peranan folklor tumrap kawaspadaning … kunci/08 peranan folklor.pdf · makalah utawi seratan...
TRANSCRIPT
1
PERANAN FOLKLOR
TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN
Sumarlam Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret Surakarta
A. PAMBUKA
Kangge ngemutaken amrih bebrayan Jawi tansah waspada ing babagan alam
lingkungan saged katindakaken kanthi pinten-pinten sarana. Upaminipun,
saged lumantar unen-unen Jawi kadosta paribasan, bebasan, saloka,
pepindhan, lss.; lumantar susastra Jawi, inggih ingkang geguritan, gancaran
(cerkak, cerbung, novel); lumantar dongeng, cariyos rakyat (folklor); menapa
dene lumantar petangan Jawi.
Makalah utawi seratan menika temtu kemawon boten badhe ngrembag sadaya
sarana kalawau, ananging namung winates saperangan alit kemawon; inggih
menika lumantar folklor Jawi ingkang gegayutan kaliyan babagan lingkungan.
Jer nyatanipun manungsa lan pagesanganipun menika saestu boten saged
dipunpisahaken (tansah nyawiji) kaliyan alam lingkungan (alam sawegung)
minangka papan panggenan pagesanganipun manungsa. Awit saking menika,
bab-bab ingkang badhe kaandharaken ing seratan menika sesambetan kaliyan
babagan pangertosanipun etika lingkungan saha pagesangan ingkang
satimbang (harmonis), kadospundi tangkeping bebrayan tumraping
kawontenanipun alam lingkungan, pangertosan lan peranganipun folklor, saha
pambudidayaning manungsa kangge ningkataken kawaspadaning lingkungan
lumantar folklor Jawi mliginipun ing laladan Jawi Tengah.
B. PANGERTOSANIPUN ETIKA LINGKUNGAN SAHA
PAGESANGAN INGKANG SATIMBANG (HARMONIS) KALIYAN
ALAM
Sejatosipun prekawis lingkungan mujudaken prekawis ingkang gegayutan
kaliyan kadospundi sipat lan hakikatipun manungsa tumrap lingkungan
pagesanganipun. Manungsa sesarengan kaliyan lingkungan gesangipun
mujudaken satunggaling ekosistem. Gesanging manungsa ugi gumantung
2
dhumateng lestarining ekosistemipun. Kangge njagi lestarining ekosistem,
manungsa nggadhahi peranan ingkang tuhu wigatos. Manungsa kedah saged
njagi sesrawungan ing antawisipun manungsa menika piyambak kaliyan alam
lingkunganipun, satemah ekosistemipun saged satimbang (harmonis), boten
gonajng-ganjing (Resosoedarmo, lkk., 1985:145).
Prekawis lingkungan pagesangan menika dados prekawis tumraping manungsa
minangka dhiri pribadi, kulawarga, bebrayan agung, malah ugi dados
prekawisipun bangsa lan nagari, sarta prekawisipun donya. Dereng dangu
menika ngantos samangke, prekawis risaking lingkungan pagesangan lan
ekologi manungsa dados underaning pirembagan gayeng, sae wonten negari-
negari ingkang sampun majeng (Jepang, Amerika) menapadene ing negari-
negari ingkang nembe ngrembaka, kalebet negari Indeonesia. Gegayutipun
manungsa minagka titah kaliyan alam lingkungan wigatos sanget
dipunmangertosi lan dipunhayati, sae saking teorinipun menapadene cak-
cakanipun ing pagesangan sadinten-dinten (Bintarto, 1984:2).
Pangaribawaning manungsa tumrap alam lingkunganipun saged anjalari tigang
kedadosan, inggih menika deteriorasi, tetep langgeng lestari, saha greget
kangge ndandosi/amangun alam lingkungan. Sepisan, deteriorasi badhe
dumados menawi manungsa ngupayakaken sumber daya alam (SDA) namung
adhedhasar prinsip “jangka pendhek”, tegesipun kangge ngasilaken produk
(asil) sakathah-kathahipun ing wekdal ingkang sesingkat-singkatipun lan
pawitan (modhal) sasekedhik-sekedhikpun. Kaping kalih, manungsa sampun
nglenggana (sadhar) bilih manungsa menika namung mujudaken saperangan
saking ekosistem. Manungsa sadhar bilih hakikatipun gesang lan pagesangan
menika gumantung sanget kaliyan kawontenaning alam lingkunganipun.
Kanthi makaten, manungsa badhe tansah anjagi amrih alam lingkungan
menika tansah tetap langgeng lestari lan satimbang (harmonis). Kaping tiga,
manungsa nggadhahi raos tanggel jawab lan ambudidaya amrih alam
lingkungan menika tansah saya sae kualitasipun (Sholeh Dasuki, lkk.,
1996:13).
Etika menika mujudaken filsafat ingkang ngandhut ajaran/piwulang moral.
Ajaran moral ngandhut norma-norma moral, dene norma moral menika
minangka paugeran kadospundi supados gesanging manungsa menika samsaya
tambah sae minangka jejering manungsa (Magnis-Suseno, lkk., 1993:2-3).
3
Salajengipun, etika kaperang dados kalih, inggih menika etika individual lan
etika sosial. Etika individual menika gayut kaliyan kuwajibanipun manungsa
tumrap pribadinipun piyambak. Dene etika sosial gayut kaliyan kuwajibanipun
manungsa minangka perangan saking umat manungsa. Ananging prelu
dipunmangertosi bilih antawisipun etika individual lan etika sosial boten saged
dipunpisahaken jalaran kuwajiban tumrap dhiri pribadi lan minagka
peranganing umat manungsa ugi boten saged pinisah, satunggal lan
satunggalipun samidene gegayutan.
Etika sosial gegayutan kaliyan sesambetan antawisipun tiyang satunggal
kaliyan tiyang sanesipun, ugi tanggel jawabipun umat manungsa tumrap
lingkungan pagesangan. Kanthi makaten cetha bilih etika lingkungan
pagesangan kalebet perangan saking etika sosial (Soemarwoto, 1988).
Ringkesipun saged kaaturaken bilih etika lingkungan pagesangan mujudaken
gambaran (citra), tangkep (sikap), wawasan, lan prilaku-tumindakipun tiyang
utawi bebrayan tumraping alam lingkunganipun.
