nonton ronggeng
DESCRIPTION
ini adalah karya dari bapak wanto tirto asli orang ajibarang (BANYUMAS) ditulis dengan bahasa banyumasanTRANSCRIPT
Warto Tirta:
1
NONTON RONGGENG
klung klang klung nabuh calung
ana ronggheng munggah panggung
ngibing egat-egot sing nonton rubung
thiar their gelung bunder mambu seger bakul balon mider-mider
kenthang kenthung blampak kumpak
tangan ronggeng ngikel pinjung mbukak gunung mbukak ngablak-ngablak
wong sing nonton tambah surak
tukang bancer munggah ngibing bukel mbleketaket
kemben mlongo duit maslup
slup tangane aslap uslup
ronggenge keri jingkat jingkut
ngop sengop pipine mlengos slendang sampur munggah mudhun
kembang mawar mubyar-mubyar
swara panggung tambah sumunar
ronggeng nembang karo gerongan
saur manuk olih tandhakan
kricik kimpyang kemricik duite ilang arep gendhakan wadone sumelang
blampak kumpak unine kendhang
swara sindhene kemlanthang nganti krungu ngawang-awang
njogede goyang-goyang
sing nonton tambah reang
tung tang tung tung
lawuh iwak sega jagung
nonton ronggeng krodhong sarung nyikep prawan arep dambung
ati-ati ngoyak weteng bisa mlendhung
rama rama njaluk apa
inyong ora njaluk klapa
njaluka duit kebek seslepa
wong alit ora duwe aplak eplek ora ongkek ora nyekek
ora ngodhe ora mangan
kricik kumricik kawula alit nasibe nggumblik
salah sethithik dipendhelik
pedagang kaki lima diorak arik padha mlayu krat karit ngodhe awan bengi turu brelak brelik
kepengin mulya kudu rekasa dhisit
kepengin makmur kudu sregep lembur
gelem kesel bisa isel
Warto Tirta:
2
blampak kumpak tebla teblo
sirah ronggeng gela gelo sing nontong pating pelolo
bujang-bujang padha jomblo
kepengin ngambung ora ilok
ser giser
ser
giser geole ingsar ingser
bokonge tambah their
tapih mlorod ngisor puser klinthar klinther pengen ngguyer
ronggeng ngibinge muter-muter
nyengop pipi keweruhan hansip
domeih mlayu muther nyabrang gili ketabrak sekuter
tiba njengkelit
nangis banger ditulungi tukang siter
diobati bapak dokter
plak kedumplak dumblang
nonton ronggeng kambi begadang
nginum anggur nggo gemagusan
kurang marem nginum ciu sisan bareng mlaku gentayangan
iseng-iseng nggolet prawan
niate arep nggo jawilan bareng nemu randha anyaran
mangsan atis nggo kringkelan
engklung engklak engklung eblung
ronggeng ngibing sing nonton rubung penayagane nabuh calung
swarane kepenak retung
Kracak, 3 November 2004
Nonton Ronggeng geguritan “terbaik” dalam lomba menulis geguritan bahasa Banyumasan Hut PGRI tahun 2004 Kabupaten Banyumas
Warto Tirta:
3
ALUN ALUN PURWAKERTA
wringin ribyong madheg dhuwur
thiar thiur katon subur
manuk blengok manuk kuntul
sliwar sliwer blebar bleber padha mabur mider mider ngubengi alun-alun
ora keder ora bingung
sempyak sempyur mabur dhuwur menclok gendhen kabupaten
nyucuk tuma ndara siten
olih amplop aja iren wong nasib wong wis kapesthen
mulane ana rejeki aja padha bithen
manuk blengok manuk kuntul menclok wringin thingak thinguk
ndeleng ngisor mandan sumpeg
anggota dhewan padha usreg rapat-rapat pegawean seabreg
pog ging pog sing degolet amplop
bupati kudu sing ati-ati
nyambut gawe nggo ngabekti
najan ora sethithik sing othak athik
reka-reka nggo golet dhuit salam tempel amplop ndempel
mata mlirik proyeke ngunthit
lah dalah wong gedhe rejekine akeh
wong cilik rejekine sethithik
dulat dulit ora olih
njagong dingkik angklik-angklik salah sethithik bakal diculik
nasibe de-ancam wolak walik
manuk blengok manuk kuntul
mabur dhuwur menclok masjid agung
nyucuk kubah terus temungkul
urip kuwe aja ndhangar
eling gusti allah sing maha kuwasa
Kracak, 5 November 2004
Warto Tirta:
4
JENDRAL SOEDIRMAN
angine crita urung rampung
getih mlarah-mlarah
ngombar ati padha gerah
majau mlaku masnag tadhah wong ewon sing padha takon
sapa jane
swara watuk ngukruk satengahe alas adoh kana adoh kene
ora sangu bandha ora sangu dhuit
amung dhadha ora tedheng aling-aling
hawa adem anyeb remesep
udan deres awak bengkeres
swara watuk tengah wengi ora patia genah larahe
nggugah tangi wong turu lali
ana jubah kenang barat klebat klebet ambune wangi ngiteri bumi
wong ewon sing padha takon
sapa jane priyayi desa sing luhur budine gede tekade sundhul langit tekane
ora gemedhe tindhak tandhuke
pangandiane alon nanging emas isine
neng dadane ana gendera abang putih urube madhangi jagat
swara watuk tengah wengi gemluthuk kaya gunung mledhug
udan deres kayon pating penthiur
tekan komandho dejunjung dhuwur
gerah paru ora ngurangi tekad madhep mantep tetep madeg
tlasap tlusup milangi desa
ora ana bedhil apa mortil sing bisa ngalahna wutahing getih sukma
kejaba pati saking illahi
gusti !
Kracak, 10 November 2004
Warto Tirta:
5
WONG DESA
esuk uprut-uprut jenggelek tangi ucek-ucek
mbuang ketep ngelap iler
byar padhang srengengene esih remyeng
jago kluruk kukuruyuk wong desa inyong mulai umnyeng
adzan subuh nggelonglong nggugah wong turu nglenther
sing lanag bebedan sarung
sing wadon nganggo rukuh mangkat mesjid ndepa sujud
maring gusti kang maha agung
kanggo dhasar mangkat ngodhe
kawula alit nggolet dhuit
byar gebyar srengengene mubyar
kembang kelapa manggar nyebar selatar wong dhagang mangkat pasar
sing tani mangkat sawah
nggulawenthah ngulah lemah bocah-bocah mangkat sekolah
rewangi umbah-umbah
karyawan tindhak kantor
kaum kodhen mangkat buruh
panas nggemplang udan gemerot bledheg ngampar
tetep sengkud oleh pahal ngempani anak bojo sekandhang benthang
adus kringet nginum belet
mung nggolet sekilo asin nganti ulet
ora umuk ora muluk
ana padhang nggolet pangan
ana wengi turu lali ngepi anak ngepi bojo saben wengi
ora bosen bojo sisi tamat mati
gemati ati-ati
nastiti ti
Kracak, 5 bNovember 2004
Warto Tirta:
6
KEMUTAN JAMAN SEMANA
inyong ora bakal lali
senajan lunga maring luar negeri
biyung sing ngandhut wetengan nganti lair
ngrumat kawit bayi nganti gedhe saiki ora bisa ketung cacah kebecikane
inyon kemutan dong esih cilik esuk uprut beruruten
biyung inyong tangi sholat subuh banjur monggeni
nggodong banyu karo dandanfg panci liwet genen suluh klari
pawon ngebul pedangan ublek
mbukak sumbul medang clebek
nylekamin banget
esuk penther lunga kali nggawa ember
adus nyebur kambi masuh klambi kususukan untu karao awu
rampung bali manggul watu
degeceli kanggo thekthek gawe pondhasi
inyong kemutan angger mangsan udan
wuda klambi oyos-oyosan jonjang playon cipret-cipretan
