naskah drama

10
NASKAH DRAMA “BOLONGAN IRENG” Dening : 1. Ghulam Majdiy A (11 / X MIA C) 2. Hanifah Puspa A (12 / X MIA C) 3. Izzah linatul kharirah (14 / X MIA C) 4. Laksmita Anggarani (15 / X MIA C) 5.Meilinda (16 / X MIA C) 6. Nova Auliatul (20 / X MIA C) 7. Rizal Fuadi A (26 / X MIA C) 8. Rycha Widy P (27 / X MIA C) DINAS PENDIDIKAN KOTA PROBOLINGGO

Upload: izzahlina

Post on 29-Jan-2016

57 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

Bahasa Jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Naskah Drama

NASKAH DRAMA

“BOLONGAN IRENG”

Dening :

1. Ghulam Majdiy A (11 / X MIA C)2. Hanifah Puspa A (12 / X MIA C)3. Izzah linatul kharirah (14 / X MIA C)4. Laksmita Anggarani (15 / X MIA C)5. Meilinda (16 / X MIA C)6. Nova Auliatul (20 / X MIA C)7. Rizal Fuadi A (26 / X MIA C)8. Rycha Widy P (27 / X MIA C)

DINAS PENDIDIKAN KOTA PROBOLINGGO

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 PROBOLINGGO

Jalan Soekarno Hatta 137 Telp. (0335) 421566

KOTA PROBOLINGGO

Page 2: Naskah Drama

LAKON ING BOLONGAN IRENG

Ghulam Majdiy A dadi Bapake Rijal Hanifah Puspa A dadi Ibu Guru Izzah Linatul Khariroh dadi bocah meneng Laksmita Anggarani dadi Ibuke Meilinda Meilinda dadi bocah meneng sing kecandu narkoba Nova Auliatul dadi bocah nakal Rizal Fuadi A dadi bocah nakal Rycha Widy P dadi bocah nakal

Page 3: Naskah Drama

BOLONGAN IRENG

Kisah iki ngenani sakgolongan bocah bocah enom kanthi keteken jalaran nilaine.

(ruang kelas ketata kanthi rapi lan wes wayahe pelajaran kapungkasan, Meilinda lan Izzah mlebu nggowo buku lan moco bukune, dumadakan nova rycha lan rizal mlebu karo rai sombong lan nggguyu)

Rycha : “Mambengi penak banget nov, kok yo aku malah pengen maneh, kowe

nggowo toh saiki?”

Nova : “Nggowo lah” (ngetokno ekstasi)

Rizal : “Aku njaluk pisan yoh! Sing suntikan wae ben luwih ngefly ngawang maksude

hahaha”

Nova : “Sip wess kabeh ono ing tasku kok rekk”

(Rycha, Nova, Rizal mulai nggae narkoba iku maeng)

Izzah : “Astaughfirlloh, bocah bocah kae ngedrug! Kene kudu nglaporne menyang

kepala sekolah iki”

Meilinda : “Huss, ojok kowe gelem nduwe urusan karo bocah bocah kuwi? Wes gak usah

diurus”

Izzah : “Tapi mengko dhwekke iso kejerumus nganthi adohh,iki ora oleh dijarno wae...

mesakke bocah bocah kuwi”

(Rycha krungu omongane Izzah karo Meme lan Rycha nyamperi Izzah)

Rycha : “HEHH !! kowe arep ngopo?? Arep lapor?? Mati kowe!!

Meilinda : “Ora kok Ca, temen”

Rizal : “Hahah arek tumone buku iki arep wani karo kene.. hahah?? Tak jotos yen

wani!”

Nova : “Ssst ojo ngunu.. aku nyilih PR mu yoh”

Izzah : “Ojo Me!!”

Rycha : “Mee!!!” ( karo mendelik)

Meilinda : “Iii.. ii ..iyo caa” (kanthi suara pedot pedot, maringno bukune)

Hanifah : “Assalamu’alaikum murid-murid”

Hanifah : “Dina iki ibu arep mbagekne nilai ulanganmu (mbagekne)

Page 4: Naskah Drama

Rycha : “Yee entuk 100...!!”

Nova : “Aku pisan”

Rizal : “Aku entuk 110..!!”

Rycha & Nova : “Rizal!!! Ora ono nilai semono!”