C. TANGKEPING BEBRAYAN TUMRAP KAWONTENANING
ALAM LINGKUNGAN
Miturut kronologisipun, pagesangan ing donya menika mujudaken perangan
saking alam sawegung (alam semesta). Alam sawegung badhe mangaribawani
sae lan awonipun nasibipun manungsa. Pramila awit saking menika, manungsa
kedah tansah anjagi keharmonisanipun tatanan alam sawegung kanthi tangkep
lan tumindak-tumindak kasaenan. Kawontenaning alam lingkungan badhe
dados sae utawi awon gumantung kaliyan tangkep lan tumindakipun
(pakertinipun) manungsa utawi bebrayan ingkang gesang ing sakiwa-
tengenipun alam lingkungan kalawau.
Miturut etika sosial, tiyang Jawi menika nglenggana bilih piyambakipun boten
saged gesang piyambakan. Ing saben wekdal, saben papan, kapan lan ing pundi
kemawon, kita kedah sesambetan lan sesrawungan kanthi sae kaliyan
lingkungan sakiwa-tengenipun, sae menika lingkungan fisik, inggih menika
alam bebrayaning manungsa menapadene lingkungan nonfisik, inggih menika
alam gaib. Kanthi makaten, kita badhe saged nggayuh katentremaning
agesang, kawontenaning alam lingkungan ingkang satimbang (harmonis) lair
4
lan batinipun, sarta tatananing pagesangan ingkang tansah kurmat-kinurmatan,
guyub-rukun, lan ayem-tentrem.
Sesambetan kaliyan kawontenaning alam lingkungan lan dumadosing titah
saged kaandharaken makaten. Manungsa minangka titah cinipta dening Gusti
Allah saking sekawan perangan (anasir, unsur), inggih menika latu, angin,
toya, lan siti.
1. Latu:
lajeng dados nepsu ingkang nuwuhaken sekawan hawa nepsu.
a) Aluamah nggadhahi watak boten nate rumaos marem, tutuk kinarya
korinipun; mapanipun wonten ing usus.
b) amarah nggadhahi watak wengis, benter makantar-kantar, talingan
minangka korinipun; mapan wonten ing empedhu.
c) sufiah nggadhahi watak kedah sarwa cepet (kemrungsung), pikajengipun
ageng, paningal minangka korinipun; dumunung ing limpa.
d) mutmainah anggadhahi watak anteng jatmika, mendel, grana minangka
korinipun; dumunung ing ginjel.
Hawa nepsu sekawan kalawau dipuntandhani kanthi cahya/sinar
a) cemeng,
b) abrit,
c) jene, lan
d) pethak.
2. Angin:
nuwuhaken sekawan prekawis.
a) Napas, talining jenazah, dumunung ing manah; lumantar tutuk.
b) Tanapas, talining manah, dumunung ing puser, lumantar grana.
c) Anpas, talining roh, dumunung ing jantung, lumantar talingan.
d) Nupus, talining raos, dumunung ing pulung ati, lumantar paningal.
3. Toya: daos rah, nuwuhaken sekawan perangan:
a) roh jasmani,
b) roh ruhani,
c) roh nabati, lan
d) roh hewani.
5
4. Bumi:
nuwuhaken daging (kadagingan).
Sekawan perangan kalawau sagedipun dados gesang inggih awit saking
kaparingan Nur Illahi saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi minangka
perangan ingkang kaping gangsal. Miturut serat Darmo Sonya (salebeting
Radjiman, 2000:152-153), wonten ing alam makrokosmos menika mula-
bukanipun ingkang wonten namung sonyaruri (awang-awang) jalaran titah
dereng tinitah. Salajengipun kanthi sabdanipun Gusti Allah cinipta padhang
lan peteng. Wiwit saking menika lajeng wonten surya, candra, kartika, dalah
swasana. Kekiyatanipun alam saking sekawan unsur kalawau makaten:
1. Surya:
awarni abrit rah (merah darah), langkung ageng katimbang candra lan
kartika, dados sarananing pagesangan tumrap sadaya pagesangan ing bumi.
2. Candra:
awarni pethak bening maya-maya, dados sarananing daya panerang ing
bumi.
3. Kartika:
awarni biru semu ijem sumunar, minangka sarananing daya eyub-edhuming
pagesangan ing bumi.
4. Swasana:
awarni biru sumunar maya-maya, lembut, anglimputi alam sawegung.
Swasana menika ngandhut hawa (angin).
Ingkang cetha, sasampunipun bayi lair, kita dados manungsa ing madyapada
menika wajib nindakaken amanah agung saking Gusti Kang Maha Tunggal,
inggih menika supados nggulawenthah alam sawegung saisinipun, njagi amrih
lestaring alam lingkungan, sarta ngrembakakaken amrih saya tambah sae,
endah, lan langgeng. Makaten kalawau menggah tangkeping manungsa lan
bebrayan tumrap kawontenaning alam lingkungan. Supados saged nggayuh
keselarasan, keseimbangan, lan keharmonisaning gesang, mila bebrayan Jawi
prelu nengenaken prinsip rukun, prinsip kurmat-kinurmatan, prinsip asih ing
sesami, rumangsa handarbeni, sarta mulat sarira hangrasa wani (mawas dhiri).
D. PANGERTOSAN LAN PERANGANIPUN FOKLOR
Kathah para winasis ingkang sampun mratelakaken ngengingi
6
pangertosanipun folklor. Para winasis kalawau ing antawisipun inggih menika
Brunvand (1968), Abrams (1981), Danandjaja (1986), Moeis (1988), Haviland
(2009), sarta Sudjiman (2009). Miturut pamanggihipun Sudjiman (2009:29),
folklor inggih menika kapitadosan, legenda, lan adhat-istiadhat satunggaling
bangsa ingkang sampun wiwit dangu kawarisaken turun-tumurun sacara lesan
utawi sinerat. Folklor menika saged awujud sekar, cariyos, paribasan,
bedhekan (teka-teki), malah ugi dolanan bocah (kanak-kanak).
