basa jawa sem genap 2014

3
PEMERINTAH KABUPATEN BANYUWANGI DINAS PENDIDIKAN KELOMPOK KERJA GURU GUGUS III ULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2013/2014 HARI/TANGGAL : NAMA :................ ................. ... BIDANG STUDI : BAHASA JAWA NOMOR :................ ................. ... WAKTU : 09.30 – 11.00 KELAS : IV (EMPAT ) A. Wacanen sing setiti ! Bawang Abang lan Bawang Putih Dhek jaman biyen Mbok Randha Dhadhapan duwe anak loro wadon isih prawan kabeh.Sing siji anake dhewe jenenge Bawang Abang,dene sing sijine anak pupon jenenge Bawang Putih.Mbok Randha anggone ngrengkuh anake ora padha,dibeda-bedakake.Marang Bawang Abang Mbok Randha tresna banget.Bawang Abang ora oleh nyambut gawe.Sekabehing panjaluke Bawang abang tansah diuja lan dituruti.Kosok bali- ne,marang Bawang putih Mbok Randha kereng banget.Sakabehing pagawean dikon nandangi Bawang Putih.Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe abot,cadhonge pangan uga mung sathithik tur turahan.Menawa duwe salah sathithik wae diseneni nganti dipulasara sakayange. Sawijine dina,Bawang Putih umbah-umbah ing kali.Merga kumbahane akeh,dheweke ora ngerti menawa ana salah sijine klambi sing kentir.Klambi sing dikenterake dening Bawang Putih iku duweke Bawang Abang.Mula,Bawang Putih diseneni lan dipulasara sakayange.Bawang Putih malah dikongkon nggoleki klambine sing keli wektu iku uga senajan awake lara amarga dipulasara. Kapethik saka :Tutur Basa Jawa 4 kaca 126. B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi bener! 1. Anake Mbok Randha Dhadhapan kuwi cacahe ana pira ? 2. Kepriye anggone Mbok Randha Dhadhapan ngrengkuh anak-anake? 3. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur? 4. Anake Mbok Randha Dhadhapan sing endi saben dinane tansah disiya- siya? 5. Wacan ing dhuwur kapethik saka ngendi? C. Pilihen salah sijine wangsulan sing bener! 1. Anake mbok Randha Dhadhapan sing paling diasishe lan diuja arane...... a. klenting abang c. Bawang Abang b. klenting Putih d. Bawang Putih 2. Bawang Abang iku anake Mbok Randha Dhadhapan sing...... a. Anak kandhung c. Anak tiri b. Anak pupon d. Anak angkat

Upload: sdn-2-rogojampi

Post on 05-Dec-2014

893 views

Category:

Education


9 download

DESCRIPTION

 

TRANSCRIPT

Page 1: Basa jawa sem genap 2014

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUWANGIDINAS PENDIDIKAN

KELOMPOK KERJA GURU GUGUS IIIULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2013/2014

HARI/TANGGAL : NAMA :....................................BIDANG STUDI : BAHASA JAWA NOMOR :....................................WAKTU : 09.30 – 11.00 KELAS : IV (EMPAT )

A. Wacanen sing setiti !Bawang Abang lan Bawang Putih

Dhek jaman biyen Mbok Randha Dhadhapan duwe anak loro wadon isih prawan kabeh.Sing siji anake dhewe jenenge Bawang Abang,dene sing sijine anak pupon jenenge Bawang Putih.Mbok Randha anggone ngrengkuh anake ora padha,dibeda-bedakake.Marang Bawang Abang Mbok Randha tresna banget.Bawang Abang ora oleh nyambut gawe.Sekabehing panjaluke Bawang abang tansah diuja lan dituruti.Kosok bali-ne,marang Bawang putih Mbok Randha kereng banget.Sakabehing pagawean dikon nandangi Bawang Putih.Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe abot,cadhonge pangan uga mung sathithik tur turahan.Menawa duwe salah sathithik wae diseneni nganti dipulasara sakayange.

Sawijine dina,Bawang Putih umbah-umbah ing kali.Merga kumbahane akeh,dheweke ora ngerti menawa ana salah sijine klambi sing kentir.Klambi sing dikenterake dening Bawang Putih iku duweke Bawang Abang.Mula,Bawang Putih diseneni lan dipulasara sakayange.Bawang Putih malah dikongkon nggoleki klambine sing keli wektu iku uga senajan awake lara amarga dipulasara.