uruk-uruk udan gedhe ana banyak ana lele
lelene mlebu mbale
kepaiten mele-mele
ricik-rici udan grimis
wong ngluthis wateke thukmis
inyong kemutan angger mangsan terang
biyung met bangkang inyong tunggu mijahan
mara kali iwak nggo rebahan inyong repek biyung ngluban
madhang lawuh gesek
sambel tlenjeng nggo cowelan
mbenem budin mempur nggo jaburan padhang wulan jublegan neng risban
bapane udud rokok kelmbak menyan
biyung nginang susuran mbako dleweran
urung akeh sing duwe tivi utawa radhio
urung padha sekolah esih akeh sing bodho nanging wong desa ora gelem delombo
weruh dhuit matane ora ijo
Desa kutha sing digayuh urip mulya
10112004
Warto Tirta:
7
MBOKE
Mboke, mboke wetu ngetung dina
krasa lara sampean lunga
medhot brayan alam dunya
najan urip urung sepira gusti pinasthi titah
Mboke, mboke dunya brana numpak bandha ora miguna
amung mori saukuran awak
sandhang pangan sepirang-pirang ora degawa mlebu luang
amung ilmu sing manfaat
amal sholeh putra-putri sing ngabekti
Mboke, mboke
susahing ati ora kokur
madhang ora enak brelak-brelik ora bisa turu
awek lemes balung kelulur
ngewangwung awang uwung kelangan tresnamu pedhot umur
nglangut
Mboke, mboke seingsor kembang kamboja dikubur
inyong tetep kemutan ora kena kelipur
bojo laki bisa nggolet maning biyung siji ora bisa diganti
tekan pedhot pesthi
Mboke, mboke lamun inyong nglongok senthong
mbukak klambu amben kasang mlompong
rasa getun ora bisa omong kemutan nuli kebecikan
dadi segara
wadahing anak putu sebrayat kandhang benteng
Mboke, mboke
urung akeh anggone inyong bekti
nanging sampeyan mung semana tinitah gusti mula inyong nelangsa mrebes mili nggemrot nangis
luh kali banyu mili
sesuwen-suwen ora mari-mari jalaran biyung siji sing tek ati-ati
pepundhen uger-uger pusering bekti
duih gusti murbeng dumadi
muga swargi kang tinampi
Mboke, mboke
25022004
Warto Tirta:
8
KASMARAN
panas nggemplang
atine grungsang ora pengin mangan
merem ora turu
melek ora ogleg ditakoni ora krungu
mesem guyu laya-luyu
kelayu-layu kemutan wong ayu ati kangen kepengin ketemu
pringas pringis kemutan sing ireng manis
dipacul kena lemahe
disusul adoh omahe
rep ora asrep pikiran usrek teng ora peteng lamun liyap-liyep
sedhela bae ora ngliyep
suweng ireng digadhekena
wis kadung seneng dikapakena
ilang ileng langit peteng
ati umyeng ndhas gemleyeng
mripat ndeleng thilang-thileng
polah tingkah tengang tengeng
tepes teles kudanan sore
awak lemes kedanan kowe
nganah ngeneh rongah rongeh
gering aking kemutan batin
emoh ginggang karo putri pilihan ati mesti kemutan awan bengi
06112004
Warto Tirta:
9
NGENTENI BABARAN
ati nglangut nyawang pedhut
ilat pait cangkem udud
kemutan bojo inyong sing lagi ngandhut
sangang wulan wis nang wetengan jabang bayi enat enut kapan babaran
turu ora lali awak nggreges kringet dleweran ngadeg ora jejeg
njagong anggang onggong
jantung dheg-dheg pyar barat gedhe ngamuk gunung
peteng dhedhet asem kecut
ora bisa sambat warah bundhet
njing gonjang ganjing bumi monyang manying bleg ubleg- ubleg atine tambah sulek
irung bumpet ora pilek
nunggu wetengan bojo inyong ngereng-ngereng
grusah grusuh kamitenggengen
weteng anyel nguyel-nyel nganti ambekane kamisesegen
duh gusti alloh sing maha welas
bojo inyong babaran paraingana jabang bayi lair gangsar
aja nganti ana godha rubeda
gagiyan babaran jabang bayi metu glogok soar
byar
goar-goar
ea ea ea ea
31032004
Warto Tirta:
10
NRAWANG
njagong risban bale umah
medang kopi lawuh mendhoan
bungah ati mring illahi
urip kuwe mung ngabekti
nrawang
ndeleng endahing bumi lemah subur tanduran padha semi
rejeki mbanyu mili
bocah ngaji padha nuli lanang wadon padha guyub rukun nyawiji
angon bebek angon meri mlaku ndilir pinggir gili
wong nyambut gawe macul sawah tanduri pari
dhampyak-dhamyak edi peni latar umah lenang lening
palawija neng pekarangan dhiopeni
sugih bandha sugih rejeki nyenengi ati
neng desa gotong royong esih krasa guyub rukun kanggo mangun Negara
gethok tular informasi
sambung rasa ular-ular sadesa sambung tresna sapadha-padha
jan !
07072004
Warto Tirta:
11
NYAWAH
Kakang tani ngubek belet
Dina wengi nggulawenthah
Nyebar winih ning gulahan
Sawah diwluku lan digaru dadi leleran Nunggu wektu sawise labuhan
Banyu mili turut wangan Adil ngadhang tekan neng tulakan
Ndaut winih debenjar-benjar sekothakan Nuli tandur mlakune mundur
Jejer rapi katon akur
Wong tani padha syukur
Ngrumat sawah nganti subur Besuk panen bakal makmur
Gabah vdepe mlarah-mlarah Lumbung kebek atine bungah
13032004
Warto Tirta:
12
“GURU”
wingi setu siki minggu
bocah sekolah ora mlebu
murid piket ora nyapu
wong tua ora aweh sangu
dadi guru kudu sabar lan tawadhu
ngilmu dhasar ngilmu luhur kanti wilaku lunga abab kanggo sebab
ana sebab dadi bab
suruh sangu weneh sangu obor padhang kanggo sangu
guru
glugu turu nggo powotan sapa lewat ora kangelan
aja gamam aja kesusu
ngadeg jejeg ana ela-elu barang becik aja keliru
barang ala empakena betharakala
sangu ilmu kon uripe ora kenang bendu
kolang kaling sabrang wetan
eling tineling aja rebutan mbok dipangan mbrekayangan
mengko malah ora keduman
kukuruyuk jago kluruk bapak guru manthuk-manthuk
esuk-esuk mangan ondol karo gethuk
usap bathuk aja dithuthuk
jaman siki wis ora mathuk mulang muruk kudu nganggo ilmu
guru minggu prei ora mlebu
ngomong saru ora perlu
becik ilmu lumrah laku salah sepethit sepenthung alu
jeg lajer ginejer sumber kawruh uger
sejejer ngelmu linuwih ning sumber
kudune
25112004
Warto Tirta:
13
SLAMETAN MIMITI PARI
mlaku-mlaku terut galengan
pinggir sawah kadhang tani padha sumringah
deleng pari kuning byah ngablak-ngablak
riwe janur kuning lajer gawaran walang mabur slebar-sleber
manuk emprit cruwat-cruwit
satengahing ombak dami kasepu barat rempyak liur-liur karias godongan kembang
pratandha gebyar ngumbar swara kanggo kabar
wektu mimiti tumiba
e dayohe teka
e gelarna klasa
gawe slametan ngaturi tangga saubenging umah
adat sowan mring dhewi sri sing nuruni lan nguri-nguri pari
sumrambah makmur kadhang tani sujud pertiwi lemah subur detanduri
caos sajen kanggo ngabekti
roh leluhur wis padha mati sing kerumat apa dene sing keliwat
sing kerapuan apa sing kesingsal
sedulur papat lima pancer
bubur abang bubur putih wedang clebek wedang bening
dawegan wis cemawis
rokok linting klembak menyan kupat lepet ngepung tumpeng
madhep mantep sidheku mlempeng
lebe teka urun donga