Dene miturut pamanggihipun Moeis (1988:127-128), folklor menika saged
awujud kapitadosan, adhat-istiadhat, lan upacara ingkang pinanggih ing
bebrayan, lan ugi samubarang ingkang kadamel dening tiyang ingkang raket
sanget gegayutan kaliyan pagesangan spiritual, upaminipun awisan supados
boten nindakaken samukawis ingkang cengkah kaliyan norma pagesangan.
Adhedhasar andharan kasebat, mila saged kawastanan bilih sejatosipun folklor
menika minangka perangan saking kabudayan, ananging beda kaliyan
perangan kabudayan sanesipun. Miturut Danandjaja (1986:3) folklor
nggadhahi tandha-tandha utawi titikan ingkang beda kaliyan kabudayan
sanesipun, inggih menika:
1. Anggenipun marisaken limrahipun kanthi cara lesan (dipuncariyosaken)
turun-tumurun saking generasi dhateng generasi candhakipun.
2. Sipatipun tradhisional, tegesipun dipuntangkaraken kanthi wewujudan
ingkang relatif sami utawi wujudipun sampun baken (standar).
3. Cengkokipun (versinipun) kathah mawarni-warni jalaran anggenipun
nangkaraken kanthi cara lesan, gethok tular (dari mulut ke mulut).
4. Sipatipun anonim, tegesipun sinten panganggit utawi pangriptanipun
sampun boten dipunmangertosi malih.
5. Nggadhahi mupangat tumrap pagesangan ing bebrayan.
6. Sipatipun pralogis, tegesipun nggadhahi logika piyambak ingkang kala-kala
boten jumbuh kaliyan logika limrahipun.
7. Dados gadhahanipun tiyang kathah (kolektif).
8. Limrahipun polos-lugu mila kraos radi kasar (spontan).
Miturut Harold Brunvand, ahli folklor saking Amerika Serikat, folklor saged
kaperang dados tigang perangan, inggih menika
1) folklor lesan (verbal folklore),
2) folklor saperangan (satengah) lesan (partly verbal folklore), lan
7
3) folklor sanes lesan (non-verbal folklore) (Brunvand, 1968:2-3; Danandjaja,
1986:21).
1. Folklor lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun pancen murni lesan.
Ingkang kalebet folklor lesan kadosta unen-unen utawi ungkapan
tradhisional, cariyos rakyat (dongeng, mite, legenda).
2. Folklor saperangan (setengah) lesan inggih menika folklor ingkang
wujudipun campuran antawisipun saperangan lesan lan sanes lesan.
Ingkang kalebet folklor saperangan (setengah) lesan kadosta
kapitadosaning rakyat, dolanan rakyat, tari rakyat, adhat-istiadhat, upacara
pesta rakyat.
3. Folklor sanes lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun sanesipun
lesan. Ingkang kalebet folklor sanes lesan upaminipun awujud griya asli
rakyat, lumbung pantun, kerajinan tangan rakyat, pakeyan rakyat, tetedhan
lan inuman khas rakyat, obat-obatan tradhisional, lan isyarat tradhisional
pratandha bebaya.
Folklor lesan, mliginipun ingkang kalebet cariyos gancaran rakyat, saged
kaperang dados tigang golongan, inggih menika mite (myth), legenda (legend),
lan dongeng (folktale) (Bascom, 1965:4). Andharanipun ringkes makaten.
1. Mite,
limrahipun nyariyosaken dumadosipun alam sawegung, donya, wujudipun
topografi, pratandha alam, lss. Mite ugi nyariyosaken petualanganipun para
dewa, lelampahan perang, sesambetaning kulawarga (trah), lampahing
katresnan, lss.
2. Legenda,
awujud gancaran rakyat ingkang titikanipun meh sami (memper) kaliyan
mite, inggih menika dipunanggep saestu nate dumados, nanging boten
kaanggep suci. Legenda ugi nyariyosaken cariyos rakyat ngengingi paraga
(tokoh), kedadosan (peristiwa), utawi papan panggenan tartamtu ingkang
nggathukaken antawisipun kasunyatan sejarah (fakta historis) kaliyan mitos
(Sudjiman, 1986:47).
3. Dongeng,
awujud gancaran rakyat ingkang boten dipunanggep saestu-estu dumados
sarta boten winates dening wekdal dalah papan.
8
Dongeng mujudaken cariyos ngengingi titah khayali. Titah khayali ingkang
dados paraga ing dongeng adhakanipun dipunketingalaken minangka
paraga ingkang nggadhahi kawicaksanan utawi kekiyatan kangge ngatur
prekawising manungsa kanthi maneka warna cara.
Folklor nggadhahi fungsi ingkang wigatos sanget tumraping bebrayan agung.
Fungsinipun folklor saged kaperang dados sekawan, inggih menika: (1)
minangka sistem proyeksi utawi sarana kangge nggambaraken angen-angening
bebrayan agung (kolektif). (2) minangka alat-sarana kangge ngesahaken
pranata lan bebadan kabudayan. (3) minangka sarana piwucalan
(pendhidhikan) tumraping lare, kaneman, tiyang sepuh, sarta bebrayan
limrahipun. (4) minangka sarana kangge meksa lan ngontrol supados norma-
norma masarakat tansah dipunpatuhi dening anggota kelompokipun (Bascom,
1965:297-298).
Gegayutan kaliyan peran utawi fungsinipun folklor kasebat, ing ngandhap
menika badhe kaandharaken pambudidayaning manungsa kangge ningkataken
kawaspadaning lingkungan lumantar folklor Jawi.
E. PAMBUDIDAYA INDHAKING KAWASPADANING
LINGKUNGAN LUMANTAR FOLKLOR JAWI
Ing perangan menika badhe kaandharaken aspek ekologis (aspek ingkang
gegayutan kaliyan etika lingkungan pagesangan) ingkang kamot ing folklor
ingkang kapanggihaken (adhedhasar asiling panaliten) ing wilayah
SUBOSUKAWONOSRATEN lan Wilayah Kedu (Magelang, Kebumen, lan
Purworejo). Andharan babagan etika lingkungan pagesangan menika ing
antawisipun gegayutan kaliyan prekawis tangkep (sikap), wawasan, gagasan,
lan gambaran (citra) utawi pamanggihipun masarakat tumrap kawaspadaning
lingkungan pagesangan lumantar folklor.
