang-Mahawikan.2035

2033. Ingkang dipun karsakaken, apesipun barang ingkang dipun anggep dados sesembahan- sesembahan, dipun suwuni ingkang sami manembah samangsa sami nandhang rekaos inggih boten saged suka pitulungan.

2034. Suraosipun, wis genah kowé padha dumunung ana ing sasar kang pratéla, mangkono uga aku wis genah dumunung ana ing dadalan kang bener.

2035. Punika piweca ingkang wahananipun sampun dipun tetepi nalika prang ingkang rumiyin

Ar. lan ora

a. 79, 339

Saba’ Juz XXII 1158

27 Calathua: Aku tuduhna para kang padha sira golongaké karo Panjenengané dadi sakuthon; ora pisan-pisan (sira bisa). O, balik Panjenengané iku Allah, Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Wicaksana.

28 Lan ora liya Ingsun angutus sira iku kajaba marang sakabèhing manusa, dadi juru martani bubu-ngah sarta juru pépéling, ananging sing akèh manusa iku padha ora weruh.

29 Lan dhèwèké padha calathu: kapan (bakal kalakoné) janji iki, manawa kowé iku padha wong temen?2036

30 Calathua: wus ana katetepan dina sawiji2037 tumrap marang sira, ora bisa sira ngunduraké sadhéla saka ing kono sarta ora bisa sira ngajokaké.

RUKU’ 4

Panuntuning awon

31-33. Para panuntun sarta para pandhèrèkipun sami gentos anglepataken. 34-36. Angéca-éca punika thukulipun awon.

31 Lan para kang padha kafir acalathu: ora bakal aku padha angèstu marang Qur’an iki lanmarang kang sadurungé;2038 lan

piyambak, ingkang kalayan cetha pratéla saged suka pancasan antawisipun para Muslimin lan para kafir menggah ing kadadosanipun.

2036. Punika anedahaken bilih para titiyang kafir inggih sami rumaos, bilih ayat-ayat ing nginggil wau mengku piweca.

2037. Wonten ing basanipun piweca, sadinten punika sami kaliyan setaun. Perang Badr punika kelampahanipun sasampunipun kapengker taun Hijrah ingkang kaping sapisan ing panggènan sanès, pitaken makaten punika kaparingan wangsulan makaten: “Bisa uga sawenèh kang padha sira gégé iku bakal tumeka marang kowé sawusé aku lunga” (Mirsanana tegesipun dhawuh 27: 72 ingkang kasebutaken ing margin).

2038. Para titiyang punika boten namung sami angemohi Quran kémawon, nanging wahyu ingkang sampun-sampun inggih dipun emohi, awit wahyu-wahyu wau sami ngemot piweca-piweca bab rawuhipun Kanjeng Nabi Suci.

Ar. lan ora

Surat 34 Panuntuning awon 1159

lamun ta sira bisaa andeleng nalika para anganiaya padha andikakaké mandheg ing ngarsaning Pangé-rané siji marang sijiné abalang-binalang ujar! Para kang dianggep cilik acalathu marang para kang padha gumedhé: yèn ora anaa kowé, amasthi aku iki padha dadi mukmin

32 Para kang padha gumedhé acalathu marang para kang di-anggep apes: apa aku padha anyegah kowé saka pituduh sawisé (pituduh) iku tumeka marang kowé? O, balik kowé (dhéwé) sing luput.

33 Lan para kang dianggep apes acalathu marang para kang gume-dhé: ora, (iku) pangréka-daya ing wengi lan raina nalikané kowé padha angajani aku supaya aku padha angafiri marang Allah lan agawé sisihan tumrap Panjene-ngané. Lan dhèwèké bakal padha anélakaké piduwung samangsané padha andeleng siksa; lan Ingsun bakal amasang balenggu ing gulu-né para kang padha kafir; dhèwèké ora bakal winales kajaba apa kang wus padha dilakoni.

34 Lan ora kena ora saben Ingsun angutus juru pépéling ma-rang sawijing kutha, amasthi para kang kepénak uripé ana ing kono acalathu: sayekti aku iki wong kang padha ora ngandel marang barang gawanning kautusmu.

35 Sarta padha calathu: Bandha lan anak, aku padha luwih akèh lan aku ora bakal padha disiksa.

Ut. apes

Ut. anyamar

Saba’ Juz XXII 1160

36 Calathua: Sayekti Pangéranku iku anjembaraké lan anyumpi reje-ki tumrap sapa kang dikarsakaké ananging sing akèh manusa iku padha ora weruh.2039

RUKU’ 5

Apesipun para sesembahan palsu

37-40. Kados pundi sagedipun parek dhateng Gusti Allah. 40-42. Sesembahanipun sami angemohi panembahipun sarta boten saged amitulungi. 43-45. Angemohi kasunyatan punika masthi pinidana.

37 Lan dudu bandhanira sarta dudu anak-anakira barang kang marakaké sira ing drajad marang ngarsa-Ningsun; ananging sapa sing angèstu sarta alaku becik, yaiki kang padha olèh ganjaran tikel, amarga saka barang kang padha dilakoni, sarta bakal padha aman ana ing papan kang luhur.2040

38 Lan para kang padha ambudi anulak timbalan-timbalan-Ingsun, iku bakal padha ditekakaké marang ing siksa.

39 Calathua: Sayekti Pangéranku iku anjembara-Ké rijeki tumrap para kawula-Né endi sing dikar-sakaké, sarta anyumpi marang sapa (sing dikarsakaké), lan barang apa baé kang sira wèwèhaké, lah Panjenangané angluwihi iku pang-ganjaré,2041 sarta Panjenengané iku becik-beciké para kang ngrijekèni.

2039. Dhawuh ingkang mungel kados makaten punika mesthi mengku teges, bilih ing sapunika Allah kepareng badhé maringi rijeki ingkang kathah dhateng golongan ingkang mlarat sarta kepareng badhé ngiyataken piyambakipun lumawan para murang yekti ingkang sugih-sugih. Margi para titiyang wau sami ngandel-andelaken ing kasugihanipun, kados déné ingkang kacetha ing ayat ingkang sampun wau, milanipun lajeng sami kadhawuhan, bilih dalasan bandhanipun wau pisan badhé kapundhut wangsul saking piyambakipun.

2040. Boten ngemungaken papan ingkang luhur ing suwarga kémawon, nanging ugi ing papan ingkang luhur ing gesang sapunika punika ugi. Punika gelar yekti utawi kanyataan ingkang pinanggih kathah sanget tuladhanipun wonten ing gesanging kaum Muslimin jaman wiwitan.

2041. Tembung akhlafa punika kanggènipun kalayan mengku teges ngungkuli utawi nglangkungi

Surat 34 Apesipun sesembahan palsu 1161

40 Lan ing dina Panjenengané angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Panjenengané bakal angandika ma-rang para malaikat: Apa iki padha manembah marang sira?

41 Bakal padha munjuk: Maha suci Tuwan punika! Tuwan punika Pangayoman kawula, sanès piyam-bakipun; o, balik piyambakipun punika sami manembah jin; ing-kang kathah piyambakipun punika tiyang ingkang angèstu dhateng piyambakipun.2042

42 Mulané ing dina iku sawe-nèhé ora bakal nguwasani ing babagan piguna lan pituna, lan Ingsun bakal ngandika marang para kang padha atindak dudu: Pada angrasakna siksa geni, kang padha sira gorohaké.

43 Lan samangsa timbalan-tim-balan-Ingsun kang terang winaca marang dhèwèké, dhèwèké padha calathu: Iki ora liya kajaba wong lanang kang sumedya anyegah kowé kabèh saka barang sesemba-hané bapak-bapakmu. Sarta padha calathu: Iki ora liya kajaba anggit panggorohan. Lan para kang padha kafir angandhakaké kasunyatan kalané tumeka marang dhèwèké: Iki ora liya kajaba kemayan kang tétéla.

ngantos barang sanès kantun wonten ing wingking (saking tembung khalf, tegesipun pungkur). /

Tetembungan jawinipun: (unta) wis angungkuli bâzil umuré, inggih punika ingkang limrahipun unta ingkang sampun ngancik umur sangang taun (LL). Dados yukhlifuhu ing ngriki ateges: Allah maringi marang dhèwèké ganjaran kang gedhé, nganti apa kang wis ditanjakaké ana ing dadalan-É kungkulan kabèh. Sabarang ingkang sampun kawedalaken para sahabat Nabi wonten ing margining Allah, kaparingaken wangsul dhateng piyambakipun kalayan tikel-matikel.

2042. Kula aturi nyundhukaken kaliyan ruku’ ingkang sampun, tétéla titiyang ingkang wonten ing ruku’ wau kasebut para ingkang sami gumedhé, punika wonten ing ngriki kasebut jinn.

Saba’ Juz XXII 1162

44 Lan Ingsun ora aparing kitab-kitab marang dhèwèké kang padha diwaca, sarta ing sadurungira Ingsun ora angutus juru pépéling marang dhèwèké.2043

45 Lan para wong ing sadurungé dhèwèké anggorohaké (kasunya-tan) lan iki durung nyandhak saprapuluhané barang paparing-Ingsun marang dhèwèké;2044 ana-nging padha anggorohaké para utusan-Ingsun; lah kaya apa ta wedharé anggon-Ingsun ora rena?

RUKU’ 6

Kasunyatan badhé angrembaka

46-50. Kasunyatan badhé anyirnakaken panggorohan. 51-54. Pidana.

46 Calathua: Aku mituturi sira mung marang prakara sawiji, yaiku: Ngadega karana prakara-ning Allah, loro-loro lan ijèn; banjur padha mikir-mikira: kanca-nira iku ora ana lalarané owah; dhèwèké iku ora liya kajaba juru pépéling tumrap marang sira sangareping siksa kang abot.

47 Calathua: Sabarang panjaluk-ku pituwas marang sira, lah iku satemené tumrap marang sira. Pituwasku ora liya kajaba ana ing ngarsaning Allah, lan Panjene-ngané iku marang samubarang Saksi.

2043. Terangipun, dèrèng naté wonten kitab ingkang kaparingaken sarta dèrèng naté wonten juru pèpènget ingkang kajumenengaken perlu mulangaken panembah pangéran kathah. Utawi saged mengku teges, bilih ing pundi-pundi panggènan ing tanah Arab sampun sami karawuhan juru-pèpènget, Makkah piyambak ingkang dèrèng naté karawuhan.

2044. Terangipun, menggah ing panguwaosipun tuwin kamakmuranipun lahir, titiyang Quraisy boten nyundhul kaliyan umat pinten-pinten ing jaman kina.

Ar. yèn

Surat 34 Kasunyatan badhé angrembaka 1163

48 Calathua: Sayekti Pangéranku iku mangandikakaké kasunyatan, Ingkang-Ngudanèni sabarang kang ora katon

49 Calathua: Kasunyatan wis teka, lan panggorohan bakal sirna sarta ora bakal bali manèh.2045

50 Calathua: Manawa aku luput, lah luputku tumiba mung marang jiwaku dhéwé, lan manawa aku ngambah dalan bener, lah iku amarga saka barang kang kawe-dharaké Pangéranku marang aku; sayekti Panjenengané iku Ami-yarsa, Parek.

51 Lan lamun sira bisa andeleng nalikané dhèwèké padha giris; lah oncat wis bakal ora ana lan dhèwèké bakal padha dicekel saka panggonan kang cedhak.2046

52 Lan Dhèwèké bakal padha calathu: Aku padha angèstu ma-rang iku. Lan saka ngendi tumrap dhèwèké bisané anggayuh (marang iman) saka ing panggonan kang adoh?2047

2045. “Kasunyatan” punika saged ateges Kasawijènipun Pangéran, déné “panggorohan” punika panembah-pangéran-kathah, milanipun kaundhangaken wonten ing ngriki, bilih piwulang Tauhid (Kasawijèning Pangéran), badhé dipun jumenengaken wonten ing Makkah, panembah-pangéran-kathah boten badhé saged lumebet mriku malih. Utawi, kasunyatan lan panggorohan punika mengku tegesipun wantah ingkang langkung momot (wiyar). Kayektènipun piweca punika cetha awéla-wéla ing salebetipun wekdal tigawelas abad, sarta ingkang makaten punika dados pasaksèn ingkang ing kayektènipun wahyu Quran. Kula aturi nyundhukaken kaliyan dhawuh ing 17:81 “Calathua: Barang yakti wis teka sarta barang dudu wis sirna; sayekti barang dudu iku (barang kang) masti sirnané.” punika warni-warni kateranganipun. Bd nerangaken tetembungan makaten wau kapirid saking leburipun satunggaling umat, awit samangsa umat punika sirna, piyambakipun lajeng sampun boten saged ibda’, jawinipun murwani satunggaling barang, sarta boten saged i’âdah, jawinipun ngawontenaken malih satanggaling barang.

2046. Piyambakipun sami dipun cepeng nalika wonten ing Badr sarta sapisan malih wonten ing Makkah.

2047. Awit ing kala punika pejah sampun mindhah piyambakipun dhateng ngalam sanès.

Ut. amba-lang (luma-wan pang-gorohan

Ar. ora pi-nurwanan Ar. diambal-ambali dadi-né

Ut. kapriyé

Saba’ Juz XXII 1164

53 Lan ing biyèné dhèwèké padha kafir marang iku, sarta padha angandhakaké panyana-nyana tu-mrap barang kang ora katon saka ing panggonan kang adoh.2048

54 Lan saantarané dhèwèké karobarang kang padha dikapéngini bakal dipasangi aling-aling,2049 di-gawé kaya sapapadhané ing biyèn; sayekti dhèwèké iku dumunung ana ing mamang kang ambi-ngungaké.

2048. Panginten-intenipun bilih Kanjeng Nabi boten badhé angsal damel, tanpa aji, jalaran piyambakipun boten sami sumerep barang gaib.

2049. Menggah ing sajatos-jatosipun, boten wonten pidana ingkang langkung ageng katimbang lan keplèsèdipun tiyang boten saged anggayuh barang ingkang sakalangkung dipun pingini sanget. Lah inggih punika jatos-jatosing naraka.

____________

Ar. karo antarané

SURAT 35

AL-FÂTHIR

(Ingkang-anitahaken)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(5 ruku’, 45 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kanyataaning janjinipun Pangéran. Ruku’ 2. Kasunyatan badhé menang. Ruku’ 3. Umat énggal badhé dipun jumenengaken. Ruku’ 4. Rahayu sarta tentrem dipun janjèkaken dhateng para mukmin. Ruku’ 5. Pidana punika amargi saking pandamel awon.

Namanipun tuwin gathuking suraosipun

Namanipun surat punika mirid saking asma utawi sifatipun Pangéran ingkang kasebutaken wonten ing ayat ingkang wiwitan. Sadaya ingkang kasebutaken wonten ing surat punika, punika menggah ing sajatos-jatosipun wewedharanipun sifat wau, jalaran Ingkang-Nitahaken langit-langit lan bumi punika nyirnakaken titah ingkang lami lan nitahaken ingkang énggal. Manawi yakti punika mesthi sami angrembaka, kados déné ingkang sampun kadhawuhaken wonten ing surat ingkang sampun, umat ingkang énggal mesthi kajumenengaken, supados mencaraken yakti wau.

Titimangsaning tumurunipun tuwin babipun ingkang kawarsitakaken

Titimangsaning tumurunipun surat punika kirang langkung sami kaliyan surat ingkang sampun. Ing ruku’ ingkang sapisan surat punika andhawuhaken bilih janjinipun Pangéran punika mesthi nyata; bab punika wonten ing wekasaning surat ingkang sampun kapratélakaken. Ruku’ ingkang kaping kalih ngiyataken malih janji wau, inggih punika yakti mesthi menang. Ruku’ ingkang kaping tiga nyebutaken jumenengipun umat énggal ingkang tinamtu anggentosi umat ingkang sampun, ingkang sampun tétéla anggènipun boten pantes tinanggenah ing damel anggegesang margining yakti lan kaadilan wonten ing jagad. Ruku’ sambetipun anjanjèkaken rahayu, katentreman, kabegjan, tuwin kasugihan dhateng para mukmin, déné ruku’ ingkang wekasan piyambak mangandikakaken malih angger-angger bilih pidana punika amargi saking pandamel awon.

___________

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1166

RUKU’ 1

Kanyatanipun janjining Allah

1-4. Allah punika Ingkang-Anitahaken, Ingkang-Aparing sarta Ingkang-Anguwasani. 5. Janjining Allah punika nyata. 6. Pamengsahipun sétan. 7. Saé lan awon wonten wawa-lesipun.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 (Sakèhing) pangalembana iku kagungané Allah, Ingkang-anitah-aké langit-langit lan bumi, Ing-kang-agawé para malaikat, utusan-utusan mawa suwiwi, loro lan telu, sarta papat;2050 Panjenengané angundhaki ing gagawéan(-É) apa sakarsa-Né; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa.

2 Sabarang kamurahan kang diparingaké déning Allah marang manusa, lah ora ana kang bisa me-peti, lan apa kang dipepet déning Panjenengané, ing sawisé iku lah ora ana kang bisa angulungaké iku, lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Wicaksana.

3 O, para manusa! padha ngé-lingana nugrahaning Allah marang sira; apa kang anitahaké ana sali-yané Allah, kang angrijekèni sira

2050. Tumrapipun Quran tuwin Bébel, malaikat punika titah ingkang boten wadhag, ingkang pakaryanipun andhatengaken dhawuh timbalanipun Pangéran utawi nindakaken pancasanipun Pangéran. Déné tembung malak, punika rimbagan saking tembung alaka, jawinipun andhatengakenayahan. Malaikat kacitra gadhah suwiwi, punika pinanggih wonten ing babad suci (babad lalampahanipun para andika nabi). Nanging janâh utawi suwiwinipun malaikat, punika boten teka ateges anggotaning peksi ingkang kénging kanggé mabur punika. Déné janâh utawi suwiwinipunmalaikat, punika pasemoning kakiyatan (panguwaos) ingkang murugaken titah ingkang boten wadhag punika saged nindakaken padamelanipun. Ing basa Arab tembung janâh punika mengku teges .

kakiyatan, kadosta ing ukara (ingkang wantahipun ateges dhèwèké pruthulsuwiwiné), punika ateges: dhèwèké iku wong kang ora duwé kakuwatan utawi kuwasa utawi kabisan. utawi dhèwèké iku sèkèng (TA-LL).

Surat 35 Kasunyatan badhé menang 1167

saka ing langit lan bumi? Ora ana sesembahan kajaba Panjenengané: lah kapriyé ta anggonira padha kablinger?

4 Lan manawa dhèwèké padha anggorohaké sira, lah temen para utusan sadurungira iku padha digo-rohaké, lan marang Allah sakèhing prakara iku anggoné dibalèkaké.

5 O, para manusa! sayekti janji-ning Allah iku nyata, mulané aja nganti kauripan donya iku anjlom-prongaké sira, sarta aja nganti bénggoling apusa anjalomprongaké sira tumrap prakara Allah.

6 Sayekti sétan iku mungsuh tumrapé sira, mulané dhèwèké iku sira anggepa mungsuh; dhèwèké mung angajak golongané, supaya dadia isèn-isèning geni murub.

7 Para kang padha kafir, iku bakal padha olèh siksa kang abot, lan para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, iku bakal padha olèh pangapura sarta ganjaran kang gedhé.

RUKU’ 2

Kasunyatan badhé menang

8. Kanjeng Nabi sampun ngantos nandhang sungkawa déning ngembrahipun tindak dédé. 9. Para ingkang sami pejah ruhaninipun badhé dipun gesangaken. 10. Sawarnining pangrékadaya anyirnakaken kasunyatan badhé sirna larut. 11. Barang ageng-ageng kamu-lanipun alit. 12. Piwulang saé lan awon dipun tondhèkaken saganten tawa lan saganten asin. 13. Padhanging kasunyatan anungka petenging kabodhoan. 14. Sesembahan palsu boten badhé mitulungi.

8 Apa wong kang panggawéné ala pinaès-paès tumrap marang awaké iku banjur anganggep yèn iku becik? Lah sayekti Allah iku anasaraké sapa sing dikarsakakéa

Ut. saka ngendi

a. 1957

a. 44, 1099, 1312

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1168

sarta anuduhaké sapa sing dikar-sakaké; mulané aja sira angrusak-aké jiwanira déning mrihatinaké marang dhèwèké; sayekti Allah iku Angudanèni sabarang kang padha dilakoni.

9 Lan Allah iku Kang angutus angin, banjur iki Ingsun giring marang tanah kang mati, banjur Ingsun anggo anguripaké bumi sawisé matiné; kaya mangkono (uga) nangèkaké iku.

10 Sapa sing kapéngin kalu-huran, lah kagunganing Allah kaluhuran iku kabèh. Marang Panjenengané konjuké tembung becik iku; déné panggawé becik, iku Panjenengané kang angung-gahaké; déné wong kang padha angrékadaya panggawé ala, iku bakal padha olèh siksa kang abot; sarta rékadayané bakal lebur.2051

11 Lan Allah wus andadèkaké sira saka lebu,b tumuli saka wiji-ning uripc banjur Panjenengané andadèkaké sira jodhon-jodhon; lan ora ana wong wadon ngandheg lan ora ana anglairaké, kajaba mes-thi kalawan uningané Panjene-ngané; lan ora ana wong kang di-nawakaké umuré iku andawakaké umuré, sarta ora dielongi umuré,

2051. Menangipun yakti ingkang wekasan tuwin sirnanipun panggorohan, boten saged katembungaken langkung gamblang malih ngungkuli dhawuh ingkang kasebut ing ayat punika. Dhawuh punika kawiwitan kalayan pratélan, bilih sinten ingkang kapéngin angsal kamulyan, boten nandhang asor, lah kedah wangsul dhateng Allah lajeng andhawuhaken bilih kalimah ingkang saé utawi i’tiqad (piwulang pangandel), punika konjuk dhateng Allah, liripun gesang angrembaka tuwin angedalaken woh; déné pandamel saé, punika badhé dipun luhuraken. Samanten anggènipun andhawuhaken bab prakawis kemenanganipun yakti tuwin kasilipun para angèstu. Salajengipun dhawuh punika lajeng nyebutaken, bilih para ingkang sami ngrencana upaya awon badhé nyirnakaken yakti, mesthi badhé nandhang siksa ingkang sanget, salajengipun kanggé angicalaken sawarnining semang-semang, kadhawuhaken pisan bilih upaya wau sadaya mesthi badhé sirna tuwin badhé kacihna anggènipun wuk atanpa dados.

b. 862, 1716 c. 1356A

Ar. kawruhé

Surat 35 Kasunyatan badhé menang 1169

kajaba mesthi wis ana ing dalem kitab; sayekti, iki ingatasé Allah gampang.2052

12 Lan ora padha sagara loro iku: sing siji tawa, kang saking bangeting tawané bisa marèkaké ngelak, kapénak pangombéné; lan sijiné asin, kang saking asiné nganti sumromong; lan saka ing kono kabèh sira (bisa) mangan iwak anyaran, sarta bisa ange-tokaké pèni-pèni kang sira enggo, apa déné sira andeleng prau lalayaran ing kono, amrih sira angupayaa lubèring paparingé Panjenengané supaya sira padha sukura.

13 Panjenengané anglebokaké wengi ing raina sarta anglebokaké raina ing wengi, apa déné am-bangun-turutaké srengéngé lan rembulan (ing sira); kabèh iku lumaku miturut dalané tumeka mangsa kang wus tinamtu; yaiku, Allah, Pangéranira; kagungané Panjenengané kraton iku; lan para kang padha sira uwuh saliyané Panjenengané, iku padha ora nguwasani apa-apa.2053

14 Manawa sira anguwuh dhè-wèké, dhèwèké ora bakal padha ngrungu panguwuhira; lan yèn ta

2052. Ing wiwitan ayat punika dhawuh anggatosaken kawontenanipun manusa ingkang dumadosipun saking asal kamulan ingkang alit; dados punika mengku sasmita bilih wijining yakti punika sampun katanem sarta seminipun inggih sacara makaten wau. Péranganipun ayat ingkang kantun, bab prakawis Gusti Allah uninga sabarang ingkang kakandhut saha kalahiraken tiyang èstri, sarta bab prakawis panjang lan sudaning umuripun tiyang, punika sajakipun nyasmitakaken bilih anak-anakipun para mengsah punika badhé dados tiyang ingkang angèstu dhateng yakti, makaten ugi para mengsah wau piyambak, pundi ingkang panjang umuripun, inggih badhé dados tiyang angèstu. Dhawuh ingkang wekasan, ingkang mungel: iki ingatasé Allah gampang, punika ngiyataken panyuraos makaten wau.

2053. Tembung Arab qithmir punika ateges titik pethak ing gigiring isi kurma.

Ar. iki

Ar. iki

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1170

bisaa ngrungu, iya ora bisa nyem-badani marang sira; sarta ing dina kiyamat bakal padha anyélaki ang-goné padha sira sakuthokaké (karo Allah); lah ora ana kang bisa anja-lèntrèhaké marang sira kaya Ing-kang-Waspada.2054

RUKU’ 3

Umat énggal badhé dipun jumenengaken

15-18. Para tulus badhé sami dados pangajeng. 19-23. Saé kaliyan awon boten kénging dipun garap sami. 24-26. Kados pundi panampinipun dhateng juru-pèpènget.

15 O, para manusa! sira iku kang butuh marang Allah, lan Allah iku Ingkang-Cukup-Pribadhiné, Ing-kang-Ingalembana.

16 Manawa Panjenengané angar-sakna, sira padha disirnakaké sarta Panjenengané bakal anekakaké umat anyar.

17 Lan iki ingatasé Allah ora angèl.

18 Lan jiwa kang momot iku ora bisa ngemot momotaning liyan,alan manawa wong kabotan momo-tan asambat (ing liyan digawakna) momotané, iku ora bakal ana kang digawakaké sathithik-thithika, sa-najan ta iki akrab. Sira iku mung awèh pépéling marang para kang padha wedi ing Pangérané ana ing pasepèn sarta padha anjumeneng-aké salat; lan sapa sing ulah kasucian, lan ora liya anggoné ulah kasucian iku tumanja marang (raharjaning) jiwané dhéwé; lan marang Allah pantoging tuju iku.

2054. Punika ugi piweca bilih titiyang kafir tuwin para panuntunipun ing wasananipun dumunung wonten ing kawontenan kawon.

Ar. titah

a. 851, 1418

Surat 35 Umat énggal 1171

19 Lan ora padha wong kang wuta karo wong kang weruh iku,

20 Mangkono uga pepeteng karo papadhang.

21 Mangkono uga ayang-ayang karo panas.

22 Lan ora padha wong-wong urip karo wong-wong mati. Sayek-ti Allah iku agawé krunguné sapa sing dikarsakaké, lan ora bisa sira agawé krunguné sapa-sapa sing ana ing kubur.

23 Ora liya sira iku kajaba mung juru-pépéling.

24 Sayekti Ingsun angutus ing sira kalawan kasunyatan, minang-ka juru-martani bubungah sarta minangka juru-pépéling; lan ora ke-na ora, saben umat, ing kono mes-thi wis tau ana juru-pépélingé.2055

25 Lan manawa dhèwèké padha anggorohaké ing sira, lah sayekti para ing sadurungira iku anggoroh-aké (para utusan uga): para utusan wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti cetha sarta kalawan layang-layang tuwin kitab kangmadhangi.a

2055. Piwulang ingkang momot punika, inggih punika bilih saben umat karawuhan nabi punika, wonten ing Quran kagelaraken wongsal-wangsul. Anèhipun, déné piwulang punika kasebut wonten ing wahyu ingkang tumurun nalika jaman wiwitan ing Makkah tuwin ing wahyu ingkang tumurun nalika jaman ingkang kantun-kantun ing Madinah. Kasunyatan agung punika, ingkang ngantos pinten-pinten èwu taun laminipun boten kasumerepan para titiyang saged ing jagad, kasunaraken dhateng satunggaling tiyang Arab ingkang ummi (bodho), ingkang boten mangertos nalika jaman punika wonten umat punapa kémawon lan boten mangertos punapa kitab sucinipun umat-umat wau. Ngemung-aken piwulang ingkang momot punika kémawon, ingkang saged dados dhadhasaring ayahanipun Pangéran ingkang ajajagadan sifatipun, ingkang kanggé sagung para manusa. Ngemungaken panjenenganipun ingkang kaserenan panggalih momot, karsa angakeni kasunyatan ingkang dumunung wonten ing sadaya agami, ngemungaken panjenenganipun kémawon, ingkang saged anggolongaken sadaya tiyang nganggé agami satunggal sarta andadosaken para titiyang wau agogondhèlan dhateng Kitab Suci satunggal.

Ar. lan ora, lan ora

Ar. lan ora, lan ora

Ar. lan ora

Ut. tulus a. 527

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1172

26 Tumuli Ingsun amidana para kang padha kafir; lah kaya apa ta wedharé anggon-Ingsun ora rena?

RUKU’ 4

Rahayu sarta tentrem dipun janjèkaken dhateng para mukmin

27, 28. Béda-bédanipun para manusa. 29-35. Para mukmin dipun janjèni sarwa mubra-mubru, rahayu sarta tentrem. 36 37. Pidananipun para tiyang duraka.

27 Apa sira ara andeleng, yèn Allah iku anurunaké banyu saka ing langit? Tumuli iku Ingsun anggo angetokaké woh-wohan kang béda-béda rupané; lan ing gunung-gunung ana jalarèhé putih lan abang, abéda-béda warnané lan (ana manèh) kang ireng anjanges?

28 Lah kaya mangkono uga para manusa sarta sato kéwan sarta rajakaya iya abéda-béda rupané;kang padha wedi ing Allah mung sawenèhing para kawula-Né kang padha darbé kawruh; sayekti Allah iku Mahamulya, Aparamarta.

29 Sayekti para kang padha maca Kitabing Allah sarta anju-menengaké salat apa déné padha amèwèhaké barang paparing-Ing-sun ing dhèwèké kalawan winadi tuwin kalawan ngeblak, angarep-arep kauntungan kang ora bakal rusak,2056

30 Supaya Panjenengané ama-ringaké ganjaran kalawan ganep marang dhèwèké sarta angundhaki lubèring paparing-É marang dhè-wèké; sayekti Panjenengané iku Aparamarta, Ingkang-Anikel-nikeli ganjaran.

2056. Tijârah punika wantahipun ateges sadé lan tumbas perlu ngupados babathèn, milanipun ing ngriki tembung wau kula jarwani kauntungan.

Ut. warnané

Ut. warnané

Surat 35 Rahayu sarta tentrem 1173

31 Lan Kitab kang Ingsun wedharaké marang sira iku kasu-nyatan, minangka ambenerakéa

marang barang sangarepé iku;2057

sayekti Allah iku marang para kawula-Né tuhu Waspada, Angu-danèni.

32 Tumuli Ingsun amarisaké Kitab marang kawula-Ningsun kang padha Ingsun pilih; ananging iku ana sawenèh kang agawé pituna marang jiwané dhéwé, lan sawenèhé ana kang alaku tengah-tengah, lan sawenèhé menèh ana kang andhisiki ing kabecikan kalawan idining Allah;2058 iki kautaman kang gedhé.

33 Patamanan kalanggengan: dhèwèké bakal malebu mrono; ana ing kono bakal dianggon-anggoni gelang bakalé emas lan mutiara, sarta ana ing kono sandhangané sutra.2059

34 Lan bakal padha munjuk: (Sa-daya) pangalembana kagunganipun Allah, Ingkang sampun ambirat kasusahan saking (badan) kawula;

2057. Kapèngetana, Quran Suci kajawi angakeni bilih saben umat karawuhan nabi, ugi amastani bilih wahyu ingkang sampun-sampun punika sami ngemot piweca-piweca, ingkang wahananipun kanyataan rawuhipun Kanjeng Nabi Suci. Sarta punika wahyu ingkang tumurun nalika jaman Makkah wiwitan.

2058. Ing antawisipun para titiyang ingkang pinilih andhatengaken ayahan ingkang kamot wonten ing dalem wahyuning Pangéran dhateng ngasanès, wonten tiyang warni tiga sapisan, titiyang ingkang anggènipun andhèrèk ing Kitab adamel pituna dhateng jiwanipun piyambak, amargi jiwanipun boten tumiyung mriku, dados piyambakipun kapeksa tumindhak ingkang sulaya kaliyan pepénginanipun, labet saking anggènipun badhé ambangun-turut ing yakti. Kaping kalih, titiyang ingkang nganggé margi ingkang tengah-tengah. Déné ingkang kaping tiga, tiyang ingkang pepénginanipun pancèn ngajak piyambakipun manut miturut ing yakti.

2059. Janji punika tumuju tumrap ing gesang sapunika tuwin gesang ing bénjing. Mirsanana 1685, ing ngriku katerangaken Khalifah ‘Umar naté dhawuh nganggén-anggéni Suraqah mawi gelang mas tilas agemipun Kisra ing Persi.