kanggo syarat niat khajat
neng pedengan ngecor wedang
swara piring gelas pating kemlunthang arep kanggo nyuguh kadhang
sing tahlilan khusu pisan
rasa syukur tanduran pari wis twua
ngesuk awan padha panen
dhadha antep
ati asrep syukur rumesep
mangseg seg
Kracak, 07072005
Warto Tirta:
14
ANI-ANI
panas nggemplang ora dadi alangan
awak ireng thungtheng nggalur seneng bungah manah
gubug tengah sawah anakseni kringet ndlewer ati bungah
walang mabur pating sleber cowat cowet cicit cuit
gabah kumpul dadi dhuit
lumbung kebek nabung disit
bocah-bocah dolanane dromelan
tuturutu oe oe tuturutu oe oe
melu seneng melu bugah
ani-ani wis deasah mangkat sawah melu gepyok
nganggo tudhung gawa kandhi sangu wedang
nyangking wakul mikul tumbu
gepyok pari gelar kandhi
01032006
Warto Tirta:
15
DERES
wong desa iyong esuk mruput esih pedhut
padha gumregah mangkat ngodhe
kathok klor sandhal bodol mikul pongkor
kaos oblong nyangklong arit rewah rewoh kaput embun
urung mangan aplak-eplek
weteng suwung esih kelet sarap wedang secangkir
kango dhasar menek klapa dhuwur
pating pethiur sundul mega lunyu banyu plarad plorod ati kelad kelod
mapah blukang kanggo thingkrang
bledeg ngampar ora dadi soal
kalipur memble luber badheg sepongkor udan deres awak bengkeres
emut anak bojo butuh mangan
golet dhuwit terut setetes manggar
padhang srengengene lagi abang
selot suwe akeh wng pasar gedhong wakul isi gula jawa
olih sepira tuku beras lan beceran
ati bungah tur sumringah
sing lanang deres sing lanang molah balik ngumah golet suluh ngindel badeg
gendis jawi regane murah sikil mrejih menek klapa
rejeki tukang deres ora obah
kesel lungkrah ora tambah
weneh dhuit juragan nakal rega manut kepotongan becik
ngurip beras lagi mangsan peceklik
endhas nggo sikil
jungkir walik presasat mata pating brelik
ndeleng branang mripat kunang-kunang wong kota jere kepenak
wong desa urip sepangan pangan
nggo bancikan para juragan
lemah sebathok mangan separan-separan umah gedheg pager tabag
unggul dina deres murih urip beres
dina wengi amung pasrah
nderes qur’an muji slamet
depa depepessujud sumarah gusti alloh sing tinitah paring berkah
01032006
Warto Tirta:
16
CURUG CIPENDHOK
adoa manjat temurun gunung
curug cipendhok degoleti wong plesiran
kiwa tengen tanduran ijo royo-royo
banyu curug tiba mabyur bening linmtring kaya kasaring saring
nomnoman plesir kanggo gendhakan senggal senggol cekikikan
ngmbar tingkah ngripta crita
nyawiji katresnan nyambi jagongan silir-silir godhong pines pating gumlewang
nembang asmarandana tekan awang-awang
duh kadhang sing lagi lumban manah
gawa sisir diarani sendhok
ayo plesir maring cipendhok
banyu curug bening lintring
tiba mancur gebyar gebyur
nyawang kaendahan alam padhang ning sisihan njagong karo luthikan
curug cipendhok karang tengah
atine mongkog tambah bungah
curug cipendhok banyune cilik
sinambi ndhodhok dulat dulit
undhak-undhakan manjat disit
lagi labuh aja balik
sing gendhaan tambah asik sing weruh aja brisik
sapa sira seneng dolan wong loroan apa dhewekan
sing gebedan karo gendhakan
tambah tresna wah remesep temenan
ali-ali ilang wrangkahe
aja lali karo kaendhahane ali-ali kliru nganggone
aja lali panggonane
ngambah sepisan urung marem
balik maning tambah kesengsem
bola-bali ora bakal lingsem edipeni sawangane
adhoh digoleti tur ngangeni
perek nyathek gawe greget
swarane adhem gawe manah tambah ayem
Warto Tirta:
17
curug cipendhok karang tengah
tengah curug banyune mlarah mlarah melu cilongok pancen wis genah
mayuh sedulur padhang plesir nganah
yu ayuh kakang mbekayu aja lali penghijoane wisata maju tandurane lemu
hawane seger alase subur
derumat lan derawat alam lestari
sawangan kabungahan anak putu
nyegah banjir lan bebaya
watu pating gludag ireng menges maes ilen
iwak mlempat pating pletik
manuk prenja pating cruit bancet mlumpat gunung
manjat murun ora etang etung
banget seneng kesengsem retung
31032006
Warto Tirta:
18
MESJID SAKA TUNGAL
nlusup gang pager kembang
liwat padhang tinulis sejarah
masjid saka tunggal mapan neng cikakak
pepundhen gusti para wali madeg suci dhawuh para kyai
pusaka umat nyawiji nggelar sajadah ndepa bumi
syahadat tain suci kumanthil
tasbih brilian ngetung tahlil
junjung dhuwur kon misuwur qur’an khadis decekeli para santri
aja owah rongah rangeh
sembah sujud maring illahi robbi duh pangeran urip mung sadulit
kanggo apa numpuk dunya bandha
luwih becik numpak ilmu lan ibadah kanggo sangu urip neng akherat
saka tunggal mesjid kuna jaman inyong urung ana akeh cerita luhur ulama
mathok sujarah aja nganti lengah
warisan suci aja dibubrah
inyong jaga inyong rumat tekan butul anak putu
27032006
Warto Tirta:
19
MONUMEN SOEDIRMAN
pinggir kali nadhah udan ngadhep gili
patung jendral Soedirman gawe ngeling eling
menawa laladan perang wis mari
ningane aja lali pegat mati berjuang mangul bedil urak ladi
bambu runcing nggugah ati
rakyat Indonesia cancut tali wonda bela kamardhikaane nagari
numpak jaran nukrak-nukrak rakyat semarak ora selak
kabeh saruju sapa sing njajal awak
mecah Indonesia bakal diklethak
mula ja wani kemlithak sepisan panginyongan denyek
bakal tek labrak
kulon kali wetan kali
tengah-tengah embang melathi
kari-kari aja lali berjuang ngurak ladi tekan mati
monumen jendral Soedirman
nyundhuk langit belah awang-awang kanggo sesawangan wong liwat
mengaku teges crita mringa anak putu sebrayat
angger laladan pahlawan pancen hebat sapa bae sing arep nyacad bakal kewalat
01032006
Warto Tirta:
20
BATURADEN
Saerenging gunung slamet sing madeg gedhe dhuwur
Kasimpen panggonan adhem
Gawe seneng sapa bae sing padha teka
Amriksani kaendhahan warna Kaubengi alas dadi nambah asri
Hawa asrep rumesep mring ati
Awak lungrah bisa seger Pikiran grungsang bisa ilang
Kalipur neng maneka warna tanduran
Kembang dampyak-dampyak pinggir dalan Silir hawa nelisik ngusap awak
Nambah renanging penggalih sing lagi sulek
Mlaku manjat temurun Buang kringet adus pancuran banyu anget
Awak seger kruma muther
Kausap zat belerang
Kulit bersih bali sehat
Manah semringah
Nyecep wengi dalan padhang
Gang sumebyar putri idaman hidung belang
Wedhone klawad kliwid lanange sliwar sliwer gang sadhar Marakna ora sadhar gawa impen kurag ajar
Nafsu kemanungsan tumplek blek
Ora eling ninggal kewajiban
Lampu neon gebyar gebyar
Ati inyong pyar kepyar
Kepengin njajal kayangapa olih pada lumban
Busyet !