1. Dumadosipun Kitha Sala (DKS)
Cariyos DKS menika gegayutan kaliyan prekawis “penghijauan”, inggih
menika gegayutan kaliyan nenanem wit ringin ing punjering (jantunging)
kitha. Tradhisi “penghijauan” kanthi nenanem wit ingkang ngrembuyung eyub
edhum kadosdene wit ringin menika prelu sanget dipunwarisaken dhumateng
9
generasi mudha. Kasunyatanipun, prekawis “penghijauan” sampun dados
prekawis ingkang wigatos ing pagesangan kangge kawilujenganipun
manungsa; lan prekawis menika sampun dipunpenggalihaken dening para
leluhur kita lumantar folklor DKS.
Sala, minangka punjering kitha (kraton) kapendhet saking namanipun wit-
witan ingkang anama wit sala (kados wit pinus). Papan menika sakawit
dipunlenggahi dening Kyai Ageng Sala, priyantun ingkang tansah sinuyudan
lan kinurmatan dening sadaya tiyang ing kampung menika wau. Sasampunipun
Sala kanthi resmi kadadosaken punjering karaton, mila nalika upacara
kepyakanipun kawiwitan nenanem wit ringin cacah sekawan ing alun-alun ler
lan kidul. Nenanem wit-witan (wit ringin) menika mupangat sanget tumrap
alam lingkungan, mliginipun ing jantunging kitha Sala. Wit ringin menika
kajawi eyub edhum ngrembuyung, ugi minangka pralambang bilih Sang Raja
(priyantun ingkang kagungan panguwaos) menika kedah saged dados song-
song agung minangka pangayoming sadaya kawula (rakyat).
Gegayutanipun kaliyan aspek etika lingkungan pagesangan, cariyos DKS
menika mratelakaken tangkeping (sikapipun) masarakat Sala ingkang
nggatosaken sanget dhateng prekawis “penghijauan”. Pramila ngantos
samangke masarakat Sala tansah mbudidaya amrih alam lingkungan ing Sala
tansah ijo royo-royo.
2. Sri Mulih (SM)
Folklor SM nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan tumrap
masarakat, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen lan
“pengelolaan pangan”. Kawaspadaning bebrayan Jawi tumrap alam
lingkungan pagesangan tetanen katingal saking anggenipun nyawisaken
tetedhan (pantun, uwos) minangka tetedhan utami wonten ing “genthong”
(pedaringan) minangka cadhangan tetedhan kangge kulawarga, sarta
“lumbung desa” minangka cadhangan tetedhan kangge masarakat.
Cariyos SM ugi gegayutan kaliyan pendhidhikan lingkungan alam sosial. Ing
folklor SM dipuncariyosaken bilih tlatah Jawi ngalami “paceklik”, inggih
menika wontenipun musibah bumi garing, tetaneman kathah ingkang sami
risak lan pejah, kathah ama, lss. Sadaya kalawau dipunsebabaken dening
10
oncatipun Bethari Sri (Dewining Tetedhan). Tundhanipun masarakat bebrayan
dados boten ayem-tentrem, manahipun boten jenjem. Pramila supados tansah
ayem-tentrem sarta jenjem manahipun, tiyang kedah mbudidaya lan tansah
nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados manungsa
minangka titahipun kalis saking sadaya bebendu, panelangsan, lan
kasangsaran.
3. Dewi Menur Seta (DMS)
Foklor DMS menika nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan,
utaminipun ingkang gegayutan kaliyan babagan pambudidaya amrih
lestarining wana (pelestarian hutan). Folklor DMS menika ngemot etika
lingkungan pagesangan gegayutan kaliyan aspek “penghijauan” kangge
nglestarekaken wana. Pambudidaya amrih lestarining wana menika wigatos
sanget, utaminipun kangge ngrimat tetaneman (wit-wit ageng) lan kangge
ngawekani tuwuhipun bebaya bena.
4. Telaga Winong (TW)
Folklor TW (ing Wonogiri) menika ngandhut aspek etika lingkungan
pagesangan gegayutan kaliyan babagan kesejahteraan umat manungsa jalaran
tlaga menika saged nyekapi kabetahan toya kangge kirang langkung 20
kalurahan. Tlaga menika dipunwarisaken kangge kesejahteraan gesangipun
para putra wayah, pramila prelu dipunlestarekaken supados saged kangge
kabetahan panggesangan, upaminipun misaya mina, tetanen, peternakan, lan
ingkang langkung wigatos tlaga menika saged kangge nyekapi kabetahaning
gesang sadinten-dinten. Kanthi makaten, budaya resik lan sehat tansah
dipunkulinakaken ing masarakat. Kanthi mangertosi cariyos TW nuwuhaken
greget kangge nglestarekaken toya kangge kesejahteraaning masarakat (umat
manungsa) lan kangge keseimbanganing alam sawegung.
5. Wit Sekanem (WS)
Folklor WS ngandhut piwucal ingkang gegayutan kaliyan pambudidaya
lestarining pagesangan, inggih menika prelunipun “peremajaan” wit jatos ing
sakiwa tengenipun Dhusun Sekanem kangge “penghijauan”. Kajawi menika,
cariyos kalawau ugi suka pepemut dhumateng manungsa supados saged
11
mupangataken peparingipun Gusti Allah Kang Maha Mirah (arupi lingkungan
alam, kadosta tetaneman, sato kewan, toya, lss) prayoginipun tansah ngatos-
atos lan boten kenging grusah-grusuh saksekecanipun piyambak tanpa
nggatosaken alam sawegung saha lingkungan sakiwa tengenipun ingkang
kacipta dening Gusti Allah.
6. Peken Tambak ing Dhusun Sribit (PTDS)
Folklor PTDS (ing Sragen) nggadahi fungsi tumrap pambangunan tetanen
(pertanian) lan dedagangan (perdagangan). Para among tani lan among dagang
pikantuk kalodhangan kangge nyade asiling tetanen lan dedagangipun ing
Peken Tambak kasebat.