Ut. anga-niaya

a. 70

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1174

saèstu Pangéran kawula punika tuhu Aparamarta, Ingkang-Anikel-nikeli ganjaran.2060

35 Ingkang angenggènaken ka-wula ing griya ingkang langgeng saking kamurahan-Ipun; ing ngriku rekaos boten badhé angéngingi kawula, sarta sayah inggih boten badhé angéngingi kawula wonten ing ngriku.2061

36 Déné para kang padha kafir, iku padha olèh geni naraka; ora bakal dirampungi dhèwèké, mun-dhak padha mati, lan dhèwèké ora bakal diènthèngaké siksané: kaya mangkono anggon-Ingsun males sarupané kang ora weruh ing panarima.

37 Lan ana ing kono bakal padha sambat nyuwun tulung: Dhuh Pangéran kawula! mugi kawula Tuwan wedalaken, kawula badhé anglampahi kasaénan, boten kadosingkang adatipun kula lampahi. Apa Ingsun ora wus aparing umur dawa marang sira, supaya sapa sing niyat éling, ing kono bisa éling? Lan juru pépéling wis ane-kani sira. Mulané padha ngrasakna; amarga tumrapé para wong atindak dudu ora ana panulung.

2060. Lah punika gambaripun suwarga ingkang sajatos: Ingkang sampun ambirat kasusahan saking kula sami. Punika anedahaken bilih “kalis saking kasusahan lan prihatos,” punika nugrahaning suwarga ingkang sajatos-jatosipun. Janji dhateng para tiyang tulus ingkang kadhawuhaken marambah-rambah, bilih piyambakipun boten badhé ketaman ing ajrih sarta boten badhé susah, kados déné ingkang asring kasebutaken ing Quran Suci punika, punika ugi anggelaraken kasunyatan wau.

2061. Kapèngetana lajenging gambaripun suwarga cara Islam punika panggènan ingkang sepen ing kasusahan, rekaos tuwin sayah sampun boten angéngingi manusa malih; ingkang wonten ngemungaken rahayu tuwin pamarem saha nugraha ingkang linuhung. Dados ing ngriki punika pangertosan bab suwarga ruhani kawedharaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang.

Ar. sanès

Surat 35 Pidana amargi pandamel awon 1175

RUKU’ 5

Pidana punika amargi saking pandamel awon

38, 39. Kakafiran punika andadosaken kapitunan. 40. Panembah brahala tinulak. 41. Siksa pinegeng. 42-44. Rékadaya awon punika angrisakaken awakipun piyambak. 45. Sumené.

38 Sayekti Allah iku Ingkang Angudanèni sing ora katon ing langit-langit lan bumi; sayekti Panjenengané Udani marang apa kang ana sajroning ati.

39 Panjenengané iku ingkang wus andadèkaké sira (dadi) kangpadha maréntah ing bumi; mulané sapa sing kafir, iya anibani awaké dhéwé kafiré; lan kafiré ora angun-dhaki apa-apa marang para kafir ing ngarsané Pangérané kajaba panggething, sarta kafiré ora angundhaki apa-apa marang para kafir kajaba kapitunan.

40 Calathua: Apa sira wis padha andeleng sekuthon-sekuthonira kang padha sira uwuh saliyané Allah? Tuduhna aku, wus padha anitahaké péranganing bumi kang endi, utawa apa padha duwé bagéanana ing langit-langit; utawa apa padha Ingsun paringi kitab, kang dhèwèké banjur padha manut bukti kang terang saka ing kono? O, ora balik para wong nganiaya iku olèh janji sawenèh marang sawenèhé ora liya kajaba apus.

41 Sayekti Allah angukuhaké langit-langit lan bumi supaya aja bubrah; lan manawa sakaroné bu-brah, ing sawisé Panjenengané ora ana siji-sijia kang bisa ngukuhaké sakaroné; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Aris, Ingkang-Apara-marta.

Ar. dhadha

Ut. paréntah

Ingkang-Anitahaken Juz XXII 1176

42 Lan dhèwèké padha sumpah kalawan (asmaning) Allah akanthi mathenthenging supatané, yén ana juru pépéling teka marang dhè-wèké, amasthi bakal padha manut pituduh angungkuli para umat sing endi baé; ananging bareng wis ana juru pépéling teka marang dhè-wèké, ora liya kajaba padha mun-dhak emohé,2062

43 Padha (dumunung ing) ambek gumedhé ing bumi sarta angréka daya ala; lan réka daya ala iku ora anglimputi sapa-sapa kajaba sing gawé. Lah dhèwèké padha ngen-tèni apa ta kajaba adat lalakoné para wong kuna? Amarga ora bakal sira mrangguli solan-salin ing adat lakuning Allah, sarta ora bakal sira mrangguli owah-owahan ing adat lakuning Allah.

44 Apa dhèwèké ora padha lalaku ing bumi banjur padha andeleng, kapriyé wusanané para wong ing sadurungé awaké, mang-ka iku luwih banget ing kakuwatan tinimbang dhèwèké? Lan Allah iku ora pisan ana sawijining barang ing langit-langit utawa ing bumi kangketilapan déning Panjenengané; sayekti Panjenengané iku Udani, Kawasa.

45 Lan manawa Allah amidana para manusa kalawan apa uruping

2062. Ingkang makaten punika kenyataan tumrap para kafir ing tanah Arab tuwin ugi tumrap para Muslimin piyambak. Titiyang Muslimin saking sakedhik anglirwakaken kasunyatan ingkang winahyakaken ing Quran, sarta sami ngraosaken pidananipun, inggih kados déné umat-umat ing sadèrèngipun punika ugi sami ngraosaken pidananipun. Nanging rèhning Quran punika taksih tetep wilujeng sarta lastantun murni, manawi para Muslimin purun manut-miturut ing Quran kalayan tetep mantep, mesthi badhé sumengka malih anggayuh ing kaluhuran.

Ut. angger-anggering

Ut. angger-anggering

Ar. lan ora

Surat 35 Pidana amargi pandamel awon 1177

panggawéné, ing gigiré ora bakal Panjenengané angarèkaké titah sawiji,2063 ananging Panjenengané aparing sumené marang dhèwèké tumeka wayah kang wus tinamtu; lan samangsa wayahé iku wis tumeka, lah sayekti Allah iku ma-rang para kawula-Né Angudanèni.

2063. Titah ing ngriki, ateges manusa utawi sarupining makhluk ingkang gesang; tumrap teges ingkang angka kalih, suraosipun: sadaya ingkang asifat gesang badhé cures samangsa manusa sadaya sami sirna.

___________

SURAT 36

YÂSÎN

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(5 ruku’, 83 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kasunyatanipun Quran. Ruku’ 2. Paneteping Kasunyatan. Ruku’ 3. Tandha-tandhaning kayektènipun. Ruku’ 4. Pradana lan Pidana. Ruku’ 5. Karatoning Islam.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsaning tumurunipun

Namanipun surat punika mirid saking aksara pangringkesing tetembungan ya, sin, inggih punika timbalan ingkang tumuju dhateng Kanjeng Nabi. Boten prabéda lan surat kakalih nginggilipun tuwin surat titiga ngandhapipun, surat punika mecakaken bilih Islam mesthi badhé dipun jumenengaken wonten ing bumi sarta mesthi badhé menang kaliyan sadaya ingkang amilawani. Nem surat wau kénging karembag dados sagolongan. Surat ingkang wiwitan piyambak tumrap golongan punika binukanan kalayan sabda pangandika Kabèh pangalembana iku kagungané Allah, makaten ugi surat ingkang pungkasan, inggih dipun wekasi kalayan sabda pangandika makaten punika. Punika kanggé anedahaken bilih Allah punika pinuji margi menangipun yakti. Surat punika sampun genah tumurun ing Makkah, sarta manawi boten kagolong ing jaman Makkah wiwitan, saboten-botenipun inggih kagolong ing jaman tengahan. Pamanggihipun tuwan Muir, ingkang mastani bilih tumurunipun punika watawis taun ingkang kaping sadasa utawi kaping sawelas sasampunipun Kanjeng Nabi dados utusan, kedah katulak. Sawenèh juru kritik wonten ingkang anggadhahi pangadatan ayat-ayat Makkiyah winastan dhumawuh ing Madinah, namung margi kakinten bilih ayat-ayat wau mesthi wonten magepokanipun kaliyan sawenèh cacriyosan wewahan utawi cacriyosan ingkang boten nyata. Pamanggih makaten wau asring kémawon boten kénging dipun gondhèli, lan pasaksèn ingkang ngiyataken pamanggih wau inggih boten wonten. Anggolongaken dhawuhing surat saayat utawi kalih ayat ingkang tumurun nalika jaman Makkah wiwitan utawi tengahan, dipun golongaken dhateng dhawuh Madinah, punika tumrap kula menggah ing trep-cèplesipun kula semang-semangaken. Makaten ugi ayat ingkang kagolong wahyu Makkiyah, ingkang mangandikakaken bab zakat utawi bab tiyang Yahudi, punika boten lajeng kedah kagolongaken dhateng wahyu Madaniyah.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika anggegegi kayektènipun Quran Suci; bab punika kadhawuhaken wonten ing ruku’ ingkang kaping sapisan. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken kalayan adhapur sanépa, bab anggènipun wahyu ingkang sampun-sampun anetepaken ing kayektènipun Quran wau. Ruku’ ingkang kaping tiga dhawuh migatosaken dhateng sawenèh tandha yekti ingkang mratandhani ing kayektènipun Quran. Ruku’ ingkang kaping sakawan nerangaken bilih tiyang ingkang purun nampèni Quran lan ingkang angemohi Quran, kabéda-béda pancasanipun, murih ganjaran lan wawalesipun badhé dados pasaksèn ing kayektènipun Quran. Ruku’ ingkang kaping gangsal, inggih punika ruku’ ingkang pungkasan, wiwitanipun dhawuh anggatosaken dhateng wutah gumelaring kawontenan “nèm” punika wekasanipun masthi dados “pikun”, wigatos nyasmitakaken bilih mengsah badhé dados ringkih, sanajan ta mengsah wau satunggaling bangsa ingkang kiyat; wekasanipun migatosaken agunging panguwaosipun Pangéran Ingkang-Mahaluhur, Ingkang kagungan karatoning langit lan bumi, lan Ingkang ing sawanci-wanci saged nitahaken saminipun ingkang sampun katitahaken; wosing pangandika: karatoning Islam badhé dipun jumenengaken.

Surat 36 Kasunyatanipun Qur’an 1179

RUKU’ 1

Kasunyatan Quran

1-6. Quran punika wewedhar ingkang aparing pèpènget. 7-10. Para ingkang boten angèstu sami boten mraduli. 11, 12. Para mukmin lan para kafir.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 O, manusa!2064

2 Demia Quran, kebak kawi-caksanan;

3 Sayekti sira iku tuhu sawe-nèhing para utusan,

4 Dumunung ing dalan kang bener.

5 Wewedhar-sabdané Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih,

6 Supaya sira apépélinga marang kaum kang bapak-bapakné ora di-pépélingi, satemah dhèwèké padha léna.2065

7 Sayekti temen tinemu nyata tembung iku ingatasé dhèwèké sing akèh-akèh, mulané padha ora angèstu.2066

2064. Miturut I’Ab, tegesipun yâsîn miturut pakecapanipun tiyang Tayy, punika yâinsânu,jawinipun: É, manusa! Utawi É, manusa kang sampurna! Kf tuwin AH nyebutaken tuladhanipun aksara kanggé pangringkesing tembung ingkang kados makaten wau, inggih punika tembung kakalih, ingkang satunggal lastantun wetah, satunggalipun karingkes mawi salah satunggaling aksaranipun ingkang baku piyambak, kadosta kanggé pangringkesing tembung jawinipun: sumpah kalawan asmaning Allah. Dados yâ, tegesipun É, punika lastantun dipun wetahaken, déné tembung insân karingkes mawi sîn. Mèh sadaya mufassir rujuk pamanggihipun, bilih ingkang dipun karsakaken wonten ing aksara pangringkesing tembung punika Kanjeng Nabi Suci piyambak; mila limrahipun winastan: surat Yasîn, mugi rahayu lan nugraha tetep ing panjenenganipun.

2065. Pèpèngetipun Kanjeng Nabi ingkang rumiyin piyambak punika dhateng titiyang Makkah, ingkang boten karawuhan nabi. Nanging Kanjeng Nabi punika ugi juru-pèpènget kanggé umat sanès-sanèsipun. Bab punika kadhawuhaken kalayan terang wonten ing pinten-pinten panggènan; minangka conto kula aturi mirsani 25: 1: “Mahabarkah Panjenengané, Kang wus anurunaké Panyilah marang kawula-Né, supaya Dhèwèké dadia juru pépéling marang sakèhing bangsa.”

2066. Tuwan Sale merdèni, tembung ing ngriki punika ateges sot ingkang kasabdakaken Allah

a. 2099

Yâ Sîn Juz XXII 1180

8 Sayekti Ingsun amasang ranté ing gulu-guluné, lan iki tumeka ing janggut-jangguté temahan padha anglangak.2067

9 Lan Ingsun wus amasang aling-aling ing sangarepé sarta aling-aling ing saburiné, banjur padha Ingsun turuti, mulané padha ora weruh.2068

10 Lan padha ingatasé dhèwèké, apa padha sira pépélingi, apa ora padha pépélingi, ora padha angès-tu.a

11 Sira iku mung bisa apépéling marang sapa sing manut pépéling sarta wedi marang Ingkang-Maha-murah ing pasepèn; mulané dhèwèké sira bubungaha kalawan pangapura sarta ganjaran kang minulya.

12 Sayekti, Ingsun bakal angu-ripaké kang padha mati sarta Ingsun anulisi sabarang kang didhisikaké tuwin tapak tilasé, lan samubarang wus Ingsun pèngeti ana ing kitab kang cetha.2069

nalika Adam dhumawah ing dosa. Nanging makaten punika nama merdèni piwulang Islam sacara Nasrani. ”Tembung ingkang pinanggih nyata” tumrap para titiyang Makkah, punika boten sanès kajawi tembung ingkang mangandikakaken bab anggènipun sami milawani dhateng pèpènget para titiyang wau, kados déné ingkang asring kawarsitakaken wonten ing dalem Quran punika; milanipun, lajeng kadhawuhaken wonten ing wekasaning ayat, bilih para titiyang wau boten sami angèstu.

2067. Punika gambaring sikepipun gumedhé para kafir dhateng anggènipun mumulang Kanjeng Nabi. Déné angsal-angsalanipun lekas makaten wau winastan saking Allah, punika katranganipun kula aturi mirsani 44. Menggah ing sajatos-jatosipun, ranténing ambek-gumedhé saha pambaguguk, punika ingkang murugaken para titiyang wau boten purun mirengaken lan nampèni piwulangipun Kanjeng Nabi. Salajengipun prayogi dipun pèngeti, bilih nalika perang Badr para titiyang kafir kapasangan ranté saèstu gulunipun.

2068. Aling-aling ing sangajengipun, punika aling-aling ingkang nyegah piyambakipun majeng tuwin nampèni yakti; déné aling-aling ing sawingkingipun, punika aling-aling ingkang murugaken piyambakipun kepèpètan, ngantos boten saged wangsul perlu nyingkiri pidana.

2069. Sabarang kang didhisikaké, punika pandamelipun, déné tapak tilasipun, punika tabet ingkang tinilar kantun kanggé tuturutanipun tiyang sanès.

a. 20

Ut. apa panggawéné lamg dhisik-dhisik

Surat 36 Paneteping Kasunyatan 1181

RUKU’ 2

Paneteping Kasunyatan

13-19. Sanépaning para Nabi ingkang rawuhipun gentos tapak. 20-17. Tiyang mukmin ginanjar. 28-32. Tiyang ingkang sami momoyok sami kadhawahan siksa.

13 Lan sira anggelarna marang dhèwèké sanépané wong kang manggon ing kutha, nalikané para utusan teka mrono.

14 Nalika Ingsun angutus (utu-san) loro marang dhèwèké, saka-roné padha digorohaké, tumuli Ingsun kuwataké kalawan kang kaping telu, banjur padha calathu: sayekti aku iki para utusan marang kowé kabèh.2070

15 Dhèwèké padha calathu:2071

Kowé iku ora liya kajaba uwong padhané aku, sarta Ingkang-Maha-murah ora anurunaké apa-apa: Ora liya kowé iku kajaba padha goroh.2072

16 Calathuné: Pangéranku angu-ningani, manawa satuhu aku iku temen para utusan marang kowé kabèh.

2070. Kedah dipun pèngeti bilih punika wonten ing ayat ingkang sampun sumebut sanépa; dados lepat manawi lajeng dipun wastani namanipun kitha tuwin namanipun utusan titiga ingkang rawuh sasarengan wonten ing kitha ngriku. Déné wontenipun sanépa punika kagelaraken, punika namung kanggé anedahaken ing kayektènipun Kanjeng Nabi Suci. Utusan kakalih ingkang kautus langkung rumiyin, punika Kanjeng Nabi Musa tuwin Kanjeng Nabi Isa: kakalihipun sami mecakaken kalayan piweca ingkang terang bab badhé rawuhipun Kanjeng Nabi Suci. Déné utusan ingkang angka tiga, ingkang kanggé ngiyataken utusan kakalih wau, punika boten sanès kajawi inggih Kanjeng Nabi Suci piyambak; sarta ing rèhning rawuhipun Kanjeng Nabi punika dados kanyataaning wahananipun piweca mila sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi rawuhipun panjenenganipun wau angiyataken kasunyatanipun wahyu ingkang sampun-sampun. Pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Musa lan pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Isa sampun rékadaya badhé anelukaken tanah Arab dhateng agaminipun tuwin ngresiki tanah Arab saking panembah-brahala, nanging sami boten angsal damel. Lah samangké utusan ingkang angka tiga kautus.

2071. Wasitanipun nabi titiga wau dhateng umatipun, punika sami kémawon kalayan wasitanipun sadaya nabi. Déné wangsulanipun ummatipun wau, inggih sami kémawon kaliyan wangsulanipun umat ing saumumipun. Dados laras kaliyan sanépa wau.

2072. Kapèngetana bilih umat wau sami angemohi sadaya wahyu: liripun, sami angemohi wahyu ingkang sampun-sampun lan ugi wahyu ingkang kaampil Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw.

Yâ Sîn Juz XXII 1182

17 Lan ora ana sasangganku kajaba anekakaké (ayahan) kang terang.

18 Calathuné: Temen aku weruh ngalamat ala amarga saka ko-wé;2073 manawa kowé ora padha anglèrèni, amasthi kowé bakal pa-dha dak bandhemi watu sarta siksa kang lara saka aku kéné masthi bakal ngenani kowé.

19 Calathuné: Cilakaning pepes-thènmu iku wis duwèkmu; apa! yèn kowé padha diélingaké!2074 O, balik kowé kabèh iku kaum kang keladuk.

20 Lan saka bagéaning kutha kang adoh ana sawijining wong lanang teka amlayoni;2075 calathu-né: O, bangsaku! padha manuta para utusan:

21 Padha mituruta wong kang ora anjaluk pituwas marang kowé, lan dhèwèké iku wong kang padha ngambah dalan kang bener:

2073. Kasangsaran ingkang awujud punapa kémawon mesthi dhumawah dhateng umat samangsa wonten nabi ingkang rawuh wonten ing antawisipun umat wau. Ing panggènan sanès ing Quran Suci angger-angger punika kasebutaken makaten: “Lan yekti Ingsun temen wus angutus para utusan marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhedhépé” (6: 47). Lah inggih kasangsaran punika ingkang dipun kajengaken déning para ingkang sami angemohi utusan titiga wau.

2074 Para titiyang wau sami dipun pangandikani, bilih kasangsaran wau boten teka tuwuh margi tuking rawuhipun nabi, wangsul punika angsal-angsalaning pandamelipun piyambak ingkang awon; déné nabi, boten sanès namung ngémutaken piyambakipun sarta memèngeti piyambakipun prakawis wohing pandamelipun ingkang awon.

2075. Tiyang punika wonten ing dalem sanépa minangka pethanipun tiyang ingkang purun angèstu. Saben nabi mesthi angsal pandhèrèk saking antawising umatipun, ingkang aneksèni ing kayektèning nabi wau. Kadosta Quran Suci mangandikakaken saking antawising titiyangipun raja Fir’aun wonten satunggal ingkang purun angèstu (40: 28), tuwin Yusuf Arimathea angèstu tuwin mitulungi Kanjeng Nabi ‘Isa. Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw. inggih kagungan pandhèrèk ingkang makaten wau. Bagéndha Abu Bakar, inggih punika tiyang ingkang angèstu rumiyin piyambak, ing kalanipun tiyang sanès-sanèsipun sami angemohi.

Surat 36 Paneteping Kasunyatan 1183

JUZ XXIII

22 Lan apa sababé yèn aku ora ngawula marang Kang-Anitahaké aku? Lan marang Panjenengané anggoné sira bakal padha di-balèkaké:

23 Apa! apa aku arep angalap sesembahan-sesembahan liyané Panjenengané, kang, manawa Allah Ingkang-Mahamurah angar-sakaké sangsara marang aku, sya-fa’até ora bakal migunani marang aku sathithik-thithika, lan ora bakal nylametaké aku?

24 Manawa kaya mangkono yekti aku iki temen dumunung ing sasar kang tétéla:

25 Sayekti aku iki angèstu ing Pangéranira, mulané padha ngru-ngokna pangajakku.

26 Dipangandikani: Lumebua ing taman.2076 Calathuné: O, muga bangsaku padha weruha.

27 Marang sababé Pangéranku aparing pangapura marang aku sar-ta andadèkaké aku panunggalané para minulya!

28 Lan sawisé dhèwèké Ingsun ora anurunaké wadyabala saka la-ngit marang bangsané, lan pancèn Ingsun ora anurunaké.2077

2076. Punika janji dhateng tiyang ingkang angèstu wau, inggih punika bilih piyambakipun badhé angsal nugraha saha badhé manggih kabegjan. Satembung kémawon boten wonten ingkang nedahaken bilih tiyang wau pinejahan. Kosokwangsulipun, ayat candhakipun nedahaken bilih tiyang wau kaparingan kamulyan wonten ing donya.

2077. Dhawuh punika saged nyingkiraken paham ingkang kalèntu bab dhumawahipun siksa. Kanggé niksa para titiyang duraka, boten teka wadyabala saking nginggil dipun turunaken, wangsul sabab-sabab ing donya punika ugi, dipun wontenaken.

Ar. aku

Yâ Sîn Juz XXIII 1184

29 Ora liya kajaba mung pan-jelih sapisan, lah ing kono banjur padha sidhem.2078

30 Ah, cilaka temen para kawula iku! ora kena ora, saben ana utusan anekani dhèwèké, masthi digu-guyu.

31 Apa dhèwèké padha ora andeleng, wis sapira baé umat ing sadurungé dhèwèké kang wus Ingsun lebur, amarga saka anggoné padha ora angidhep marang dhè-wèké.2079

32 Lan sarupané (wong) kabèh baé masthi bakal padha disowan-aké marang ngarsa-Ningsun.

RUKU’ 3

Tandha-tandhaning Kayektènipun

33-36. Bumi ingkang pejah dipun gesangaken. 37-40. Rinten anungka dalu. 41-45. Para milawani dipun garap kalayan wilasa. 46-50. Ananging sami angemohi timbalan-timbalanipun Pangéran; punika sababipun dipun pidana.

33 Lan sawijining tandha tumrap dhèwèké yaiku bumi kang mati: Iku Ingsun uripaké sarta saka ing kono Ingsun angetokaké wiji, yaiku kang padha dipangan,2080

2078. Sadaya prakawis ingkang kaandharaken wonten ngriki punika sadaya, déning para mufassirin dipun cundhuk-cundhukaken kalayan dodongèngan rawuhipun utusan titiga dhateng nagari Anthaqiyah (Antioki). Ayat punika déning para mufassirin dipun suraos, bilih siksa ingkang kadhawahaken dhateng titiyang ing Antioki, punika béda kaliyan siksa ingkang kadhawahaken dhateng para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Tumrap titiyang ing Antioki, petak sapisan sampun cekap, nanging tumrap para mengsahipun Kanjeng Nabi perlu dipun turuni wadyabala saking langit. Nanging ambédak-bédakaken siksa kados makaten wau namung wonten ing gambaring pangangen-angen blaka. Kula aturi mirsani ayat 49, lah ing ngriku shaihah utawi panjelih sapisan punika siksa ingkang ugi kaancamaken dhateng para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Déné panjelih sapisan punika boten sanès namung ateges siksa ingkang dhatengipun kalayan dumadakan.

2079. Terangipun, sampun kathah umat ing sadèrèngipun ingkang dipun lebur margi boten sami purun wangsul dhateng utusan.

2080. Marambah-rambah kasebutaken, bumi pejah kagesangaken malih, punika kanggé nyanépakaken pambangunan ingkang badhé dipun wontenaken Quran Suci. Kados punapa pejahipun bumi, langkung-langkung tanah Arab, nalika jaman rawuhipun Kanjeng Nabi Suci, tangèh saged katerangaken wonten ing tafsir ingkang cekak punika. Lah manawi angger- anggering Pangéran “bumi

Ut. petak

Ar. bali

Surat 36 Tandhaning Kayektènipun 1185

34 Lan ing kono Ingsun an-dadèkaké pakebonan kurma lan anggur sarta ing kono Ingsun angudhalaké sumber-sumberan.

35 Supaya dhèwèké padha ma-ngana wohé, lan iku dudu gawéan ing tangan-tangané; lah apa ta dhèwèké padha ora sukur?

36 Mahasuci Panjenengané, Kang wus anitahaké jodhon-jodhon sakèhing barang kayata kang di-thukulaké ing bumi sarta ing jinisé apa déné barang kang dhèwèké padha ora weruh.2081

37 Lan sawijining tandha tumrap dhèwèké yaiku wengi: Ingsun anglolos raina saka kono, lah ing kono dhèwèké padha kalimput ing pepeteng;2082

38 Lan srengengé lumaku tume-ka wayah kang wus tinamtu; iki katamtuané Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Udani.2083

39 Apa déné rembulan, iku Ingsun wus anamtokaké andhan-andhané, nganti bali manèh kaya panging kurma kang wis tuwa lan garing.2084

pejah kagesangaken malih” punika makardi wonten ing alam wadhag, punapa sababipun manawi angger-angger wau boten tumindhak ugi wonten ing alaming ruhaniyah!

2081. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih ayat punika anjumenengaken tatalesipun kawruh ingkang ageng, inggih punika: sagung dumadi sami ajodhon-jodhon. Mesthi kémawon bangsa Arab boten mangertos punika.

2082. Sapunika pepetenging kabodhoan mesthi sumingkir; awit boten prabéda lan ing alam wadhag dalu lan raina tansah gilir gumantos; lah makaten ugi ing alam ruhani, inggih gilir gumantos papadhang dipun tut wingking ing pepetenging kabodhoan, gentos dipun esuk papadhang.

2083. Ingkang dipun karsakaken dhawuh punika, inggih punika kalanganing surya ing langit kados ingkang katingal ing mripat, ingkang tumrap ing bumi inggih punika buwenganing buruj (dâiratu-l-buruj) ingkang kawatesan buruj sarathan (tropic of Cancer = kreefts keerkring) kaliyan buruj jad-yi (tropic of Capricorn = steenboks keekring). Utawi inggih saged ingkang dipun karsakaken punika lampahipun surya wonten ing ngalam awang-uwung, utawi inggih saged ingkang dipun karsakaken punika wekdal titimangsaning surya surem boten saged suka papadhang malih.

2084. Dhawuh punika namung anggambaraken wulan kados katingalipun ing mripat serupi kados panging kurma ingkang sampun sepuh lan garing, alit lan memes. Lah inggih kados makaten wau ugi

Ut. marang wekasaning lakuné

Yâ Sîn Juz XXIII 1186

Ar. barang kang padha ditunggangi

40 Ora pinarengaké mungguhing srengéngé, yèn ta anututana rem-bulan, lan ora bisa wengi iku anglancangi raina; lan kabèh iku padha anglayang ing sawijining cakrawala.2085

41 Lan sawijining tandha tumrap dhèwèké yaiku anggon-Ingsun angemotaké para turuné ing sa-jroning prau kang momot;

42 Lan Ingsun wus anitahaké tumrap marang dhèwèké tutungga-ngan sapadhané iku.

43 Lan manawa Ingsun angar-sakna, Ingsun bisa angèremaké dhèwèké; ing kono bakal padha ora ana kang mitulungi, sarta ora bakal padha sinalametaké,2086

44 Kajaba (déning) wilasa saka Ingsun sarta minangka bubungah tumeka sawijining mangsa.

45 Lan nalikané padha dicala-thoni: Padha dingati-ati marang apa kang ana ing ngarepira lan apa kang ana ing burinira, supaya sira padha pinaringan wilasa.2087

kawontenanipun yakti punika, ing sakawit katingalipun sajak sepélé, nanging boten dangu lajeng nyunaraken cahyanipun ingkang anelahi kados wulan purnama.

2085. Makaten ugi yakti lan panggorohan, punika inggih gadhah ener piyambak-piyambak ingkang dipun tuju ing lampahipun. Boten prabéda lan dalu kedah sumingkir déning palethèking raina, lan makaten ugi panggorohan mesthi sirna déning papadhanging yakti. Barang-barang ing langit sami lalayangan wonten ing kalanganipun piyambak-piyambak, punika pratélan ingkang nyebal saking seserepanipun tiyang Arab 1800 taun kapengker.

2086. Punika pèpènget badhé wontenipun siksa ingkang badhé dhumawah. Kelem wonten ing saganten punika ateges leburipun para titiyang wau, sami ugi, wonten ing pundi kémawon kelampahanipun. Dados tembung punika kanggé anggambaraken siksa ingkang nélakaken apesipun babar pisan tiyang ingkang nandhang siksa wau. Awit wonten ing pundi kémawon boten wonten ingkang ngungkuli apesipun katimbang kaliyan tiyang manawi wonten iag saganten. Nadyan sampun sapinten kémawon pitulungipun kawruh jaman sapunika dhateng manusa, manusa lastantun apes samangsa wonten ing saganten, sami ugi punapa numpak kapal ageng Titanic gagrag sapunika, punapa baita satangan ing jaman kina.

2087. Apa kang ana ing ngarepira, punika tegesipun siksa ingkang masti andhawahi piyambakipun

Ut. olèh pitulung

Surat 36 Pradanan lan pidana 1187

46 Lan ora kena ora saben ana timbalan saka timbalan-timbala-ning Pangérané tumeka marang dhèwèké, amasthi dhèwèké padha maléngos saka ing kono.

47 Lan nalikané padha dicala-thoni: Padha amèwèhna barang paparinging Allah marang sira, para kang padha kafir acalathu marang para kang padha angèstu: Apa aku padha dikon ngingoni wong kang, yèn ta Allah ngarsakna,Panjenengané bisa ngingoni, ora liya kowé iku kajaba mung dumu-nung ing sasar kang tétéla.2088

48 Lan padha calathu: Kapan kalakoné pangancam iki, manawa kowé iku padha wong temen?

49 Ora liya dhèwèké kajaba mung padha angentèni panjelih sapisan, kang bakal angenani dhèwèké sajroné isih padha diya-diniya.

50 Ing kono ora bakal padha bisa atinggal weling sarta bakal padha ora bali marang kulawargané.2089

RUKU’ 4

Pradana lan Pidana

51-54. Tangi. 55-58. Pradananipun para tulus. 59-67. Pidananipun para kafir.

51 Lan slomprèt bakal tiniyup,alah ing kono bakal padha agagan-cangan saka ing kuburé marang Pangérané.

wonten ing gesang sapunika-punika. Déné apa kang ana ing burinira, punika tegesipun wohing pandamel awon ingkang badhé dipun panggih bénjing wonten ing akhirat.

2088. Mila piyambakipun lajeng sami malèngos, boten purun sumarah dhateng Allah lan boten purun tresna asih dhateng sasaminipun gesang.

2089. Punika piweca ingkang anggambaraken lalampahan ingkang badhé dumados wonten ing prang Badr.

Ut. petak

Ut. cithakan-cithakan a. 789

Ar. lan

Yâ Sîn Juz XXIII 1188

52 Dhèwèké bakal padha calathu:Cilaka aku iki! sapa kang nangèk-aké aku saka ing paturonku?2090 Iki barang kang wis dijanjèkaké déning Ingkang-Mahamurah lan nyata para utusan iku calathuné.

53 Ora liya kajaba mung pan-jelih sapisan, ing kono dhèwèké bakal padha disowanaké kabèh ing ngarsa-Ningsun.

54 Lan ing dina iku ora ana babar pisan jiwa kinaniaya; lan ora bakal sira winales kajaba apa kang wus padha sira lakoni.

55 Sayekti, para wonging taman iku ing dina iku padha dumunung ing tindak apari-suka.

56 Dhèwèké sarta para jodhoné padha ana ing éyuban linggih ing ambèn dhuwur aléléyangan.

57 Ana ing kono padha olèh wowohan sarta bakal padha olèh apa kang padha dikapéngini.

58 Rahayu: sabdaning Pangéran Kang-Mahaasih.2091

59 Lan padha misaha ing dina iki, é, para wong duraka!

60 Apa Aku ora wus anjanji marang sira, é, anak-anak Adam! supaya aja sira padha angawula sétan? Sayekti dhèwèké iku tumrap ing sira mungsuh kang tétéla,2092

2090. Kubur punika winastan patileman, nadyan tumrap tiyang kafir; jalaran manawi katimbang kaliyan siksa ing naraka ingkang langkung awrat, tumrap piyambakipun kubur punika namung patileman. Kedah dipun pèngeti bilih kubur punika ateges kawontenan, sasampuning gesang pundhat wonten ing donya punika.