Kapethik saka :Tutur Basa Jawa 4 kaca 126.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi bener!1. Anake Mbok Randha Dhadhapan kuwi cacahe ana pira ?2. Kepriye anggone Mbok Randha Dhadhapan ngrengkuh anak-anake?3. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?4. Anake Mbok Randha Dhadhapan sing endi saben dinane tansah disiya-siya?5. Wacan ing dhuwur kapethik saka ngendi?

C. Pilihen salah sijine wangsulan sing bener!1. Anake mbok Randha Dhadhapan sing paling diasishe lan diuja arane......

a. klenting abang c. Bawang Abangb. klenting Putih d. Bawang Putih

2. Bawang Abang iku anake Mbok Randha Dhadhapan sing......a. Anak kandhung c. Anak tirib. Anak pupon d. Anak angkat

3. Sing dikongkon megawe abot saben dina yaiku......a. Bawang Abang c. Kleting Abangb. Bawang Putih d. Kleting Putih

4. Bawang Abang yen ditulis aksara Jawa......a. gw= c. bw= ab= b. bw= lg= d. bw= ar=

5. Aku luwih becik melu kowe (timbang) ing omah dhewean.Tembung njero kurung benere.....a. Timimbang c. ditimbang b. tinimbang d. timbangan

6. Maneka warnane panganan wis katon (cepak) ing dhuwur meja. Tembung njero kurung benere......

a. dicepak c. cepakakeb. dakcepaki d. cinepak

7. sum/ tuku s[t Tulisan ing dhuwur yen diwaca......

a. semar turu kamar c. sumar tuku sateb. sumar turu kamar d. semar mangan sate

8. Latare wis disapokake tanggane nganti resik.Tembung sing digaris ngisor linggane......a. disapu c. disaponeb. sapu d. nyapu

9. Piyek iku arane anak dara,yen gogor iku arane anak......a. macan c. wedhus

Page 2: Basa jawa sem genap 2014

b. gajah d. sapi10. Pangkur , Mijil lan Dandang Gula iku kalebu tembang......

a. tembang cilik c. tembang gedheb. tembang tengahan d. tembang dolanan

11. Tembang pucung iku guru gatrane ana......a. 3 c. 5b. 4 d. 6

12. .........murid-murid kelas IV olehe arep renang menyang Pancoran Mas?a. sapa c. kapanb. pira d. endi

13. Dhimas mau sakjane arep (papag) dening mbakyumu,nanging ora sida. Tembung dikurung benere .....

a. kokpapag c. dakpapagb. dipapag d. mapag

14. Yen mbuwang reget iku lumrahe ing......a. latar c. tong sampahb. jero kelas d. jero bangku

15. Banjir iku biasane ing mangsa......a. panen c. ketigab. paceklik d. rendheng

16. Yen arep nyabrang menyang Bali iku kudu numpak......a. sepu/ c. p] aub. se[pd d. [dok/

17. Sing dadi ramane punakawan yaiku......a. semar c. garengb. petruk d. bagong

18. Sing duwe aran liya Permadi yaiku......a. Raden Gatutkaca c. raden Arjunab. Reden Nakula d. Raden Sadewa

19. Hardiknas dipengeti saben tanggal .....a. 12 Juli c. 12 Meib. 2 Juli d. 2 Mei

20. Ibu tindak pasar nitih becak. Tembung tindak ngokone......

a. Lunga c. munggahb. Mulih d. mudhun

D. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!1. Tono pancen bocah pinter,nanging mbakyune ................2. Rong taun kepungkur embong iki isih ..........,nanging saiki wis rame.3. Sing oleh sebutan Bapak Pendhidhikan Nasional yaiku......4. Ditugel tambah dhuwur.

Cangkriman iki batangane.....5. Nakula lan Sadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata karo garwa..........6. lurh lte= Tulisan Jawa ing dhuwur yen

diwaca............7. Rani tuku rujak.

Yen ditulis nganggo aksara Jawa.....8. Shodik karo Dhani mau tuku sega pecel.

Jejere ukara ing dhuwur......9. Isine sawo arane kecik,yen isine semangka arane........

10. Yen kirim layang ing Kantor Pos kudu nganggo........E. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi bener

1. Sebutna telu bae maceme tembung macapat!2. Apa sing diarani tembung lingga iku?3. Gawea ukara nganggo tembung pinter!4. Apa sing diarani ater-ater tripurusa iku?5. Sumanto nulis layang pribadi.

Ukara ing dhuwur dadekna ukara tanggap!