pranatacara - bahasa jawa sman 5 yogyakarta

12
Dening: Bayu Kurniawan SAMUKAWIS BABAGAN PRANATACARA

Upload: resma-puspitasari

Post on 22-Jun-2015

1.699 views

Category:

Education


16 download

DESCRIPTION

Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata cara utawi acara, Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae ingkang kedah dipunwigatosaken inggih menika :

TRANSCRIPT

Page 1: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Dening:

Bayu Kurniawan

SAMUKAWIS BABAGAN PRANATACARA

Page 2: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata cara utawi acara,

bakuning ayahan ipun inglantaraken cakcakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan ingkang sampun rinantam.

Pangertosan :

Page 3: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Pranatacara nyepeng ayahan ingkeng ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancag, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperengan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara.

Soksintena kemawon para paraga ingkeng magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan boten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

Page 4: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes setunggiling pakaryan ingkeng awrat, awit saksintena kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna wicara utawi ingkeng kedaling lesan mboten cetha, tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut. Ananging ingkeng kathan sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa. Ananging babagan menika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkeng pundi kemawon, jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos deneng saksintena ingkeng midangetaken.

Page 5: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Swanten Solah BawaBusana (Ageman) Paningal Kaweruh Rengga Basa/ Sastra

Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae ingkang kedah dipunwigatosaken inggih menika :

Page 6: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Sakderengipun dados pranatacara , swanten kedah dipungladhi kanthi saestu saha ajeg menawi perlu swanten dipun rekam rumiyin lajeng dipun pirengaken

Piyambak amrih dipunmangertosi kados pundi swantenipun piyambak sampun sae napa dereng, swanten ingkang sae sakmbotenipun inggih menika

Kung (gandem –marem Boten Ngelik Membat-mentul ( mboten monoton) sanes swanten lugas (mlaha) nanging nggih mboten dipun damel-

damel Mboten katah pedhotan swanten mboten bindheng boten grothal-grathul irama swanten kedah trep kalian kewontenan adicara

Swara :

Page 7: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Ambegan boten mengap-mengap boten nyebul mikrophon utawi dpunthuthuk-thutuk mikrophon dipuncepeng asta tengen ,asta kiwa pas

ngandhap dhadha menawi mikrophon dipunpasang wonten cagak asta

saged ngapurancang mboten metenteng anggenipun jumeneng ingkang tegap,jejeg janggut

dipuntarik sekedik mboten katah obah, boten ndumuki rasukan /boten mbnak

mbenakakaken bebetBoten nyowang –nyeweng rasukanipun piyambak

Solah bawa :

Page 8: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

mboten gugup utawi kagetan boten wigah-wigih boten gemeter kedah sumeh

Solah bawa ingkang kirang mranani : Jumenang kanthi lelendehan papn wicara Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku Salira ngewah-ewahi mbesengut asring ngebahaken satunggal peranganing badan sarira ngelebetaken asta wonten ing sak celana boten nggatosaken ingkang midangetaken asring ningali

nginggil

Page 9: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae

Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan keperluanipun wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.

Jejering pranatacara saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi rinengga ing swanten, raga lan busana ingkeng pantes.

Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining busana kaliyan kulit, ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan , boten nyolok tuwin samadya kemawon

Busana (Ageman)

Page 10: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda

Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkeng leres. Pamilihing tembung, ingkeng lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kamirengaken ing asanes.

Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi leres tuwun laras.

Basa Lan Sastra

Page 11: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana

Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkeng trep kaliyan paramasastranipun.

Ingkeng menika pranatacara saha pamedhar sabda saget lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

Kalajengan Kaca Saderengipun

Page 12: Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta

Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggalJumeneng kanthi suku sakelengkung rapetJumeneng kanthu suku sakelangkung mekarJumeneng kanthi loyo/ boten wonten semangatJumeneng kirang imbangJumeneng kanthi lelendhetan papan wicaraNgewah-ewah sariraJumeneng boten jenjemJumeneng kakuJumeneng mboten nggatosaken papan

panggenan

Sikap sarira ingkeng kirang mranani