2091. Lah punika malih gambaripun suwarga manut Islam. Sasampunipun nerangaken nugraha warni-warni, lajeng karingkes wonten ing tembung satunggal, rahayu.

2092. Ayat punika tuwin ayat kakalih candhakipun, punika anetepaken kalawan gumathok, bilih

Ut. petak

Surat 36 Pradanan lan pidana 1189

61 Lan supaya sira padha anga-wula Aku; iki dalan kang bener.

62 Lan sayekti temen dhèwèké wus anasaraké panunggalanira akèh. Apa ta sira padha ora bisa ngerti?

63 Iki naraka, kang diancamaké marang sira.

64 Padha malebua mrono ing dina iki, amarga saka olèhmu padha angafiri.

65 Ing dina iku Ingsun bakal angelak cangkem-cangkemé, sarta tangan-tangané bakal padha mun-juk marang Ingsun, lan sikil-sikilé bakal padha aneksèni marang apa kang wus padha dilakoni.

66 Lan manawa Ingsun angar-sakna, amasthi padha Ingsun cu-plaki mripaté; banjur bakal padha arebut dhisik tumeka ing dalan, ananging kapriyé olèhé bakal padha weruh?2093

67 Lan manawa Ingsun angar-sakna, amasthi bakal Ingsun salini rupa ana ing panggonané: satemah padha ora bisa ambanjur sarta ora bakal bali.2094

Allah punika tansah ngajak ing manusa dhateng yakti, déné ingkang sok nasaraken manusa punika sétan.

2093. Punika minangka siksa margi saking anggènipun angemohi. Dhateng yakti piyambakipun sami ngeremaken mripatipun kalayan dipet sanget, ngantos dados dhipet/wuta mripatipun; nadyan sami gadhah kajeng badhé ningali, meksa boten saged sumerep.

2094. Maskh tegesipun santun saking kawontenan saé dhateng kawontenan awon. Mila masakhahupunika ateges nyalini rupa dhèwèké dadi luwih ala rupané (LL); sarta tegesipun andadèkaké unta wadon dadi kuru lan natoni gigiré marga kekeselen lan marga dipigunakaké (LA, Q-LL). Dados tegesipun disalini rupa ana ing anggonané punika dipun jabel panguwaosipun sarta kadadosaken ringkih tuwin kasantunan dados dumunung wonten ing kawontenan awon.

Ar. pinako-lih

Yâ Sîn Juz XXIII 1190

RUKU’ 5

Karatoning Islam

68. Pikun anungka enèm sarta prakasa. 69-70. Weca punika sanès tembung lalahan-ipun ahli kidung. 71-73. Faédah ingkang kaparingaken. 74-76. Piyambakipun boten badhé tinulungan. 77-83. Kawasa lan karaton punika kagunganipun Allah.

68 Lan sapa sing Ingsun paringi umur dawa, iku banjur Ingsun balèkaké kuciwa kaanané; lah apa ta padha ora mangerti?2095

69 Lan Ingsun ora amulang kidung marang dhèwèké, sarta iku ora mungguh tumrap dhèwèké;2096

iku ora liya kajaba pépéling lan Quran kang cetha.

70 Supaya dhèwèké apépéling marang wong kang urip, sarta (supaya) tembung ingatasé para kafir iku tinemua nyata.a

71 Apa padha ora andeleng ang-gon-Ingsun wus anitahaké rajakaya tumrap marang dhèwèké saka barang gagawéaning asta-Ningsun, ing mangka iku dhèwèké kang padha andharbèni?

72 Lan iku wus Ingsun gawé teluk marang dhèwèké; mulané ana kang dadi tunggangané lan ana kang padha dipangan.

2095. Manut angger-anggeripun kudrat ingkang sampun umum, sarupining ingkang asifat gesang saya dangu mesthi saya kuciwa kawontenanipun. Déné ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika, inggih tumrap satunggal-satunggalipun tiyang, inggih tumrap bangsa-bangsa.

2096. Quran kadhawuhaken manawi sanès kidung, punika mengku teges bilih piweca-piwecanipun Quran punika piweca-piweca saèstu. Cariyos ing ngandhap punika anedahaken bilih Kanjeng Nabi punika pranyata sanès juru nganggit kidung. Dipun riwayataken bilih salah satunggaling sahabatipun maosaken panjenenganipun syi’ir (kidung) ingkang makaten ungelipun:

jawinipun: umur sepuh lan Islam punika sampun cekap kanggé rumeksa tiyang saking awon. Kanjeng Nabi Suci ngalembana ing syi’ir wau, nanging anggèning panjenenganipun maos syi’ir wau, wonten ingkang dipun walik urut-urutaning teternbunganipun, .

makaten tembung Islam dipun rumiyinaken, tembung

Ar. ing ka-dadéané

Ut. iku

a. 2066

Ar. yèn

Surat 36 Pradanan lan pidana 1191

73 Lan ing kono dhèwèké padha olèh faédah sarta ombèn-ombèn; lah apa ta dhèwèké padha ora bakal sukur?

74 Lan dhèwèké padha ngalap sesembahan-sesembahan saliyané Allah, supaya padha dipitulungi.

75 (Ananging) iku padha ora bisa mitulungi dhèwèké, sarta dhèwèké bakal padha dadi wadyabala, kang diandhèraké marang ngarepé.2097

76 Mulané aja nganti gunemé andadèkaké susahira; sayekti Ing-sun Angudanèni apa kang padha siningidaké lan apa kang padha winedharaké.

77 Apa manusa iku ora andeleng anggon-Ingsun anitahaké dhèwèké saking wijining-urip?a Lah jebu-lané dhèwèké iku tukang madoni kang tétéla.

78 Lan dhèwèké agawé papan-dhingan tumrap marang Ingsun2098

sarta lali marang tumitahé (dhéwé). Acalathu: Sapa kang bakal angu-ripaké babalung kang wus remuk?

79 Calathua: Iku Kang bakal anguripaké, (iya) Kang wus anda-dèkaké iku sakawit, lan Panjene-ngané iku marang sakèhing tumi-tah Angudanèni.

umur sepuh dhawah kantun. Ingkang makaten punika murugaken guru lagu lan pedhotanipun bibrah. Nalika panjenenganipun dipun leresaken, anggènipun maos malih syi’ir wau inggih kados ingkang sampun. Dados guru lagu dipun kurbanaken, murih langkung patitis tegesipun.

2097. Terangipun ingkang satunggal dipun siksa rumiyin sadèrènging satunggalipun dipun siksa, sarta satunggal lan satunggalipun boten saged tulung-tinulung.

2098. Damel papandhingan tegesipun damel sesembahan dipun jèjèraken ing Allah.

Ar. yèna. 1356A

Yâ Sîn Juz XXIII 1192

80 Kang wus Agawé geni saka wit kang ijo tumrap marang sira, satemah iku sira anggo dadèn (geni).2098A

81 Apa ta Kang wus Anitahaké langit-langit lan bumi iku ora kawasa yèn Anitahna papadhané dhèwèké? Kawasa! Lan Panjene-ngané iku Ingkang-Anitahaké (sa-mubarang), Ingkang-Angudanèni.

82 Paréntah-É, samangsa Panje-nengané angarsakaké apa-apa mung mangandikakaké marang iku: Anaa, banjur ana.b

83 Mulané, Mahasuci Panjene-ngané, Kang karatoning samu-barang iku ana ing asta-Né, sarta marang Panjenengané anggoné sira bakal padha binalèkaké.

2098A. Kajeng-obong ingkang ngawontenaken latu, punika manawi dipun tlusur asal saking wit-witan ingkang ijem. Utawi saged ugi ingkang dipun karsakaken punika, wit ingkang ngemu latu, ingkang ngedalaken latu margi pang-pangipun gosok-ginosok jalaran kanginan.

_____________

SURAT 37

ASH-SHÂFFÂT

(Para ingkang sami ababarisan)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(5 ruku’, 182 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kasawijènipun Pangéran badhé menang. Ruku’ 2. Pancasan. Ruku’ 3. Wasitanipun Kanjeng Nabi Nuh lan Kanjeng Nabi Ibrahim. Ruku’ 4. Kanjeng Nabi Musa, Ilyas tuwin Luth. Ruku’ 5. Kanjeng Nabi Musa sarta kamenanganipun Kanjeng Nabi.

Namanipun tuwin titimangsaning tumurunipun

Namanipun surat punika Ash-Shâffât, utawi Para ingkang sami ababarisan, punika kapirid saking dhawuhing surat ingkang wiwitan piyambak, ingkang anggambaraken para mukmin. Titimangsaning tumurunipun, sampun boten wonten semang-semangipun malih jaman Makkah wiwitan. Déné bab prakawis gathuking suraosipun tuwin urut-urutanipun, kula aturi mirsani purwakanipun surat ingkang sampun.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika wonten ing ruku’ ingkang sapisan angundhangaken piweca ingkang cetha, bilih Kasawijèn punika ing wasananipun mesthi menang. Wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih andhawuhaken bilih pancasan punika mesthi wonten saèstu. Wonten ing ruku’ ingkang kaping tiga, sakawan lan kaping gangsal, dhawuh migatosaken wasitanipun Kanjeng Nabi Nuh, Ibrahim, Musa, Ilyas, Luth tuwin Yunus. Pungkasan piyambak mecakaken kalayan cetha badhé kamenanganipun Kanjeng Nabi.

RUKU’ 1

Kasawijènipun Pangéran badhé menang

1-5. Weca badhé unggulipun Kasawijèn. 6-10. Lumawanipun para juru-pethèk sarta juru-nujum. 11-21. Ingkang anggugujeng badhé sami dipun asoraken.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Waspadakna2099 para kang padha tata ababarisan,

2099. Waw (ingkang wantahipun ateges lan) kula jarwani waspadakna. Waw ingkang manggèn ing ukara ingkang kados makaten punika limrahipun dipun jarwani dhemi, mengku teges sumpah. Nanging kedah dipun pèngeti, bilih sumpah tumrap ingkang kados makaten wau, punika namung mengku suraos

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1194

2 Tumuli para kang padha amenggak awaké kalawan pa-menggak,

3 Tumuli para kang padha maca kalawan éling,

dhawuh anggatosaken dhateng sawenèh pasaksèn. Limrahipun, samangsa tiyang punika sumpah kalayan nebut asmanipun Allah, punika menggah ing sajatosipun nguwuh dhateng Gusti Allah, supados Panjenenganipun aneksèni bilih piyambakipun punika temen wicantenipun. Déné maksudipun ingkang sajatos sumpah wau, murih pangakenipun langkung saged damel yakin (langkung dipun andela). Nanging tumrapipun wonten ing Quran, samangsa wonten sumpah ingkang kados makaten wau, tuwuhing kayakinan punika boten teka margi wontenipun pangaken thok, kados déné sumpah ingkang limrah-limrah punika, nanging margi wonten bukti ingkang terang, ingkang ngiyataken kayektènipun pangaken wau. Kadhang-kadhang wonten ing sumpah-snmpah punika, manusa kadhawahan anggatosaken dhateng angger-anggering kudrat ingkang cetha awewèntèhan, kados déné gilir-gumantosing dalu lan raina, sapiturutipun, dipun anggéa pipiridan ing wontenipun angger-angger ruhani; tarkadhang sumpah wau anggelar piweca sabab, supados manawi piweca wau sampun kanyataan wahananipun, kayektèning anggènipun mumulang Kanjeng Nabi punika lajeng katingal cetha pratéla. Tumrap sumpah ing dhawuh ngriki, kados ingkang angka kalih punika.

Tigang ayat ingkang rumiyin piyambak punika ingkang kawarna para angèstu. Ayat ingkang wiwitan piyambak nyebutaken, titiyang mukmin sami tata ababarisan. Punika katindakaken titiyang mukminin saben dinten kaping gangsal, inggih punika saben sami salat jamaah (salat sasarengan); sarta saged mengku suraos piweca dhateng lalampahan ingkang ing pawingkingipun dipun alami titiyang mukminin, inggih punika pacak baris wonten ing papan paprangan lumawan para mengsah-mengsahipun. Ayat ingkang angka kalih marna titiyang mukminin: para kang padha amenggak hawanafsunipun. Umat ingkamg sawaunipun dipun kuwaosi hawanafsunipun, malik grembyang dados bandaraning hawanafsunipun. Nanging dhawuh punika ugi mengku suraos piweca, bilih titiyang mukminin tansah kuwaos menggak mengsahipun ingkang sumedya badhé nyirnakaken piyambakipun. Katrangan warni kalih punika dipun sambeti katrangan sanès malih ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang kaping tiga, ingkang anélakaken kalayan cetha, bilih ingkang katerangaken wonten ing ngriki punika boten wonten sanès kajawi titiyang Muslimin para kang padha maca kalawan éling. Titiyang Muslimin gadhah sisifatan ingkang miyambaki, inggih punika nadyan saweg pacak baris wonten ing papan paprangan, lastantun ajeg sembahyangipun tuwin émutipun dhateng Allah.

Katrangan punika namung mathuk kanggé mastani sembahyangipun titiyang Muslimin sadinten ambal kaping gangsal, lan anggènipun kawasa mekak hawanafsunipun, punapa déné namung mathuk kanggé mastani prajurit Muslimin ingkang lumawan prang lan mekak mengsahipun ingkang ambek-siya. Kawontenan warni kalih punika, satunggal-satunggalipun suka pasaksèn ing kayektèning wasitanipun Islam ingkang adiluhung piyambak, inggih punika Kasawijènipun Pangéran. Jalaran, sapisan, éwah-éwahan ing tanah Arab ingkang aggawokaken, bangsa ingkang klelep wonten ing juranging kanisthan saged kabangun, punika dados pasaksèn bilih tuking wasita wau pranyata suci tuwin nyata asli saking Pangéran. Kaping kalihipun, piweca ingkang angéram-éramaken badhé menangipun para mukminin ingkang kinaniaya kaliyan mengsah-mengsahipun ingkang kinawasa, punika ugi dados tandhayekti bilih wonten asta kinawasa ingkang makardi kanggé biyantu ing Kanjeng Nabi Suci; lah punika ugi mintonaken kayektèning Kasawijènipun Pangéran.

Prayogi dipun pèngeti bilih nadyan para mufassirin sami nyuraos bilih pratélan ingkang kasebut ing ayat titiga ingkang wiwitan wau saged katumrapaken dhateng para malaikat, éwadéné para mufassirin wau inggih anyebutaken bilih pratélan punika ugi mathuk katumrapaken dhateng prajurit Muslimin ingkang sami paprangan lumawan para mengsahing Islam (Rz). Prakawis sanès ingkang pantes pinèngetan inggih punika: ing wiwitaning surat kaundhangaken, bilih Tauhid (pangandel bab Kasawijènipun Pangéran) punika ing wasananipun mesthi menang: ing wekasaning surat prakawis punika dipun undhangaken malih kalayan tetembungan ingkang langkung ceplos (mirsanana ayat 171 dumugi ayat ingkang pungkasan piyambak).

Surat 37 Kasawijènipun Pangéran 1195

4 Sayekti sesembahanira iku tuhu Sawiji:

5 Pangéraning langit-langit lan bumi sarta barang kang ana ing saantarané iku, tuwin Pangéraning laladan wétan-wétan.2100

6 Sayekti Ingsun wus ama-maèsi langit kang cedak dhéwé kalawan papaès, lintang-lintang,

7 Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning sétan kang amilawani.2101

8 Dhèwèké padha ora bisa ang-rungokaké marang parepatan kang luhur, sarta padha diujar-ujari sakasakèhing sisih,2102

2100. Anggènipun kasebutaken laladan-laladan wétan wonten ing Rabbu-l-masyâriq punika mengku karsa mecakaken bilih sumiyaripun Islam wonten ing tanah-tanah ngriku badhé kelampahan langkung rumiyin, déné kamenanganipun Islam wonten ing tanah-tanah kilèn punika sajakipun taksih dipun srantosaken dumugi jaman ingkang kantun-kantun. Masyâriq punika jama’-ipun tembung masyriq, tegesipun panggènan mlethèkipun surya. Sarta boten béda kaliyan tembung Inggris east,tembung wau ugi kénging kanggé nembungaken tanah wétan.

2101. Nalika Kanjeng Nabi mumulang, ing antawisipun bangsa Arab wonten warni kalih tiyang ingkang mengsahi panjenenganipun, inggih punika: golonganipun tiyang limrah tuwin golongan pandhita, tukang pethèk tuwin para juru-tenung, inggih punika golongan ingkang winastan kâhin. Lah inggih para juru-tenung punika ingkang winastan sétan-sétan kang milawani, awit para juru-tenung wau sami gadhah panganggep dhateng awakipun piyambak, bilih sami saged andhatengaken bangsa alus tuwin saged mangsuli sadaya pitakènan ingkang gagayutan kaliyan wekdal ingkang badhé dhateng. Anggènipun mengsahi golongan punika, sirna larut ketrajang banjir kasunyatan Islam ingkang kinawasa, sarta padamelanipun kâhin sirna saking tanah Arab katerak majengipun Islam. Gugontuhon Arab punika sirna déning papadhangipun Islam (mirsanana LA bab tembung kahn). Langit lanlintang-lintang ing ayat ingkang sampun, punika nyasmitani wontenipun gugontuhon, ingkang mastani bilih angsalipun seserepan ing bab wekdal ingkang badhé dhateng para tukang pethèk lan para juru-tenung wau saking lintang-tintang. Pangreksa saka saruparing sétan kang amilawani punika mengku teges, bilih piyambakipun boten mangertos dhateng wados-wadosipun Pangéran. Salajengipun mirsanana 2365, 2530, tuwin 2582.

2102. Ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika panginten-intenipun para juru-tenung ing bab lalampahan ingkang badhé dhateng, ingkang para juru-tenung wau dipun anggé gagaran murih sinuba-suba ing titiyang kathah. Ing ngriki kadhawuhaken bilih para juru-tenung wau babar pisan boten saged celak kaliyan tuking piweca (dados boten saged meca punapa-punapa). Déné parepatan ingkang luhur, punika tegesipun para malaikat, ingkang ing atasipun dhateng wahyuning Pangéran dipun paringi pirsa langkung rumiyin. Manawi tegesipun tembung yuqdhafun, ingkang kasebut ing margin punika ingkang dipun anggé, saged mengku suraos para mengsahipun Kanjeng Nabi ingkang sanès golongan pandhita. Para titiyang punika kaweca wonten ing ngriki bilih badhé dipun balangi saking pundi arah, ngantos sadaya budidayanipun boten wonten ingkang angsal damel.

Ut. wétan-wétan

Ut. balangi

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1196

9 Ginusah2103 sarta padha olèh siksa kang langgeng,

10 Kajaba ana kang (bisa) ang-gondhol sapisan-sapisan, banjur iki tinututan ing urub kang dumilah anelahi.2104

11 Tumuli padha sira takonana, apa dhèwèké iku luwih kuwat du-madiné tinimbang liyané kang wus Ingsun titahaké. Sayekti, dhèwèké iku padha Ingsun titahaké saka lempung kang ketat.2105

12 O, balik sira kagawokan, nanging dhèwèké padha anggu-guyu,

13 Lan samangsa diélingaké, ora padha gelem éling,

14 Lan samangsa padha andeleng tandha yekti padha ajak-ajakan angguguyu,

2103. Ayat punika tuwin ayat-ayat ing sadèrèngipun, nerangaken kawontenanipun para juru-tenung nalika jaman rawuhipun Kanjeng Nabi. Sadèrèngipun Kanjeng Nabi Suci rawuh, saged ugi para juru-tenung wau saged nasaraken tiyang kathah asarana pethèkipun dhateng lalampahan ingkang badhé dhateng. Nanging sasampunipun Kanjeng Nabi rawuh, para juru-tenung wau dipun ujar-ujari saking pundi-pundi arah, boten wonten satunggal kémawon pethèkipun ingkang netes. Utawi, kados déné ingkang kasebutaken wonten ing katrangan ingkang sampun, ingkang dipun karsakaken punika saged ugi ambrukipun mengsah ingkang limrah-limrah (sanès golongan pandhita) punika.

2104. Khathifa tegesipun ambekta anggondhol utawi nyamber, déné khathfatun tegesipun ambekta anggondhol utawi nyamber sapisan. Suraosipun, samangsa satunggaling juru-tenung angsal kalonggaran sanajan namung sapisan thil, boten let dangu mesthi lajeng tinungka ing urub ingkang nratas wonten ing salebeting pepeteng: manawi katembungaken sanès, pepeteng lajeng kasilakaken, mangka kajengipun pun juru-tenung, tiyang badhé katuntun mriku. Urub ingkang nyilakaken pepeteng, tegesipun piweca-piwecanipun Kanjeng Nabi ingkang kalangkung déning kinawasa. Kedah dipun pèngeti bilih syihâb punika namung ateges urub (mirsanana LL, tuwin mirsanana 27: 7, ing ngriku kasebutaken Kanjeng Nabi Musa tindak badhé mundhut syihâb), déné tsâqib tegesipun ingkang nratas ing salebeting pepeteng utawi sumorot anelahi (LL).

2105. Lâzib punika karimbag saking tembung lazaba, tegesipun ketat, atos, anjendhel (LL); dados lâzib punika tegesipun ketat (S, LL), mila inggih kula jarwani makaten punika.

Déné ingkang katitahaken saking lempung ingkang ketat, punika titiyang ingkang sampurna ruhaniyahipun, inggih punika para andika nabi. Ingkang katuju ing ayat punika anggènipun milawani para juru-tenung dhateng Kanjeng Nabi; para juru-tenung wau dipun paringi pèpènget bilih Kanjeng Nabi mesthi badhé menang, jalaran panjenenganipun punika kasampurnakaken astanipun Allah.

Ar. apa-sapa

Ar. lan

Surat 37 Pancasan 1197

15 Sarta padha calathu: Iki ora liya kajaba kemayan kang tétéla:

16 Apa manawa aku wis padha mati sarta wis padha dadi lebu lan balung, apa temenan aku bakal padha ditangèkaké:

17 Mangkono uga bapak-bapak-ku biyèn?

18 Calathua: Iya! sarta kowé ba-kal padha asor.2106

19 Lah iku mung bakal ana panjelih sapisan, lah ing kono dhèwèké bakal padha weruh.

20 Lan bakal padha calathu: O, cilaka awakku! iki dina wawales.

21 Iki dina pancasan kang padha sira gorohaké.

RUKU’ 2

Pancasan

22-34. Tiyang lepat manggih pidana. 35-39. Kanjeng Nabi Suci sinebut juru-kidung éwah. 40-50. Para angèstu ginanjar. 51-61. Punika sami aningali kancanipun ingkang sami dosa sami wonten ing naraka. 62-68. Tedha sarta ngombénipun para dosa. 69-74. Punika sami boten migatosaken pèpènget.

22 Impunen para kang padha anganiaya dalah para kancané sarta apa kang dadi sesembahané.2107

23 Saliyané Allah, tumuli padha tuntunen marang dadalaning naraka.

2106. Terangipun, kowé ora mung bakal tinangèkaké ing sawisé mati baé, perlu ngrasakaké wohing panggawému kang ala, nanging nadyan ing kéné uga kowé bakal dadi asor.

2107. Nadyan gambaring apesipun para ingkang sami atindak dédé kados ingkang katerangaken ing ayat punika tuwin ing ayat-ayat candhakipun punika tumrap bénjing ing gesang sasampuning pejah. Éwadéné gagambaran wau ugi cocog kaliyan kawontenanipun para titiyang wau ing gesang sapunika punika.

Ar. Utawa

Ut. ngentèni

Ut. jodhoné

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1198

24 Padha endhegna, amarga bakal padha tinakonan.

25 Apa karanané déné kowé ora padha tulung-tinulung?

26 O, lah! ing dina iku dhèwèké bakal padha sumarah.

27 Lan dhèwèké kang sawenèh bakal mara marang sawenèhé padha takon-tinakon.

28 Padha calathu: Sayekti kowé iku adaté padha anekani aku saka ing sisih tengen.

29 Bakal padha calathu: O, balik kowé (dhéwé) iku padha dudu wong angèstu:

30 Lan aku ora duwé kawasa tumrap marang kowé, ananging kowé iku kaum kang andaluya:

31 Mulané sabda-pancasaning Pangéranku katetep anibani aku: sayekti aku (saiki) bakal padha angrasakaké (pidana).

32 Mulané aku padha anasaraké kowé, amarga aku dhéwé iya padha sasar.

33 Mulané ing dina iku dhèwèké padha dadi patungan andum siksa.

34 Sayekti kaya mangkono iku anggon-Ingsun tumindak marang para wong luput.

35 Sayekti dhèwèké iku samang-sa padha dicalathoni: Ora ana sesembahan kajaba Allah, mesthi padha gumedhé:

Surat 37 Pancasan 1199

36 Sarta padha calathu: Apa aku iki dikon padha ninggal temenan sesembahanku, akarana (nurut ka-repé) juru-Kidung édan?

37 O, balik dhèwèké iku wus teka kalawan kasunyatan sarta ambeneraké para utusan.2108

38 Sayekti kowé temen bakal padha angrasakaké siksa kang nglarani.

39 Lan kowé ora bakal padha dipituwasi kajaba apa kang wus padha kolakoni.

40 Kajaba para kawulaning Allah, para sinuci.

41 Iki padha olèh rijeki kang wus kinawruhan,2109

42 Wowohan, sarta bakal padha dimulyakaké banget,

43 Ing patamanan kabungahan.

44 (Lungguh) ing dhampar, pa-dha adhep-adhepan.

45 Padha linarihan gelas (isi banyu) saka ing sumber-sumber.

46 Putih, mirasa tumrap wong kang padha ngombé.

2108. Sajagad angakeni bilih surat punika kagolong wahyu jaman wiwitan, akhir-akhiripun nalika taun ingkang kaping sakawan saking anggènipun Kanjeng Nabi tetep dados utusan tumurunipun. Ing dhawuh ngriki ugi wonten pratélan ingkang terang gamblang, bilih kautusipun Kanjeng Nabi punika dumunung anjangkepi wahananing piweca ing kina.

2109. Tembung ma’lum (kinawruhan) punika kedah dipun pèngeti ingkang prémati jalaran punika anedahaken bilih rizki ingkang kasebutaken ing ayat-ayat candhakipun, punika rizki ingkang sampun kasumerepan kawulaning Allah ingkang sinucèkaken saking sawarnining rereged. Katrangan nugraha punika anedahaken kalayan terang bilih nugraha wau sadaya kalayan sacara ruhani sampun dipun icipi para tulus wonten ing gesang sapunika punika. Menggah ing sajatos-jatosipun, anggènipun kateranga-ken wonten ing ayat sambetipun manawi punika wowohan, punika nedahaken kalayan terang bilih nugraha wau wohing pandamelipun ingkang saé.

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1200

47 Ing kono ora bakal ana riribed sarta ora bakal padha dadi lesah amarga saka iku.2109A

48 Lan ing kono ana para kang padha amekak pandelengé, mri-paté padha éndah-éndah.

49 Kaya déné endhog kang rineksa kalawan becik.2110

50 Tumuli kang sawenèh bakal mara marang sawenèhé, atakon-tinakon.

51 Sawenèhing wong kang padha calathu bakal angucap: Temenan, aku biyèn duwé konco,

52 Kang calathu: Apa temenan kowé iku panunggalané wong kang padha angarepi (kasunyatan)?

53 Apa samangsa aku wis padha mati, sarta wis dadi lebu lan balung, apa iya temenan aku bakal padha diajokaké marang panga-dilan?

2109A. Gagambaran punika sadaya sampun mratélakaken, bilih nugraha ingkang kapangandi-kakaken wau sadaya, sanès nugraha wadhag kados barang-barang ing donya punika, nanging nugraha ruhani. Ombèn-ombèn ing gesang sapunika tarkadhang sok damel ribed dhateng manusa, kadosta sok damel lesah, nanging boten makaten ombèn-ombèn gesang ing bénjing. Namanipun sami, nanging kawontenanipun ingkang sajatos, satunggal lan satunggalipun boten sami.

2110. Gagambaranipun tiyang èstri ingkang kasebutaken ing ngriki punika, andumuk dhadhapu-kanipun ingkang baku sifatipun tiyang èstri ingkang tulus. Sapisan, kasebutaken: sami mekak mripatipun. Punika ateges suka pémut, bilih katulusanipun èstri ingkang wigatos piyambak, punika gesang suci, inggih punika ingkang wonten ing ngriki kasebut mekak mripatipun, liripun mripat ingkang resik saking pepénginan asor. Lajeng kaéndahaning mripatipun ingalembana; punika terang angisarahi bilih kasucianipun mripat, punika adamel éndahipun mripat, utawi kaéndahanipun mripat ingkang sajatos, punika dumunung wonten ing kasucianipun. Kaping kalih, kasebutaken: kados déné tigan ingkang rinumat kalayan saé punika ngisarahi sifatipun ingkang suci-mulus boten kalèpètan ing jejember. Nanging inggih kedah dipun pèngeti, bilih sanajan katingalipun punika katrangan gagambaranipun tiyang èstri, nanging menggah ing sajatos-jatosipun punika gagambaraning wohing pandamel ingkang katindakaken wonten ing gesang sapunika punika, awit tetembunganipun wau pancèn kéngang-kénging kanggé nembungaken kakalihipun pisan (mirsanana tembung hur ing 2356) sarta menggah ing sajatos-jatosipun punika nugraha ruhani ingkang binabar wadhag. Wonten ing pundi kémawon Quran boten naté mangandikakaken, bilih ing gesang sasampuning pejah taksih tumindhak wonten sasambetaning tiyang sésémahan. Nugraha ingkang kajanjèkaken Quran, nadyan kados punapa kémawon kawontenanipun, punika kanggé tiyang jaler lan inggih kanggé tiyang èstri. Saprakawis

Ar. anemen-aké

Surat 37 Pancasan 1201

54 Dhèwèké bakal calathu: Apa kowé padha gelem ngungak mangisor?

55 Tumuli dhèwèké ngungak mangisor, banjur weruh dhèwèké ana ing tengahing naraka.

56 Bakal calathu: Dhemi Allah! mèh baé kowé anjalari rusakku:

57 Lan saupama ora ana nu-grahané Pangéranku, amasthi aku iki bakal dadi panunggalané para kang padha diandhèraké (marang pasiksan).

58 Lah apa ta aku ora bakal padha mati,

59 Kajabané matiku biyèn? Lan apa aku ora bakal padha disiksa?

60 Sayekti iki temen kabegjan kang gedhé.

61 Mulané para kang tumandang gawé padha tandanga gawé aka-rana papadhané iki.

62 Apa iki (kang) luwih becik minangka susuguh, apa wit Zaqqum?2111

ingkang sampun terang, inggih punika: kawontenanipun nugraha wau béda kaliyan kawontenanipun nugraha wadhag ing gesang sapunika punika. Mirsanana ugi 2148A.

2111. Miturut Bd, zaqqûm punika sawenèh taneman ingkang ronipun ciyut-ciyut, gandhanipunboten éca lan pait, pinanggih wonten ing Tihamah. TA anggènipun nerangaken radi sawatawis panjang: “AH nerangaken mawi awawaton katranganipun satunggaling tiyang Arab ing saganten wedhi, bilih zaqqûm punika taneman ingkang werninipun kados lebu, ronipun bunder alit-alit tanpa wonten erinipun. Ambetipun boten éca sarta pait raosipun, tuwin witipun wonten socanipun ........ gaganging ron-roniprn ruwet sanget (LL). Nanging kapèngetana bilih zaqqûm punika ugi ateges sadhéngah tetedhan ingkang saged mejahi (TAI, TH-LL). Zaqqûm ugi ateges martéga tulèn (tanpa sarem) kaliyan kurma. Kacariyos Abu Jah, naté anggugujeng zaqqûm dados tetedhanipun tiyang ing naraka, sarana nyuguh martéga tulèn kaliyan kurma dhateng para sesepuh Quraisy, sarwi wicanten, bilih miturut Kanjeng Nabi Suci, kados makaten punika calon tedhanipun tiyang ingkang wonten ing naraka. Milanipun ing ayat candhakipun, zaqqûm wau winastan cobi tumrap para atindak dédé. Nanging mirsanana ugi 1442.