Rizal : “Oh.. iyo yo hehehe! Eh.. ndeloken tah raine izaah lan meme raine mesakke

banget, raine lungset ngunu.. paleng entuk nilai endok bebek”

Ryca : “Hahahaha.. arek loro iku kan ora pinter”

Hanifah : “Rycha, Nova lan, Rizal.. sst rame ae.. Ayo gatekno kabeh!! Sekolah ing kene

kuwi kudu iso bersaing karo nilai sing sakdhuwur dhuwure, gawe kebegjan

sing sagedhe gedhene. Iki ngunu kan sekolah sing terkenal saru yen nduweni

murid sing bodo”

Rizal : “Bodo kaya Meme lan kancane kan buk??” (ngguyu kepingkel)

Hanifah : “Ssst... mandeg mandeg!!... Meme, Izzah opo opoan iki.. nilaimu namung 50!

Nilai opo kuwi! Ibumu podho pesen ben kowe dadi Dokter suk mben.. yen

koyo ngene iki.. sekolah ngendhi sing bakal nerimo kowe?!! Sinau sing

sregep, eleng semboyane kebegjan kuwi nilai sing dhuwur! Ngertos?!”

Meilinda : “Ngertos buk”

(bel muleh sekolah)

Hanifa : “Kulo pungkasi, Assalamu’alaikum wr.wb

Murid : “Waikum salam wr. Wb”

(Rycha,Nova lan rizal mulai ngombe pil lan suntikan)

Izzah : “Sholat yukk Me,, ben tentrem”

Meilinda : “Percuma aku ki sholat, gusti Allah ora bakal ngunggahke nilaiku sing

ajur iki.. aku wes gagal.. gagal zah” (karo nesu)

Izzah : “Huss.. kowe ki ngomong opo toh? Ora pareng ngomong ngono kuwi!! Duso

loh.. wes wes ayo kene sholat dhisik. ( Izzah metu )

Milinda : “Wes ngaleh ngaleh kono.!!! Aku pengen dhewean”

(Rizal, Rycha lan Nova marani Meilinda)

Rycha : “Keno ngopo toh?”

Rizal : “Di pekso dadi dokter??”

Nova : “Ahh lawas kuwi !! hahaha”

Page 5: Naskah Drama

Rycha : “Kowe ijek pengen gabung marang golongane kene toh? Kaya dek

wingi sing ko nembung sakrampunge sekolah..”

Meilinda : “He’eh,, iyo iyo aku pengen banget gabung golonganmu!”

Rizal : “Tumone buku?? Ahhahaha”

Nova & Rycha : “Rizall!!! Iso serius sithik ora sehh?? Woookkk”

Rizal : “Iyo iyo” (nunduk)

Meilinda : “Aku gelem lan pengen dadi gengmu .. everything i will do!”

Rycha : “Everything??”

Meilinda : “He’eh..iyo iyo..”

Rycha : “Kowe kudu nyoba iki dhisik yen ngunu..” (pil ekstasi)

Milinda : “Opo iki oh? permen?”

Nova : “Penak loh .. kowe bakal nyesel yen ora nyoba”

Rycha : “Karo iki kowe iso ngefLy, iso seneng ra karuan.. iso ngelakoni opo wae

sing kowe pengen , kalebu entuk nilai apik”

Meilinda : “Opo iyo?? Nilai apik?? Aku gelem aku gelem yen ngunu”

Rizal : “He’eh iku wae kok! Percoyo marang kene wes! Kowe bakal entuk

opo sing ko karepke”

Meilinda : “Iyo iyo...” (ngelek kabeh pil iku maeng)

Nova : “Cobaen iki pisan yah.. iki bakal gae kowe kaya putri raja” (marengne oplosan)

Meilinda : “Iyo iyo.. kene ndaang” ( ngombe kabeh)

Rizal : “Iki sing kapungkas , iki luwih penak! Kowe bakal ngeroso kabeh iki indah lan

tentrem, kowe iso bayangno kowe dadi dokter..” ( marimgno sabu sabu)

Meilinda : “Namung iki wae?? Dokter?? Hahaha aku nyuwun maneh ndang..”