Dene perananipun tumrap pambangunan lingkungan inggih menika asiling
pajek lan titipan sepedha ingkang dipunkelola dening para kaneman saged
dipunmupangataken kangge mbangun pager kangge wates antawisipun peken
kaliyan sabin. Pager kalawau kangge ngawekani supados tetaneman ing sabin
boten risak awit kepidak-pidak dening para ingkang sami dugi wonten ing
peken kasebat.
7. Kyai Prana Alus (KPA)
Cariyos KPA (ing Boyolali) menika ngemu piwucal prekawis-prekawis
ingkang gegayutan kaliyan wigatosipun ngopeni lan nglestarekaken wit-witan
minangka saperangan saking alam lingkungan pagesangan. Saking cariyos
menika ugi saged kapendhet hikmahipun sesambetan kaliyan prekawis tetanen,
inggih menika kadospundi anggenipun ngupakara lan ngolah lahan tetanen
kanthi sae. Kanthi mekaten, folklor KPA mratelakaken wontenipun etika
lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen.
Kajawi menika, cariyos kasebat ugi ngandhut piwucal babagan “penghijauan”.
Program penghijauan kalawau kasengkuyung dening wontenipun proyek
panggulawenthahing wana (pemeliharaan hutan buatan) ing masarakat lan
kathahing bendungan (wadhuk kangge irigasi tetanen).
8. Kyai Langgeng (KL)
12
Gegayutanipun kaliyan babagan etika lingkungan pagesangan, folklor KL (ing
Magelang) mratelakaken wigatosipun “penghijauan”, karesikan, lan
kasarasaning lingkungan. Etika lingkungan pagesangan ingkang kinandhut ing
folklor KL kalawau ngantos samenika taksih dipunleluri dening
masarakatipun. Malah-malah budaya resik lan kasarasan lingkungan menika
sampun tumanem lan dados pakulinan sae ing masarakat. Kajawi menika,
babagan “penghijauan” ugi pikantuk kawigatosan mirunggan dening
masarakat, kacihna kanthi dipungrengsengaken “tanem-taneman langka”
ingkang winastan “Taman Kyai Langgeng”.
9. Guwa Jatijajar (GJ)
Folklor GJ (ing Kebumen) ngemutaken bilih lingkungan alam ingkang
satimbang ing antawisipun tetaneman (wit-witan) lan wontenipun sato kewan
badhe saged nglanggengaken lestarining lingkungan pagesangan. Pakulinan
nanem wit-witan kangge ngenget-enget kedadosan ingkang sampun kapengker
mujudaken pakulinan ingkang sae. Kanthi makaten wonten pangajeng-ajeng
sageda nuwuhaken mupangat tumrap siti ingkang sakalangkung subur, nyegah
erosi, risaking siti, sarta saged nglestarekaken sarupining wit-witan. Wit-witan
menika dados “paru-paruning jagad” kangge kasarasanipun umat manungsa
lan lingkungan. Wit-witan badhe milujengaken umat manungsa saking “polusi
udara” ingkang mbebayani sanget. Nenanem wit jatos kalih uwit ing cariyos
GJ kasebat minangka tuladha ingkang sae sanget.
10. Mulabukanipun Dhusun lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)
Lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan sumbering toya katingal
saking anggenipun ngrimat Sumur Amba ing Dhusun Seborokrapyak
(Purworejo). Toya kalawau ageng sanget gina paedahipun tumraping bebrayan
Dhusun Seborokrapyak lan sakiwa-tengenipun, langkung-langkung wonten
ing musim ketiga ingkang panjang.
Kajawi menika, ugi taksih wonten kalih sumur ing dhusun Banyuurip, inggih
menika Sumur Beji lan Sumur Tinatah minagka sumbering toya. Miturut
pratelanipun narasumber ing dhusun kalawau, kalih sumur kasebat boten nate
asat/garing sinaosa ing salebeting musim ketiga. Kanthi makaten, toya sumur
13
kalawau saged dipunmupangataken kangge nyekapi kabetahaning gesang,
kadosta toya kangge ngunjuk, olah-olah (masak), lss.
F. PANUTUP
Adhedhasar andharan ingkang sampun kaaturaken ing nginggil, saged
kapendhet dudutan makaten.
1. Folklor minangka peranganing kabudaayan kasunyatanipun ngemot ajining
etika lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan:
a. toya,
b. tetanen (kalebet tetedhan),
c. penghijauan (kalebet pambudidaya amrih lestarining wana),
d. kasarasan lan karesikaning lingkungan,
e. religi lan kapitadosaning masarakat.
2. Prekawis-prekawis kalawau mujudaken perangan ingkang menjila ingkang
kapanggihaken ing folklor, mliginipun folklor ing wilayah eks-
Karesidenan Surakarta lan Kedu.
Tangkep (sikap), wawasan, gagasan, lan gambaran (citra) masarakat
bebrayan Jawi, mliginipun Jawi Tengah, tumraping etika lingkungan
pagesangan ingkang dipuncariyosaken ing folklor menika positip sanget.
Tegesipun, sinaosa kawontenan sosial lan budayanipun masarakat menika
asipat dinamis, ananging taksih tetep sae tanggapanipun ngengingi aspek
ekologis (aspek etika lingkungan pagesangan ingkang pinanggih ing
folklor). Ewasemanten, minangka cathetan bilih kanggenipun saperangan
generasi mudha sampun radi kirang mangertos sawetahipun dhateng aspek-
aspek ekologis ing folklor. Prekawis menika prelu pikantuk kawigatosan
mirunggan dening para sesepuh lan kita sadaya (bebrayan Jawi) supados
tansah siyaga ningkataken kawaspadaning lingkungan alam sawegung.
Adhedhasar dudutan ing nginggil, panyerat atur pamrayogi (rekomendasi)
bilih etika lingkungan ingkang kamot ing folklor menika mujudaken prekawis
ingkang wigatos sanget lan prelu pikantuk kawigatosaning bebadan-bebadan
ingkang ginayut, kadosta Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik
Indonesia, pihak Jarahnitra ing Provinsi Jawi Tengah, Jawi Wetan, lan DIY,
sarta pihak pengelola lingkungan hidup.
14
KAPUSTAKAN
Abrams, MH. 1981. A Glossary of Literary Terms. Canada: United
States of America.