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1202

63 Sayekti anggon-Ingsun agawé iki, iku minangka coba tumrap para kang atindak dudu.a

64 Sayekti, iku wit kang tuwuh ana ing dhasaring naraka.

65 Mayangé, iku kaya endhasing ula.2112

66 Lah sayekti dhèwèké temen bakal padha mangan iku sarta angisèni weteng(é) sarana iku.

67 Tumuli sawisé iku, sayekti dhèwèké temen bakal padha diom-bèni wédang umob cacampuran.

68 Tumuli, sayekti enggon bakal baliné temen marang naraka.2113

69 Sayekti dhèwèké iku padha manoni bapak-bapakné padha sasar.

70 Lan dhèwèké padha ginelak (ngluluri) ing tapak tilasing sikilé.

71 Lan sayekti temen, wong kuna ing sadurungé dhèwèké, sing akèh padha sasar.

72 Lan sayekti, temen Ingsun wus angutus para juru-pépéling ana ing kono.

2112. Werdinipun ingkang leres tembung punika kados jarwan ing nginggil, awit bangsa Arab syaithân punika kanggé namakaken satunggaling jinis sawer ingkang gadhah wulu ing githok, sirah lan rainipun awon sanget. Sanèsipun malih mastani syaithân punika namanipun sawenèh taneman ingkang awon sanget rupinipun (TA-LL).

2113. Dhawuh ingkang mungel: tumuli, sayekti enggon bakat baliné temen marang naraka, punika mengku teges ingkang wigatos, kados-kados tetedhan lan ombèn-ombèn ingkang katerangaken ing nginggil wau anggènipun kaparingaken dhateng para titiyang wau sadèrèngipun sami lumebet dhateng naraka. Lah inggih punika sababipun déné tetedhan lan ombèn wau kasebut susuguh. Menggah ing sajatos-jatosipun, punika gambaring pandamelipun ingkang awon, sami ugi, ingkang pinanggih ing gesang sapunika punika tuwin ingkang pinanggih ing akhirat. Dados punika ngiyataken katrangan ing 1442.

a. 1442

Ut. Wohé

Ar. nemu

Ar. dhèwèké

Surat 37 Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim 1203

73 Mara delengan, kapriyé wu-sanané para kang wus padha dipépélingi,

74 Kajaba para kawulaning Allah, para sinuci.

RUKU’ 3

Wasitanipun Kanjeng Nabi Nuh lan Kanjeng Nabi Ibrahim

75-82. Kanjeng Nabi Nuh dipun wilujengaken sarta mengsahipun lebur. 83-96. Kanjeng Nabi ambantah dhateng panembah brahala. 97-99. Panjenenganipun dipun wilujengaken saking mengsah. 100-111. Anggènipun angurbanaken Kanjeng Nabi Ismail. 112, 113. Panjenenganipun binarkahan, akaliyan putra sanésipun inggih punika Kanjeng Nabi Ishaq.

75 Lan sayekti temen Nuh wus anguwuh marang Ingsun, lan Ingsun iki Ingkang-nyembadani panyuwun kang mahaluwih.

76 Lan Ingsun wus anylametaké dhèwèké sapandhèrèké saka ka-sangsaran gedhé.a

77 Sarta turuné padha Ingsun dadèkaké lestari isih.

78 Sarta Ingsun anglastarèkaké (pangaji-aji) tumrap marang dhè-wèké ing sajroning bangsa kang kari-kari.

79 Rahayu tumrapa marang Nuh ing dalem sakèhing ngalam.

80 Sayekti kaya mangkono iku anggon-Ingsun angganjar para kang agawé becik.

81 Sayekti dhèwèké iku sawe-nèhing para Kawula-Ningsun para angèstu.

82 Tumuli Ingsun angelem liya-liyané.

a. 902

Ut. umat

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1204

83 Lan sayekti, temen sawe-nèhing golongané dhèwèké iku yaiku Ibrahim.

84 Nalika dhèwèké marek Pa-ngérané kalawan ati kang slamet.

85 Nalika dhèwèké acalathu ma-rang tutuwané sarta kaumé: Sami manembah punapa sampéyan:

86 Punapa panggorohan-sesem-bahan, sanésipun Allah – ingkang sami sampéyan kajengaken?

87 Lah kados pundi panginten sampéyan prakawis Pangéraning sadaya ngalam?

88 Tumuli dhèwèké anyawang marang lintang-lintang, mandeng sapandurat.

89 Banjur calathu: Saèstu kula punika sedhih (angraosaken ang-gèn sampéyan manembah dhateng punika).2114

90 Banjur dhèwèké padha lunga saka ing kono, mundur (palarasan).

91 Banjur dhèwèké kalawan dhe-dhelikan mara marang sesemba-han-sesembahané, tumuli calathu: Yagéné kowé ora padha ma-ngan?2115

2114. Titiyang ingkang dipun bantah Kanjeng Nabi Ibrahim, punika boten namung manembah brahala kémawon, nanging ugi tukang nembah lintang-lintang. Milanipun Kanjeng Nabi Ibrahim mawi tumenga mirsani lintang-lintang tuwin ngandika bilih panjenenganipun boten kiyat ngampah sekeling panggalihipun manawi para titiyang wau sami manembah dhateng barang sanèsipun Allah. LL nerang- .

aken salah satunggaling katranganipun tembung awawaton katranganipun TA, makaten: Kula sakit (ningali) anggèn sampéyan nembah barang sanèsipun Pangéran. Nanging tiyang ingkang ngendhem pemanahan dhateng tiyang sanès, punika ugi katembungaken saqîm. Kadosta ukara: /

jawinipun dhèwèké ngendhem sedhih marang dhèwèké (TA-LL).2115. Fa ing ngriki boten anedahaken bilih anggènipun tindak murugi sesembahan-sesembahaning

(i.p. Nabi Nuh)

Ar. sakit

Ar. dhèwèké

(i.p.Kanjeng Nabi Ibra-him)(i.p. kaum-ipun)

Surat 37 Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim 1205

92 Apa nalaré dhéné kowé ora padha calathu?

93 Banjur dhèwèké kalawan dhedhelikan anyedhaki iku, padha dikepruki kalawan tangan tengen.

94 Kaumé banjur padha anye-dhaki dhèwèké agagancangan.

95 Dhèwèké calathu: Punapa sampéyan sami manembah barang tatahan sampéyan?

96 Lan Allah punika ingkang nitahaken sampéyan sarta barang ingkang sampéyan damel.

97 Dhèwèké padha calathu: Padha angyasakna omah dhèwèké banjur dhèwèké cemplungna ing geni murub.

98 Lah kang padha dikarepaké peranga karo dhèwèké, ananging padha Ingsun dadèkaké asor.

99 Lan dhèwèké calathu: Saèstu kula angungsi dhateng Pangéran kula: Panjenenganipun badhé anun-tun kula:

100 Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing (anak) dhateng kawula, ingkang kagolongan para tulus.

101 Banjur dhèwèké Ingsun paringi warta bubungah, yaiku anak lanang kang lembah-manah.

umatipun punika tumunten kémawon ing sasampunipun katilar déning umatipun wau. Lalampahan punika sampun béda malih.

Ar. dhèwèké

a. 965

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1206

102 Bareng iki wus tumeka (umur bisa) angréwangi nyambut gawé dhèwèké, dhèwèké calathu: O, anakku! sayekti aku andheleng sajroning pangimpèn, yèn aku angurbanaké kowé;2116 mulané mikir-mikira, kapriyé panemumu. Calathuné: Dhuh, rama! kula aturi nindakaken punapa ingkang kadha-wuhaken ing panjenengané, mana-wi Allah angarsakaken, panjene-ngan badhé uninga (bilih) kula punika panunggilipun para tiyang sabar.

103 Bareng sakaroné wis padha sumarah sarta dhèwèké wus ama-panaké anaké kumureb,

104 Lan Ingsun anguwuh dhè-wèké, pangandika-Ningsun: O, Ibrahim!

105 Sayekti sira wus amituhok-aké wewedhar(-Ingsun sajroning) luyut(-ira); sayekti kaya mangkono iku pangganjar-Ingsun para wong atindak becik:

106 Sayekti iki temen coba kang tétéla.

107 Lan dhèwèké Ingsun tebusi kalawan kurban kang agung.2117

2116. Ambok manawi kémawon supenanipun Kanjeng Nabi Ibrahim punika mengku suraos, bilih Kanjeng Nabi Isma’il badhé dipun kurbanaken sarana kawedalaken saking dalemipun tuwin katilar wonten ing tanah ngamanca. Laré ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika terang manawi Isma’il, sanès Ishaq; bab punika katerangaken ing ayat 112. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih punika nyengkah katranganipun Bébel. Turun Isma’il saben taun mèngeti kurban punika, sarana ngibadah haji ingkang dipun wontenaken saben taun ing Makkah, punika anedahaken kalayan terang, bilih punika ingkang kadhawuhaken dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim supados dipun kurbanaken punika Kanjeng Nabi Isma’il, sanès Kanjeng Nabi Ishaq. Salah satunggaling maksudipun kurban wau ugi sampun dipun jangkepi Kanjeng Nabi Ibrahim, inggih punika sarana nilar Kanjeng Nabi Isma’il wonten ing nagari manca, cocog kaliyan karsanipun ingkang garwa, Sarah.

2117. Kurban manusa, ingkang limrah katindakaken bangsa-bangsa ing jaman kina ingkang kathah-kathah, punika wonten ing antawisipun bangsa Khaldea ugi kacara. Malah ing antawisipun

Ar. manggih

Ar. dhèwèké

Ut. belèhan

Surat 37 Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim 1207

108 Lan Ingsun anglastarèkaké (pangalembana) tumrap marang dhèwèké ing antarané para (umat) kang kari-kari.

109 Rahayu tumrapé marang Ibrahim.

110 Kaya mangkono panggan-jar-Ingsun para wong atindak becik.

111 Sayekti dhèwèké iku sawe-nèhing para kawula-Ningsun para mukmin.

112 Lan dhèwèké Ingsun pa-ringi warta bubungah, yaikuIshaq;2118 sawijining nabi panung-galaning para tulus.

113 Lan Ingsun ambarkahi marang dhèwèké sarta marang Ishaq;2118 lan sawenèhing turuné sakaroné ana kang padha atindak becik sarta (uga) ana kang padha atindak dudu kang tétéla marang jiwané dhéwé.

bangsa ingkang nganggé agami Hindu, kurban manusa wau lastantun dipun wontenaken, ngantos ing wekdal ingkang dèrèng dangu énggal mangké saweg kasuwak. Kanjeng Nabi Ibrahim supena ngurbanaken ingkang putra, lajeng samekta badhé anindakaken saèstu kalayan walaka, sarta ingkang wasananipun kadhawuhan déning Pangéran supados kurban kéwan minangka gentosipun, punika mengku seja nyuwak tatacara kurban manusa ingkang biadab punika. Tatacara biadab wau saged ugi tuwuhipun margi saking kalèntuning panampi, saèmper kados déné lekasipun Kanjeng Nabi Ibrahim wau Kanjeng Nabi Isma’il badhé kakurbanaken saèstu, sampuna lajeng ketututan dhawuhing Pangéran dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim, ingkang andhawuhaken supados kurban kèwan minangka gentosipun. Lekasipun Kanjeng Nabi Ibrahim punika, pranyata sampun saged anyirnakaken tatacara kurban manusa wonten ing antawisipun bangsa pinten-pinten, sarta ing dinten sapunika punika, sepalihing jagad langkung, kepotangan ageng dhateng lalabuhanipun Kanjeng Nabi lbrahim ingkang tulus, tepa- tuladhanipun ingkang mulya, nyirnakaken tatacara ingkang biadab wau.

2118. Ing ngriki ingkang kapangandikakaken namung Kanjeng Nabi Ibrahim, Kanjeng Nabi Ishaq tuwin turunipun Nabi kakalih punika. Kanjeng Nabi Isma’il boten kasebutaken piyambak; punika kanggé anedahaken, bilih samangsa Quran mangandikakaken turunipun Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang dipun karsakaken mesthi Kanjeng Nabi Isma’il wau tuwin turun-turunipun. Déné turunipun Kanjeng Nabi Ibrahim cawang sanèsipun malih, kawengku wonten ing turunipun Kanjeng Nabi Ishaq.

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1208

RUKU’ 4

Nabi Musa, Ilyas lan Luth

114-122. Kanjeng Nabi Musa lan Harun dipun wilujengaken sarta para mengsahipun sami lebur. 123-132. Nabi Ilyas dipun wilujengaken. 133-138. Nabi Luth dipun wilu-jengaken sarta mengsahipun sami lebur.

114 Lan sayekti temen-temen Ingsun wus aparing nugraha marang Musa lan Harun.

115 Sarta Ingsun nyalametaké sakaroné dalah kaumé saka kasu-sahan gedhé.

116 Lan iku padha Ingsun pitulungi, mulané dhèwèké padha dadi wong kang menang.

117 Sarta sakaroné padha Ingsun paringi Kitab kang anyethakaké (barang-barang).

118 Sarta sakaroné padha Ing-sun tuntun ing dalan kang bener.

119 Lan Ingsun anglastarèkaké (pangalembana) tumrap marang sakaroné ing antarané para (umat) kang kari-kari.

120 Rahayu tumrapa marang Musa lan Harun.

121 Sayekti kaya mangkono pangganjar-Ingsun para wong atindak becik.

122 Sayekti sakaroné iku sawe-nèhing para kawula-Ningsun para mukmin.

123 Lan sayekti Ilyas iku temen sawenèhing para utusan.

Ar. dhèwèké

Surat 37 Nabi Musa, Ilyas lan Luth 1209

124 Nalika dhèwèké acalathu marang kaumé: Apa kowé ora padha anjaga dhirimu (saka ing ala):

125 Yagéné kowé padha angu-wuh Ba’l2119 sarta anyingkur Becik-beciké para kang padha andadèkaké,

126 Allah, Pangéranmu sarta Pangérané bapak-bapakmu ing kuna?

127 Ananging (kaumé) padha anggorohaké dhèwèké; mulané sayekti temen bakal padha di-ladèkaké (anampi pidana).

128 Ananging para kawulaning Allah kang sinucèkaké iku ora.

129 Lan Ingsun anglastarèkaké (pangalembana) tumrap marang dhèwèké ing antarané para (umat) kang kari-kari.

130 Rahayu tumrapé marang Ilyas.2120

131 Sayekti, kaya mangkono pangganjar-Ingsun para wong atindak becik.

132 Sayekti, dhèwèké iku sawe-nèhing para kawula-Ningsun para mukmin.

133 Lan sayekti, Luth iku temen sawenèhing para utusan.

2119. Ba’1 punika surya, utawi sesembahan-surya.2120. Ilyâsin punika rimbaganipun sanès nama I1yâs, boten prabéda kados déné Idrîsîn utawi

Idrasîn punika rimbaganipun sanès nama Idrîs (Kf). Kasebutaken wonten ing 6: 86 bilih Ilyas punika nabi. Sawenèh mufassir gadhah pamanggih bilih Idris lan Ilyas punika namanipun nabi satunggal. Nanging, kados déné ingkang sampun kula terangahen wonten ing 1533, Idris wonten ing Quran Suci, punika saminipun manawi wonten ing Bébel Enoh, déné Ilyas sami kaliyan Eliyah.

Ut. manem-bah

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1210

134 Nalikané Ingsun nyalamet-aké dhèwèké sapandhèrèké, kabèh.

135 Kajaba wong wadon tuwa siji, (iku) kalebu wong kang padha kari.a

136 Tumuli liya-liyané padha Ingsun tumpes.

137 Lan sayekti, temen sira pa-dha liwat ing panggonané ing wayah ésuk.

138 Lan ing wayah bengi: lah apa ta sira ora padha ngerti?

RUKU’ 5

Kanjeng Nabi Yunus sarta kamenanganipun Kanjeng Nabi

139-148. Nabi Yunus dipun wilujengaken saking babaya. 149-163. Titiyang Makkah anggènipun manembah brahala sarta angidhep lelembat dipun lepataken. 164-169. Titiyang ingkang satuhu manembah ing Allah. 170-182. Kamenanganipun para utusan katerangaken manawi sampun tinamtu.

139 Lan sayekti, Yunus iku temen sawenèhing para utusan.

140 Nalikané dhèwèké mlayu2121

menyang prau kang kebak banget momotané;

141 Mulané dhèwèké ambagé (karo liya-liyané), ananging dhè-wèké kalebu panunggalané kang padha dijeguraké.2122

2121. Saèstu nama tanpa teges manawi winastan bilih Kanjeng Nabi Yunus lumajeng saking Pangéran. Panjenenganipun punika nabi, dados mangertos bilih boten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang saged lumajeng saking Pangéran, jalaran karatonipun Pangéran punika tanpa wates wiyaripun. Quran inggih boten naté mangandikakaken, bilih Kanjeng Nabi Yunus lumajeng saking Pangéran. Para mufassirin ugi boten sami sarujuk dhateng cariyos makaten wau (Rz). Badhé wonten cihnanipun bilih panjenenganipun punika lumajeng sumingkir saking umatipun utawi nyingkiri ratu. Mirsanana ugi 1651 tuwin 1652.

2122. Sâhama ingkang limrahipun dipun jarwani ngundhi, punika ugi ateges angsal panduman kados sanès-sanèsipun, fî kadhâ jawinipun ing dalem kang mangkono (LL). Déné ingkang kacariyosaken ing dalem Quran, panjenenganipun punika ing wasananipun dipun cemplungaken.

a. 11: 81

Ar. dhèwèké

Surat 37 Nabi Yunus sarta Kanjeng Nabi Suci 1211

142 Tumuli ana iwak nyaut dhèwèké sarana cangkemé,2123

amarga dhèwèké (anindakaké ba-rang kang anjalari) cinacad.

143 Lah saupama dhèwèké du-dua panunggalané para kang padha mahasucèkaké (marang Ingsun),

144 Masthi bakal lestari ana ing sajroning kaumé2124 tumeka ing dinané padha tinangèkaké.

145 Lan dhèwèké Ingsun uncal-aké ing dharatan kang ngenthak-enthak, kang sarta dhèwèké lara.

146 Lan Ingsun anukulaké waluh tumrap marang dhèwèké.

147 Sarta Ingsun angutus dhè-wèké marang (kaum kang cacah jiwané) satus èwu utawa luwih.

148 Tumuli padha angèstu; mulané padha Ingsun paringi pasa-dhiyan tumeka mangsané.

149 Tumuli padha sira takonana apa Pangéranira kagungan putra wadon-wadon sarta dhèwèké pa-dha duwé anak lanang-lanang.

2123. Quran boten naté nyebutaken bilih Kanjeng Nabi Yunus dipun untal ing ulam, awit tembung iltaqama, ingkang kagem wonten ngriki punika, boten mesthi ateges nguntal, nanging namung mengku teges nyaut utawi nyarab kaliyan tutukipun. Mirsanana LL, ing ngriku tegesing tembung dipun terang- aken mawi tuladha tetembungan ingkang katerangaken makaten tegesipun: dhèwèké narik lésané (wadon) nganti tekan lambéné dhéwé anggoné ngambung. Nitik salah satunggalipun hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, tétéla manawi namung tungkakipun Kanjeng Nabi Yunus kémawon ingkang dipun saut tutukipun ulam. Malih, punika kawontenan ingkang katranganipun Quran nyengkah katranganipun Bébel.

2124. Tembung bathn punika tegesipun wonten warni kalih, pancer (LL) tuwin weteng. Teges ingkang angka satunggal wau ingkang kula anggé, kanggé anerangaken suraosing dhawuh sambetipun. Déné suraosing dhawuh, saupami Kanjeng Nabi Yunus punika sanès éwonipun para ingkang sami mahasucèkaken ing Allah, sayekti panjenenganipun punika badhé lastantun dados tiyang limrah wonten ing antawising kulawangsa panceripun sarta panjenenganipun boten kajumenengaken dados nabi. Déné manawi dipun tegesi weteng, wetengé punika tegesipun wadhukipun ulam. Nanging sanajan dipun tegesana weteng pisan, punika boten lajeng anedahaken bilih Kanjeng Nabi Yunus dipun untal ulam

Ar. si

Ut. wetengé

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1212

150 Utawa apa Ingsun anitahaké para malaikat iku wadon sarta dhèwèké iku padha aneksèni?*

151 O, sayekti saka gorohé dhè-wè déné dhéwèké padha angucap:

152 Allah iku apuputra; lan sayekti, dhèwèké padha iku temen padha wong goroh.

153 Apa Panjenengané iku milih putra wadon-wadon angungkuli putra lanang-lanang?

154 Apa ta karanira: kapriyé ta anggonira padha amancasi?

155 Lah ta apa sira ora padha gelem ngangen-angen?

156 Utawa apa sira duwé bukti kuwat kang cetha?

157 Lah sira padha tekakna kitabira, manawa sira iku padha wong temen.

158 Lan dhèwèké padha angang-gep ana sasambungan sanak anta-rané Panjenengané karo jin; lan sayekti temen jin iku weruh, yèn dhèwèké iku temen bakal padha diladèkaké (marang pasiksan);

159 Mahasuci Allah iku, (adoh) saka anggoné padha nganggep;

160 Ananging ora mangkono para kawulaning Allah, para kang padha sinucèkaké.

*saèstu, wangsul namung mengku teges: panjenenganipun mesthi kauntal ing ulam saupami panjene-nganipun punika sanès éwonipun para ingkang sami mahasucèkaken ing Allah.

Ar. saksi

Ar. antara-né jin

Ut. anyifati

Surat 37 Nabi Yunus sarta Kanjeng Nabi Suci 1213

161 Lan sayekti sira sarta apa kang sira kawulani,

162 (Kalawan) nyulayani Panje-nengané ora bisa sira padha mitenah wong,

163 Kajaba sapa-sapa sing arep nyemplung naraka.

164 Lan golonganku ora ana siji-sijia kang ora duwé panggonan kang wus tinamtu,2124A

165 Lan sayekti aku iki temen para kang padha ababarisan,

166 Lan sayekti aku iki temen para kang padha Mahasucèkaké (Allah).

167 Lan temen mauné gawéné padha calathu:

168 Yèn ta aku iki padha duwéa pépéling saka para wong kuna,

169 Amasthi aku iki padha dadi kawulaning Allah – para wong sinucèkaké.

170 Ananging marang iki (saiki) dhèwèké padha ngafiri, mulané bakal padha weruh.

171 Lan sayekti temen wus kalakon (dhumawuh) pangandika-Ningsun tumrap marang para kawula-Ningsun, para utusan:

172 Sayekti dhèwèké iku temen para kang bakal padha tinulungan,

2124A. Tetembungan punika kawarna dipun ucapaken para angèstu.

Ut. sembah

Ut. luma-wanUt. agawé sangsara-ning

Ar. kinawe-ruhan

Para ingkang sami ababarisan Juz XXIII 1214

173 Lan sayekti wadya bala Ningsun temen kang bakal padha menang.

174 Mulané sira méngoa saka dhèwèké nganti tumeka mang-sané,2125

175 Lan (banjur) padha sira delenga, lah dhèwèké bakal padha andeleng.

176 Lah apa ta dhèwèké arep padha anggégé marang siksa-Ningsun?

177 Ananging samangsa iku tumurun ing padunungané, lah ala bakalé ésuké para kang wus padha dipépélingi.

178 Lan sira méngoa saka dhèwèké nganti tumeka mangsané.

179 Lan (banjur) sira andelenga, amarga dhèwèké iya bakal padha andeleng.

180 Mahasuci Pangéranira, Pa-ngéraning Kahurmatan, (adoh) saka anggoné padha anganggep.

181 Sarta Rahayu tumrapé para utusan.

182 Lan sakèhing pangalemba-na iku kagunganing Allah Ingkang mangérani sakèhing ngalam.

2125. Inggih punika, titimangsa dhatengipun kamenangan (Bd).

_________

Ut. anyifati

SURAT 38

SHAD

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(5 ruku’, 88 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Weca badhé kawonipun mengsah. Ruku’ 2. Para mengsahipun Kanjeng Nabi Dawud. Ruku’ 3. Kanjeng Nabi Sulaiman kaliyan mengsah-mengsahipun. Ruku’ 4. Kanjeng Nabi Ayyub lan menangipun para tulus. Ruku’ 5. Panglawan dhateng para nabi.

Namanipun

Namanipun surat punika mirid saking aksara pangringkesing tembung ingkang kasebut wonten ing ngriku. Ingkang katerangaken ing rekaos ingkang kasandhang déning para nabi saking pandameling tanganipun mengsah-mengsahipun. Dalasan nabi ingkang kados déné Kanjeng Nabi Dawud lan Kanjeng Nabi Sulaiman, ingkang ngratoni karajan ingkang santosa, tuwin Kanjeng Nabi Ayyub ingkang kaparingan kasugihan, inggih boten saged suminggah saking panglawan lan kapeksa sami nandhang rekaos wonten ing tanganing mengsah-mengsahipun. Kanjeng Nabi Muhammad saw. inggih boten dipun kejawèkaken. Nanging kados déné ingkang kacetha wonten ing namanipun surat punika. Gusti Allah punika Pangéran Ingkang-Mahayakti, ing kalanipun mubal-mubaling panglawan Panjenenganipun amecakaken kawonipun mengsah, tuwin menangipun ingkang wekasan yakti, sarta janji-Nipun mesthi badhé dipun tuhoni sayektos, boten prabéda lan janji milujengaken para nabi ingkang rumiyin- rumiyin saking tanganing para mengsahipun punika ugi sampun katuhonan sayektos.

Titimangsaning tumurunipun tuwin babipun ingkang karembag

Titimangsaning tumurunipun surat punika kénging katamtokaken kirang langkung nunggil jaman kaliyan surat ingkang sampun, sarta sampun boten wonten semang-semangipun malih kagolong wahyu Makkiyah. Nalika wekdal wau panglawan saya sanget punika sampun genah, sarta saged ugi hijrah ingkang rumiyin piyambak sampun kelampahan utawi badhé kelampahan tumunten kémawon ing sasampunipun surat punika katurunaken. Wekdal wau watawis ing wekasaning jaman Makkah wiwitan. Ruku’ ingkang sapisan mangandikakaken kalayan terang bab prakawis panglawanipun mengsah ingkang kalayan sarosa tuwin mecakaken kawonipun mengsah wau. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken bilih dalasan nabi ingkang ugi jumeneng ratu kados déné Kanjeng Nabi Dawud, punika inggih gadhah mengsah, nanging para nabi wau sami dipun wilujengaken saking tanganing mengsah. Ruku’ ingkang kaping tiga nerangaken bilih nadyan Kanjeng Nabi Sulaiman ingkang binathara punika, inggih boten saged uwal saking panglawaning mengsah-mengsahipun, éwadéné sanès kaluhuraning karatonipun, nanging nugrahanipun Allah, ingkang milujengaken panjenenganipun saking mengsah-mengsahipun. Ruku’ ingkang kaping sakawan mangandikakaken kasusahan ingkang kasan-dhang déning Kanjeng Nabi Ayyub tuwin nerangaken kalayan terang menangipun para titiyang tulus. Ruku’ ingkang pungkasan, ingkang karembag bab caraning panglawanipun sétan dhateng manusa – nabi.

__________

Shad Juz XXIII 1216

RUKU’ 1

Weca badhé kawonipun mengsah

1-3. Pèpènget. 4-8. Para manembah pangéran kathah sami setya dhateng sesembahan-ipun. 9-11. Weca kawonipun para wadyabala ingkang sakuthu. 12-14. Ingkang sami milawani para nabi ing kina-kina punika sami lebur.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Allah ingkang Mahayekti!2126

Waspadaknaa Quran kang kadu-nungan kaluhuran.2127

2 O, balik para kang padha kafir iku padha ana ing sajroning kumalungkung lan milawani.

3 Pira baé bangsa sadurungé dhèwèké kang wus Ingsun lebur, banjur padha anguwuh-sambat,nanging wis kliwat mangsané suminggah.2128

4 Lan dhèwèké padha gumun, déné ana juru pépéling (tuwuh) saka bangsané dhéwé, anekani dhèwèké, sarta para kafir acalathu: Iki juru-kemayan, wong goroh:

5 Apa dhèwèké andadèkaké sesembahan-sesembahan iku dadi sesembahan sawiji? Sayekti, iki temen sawijining barang kang élok!

2126. Shâd, ingkang ugi dados namanipun surat punika, punika kanggé pangringkesipun Ash-Shâdiq tegesipun Allah ingkang Mahayakti (JB).

2127. Dhikr ing ngriki ateges kaluhuran, kados déné ing 43: 4 (TA-LL). Apasaksi kalayan Quran ingkang sinung kaluhuran, punika mengku teges bilih kasunyatanipun Quran badhé gumelar awewèntèhan kaluhuran ingkang badhé dumunung wonten ing para ingkang andhèrèk Quran.

2128. Terangipun, para titiyang wau boten sami anggapé dhateng pèpènget, nanging sareng siksa sampun andhawahi saèstu dhateng piyambakipun, sarta wanci kanggé oncat sampun boten wonten malih, saweg sami nguwuh-uwuh nedha tulung tuwin nedha dipun wilujengaken saking siksa.

a. 2099

Ar. lan Ar. dudu

Surat 38 Weca kawonipun mengsah 1217

6 Lan para kepala-kepalané padha anglungani, calathuné: Padha lungaa sarta padha diteguh (setyamu) marang sesembahan-sesembahanmu; sayekti, iki temen sawijining prakara kang kudu ginayuh:2129

7 Iki, ora tau aku padha ngru-ngu ing sajroning agama kang dhisik; iki ora liya kajaba pang-gorohan:

8 Apa pépéling (kang) ditu-runaké marang dhèwèké iku saka antarané aku kéné? O, balik dhèwèké iku padha ana sajroning semang-semang marang pépéling-Ingsun. O, dhèwèké durung padha angrasakaké siksa-Ningsun!

9 Apa dhèwèké iku padha andharbèni gedhung wilasané Pangéranira Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Agung-paparingé?

10 Utawa apa karatoning langit-langit lan bumi sarta barang saan-tarané iku darbèké? Jajal konen padha munggah kalawan sara-na.2130

11 Wadyabalané para papanthan kang santosa ing kono bakal padha keplayu.2131

2129. Barang kang kudu ginayuh, punika kénging dipun suraos barang ingkang badhé ginayuh Kanjeng Nabi, nanging boten angsal damel, utawi ateges bilih anggènipun mumulang Kanjeng Nabi punika prakawis ingkang sampun katamtokaken pepesthèning pandum. Para titiyang wau sami gadhah panganggep bilih kacilakan mesthi andhawahi piyambakipun, jalaran sampun katamtokaken kalayan pepesthèning nasib (Bd).

2130. Rèhning para titiyang wau sami nganggep awakipun piyambak nyepeng panguwaos wonten ing nagarinipun tuwin wenang murba-wisesa nagarinipun, para titiyang wau sami kadhawuhan ngupados sarana ingkang mikantuki piyambak, ingkang saged damel lastantuning panguwaosipun, tuwin kadhawuhan bilih pèpèngetipun Kanjeng Nabi punika dora. Para titiyang wau boten badhé saged minangkani sadaya wau; ing ayat candhakipun kadhawuhaken.

2131. Punika piweca bab badhé tumpes tuwin ambrukipun babar pisan mengsah-mengsahipun Islam, ing kalanipun para mengsah wau ngempalaken prajurit sawonten-wontenipun sadaya kanggé

Ar. Wadya bala apa (!) Ut. jajahan kang kuwat

Shad Juz XXIII 1218

12 Ing sadurungé dhèwèké, kaumé Nuh, apa déné ‘Ad, lan Fir’aun kang andharbèni wadya-bala,2132 padha anggorohaké (para utusan).

13 Lan Tsamud sarta kaumé Luth apa déné para kang manggon ing gugrumbulan:a yaiku para papanthan.

14 Kabèh iku ora ana siji-sijia kang ora anggorohaké para utusan, mulané wis bener piwales-Ingsun.

RUKU’ 2

Para mengsahipun Kanjeng Nabi Daud

15, 16. Pancasan tumrap para titiyang Makkah sampun mèh dhumawah. 17-20. Karajan ageng kaparingaken Kanjeng Nabi Dawud. 21-25. Palacidra dhateng Kanjeng Nabi Dawud cabar. 26. Kasaénanipun sarta kawicaksananipun.

15 Lan iki ora liya kajaba mung kari ngentèni panjelih sapisan; ing kono wis ora ana sumené.2133

nglawan Islam. Dados tegesipun Kanjeng Nabi kadhawuhan sabar salebetipun nandhang rekaos ing wekdal ingkang dipun idaki wau, sarta ing salajengipun Kanjeng Nabi dipun pangandikani, bilih mengsah ingkang milawani panjenenganipun badhé andados langkung anggigirisi. Nanging salebetipun kapangandikan makaten wau, panjenenganipun lipur panggalihipun, uninga bilih wadya-sekutunipun mengsah badhé remuk tan mangga puliha. Punika kelampahan saèstu wonten ing paprangan ingkang winastan gazwatu-l-Ahzâb, utawi prangipun wadya-sekutu. Mirsanana 1981.

2132. Autâd punika jama’-ipun watad, ingkang wantahipun ateges pathok ingkang tumancep ing siti kalayan kiyat. Nanging asring kémawon tembung punika dipun anggé tembung ngibarat. Kadosta .

punika tegesipun pengagengipun kitha, daérah, utawi nagari (LA-LL). Bd merdéni ateges jawinipun kang andharbéni wadyabala akèh. Sarta, limrah- ipun tembung wau ugi dipun tegesi jawinipun kang andharbéni negara kang kuwatdéné minangka watonipun, kapethikaken kidungipun Aswad, makaten, jawinipun ing pangayomané sawijining ratu kang santosa ana ing nagara kang kuwat (Kf). Sarta panjenenganipun mewahi katrangan, bilih margi saking punika mila tembung autâd punika dipun anggé nembungaken sacara ngibarat santosanipun panguwaos tuwin kraton saha jejegipun prakawis.