(ngombe sak kabehe, pirang menit ngkas, ngeroso ngelu lan kejeng kejang – mati)

Rizal : “Hahaha... goblok kowe Meme.. goblok.. gampang men kehasut omonganku

iki! Mikir dhisik toh.. mikir.. ndi onok wong sukses jalaran narkoba! Sing ono

kowe malah kojur!!seneng aku seneng... rasakno kuwi !! rasakno!! Loro atiku

wis kebales.. ora eleng kowe ha?? Biyen wayah kene TK nganthi SD kowe

mesthi di gadang gadang karo guru, disayang wong tuwoku!! Wong tuwoku!!

Rasa asihe wong tuwoku marang kowe ngeluwihi rasa asihe marang aku!!

Kowe nduweni kabeh!! Kowe jupuk kabeh sing dhuweke aku!! Aku benci

kowe!! Rasakno kabeh iku (kabeh ngguyu)

Page 6: Naskah Drama

Nova : (Nova marani karo mratekne)

“eh.. cha...cha.. ! Mbok kei opo ae? Iki koyoke overdosis, yo’opo iki?”

Rizal : “Hha?? Iki dudu salahku!! Dudu!! Mm... iki kan rencanamu Rycha!!

Rencanamu!! Kowe sing kudu tanggung jawab!! Kowe!!”

Rycha : “Dudu!! Iki dudu salahku nanging dhewekke!! Dheweke!!” (Izzah mlebu)

Izzah : “Assalamualaikum,, bukuku kari ing... loh ono opo iki toh?? Lohh Meme??

Meme keno ngopo kok ngene iki? Meme.. tangi Meme.. tangi..(mriksa

nadine) Meme..meme....!! ojo ninggalno aku Meme(nangis) iki salahmu

kabeh!! Salahmu kabeh!”

Genk nakal : “O...ora!! ora!!!” ( nunduk nyesel)

Izzah ora tinggal meneng, dhewekke langsung lapor marang Bu Hanifa tentang kadadeyan iku. Sampun niku Bu Hanifa langsung ngubungi wong tuwone Meme, lantas Bu Anggi (Ibune Meme) kaget marang opo sing tertimpa karo anakke. Bu Anggi langsung tindak menyang sekolah. Bu Hanifa uga ngubungi lan nimbali wong tuwone Rycha, Pak Ghulam (ramane Rycha) langsung tindak menyang sekolah pisan.

Saktekane ing sekolah, bu Anggi langsung tindak ing kantor BK.

Anggi : “Assalamualaikum”

Kabeh tiyang : “Waalaikumsalam”

Anggi : “wonten napa niki bu?”

Hanifa : “Sekejap bu, pinarak rumiyin”

Ghulam : “Assalamualaikum”

Kabeh tiyang : “Waalaikumsalam”

Hanifa : “Mangga pak, pinarak rumiyin”

Rycha : “Ngapunten pak”

Ghulam : “Kowe iki ya apa toh nduk nduk. Nggawe wong tuwa isin ae”

Hanifa : “Ngeten pak bu, wau sewangsule sekolah Rycha lan rencang rencange ing

kelas ngonsumsi narkoba. Ing kedadeyan iku nyebabake Meme overdosis.”

Anggi : “Loh.. sapa sing ngajari Meme kaya ngono? Meme niku meneng areke

bu, kok ya isa Meme ingkang kena akibate?”

Rizal : “Sing pertama iku Meme pengen dadi arek sing terkenal ing sekolah, terus

kulo ajak, nah terus tak kenalne karo narkoba lan drug, nah terus nyobak lan

kuwalahan.”

Page 7: Naskah Drama

Hanifa : “Ngeten bu pak, kan niki wes kedadian, sia-sia wae yen kita ngamuk-ngamuk,

luwih becik sak niki kita dungakno Meilinda cepet waras,

lan gawe murid-murid iki supaya diwenehi hukuman, ndamel

bapak lan ibu, supaya ngapurani murid-murid iki, ben bisa dadi pitutur sing

becik mawon lan mboten ngulangi maleh.”

Anggi : "Inggih wis kula pangapura kula ngarep bocah-bocah iki mboten ngulangi

kedadeyan niki”

Igo : “Inggih mboten napa-napa, kula mohon bocah-bocah iki mboten ngulangi

maneh”

Rycha, Nova, Lan Rizal : “Inggih Bu Pak, Kita njaluk pangapura lan kitaj anji mboten ngulangi

maleh”

Hanifa : “Lah yen ngenemasalah niki wes rampung. Mugi-mugi lare-lare mboten

ngulangi maneh, mugi-mugi Meme cepet waras”

Kabeh lakon : “Amin...”

L