contoh pranoto adicoro
DESCRIPTION
silahkan didownloadTRANSCRIPT
HALAL BI HALAL
Keluarga Besar Warga Mredo Kulon RT 06/07
Assalamualaikum, Wr. Wb
Alhamdulillahi robbil alamin, wabihinas ta’inu ala umridunya wadin, wa sholatu wa salamu ala
asyrofil anbiyai wal mursalin Sayyidina Wamaulan Muhammadin wa ala alihi washohbihi
ajma’in. Amma ba’du.
Ing kawulo hormati, Bpk K.H Suparman, sinaoso dereng rawuh.
Ingkang kulo hormati ugi Bpk H Mahmud Jamhari selaku kadus wonten ing pedukuhan
Gatak mriki.
Ingkang kulo hormati, Sesepuh pini sepuh wonten ing mredo kulon RT 06/07.
Ingkang kulo hormati ugi Bpk Maryono Ketua RT 06 lan Bpk Sehono selaku Ketua RT 07
Ingkang kulo hormati al ustadz Bpk M. Wasul
Ingkang kulo hormati Bapak-bapak Takmir Masjid Al Mujtaba lan Ibu-ibu PKK wonten ing
mredo kulon mriki
Lan rencang-rencang kadang muda-mudi setyo manunggal, adik2 soho himmaturrosul
ingkang tansah kulo tresnani.
Sakderengipun monggo kito panjataken raos puji syukur dumateng ngarso dalim Allah SWT
ingkang sampun marini mapinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah soho inayahipun, sahinggo kito
kita saget makempal wonten ing meniko majelis, nggeh meniko majelis “baca banner” kanthi
sehat wa afiat mboten kirang setunggal punopo.
Sholawat soho salam tansah kito unjukaen dumateng Junjungan kito Nabiyulloh Muhammad
SAW, ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita
raaosaken sak meniko, soho Ingkang kito antu-antu Syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah
mbenjang. Aamiin
Poro Bpk/ Poro Ibu, Hadirin Hadirat Rahimakumullah
Wonten ing mriki kawuko minengkani pranoto adicoro badhe maosaken rantamaning adicoro
ingkang badhe kita lampahi sesarengan ing ratri puniko.
1. Pambuko, Waosan Ayat Suci Al Quran
2. Atur Pambagyo Harjo, Waosan Kalimatut Thoyyibah
3. Ikrar Soho Panampi, Jabat Asta
4. Sumene
5. Mauidhoh hasanah utawi hikmah halal bi halal
6. Panutup
Poro Bpk/ Poro Ibu, Hadirin Hadirat Rahimakumullah
Gegandengan wekdal sampun dungkap dalu, moggo adicoro wonten ing dalu meniko kito
purwakani. Adicoro ingkang sepindah nggeh meniko pambuko, pramilo kita bikak adicoro meniko
kanti waosan ummul kitab, ala hadiniyah assholihah lahumul fatihah.
Kita lajengaken adicara ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat suci al quran ingkang
badhe dipun slirani panjenenganipun Bpk. Muhammad Fakhrudin. Dumateng bpk Muh Fakhrudin,
wekdal soho papan kawulo sumanggakaken.
Matur nuwun kawulo aturaken dumateng panjenenganipun bapak fachudin ingkang sampun maos
ayat suci alquran. Mugi ingkang maos angsal lelintu ganjaran lumeberipun kito sedoyo ingkang
midangetaken