Azan subuh kumandhang
Turu tangi gegian awan
Wong desa mangkat pahal Baturaden inyong sayang
Wisata alam sing nggo pendengan
Aja ngasi kenang cidra
Mung gara-gara nafsu murahan
Subhanalloh
01032006
Warto Tirta:
21
BANYUMAS
gunung slamet madeg jejeg kemul pedhut
simbol kawibawan wong Banyumas
sing sregep nyambut gawe
gemati marang sedulur gotong royong mangun desa
ceblaka pangandikane
jujur tindhak tandhuke ra tedheng aling aling dhadhane
andhap asor budhine
iman takwa dasar kapercayaane senajan ora bakal ninggal kabudayan adate
sasrawungan gethok tular ngraket paseduluran
sambat sinambat guyub rukun sakulawarga
tlatah Banyumas wutah getih inyong tek cekeeli uger-ugering pratiwi
aku ora bakal boyong senajan bedhil nodhong
aja gumedhe neng arep inyong pangkat bisa minggat dunya bisa mlarat
Banyumas inyong seneng kampus sekolah njacrah
mulang muruk bocah kon pinter
angger pinter aja nggo minteri
angger bodo aja mbodhoni lan mbodokena ngudi kaweruh dalan urip
sangu brayan tumeka mati
inyong bungah dadi wong Banyumas
akeh preyayi agung sin ngrembaka
nggulawenthah bela nagari wutah getih dilakoni
nambah edipeni kembang taman nuswantara mujudena nggera tlatah kene
bisa mikul dhuwur mendhem jero mring leluhur
Raden Djoko Kahiman
tinitah madeg bupati sepisanan
sing dadi aluring sujarah tlatah inyong tekan siki
dhawuhan sing kanggo tetenger paesan pepundhen kadipaten
desa kawitan pembuka cerita inyong padha
jan temenan ngemu suara wigati anggone anak putu sing arep nepaki tilasan
bungah sungkem mring para winasis
pangripta nagari
pendhapa si panji panggon para priyayi
kajibah lagi nglakoni bekti nata praja murih Banyumas satria
sing dadi punggawa adil becik lakune
ngayomi tanpa pamrih ora pilih kasih
picek dengkul diraup dikukup
Warto Tirta:
22
wargane makmur lemahe subur
ati tentrem ngode kepenak tur ayem bencer ora bingung
adol kasile tanen regane dhuwur
turune anget anak bojo remaket
pawon ngebul pari kumpul selumbung pedaringan kebek ati mangseg
urip waras mangkat ngodhe bregas
mlakune akas nggolet beras ngibadah iklas
adoh sambekala nafsu betharakala
dalan-dalan regeng bocah-bocah padha seneng padhang wulan padha jonjang
dolan dhos-dhosan sundha mandha beklen uber-uberan
nganti tumeka oyos-oyosan lan dus-dusan
kaline bening kelen numpak debogan
sing tua ngidung regeng-regeng
sing enom calungan ngibingi ronggeng sindhene nyekar gerongan saur manuk karo penayagan
sing bancer thiar their
sing kadhohan krugu lagon eling-eling Banyumasan
ana ebeg lagi jogedan
dijantur kesurupan
ngokop banyu dedek seember mangan godhong gandhul lan dawegan
ebege mlayu uber-uberan
weruh beling liren depangan
kendhangane buket mbleketaket
disenggaki sindhen njoged jigug
slendhange klebat klebet sing nonton rubung unyel-unyelan
bakul jaran retep pinggir kalangan
dhalang jemblung beber cerita pewayangan
sing nabuh renyom
nyemil sajen setampah kambi tandhakan
bawor ngmong glogok soar
klawar klowor
bukak dhadha blakasuta becik katitik ala ketara
ngibing jigug geol bokong Banyumasan
bleketaket pisan
inyong bungah
kali bacin mambu wangi
nyelah jimat pasucen kaki nini
tlatah kebasen dadi pepundhen
nguri-uri babad leluhur
Warto Tirta:
23
sumur metu banyu suci panjer sipanji kutha Banyumas kawit rinakit
ringin ribyong gawe bombong
kanggo pengayom inyong
suket dampyak kanggo dolan bocah mlaku bakyak wonge inyong gapyak
lungguh gupyuk suguh tandhang polah sopan santun
swara renyah lanyah semana
narendrane luhur wekasane
berbudi bawa laksana paring tutur
suwuk
sembur
wuwur
inyong bungah
metu ngumah nyawang sawah pari padha byah palawija neng pekarangan
pala gantung pala kasimpar
kurang lalab gethek pager semi kluban seling kandhang sato kewan
nandhang gizi blumbang iwak
mancing welut nraca keong
godong gedang godong pring dedol pasir dadi dhuit
kali serayu mil rejeki mbanyuni sawah sakiwa tengen
udan deres banjir
gethek nyabrang gawa wong minggir
nyambat gawe ora bayaran
ngedeg brunjung padha sengkuyung
krigan gili bersih desa
wengi nyegah turu
awan nyegah pangan lega lila ngawula gusti lair batin
rika neng kana inyong neng kene
bungah susah ngrumkebi desa
magreh, ma
magreh, yung
01042006
Warto Tirta:
24
PATUNG GATHOT SUBROTO
arepa mubeng-mubeng
saka bang wetan purwakerta
jebles ana patung gathot soebrata awe-awe
numpak jaran saguh dedeg padege motor mobil trek atawabis sliwar sliwer
ngiteri bunderan ngarep er-es-u margono
mengkanaha wong sing padha liwat
sambat sinambat paring omat
dhadha inyong kimreteg
ana geni mulab-mulab
tuwuh sekang genen klari sing madhangi jagad
dadi obor ewon sing nyundhuk ati banjur ngobar jimat satengahinmg umat
nyebrang sing padha lengah
kakang mbekayu
inyong ora lila enggane wong landa ngeruk dunya
nyedhot lenga apa maning emas tembaga kue kabeh duek inyong, kang
duek rika, yu
aja gelem dilombo lan diwayu
ayuh reketek saeka kapti madeg jejeg jejeri bumi pertiwi
kabar pating sleber wong landa padha slempang
mlayu nggendhurit nganti kapicirit wedi mbok perang kalah karo wong desa
lah inyong maju perang mung piandel tekad
sangu gobang karo pring lancip degubeg janur kuning
landa nyerang sangu bedilo lan tenk pluru mortal kanggo tameng
jajal, mbok ngedab-edabi
manune inyong gemang
eh kie lemah wutah getih inyong
sapa bae tak tundung lunga
rumpes kelor mujur ngalor butul ngendi bae tak orak-arik
nganti dadi entab-entab pangamun amun
eram !
lumakune jaran mapyak kemluthuk nyingkab pedhut gili padesaan
ora nyana angger during maca buku sujarah
Warto Tirta:
25
priyayi agung gathot soebroto
katulis emas wong desa
wibawa bawa laksana
dedeg piadege dhuwur
andhap asor tanpa pamrih pangandikane mantep
dadi suh lan thuladha prajurit
apa dene kawula alit
ngerek gendera merah putih neng langit
klebat klebet sajreone dhadha murub roh pahlawan
ndedel muntab sesumbar
nyawa ilang ora kadingapa
landha mleset sing wigati indonesia mardhika
manuk garudha ngayomi nagari
patung gathot soebroto
satengahe bunderan er es u margono
ngelingena aja padha turu lengah mbok ana landa bali ngeneh
gueh,
aja ngasi, lur
05102004
Warto Tirta:
26
PASRAH
inyong asumpah pasrah
awak blopot robat rabbet
awan bengi kecubrukan
terut paceran lan kecomberan ora idhep ora weruh
golet rohmat ridhao illahi
saba paran sepangan-pangan
luru krekel cut seupa
manjat murun gunung sangu sega jagung mangan nungsag keloloden wungkal
pontang panting kesunggah beling
mung siji sing kudu kemutan
tetep eling maring illahi robbi
dhuh gusti, inyong pasrah
wadhuk runtah isi watu rai gedheg
tangan cluthak
sikil jail cungur thukmis
mata dulalapan
uek mlondo mikir jomblo
dhuh gusti, gustining manungsa sejagad
jaluk padhang srengengene
banyu mili ngisor rembes madu wulan mayungi remyeng adhem ayem
madhang sega liwet turune anget
ora rongeh wira-wiri ngulet
lemah nusoni tanduran apa bae barat sumilir kabeh daerah
dhuh gusti, inyong pasrah bongkokan picek dhengkol dekukup deraup
nyawiji myang hyang widhi
sing nitah alif tekan ya ora bisa noleh ora bisa mlingeh
kabeh sumarah lan sumeleh
dhawuh tiba
kudu ya
la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha
ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh la illaha ilalloh allohu akbar
luruh pasrah
sumarah
ra
25112004
Warto Tirta:
27
NGEBOR
gara-gara pinter geol bokong
munggah panggung derubung wong
nembang dangdhut ngorng-ngoreng
panggung oyag geyang-geyang sing ngibing karo gleyar-gleyer
senggoyongan oyag oyeg
tembang dangdhut kanggo kesenengan
dadi dalan pangan serombongan
nontonm tivi, nyetel radhio, maca Koran
jagad oyeg padha surakan
wong wadon padha sumelang
wegah ginggang mbok ditinggal sing lanang golet bojo sing bisa goyang
gara-gara pinter geol bokong pahal nembang olih dhit segebong
bali desa dadi cukong
kena nggo gawe gedhong magrong-magrong bungahna kulawarga atine monggok
tua enom lanang wadon
dina wengi kepengin ngebor keliru ngebor bokong dadi ngglesor
kesasar ngebor pipa lapindo malah bocor
gawe sengsara maring wong
keliru nggleser ati tambah gemeter
keliru ngguyer bisa keblinger
keliru ngisor puser weteng mlendung rasane kleyer
ingsar-ingser depok ratu ngebor
akeh wong kepengin kesohor bisa ngebor gasi nyonyor
kon sing lanang tambah nyosor
ibu-ibu gisus kepengin nyonto
rame-rame latian ngebor
bokong deingser rasane ser
tapih nyrimped tiba kejongkong bathuk mlenong nangis ngorong-ngorong
gara gara pnter geol bokong ider bokong butul hongkong
niat nyambut gawe malah entong brontong
bali ngodhe umah gari seplong bukak senthong atine nlangsa nggelonglong
ning luar negri deremehna wong
golet dolar olihe weteng jemblong
dadi korban gaweane tekong
Warto Tirta:
28
sing teyeng geol tambah ngetop sing tiru-tiru kur padha ndomblong
kelalen maring budhayane inyong
kudu eling lan waspadha majune jaman ora bisa diadhang
rembesing budhaya terus mblandhang
mulane padha sangu iman lan taqwa kanggo cekelan brayan neng alam dunya
aja ngasi keblinger ora duwe uger
2005
Warto Tirta:
29
B
R
E
G
!