2133. Fawâq punika wekdal saantawisipun kalih peresan (LL). Unta èstri manawi dipun peres (dipun wedalaken puhanipun), sasampunipun dipun peres saambalan lajeng dipun kèndelaken ing sawatawis wekdal, supados dipun sesep pedhètipun piyambak pamrihipun, ing sasampunipun dipun sesep wau puhan langlung kathah wedalipun; lah lajeng dipun peres malih. Dados fawâq makaten ateges sumené sakedhap.

a. 1347

Surat 38 Mengsahipun Kanjeng Nabi Dawud 1219

16 Lan dhèwèké calathu: O, Pangéran kawula! Tuwan énggal-aken bagéan kawula (dhumawah-ipun) dhateng kawula, sadèrèng-ipun dinten pétangan.2134

17 Di sabar marang apa cala-thuné sarta angélingana kawula-Ningsun Dawud, kang andharbèni kakuwatan;2135 sayekti dhèwèké iku tansah bali (kalawan konjem marang Allah).

18 Sayekti Ingsun ambangun turutaké gunung-gunung, anyartani dhèwèké, mahasucèkakéa (ing Allah) ing wayah ésuk lan soré,

19 Apa dhéné manuk-manuk padha nglumpuk;b kabèh padha miturut marang dhèwèké.

20 Lan Ingsun anyantosakaké karatoné, sarta Ingsun amaringi kawicaksanan dhèwèké, apa déné panemu kang bening.

21 Lan apa wis tumeka marang sira caritané wong kang padha milawani, nalikané padha lumebu ing kamar kang miji asarana mlangkah pager?

22 Nalikané padha lumebu ama-rani Dawud, lah iki kagèt amarga saka dhèwèké, dhèwèké padha calathu: Sampun ajrih: tiyang prakawisan kalih, ingkang satung-gal atindak dédé dhateng satung-galipun; milanipun kula samipanjenengan putusi kalayan adil,

2134. Lah ing ngriki kasebutaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang para kafir nyuwun dipun dhawahi siksa wonten ing gesang sapunika punika.

2135. Yad tegesinun jâh tuwin quwwah, jawinipun kaluhuran tuwin panguwaos (TA). Miturut TA ugi, yad punika inggih ateges wasésa, hak andarbéni, nugraha utawi paédah.

a. 2022

b. 1846

Ar. antawis-ipun kula

Shad Juz XXIII 1220

sarta sampun atindak botsih, saha mugi panjenengan anuntun kula dhateng margi ingkang leres;

23 Saèstu, punika sadhèrèk kula; gadhah ménda sangang dasa sanga sarta kula gadhah ménda sa-tunggal; ananging piyambakipun wicanten: kuwi tampakna marang aku, sarta piyambakipun menang ing ginem kaliyan kula.

24 Calathuné: sayekti, temen dhèwèké atindak dudu marang kowé kalawan anjaluk wedhusmu, (arep diwuwuhaké) marang we-dhusé; lan sayekti, sing akèh, wong bathon iku temen padha nakal kang sawenèh marang sawenèhé, kajaba para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, lan iku mung sathithik; lan Dawud iku ngrumangsani, manawa awaké Ingsun coba, mulané nyu-wun pangayomana Pangérané sarta anjungkel tumundhuk apa déné tansah bali adhepé (ing Panjene-ngané).2136

2136. Dongèng ngayawara ingkang para mufassirin kanggé nafsiri ayat punika, punika sakalangkung anggènipun cengkah kaliyan pangandikanipun Quran bab Kanjeng Nabi Dawud. Kados déné ingkang kasebutaken kalayan terang Quran piyambak, tiyang ingkang nempuh Kanjeng Nabi Dawud sarana mlangkah pager wau mengsahipun Kanjeng Nabi Dawud. Titiyang wau gadhah niyat badhé nukup Kanjeng Nabi Dawud kalayan dhedhemitan tuwin badhé nyédani panjenenganipun. Nanging Kanjeng Nabi Dawud, nadyan inggih ngandhut kuwatos, samekta badhé methukaken titiyang wau. Tiyang kalih wau, margi kacengkeg lan boten kadumugèn sedyanipun lajeng damel-damel pawadan sababipun sami dhateng ing ngriku sacara nyalènèh wau. Quran boten naté angandikakaken bilih titiyang wau malaikat kakalih; langkung-langkung saumpami malaikat, boten cocog kaliyan kateranganipun Quran bilih tiyang kakalih wau tiyang ingkang sami milawani lan mlangkahi pager.Dodongèngan ingkang nerangaken Kanjeng Nabi Dawud lampah sèdhèng, lajeng wonten malaikat kakalih dhateng perlu mèngeti Kanjeng Nabi Dawud anggènipun sampun atindak dosa, punika gogorohan blaka, nadyan wonten pundi kémawon pinanggihipun dodongèngan wau. Mufassir ingkang kalebet linangkung nampik sanget dhateng dodongèngan wau. Rz nerangaken makaten: “Para saged ingkang kathah-kathah tuwin para marsudi kasunyatan ing antawisipun para saged wau sami mastani bilih pandakwa punika dora sarta mastani manawi punika gogorohan tuwin dodongèngan ingkang adamel wisuna,” Khalifah Ali, nalika midhanget dodongèngan ingkang ngayawara wau, ngandika: “Sing sapa wongé nyaritakaké dongèngé Kanjeng Nabi Dawud kaya anggoné nyaritakaké para tukang andongèng kaé, mesthi bakal dak sabeti kaping 160; iki minangka pidanané wong kang andalih kalayan

Ut. yakin

a. 2194

Ut. tobat

Surat 38 Kanjeng Nabi Sulaiman kaliyan mengsahipun 1221

25 Mulané, iki, Ingsun angayomi marang dhèwèké,a lan sayekti dhè-wèké iku temen olèh kepareking ngarsa-Ningsun sarta pangungsèn kang becik.

26 O, Dawud! sayekti Ingsun wus andadèkaké sira dadi pama-réntah ing bumi, mulané angadil-ana antaraning para manusa kala-wan bener sarta aja manut hawa, mundhak sira sinasaraké saka dadalaning Allah; sayekti para kang padha sasar saka dadalaning Allah iku bakal padha olèh siksa kang abot, amarga saka anggoné padha lali marang dinaning pétu-ngan.*

RUKU’ 3

Kanjeng Nabi Sulaiman kaliyan mengsah-mengsahipun

27-29. Para tulus sarta para ingkang adamel risak boten badhé dipun sami pan-dumipun. 30-33. Kahagunganipun Kanjeng Nabi Sulaiman. 34. Ingkang sami anggentosi boten pengaos. 35-40. Para mengsahipun Kanjeng Nabi Sulaiman sami nungkul dhateng panjenenganipun.

27 Lan Ingsun ora anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa

*palsu marang nabi” (Rz). Wondéné tembung istagfara tuwin tembung gafarnâ ing ayat punika tuwin ing ayat candhakipun punika babar pisan boten anélakaken bilih Kanjeng Nabi Dawud sampun anindakaken pandamel dosa, jalaran menggah ing sajatos-jatosipun istigfar punika tegesipun ngupados pangayoman (mirsanana 2194), mila nalika Kanjeng Nabi Dawud pirsa mengsah-mengsahipun ngantos samanten nèkadipun dhateng panjenenganipun, panjenenganipun lajeng nyuwun pangayomanipun Pangéran. Déné tembung gafarnâ ing ayat candhakipun, punika ateges angleresaken prakawisipun Kanjeng Nabi Dawud; sabab ingkang kapratélakaken wonten ing ngriku, nyethakaken teges ingkang makaten wau: “Sayekti dhèwèké iku temen olèh keparek ing ngarsa-Ningsun sarta pangungsèn kang becik.” Déné maksudipun mila lalampahan wonten ing sugengipun Kanjeng Nabi Dawud punika dipun andharaken, punika supados Kanjeng Nabi lajeng uninga dhateng rekaos ingkang dipun sandhang. Jalaran, manawi ratu gung binathara kados Kanjeng Nabi Dawud makaten meksa boten saged ngulataken mengsah-mengsahipun kalayan sampurna, punapa malih Kanjeng Nabi, botena saya rekaos lenggahipun. Prayogi katerangaken ugi, bilih ing antawisipun titiyang Israil piyambak, wonten golongan ingkang milawani Kanjeng Nabi Dawud tuwin Kanjeng Nabi Sulaiman; mirongipun pancer sadasa dhateng papréntahanipun Rehabeam, putranipun Kanjeng Nabi Sulaiman, punika dados pasaksèn ingkang terang gamblang ing wontenipun memengsahan wau. Awit saking punika mila lajeng wonten pandalih palsu dhateng nabi-ratu kakalih punika.

a. 2194

Shad Juz XXIII 1222

kang ana ing saantarané iku kala-wan muspra; iki panemuné para kang padha kafir;2137 mulané cilaka bagéané para kang padha kafir déning geni.

28 Apa para kang padha angèstu sarta alaku becik iki Ingsun gawé padha karo wong kang padha agawé wisuna ing bumi? Apa wong kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala) Ingsun gawé padha karo wong ala?

29 (Iki) Kitab, Ingsun turunaké marang sira, kebak isi kabe-cikan,2138 dimèn dhèwèké padha angangen-angena ayat-ayaté sarta dimèn para kang padha kasinungan akal padha mikir-mikir.

30 Lan Dawud wus Ingsun paringi Sulaiman; linuwih kawula iku! Sayekti dhèwèké iku tansah madhep (ing Allah).

31 Nalika (jaran-jaran) diprik-sakaké marang dhèwèké ing wayah soré, anteng manawa mandheg,2139

rikat manawa lumayu.

32 Tumuli acalathu: Sayekti aku iki dhemen barang kang becik karana éling marang Pangéranku nganti (si jaran) sumamar déning aling-aling, (acalathuné):

2137. Para angèstu angsal tuntunaning piwulang, bilih manusa punika tanggel jawab dhateng sadaya pandamelipun, tuwin angsal tuntunaning piwulang, bilih sabarang ingkang wonten ing langit tuwin ing bumi, punika sadaya sami mengku hikmah. Kosokwangsulipun para kafir, sami damel wisuna, awit piyambakipun boten sami ngrumaosi bilih piyambakipun boten badhé manggih kawusanan awon margi saking anggènipun damel wisuna wau, dados punika ateges bilih piyambakipun boten anggapé dhateng angger-anggering “sebab lan musabab” – “sabab lan temahanipun” ingkang tumindhak wonten ing jagad punika.

2138. Mubârak punika tegesipun binarkahan, sarta ugi ateges kathah sanget kasaénanipun (LL).2139. Shâfinât punika jama’-ipun tembung shâfin, tegesipun kapal ingkang ngadeg mawi

sukunipun tiga tuwin pucuking tracak ing sukunipun ingkang angka sakawan. Dados tembung wau ateges kapal ingkang anteng manawi pinuju ngadeg.

Ar. saka

Ut. ngadeg

Surat 38 Kanjeng Nabi Sulaiman kaliyan mengsahipun 1223

33 Padha balèkna mréné; tumuli dielus-elus sikilé lan guluné.2140

34 Lan sayekti temen Ingsun anglèlèr Sulaiman, sarta kang Ingsun dèkèkaké ing dhampar-palungguhané (ora liya kajaba mung) jasad,2141 tumuli dhèwèké madhep (marang Allah).

35 Unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing ngapunten ing kawula, saha mugi Tuwan apa-ring karaton ing kawula, ingkang boten mungguh tumrap tiyang satunggal-tunggala sapengker ka-wula (yèn ta marisa);2142 saèstu

2140. Tetembungan ingkang cetha-pratéla punika, dipun pracéka dados dodongèngan ngayawara, ingkang anyariyosaken, bilih Kanjeng Nabi Sulaiman duka yayah sinipi margi kapal-kapal lalangenipun murugaken panjenenganipun kasép anggènipun salat ing wanci siang, milanipun kapal-kapal wau lajeng dipun kethoki suku tuwin gulunipun, ngantos sajakipun makaten kapal-kapal wau ingkang lepat, sanès panjenenganipun piyambak. Nanging Quran babar pisan boten mangandikakaken bilih Kanjeng Nabi Sulaiman nglirwakaken salat margi ketungkul mirsani kapal; makaten ugi Quran inggih boten mangangandikakaken bilih panjenenganipun ngethoki suku tuwin gulunipun kapal-kapal wau. .

punika tegesipun ngusapi satunggaling barang mawi tangan, utawi ngelus-elusakentangan dhateng barang wau. Kapal, punika mesthi dipun elus-elus sukunipun lan gulunipun samangsa bibar ambalap. Lah inggih makaten punika ingkang katindakaken déning Kanjeng Nabi Sulaiman. Dados ingkang dipun anggé bumbu damel dodongèngan ingkang anèh wau boten saking Quran asalipun. Déné tembung punika kanggé nembungaken kapal-kapal wau, jalaran manawi ambalap kalangkung déning santer plajengipun, ngantos akethap-kethap lan sumingid saking nétranipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Dados manawi tetembungan wau kaanggep wangsul dhateng surya, nama mrakosa tetembungan ingkang pancènipun sampun terang gamblang, saya malih manawi angèngeti, bilih ing ngriki utawi ing pundi kémawon ing surat punika, babar pisan boten wonten ingkang nyebutaken surya.

2141. Sajakipun Kanjeng Nabi Sulaiman sampun uninga bilih ingkang putra Rehabeam, ingkang calon sumilih keprabon, punika boten saged nyepeng papréntahan; milanipun, sareng Kanjeng Nabi Sulaiman pirsa titik-titikanipun karajan badhé pecah-pecah, utawi sareng kaparingan pirsa bab prakawis punika wahyuning Pangéran, panjenenganipun lajeng wangsul dhateng Aliah. Awak-awakan thok ingkang kapasang wonten ing damparipun Kanjeng Nabi Sulaiman, punika saged mengku teges ingkang putra Rehabeam, ingkang déning sadaya panceripun Israil boten dipun bektèni, kajawi namung pancer satunggal ingkang tetep setya (Para Raja 12: 17), utawi saged mengku teges Yerobeam, inggih punika panuntuning tiyang Israil ingkang mirong dhateng dharah Dawud: Yerobeam wau sareng jume-neng dados ratunipun pancer Israil sadasa, lajeng damel sesembahan-brahala wonten ing Dan tuwin ing Bethel, awujud pedhèt kakalih, ingkang kaanggep recanipun Yéhuwah (Para Raja 12: 28), tuwin lajeng nyembah brahala reca sisingèn (I Para Raja 14: 9). Dados kakalihipun, Rehabeam tuwin Yerobeam, sami déné nocogi kaliyan sisifatan awak-awakan (kang tanpa nyawa) ingkang kapasang wonten ing dhamparipun Kanjeng Nabi Sulaiman. Mirsanana ugi 2029.

2142. Ayat ingkang sampun mangandikakaken bab prakawis sèkèngipun putranipun Kanjeng Nabi Sulaiman ingkang badhé sumilih keprabon nata. Milanipun, ing ngriki kasebutaken panyuwunipun

Ar. marang aku

Ut. badan wadhag

Shad Juz XXIII 1224

Tuwan punika Ingkang agung-ing-Paparing.

36 Tumuli Ingsun ambangun turutaké angin marang dhèwèké; midid saparéntahé kalawan alon, marang ngendi baé sakarepé,

37 Mangkono uga para sétan, sakèhing ahli yayasan sarta juru silem,

38 Sarta liyané manèh, padha binalenggu ing ranté.2143

39 Iki paparing-Ingsun – mulané sira wèwèhna utawa sira kekera – kalawan tanpa pétung.

40 Lan sayekti temen dhèwèké iku sinungan parek ing ngarsa-Ningsun sarta pangungsèn kang linuwih.

RUKU’ 4

Nabi Ayyub tuwin kamenanganipun para tulus

41-44. Nabi Ayyub dipun ganjar saking sabaripun. 45-54. Para kawula ingkang tulus sadaya dipun ganjar. 55-58. Ingkang milawani sami dhumawah ing cintraka. 59-64. Para ingkang adamel risak saking tutuh-tinutuh.

41 Lan angélingana kawula-Ningsun Ayyub, nalikané anguwuh Pangérané: Sétan punika anusah-aken kawula kalayan angrekaos-aken sarta sakit.2144

Kanjeng Nabi Sulaiman karaton ruhani, awit ngemungaken karaton ruhani punika kémawon, ingkang genah sampun boten saged dipun risaki warisipun. Ing sasédanipun Kanjeng Nabi Sulaiman, Kaluhuraning karatonipun donya boten lastantun.

2143. Katrangan sisifatanipun sétan-sétan ingkang kasebutaken ing ngriki punika anedahaken kalayan terang, bilih sesebutan, ‘sétan-sétan’ wau kanggé mastani titiyang bangsa ngamonca ingkang dipun telukaken Kanjeng Nabi Sulaiman, awit inggih tiyang bangsa ngamonca wau ingkang dipun peksa kapurih nyambut damel Kanjeng Nabi Sulaiman. Dados awit saking punika, dhawuh sarupané ahli yayasan lan juru-silem punika nedahaken kalayan terang, bilih jin lan sétan ingkang kacariyosaken dipun telukaken Kanjeng Nabi Sulaiman, punika boten sanès inggih manusa blaka. Bab punika ugi kabuktèn malih dhawuh ingkang mungel diblenggu kalawan ranté; jalaran titah boten wadhag ingkang sinebut sétan-sétan lan jin, punika boten kok dipun blenggu mawi ranté. Ranté, punika namung kénging kanggé amblenggu titah wadhag kados déné manusa makaten. Mirsanana ugi 2027.

2144. Cariyosipun Kanjeng Nabi Ayub kaandharaken wonten ing ngriki tuwin ing surat ingkang kaping 21; namung ing ngriku langkung cekak katimbang ing ngriki. Déné andharanipun Quran bab

Ar. lan

Ar. lesah

Surat 38 Nabi Ayub tuwin para tulus 1225

42 Angetabna kalawan sikilira; iki padusan kang adhem sarta ombèn.2145

43 Lan kulawargané Ingsun paringaké marang dhèwèké, apa déné panunggalané iku sapadhané iku,2146 dumunung wilasa saka Ingsun sarta pépéling tumrap para kang ana akalé.

Kanjeng Nabi Ayub, punika namung makaten: panjenenganipun punika tiyang tulus ingkang nandhang sawenèh rekaos, nanging tetep sabar salebetipun nandhang cobi wau, wasana panjenenganipun lajeng kaentasaken saking kasangsaranipun. Lalampahan sugengipun Kanjeng Nabi Ayub wau sadaya namung kaandharaken kalayan ringkes sanget. Gubahan ingkang sinawung ing kidung, ingkang isi kawan dasa kalih bab, ingkang misuwuripun winastan “Serat Ayub” punika ing Quran Suci boten wonten.

Ambokmanawi kémawon sayah lan sangsara ingkang dipun sambataken Kanjeng Nabi Ayub, punika margi anggènipun lalana nrajang saganten wedhi; ing ngriku panjenenganipun manggih rekaos, margi sayah tuwin kasatan. Kathah kawontenan-kawontenan ingkang kénging kanggé pasaksèn pupuntoning pamanggih ingkang makaten punika. Tembung nushb, ingkang ateges sayah utawi kesel, punika salah satunggalipun ingkang kénging dipun anggé pasaksèn wau. Pasaksèn sanèsipun, inggih punika kanggé ngusadani punika, panjenenganipun dipun tuntun dhateng papan padusan ingkang asrep tuwin ombèn-ombèn. Pasaksèn ingkang angka tiga, sétan (syaithân) kasebutaken gagayutan kaliyan /

riribed ingkang kasandhang Kanjeng Nabi Ayub; mangka ingkang wantahipun ateges sétané sagara wedhi punika tegesipun ngelak (Q-LL). Sampun boten wonten semang- semangipun malih, lalampahipun Kanjeng Nabi Ayub ingkang ngrekaosaken kasebutaken, punika nyasmitani badhé tindakipun ingkang tebih Kanjeng Nabi saking Makkah dhateng Madinah ingkang katindakaken salebetipun nandhang kawontenan ingkang ngrekaosaken.

2145. ingkang wantahipun ateges angetabna kalawan sikilira, punika teges- ipun, anggebraga jaranira. Tembung rakadla punika mligi dipun anggé tumrap dhateng kèwan, tegesipun, kados katranganipun LL, makaten anggebraga kados tiyang anggebrag kèwan (IAs). Sadaya .

kitab bausastra sami anerangaken panganggénipun ingkang mligi kados makaten punika, sarana nyukani nyukani tuladha-tuladha kanggénipun tembung wau. Kadosta jawinipun aku anggebrag jaran kalawan sikilku supaya lumayu (S, O, Msb-LL). Tuladha malih,jawinipun Dhèwèké anggebrag kèwan kalawan sikil kanggo ngatag kèwan mau (LL). Dados awit saking punika, tegesipun dhawuh punika gebragen jaranira supaya lumaku terus, déné angsalan-angsalanipun, panjenenganipun lajeng manggih panggènan kanggé nyenyeger sarira kanggé ngunjuk tuwin kanggé siram. Kanjeng Nabi Ayub kagungan panginten bilih panjenenganipun dumunung wonten ing saganten wedhi ingkang boten wonten toyanipun, sarta panjenenganipun ngadhuh dhateng Pangéran déning nandhang sayah margi lalampah tebih tuwin ngelak ingkang sanget. Pangéran lajeng dhawuh supados panjenenganipun anggebrag kapalipun utawi kèwan tutumpakanipun, supados lumampah terus dumugi ing panggènan ingkang kénging dipun leremi panjenenganipun. Punika satunggaling piwulang tiyang boten kénging nglokro samangsa manggih rekaos.

2146. Ahla-hu punika saged ateges kaumipun utawi brayatipun. Déné ahli kaparingaken dhateng panjenenganipun, punika tegesipun panjenenganipun kawangsulaken dhateng ahlinipun wau saking anggènipun lalana tebih, kados déné ingkang kasebutaken ing ayat ingkang sampun wau. Déné mitslahum utawi padhane, punika saged mengku teges, bilih panjenenganipun kawangsulaken dhateng pandhèrèk-pandhèrèkipun, ingkang kawontenanipun langkung kathah cacahipun katimbang nalika katilar, utawi saged mengku teges, bilih panjenenganipun kaparingan brayat langkung kathah, sarana kaparingan putra malih .

Ar. dhèwèké kabèh

Shad Juz XXIII 1226

44 Lan angalapa barang-barang donya sawatara, banjur di narima marang iku, sarta aja tumiyung marang apa kang ora bener;2147

sayekti Ingsun uningani dhèwèké iku sabar; linuwih abdi iku; sayekti dhèwèké iku tansah bali marang Allah.

45 Sarta angélingana kawula-Ningsun Ibrahim lan Ishaq sarta Ya’kub, wong kang padha duwé kakuwatan sarta titis ing pandulu.

46 Sayekti, dhèwèké wus padha Ingsun resiki kalawan sifat resik, éling ing padunungan (kang weka-san).

47 Lan sayekti, dhèwèké iku ana ing ngarsa-Ningsun, panunggalané para pinilih, para utama.

2147. Ukara punika mengku pratélan warni tiga, ingkang limrahipun tiga pisan wau dipun suraos sacara kalèntu. Para mufassir sami kémawon anggènipun nafsiri ukara punika, inggih punika sarana migunakaken dodongèngan. Cacariosipun Kanjeng Nabi Ayub prasetya badhé midana ingkang garwa kalayan dipun gebagi kaping satus, sarta ing wasananipun supaosipun wau dipun tetepi saèstu, Kanjeng Nabi Ayub anggebagi ingkang garwa kaping satus mawi bongkokan suket garing ingkang kacampuran panging tataneman ingkang alit-alit. Quran Suci tuwin hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang kénging pinitados boten wonten sakedhik-kedhika ingkang nyebutaken dodongengan wau .

Pratélan ingkang sapisan mungel Leres, tembung dligts punika pancèn wonten ingkang ateges bongkokan kajeng garing (rencekan); nanging tembung wau ugi gadhah teges sanès-sanèsipun malih, dados tiyang ingkang anjarwakaken kedah saged milih, pundi teges ingkang cocog kaliyan suraosing dhawuh, lan kedah saged negesi dhawuh wau kalayan teges ingkang cocog kaliyan nalar, boten kok lajeng damel-damel dodongèngan kanggé nafsiri dhawuh wau. Ing satunggaling haditsipun Kanjeng Nabi, wonten tetembungan ingkang kados makaten wau; ing ngriku .

tembung, dipun terangaken mengku teges jawinipun wong kang olèh barang saka barang-barang ing donya (IAs). Hadits wau ugi katerangaken TA /

makaten jawinipun ing antarane dhèwèké ana kang olèh barang- barang donya sawatara. Tembung akhadha lan dligts makaten punika, ingkang kagem wonten ing Quran Suci; dados manawi makaten, ukara ing ayat ngriki punika boten sanès kajawi mengku teges, bilih Kanjeng Nabi Ayub kaparingan barang-barang ing donya sawatawis.

Sapunika kantun tembung ingkang perlu katerangaken. Punika inggih boten sisah angèl-angèlan, awit hanatsa punika cetha ateges tumiyung saka barang kang bener marang barang kang luput (S-LL). Déné suraosing dhawuh. Kanjeng Nabi Ayub kadhawuhan sampun ngantos tumiyung dhateng awon samangsa kaparingan kasugihan. Dados ayat 41 mangandikakaken kasusahan

Ar. temu

Surat 38 Nabi Ayub tuwin para tulus 1227

48 Lan angélingana Ismail lan Al-Yasa’ apa déné Dhulkifli,a lan kabèh iku panunggalané para utama.

49 Iki sawijining péling; lan sa-yekti, temen ana pangungsèn kang becik tumrap kang para anjaga dhiriné (saka ing ala),

50 Patamanan kang langgeng, lawang-lawangé padha menga tumrap dhèwèké.2148

51 Ana ing kono padha aléléya-ngan, ana ing kono padha nguwuh linadènana wowohan akèh sarta ombèn-ombèn.

52 Lan ing sandhingé ana para kang padha menggak panya-wangé,a apapantaran ing umur.2148A

53 Iki barang kang dijanjèkaké sira ing dinaning pètungan.

54 Sayekti iki rijeki-Ningsun: ora bakal ana pungkasané.

55 Iki (bakal kaya mangkono); lan sayekti bagéané para kang padha ambalasar iku temen pa-ngungsèn kang ala:

56 Naraka; dhèwèké bakal padha nyemplung kono lah ala palèrènan iku.

wau ingkang kasandhang Kanjeng Nabi Ayub, ayat 42 kabiratipun kasusahan wau, ayat 43 mangandi-kakaken kepanggihipun Kanjeng Nabi Ayub kaliyan brayatipun, tuwin ayat 44 mangandikakaken anggènipun Kanjeng Nabi Ayub angsal kedonyan.

2148. Terangipun, kontening suwarga sami kabikak tumrap para titiyang wau ing gesang sapunika punika ugi; utawi, konten-konten wau tansah kabikak ngeblak tumrap para titiyang wau.

2148A. Punapa tegesipun kang padha mekak pandelengé punika sampun katerangaken wonten ing 2110. Namung ing ngriki mawi katerangaken racak umuripun. Punika minangka kanggé anedahaken, bilih tuwuhipun sadaya wau sareng kaliyan wiwit tumuwuhing gesang ruhaninipun manusa, dados anedahaken bilih sadaya wau wohing pandamel saé, sami ugi punapa ingkang katindakaken ing tiyang jaler, punapa ingkang katindakaken ing tiyang èstri ; sadaya racak badhé angsal woh wau.

a. 1649

Ar. kalawan

a. 2110

Shad Juz XXIII 1228

57 Iki ( bakal kaya mangkono); mulané dimèn padha dirasakaké, (ombèn) kang umob sarta (ombèn) kang kaliwat-liwat bangeting adhemé.2149

58 Sarta siksa liyané sajinisé iku mawarna-warna.

59 Iki gegrombolan kang tanpa tolèh anggebyur anyartani sira; ora ana pambagé slamet marang dhè-wèké; sayekti dhèwèké iku bakal padha anyemplung ing geni.

60 Bakal padha calathu:2149A ba-lik malah kowé – ora ana pambagé slamet marang kowé, kowé sing marakaké iki marang aku; lah ala padunungan iki.

61 Dhèwèké bakal padha mun-juk: Pangéran kawula! sinten ing-kang amurugaken punika dhateng kawula, lah mugi Tuwan mewahi siksa tikel ing latu.

62 Lan dhèwèké bakal padha calathu: apa karanané aku iki, déné aku padha ora andeleng wong-wong kang adaté padha dakpétung wong ala?

63 Apa (mung) déning dhèwèké biyèn padha dakinakaké apa pan-delengku sing (saiki) katambuhan marang dhèwèké?

2149. Tembung gassâq, ingkang limrahipun dipun jarwani nanah-wuk, punika sajatosipun sifatipun ombèn-ombèn (kasuraos kados déné lenggahipun tembung hamîm, ingkang jawinipum umob), déné tegesipun asrep ingkang sakalangkung sanget (I’Ab, IMsd-TA). Sarta ugi ateges agganda badheg(S-LL), nanging rèhning kasebutipun sasarengan kaliyan tembung hamîm utawi umob, mila teges kados ingkang kanggé anjarwani ayat punika, langkung nocogi kaliyan suraosing dhawuh. Para titiyang wau badhé kaombènan ombèn-ombèn ingkang sakalangkung bentèr tuwin ingkang sakalangkung déning asrep, jalaran para titiyang wau sami keladuk kemrikanen lan kemrikenen, boten sami anut margi ingkang tengah-tengah.

2149A. Ingkang ngucap makaten punika para ringkih ingkang sami manut, déné ingkang katuju ing

Ar. andhi-sikaké

Ar. angru-miyinaken

Surat 38 Panglawan dhateng para Nabi 1229

64 Sayekti iki temen barang nyata: Diya-diniyané para kang manggon ing geni.

RUKU’ 5

Panglawan dhateng para Nabi

65-68. Pèpèngetipun Nabi. 69, 70. Pancasan saking nginggil. 71-85. Panglawanipun sétan dhateng Adam punika angepleki kawontenanipun kelampahan panglawan dhateng para Nabi. 86-88. Nyataning wahananipun weca badhé kababar kaliyan cetha pratéla.

65 Calathua: Aku iki mung juru-pépéling sarta ora ana sawiji se-sembahan kajaba Allah, Ingkang-Mahatunggal, Ingkang-Amisésa (ing samubarang).

66 Pangéraning langit-langit lan bumi sarta barang kang ana ing saantarané, Ingkang-kinawasa Ing-kang-Aparamarta.

67 Calathua: Iku ayahan kang gedhé.2150

68 (Lan) sira padha maléngos saka ing kono:

69 Aku ora kasinungan kawruh prakara panggedhé-panggedhé kanglinuhur nalikané padha diya-diniya;2151

70 Ora liya kang winedharaké marang aku kajaba déné aku iki juru-pépéling kang terang.

pangucap wau, para bénggol bénggolipun (para panuntunipun awon). Para ingkang sami manut wau, wonten ing ayat sadèrèngipun kapangandikakaken wadya-bala kang anut grubyug karo kowé.

2150. Pawartos ingkang wigatos, inggih punika piweca badhé tumpesipun babar pisan para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Nanging kula aturi rnirsani ugi 2640.

2151.”Para panggedhé kang linuhur” punika para titah ing langit, ingkang manawi wonten satunggaling nabi ingkang badhé kajumenengaken mangertos langkung rumiyin, awit sadaya prakawis punika sadèrèngipun kelampahan wonten ing bumi, kaputus langkung rumiyin wonten ing langit. Diya-diniya punika diya-diniya punapa, kasebutaken wonten ing ayat-ayat candhakipun.

Ut. undang, pawarta

Shad Juz XXIII 1230

71 Nalika Pangéranira ngandika marang para malaikat:a Sayekti Ingsun lagi anitahaké manusa saka lebu:2152

72 Lah bareng iku wus Ingsun gawé sampurna sarta ing jeroné wus Ingsun tiyup kalawan Ruh-Ingsun, tumuli padha tumundhuka marang dhèwèké, sumujud.a

73 Tumuli sakèhing malaikat padha sujud kabèh.

74 Nanging iblis ora;b dhèwèké gumedhé sarta kalebu panungga-lané para kafir.

75 Panjenenganané ngandika: É, iblis! apa sababé déné sira emoh sujud marang apa kang Ingsun titahaké kalawan asta-Ningsun? Sira iku gumedhé apa sira iku saka golonganing para luhur?