Bascom, R. William. 1965. “Four Function of Folklore” dalam The
Study of Folklore. University of California at Berkly: Prentice-Hall.
Bintarto. 1984. “Dasar-dasar Analisis Dampak Lingkungan” dalam
Ekologi Manusia. Yogyakarta: Pusat Penelitian dan Studi Lingkungan
Universitas Gadjah Mada.
Brunvand, Jan Harold. 1968. The Study of American Folklore: an
Introduction. New York: Norton & Co Inc.
Danandjaja, James. 1970. Penuntun Cara Pengumpulan Folklor bagi
Pengarsipan. Jakarta: Universitas Indonesia.
Danandjaja, James. 1986. Folklor Indonesia: Ilmu Gosip, Dongeng, dan
lain-lain. Jakarta: Grafitipers.
Frans Magnis-Suseno, dkk. 1993. Etika Sosial. Jakarta: Gramedia.
Haviland, William A. 2009. Antropologi (Jilid I). (Alih Bahasa R.G.
Soekadijo). Jakarta: Erlangga.
Kosalah Soebagyo Tour. 2011. Parikan Pantun Jawa Puisi Abadi.
Jakarta: Feliz Books.
Moeis, Diana. 1988. “Penelitian Folklor” dalam Mahmud K. Usman,
dkk. (ed). Nuansa-nuansa Pelangi Budaya. Bandung: Universitas
Padjadjaran.
Radjiman. 2000. Konsep Petangan Jawa. Surakarta: Yayasan Pustaka
Cakra.
Rajagopalachari, C. 2010. Mahabharata dan Ramayana (Penerjemah
Yudhi Murtanto). Yogyakarta: Penerbit IRCiSoD.
Resosoedarmo, Soedjiran, dkk. 1985. Pengantar Ekologi. Jakarta:
Fakultas Pascasarjana IKIP Jakarta Bekerjasama dengan Badan
Koordinasi Keluarga Berencana Nasional.
Sholeh Dasuki, Sumarlam, dan Paina. 1996. “Penelitian Peranan Folklor
terhadap Etika Lingkungan Hidup (Studi Kasus di Jawa Tengah Bagian
Selatan)”. Kerjasama antara Badan Perencanaan Pembangunan Daerah
Tingkat I Jawa Tengah dengan Fakultas Sastra Universitas Sebelas
Maret Surakarta.
15
Soemarwoto, Otto. 1988. “Pengelolaan Manfaat dan Risiko
Lingkungan”. Bandung: Lembaga Ekologi Universitas Padjadjaran.
Sudi Yatmana. 2010. Geguritan Alam Sawegung (Puisi-puisi Alam
Semesta). Yogyakarta: Elmatera Publishing.
Sudjiman, Panuti. 2009. Kamus Istilah Sastra. Jakarta: Gramedia.
LAMPIRAN
1. Dumadosipun Kutha Sala (DKS)
Kanjeng Sinuhun Paku Buwono II kepareng ngersakaken mindhahaken
kraton. Kanjeng Sinuhun nuli ngutus para kadang pados panggenan
ingkang cocok kangge adeging praja. Para kadang manggihaken tigang
panggenan, inggih menika tlatah Kadipala, Sala, lan tlatah Sanasewu.
Sinuwun lajeng ngutus salah satunggaling nujum asma R.Tumenggung
Honggowongso supados semedi kanthi ancas panyuwunan manggihaken
papan ingkang trep kagem adeging kraton. Sasampunipun sawetawis
semedi sang ahli nujum enggal caos atur dhumateng sinuwun.
Saking tigang panggenan kalawau nggadhahi tandha piyambak-
piyambak. Kadipala (kompleks Sriwedari) sitinipun sae nanging kirang
pas menawi kagem punjering pamarentahan. Sala sajakipun ingkang
paling trep senajan ugi wonten wewaleripun. Dene dhaerah Sanasewu
nedahaken kirang strategis menawi kangge pamarentahan raja.
Sasampunipun katetepaken Sala dados ibu kota, masarakat dalah para
sentana enggal-enggal sengkut gumregut nyambut damel kanthi raos
suka lan eklas, satemah pedamelan saged purna. Upacara pindahipun
pamarintahan enggal katindakaken kanthi kapurwakan nanem wit ringin
cacah sekawan asal saking tlatah Kartosuro, alun-alun ler, lan kidul. Sala
ingkang sakmenika katelah Surakarta Hadiningrat.
2. Sri Mulih (SM)
Sri Mulih mujudaken cariyos saking Tanah Jawi. Sri kapitados minangka
lambang tokoh kemakmuran, kesuburan, lan kesejahteraaning nagari.
Wonten pewayangan, Sri menika dados dewaning rejeki. Kacariyosaken
negari pundi kemawon ingkang karawuhan Dewi Sri mesthi dados subur,
16
makmur, ayem, lan tentrem. Lakon Sri Mulih biasanipun kababar nalika
wonten salah satunggaling dhusun ingkang nembe ngalami musibah
paceklik, tetedhan awis. Kanthi nggelar lakon menika kaajab paceklik
enggal purna.
Cariyos Sri Mulih nggambaraken nalika nagari Amarta, Astina, Wirata
nembe kataman paceklik, tanem tuwuh sami gabug, toya jawah boten
wonten, bumi sami nela-nela. Musim paceklik menika saged kedadosan
awit Bathari Dewi Sri dipuncolong dening Prabu Sukonandi saking
nagari Cempadiraja. Mesthi kemawon gandheng wonten Dewi Sri
wonten nagari Cempala kalawau, nagari kasebat dados subur makmur.
Boten namung cekap semanten, Prabu Sukonandi sanget kepranan
kaliyan Dewi Sri. Dewi Sri badhe kagarwa. Dewi Sri kersa kagarwa
menawi dipunmaru kaliyan Warasembadra garwanipun Raden Arjuna.
Pikajenganipun Prabu Sukonandi ingkang nerak wewaler menika
nuwuhaken peperangan ageng. Peperangan saged lerem sesarengan
kaliyan miyosipun Ki Lurah Bodronoyo (Semar) ingkang pinitados
dados paraga pendamai.