breg !
oreg-oreg ora sambat
ora pamit
bumi gonjang ganjing mata kelap kelip
wong umyeng
padha ngriyeng
tua enom gedhe cilik wolak-walik
pating njengkelit
umah gedhong umah gedhek tumplek blek
blek
jungkir walik jlerat jlerit
uput uput lindu teka
ngorak ngarik
ati maras miris nggegirisi monyang manying
akeh wong cidra
akeh wong mati dunya brana pungkas
tamnduran rumpes
panganan langka panggonan sirna
2 7 0 5 2 0 0 6
Warto Tirta:
30
JONJANG
made & yuwan
padhang wulan nglinthang terang ketiga madan sue
swara adhem remesep
bocah padha jonjang linthongan nembang dolanan
padhang wulan wulane kaya rina
ayo kanca padha dolanan neng jaba
sinambi maca lewane alam dunya
becik ketitik ala ketara
wong cilik dulat dulit golet rejeki olihe setitik
wong gedhe menang kerahe
golek rejeki akeh pengarahe dunya brana dadi raja
ngelmu luhur ora kajen dadi rekasa
punggawa gedhe kaya raja kawula alit nganggo ancik-ancik
weteng lalat plilit merga angel golet dhuit
padhang wulan nglinthang
ati padhang ndeleng bocah pada jonjang
senajan urip urung kabegjan
2006
Warto Tirta:
31
TERANGAN
srengengene padhang
panas nggemplang
neng sawah utawa pekarangan suket garing nglinthing
lemah pating bledhag
ngablag- ablag
sawah tegalan ora bisa tetanduran
ketiga nglinthang wong desa kebingungan
pan buruh langka pegawean
beras larang keleletan
tuk padha sat luruh pangan separan-paran
klayang-kloyong sumpeg butuh pangan lan sandhang
ora kaleksanan
2006
Warto Tirta:
32
MLIRIK DHINGKLIK
ana barat semebrak
ana gludug gemluthuk
munggah gunung sapa ngerti dijaluk
ngintip dhingklik mbok bisa ngancik
tak tak tak tak dumblang dumblang
tung gentak gentung kaki kaki barang kentrung
gelar sarung bukak tudhung
melani waktu sing lagi gandrung aja nyela aja nyandhung kon ati ora linglung
apa jane sing lagi limbung
akeh wong masang wuwu agal ugul
awak dhewek sing paling unggul kanggo golet tumpakan adhiluhung
senajan sing jagong kursi empuk esih wutuh mengkruk-mengkruk
anak bebek kon ora silem awake dhewek kon ora dalem
klintar kelinter golet botoh ora pekewuh saba desa ngusung uwuh
ora deundhang padha rawuh
ngaku sedulur ora rikuh
nembe ketemu bangeting gupuh babe ana sing lagi digayuh
e lah dalah, huzya huzya bak bak kukur kukur kreyuk kreyuk
ana wong nyadhong nganggo paruk
Esuk esuk mangan bubur
Blusak blusuk golet sedulur uput uput ana jago kluruk
padhang jembrang nyingkab pedhut
ana sing antap untup plinthat plinthut ngintip bar arep ngetut
theng-theng tut
si rasi-rsai ngentut sapa wani aja plinthat plinthut
mlebu kalangan kanti luhur
aja nganggo cara entut burut
dang dang padhang jembrang
ning bang wetan srengengene wis branang
gamelan ditabuh pating gembrumyang udhud nginthing bako garing
golet bithing padha sing eling
jaluk mangkat disit mbok keri tunggangan munggah kursi empuk sing pengaji
sapa bae kepengin nyingkrik
sapa bae kepengin ngepet
sapa ngerti dadi gapet
Warto Tirta:
33
senajan pong ging ngepog ana sing olih pepet
nganti kesempled ora teyeng ogat aget
babak kukur kukur garuk garuk
golet bithing aslak usluk pating blusuk
wong monggeni pating gemluthuk siki ngesuk aja padha ngantuk
ana jago agi padha kluruk
mangan emping mlarah-mlarah
dadi pemimpin kudu sing amanah
aja kukur lagi butuh padaha kerah
bareng sing kaleksanna ora eling ora weruh
082006
Warto Tirta:
34
ELING-ELING
kolang kaling sabrang wetan
eling eling jaman wis edan
lanang wadon padha puletan
tua enom kelalen sambatan gedhe cilik padha wadanan
uger-uger budhaya padha ditinggal
nyembah gusti dadi ceremonial bencana musibah dadi tontonan
aweh bantuan dadi kesombongan
politik mambrah-mambrah dadi tujuan sujarah dadi guyonan
reformasi dadi umpruk abab
tontonan dadi tuntunan
wudel katon dadi lumrah prawn kencur dedol murah
degawa om-om sing ngmbar syahwat
bocah sekolah tamat nganggur njeprah ngodhe demo ngganggo rupiah
ngganggo jilbab mung nggo nutup polah wong bener deinger-inger kon keblinger
wong salah nantang bayar ora gelem salah
wong kencot nyolong beras deencot-encot
wong sugih mbethithil numpak dunya pejabat korupsi dadi sugih depuji-puji
munggah kaji bola-bali ora kelingan tanggane miskin
malah senang nganggo kethu putih
kolang kaling ndalan
eling eling kudu kemutan
senajan jaman wis edan deleng srengenge nang bang wetan
gawa pepadang kanggo wong sing eling lan kemutan
dunya bisa lunga pangkat bisa minggat
jan kewalat
2005
Warto Tirta:
35
DZIKIR
inyong depa
sema sumarah neng tritis umah sinebut gusti, ya allah
suh luruh pasrah
nyawiji ji
la illahailallah
2006
Warto Tirta:
36
MANTES-MANTES
Diajeng
Tekamu sing tanpa aba lan ora keraba
Incig-incig sededeg senyet
Breg Reeeeg
Jantung inyong ora kemreteg
Kalayang Kur pantese
Awakmu mandhep
Tumiba seba neng sisih welas asih slira inyong sing agi mblayang Kangen kumanthil semelap ora klinglap
Mbok bae nyong bisa nglayap
Ambu wangi kembang jambe Awan bengi kemutan kowe
Awan tuwuhing wengi Ati gemriming awak ontang anting
Kringet adhem dleweran udu kesel
Ngingen nggangen-angen tanpa welas Jebule mung mantes-mantes
2004
Warto Tirta:
37
PESTHI
satemah lumaku neng dunya
sawise tinitah
digedongana dikuncikana
pesthi gusti ora bakal owah
anggere wektu teka
kabeh bakal kajibah
pet
2005
Warto Tirta:
38
NELAYAN
neng pinggir segara inyong trenyuh mrekambak
jagong deleng oabahing ombak
para nelayan gayuh weleh
golet iwak pahal sewayah-wayah pasrah nasib maring gusti allah
kanggo biaya bocah sekolah
luruh kaya kulawarga saumah
kembang boreh dadi bleluluk
mangkat sore bali esuk
sangu jaring numpak prau
jangkah segara tanpa elung wektu
adoh kana adoh kene sepisan mangkat segar diambah
ati bungah angger olih iwak mambrah-mambrah
bali esuk anak bojo sumarah
2005
Warto Tirta:
39
INYONG KANGEN KARO RIKA
kanggo kanca guru
kakang bekayu, banyu sumur aja nggo kemu..
angger nggo kemu dadi larang regane garing untune
ngumur-umur pisah ora ketemu bareng ketemu
pangling rupane ora pangling suwarane
kemutan jaman semana,
sing wadon ayu dheblong, dandane menor tur sementhor
moles pisan agine prawan
rambute riwean, pipine alus ambune wangi lambene tipis pantese kemlithis
ngindhit tas lenjehan jengat jengit
awake semok, mempleg-mempleg, bokonge mentod lembeyane lead-leod, sing deleng atine kemelod-kelod
kepengin nyengop, oalah gejrot!