76 Unjuké: Kula punika lang-kung saé tinimbang piyambakipun; kula punika Tuwan titahaken saking latu sarta piyambakipun Tuwan titahaken saking lebu.2153

77 Panjenengané ngandika: Mu-lané metua saka ing kono amarga sayekti sira iku tinundhung.

2152. Kula aturi mèngeti sasambetanipun kaliyan ayat ingkang sampun. Ing ayat ingkang sampun wau, ingkang dipun pangandikakaken bab anggènipun para pangageng ingkang linuhung sami diya-diniya bab prakawis rawuhipun Kanjeng Nabi Suci; ayat candhakipun, inggih punika ayat punika, kénging winastan nerangaken bab prakawis punika. Tumitahipun Adam tuwin telukipun para malaikat, punika minangka citraning jumenengipun satunggaling nabi tuwin telukipun para titiyang saé tuwin titiyang tulus dhateng nabi wau. Manusa ingkang katitahaken saking lebu punika Kanjeng Nabi Muhammad saw., déné para malaikat ingkang sami sujud punika para sahabatipun Sinuci Kanjeng Nabi. Wondéné roh awon (sétan) ingkang nuntun tiyang kathah dhateng sasar, punika para panuntun ingkang sami andaga, ingkang sami sumpah sumedya milawani ing Kanjeng Nabi tuwin nasaraken tiyang kathah. Déné dintening tinangèkaken, punika dinten nalika tiyang byuk-byukan lumebet Islam, ing sasampunipun mengsah lebur babar pisan.

2153. Katitahaken saking latu punika kanggé anedahaken wawatekanipun remen andaga tuwin wawatekan panas-baranan, déné katitahaken saking lebu punika mengku teges ruruh tuwin sumarah.

a. 47

Ut. bibisik

a. 56

b. 57, 581

Surat 38 Panglawan dhateng para Nabi 1231

78 Lan sayekti wewelak-Ingsun anibani sira tumeka ing dina pancasan.

79 Unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing sumené ing kawula ngantos dumugi dintenipun piyambakipun sami tinangèkaken.a

80 Pangandika-Né: Lah sayekti sira iku panunggalané para kang kaparingan sumené.

81 Nganti tumeka dinané wayah kang kinawruhan.b

82 Unjuké: Manawi makaten, dhemi panguwasa Tuwan, saèstu piyambakipun badhé kawula damel ambalasar gesangipun,csadaya.

83 Kajawi para kawula Tuwan panunggilanipun para sinuci.

84 Panjenengané ngandika: Lah (iki) kasunyatan, sarta kasunyatan pangandika-Ningsun.

85 (Yaiku), sayekti temen Ing-sun arsa angisèni naraka nganggo sira lan nganggo panunggalané endi kang padha manut ing sira, kabèh.

86 Sira dhawuha ingatasé iku aku ora anjaluk pituwas marang sira; sarta aku iki dudu panungga-lané wong padha gawé-gawé:

87 Iku ora liya kajaba pépéling tumrap sakèhing bangsa:

88 Lan sayekti, temen sira bakal weruh pawartané iku sawisé sawa-tara mangsa.

___________

a. 1338

b. 1338

Ut. sasar-aken c. 1609

SURAT 39

AZ-ZUMAR

(Papanthan-papanthan)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(8 ruku’, 75 ayat)

Pathinipun :

Ruku’ 1. Pambangun-turut ing Allah. Ruku’ 2. Para mukmin lan para kafir. Ruku’ 3. Quran Suci punika tuntunan ingkang sampurna. Ruku’ 4. Ingkang sami angemohi badhé dipun asoraken. Ruku’ 5. Riribed badhé boten kénging dipun tulak. Ruku’ 6. Wilasanipun Pangéran. Ruku’ 7. Pancasan ingkang wekasan. Ruku’ 8. Sawarnining papanthan sami angsal punapa ing samesthinipun.

Namanipun

Ingkang dipun karsakaken déning namanipun surat punika, Az-Zumar, punika tiyang kalih golongan, inggih punika para angèstu tuwin para kafir, ingkang satunggal purun nampèni yakti, satunggalipun angemohi yakti; nasib ingkang kasandhang déning satunggal-tunggaling golongan wau dados rembag wonten ing surat punika.

Ingkang kawarsitakaken

Urut-urutaning dhawuh sampun terang. Pambangun-turut dhateng Allah kadhawuhaken wonten ing ruku’ ingkang kaping sapisan. Tiyang ingkang purun ambangun-turut punika para angèstu, déné tiyang ingkang boten purun ambangun-turut, punika para kafir; kalih golongan punika kapangandikakaken wonten ing ruku’ candhakipun. Ruku’ ingkang kaping tiga nerangaken bilih Quran punika tuntunan ingkang sampurna, ruku’ ingkang kaping sakawan nerangaken bilih tiyang ingkang ngemohi Quran mesthi badhé angsal pidana. Ruku’ ingkang kaping gangsal ngiyataken pangandika bab pidananipun para tiyang ingkang sami mbeguguk angemohi, ruku’ ingkang kaping nem dhawuh migatosaken dhateng wilasaning Pangéran, ingkang tansah sumedya nuntun para titiyang ingkang purun tobat, milanipun tumrap titiyang dosa boten wonten sababipun yèn ta sami mupus. Kalih ruku’ ingkang wingking piyambak mangandikakaken dhumawahing pancasan, inggih punika samangsa satunggal-tunggaling golongan kakalih wau sami dipun icipaken dhateng barang ingkang mesthinipun kedah dados bubuhanipun.

Titimangsaning tumurunipun

Tuwan Muir lan Rodwell sami anggadhahi pamanggih bilih surat punika anggènipun katurunaken nalika jaman Makkah akhir; nanging pamanggih punika boten adhadhasar titimangsa ingkang pinitados. Dhawuh ingkang mengku piweca bab hijrah dhateng Habasyah ingkang kasebut wonten ing ayat 10, dipun suraos klèntu, inggih punika dipun suraos mangandikakaken hijrah dhateng Madinah ingkang kelampahanipun langkung akhir malih; lah inggih panyuraoas kalèntu punika ingkang murugaken tuwan kakalih wau lajeng nitimangsani surat punika langkung akhir. Anggènipun surat punika boten wonten ingkang nyebutaken upaya ingkang ngangkah sédanipun Kanjeng Nabi, mangka surat punika

Surat 39 Pambangun-turut ing Allah 1233

RUKU’ 1

Pambangun turut ing Allah

1-3. Pambangun turut kedah. 4. Allah punika boten kagungan putra. 5, 6. Kawe-dharing Panjenenganipun wonten ing titah-Ipun. 7. Panjenenganipun apirena dhateng panarimah ingkang dumunung ing manusa. 8. Tiyang anguwuh Allah namung salebetipun nandhang rekaos. 9. Para angèstu kaliyan para boten angèstu punika boten sami.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Dhumawuhing Kitab iku saka ing Allah, Ingkang-Kinawasa, Ing-kang-Wicaksana.

2 Sayekti Ingsun wus andha-wuhaké Kitab marang sira kalawan kasunyatan; mulané angabdia ing Allah; kalawan murni ing pam-bangun-turut amarga Panjenengané.

3 Lah sayekti marang Allah (piyambak) pambangun turut kang murni iku; déné para kang padha angalap kakawal saliyané Panjene-ngané, (pangucapé): ora liya ang-gonku padha manembah marang dhèwèké iku kajaba mung supaya dhèwèké padha anyedhakaké aku marang Allah;2154 Sayekti Allah bakal mancasi dhèwèké ing dalem prakara kang dhèwèké padha apasulayan; sayekti Allah iku ora anuntun sapa wong kang goroh, ora weruh ing panarima.

ngrembag panglawan dhateng pakaryanipun, punika dados dalil ingkang kiyat bilih surat punika wahyu ingkang sepuh, dados, boten prabéda lan surat sanès-sanèsipun tumrap golongan punika, surat punika kagolong jaman Makkah wiwitan.

____________________

2154. Titiyang Arab sami gadhah pangandel bilih sagedipun nyelak dhateng Pangéran punika namung manawi asarana mawi lantaran brahala-brahalanipun, sarta sami ngaken bilih anggènipun sami nembah brahala punika namung kanggé mamrih keparek ing Pangéran. Punika dipun lepataken Quran Suci, awit makaten punika pangandel kamusyrikan (mangéran kathah). Suprandéné kathah sanget titiyang Muslimin piyambak, ingkang gadhah pangandel ingkang kados makaten wau dhateng pir-piripun (para panuntunipun ruhani), tur rumaosipun awakipun piyambak taksih tetep tiyang muwahhid(mangéran-satunggal) ingkang mulus.

Ar. lan

Ar. anta-rané (dhè-wèké)

Papanthan-papanthan Juz XXIII 1234

4 Lamun Allah angarsakna amundhut putra, amasthi milih apa kang wus katitahaké endi kang dadi kapareng-É.2155 Mahasuci Panjenengané: Panjenengané iku Allah, Ingkang-Mahatunggal, Ing-kang-Amisésa (samubarang).

5 Panjenengané wus anitahaké langit-langit lan bumi kalawan kasunyatan; anutupaké wengi ing raina sarta anutupaké raina ing wengi, apa déné Panjenengané ambangun-turutaké srengéngé lan rembulan; kabèh lumaku tumeka mangsa kang tinamtu, lah sayekti, Panjenengané iku Ingkang-Kina-wasa, Ingkang-Aparamarta.

6 Panjenengané wus anitahaké sira saka awak-awakan sawiji; tumuli adamel jodhoné saka (jinisé) iku,a sarta wus anitahaké tumrap sira arupa rajakaya wolung jodho.2156 Panjenengané anitah-aké sira ana sajroning wetengé

2155. Para tukang merdèni Quran bangsa Nasrani gadhah pamanggih bilih dhawuh Quran ing ngriki punika boten mengku teges nyebutaken piwulang bab Kanjeng Nabi ‘Isa dados Allah sang putra. Nanging pamanggih makaten wau klèntu. Surat ingkang tumurun ing Makkah jaman wiwitan pisan sami nyebutaken lan ambantah i’tiqad Nasrani, kadosta surat ingkang kaping 19, ingkang dipun waos titiyang Muslimin ingkang sami ngungsi dhateng nagari Habasyah wonten ing ngarsanipun sang nata Negus, nalika kirang langkung taun ingkang kaping gangsal sasampunipun Kanjeng Nabi tetep dados utusan. Quran anggènipun nyebutaken lepatipun piwulang ingkang mastani Allah puputra, mèh sami kémawon kerepipun kaliyan anggènipun nyebutaken lepatipun piwulang anjèjèri Allah kaliyan brahala-brahala. Déné ingkang dipun isyarahaken wonten ing ngriki, punika makaten: boten wonten satunggal punapa, ingkang mligi dados putranipun Allah; déné ingkang wonten, kawulanipun Allah ingkang pinilih, ingkang piniji langkung ing ngasanès wonten ing antawising makhluk-Ipun, sarta inggih punika ingkang sacara ngibarat kénging sinebut putranipun Allah. Mila makaten, awit para pinilih wau sami ambabar sifat-sifatipun Pangéran, dadosipun para pinilih wau sasambetanipun kaliyan Gusti Allah, kados déné sasambetanipun anak dhateng bapa, punapa déné margi para pinilih wau dados citraning sifat-sifatipun Pangéran wau, milanipun lenggahipun sami, kados déné anak punika dados citraning bapa. Makaten punika ugi cocog sanget kaliyan piwulangipun Bébel, sarta ambrasta ingkang kalayan ambabar pisani i’tiqad Nasrani, ingkang mulangaken bilih Kanjeng Nabi ‘Isa punika putranipun Pangéran, boten kaanggep makhluk (titah), nanging kanggep Khalik. (Ingkang-Nitahaken).

2156. Tembung anzala (inggih punika kriyanipun tembung inzâl) punika boten ngemungaken kanggé nembungaken tumuruning satunggaling barang saking nginggil mangandhap kémawon, nanging ugi kanggé nembungaken barang ingkang saged ginayuh ing manusa. TA nerangaken makaten:

jawinipun:

Ut. siji-sijiné

a. 531 Ar. anurun-aké

Surat 39 Pambangun-turut ing Allah 1235

biyungira – tumitah sawiji sawisé tumitah sijiné – ing sajroning pepeteng tetelu; iku Allah Pangé-ranira Karaton iku kagungan-É; ora ana sesembahan kajaba Panje-nengané, lah saka ngendi anggon-mu padha keblinger?*

7 Manawa kowé padha angafiri,lah sayektiné Allah iku cukup Pribadiné ora kebutuh marang sira; lan Panjenengané ora rena marang anggoné kafir para kawula-Né; lan manawa kowé padha atur panu-wun, iki Panjenengané rena ma-rang sira; lan wong iku ora mikul pipikulaning liyan;a tumuli marang Pangéranira balinira, Panjenengané banjur anyartani sira apa kang wus padha sira lakoni; sayekti Panjene-ngané iku angudanèni apa kang ana sajroné dhadha-dhadha.

8 Lan samangsa manusa iku kataman ing riribed, anguwuh Pangérané, tansah madeg marang Panjenengané; tumuli samangsané dhèwèké pinaringan nugraha saka ngarsa-Né, lali panyuwuné marang Panjenengané kang mau, sarta agawé sisihan tumrap ing Allah, amurih anasaraké (para manusa) saka dadalan-É. Calathua: Angra-sakna seneng sathithik saka ang-gonmu ora weruh ing panarima,sayekti kowé iku panunggalané para isèn-isèning geni.

*tumurunipun satunggaling barang, punika terkadhang tumurun saéstu, sarta tarkadhang namung sabab-sabab saha pitedah ingkang murugaken ngangsalaken barang wau ingkang tumurun. Lah inggih teges punika ingkang kagem mangandikakaken raja-kaya katurunaken tumrap para manusa punika. Raja-kaya wolu, punika raja-kaya sakawan jodho ingkang kapangandikakaken ing 6: 144. Kèwan sakawan wau kasebutaken kalayan mligi, awit kèwan wau sakalangkung migunani piyambak tumrap para manusa.

Ut. kapriyé

Ut. ora atur panuwun

Ut. ora atur panuwun

Ar. wongmikul a. 851

Ar. kapra-yang

Ar. Panje-nengané

Ut. kafir

Ut. wong-wonging

Papanthan-papanthan Juz XXIII 1236

9 Apa! wong kang ambangun turut sajroning wayah wengi, kala-wan sujud sarta kalawan ngadeg amrihatinaké akhirat sarta padha angarep-arep wilasaning Pangé-rané! Calathua: Apa padha para kang weruh iku karo para wong kang ora weruh? Mung para kang kasinungan akal kang padha éling.

RUKU’ 2

Para mukmin sarta para kafir

10. Kasaènan punika tumrap ingkang alampah saé. 11-14. Kanjeng Nabi Suci punika tiyang mukmin tulus. 15, 16. Kapitunan tumrap titiyang kafir. 17-20. Tiyang bekti badhé linuhuraken. 21. Wuwulang ingkang pinanggih wonten ing tumuwuhipun saha risakipun ngalam wadhag.

10 Calathua: O, para kawulaku kang padha angèstu! dipadha angati-ati (wajibira marang) Pa-ngéranmu; para kang padha alaku becik ing donya iki, olèh becik, sarta bumining Allah iku jem-bar;2157 mung para sabar kang bakal pinaringan ganep ganjarané kala-wan tanpa pétung.

11 Calathua: Aku iki dhinawu-han supaya angabdi ing Allah kalawan murni ing pambangun-turut marang Panjenengané.

12 Sarta dhinawuhan kang supa-ya aku dadi wiwitané para kang padha sumarah.

13 Calathua: Manawa aku an-daga ing Pangéranku, aku wedi marang siksa ing dina kang agung.

2157. Dhawuh punika minangka panglipur tumrap para Muslimin, ingkang wonten ing nagarinipun piyambak sami kapeksa nandhang kasusahan; sarta sampun terang manawi dhawuh punika mengku piweca ingkang nyasmitan, hijrah ingkang sapisan, inggih punika hijrah dhateng nagari Habasyah.

Surat 39 Para mukmin sarta para kafir 1237

14 Calathua: Allah (kang) dak kawulani kalawan murni ing pam-bangun-turutku marang Panjene-ngané:

15 Mulané padha ngawulaa apa sakarepmu saliyané Panjenengané. Calathua: Sayekti wong kang padha kapitunan iku para kang padha amituna awaké dhéwé sarta kulawargané ing dina kiyamat; lah sayekti, iku kapitunan kang terang.

16 Dhèwèké, ing sadhuwuré bakal ana tutup geni apa déné tutup ing sangisoré; iki diagem Allah amedèkaké kawula-kawula-Né; mulané, o, para kawula-Ningsun! padha dingati-ati (wajibira ma-rang) Ingsun.

17 Wondéné para kang padha angedohi manembah brahala sarta padha madhep maring Allah, bakal padha olèh warta bubungah; mula-né awèha warta bubungah marang para kawula-Ningsun,

18 Para kang padha angrungok-aké wicara, banjur manut kang luwih becik;2158 iki para kang padha katuntun déning Allah sarta iki para kang padha kasinungan akal.

19 Lah kapriyé wong kang wus kabener katiban pancasan siksa: Lah apa ta bisa sira nyalametaké wong kang ana ing jero geni?

2158. Dhawuh punika mengku suraos dhawuh anggatosaken piwulangipun Quran inggih punika katerangaken bilih Quran makaten sabda ingkang saé piyambak, ingkang saged dipun pirengaken tiyang. Utawi mengku suraos makaten: rèhning Quran punika kanggé sagung para manusa sadaya, ingkang awit saking punika isi piwulang-piwulang tumrap para manusa ing saben tataraning babrayan utawi tataraning kamajenganipun manusa, milanipun para angèstu kadhawuhan manut ingkang langkung saé.

Ar. sabda

Papanthan-papanthan Juz XXIII 1238

20 Ananging Para kang padha ngati-ati (wajibé marang) Pangé-rané, bakal olèh papan kang luhur, sadhuwuré iku papan luhur (ma-nèh),2159 yasan (tumrap dhèwèké), sangisoré iku kali-kaliné padha mili; (iki) janjining Allah; Allah ora nyulayani janji(-Né).

21 Apa sira ora andeleng yèn Allah iku anurunaké banyu saka ing mendhung, banjur iki diilèkaké dadi sumber-sumber ing bumi, tumuli iku diagem nuwuhaken tutuwuhan, séjé-séjé jinisé; tumuli garing, wusana katon dadi kuning; tumuli iku Didadèkaké barang ajur?2160 Sayekti, ing kono iku temen ana pépéling tumrap wong kang kang padha kasinungan akal.

RUKU’ 3

Quran Suci punika Tuntunan ingkang sampurna

22, 23. Quran Suci punika papadhang. 24-26. Sinten ingkang angemohi badhé dhumawah ing asor. 27, 28. Quran Suci punika Kitab ingkang sampurna. 29-31. Sumarah babar pisan dhateng Pangéran punika perlu.

22 Lah apa ta wong kang kabuka atiné marang Islam déning Allah, kang satemah dumunung ing papadhang saka Pangérané (iku padha karo wong kang atos atiné)? Lah cilaka tumrap para kang padha atos atiné tumrap ing éling ing Allah; iki padha dumunung ing sasar kang tétéla.

2159. Punika anedahaken, bilih ing gesang sasampuning pejah punika wonten kamajengan ingkang tanpa wonten telasipun, awit panggènan ingkang luhur, ingkang badhé dados bubuhanipun para tiyang tulus, punika taksih wonten malih ingkang ngungkuli luhuripun. Dados suwarganigun tiyang Muslimin punika sanès kok panggènan kanggé mangun suka, nanging kanggé anggayuh kamajengan ingkang tanpa wonten telasipun.

2160. Ingkang dipun maksud inggih punika nasibipun umat utawi bangsa-bangsa. Bangsa-bangsa wau katitahaken, kaluhuraken, lajeng susut nyelaki dhateng karisakan lan ing wasananipun lebur babar pisan. Punika ugi dados panglipur tumrap para Muslimin, inggih punika mengsah-mengsahipun mesthi boten badhé saged anggegegi panguwaosipun ing salami-laminipun.

Ar. warnanéAr. sira deleng

Ar. dhadha-né

Surat 39 Quran Suci tuntunan sampurna 1239

23 Allah wus andhawuhaké be-cik-beciking undhang, sawijining kitab, kang cundhuk sakèhing pérang-pérangané,2161 ambal-ing-ambalan, andadèkaké geter kulité para kang padha wedi ing Pangé-rané; tumuli padha dadi tumelung kulit-kulité sarta ati-atiné marang éling ing Allah; iku tuntunaning Allah, kagem nuntun sapa sing dadi karsa-Né; lan sapa sing kasa-saraké déning Allah,a ya ora duwé panuntun.

24 Lah apa ta wong kang atata-mèng saka siksa kang ala kalawan nganggo awaké dhéwé ing dina kiyamat (iku padha karo wong kang alaku becik)? Lan bakal di-dhawuhaké marang wong kang padha atindak dudu: Padha rasakna pakolihé barang kang wus padha kolakoni.

25 Para wong sadurungé dhè-wèké padha anggorohaké (para nabi), mulané siksa ing akhirat te-men luwih gedhé; yèn ta dhèwèké padha weruha!

26 Lan Allah angicipaké dhèwèk-é ing asor sajroning kauripan do-

2161. Ing ngriki Quran kasebut tegesipun kitab kang sarwa cocog pépéra- ngané kang warna-warna. Pangaken ingkang makaten punika boten teka atanpa teges. Quran punika tumurunipun sakedhik-sakedhik ing salebetipun wekdal tigalikur taun. Salebetipun wekdal wau, Kanjeng Nabi Suci sugeng ngalami kawontenan ingkang mawarni-warni sanget; boten wonten tiyang sanèsipun malih satunggal-tunggala ingkang lalampahaning gesangipun ngalami kawontenan warni-warni ingkang béda-béda, kados kawontenan ingkang dipun alami Kanjeng Nabi Suci wau. Suprandéné ing salebetipun wonten kawontenan ingkang mawarni-warni lan santun-sumantun wau, Quran tansah mintonaken anggènipun ajeg, tetep, boten éwah gingsir, boten éwah-éwah. Nanging cocogipun pérang-péranganing dhawuh-dhawuhipun Quran ingkang mawarni-warni wau, boten namung lugu ateges “cocog” thok, nanging ugi ateges bilih sawenèh péranganing dhawuh anerangaken pérangan sanèsipun. Kedah dipun pèngeti bilih miturut pahamipun para saged ingkang prayogi piyambak, mutasyâbih punika ateges sawenèh péranganipun ngleresaken pérangan sanèsipun. Malih, Quran sinebut matsâni, jalaran Quran wau ngambal-ambali dhawuh ingkang wigatos-wigatos, langkung-langkung piwulang bab Mahatunggalipun Pangéran. Mirsanana ugi 387.

Ar. saka iku

a. 44

Ut. rainé

Ut. ange-mohi

Papanthan-papanthan Juz XXIII 1240

nya, sarta siksa ing akhirat temen luwih gedhé; yèn ta dhèwèké padha weruha!

27 Lan sayekti temen Ingsun wus agawé sarupaning sanépa tumrap para manusa ana sajroning Qur’an iki, supaya dhèwèké padha ngangen-angena.2162

28 Qur’an bahasa Arab tanpa ana béngkongé, supaya dhèwèké padha anjaga dhiriné (saka ing ala).

29 Allah andamel sanépa: Ana sawijining wong lanang, sing padha andharbèni ing dhèwèké (akèh) padha diya-diniya, lan ana manèh sawijining wong lanang, (kang) mung mungkul (meleng) marang sawijining wong lanang. Apa sakaroné iku padha kaanané? Sakèhing pangalembana iku kagu-nganing Allah: éwadéné dhèwèké sing akèh padha ora weruh.

30 Sayekti sira iku bakal mati, lan sayekti, dhèwèké iku (iya) bakal padha mati.

31 Tumuli sira iku sayekti ing dina kiyamat ana ing ngarsaning Pangéranira bakal padha padudon.

RUKU’ 4

Ingkang angemohi badhé sami dipun asoraken

32. Ngemohi kasunyatan. 33-35. Ganjaranipun ingkang sami ngajengi. 36, 37. Allah punika sampun anyekapi.

2162. Marambah-rambah Quran Suci andhawuhaken, bilih Quran punika kalempakanipun sadaya piwulang kanggé nyaékaken budipakarti tuwin ruhaninipun manusa. Ing dhawuh punika Quran ugi andhawuhaken bilih Quran punika kitab ingkang sampurna, ingkang isinipun boten ngemungaken sadaya piwulang ingkang perlu-perlu kémawon, nanging ugi mangsuli sadaya pamadanipun para ingkang sami milawani. Mirsanana ugi 1467 tuwin 1785.

Surat 39 Ingkang angemohi sami asor 1241

JUZ XXIV

32 Lah sapa sing luwih anga-niaya tinimbang wong kang angu-capaké goroh tumrap marang Allah sarta (kang) anggorohaké kasu-nyatan nalika iki tumeka marang dhèwèké; apa ora ing naraka padu-nungan tumrap para kafir iku?

33 Lan wong kang anekakaké kasunyatan sarta (wong kang) angarepi nyatané iku – iku kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala).

34 Dhèwèké, ana ngarsaning Pangérané, bakal olèh apa kang dikarepaké; iku ganjarané wong kang padha agawé kabecikan:

35 Kang supaya Allah ambirat-aké panggawé-panggawéné kang ala sarta amaringi ganjaran marang dhèwèké amarga saka becik-beciké kang wus padha dilakoni.

36 Apa Allah iku ora wus cukup tumrap kawula-Né? Lan dhèwèké padha memedèni sira asarana kang saliyané Panjenengané;2163 lan sapa kang kasasaraké déning Allah,a ya ora dhuwé panuntun.

37 Lan sapa sing dituntun déning Allah, ya ora ana kang bisa anasar-aké; apa Allah iku ora Kinawasa, Ingkang kagungan piwales?

2163. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih bangsa Arab ingkang gugontohon punika sami gadhah pangandel, bilih brahala-brahalanipun punika saged damel pituna dhateng para titiyang ingkang boten purun ngakeni ing panguwaosipun. Lah inggih prakawis punika, ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika. Déné cariyos bab pangrisakipun brahala Al-lata lan Al-‘Uzza, punika kelampahanipun ing jaman ingkang langkung akhir malih, déné tumurunipun surat punika kagolong nalika jaman Makkah wiwitan.

a. 44

Papanthan-papanthan Juz XXIV 1242

38 Lan manawa dhèwèké padha sira takoni: sapa kang nitahaké langit-langit lan bumi iku?, masthi bakal padha mangsuli: Allah. Calathua: Apa sira wus padha mramanakaké barang kang sira uwuh saliyané Allah iku; manawa Allah angarsakaké aku kataman reribed, apa dhèwèké kang bakal ambirat reribed saka Panjenengané iku, utawa manawa Panjenengané angarsakaké aku olèh wilasa, apa dhèwèké kang bakal nahan wilasa-né Panjenengané? Calathua: Allah iku wus cukup tumrapé aku; ma-rang Panjenengané sumarahé para kang padha sumarah.

39 Calathua: O, bangsaku! padha tandanga gawé ing panggonanira; sayekti aku iki wong kang tandang gawé; amasthi sira bakal padha weruh.

40 Sapa kang bakal katekan siksa kang ngasoraké dhèwèké sarta sing bakal olèh siksa kang awèt.2164

41 Sayekti Ingsun wus anurun-aké Kitab kalawan kasunyatan marang sira tumrap para manusa; lah sapa sing manut dadalan kang bener, iku iya tumanja marang jiwané dhéwé, lan sapa sing sasar, sasaré iya mung dadi pitunané dhéwé lan sira iku dudu juru-rumeksa marang dhèwèké.

2164. Siksa warni kalih kapangandikakaken kalayan terang gamblang, inggih punika siksa ingkang badhé mahanani asor, inggih punika siksa ing gesang sapunika punika, tuwin siksa langgeng ingkang dados bebahanipun para duraka ing gesang sasampuning pejah. Siksa ing donya wau, anélakaken kayektèning siksa ing akhirat.

Surat 39 Riribed boten renging katulak 1243

RUKU’ 5

Riribed badhé boten kénging dipun tulak

42. Tiyang pejah boten badhé wangsul gesang malih. 43-48. Pantawis sarta tebusan boten badhé migunani. 49-52. Para kafir badhé sami manggih awoning kadadosanipun.

42 Allah iku amulung jiwa-jiwa ing wayah matiné, déné kang ora mati, ing sajroning turuné; banjur Panjenengané anahan kang wus Pinasthi mati,2165 sarta ambalèkaké liyané tumekané wayah kang wus tinamtu. Sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mikir-mikir.

43 Apa dhèwèké padha angalap juru-juru anglantaraké saliyané Allah? Calathua: Apa ya sanajan iku padha ora tau nguwasani apa-apa sarta ora padha mangerti.

44 Calathua: lantaran iku kagu-ngané Allah kabèh; karatoning langit-langit lan bumi iku kagu-ngan-É, tumuli marang Panjene-ngané anggonira bakal padha binalèkaké.

45 Lan samangsa Allah piyam-bak kang sinebut, padha éwa atiné para kang ora angèstu marang akhirat, lan samangsa para kang sinebut para kang saliyané Pan-jenengané, ing kono dhèwèké (banjur) padha bungah.2166

2165. Ayat punika suka bukti ingkang ambabar pisani, bilih Quran boten ngakeni kongangipun tiyang ingkang sampun pejah saèstu wangsul gesang malih dhateng ngalam donya punika. Dhawuh punika anyebutaken, bilih ruhing manusa punika kapundhut salebetipun tilem utawi nalika pejah; tumrap salebetipun tilem, ruh wau kaparingaken wangsul, déné tumrapipun tiyang pejah, ruh wau kacandhet saha boten dipun keparengaken wangsul. Dados ruh punika namung saged wangsul, manawi tiyang punika dèrèng pejah saèstu. Ayat punika anduwa kalayan sampurna sadaya dodongèngan tiyang pejah kagesangaken malih kalayan sacara angéram-éramaken. Kula aturi mirsani ugi 1659 tuwin 1731.

2166. Ingkang makaten punika nyata, boten namung tumrap para kafir Makkah kémawon, nanging ugi tumrap sabagéan kathah para titiyang ingkang sami ngaken dados tiyang angèstu. Ing panggènan sanès Quran Suci ngandika: “Lan dhéwéké iku kang akèh ora padha angèstu ing Allah tanpa

Ut. sarta

Ut. panga-yoman

Papanthan-papanthan Juz XXIV 1244

46 Munjuka: Dhuh Allah! Ing-kang-anitahaken langit-langit lan bumi, Ingkang-angudanèni ingkang boten katingal sarta ingkang ka-tingal! Tuwan (piyambak) Ingkang badhé mancasi para kawula Tuwan tumrap barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami apasulayan.

47 Lan saupama para kang padha atindak dudu andarbènana sakèhé barang kang ana ing bumi, sarta wuwuh samono manèh, amasthi iku bakal dienggo nebusi (awaké) saka alaning siksa ing dina kiya-mat; lan barang kang dhèwèké ora tau padha ngangen-angen, bakal dadi cumetha tumrap dhèwèké saka ing Allah.2166A

48 Lan bakal cumetha tumrap dhèwèké alaning (kadadèané) apa kang wus padha dilakoni,2166B sarta apa kang padha diguguyu biyèn bakal angepung dhèwèké.

49 Lah samangsa manusa kata-man riribed, asambat marang Ing-sun; sabanjuré, samangsa Ingsun aparing nugraha marang dhèwèké saka (ngarsa)-Ningsun, calathuné: Iki diparingaké marang aku iku mung amarga saka kawruh (-ku).2167 O, balik iku panglèlèr,

anyakuthokaké liyané karo Panjenengané” (12: 106). Nyata sanget tiyang Muslimin piyambak, ingkang kathah-kathah dèrèng marem manawi namung Allah piyambak ingkang kasebut, kajengipun sawenèh titiyangipun suci dipun sebuta sareng-sareng kaliyan nyebut ing Allah.

2166A. Apa kang ora padha dinyana punika tegesipun ambruking panguwaosipun wonten ing gesang sapunika punika, tuwin cumethaning wohipun ingkang awon pandamelipun, bénjing ing akhirat.

2166B. Kalayan tetembungan ingkang sakalangkung terang gamblang saha ceplos, kasebutaken wonten ing ngriki, bilih suwarga tuwin naraka ing gesang ing bénjing, punika cumethanipun kalayan awewèntèhan kanyataan-kanyataan ruhani ing gesang sapunika punika. Ing gesang sapunika punika, wohipun ingkang awon pandamelipun para titiyang wau, boten saged kasumerepan ing mripat. Nanging ing gesang ing bénjing, sadaya wau badhé dados cetha awéla-wéla.

2167. Boten wonten angèlipun negesi dhawuh punika. Samangsa tiyang punika nandhang rekaos piyambakipun lajeng nyunyuwun dhateng Allah. Nanging manawi Gusti Allah maringi nugraha

Ar. antawis-ipun para

Ar. kagra-yang Ut. nyunyu-wun

Ar. coba

Surat 39 Wilasanipun Pangéran 1245

ananging dhèwèké sing akèh padha ora weruh.