3. Dewi Menur Seta (DMS)
Cariyos menika kawiwitan saking lairipun Dewi Menur Seta ingkang
lajeng dipuntilar ibunipun amargi seda. Dewi nuli dipun openi ibu
kuwalon ingkang degsiya, iri, lan srei. Ibu kuwalonipun Dewi boten
purun ngawon ing babagan kasulistyaning rupi. Piyambakipun kepengin
nyirnakaken Dewi Menur Seta kanthi cara lan rekadaya maneka warna.
Ananging Dewi menur saged kalis ing bebaya awit pitulunganipun sang
pangeran.
Wonten wucalan sae ingkang saged kapethik saking cariyos Dewi Menur
Seta menika ingkang magepokan kaliyan lingkungan inggih menika
Dewi menur Seta ngemutaken dhumateng para kurcaci kanca-
kancanipun amrih boten negor wit-witan ing sadhengah papan awit
saged jalari dumadosipun banjir bandhang.
4. Tlaga Winong (TW)
Tlaga Winong manggen ing Dhusun Melikan, Kalurahan Gedong,
Kecamatan Pracimantoro. Tlaga Winong sanes tlaga alam nanging tlaga
17
damelan tiyang. Dening Eyang Surotiyo sakanca, taun 40-an Tlaga
Winong kadamel. Tlaga Winong kadamel amargi tlatah Winong
kekirangan toya. Tlaga menika boten asat ngantos samenika. Miturut
kapitadosan tlaga menika sakawit kaisi saking tlaga cacah pitu ing
sakiwa tengenipun wilayah Wonogiri.
5. Wit Sekanem (WS)
Sekanem saking kalih tembung, inggih menika saka lan enem. Wit
sekanem inggih menika wit jatos ingkang dipun agem saka wonten ing
mesjid Demak. Miturut riwayat wit jatos sekanem menika tuwuh wonten
ing Kalurahan Gedong, Pracimantoro, Wonogiri. Nalika badhe adeging
mesjid Demak, Syeh Belabelu, Syeh Bongkang-bongkin, lan Sunan
Kalijaga sesarengan pados kajeng ingkang sae, ingkang pantes kangge
saka mesjid. Kanthi laku tirakat, wusananipun penjenenganipun tetiga
saged manggihaken kajeng menika.
Syeh Belabelu lan Syeh Bongkang-bongkin manggihaken kajeng
wonten Gedong, dene Sunan Kalijaga namung saged ngempalaken
sempalan-sempalan kajeng kalawau. Kanthi kasektenipun, sempalan-
sempalan kalawau cinipta dados saka. Kanthi cariyos menika ngantos
samenika tirahan-tirahan kajeng ingkang taksih dipunkeramataken.
6. Peken Tambak ing Dhusun Sribit (PTDS)
Rikala semanten wonten pangeran saking Sala asmanipun Pangeran
Girinata (Eyang Giri) lan kulawarganipun nitih prahu mandhap ing
Peken Tambak. Wonten papan ngriku kalawau salajengipun dening
masarakat kawastanan “Peken Tambak”.
Ngantos samenika, Peken Tambak tansah rame. Saben malem Jumuah
Wage menapa malih ngepasi 1 Suro (wolung tahun sepisan) peken
kasebat rame sanget. Peken Tambak dipundadosaken papan
panyuwunan kangge para warga masarakat supados wilujeng,
daganganipun laris. Saratipun panyuwunan kakabulaken, tiyang menika
kedah tumbas oleh-oleh saking peken kalawau ingkang ngepasi
panyuwunanipun. Kanthi ramenipun tiyang ingkang sami rawuh
ngasilaken pamedal (income) ing Dhaerah Demak samsaya ageng.
18
7. Kyai Prana Alus (KPA)
Ing dhaeah Simo, pasipun ing Dhusun Walen (samenika kasebut Walen-
Simo) wonten kyai sekti asmanipun Kyai Prana Alus (wonten ingkang
nyebat Kyai Singa Prana Alus). Sanadyan Kyai wau sekti, ananging
boten umuk. Kyai menika unggah-ungguhipun sae sanget, remen
tetulung dhumateng tiyang sanes ingkang nandhang kasisahan.
Sawijining dinten, Kyai Prana Alus tindak-tindak sinambi mirsani
taneman pantun ing sabinipun. Panjenenganipun mirsani petani ingkang
bekta uwos. Petani kalawau katingal kaweratan anggenipun bekta uwos.
Kyai badhe suka tetulung, ananging petani kalawau boten purun nampi
pitulunganipun Kyai, jalaran boten rumaos kaweratan awit namung
bekta uwos. Sasampunipun dumugi griya petani kalawau bikak barang
ingkang dipunbekta, petani rumaos kaget amargi uwos ingkang
dipunbekta kalawau malih dados pasir. Lajeng petani sowan dhateng
Kyai Prana Alus lan nyuwun pangapunten.
Kesaenan lan kasaktian Kyai Prana Alus saya dangu saya misuwur ing
dhaerah sanesipun. Kapinteranipun ing babagan olah tetanen
dipunwucalaken dhumateng masarakat. Masarakatipun dados remen
kaliyan Kyai Prana Alus, satemah kathah ingkang ngudi kawruh
dhumateng Kyai Prana Alus. Lajeng Kyai Prana Alus seda
dipunmakamaken ing Gunung Tugel (samenika kawastanan Dhusun
Nglembu). Makam kalawau ngantos samenika dipunrimat kanthi sae,
ngantos samenika makamipun kangge ziarah dening tiyang kathah.
8. Kyai Langgeng (KL)
Kyai Langgeng mujudaken cariyos sejarah tetilaranipun Pangeran
Diponegoro ing Magelang. Pangeran Diponegoro kagungan dalem lan
papan nalika panjenenganipun ketangkep. Gedung menika
dipundadosaken museum.