lah sing lanang mlakune dregang, cengengesan gemagusan
tingkah polah bocah desa mlebu kota
sepatu kemlethok sul-sulane mlethek
sempongane mlithis, ngomonge ngguthis, bathuke klimis weuh prawan kepengin gendhak
weuh gadhis kepengin nyriwis
thingak-thinguk gembelengan terut dalan ora wani ngaku calon guru
mergane isin diarane sekolahe wong ora due dhuit
cing ciripit gula batu kejempit isin sepetit mangkat sekolah numpak pit
godhong suruh go gawe tasbih, sugeng rawuh sugeng pinanggih selawe taun plak semplak ora nana kabar semebar
inyong rika padha kelalen mbuh sapa
ana tudung sekang pring wulung
tudhung didelah ning tengah sawah
inyong bingung rika bingung
batir sekolah sue padha pisah
nguk cenganguk, ngok cengongok
sing wadon manthuk sing lanang nyengop
gemiyen inyong batir rika, plinthat-plinthut siki pangling ningen kepencut
belingan ndeplok bareng padha gendhakan mlaku bareng padha gebedan
bocah es em a padha motoran
inyong mlaku padha capitan
sing weuh padha cekikikan
Warto Tirta:
40
ana wadon arep mlirika,weruh bae ora takon
isin maring sekolahe wong pinggiran eladalah jaman owah wis kebubrah
molah-malik wis ketitik
sekolah tamat dadi pendhidhik, gaji sethithik go sangu urip
selot suwe selot akeh, numpak pit bosen nganti weleh
es ka mlayang mlayu ndhiler
eealah manyer, numpak motor slenthar slender
mangkat mulung kambi muter-muter
ketemu pacar atine gemeter ditakoni calon mertua madan kedher
tambah dina tambah wulan tumpuk tundhung taun-taun
gaji guru madan kanjat prawan liwat padha gemrapyak pengin kenal pengin dilamar
kang guru jengaten guru, kaya dene ketiban wahyu
akeh prawan padha kemayu, akeh bujang pada klayu akeh wong tua duwe mantu guru
e la elo, kakang mbekayu aja drengki aja gela kemutan rekasa aja kuciwa
senyatane rika siki lagi ketiban begja
undhang-undhang guru disahna, pamarintah niat bela
jagad godhong langit padhang, sing ora seneng aja padha gela nasib orang siapa suka, tuhan berkehendak tak bisa ditolak
syukur-syukur, alhamdulillah, sujud syukur maring gusti allah
thung gentang genthung, ayu kanca padha rubung
nostalgia inyong ketemu kambi rika
syukur bungah rika wis gagh tur ora kalah karo pegawe lia
dong sekolah denyek wong deleng padha wegah ati priatin mondhok umah turu neng dhuwur klasa
urip nyegah lan puasa, sega liwet karo uyah
nahan perih lan rekasa, wong ora duwe kepengin sekolah sapa ngira sapa nyangka, siki ketemu rika wis numpak mobil mewah
sing neng desa sugih sawah, sing neng kota sugih bandha
umahe gedhong magrong magrong, eng tanggane diarani sombong tanggal enom akeh sing nagih utangan
tanggal tua blingsatan, gali lobang tutup lobang
kue gambaran urip sing ora genah
maring sawah gawa runtah, godhong waru pating plunthah
inyong bungah rika bungah, dadi guru padha sing sumringah
mulang bocah kon padha pinter mbesuk gedhe ana sing dadi dokter, sing insinyur bisa gawe helikopter
sing bodho planga-plongo, wali muride padha mbitho
umah guru padha semangar, metu ngguyu anake pinter
gendhong njogrog magrong-magrong urip lumayan kudu kelingan
sekolahane inyong
najan siki wis ora ana, aja padha sombong
Warto Tirta:
41
pitik walik lunga ngodhe, gemiyen cilik siki gedhe ngumang pring aja dedamu, gemiyen gering siki lemu
inyong klayu karo sliramu, pipine alus kepengin ngambung
arep nembang maras mbok dipenthung
ala kacret isin bnaget, cinta ditolak atine mungkred siki nyong ketemu rika, ora pangling ora bedha
ana kayu go gawe perabot, tiba nggethak ana sing jiot gemiyen ayu bokonge menthot, bareng duwe anak dadi gembrot
pipine kempong senajan urung perot
gawe tekan kayu nangka, kayune wonene lemu-lemu inyong kangen karo rika, slawe taun nembe ketemu
jangan lenca dekira bakmi
ditambah kuah enak sekali dong sekolah cinta pernah bersemi
tamat sekolah ditinggal pergi
aduh bleg ! nelangsani ati
kejam nian dirimu tak berperi
siki inyong ketemu rika
sing bagus ora bisa gemagus, sing ayu ora bisa kemayu
wis padha tua isin anak isin putu
njukut senthir diselah dhuwur, ayuh batir nyambung sedulur
aja ndeleng dunnya bandha, delenga kanca sebrayat
luruhe urip bebrayan karo batir, nandur kebecikan mesthi langgeng nandur sedulur awake subur, atine makmur jibar-jibur
lunga ngalor ngidul ora bingung
e ha e, jaman sing arep teka bakal mulya gaji guru arep munthuk, apa temenan apa ora
ayo padha donga kon kaleksanan
supaya urip inyong tambah sejahtera
ana kewalen madan monyang, ana kereta aja nyenggol
aja kelalen karo inyong, warto tirta situkang banyol
Kracak, 21 januari 2006
Warto Tirta:
42
CENTHENG DESA
awing-awang kango balayangan
siapa nyana wolak waliking jaman
gemiyen batir sekolah
dheweke kesed tur bebehan biji kur mung mungan
senajan wong tuane kelebu sugih lumayan
ningen bocahe mprah-mprahan malah kembul preman dadi centheng blanjaran
gatha gethe tingkah polahe
pengrasane bocah desa wis mlebu kutha maraing tangga teparo nidhoknna tato
neng arep bapa biyunge mbrekeseng malang kedhek
karo bocah nom-noman mingkis klambi mbledeh benik
ngumbar omongan yen deweke dadi wong gledegan aja wani sambat sembarangan
aja monggeni wayah wengi bocah wingi aja kemlinthi
woen wuni kulite abang angger wani maju tak tendhang
weh lah dalah reformasi dadi mula bukane partai politik ngrembaka
wong padha balapan gawe partai
rumangsa ana kesempatan centheng desa melu bae rebutan bab akeh batire dong rembugan kepilih dadi pengurus
sing baka nggulawenthah obah mosiking partai
nganggo dasi dawa sesisih esih bersih moh deresiki
ana reformasi padha rebut korsi
wong cilik repot nasi
nah
pancen arep nggo dalan polah pemilu di gelar dheweke kepilih dadi utusan calon anggota dhewan
tambah sumringah terus bae kampanye blusuk-blusuk mider desa
janji-janji lambe umpruk deambrah-ambrah
sanggup majukna desa, nyejahterakna rakyat sing deomongi kur manggut-manggut
centheng desa pidhatone tambah rosa
dekeproki kaya lagi bur dhara tawa program ngambrah ngambrah
asung bekti bkon sanguine tambah
kaos oblong madan cungklang
bolong sepira ditambal dluwang
milih inyong aja sumelang
kanggo rika siap berjuang
Warto Tirta:
43
lah jan
kemutan angger sekolah lagi dewulang ngesuhen guru angger ulangan olihe sindik ondhol utawa kursi njengking
pintere olih embret omongan
ketambah dunya wong tuane lumayan
kena kanggo sangu kampanye golet bithing swara bisa wuwur maring kanca sedulur
nandur blingo oyode mulur
nandur beweh madep dhuwur arep jago eman sedulur
sregep aweh sregep wuwur
wow kedadian
centheng desa dadi wakil rakyat
tambah mbrekeseng cementheng-centheng
omongane rosa polahe neka-neka senajan kemampuane mung-mungan
pikirane cupet pengalamane seupret
modal nekad kena nggo sangu mulya mangkat sidhang sing penting tanda tangan
jagong grok
udud utawa ngantuk silir-silir gedhong ac
mangsan mikir mbodokna batir
mangsan tanda tangan gaji
nggekeng ora kena kecuil salah kedaden wakil rakyat sing mata dhuitan
dunya rakyat padha nggo jimpitan
rembugan gawe anggaran sue sue malah padha nggo rebahan
reformasi degemborna tekan awing-awang
ora olih adol korsi ayuh bareng brantas korupsi
mbela nasib wong cilik sing taun-taunan melasi
ningen dheweke mengkruk-mengkruk jagong korsi nyulap kuitansi dadi bukti