50 Para ing sadurungé dhèwèké temen angucapaké iku, ananging apa kang wus padha pinakolih ora maédahi marang dhèwèké.

51 Banjur alaning (kadadéané) apa kang wus padha dilakoni bakal angenani dhèwèké; déné panung-galané iki kang padha atindak dudu – iki alaning (kadadèané) apa kang wus padha dilakoni bakal angenani, lan ora bakal padha bisa singlar.2168

52 Apa dhèwèké ora padha weruh, yèn Allah iku anjembaraké sarta anyumpi rijeki marang sapa-sapa kang dadi kaparenging karsa-Né; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angèstu.

RUKU’ 6

Wilasanipun Pangéran

53. Para titiyang dosa sampun ngantos telas ing pangajeng-ajeng. 54-59. Pèpènget. 60-63. Angger-anggering wawales.

53 Calathua: O, para kawula-Ku! kang padha atindak mlangkah wates tumrap jiwané dhéwé, aja pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti Allah iku angapura kaluputan kabèh; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Apara-marta, Ingkang-Mahaasih.2169

piyambakipun, piyambakipun boten mastani punika asli saking Gusti Allah, nanging saking kawegigan saha saking kapinteranipun piyambak.

2168. Punika ugi piweca malih, tur kalayan tetembungan ingkang terang gamblang, ingkang mecakaken kasusahan ingkang badhé andhawahi titiyang Makkah.

2169. Sih-wilasa tuwin katresnanipun Allah, ingkang asring karembag wonten ing agami-agami sanès, pinanggih nyatanipun tuwin gumelaripun wonten ing dalem agami Islam. Boten wonten agami sanès ingkang suka panglipur tuwin pangrapu kados ing ayat punika. Dhawuh punika amedharaken

Ut. linako-nan

Ut. pinako-lih

Papanthan-papanthan Juz XXIV 1246

54 Lan di tansah padha madhep marang Pangéranira sarta padha sumaraha marang Panjenengané, sadurungé siksa tumeka marang sira, mundhak sira ora bakal tinu-lungan.

55 Lan padha manuta kang becik dhéwé2170 apa kang wus tinurunaké marang sira saka Panjenenganira sadurungé siksa anekani sira kala-wan ngegèt sarta sira padha ora nyana-nyana;

56 Mundhak ana sawijining jiwa calathu: O, cilaka aku iki! amarga saka anggonku anglirwakaké wajib-ku marang Allah, lan sayekti aku iki biyèn panunggalané para kang padha angguguyu (kasunyatan);

57 Utawa mundhak angucap: Saupama Allah anuntuna aku, amasthi aku iki biyèn dadi panung-galané para kang anjaga dhiriné (saka ing ala);

58 Utawa, nalika andeleng siksa, mundhak angucap: Mungguh bali diparengna tumrap marang aku sapisan baé, amasthi aku dadi panunggalané para kang padha agawé kabecikan.

59 Iya! temen timbalan-timba-lan-Ingsun wus tumeka marang sira, ananging iku sira angemohi

sih-wilasanipun Gusti Allah ingkang anglimputi, ngantos tumrap sih-wilasanipun Allah wau dosaning manusa prasasat boten anggandra babar pisan. Panjenenganipun punika boten kok namung kados déné juru-hukum tukang maringi pancasan antawisipun golongan kakalih ingkang sami pasulayan, wangsul Panjenenganipun punika Gusti, Ingkang kagungan, Ingkang pangrengkuhipun dhateng kawula-Nipun manut punapa kaparenging karsa-Nipun. Awit saking punika Panjenenganipun wenang lan saged ngapunten tiyang dosa, tur ingkang kalayan tetep nglenggahi adil, liripun anggènipun ngapunten tiyang dosa wau boten mahanani Panjenenganipun nama boten adil.

2170. Ahsan utawi kang becik dhéwé, punika ingkang dipun karsakaken wahyu Quran. Quran punika wahyu ingkang saé piyambak, awit gumelaring tresna saha sih-wilasanipun Pangéran kados ingkang kagelaraken wonten ing Quran, punika boten pinanggih wonten ing pundi kémawon.

Surat 39 Pancasan ingkang wekasan 1247

sarta sira gumedhé, lan sira dadi panunggalané para kafir.

60 Lan ing dina kiyamat sira bakal andeleng para kang padha agawé goroh tumrap marang Allah rainé padha didadèkaké ireng.a Apa ora ing jeroning naraka padunu-ngan tumrap para wong gumedhé iku?

61 Lan Allah bakal nylametaké para kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala) kalawan kamena-ngan: ala ora bakal tumama marang dhèwèké sarta dhèwèké ora bakal susah.

62 Allah iku Ingkang-Anitahaké samubarang sarta Panjenengané iku rumeksa marang samubarang.

63 Kagungané Panjenengané ge-dhong pasimpenaning langit-langit lan bumi iku; déné para kang padha angafiri timbalan-timbala-ning Allah iku para wong kang kapitunan.

RUKU’ 7

Pancasan ingkang wekasan

64-67. Panembah brahala dipun tulak. 68-70. Timbalan dhateng pancasan pangadilan sarta paringan ganjaran.

64 Calathua: Lah apa kowé pa-réntah marang aku ngabdi saliyané Allah, o, para wong bodho?

65 Lan sayekti temen wus kawe-dharaké marang sira sarta marang para sadurungira: Sayekti manawa sira anyakuthokaké (Allah) amasthi panggawénira bakal muspra, sarta yekti sira bakal dadi panunggalané para wong kang kapitunan.

a. 474

Ut. lalabu-hané Ar. anggra-yang

Papanthan-papanthan Juz XXIV 1248

66 Balik sira angabdia ing Allah piyambak baé sarta dadia panung-galané wong kang padha atur panuwun.

67 Lan dhèwèké padha ora nga-jèni ing Allah kalawan sabenering aji-Né; lan saindhenging bumi ing dina kiyamat karegem ana ing asta-Né, lan langit-langit bakal kagu-lung ing asta-Né tengen;a Maha-suci Panjenengan lan Mahaluhur saka barang kang padha disaku-thokaké (karo Panjenengané).

68 Lan slompret bakal tiniyub,btumuli semaput sakèh kang ana ing langit-langit lan sakèh kang ana ing bumi, kajaba sapa sing dadi kaparenging karsané Allah. Tumuli tiniyup manèh, lah ing kono dhè-wèké bakal padha tangi, angentèni.

69 Lan bumi bakal sumorot kalawan cahyaning Pangérané, sarta Kitab bakal sinèlèhaké, lan para nabi sarta para saksi bakal padha ditekakaké, lan dhèwèké bakal padha dipancasi kalawan bener sarta ora bakal padha dianiaya.

70 Lan sarupaning jiwa bakal winales ganep apa panggawéné sarta Panjenengané iku luwih wikan marang apa tindaké.

RUKU’ 8

Sawarnining papanthan sami angsal punapa ing samasthinipun

71, 72. Para titiyang awon sami dipun giring dhateng naraka. 73-75. Para titiyang saé sami dipun lebetaken dhateng swarga.

a. 1665

b. 789

Ar. anta-rané (dhè-wèké)

Surat 39 Pancasan ingkang wekasan 1249

71 Lan para kang padha kafir bakal digiring apanthan-panthan marang naraka, nganti, nalika padha teka ing kono, lawang-lawangé bakal dibukak sarta kang anjaga bakal padha calathu marang dhèwèké: Apa utusan-utusan unu-sané golonganmu ora wus nekani kowé, macakaké timbalan-timba-lané Pangéranmu marang kowé sarta apépéling marang kowé sapa-temon ing dinamu iki? Dhèwèké bakal padha calathu: Sampun. Ananging pancasaning pidana wis samesthiné tumiba marang para kafir.

72 Bakal dicalathoni: Padha malebua lawang-lawanging naraka, padha manggona ing kono; pancèn ala padunungané para wong gumedhé iku.

73 Lan para kang padha angati-ati ing (kawajibané marang) Pangérané bakal padha diiringaké panthan-panthan marang taman, nganti, nalika padha teka ing kono, lan lawang-lawangé bakal dibukak sarta kang anjaga bakal padha calathu marang dhèwèké: Rahayu dhumawaha ing sampéyan sadaya, sampéyan sami begja, milanipun sami sampéyan mlebet mriku, sami manggèn.

74 Lan dhèwèké bakal padha munjuk: (Sadaya) pangalembana punika kagunganipun Allah, Ing-kang sampun sami anetepi janji-Nipun dhateng kawula, sarta ama-risi bumi dhateng kawula; kawula dhateng kaparengaken manggèn

Ar. Inggih Ar. sabda-ning

Ar. mulané

Papanthan-papanthan Juz XXIV 1250

ing taman ing pundi sakajeng kawula;2170A pancèn becik ganja-rané wong kang padha tandang gawé iku.

75 Lan sira bakal andeleng para malaikat padha angubengi kube-nganing dhampar, padha maha-sucèkaké kalawan pangalembana Pangérané: lan dhèwèké bakal padha dipancasi kalawan bener, lan bakal dipangandikakaké: Sakèhing pangalembana iku kagungané Allah, Pangéraning ngalam kabèh.

2170A. Boten naté wonten piweca ingkang anggènipun kadhawuhaken kalayan tetembungan ingkang cethanipun ngungkuli punika, lan inggih boten wonten piweca ingkang anggènipun kadhawuhaken wonten ing salebeting kawontenan ingkang ngalèr-ngidul kaliyan isining piweca, kados piweca punika. Piweca punika andhawuhaken, bilih boten kénging boten badhé dhateng masakalanipun para angèstu mumuji ing Pangéran déné sampun andadosaken piyambakipun saged maris nagarinipun. Kirang langkung tigalikur taun sasampunipun piweca punika kadhawuhaken, titiyang mukminin kelampahan saged andharbéni Tanah Suci Palestina tuwin nagari-nagari ingkang loh-jinawi, taman, ing Mesopotamia.

_____________

Ar. mulané

Ar. antara-né dhèwèké)

SURAT 40

AL-MU’MIN

(Tiyang ingkang angèstu)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(9 ruku’, 85 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pangayoman dhateng para mukmin. Ruku’ 2. Anggènipun milawani tanpa guna. Ruku’ 3-5. Pèpènget wonten ing dalem lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ 6. Para utusan punika tinulungan. Ruku’ 7. Kawasanipun Gusti Allah. Ruku’ 8, 9. Kadadosanipun panglawan.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsaning tumurunipun

Wiwit surat punika, inggih punika surat ingkang kaping 40, dumugi surat ingkang kaping 46, punika dados sagolongan malih, pitung surat, sadaya sami kawiwitan kalayan Hâ mîm, awit saking punika sadaya wau winastan Dhawâtu Hâmîm, jawinipun surat-surat ingkang kawiwitan kaliyan Hâ mîm. Surat-surat punika sadaya kagolong ing jaman, nalika panglawan dhateng Kanjeng Nabi saya andados lan saya dipun santosani, sarta panganiaya ingkang katindakaken kanthi mempeng dhateng para titiyang Muslimin sampun wiwit, ngantos para Muslimin wau sami hijrah dhateng Habasyah. Awit saking punika, boten prabéda lan golonganing surat ingkang sampun, golonganing surat punika kagolong ing wekasaning jaman Makkah ingkang wiwitan. Salajengipun surat-surat punika sadaya ing saprakawis sami kémawon isèn-isènipun, inggih punika sadaya maringi panglipur dhateng para Muslimin ingkang kinaniaya, maringi pèpènget dhateng para tukang nganiaya, saha mecakaken badhé kamenanganipun yakti lan cabaripun panglawan, punika dados jejering rembag ingkang enggel piyambak wonten ing surat-surat punika; bab punika kacethakaken déning satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang kasebutaken wonten ing 2171. Ing ngriku ugi nyebutaken lalampahanipun nabi-nabi ingkang rumiyin-rumiyin sakedhik, kajawi Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Ibrahim, sarta nyebutaken nabi sanès-sanèsipun utawi nasib ingkang kasandhang déning umat-umatipun. Bab Mahatunggalipun Allah tuwin Kawasanipun Allah, dados jejering rembag ingkang terus-terusan, sarta para titiyang kafir tansah dipun gigirèni supados sami purun ngalap piguna wilasanipun Pangéran.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika dipun wiwiti kalayan pratélan bab rancanganipun Pangéran badhé angayom para angèstu; para angèstu wau sami dipun pangandikani sampun ngantos kesasar déning kuwaosipun mengsah, jalaran boten dangu malih kuwaosipun wau tumunten badhé sirna. Ruku’ ingkang kaping kalih taksih nglajengaken bab punika namung ingkang langkung dipun wigatosaken bab ambrukipun mengsah tuwin bab siksanipun ingkang sampun anyelaki; ing wekdal wau mengsah badhé nemahi apes babar pisan. Ruku’ titiga candhakipun ngambali malih pèpènget wau kalayan nyebutaken lalampahan-ipun Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ ingkang kaping nem nerangaken bilih para utusanipun Pangéran tuwin para titiyang ingkang angèstu dhateng para utusan wau mesthi dipun pitulungi lumawan mengsah-mengsahipun. Ruku’ ingkang kaping pitu dhawuh anggatosaken kawasanipun Allah ingkang agung, ingkang tumrap Panjenenganipun boten wonten barang ingkang boten saged kelampahan. Ruku’ kakalih ingkang wekasan piyambak mangandikakaken malih bab kedadosanipun panglawan, sarwi memèngeti para kafir marambah-rambah.

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1252

RUKU’ 1

Pangayoman tumrap para mukmin

1, 2. Wewedhar sabda. 3-6. Kakiyatanipun para ingkang milawani badhé pinutung. 7-9. Para mukmin badhé sami dipun ayomi.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Allah Ingkang-Ingalembana, Ingkang-Minulya!2171

2 Dhumawuhing Kitab iku saka ing Allah, Ingkang-Kinawasa, Ing-kang-Udani.

3 Ingkang-Angapunten ing ka-luputan sarta Ingkang-Anampa pitobat, Keras ing pidana, Ingkang-Kagungan paparing angelebi;2172

ora ana sesembahan kajaba Panje-nengané; marang Panjenengané pantoging paran iku.

2171. Hâmîm punika kasebut wonten ing surat punika tuwin ing nem surat sambetipun surat .

punika; mila surat-surat wau lajeng dipun wastani Sampun genah, bilih aksara- aksara wau mengku teges asma (satungga1) utawi asma-asma-nipun Pangéran awit wonten hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci makaten: manawa kowé padha tinempuh ing waktu bengi, ngucapa hâmîm, dhèwèké mesthi ora bakal padha menang (Mgh-LL), utawi tegesipun péranganing ukara ingkang kantun wau makaten: Dhuh Pangéran! Dhèwèké mesthi ora bakal padha menang (IAs, TA-LL). Wonten riwayat ugi bilih satunggaling tiyang Arab ing saganten wedhi nyuwun pirsa ing Kanjeng Nabi Suci bab prakawis Hâmîm punapa ta punika. Kanjeng Nabi lajeng maringi wangsulan makaten jawinipun: asma lan dhawuh bubukaning surat-surat (AH).Manawi dhawuh hadits punika dipun cundhukaken kaliyan dhawuh hadits ingkang sapisan wau, tétéla manawi ingkang dipun karsakaken asma-asma wau asma-asma-nipun Pangéran: dados aksara hâ mîmpunika ringkesan asmanipun Pangéran, awit hâmîm dados satembung, punika sanès salah satunggaling asma-asmanipun Pangéran. Panyuraos ingkang kathah èmperipun piyambak mastani bilih hâ punika kanggé pangringkesipun Hâmid, tegesipun Ingkang Ingalembana: déné mîm kanggé pangringkesipun Majîd, Ingkang Minulya. Kakalihipun wau sami asmanipun Pangéran ingkang asring kasebutaken sasarengan, sarta tegesipun asma-asma wau cocog sanget kaliyan tegesipun dhawuh hadits ingkang kasebutaken ing nginggil wau. Aksara kakalih punika ugi saged ateges Ar-Rahmân tuwin Ar-Rahîm,jawinipun Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih, utawi ateges Al-Hayy tuwin Al-Qayyûm, jawi-nipun Ingkang-Mahagesang tuwin Ingkang Jumeneng-Piyambak.

2172. Pantes pinèngetan, sifat sakawan punika ingkang angka satunggal, kalih tuwin angka sakawan nyebutaken pangapunten, sih-wilasa tuwin nugrahanipun Pangéran; namung satunggal, ingkang nyebutaken pidananing piawon; dados, nadyan saweg mangandikakaken bab siksa, sifat sih-wilasa punika tansah menang-anglimputi.

Surat 40 Pangayoman tumrap para mukmin 1253

4 Ora ana wong kang madoni ing timbalan-timbalaning Allah kajaba para kang padha kafir; mulané aja nganti sira kecinthung déning anggoné padha lunga-teka ing nagara-nagara.

5 Ing sadurungé dhèwèké, kaumé Nuh sarta papanthan-papanthan ing sapungkuré padha anggorohaké (para nabi), lan siji-sijining umat padha sedya ala marang utusané, supaya bisa nyir-nakaké dhèwèké,2173 sarta padha amadoni kalawan panggorohan, purihé padha dianggo nyirnakaké kasunyatan; mulané dhèwèké pa-dha Ingsun sirnakaké; lah kapriyé kaanané wawales-Ingsun.

6 Lan kaya mangkono iku kayektèn sabdaning Pangéranira tumiba marang para kang padha kafir, yaiku dhèwèké iku isèn-isèning geni.

7 Para kang padha mikul singangsanaa sarta kang padha ana ing sakubenging Panjenengané, padha mahasucèkaké kalawan pangalembana ing Pangérané lan padha angèstu ing Panjenengané apa déné padha nyuwunaké pangayoman para kang padha angèstu:2174 Pangéran kawula!

2173. Tegesipun ingkang wantah tembung akhdh punika mendhet satunggaling barang utawi nyepengi punika. Nanging tembung akhadha punika ugi ateges nguwaosi satunggaling tiyang tuwin mejahi piyambakipun (Zj, LA-LL), utawi nyirnakaken utawi nglebur piyambakipun (Msb, Mf-LL), utawi midana utawi niksa piyambakipun (LA-LL).

2174. Sampun cetha bilih para ingkang ngampil ‘arsy utawi panguwaos, punika sanès kok tukang-ngampil barang wadhag makaten, nanging tukang-ngampil sawenèh tatanggelan ing babagan panguwaosipun Pangéran; manawi katembungaken sanès, inggih punika gumelaring panguwaosipun Pangéran. Menggah ing sajatos-jatosipun para tukang-ngampil ‘arsy wau, para malaikat ingkang tinanggenah nyepeng prakawisipun donya, déné ingkang wonten ing sakiwa tengenipun Pangéran, punika para malaikat ingkang kaparek ing Panjenenganipun, ingkang inggih lumantar para malaikat

Ut. atindak sakarep-karep

Ut. ange-mohi

Ar. yènUt. wonging

Ut. dhampar purbawisésa a. 895

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1254

Tuwan punika anglimputi samu-kawis kalayan wilasa sarta kala-wan kawruh;2175 mila mugi Tuwan aparing pangayomana dhateng para ingkang sami wangsul (ing Tuwan) saha miturut margi Tuwan, tuwin mugi sami Tuwan wilujengaken saking siksa naraka:

8 Pangéran kawula! saha mugi sami Tuwan lebetaken ing pata-manan kalanggengan, ingkang sampun Tuwan janjèkaken ing piyambakipun, saha bapak-bapak-ipun tuwin bojo-bojonipun tuwin turun-turunipun ingkang alampah saé; saèstu Tuwan punika Ingkang-Kinawasa Ingkang-Wicaksana.2176

9 Saha mugi sami Tuwan reksa saking pandamel awon, sarta sinten ingkang Tuwan reksa saking pandamel awon ing dinten punika, lah saèstu Tuwan paringi wilasa, saha punika kabegjan agung.

RUKU’ 2

Anggènipun milawani tanpa guna

10, 11. Para kafir sami getun dhateng pandamelipun. 12-14. Karatoning Allah badhé dipun jumenengaken. 15-20. Pidananipun katetepaken kalayan ngadil.

punika, pepesthènipun Pangéran kadhawuhaken dhateng para malaikat ingkang tinanggenah mangrèh ulah-kridhaning donya. Kateranganipun tembung punika ingkang langkung panjang, kasebutaken wonten ing 2555. Déné para malaikat sami istigfar, punika menggah ing sajatos-jatosipun sami nyuwunaken pangreksa para tiyang tulus, murih sadaya angger-angger ingkang mranata donya, inggih angger-angger wadhag, inggih angger-angger ruhani, samia biyantu rumeksa para tulus lumawan para mengsah-mengsahipun. Mirsanana 2194, ing ngriku katerangaken tegesipun tembung punika. Bd nerangaken, ‘arsy punika ateges asal kamulaning jagad wadhag punika.

2175. Lah ing ngriki kadhawuhaken bilih sih-wilasanipun Pangéran punika anggènipun anglimputi sami kaliyan mahawikanipun Pangéran, sarta kakalihipun wau sami anyrambahi ing sadaya barang. Agami sanès boten wonten ingkang gadhah piwulang bab asihipun Pangéran ingkang ngantos samanten wiyaripun.

2176. Ing ngriki kasebutaken bilih sémah-sémahipun para mukmin tuwin turun-turunipun sami lumebet ing suwarga kaliyan para mukmin wau. Janji punika ingkang tumrap ing gesang sapunika punika sampun kelampahan, taman ingkang kawarisaken dhateng para angèstu, tanah Mesopotami ingkang loh-jinawi, sampun kaparingaken dhateng para mukminin minangka warisan ingkang langgeng, awit para mukminin sami dudunung wonten ing ngriku.

a. 2194

Ut. mrato-bat

Surat 40 Anggènipun milawani tanpa gina 1255

10 Sayekti para kang padha kafir bakal padha dhinawuhan: Sayekti, gethinging Allah (ing sira) iku luwih gedhé tinimbang gethingira ing awakira, nalika sira padha diuwuh marang iman banjur sira ngemohi.2177

11 Bakal padha munjuk: Pangé-ran kawula! kaping kalih Tuwan amejahaken kawula saha kaping kalih Tuwan anggesangaken ka-wula;2178 lah kawula angakeni kale-patan kawula; salajengipun punapa wonten marginipun kanggé medal?

12 Kang mangkono iku amarga samangsa Allah piyambak kang inguwuh, sira padha angafiri, sarta manawa Panjenengané sinartanan kanthi, sira padha angèstu;2179 mu-lané pancasan iku kagungané Allah, Ingkang-Luhur, Ingkang-Agung.

13 Panjenengan iku Kang ame-ruhaké sira tandha-tandha-Né sarta anurunaké rijeki saka ing langit tumrap marang sira,2180 sarta ora ana kang angélingi kajaba wong kang tansah madhep (marang Pan-jenengané).

2177. Panggething ingkang sakalangkung sanget, ingkang kadhawuhaken wau, inggih punika gethingipun para ingkang sami nindakaken awon dhateng awakipun piyambak, nalika woh awon angsal-angsalaning pandamelipun ingkang awon cumetha tumrap piyambakipun. Lah manawi tiyang ingkang remen ing awon kémawon kalangkung sanget anggènipun anggething dhateng awakipun piyambak, saiba kados punapa genging gethingipun Allah dhateng para titiyang wau nalika sami anindakaken pandamel awon, awit Gusti Allah punika tuking kasucian. Pranyata awit Panjenenganipun punika Mahangapura tuwin Mahaasih, déné Panjenenganipun boten tumunten andhawahi siksa dhateng para titiyang wau.

2178. Pejah ingkang sapisan, inggih punika pejah ingkang minangka pundhating gesang ing ngalam donya punika; déné pejah ingkang angka kalih, punika pejah ruhani, inggih punika narakanipun gesang ing bénjing. Gesang kakalih, punika gesangipun manusa ing ngalam donya samangké punika tuwin anggènipun katangèkaken malih ing bénjing perlu kapurih ngraosaken wohing pandamelipun. Namung limrahipun kawontenan pejah ingkang sapisan punika kasuraos kawontenan ‘adam(kawontenan ‘ora ana’) ing sadèrènging manusa dipun titahaken.

2179. Suprandéné anèh sanget dhateng Tauhid ingkang murni, boten purun angèstu nanging dhateng sesembahan sanèsipun Allah purun ngandel.

2180. Dhawuh punika anedahaken punapa tegesipun nurunaken satunggaling barang saking langit

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1256

14 Mulané padha anguwuha ing Allah kalawan tuhu-tuhuning pam-bangun turut ing Panjenengané sanajan para kafir padha gething:

15 Ingkang-Angunggahaké da-rajat, Ingkang-kagungan purba wisésa;a Panjenengané anurunaké wewedhar sabda, saka paréntah-É, marang para kawula-Né, kang dadi kaparenging karsa-Né,2181 supaya dhèwèké apépélinga dina patemon (marang wong-wong),

16 (Ing) dinané dhèwèké padha bakal metu; prakara dhèwèké inga-tasé Allah ora ana kang kasamaran sathithik-thithika.2182 Ing dina iki karaton iku kagungané sapa? Kagungané Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Amisésa (ing samubarang).

17 Ing dina iki sarupaning jiwa bakal winales kalawan apa pako-lèhing panggawéné; ora bakal ana panganiaya ing dina iki: sayekti, Allah iku rikat ing pangétung.

18 Lan apépélinga marang dhè-wèké prakara dina kang wis cepak kalakoné,2183 ing mangsané ati

punika. Déné tegesipun wau boten sanès: bilih Allah anyadhiyakaken sarana kanggé ngangsalaken rejeki, sarta rejeki wau boten kok dipun sadhiyakaken brahala-brahala tuwin sesembahan-sesembahan palsu. Utawi, rejeki saking langit punika ateges rejeki ruhani.

2181. Tembung rûh ingkang kagem wonten ing Quran Suci mengku teges ilham utawi wahyu,punika kabuktèn cetha wonten ing ayat punika, awit sadhéngah tiyang mesthi dipun paringi jiwa, nanging rûh, kapangandikakaken wonten ing ngriki, bilih namung kaparingaken dhateng para utusan, sarta ingkang kaseja kanggé memèngeti manusa. Dados ateges wahyuning Pangéran.

2182. Punika mengku teges bilih wohing pandamel ingkang sumingid-sumingid, badhé cumetha ngeblak ing dinten wau, awit boten wonten satunggal punapa ingkang sumingid saking Allah. Bab punika kacethakaken langkung gamblang malih wonten ing ayat sambetipun.

2183. Al-âzifah punika saking tembung zafa, tegesipun nyela (Msb, Q-LL), dados punika dina kang wis cepak kalakoné. Déning para mufassirin sadaya prakawis dipun gathukaken kaliyan dinten kiyamat; nanging Quran ing ngriki kanthi cetha mangandikakaken siksa ing gesang sapunika ingkang sampun celak, déné siksa ing gesang sasampuning pejah, sampun kapangandikakaken ing ayat-ayat ingkang sampun.

a. 895 Ar. ruh

Surat 40 Pèpènget lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1257

padha munjuk tekan ing tenggok amegeng susah;2184 para wong atindak dudu padha ora duwé mitra kang welas sarta ora duwé juru nglantaraké kang kena dienut.

19 Panjenengané angudanèni li-ringing mripat kang cidra sarta apa kang siningidaké déning dhadha.

20 Lan Allah iku amancasi kala-wan bener; déné para kang padha diuwuh, saliyané Panjenengané, iku ora bisa mancasi apa-apa; sa-yekti Allah iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Udani.

RUKU’ 3

Pèpènget ing salebeting lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

21, 22. Kados pundi anggènipun risak umat ingkang rumiyin-rumiyin. 23, 24. Pepèngetipun Kanjeng Nabi Musa dhateng Fir’aun lan Qarun. 25-27. Fir’aun ambujeng para Bani Israil.

21 Apa ta dhèwèké ora padha lalaku ing bumi sabanjuré weruh kapriyé wusanané para wong ing sadurungira? Iku tinimbang dhè-wèké luwih santosa kakuwatané sarta yayasané2185 ing bumi, ana-nging Allah anglebur dhèwèké amarga saka dosa-dosané; lan dhè-wèké ora duwé pangayoman panu-lak (siksaning) Allah.

22 Iku amarga para utusané wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti kang terang banjur dhèwèké padha angafiri; mulané Allah ang-lebur dhèwèké; sayekti Panjene-ngané iku Prakosa, Keras ing pamales.

2184. Ayat punika anggambaraken kalayan cetha kawontenaning manahipun para kafir ing dinten nalika Kanjeng Nabi Suci ambedhah nagari Makkah.

2185. Atsâr punika jama’-ipun tembung atsar, jawinipun tabet lan ugi patilasan ing jaman kina.Ing ngriki kasuraos mengku teges griya ageng tuwin bèbètèng (JB).

Ar. dhèwèké

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1258

23 Lan sayekti, Ingsun wus angutus Musa kalawan timbalan-timbalan-Ingsun sarta pangawasa kang cetha,

24 Marang Fir’aun lan Hamana

sarta Qarun,2186 ananging iki padha calathu: Juru-kemayan goroh.

25 Bareng wis tumeka ing dhè-wèké kalawan (angemban) kasu-nyatan saka ngarsa-Ningsun, dhè-wèké padha calathu:2187 Padha patènana anak-anaké lanang para kang padha angèstu anyartani dhèwèké sarta padha uripana para wadon-wadoné; lan ora liya paéka-ning para kafir iku kajaba bakal tumiba ing karusakan.

26 Lan Fir’aun calathu: Aku tog-na baé, Musa dakpatènané sarta cikbèn anguwuh Pangérané; temen aku kuwatir yèn dhèwèké bakal nyalini agamamu utawa bakal anggelar wisuna ing bumi.

27 Lan Musa calathu: Sayekti aku angungsi marang Pangéranku lan Pangéranmu saka sarupaning wong kang gumedhé ora angèstu marang dinané pétungan.

RUKU’ 4

Pèpènget ing salebeting lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

28-35. Tiyang ingkang pitados nanging pitadosipun sinasaban. 36, 37. Fir’aun ange-mohi Kanjeng Nabi Musa sarta paékanipun Fir’aun lan Haman.

2186. Dhawuh punika boten anedahaken bilih ayahan ingkang dhateng raja Fir’aun, Haman tuwin Qarun punika kadhatengaken sapisan tuwin sareng nunggil samangsa. Déné tegesipun, tiyang titiga punika sami benggolipun tiyang ingkang angemohi ayahan ampilanipun Kanjeng Nabi Musa, sarta ingkang lajeng sami kasirnakaken. Saking panunggilanipun tiyang tiga wau, Qarun piyambak ingkang tiyang Israil sarta ingkang angemohi kanabianipun Kanjeng Nabi Musa. Mirsanana 1895.

2187. Punika boten ateges bilih tiyang tiga ingkang kasebut ing ayat ingkang sampun wau sadaya sami mangsuli Kanjeng Nabi Musa kalayan wangsulan punika. Ayat-ayat tutugipun anedahaken bilih ingkang mangsuli kados makaten punika namung raja Fir’aun piyambak, inggih punika manut

a. 1870

Surat 40 Pèpènget lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1259

28 Lan ana sawijining wong lanang mukmin panunggalané wongé Fir’aun, kang imané sini-ngidaké, acalathu: Punapa Panje-nengan badhé mejahi tiyang jaler dumèh wicanten: Pangéranku Allah, mangka saèstu anggènipun andhatengi Panjenengan kalayan bukti-bukti saking Pangéran panje-nengan? Manawi piyambakipun punika tiyang dora, doranipun rak badhé andhawahi awakipun piyam-bak, sarta manawi piyambakipun punika tiyang temen, panjenengan badhé kataman sabagéanipun ing-kang dipun ancamaken ing panje-nengan; saèstu: Allah punika boten anuntun sinten-sintena ingkang lacut, tiyang dora:2188

29 O, bangsa kula! ing dinten punika karaton punika sampéyan ingkang andarbèni, ingkang ngu-wasani wonten ing bumi, ananging sinten ingkang badhé mitulungi kula sadaya saking pidananipun Allah manawi andhatengi kula sadaya? Fir’aun calathu: Ora liya kang dakweruhaké marang kowé kajaba apa kang aku weruh (dhé-wé), sarta aku ora nuntun ing kowé kajaba nurut dalan kang bener.

30 Lan wong kang angèstu cala-thu: Dhuh bangsa kula! saèstu kula

rembagipun para pangageng rèh-rèhanipun, awit raja Fir’aun lan Haman sami kasebutaken namanipun, tumrap Haman ing ayat angka 36, nanging Qarun boten kasebutaken.

2188. Piyambakipun wicanten, bilih namung sawenèh barang ingkang kaancamaken badhé andhawahi saéstu, awit sih-wilasanipun Allah mesthi nyandhet dhumawahing sawanèh siksa ingkang kasudhiyakaken. Rembagipun tiyang ingkang angèstu punika katandhing kaliyan rembagipun Gamaliel nalika nyuwunaken kaènthèngan sahabat-sahabatipun Kanjeng Nabi ‘Isa; “Mila rembag kula supados sampéan angèndelaken dhumateng tiyang punika, sami kaujaa kémawon; déné manawi prakawis utawi lampah punika pinangkanipun saking manusa, amasthi badhé bibrah piyambak; wangsul manawi pinangkanipun saking Allah, amasthi boten kénging dipun bibrah, namung sampéan sampun ngantos ketélak anglawan dhumateng Allah” (Lalampahanipun para-rasul 5: 38, 39).

