contoh rantaman temanten

3
PURWAKA Assalamua’alaikum wr. wb. Nuwun kawilajengan miwah sih welasaning Gusti Allah SWT mugi katur panjenenganipun para pini sepuh, para sepuh Bapak, Ibu lan sedherek sedaya ingkang kawula kinurmati. Sak lajengipun keparenga kawula hangaturi wuningo bilih badhe netepi dharma ning asepuh hanendya miwaha mahargya putra kawula jaler bagus dr. Dian Nugroho ingkang hajatu kaliyan roro Eni Kusrini putri istri Bapak/Ibu Suparmin ingkang pidalem wonten Ds. Karang Desa Pentur Kecamatan Simo Kabupaten Boyolali. Wondene karancang kalampahanipun kaangkah dhumawah ing : Dinten : Minggu Kliwon, 8 September 2013 Pahargyan wanci jam : Wonten ing : Gedung Mekar Kusuma Yosodipuro Sesambetan kaliyan ingkang dados keperluan punika, kawula hanyuwun tambahing donga pangestu panjenengan, mugi lampahing

Upload: cherrya-nurlaela

Post on 30-Nov-2015

888 views

Category:

Documents


95 download

DESCRIPTION

Contoh penyusunan rancangan pernikahan jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Contoh Rantaman temanten

PURWAKA

Assalamua’alaikum wr. wb.

Nuwun kawilajengan miwah sih welasaning Gusti Allah SWT mugi katur panjenenganipun

para pini sepuh, para sepuh Bapak, Ibu lan sedherek sedaya ingkang kawula kinurmati.

Sak lajengipun keparenga kawula hangaturi wuningo bilih badhe netepi dharma ning asepuh

hanendya miwaha mahargya putra kawula jaler bagus dr. Dian Nugroho ingkang hajatu

kaliyan roro Eni Kusrini putri istri Bapak/Ibu Suparmin ingkang pidalem wonten Ds. Karang

Desa Pentur Kecamatan Simo Kabupaten Boyolali.

Wondene karancang kalampahanipun kaangkah dhumawah ing :

Dinten : Minggu Kliwon, 8 September 2013

Pahargyan wanci jam :

Wonten ing : Gedung Mekar Kusuma Yosodipuro

Sesambetan kaliyan ingkang dados keperluan punika, kawula hanyuwun tambahing

donga pangestu panjenengan, mugi lampahing pahargyan samangkeh wiwit lekas

dumuguning pungkas tansah manggih wilujeng ing samadayanipun saha anak kula temanten

kekalih pinaringan wahyu jodo saking Allah SWT, satemah anggenipun mbangun bebrayan

saget netepi dharmaning agesang minongko lantaring tumuwuh, sembodo ingkang sami

sinedyo gambuh ingkang sami ginayuh.

Hanglenggono dhumateng sedoyo kekirangan kulo dalasan ngrumaosi mboten

kumawi angayahi piyambak, pramilo kanthi anuraga, keparenga kulo nyuwun tumulunging

sih panjenengan mugi kersoa paring wewarih, rerigen, iguh pretikul mrih wilujeng lan

Page 2: Contoh Rantaman temanten

rancaking anggen kulo nggadahi damel, jumbuh kaliyan rarantaman ingkang hapacak ing

buku wewasan puniko.

Wasana hawit cumondhong karso sabela tresna panjenengan, kulo ngaturaken

agungipun panuwun. Pangglenggana ning manah, kulo mboten kuwawi ngaturaken kurmat

pinwales ingkang arupi punopo kemawon, milo lajeng kasumanggaaken wonten ing ngarso

dalem Allah SWT. Mugi-mugi kepareng pareng likru ingkang satraju mahanani labuh lepat

panjenengan, satemah saget mahanani aruming asmo dhumateng sedaya ingkang kepareng

paring sih kadharman, Amiiiin.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Solo, 29 Juni 2013

Kulo sekeluarga

Dr. Murdjati (alm) & Indrawati