nggedhekena anggaran kanggo blanjaan
kunjungan kerja jane plesir pakansi kabecikan nasib wong cilik kanggo golet banda
limang taun gaji mlarah-mlarah pegawai cilik angkrik angkrik jagongane ngumblik bayarane sepetit kepengin gawe umah kridit
kempas kempis ngetung tanggal wulan teka
tanggal enom gajian
wong nagih uluran tanggal tengahan golet silihan tanggal tua adol bedahan
saben dina mripate dulalapan bingung biaya bocah sekolah mangkat ngode sewayah wayah
neng pimpinan dekuyah kuyah
Warto Tirta:
44
urung genep limang taun dadi politikus
akeh kritik ora degubris akeh saran delebokena kranjang runtah
nabuh gong tabuhe nyilih
bareng jagong kelalen sing milih
wolak waliking jaman robah
wakil-wakil sing sontoloyo deayab debubrah ning generasi sing idialis
penegak hukum ngincer polah korupsi
centheng desa keder wedi detangkep polisi dina wengi donga jampa-jampi
golet dukun kanggo nutupi bukti-bukti kuitansi
supaya kon aja katon nglomboni
bener jejer
becik ketitik
ala ketara
ruh reformasi esih ana sing suci
centheng desa deadili kebukti korupsi pongingpog mlebu bui
21052004
Warto Tirta:
45
MENDHE
sang saya dalu lintang sumebyar
titi selot wengi wulan padang sumunar
sawise bocah padha jonjang
rampung sambat kesel jaluk depende
amaben diresiki klasa digelar
dian teplok cemanthel pager murub kelap kelip
neng latar wulane padhang wong rondha mubeng desa
jaga ketentraman rukun warga
ayun-ayun, ayun badhan badan siji dadi bingunging ati
kulup sekeloron jaluk dipendhe
deelus-elus, deusap-usap dekundhang-kudhang
mlakune jigrag-jigrag kaya kidhang
budine apik kaya nabi tumindhake becik kanggo thuladha batir-batir
besuk sugih nanging ora kikir
sregep ngibadah lan sidhekah
bisa munggah kaji
sugih ngelmu lan duwe dunya
ora kemaki apa maning kemlinthi andhap asor berbudi laksana
tuwuh asih remesep dhadha
dadi tameng tumrap negara
bela kabecikan tanpa pamrih ngundhuh upa tanpa merdaya
jejer jeneng bakal teka jeneng
ning dhadha saklurup sakeloron
semendhe cita luhuring wong tuwa
tinancep dadi cikal bakal sing arep teka gumelar trah titising sukma
kulup
bubu sing lelet tur angler tek slimuti kambi tresna asih sekang gusti illahi
murih besuk gedhe dadi wong kopama
adoh sing rubedha lan betharakala akeh rejekine akeh godhane
dregang awake sehat rohanine
pinter pikirane lancip tindhak tandhuke bisa junjung dhuwur jero wong tuwa
Warto Tirta:
46
BADA
corong-corong mesjid pating genthoar saut-sautan
kalimah takbir ngumandhang neng awang-awang
bedhug detabuh suara tambah syahdu
wulan romadhon jlirit atur pamit wong puasa sewulan tutug
bayar zakat fitrah nggo nyucikena ibadah
kapuk megar tiba nglayang
kupluk anyar sregep sembahyang
romadhon awe-awe lunga
umat islam getun ora lila
detinggal wulan sing akeh berkah
tuku mrica digawa plesiran
rampung puasa padha takbiran
allohu akbar allohu akbar
tua enom gedhe cilik lanang wadhon padha sumebar adhus gasik dandan resik mangkat masjid utawa lapang
nganggo klambi apik semribit mambu wangi
elur arep sholat id
maring kebon gawa klasa
klasa kual ning pinggiran
wulan romadhon padha puasa wulan syawal padha lebaran
Desa kutha padha alim ulama nyiapkna riaya
siji syawal sholat id delakokena allohu akbar allohu akbar
umat islam pating sumebar
ngagungena asma alloh makantar kantar sholat id neng mesjid ora nyukup kanti tekan latar
klasa degelar jamaah kebek selapangan
ati bungah tilas menang perang lebaran teka salaman mubeng-mubeng terut umah
pacitan lawuh medang njacrah semeja
ana baya mangan slada ketiban bluluk ora sepira
bubar riaya pada bada
silaturahmi njaluk ngapura
kluban slada dekumbah sumur
maring sawah meme tudhung lagi bada medang ora etung
bali ngomah wetenge bunthung
Warto Tirta:
47
sing adoh padha balik elur
sembah sujud maring wong tuwa lan sedulur ziarah kubur nyekar maring leluhur
ngraketena silaturahmi sungkeman ngalor ngidul
ngodhe setaun dekumpul-kumpul
bali desa bagi sedekah atine mangkel ngalap berkah sujud syukur
mugi gusti allah paring rejeki sing makmur
maring pasar tuku janganan kurang uyah maring pedhangan
klambine anyar lunga salaman
terut umah padha medangan
arep bada dina prepegan
bakul-bakul padha seneng dodolan
nggolet bathi seundhungan barang murah dedol larang
akeh wong butuh ora umat
mlebu pasar sesek uyel-uyelan
akeh copet padha golet pahalan
took-toko, warung-warung, buka padha balapan sing sengeng bakul klambi lan beceran
dagangane laris dhuite mlarah-mlarah
ngetung bathi atine bungah
gawe pethi kayu jati akeh bathi munggah kaji
gawe pethi kayune mentah akeh bathi seneng sedekah
lebaran setaun sepisan
tekane deenteni wong sedunya lungane detangisi kelangan
romadhon wulan sewu wulan
kebecikan tumplek blek dadi amalan berkah ngibadah olih ampunan
setan sing nggodha padha debandha
surge debuka kanggo kaum muslimin lan muslimat singa keh dosa kon padha taubat
iwak sayur bumbu tomat
tomat selawe kulite tiba ayuh sedulur emut solat
solat kuwe kuncine swarga
wektu lebaran akeh wong ngapura
maring sepadha-padha menungsa
panggonane salah lan dosa sing nguja apa dene sing ora kadimaha
sing derasa utawane ora krasa
sing katon lan ketaton dadi nlangsa
sing bisaa nganti sing bahaya
Warto Tirta:
48
klayar kluyur nggoleti beras nguber beras decucuk dhara
ayuh sedulur padha iklas
bener salah padha ngapura
dina lebaran dina bada
pemimpin lan pejabat kudu kelingan rakyat
kepengin urip murwat tuku pangan sandhang ora kuat akeh wong bisaa dadi mlarat
rebutan zakat sedhekah nganti ana sing sekarat
jangan klewih bumbu kamijara
tabah micin rasane pera
wong sugih dunya bandhuara
wong miskin wetenge lara
agi bada pada balapan sedekah
bubar bada balik mbethithil kaya bisaa bebeh ngibadah alot sedhekah
mesjid musola ora padha deambah
kon padha jamaah aras-arasen wegah esuk-esuk tangi kudu degugah
solat subuh srengengene wis munggah
qur’an gletak ora dewaca
bocah pasaran nang pondhokan
pondhokan kaji nyembeleh kurban
bubar lebarn mabok-mabokan kelalen ngaji lan nderes qur’an
lah brabeh ben
aja kaya kuwe sedulur kabeh
nyambut gawe lan ngibadah kudu sing ikhlas
sing lakon cilik kanthi tumindhak becik laku sethithik ketitik apik ningane nuli
tinimbang gedhe mung kanggo gumedhe
pamer ngalor ngidul ladha-ledhe plenthang plentheng ora bisa kanggo tuladha
astagfirullah
2005
Warto Tirta:
49
PENGANTEN ANYAR
bujang prawan janji nglamar
urip bareng kualwargan
gethok dina niat besan
nyebar uleman maring kadang gawe jenang pasang tragtag
janur kuning dipasang ngarep lawang
speker ngenthoar calung lan campursari kanggo hiburan aweh ngerti barang gawe wis demimiti
wong kondangan nyangking tromol ndilir nuli
para sinoman peladen sandangane seragam rapi nyambut tamu kakung putri
nyunggi baki isi pacitan jenang wajik apa dene utri
meja njacrah nderet toples isi roti
sohibul kahzat bungah ati mesem guyu karo nyobati
mangga sami dedahari
sobatan kangge panjengan sami
besan teka gawa jodang isi panganan
bakal penganten dedandani moler pisan sing wadon lambene menter menter
sing lanang maras degdegan raine menger-menger
pengulu teka penganten ngijab
rampung ngijab terus jejer tumpeng ingkung neng meja ander
swasana bungah rame-rame deselingi campursari lewih maen
tuku suweng maring pasar