Ar. lan

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1260

nguwatosaken dhateng sampéyan lalampahan saminipun ingkang sami kasandhang para papan-than:2189

31 Saminipun ingkang kasan-dhang kaumipun Nuh sarta ‘Ad tuwin Tsamud punapa déné para wong ing sapengkeripun piyam-bakipun, lan Allah punika boten angarsakaken panganiaya dhateng para kawula(-Nipun):

32 Sarta, o, kaum kula! saèstu kula nguwatosaken dhateng sam-péyan dintenipun panguwuhing pasambat,2190

33 Dintenipun sampéyan sami mundur wangsul; boten badhé sam-péyan gadhah juru-milujengaken saking Allah sarta sinten ingkang dipun sasaraken déning Allah,apiyambakipun inggih boten badhé gadhah panuntun:2191

2189. punika tegesipun jawinipun lalampahan- lalampahan ingkang kasandhang umat ingkang sampun-sampun (Bd). Para golongan tegesipun para golongan ingkang sami saéka-praya milawani para andika nabi. Tembung yaum punika wonten ing basa Arab dipun anggé kados déné tembung day ing basa Inggris, mengku teges pépérangan (LL), sarta .

ukara ingkang wantahipun ateges dina-dinané bangsa Arab, punika mengku teges lalampahan-lalampahan utawi pépérangan-pépérangan. Milanipun kula jarwani kasandhang boten nama anèh, manawi tiyang Mesir mangertos kados pundi risakipun sawenèh umat ing tapel watesipun tanah Arab.

2190. tegesipun dintening (tiyang) sami anguwuh-uwuh satunggal dhateng satunggalipun, inggih punika dinten utawi wekdal kasusahan, ingkang ing ngriku saben tiyang anguwuh nedha pitulungan dhateng tiyang sanès awit cacak saben tiyang sampun boten saged mitulungi awakipun piyambak tuwin tiyang sanès. Sadhéngah dinten (wekdal) kasusahan punika dinaning panguwuh, dados pratélan punika boten kedah namung kamligèkaken tumrap ing dinten pancasan kémawon. Kosokwangsulipun, kados déné ingkang kacetha ugi wonten ing ayat candhakipun, dinten ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika terang manawi dintening siksa ingkang andhawahi umat wau ing gesang punika ugi.

2191. Sinten ingkang dipun sasaraken déning Allah, punika katerangaken wonten ing ayat sambetipun ugi: “Lah kaya mangkono Allah anggoné nasaraké wong kang angluwihi wates, tukang semang-semang: yaiku kang padha madoni ing bab timbalané Allah tanpa waton apa-apa kang pinangkané saka paparing-É.”

a. 44

Surat 40 Pèpènget lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1261

34 Lan saèstu, kala rumiyin temen Yusuf sampun andhatengi sampéyan kalayan bukti-bukti, ananging sampéyan tansah sami dumunung ing semang-semang dhateng punapa ingkang dipun bekta; ngantos, nalika piyambak-ipun tilar donya, sampéyan sami wicanten: Ing sapungkuré dhèwèké ora bakal Allah anjumenengaké utusan manèh. Kaya mangkono iku Allah anggoné anasaraké sapa-sapa sing lacut, asemang-semang.

35 Para kang padha amadoni ing timbalan-timbalaning Allah kala-wan tanpa pikuwat kang kaparing-aké marang dhèwèké; iku banget sinengitan mungguh ing Allah sarta mungguhing para kang padha angèstu. Kaya mangkono Allah anggoné angecap marang sarupa-ning atiné wong kang gumedhé, wong kumawasa.

36 Lan Fir’aun acalathu: É, Hamman! aku yasakna papanggu-ngan, supaya aku duwé sarana kanggo angunggahi,

37 Sarana kanggo angunggahi langit-langit, banjur sumengka marang Sesembahané Musa, lan satemené, aku iki ora ngira teme-nan, dhèwèké iku wong goroh.2192

Lan kaya mangkono iku alaning panggawéning anggonépinaès-paès tumrap Fir’aun, sarta dhèwèké sinimpangaké saka ing dalan, lan ora liya pérangé Fir’aun iku kajaba nibakaké awaké ing karusakan.

2192. Rèhning Kanjeng Nabi Musa mangandikakaken Pangéraning langit-langit lan bumi, milanipun Fir’aun lajeng anggugujeng bab prakawis punika, sarwi wicanten bilih badhé yasa panggung kanggé nempuh Allah-ipun Kanjeng Nabi Musa.

Ut. wawaton

Ut. upayané

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1262

RUKU’ 5

Pèpènget ing salebeting lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

38-44. Tiyang ingkang angèstu nglairaken pèpèngetipun malih. 45. Siksa andhawahi Fir’aun. 46-50. Para panuntuning piawon sarta para ingkang manut sami tutuh-pinutuh.

38 Lan wong kang angèstu aca-lathu: O, kaumku! padha mituruta aku, padha daktuntun ing dalan kang bener:

39 O, kaumku! kauripan donya iki mung kabungahan (kang ora langgeng), lan sayekti akhirat, iku padunungan kang tetep dienggoni:

40 Sapa sing anglakoni ala, lah ora bakal winales kajaba satim-bangé, lan sapa sing anglakoni becik, apa wong lanang apa wong wadon sarta dhèwèké iku wong angèstu, iku bakal padha malebu ing taman, ana ing kono bakal pinaringan rijeki kalawan tanpa pétung:

41 Sarta, o, kaumku! apa ta karanané déné aku angajak kowé marang karahayon lan kowé padha angajak aku marang geni?

42 Kowé padha angajak aku supaya aku angafirana ing Allah sarta anyakuthokaké karo Panjene-ngané barang kang aku ora duwé ngilmuné, lan aku angajak kowé marang Ingkang-Kinawasa, Ing-kang-Aparamarta:

43 Ora ana semang-semangé yèn pangajakmu ing aku iku anguwuh marang barang kang ing donya iki ora duwé wewenang di-uwuh, mangkono uga ing akhirat,

Surat 40 Pèpènget lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 1263

sarta (ora ana semang-semangé) yèn baliku iku marang Allah, lan ora (ana semang-semangé) yèn wong kang padha mlangkah wates iku kang padha manggon ing geni:

44 Mulané kowé bakal padha éling apa calathuku marang kowé, sarta aku amasrahaké prakaraku marang Allah: sayekti Allah iku Ngudanèni marang para kawula (-Né).

45 Tumuli Allah angreksa dhè-wèké saka alaning (kadadèané) anggoné padha anandukaké upaya sarta siksa kang ala anibani wadya-balané Fir’aun:

46 Yaiku geni; dhèwèké bakal padha digawa mrono (saben ésuk) lan soré, sarta ing dina jumene-ngané kiyamat (bakal padha dipangandikani): Wadyané Fir’aun padha lebokna ing siksa kang abot.

47 Lan nalika padha diya-diniya ana sajroning geni, kang padha apes bakal acalathu marang para kang padha gumedhé: Sayekti aku iki para pandhèrèkmu, lah apa kowé bisa anyingkiraké geni iku sapérangan saka ing kéné?

48 Para kang padha gumedhé acalathu: Sayekti aku padha ana ing sajeroné kono kabèh: Sayekti Allah wus amancasi para kawula (-Né).

49 Lan para kang padha ana sa-jroning geni acalathu marang kang anjaga naraka: Sampéyan nyuwun ing Pangéran sampéyan, kaparenga angènthèngaken siksa punika dha-teng kula sadinten kémawon.

Ar. aku

Ar. antara-ning para

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1264

50 Dhèwèké bakal padha mang-suli: Apa para utusanmu ora wus angrawuhi kowé kalawan tandha-tandha yekti? Wangsulané: inggih, calathuné: Mulané padha nyuwuna. Lan panyuwuné para kafir iku ora liya kajaba dumunung ing luput.

RUKU’ 6

Para Utusan punika tinulungan

51. Para utusan tinulungan ing gesang sapunika-punika. 52. Para atindak dédé awon wusananipun. 53-55. Kanjeng Nabi badhé angsal kamenangan kados déné Kanjeng Nabi Musa. 56-60. Para ingkang umuk badhé sami kadhawahaken ing asor.

51 Sayekti, temen Ingsun amitu-lungi para utusan Ingsun sarta para kang padha angèstu, ing dalem kauripan donya iki sarta ing dina ngadegé para saksi,2193

52 Dina, kang para atindak dudu angggoné angaturaké tangaduré ora bakal migunani sarta bakal padha olèh bebendu tuwin bakal padha olèh padunungan kang ala.

53 Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi tuntunan Musa sarta Ingsun amarisaké Kitab marang para turuning Israil,

54 Tuntunan lan pépéling tumrap para kang kasinungan akal.

55 Mulané disabar; sayekti janji-ning Allah iku nyata; sarta nyu-wuna pangayoman tumrap kalupu-tanira2194 tuwin asasantia kalawan pangalembananing Pangéranira ing wayah soré lan ésuk.

2193. Ing ngriki wonten janji ingkang sakalangkung ceplos, bilih para utusan mesthi kaparingan pitulung ing gesang sapunika punika. Sanajan dipun kaniaya di kadosa punapa sangetipun, para utusan wau ing wasananipun mesthi badhé dipun damel menang kaliyan mengsah-mengsahipun.

2194. Dhawuh ingkang mungel ingkang kasebut ing ngriki tuwin ingkang kaambalan wonten ing 47: 19, punika para titiyang Nasrani kaanggep dados sabab ingkang enggel

Ut. sasar

Ut. maha-sucèkna

Surat 40 Para utusan tinulungan 1265

piyambak kanggé ngemohi utawi maiben ing kautusipun Kanjeng Nabi Suci. Mila makaten, awit miturut panganggepipun dhawuh wau mratandhani bilih Kanjeng Nabi Suci punika boten suci ing dosa; sarta rèhning sariranipun piyambak boten suci saking dosa, tangèh lamun panjenenganipun saged anucèkaken ing tiyang sanès saking dosa. Makaten cekakaning anggènipun mancahi tiyang Nasrani dhateng agami Islam. Prakawis angka satunggal ingkang gagandhèngan kaliyan bab punika, ingkang perlu dipun èngeti, inggih punika ngantos ambal kaping gangsal katerangaken wonten ing Quran Suci, bilih Kanjeng Nabi Suci punika tukang anucèkaken saking dosa ing tiyang sanès, inggih punika ing 2: 129, 151; 3: 163; 9: 103: tuwin 62: 2. Dados awit saking punika, manawi “tansah laras”, punika dados sarat rukunipun merdéni kitab, boten wonten dhawuhipun Quran Suci satunggal-tunggala, ingkang kénging dipun werdèni mengku suraos ingkang cengkah kaliyan dhawuh katerangan ingkang terang gamblang wau. Menggah ing sajatos-jatosipun, manawi kita maos kitab-kitab sucinipun sadaya agami, kita boten badhé nrenjuhi wonten nabi utawi juru-pambangun ingkang katerangaken dados tukang-nucèkaken ing ngasanès kados Kanjeng Nabi Suci Muhammad. Pantes ugi dipun pèngeti bilih pratélan Kanjeng Nabi Suci tukang nucèni dosa, punika boten kok namung asifat pangaken blaka; awit dhawuh pratélan ingkang makaten wau ngemungaken kasebut wonten ing surat-surat ingkang tumurun ing Madinah, inggih punika jaman nalika Kanjeng Nabi Suci nyata kelampahan saèstu amintonaken sariranipun dados tukang nucèni dosa. Nyata panjenenganipun sampun anucèni para warganing umat utawi bangsa kathah sanget ingkang klelep wonten ing salebeting kanisthan ingkang anglangkungi ngantos pinten-pinten abad. Dados, murih runtutipun kedahipun kita boten negesi dhawuh Quran Suci mawi teges ingkang cengkah kaliyan dhawuh pratélan ingkang terang gamblang wau.

Malih, marambah-rambah kapangandikakaken ing Quran Suci bilih Kanjeng Nabi punika tansah ngambah margining katulusan ingkang sampurna tuwin sumarah ingkang ambabar pisani dhateng Allah. Ambangun-turut dhateng Kanjeng Rasul punika ateges ambangun-turut dhateng Allah (4: 80); manawa kowé tresna ing Allah, lah padha manuta ing aku, Allah mesthi bakal remen marang kowé (3:30); punika lan pratélan sanèsipun malih atusan ingkang nunggil suraos, punika sadaya kalayan terang, bilih Quran boten pisan-pisan marengaken kita mastani Kanjeng Nabi Suci nemahi dosa. Salajengipun manawi kita purun naliti dhadhawuhanipun Kitab Suci Quran, saya katingal cetha buktinipun bilih Quran boten babar pisan marengaken kita mastani dosa dhateng sadhéngah nabi: “Ora padha anglancangi Panjenengané kalawan pangucap sarta mung padha nindakaké marang paréntahé Panjenengané” (21:27). I’tiqad “para andika nabi sami suci ing dosa,” kajawi namung wonten bédaning pamanggih ingkang namung sakedhik sanget, punika sami dipun ugemi sadaya pandhèrèkipun Quran Suci.

Samangké sumangga kita sami ngoncèki ungeling dhawuh ingkang saweg karembag punika. Ukara punika wonten tembungipun kakalih, inggih punika istigfâr tuwin dhanb

Tembung dhanb sampun katerangaken panjang wonten ing 393. Ing ngriku sampun katerangaken bilih dhanb punika boten walaka ateges dosa; dosa, punika ing basa Arab tembungipun ingkang trep itsm.Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing ngriku, menggah ing sajatos-jatosipun tembung dhanb punika mengku sawarnining kikirangan ingkang tuwuhipun boten dipun jarag utawi margi boten kuwagang, tuwin ugi ateges cacad utawi kuciwa ingkang saged ugi mahanani woh ingkang boten sakéca. Gantos tembung istigfâr. Tembung punika manut rimbug istif’âl, tegesipun nedha gafr utawi .

magfirah. Miturut Rgh gafr punila ateges jawinipun tutupipun satunggaling barang, ingkang asarana punika barang wau kareksa saking rereged. Awit saking punika (ugi manut Rgh wau), milanipun tembung gufran tuwin magfirah punika tumrap Gusti Allah ateges Panjenenganipun paring pangayoman dhateng kawula-Nipun saking siksa. Sarta tembung istagfarakaterangaken kanthi cetha ateges nyuwun dhateng Pangéran tutup utawi pangapunten utawi pamuwung(LL-TA) Dados cetha bilih suraos pangayoman punika suraos ingkang nyrambahi wonten ing tembung gafr dalah ririmbaganipun, sarta tembung wau boten namung ateges pangapuntening dosa kémawon, nanging ugi ateges nutup dosa, ingkang menggah ing warni ingkang sajatosipun paring pangayomanutawi pangreksa saking dosa. LL nyebutaken wawaton warni-warni ingkang nedahaken bilih ukara .

(ingkang wantahipun ateges nutupi prakara kalawan tutupé) punika ateges ambeneraké prakara kalawan sabarang ingkang kuduné dianggo ambeneraké iku. Dados, sampun terang bilih gafr punika mengku kalih prakawis: (1) tumrap kalepatan ingkang sampun katindakaken, ateges pangreksa utawi pangayoman saking siksa; (2) tumrap kalepatan ingkang saged

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1266

56 Sayekti para kang padha amadoni ing timbalan-timbalaning Allah kalawan tanpa pikuwat kang kaparingaké marang awaké, iku dhadhané ora liya kang ana kajaba mung (kapéngin) dadi gedhé, kang dhèwèké ora bakal katekan; mula-né nyuwuna pangungsèn ing Allah; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Angudanéni.*

*ugi badhé katindakaken utawi ingkang tumrap manusa asring dipun terak, ateges nindakaken punika,ingkang menggah ing sajatosipun sami kaliyan ngleresaken. Awit saking punika dados istigfar punika mengku teges kakalih: tutup tuwin pangapunten inggih punika nyuwun reksa sampun ngantos nindakaken kalepatan, ingkang tumrapipun manusa asring katerak, tuwin nyuwun reksa sampun ngantos kadhawahan siksaning kalepatan ingkang sampun katindakaken.

Sapunika mangga kita sami ningali kados pundi panganggénipun tembung wau wonten ing Quran Suci. Saged ugi panganggénipun tembung wau tumrap sawenèh nabi kénging dipun pabeni. Nanging wonten masakalanipun tembung wau kalayan terang mengku teges ingkang langkung nyrambahi utawi langkung jembar. Minangka tuladha, nalika Kanjeng Nabi Musa nguningani umatipun sami nemahi dosa nembah pedhèt, tuwin nalika panjenenganipun andhahar rembagipun Kanjeng Nabi Harun ingkang nedahaken bilih panjenenganipun boten tumut-tumut damel pedhèt, Kanjeng Nabi Musa andodonga dhateng Gusti Allah, unjukipun: jawinipun Dhuh Pangéran kawula! mugi Paduka paring pangayoman dhateng kawula tuwin dhateng sadhèrèk kawula (7: 151). Jarwan punika jarwan ingkang leres, awit panjenenganipun (Kanjeng Nabi Musa) utawi ingkang raka (Kanjeng Nabi Harun) boten dosa, dados donga wau panyuwun mugi kareksaa sampun ngantos anindakaken dosa. Malih, dhawuh ingkang mangandikakaken bab prakawis tetedhan haram, ingkang ing ngriku kasebutaken migunakaken tetedhan ingkang haram dipun parengaken samangsa kapeksa déning kaperluan, punika mungel makaten dhawuhipun. “Ananging sapa sing kapeksa, ora saka kapénginé, lan ora angliwati wates, lah ora dosa ingatasé dhèwèké ; sayekti Allah iku Aparamarta (Gafur), Mahaasih” (2: 173). Ingkang perlu dipun pèngeti sanajan sampun katerangaken ing dhawuh ngriku, bilih tiyang boten dosa manawi kados makaten kawontenanipun, suprandéné sifating Pangéran ingkang kasebutaken wonten ing ngriku gafur, Ingkang-paring pangayoman, ingkang limrahipun dipun jarwani Aparamarta utawi Mahangapura.

Tuladha ing ngandhap punika inggih punika ingkang nuladhani panganggénipun tembung gafrtuwin tembung-tembung ingkang asal rimbagan saking tembung wau – saged saya damel cethanipun /teges wau. Ing pungkasaning surat ingkang angka kalih, wonten piwulang donga: ingkang wonten tembungipun makaten jawinipun: Saha mugi Tuwan angapunten ing kawula tuwin angayomi kawula punapa déné angasihana kawula (2: 286). Tembung igfir ing ngriki saged-sagedipun namung dipun jarwani mugi angayomi kawula, awit manawi dipun tegesi ngapunten, tembung wau nama tembung ingkang tanpa guna, awit ing ngriku sampun wonten tembung ngapunten. Tigang prakawis ingkang béda-béda, ingkang kasuwun wonten ing ngriki punika, inggih punika (1) nyuwun pangapuntening dosa ingkang sampun katindakaken; (2) nyawun pangayoman saking dosa, ingkang turnrap manusa cepak anglampahi; (3) nyuwun sih utawi nugraha saking Pangéran. Panyuwun tigang prakawis wau sampun katata kalayan runtut, jalaran sih utawi nugraha, punika namung kaparingaken manawi tiyang punika kareksa saking tumindhak dosa, mangka ingkang nama makaten punika manawi kalepatan ingkang sampun katindakaken, wohipun ingkang awon boten andhawahi piyambakipun. Malih, ing 17: 25 kasebutaken:

Manawa sira iku becik, lah sayekti Panjenengané iku ingkang maringi pangayoman marang para kang tansah mratobat marang Panjene-

Ut. tandha-yekti

Surat 40 Para utusan tinulungan 1267

57 Sayekti dumadiné langit-langit lan bumi iku luwih agung tinimbang dumadiné para manusa, ananging sing akèh manusa iku padha ora weruh.2195

ngané. Ing ngriki tembung Gafur boten kula jarwani Ingkang-Mahangapura, nanging Ingkang paring pangayoman, jalaran ing ngriku boten wonten ingkang nyebutaken “tiyang dosa” utawi “dosa” dados mesthinipun boten wonten pangapuraning dosa. Ing ngriku kasebutaken, Pangéran Gafur punika manawi ginantungan ing sarat, manawa kowé padha dadi wong Shâlihin. Lah Shâlih punika tiyangingkang nindakaken pandamel saé (Shâlihât punika wonten ing saglembenging Quran Suci dipun anggé kalayan mengku teges pandamel saé, saben-saben dipun dhawuhaken). Kadhawuhaken, Allah Gafûr punika namung tumrap para ingkang sami nindakaken pandamel saé; suraos makaten wau saya katingal langkung cetha malih wontenipun tembung awwâbin, kang tansah mratobat marang Panjenengané ing wekasaning dhawuh, inggih punika tetembungan ingkang ajeg dipun anggé nembungaken kawula ingkang tulus. Dados, sampun terang bilih Gafur tumrap kawontenan ingkang kados makaten punika ateges Ingkang paring pangayoman sampun ngantos nindakaken dosa, ingkang manusa, sebagai manusa, cepak sok nrajang.

Wonten tuladhanipun malih ingkang cetha bab panganggènipun tembung wau, inggih punika ingkang pinanggih wonten ing 40: 7. Ing ngriku kasebutaken bilih para malaikat sami andongakaken para titiyang tulus makaten: Mugi paring pangayoman dhateng para ingkang sami wangsul dhateng Paduka tuwin miturut margi Paduka. Tembungipun ingkang asli igfir, ingkang tumrapipun ing ngriki boten saged dipun jarwani ngapunten, awit ingkang kabetahaken para titiyang ingkang sami nurut margining Allah punika sanès pangapuntening dosa, nanging pangayoman saking dosa. Panyuwun sambetipun nedahaken bilih teges makaten punika ingkang leres, awit panyuwun 40: 9 ingkang mungel: Sarta mugi Tuwan angreksa piyambakipun saking pandamel awon punika kénging winastan nerangaken teges ingkang kados makaten wau. Tembung igfir ingkang kagem wonten ing 66: 8 saged suka pancasan bab prakawis punika, awit ing ngriku amarga para titiyang ingkang sampun lumebet suwarga sami nunuwun makaten: “Dhuh Pangéran kawula! mugi Tuwan nyampurnakaken tumrap kawula papadhang kawula, tuwin mugi Tuwan paring pangayoman dhumateng kawula.” Tembungipun ingkang asli igfirlanâ; nyuwun panganputening dosa sampun boten dados rembag manawi sampun lumebet ing suwarga.

Dados awit saking punika punika ateges nyuwuna pangayoman tumrap kaluputanira, inggih punika nyuwun pangayoman saking sifat kasèkènganipun manusa, ingkang sok mahanani manusa tumindak dosa samangsa boten angsal pangayomanipun Pangéran. Ngemungaken kados ingkang sampun kasebut wau, teges ingkang laras kaliyan sifatipun para nabinipun Pangéran kados ingkang katerangaken ing Quran Suci. Prakawis sanès malih ingkang perlu dipun èngeti, inggih punika: saben tiyang ingkang katuju ing dhawuh namung satunggal (mufrad, singular, enkelvoud), lajeng dipun anggep bilih dhawuh wau mesthi namung tartamtu tumuju dhateng Kanjeng Nabi Suci piyambak, punika panyuraos ingkang lepat. Ing Quran asring sanget wonten pangandika ingkang kados makaten wau, ingkang katujokaken dhateng para maosipun utawi dhateng sadhéngah tiyang; dados boten wonten satunggal punapa ingkang anedahaken bilih namung Kanjeng Nabi Suci Muhammad piyambak, ingkang katuju ing dhawuh punika utawi dhawuh ing 47: 19, ingkang ugi kados makaten wau. Katerangan sanèsipun malih kasebut ing 2307.

2195. An-nâs, utawi manusa, punika sawenèh ngulami dipun suraos ateges ad-dajjâl, ing basa Jawi dajjal (Maalimu-t-Tanzil). Punika anedahaken ugi, bilih dajjal punika sanès namanipun satunggaling tiyang. Ing ngriku ugi nyebutaken hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci makaten: “Hisyam bin Amir ngriwayataken bilih naté mireng, Rasulullah ngandika bilih wiwit tumitahing manusa dumugi dhatenging Sa’ah (dinten kiyamat) boten naté wonten titah, ingkang fitnahipun (cobipun utawi pancabayanipun) langkung ageng katimbang fitnahipun Dajjal.” Fitnahipun jaman samangké ambuktèkaken kayektènipun dhawuh punika. Nanging suraosipun dhawuh punika dados cetha pratéla manawi an-nâs dipun jarwani mawi tegesipun ingkang wantah.

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1268

58 Lan ora padha wong kang wuta iku karo wong kang awas, mangkono uga para kang padha angèstu sarta alaku becik karo wong ala; sathithik sira kang padha angalap éling.

59 Sayekti, titining mangsané iku masthi tumeka, iku ora ana semang-semangé, ananging manu-sa iku sing akèh padha ora pracaya.

60 Lan Pangéranira angandika: Padha nyuwuna marang Aku, Aku bakal anyembadani panyuwunira. Sayekti para kang padha gumedhé angemohi pangibadah marang Aku, iku tumuli bakal padha lumebu naraka, diinakaké.

RUKU’ 7

Kawasanipun Gusti Allah

61-64. Gusti Allah punika Ingkang-Nitahaken sagung dumadi. 65-66. Panjenengan-ipun piyambak kedahipun ingkang sinembah. 67-68. Ingkang-Nitahaken manusa.

61 Allah iku Kang agawé wengi tumrap marang sira supaya ing kono sira padha lerem, sarta raina supaya bisa andulu. Sayekti Allah iku lubèr paparing-É marang manusa, ananging manusa iku sing akèh padha ora sukur.

62 Iku Allah, Pangéranira, Kang-Anitahaké samubarang; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; lah kapriyé anggonira bisa ke-blinger?

63 Kaya mangkono iku anggoné para kang padha angemohi tim-balan-timbalaning Allah padha diblingeraké.

Ar. lan ora

Ut. kiyamat Ar. ing kono

Ar. marang sira

Surat 40 Kawasanipun Gusti Allah 1269

64 Allah iku Kang wus agawé bumi tumrap marang sira minang-ka palèrènan sarta langit minangka yayasan,a sarta Panjenengané wus amangun sira banjur ambecikaké wangunira, apa déné Panjenengané angrijekèni sira arupa barang kang becik-becik; iku Allah, Pangé-ranira; mulané mahabarkah Allah iku, Pangéraning ngalam kabèh.

65 Panjenengané iku Ingkang-Gesang, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; mulané anguwuha Panjenengané, kalawan tuhu-tuhu-ning pambangun-turut ing Panjene-ngané; sakèhing pangalembana iku kagungané Allah, Pangéraning ngalam kabèh.

66 Calathua: Sayekti aku iki dilarangi angabdi marang apa kang padha kouwuh saliyané Allah ba-reng bukti-bukti kang terang saka Pangéranku wus tumeka marang aku, sarta aku diparéntahi sumarah marang Pangéraning ngalam kabèh.

67 Panjenengané iku kang ani-tahaké sira saka lebu,b tumuli saka ing wijining urip,c tumuli saka ing getih anjendhel, tumuli Panjene-ngané anglairaké sira dadi babayi, tumuli supaya sira tumeka diwasa-nira, tumuli supaya sira padha dadi tuwa – lan sawenèhira ana kang kapundhut sadurungé iku – sarta supaya sira tumeka ing wayah kang wis tinamtu, tuwin supaya sira padha mangertia.

68 Panjenengané iku Kang-apa-ring urip lan aparing pati; mulané samangsa Panjenengané amutus

Ut. méga ... wangon a. 35

b. 862, 1716 c. 1356A

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1270

sawijining prakara, iki Panjene-ngané banjur mung ngandika baé: Anaa, banjur ana.

RUKU’ 8

Wusananing Panglawan

69-71. Kawontenanipun ingkang sami angemohi. 72-76. Anggènipun tanpa daya. 77. Kasunyatanipun janjining Pangéran. 78. Milawani dhateng utusan punika salaminipun masthi tanpa dados.

69 Apa sira ora andeleng marang para kang padha madoni timbalan-timbalaning Allah: kapriyé ang-goné padha maléngos?

70 Para kang padha anggorohaké ing Kitab sarta apa kang diampil para utusan-Ingsun; ananging dhè-wèké énggal bakal padha weruh.

71 Samangsané balenggu lan ranté ana ing guluné; dhèwèké bakal padha dilarak.2196

72 Nyemplung ing wédang umob; tumuli diobong ing geni;

73 Tumuli dhèwèké bakal dipa-ngandikani: Endi barang kang adaté sira sakuthokaké,

74 Saliyané Allah? Bakal padha matur: Sami ngésahi kawula; ana-nging adatipun kala rumiyin kula boten anguwuh dhateng punapa-punapa. Kaya mangkono anggoné Allah ambingungaké para kafir.

75 Iku amarga saka anggonira abungah-bungah ana ing bumi kalawan dudu beneré, lan amarga saka anggonira kumalungkung.

2196. Sabibaripun prang Badr tiyang Quraisy sagolongan katawan sarwi kinalungan ranté githokipun, sagolongan malih, ingkang tiwas wonten ing papan paprangan, dipun glandhang dhateng lawang kuburanipun, kapurih ngraosaken pidananing pandamelipun ingkang awon wonten ing gesang sasampuning pejah.

Ut. balik

Surat 40 Wusananing Panglawan 1271

76 Padha malebua ing lawang-lawangé naraka, padha manggon ing kono; lah ala padunungané para wong gumedhé iku.

77 Mulané disabar; sayekti janji-ning Allah iku nyata, Embuh sira Ingsun weruhaké sawenèhé kang Ingsun ancamaké dhèwèké, embuh Ingsun agawé patinira, dhèwèké ba-kal padha dibalèkaké marang Ing-sun.2197

78 Lan sayekti Ingsun wus angu-tus para utusan ing sadurungira; sawenèhé ana kang Ingsun cari-takaké marang sira, sarta sawenèhé ana kang ora Ingsun caritakaké marang sira; lan ora mungguh tumraping utusan yèn anekakna sawijining pratandha, kajaba kala-wan idining Allah; ananging samangsa paréntahing Allah wus tumeka, pancasan ditibakaké kala-wan bener, sarta kapitunan para kang padha anggorohaké (iki).

RUKU’ 9 Wusananing Panglawan

79-80. Nugrahaning Pangéran. 81-84. Piwulang ing salebeting pandumipun para umat kala rumiyin. 85. Pidana punika manawi sampun dhateng boten kénging katulak.

79 Allah iku kang agawé raja-kaya tumrap marang sira, kang sawenèh supaya padha sira tung-gangi, lan sawenèhé supaya sira pangan.

80 Lan ing kono akèh paédahé tumrap marang sira, sarta supaya sira bisa anekani butuh kang ana sajroning dhadhanira2197A asarana iku, sarta sira padha diemot déning iku sarta ing sajroning prau.

2197. Pratélan punika namung kanggé anggenahaken, bilih piyambakipun mesthi badhé nandhang 2197A.Mirsanana kaca candhakipun.

Ut. mako-lèhi

Ar. ingdhuwuré Ar. ingdhuwuré Ar. dhu-wuring

Tiyang ingkang angèstu Juz XXIV 1272

81 Lan Panjenengané anuduhaké sira tandha-tandha-Né; lah endi tandha-tandhaning Allah kang sira sélaki?*

82 Lah apa ta dhèwèké iku ora padha lalaku ing bumi banjur padha andeleng kapriyé wusanané para wong sadurungé dhèwèké? Iki luwih akèh (cacahé) tinimbang dhèwèké apa déné luwih gedhé kakuwatané lan bèbètèngé ana ing bumi, ananging apa kang wus pina-kolèh ora migunani marang dhè-wèké.

83 Bareng para utusané padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti kang terang, dhèwèké padha wis bungah marang kawruh kang ana ing awaké, lan apa kang adaté dianggo angguguyu, iku anglim-puti awaké.

84 Ananging bareng padha ande-leng pidana-Ningsun, padha cala-thu: Kula sami angèstu ing Allah piyambak sarta angafiri punapa ingkang adatipun kula anggé nya-kuthoni Panjenenganipun.

85 Ananging imané ora bakal migunani marang awaké bareng dhèwèké wis padha andeleng pida-na-Ningsun; (iki) angger-anggering Allah, kang tumindak tumrap para kawula-Né sarta ing kono para kafir padha kapitunan.

*wohipun ingkang awon pandamelipun, sami ugi punapa ing salebetipun Kanjeng Nabi taksih sugeng, dados taksih saged mirsani siksanipun para titiyang wau, punapa sasampunipun séda Kanjeng Nabi.

2197A. Terangipun, kabèh mau migunani banget marang sira kanggo tutungganganira tuwin kanggo momot barang-barangira saka papan sawiji marang sawijiné.

_______