Pangeran Diponegoro nggadhahi prajurit lan senapati, ing antawisipun
inggih menika Kyai Langgeng, Kyai Singobarong, Kyai Tunggul
Wulung, Kyai Purbaya Kuning, Wirogongso, lsp. Taun 1825 Pangeran
Diponegoro mentar saking Kasultanan Mataram. Panjenenganipun boten
rila mirsani Walandi ingkang tumindakipun sewenang-wenang
dhumateng rakyat Tegal Rejo, tumunten Pangeran Diponegoro tumuju
19
dhateng Selarong kangge nggiyaraken peperangan mengsah Walandi
ingkang kabiyantu dening rakyat Magelang ingkang dipunpandhegani
“prajurit sandi”. Prajurit kalawau suka piwucal patuladhan sae kangge
masarakat, utaminipun gegayutan kaliyan babagan patedhan, ubarampe,
lan strategi perang gerilya, saha caranipun olah tetanen, lan
mupangatipun wit-witan tumraping perang gerilya. Anggenipun perang
mengsah Walandi kabiyantu dening “prajurit sandi”. Prajurit sandi
kalawau kasebut Kyai Langgeng, amargi labuh-labetipun ingkang
langgeng. Prajurit sandi seda dipunmakamaken ing Mudal dhaerah
perjuangan.
9. Guwa Jatijajar (GJ)
Prabu Siliwangi menika Raja Padjajaran, kagungan putra nama
Banyaktantra. Sang Raja ngersakaken putranipun nggantosaken
kalenggahan ramanipun dados Raja Padjadjaran. Banyaktantra dereng
kathah kawruhipun dados raja, ugi dereng gadhah permaisuri.
Banyaktantra nyamar dados rakyat biasa kanthi rasukan ingkang prasaja
kanthi nama Raden Kamandaka, dumugi ing Kadipaten Pasir Luhur
(Jateng) pinanggih kaliyan Patih Wreksonata ingkang sampun sepuh lan
boten kagungan putra, lajeng Raden Kamandaka dipundadosaken
putranipun. Raden Kamandaka tepang kaliyan Dewi Ciptarasa lajeng
tumindak kirang sae ngantos dipuntangkep, nanging Raden Kamandaka
lolos lan mlajar dumugi guwa, lajeng semedi, pikathuk wangsit badhe
saged kaleksanan jejodhoan kaliyan Dewi Ciptarasa menawi saged bekta
rasukanipun Lutung. Raden Kamandaka nyamar dados Lutung lan
gesang ing wana Batul Agung. Kulawarga Dewi Ciptarasa mbebedhag
ing wana lajeng kasil nangkep Lutung lan dipunopeni kanthi sae, lan ing
tembenipun badhe njilma malih dados Raden Banyaktantra (Raden
Kamandaka).
Rayinipun Raden Kamandaka namanipun Silih Warni dipunutus
ramanipun madosi kangmasipun, lajeng tepang kaliyan Raden
Kamandaka lajeng perang. Wusananipun kakang adhi menika sami
tepang lan anggenipun nyamar Banyaktantra kamanungsan.
Kedadosanipun ing ngajeng guwa. Minangka pepenget kekalihipun
lajeng nanem wit jatos cacah kalih ing sakiwa-tengenipun guwa. Guwa
20
kalawau winastan Guwa Jati Jajar, mapanipun ing wilayah Kecamatan
Ayah, Kabupaten Kebumen, Jawi Tengah.
10. Mulabukanipun Dhusun Lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)
Wonten kyai asmanipun Kyai Gusti (nama aslinipun Pangeran Diporejo).
Kyai Gusti asal saking Majapait lajeng pindhah lan magrok ing Dhukuh
Seborokrapyak. Nalika pindhah Kyai dipundhereki Mbah Surawijaya,
Mbah Surapiyoga, lan Mbah Suradiwirya. Kyai lan pandherekipun
mbangun Masjid Seboro krapyak, nanging masarakat nganggep mesjid
menika mesjid “tiban” amargi masarakat boten mangertos sinten lan kala
menapa dipunbangun. Rumiyinipun, mesjid kalawau atapun sirap, amargi
risak dipungantos alang-alang. Saben wulan Sapar dening masarakat atap
kalawau dipungantos kanthi gotong-royong satemah saged nuwuhaken raos
guyub rukun antawisipun ulama lan masarakat.
Kinten-kinten 200 meter saking wetan masjid wonten sumur ingkang
namanipun “Sumur Amba”. Taun 1947 mesjid ingkang atapipun alang-
alang dipungantos gendheng. Prabeyanipun saking pambudidayanipun para
ulama, pemimpin, masarakat, lan departemen agama. Masjid kalawau
lajeng kasebat “Masjid Baitul Karomah” ingkang dipunresmekaken Bupati
Kepala Dhaerah Purworejo.
BIODATA PEMAKALAH
Nama : Prof. Dr. H. Sumarlam, M.S.
TTL : Klaten, 9 Maret 1962
Alamat : Jln. Sibela Barat No. 4 Mojosongo, Surakarta 57127
Instansi : Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra dan Seni
Rupa : Universitas Sebelas Maret Surakarta
Jln. Ir. Sutami 36 A Surakarta, 57126
Telepon/HP : (***************)
Alamat email : (***************)
Pendidikan : S1 : Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa UNS (1985)
S2 : Linguistik, UNPAD Bandung (1992)
S3 : Linguistik, UNPAD Bandung (2001)
Pekerjaan :
21
1. Dosen S1, S2, S3 UNS
2. Dosen S2 Pendidikan Bahasa UNWIDHA Klaten
3. Dosen FKIP UMS
Jabatan :
- Koordinator Minat Utama Pendidikan Bahasa danSastra Jawa, Program
Pascasarjana UNS
- Guru Besar FSSR UNS: 1 Januari 2011.
Organisasi Profesi : 1. Ketua Masyarakat Linguistik Indonesia Cabang
UNS
3. Anggota Masyarakat Linguistik Indonesia Pusat Jakarta
4. Karya Ilmiah : Buku: 16 Judul (di antaranya 6 buku ajar BJ SD/MI
dan 3 buku ajar BJ SMP/MTs., serta Teori dan Praktik Analisis Wacana).
5. Makalah dalam Seminar Nasional Artikel di Jurnal Ilmiah Terakreditasi
Penghargaan :
1. Dosen Berprestasi UNS (Rektor UNS, 2006)
2. Indonesia Sampoerna Best Lecturer (PT HM.Sampoerna, 2007)
3. Satyalancana Karya Satya 20 Th. (Presiden RI, 2007)