pasar klewer ana undar
paling seneng penganten anyar
bubar jejer udar-udar
penganten sekalian mesem guyu
semu isin kambi para tamu
lingsir wetu adicara jejer penganten rampung
para tamu sami kondur gari para laden keduman beres-beres
sing duwe kajat mlebu sentong
niliki amplop sumbangan numpuk segebong
debukaki isi dhuit atine monggok bojo laki cengar-cengir dikut ngetuni
decarik-carik niat mipil nyaur kridit
benang lawe dawa sepethit
pentilane degawe jarit
barang gawe utang disit bubarane ora duwe dhuit
Warto Tirta:
50
jingakt jingkut pengantene mlebu senthong
mambu wangi kembang mlathi rasa kesel wis delewati
atine deg-degan arep dwiwiti sing ngendi
jagong amben delang-deleng ting petheleng
sing lanang mathuk sing wadon ndingkluk ngemek bathuk keliru kupluk
bareng nylinguk sing wadon kesikut
dengak maning urug tengkuk ati mbededeg arep kesuh
bareng tangane decekel mlirik rikuh
pipine desun ala embuh
lampu listrik degeng-geyong
aja brisik mbok ana wong
lampu listrik deutak-utik
ngesun sethithik rasane asik
siki wis rinaket tali nikah
janji sakeloron pati urip dadi sumpah
penganten anyar mbabar tresna mbuktekena gine gendhakan
kepnginane sepirang-pirang
gayuh rumah tangga sing kepenak
sakinah mawadah wa rahmah
buang runtah godhonge dammar
damar loro kayune mjubah agi bunagh penganten anyar
bukak kado isine grabah
swasana umah rampung khajatan sing rewang umbah-umbah garabah
sinoman rampung kari resik-resik panggung
barang silihan dibalekena kabeh besan kondur nyangking brekat
bapa biyung bungah duwe mantu ayar
jangan beweh debuntel klaras
kanggo lawuh mandan enak
barang gawe oleih akeh beras
olih mantu tambah anak
2005
Warto Tirta:
51
TUNILAN LAN TUKANG UTHER
rame-rame mlaku-malku golet delengan
ana tunilan neng lapangan resepsi tujuh belasan
sing nonton akeh kebek sol-solan
lirak lirik ngincer prawan arep nggo gebedan
gawa tumbu layan pikulan
pikulan kayu abote tengah malem minggu padhang wulan
nyawang wong ayu atine bungah
bocah cilik ngrubung bakul thoet-thoetan
sing tua rogoh sak ngetokena recehan
sing lagi gendhakan glenak glenik jawilan
tukang unther ndodhok ngisor wit gedhang main kipyik degusah hansip
malyu genthurit kebirit-birit
pithine gigal dadune kesingsal
dhuite ilang
modal urung bali tunilan bubar balik ngomah kedangar-dangar
bukak lawang tiba kejengkang
bojone weruh kaget jengkel sumbar
anake nangis njaluk jajan ora denei nangis gulangsaran
lanang wadon bojo laki padu tengah wengi pecungcengan resepsi tujuh belasan maknane ilang
derusebi tukang main unther bajingan
2005
Warto Tirta:
52
PLESIR GUA LAWA
dina prei pada plesiran
mlaku-mlaku neng gua lawa
betah deleng khahanan sing endah
gone dhuwur silir-silir buang gerah kringet ilang atine bungah
liren disit jagong gelaran klasa
mangan sangu kupat lawuh mendhoan rasane enak nylekamin pisan
awak bregas mlaku trengginas
pikiran jembar nalar padhang
gua lawa wewengkon purbalingga
panggonan wisata bayarane murah
unik lan megah anugrah allah tua enom tambah sumringah
aja kuciwa angger urung begja begja susah aja kakean polah
plesir gua lawa neng purbalingga
ati bungah sukur karo gusti allah
2005
Warto Tirta:
53
KEBUT-KEBUTAN
wengi teka mangkat begadang
nganggo jaket jin katon gagah
numpak otor anyar gembelengan
metu gili kebut-kebutan stang glewang tiba njekangkang
awak tatu getih mlarah-mlarah
wong tuane ngerti buru tilik kaget nangis ngulang-nguling
kemutan motor kridit urung lunas
uang muka bae dadak adol lemah warisan mung kanggo nyenengna anak sing dekudang
lah koh malah tiba motor ringsek ora karuan
tambah maning urusan motor detahan polisi
bocah sing tiba degawa rumah sakit
wong tua nelangsa ora duwe dhuit
niat nyenengna anak lanang siji
degamblong dekudang kurang ati-ati malah entong dunya entong dhuit
2005
Warto Tirta:
54
TSUNAMI
reg
oreg
oreg
pyok sempyok
sebyur
byur sebyaksebyaksebyaksebyak
byak
herrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr keleler keleler keleler
aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaah………………
allohuakbar
allohuakbar allohuakbar
gonjang ganjing
oragoreg segarabuminyeburdadisiji
ngemu getih
nyikep tatu
kumambang samu barang
jasadmanungsatandurankewantanduranbandadunyaumahseisine
ambyur
jerit
tangis serambi mekah
lolalali
luh sat
swara ilang
pet
innalillahi wa innailaihi roji’un
2005
Warto Tirta:
55
KANGEN BIYUNG
Udan grimis tengah wengi
Hawa anyep remesep
Awak nlethek
Piker agi juthek Emut biyung sing wis kepundhut dhisit
Among angen Kangan
Gambar sing cemanthel neng pager
Nggrentesena suasana Ati nglanggut tanpa nut
Dhadha njur kemreteg
Kemutan biyung Pepundhen anak putu
Sanak sedhulur
yung
iyong keyungyun
2004
Warto Tirta:
56
BAPA
adeg adeg kulawarga
gondhelan titis trah sebrayat
sumur sumber kauripan paring pepadang neng petengan
saka guru awak doyong
penggered genceng piker penengah rembug gegoh
Bapa uwan mrotok sepuh ngelmu
pengendikanipun suwuk ampuh
dadi sembur tatu laku
nuntun titah wuwur sabda suci adiluhung kanggo dhawuh
dalan urip supaya kepenak dunya akherat
2005
Warto Tirta:
57
NGIRING BANDHOSA
luh leleran ngiring bandhosa
sedawa dalan elur iring-iringan
semribid sumebar ambu kembang
campur beras kuning kambi kapas selang-seling dhuit klening nggo sawuran
pengormatan akhir tumuju alam kubur pratanda salasijining warga kepundhut gusti alloh
2005
Warto Tirta:
58
NGUDARASA
atur tanggap warsa
kagem……
ora nyana ora gliga wis dadi ngemu surasa
adoh kana adoh kene
lunga sing desa tumuju kutha golet ngelmu kawruh begja
gegondhelan sembur wong tua seneng lan susah dadi jamu leluhur
pait getir brantawali uyup-uyup awan bengi
konane awak dregeng
ati tambah jiwa kuwat
piker padhang
kesepuh neng panase srengenge ademe udan
remesepe embun
tanpa wegig wegah lumaku saguh jejer paugeran munggah kekarepan karengkuh
senajan desa mawa cara
bumi mawa ciri
negara mawa tata agama mawa syariat
ningen titah gemati ati-ati or lali kambi gusti illahi robbi
kelayon sambat kiwe nengen ngarep mburi semut ireng mrambat satenahe papan alas greng
rongah rongeh kringet dleweran
manjat tumurun gunung gung liwang liwung
tumuju jembar padhange srengenge ajimat andhap asor lemah manah
nekad tekan jogja jenjem tresna tuwuh lega
kutha sing dadi panggon pangupa jiwa anak kathik kulawarga
Warto Tirta:
59
siki slimut wis gumelar wiwit ereng-ereng merapi tekn paring tritis
rawe-rawe rantas malang-malang putung goda rubeda bakal kepungkes dening karsa suci mangun negari
sing pancen dadi ugering ati kanggo bekti pertiwi
getih pati sumpah janji temetes neng tritis panggesangan pinuji
kanggo mutahna janji
urip kuwe kudu makarya sing taberi
sisihna wigah wigih
aja sok isinan ngudi kawruh becik satindhake tumukul sanguning luhur budi
jangkep yuswa wis mataun-taun
neng arep pengilon
ora krasa angger pasuryan pancen wis beda tegese wayah gumlewang yuswa kurung
ningen tekad tetp ngembaka dadi kembange taman perjuangan
ora kalah kambi kaum muda
tangan sideku ngampu rancang sesambat syukur maring gusti allah
bukak cathetan rep sidhem
among swara manah kegugah
lair ora klambenan
seda mung gawa mori sedulur
gemiyen ora saiki dadi ana besuk arep ora ana
padha bali maring rahmatulloh
2006