dyah ayu larasati

Post on 12-Jul-2015

2.017 Views

Category:

Documents

12 Downloads

Preview:

Click to see full reader

TRANSCRIPT

DISUSUN OLEH :

DYAH AYU LARASATI, S. Pd

1. Mendengarkan

Siswa mampu mendengarkan danmemahami wacana lisan dalamberbagai ragam bahasa jawa.

1.1 Mendengarkan legendha

Mampu menyebutkan kata-kata sukar dalamcerita / wacan.

Mampu memberikan tanggapan tentang isicerita.

Mampu menceritakan kembali cerita yangdidengar dengan bahasa sehari-hari ataudalam ragam tertentu, misal krama, ngoko.

Marsudi Basa lan Sastra Jawa, Kelas VIII, Kaca : 51-52

Legendha yaiku dongeng kangnyritakake dumadine sawijiningpapan panggonan.

Tuladha :

Mula bukane Demak

Mula bukane Jatingaleh

Piwulang saka “Mula BukaneDemak” ngemu wewarah marangsiswa wong urip iku kudhu elinglan waspadha. Waspadha marangbebaya lan manut marang pawelingkang diwenehake marang sira.

“ MULA BUKANE DEMAK “

Mbok Randha kang numpak lesungamarga banjir saka sada lanang kang dijabutdening Barung Klinthing, anggone numpaklesung tekan saparan-paran. Lakune MbokRandha kang tanpa daya kasebut lumakumangalor nut ombaking banyu. Mbok Randhaisih kelingan apa kang diwelingake BarungKlinthing, yen ana banjir bandhang supayanumpak lesung lan enthong minangka welahanutawa ndayung. Lesung ditumpaki kaya deneprau, dene enthong dadi welahan, kaya denewelahan prau kang sabenere.

Anggone numpak lesung kang kaya praukasebut, ora krasa wis tekan papan panggonankang sepi, adoh parane saka papan sakawit.Playune prau mangalor terus saka papankawitane banjir. Lakune wis suwe ngantipirang-pirang dina. Weteng luwe ora dirasa,pancen wayahe banjir ora ana kang dodol segalan jajan liyane. Amarga saking kesele lanpegele, mula tangane Mbok Randha nyawukbanyu arep kanggo ngombe. Kanthi orasengaja ndemek lemah utawa dharatan. Praukang ditumpaki uga kandhas. Amarga prauneora gelem mlaku lan kandhas, mula lakuneMbok Randha mung tekan semene wae.

Tangane Mbok Randha ndemek lemahmau, banjur Mbok Randha ngendika: “Yen anarejane jaman, papan panggonan ikidakjenengke Demek”. Kanthi lirah-lirunepangucapan ing saben dinane, tembungDemek wusana dadi Demok lan Demak.

(Kapethik saka: cerita Rakyat Nusantara

kanthi kabesut)

Lesung : piranthi kanggo nutu pari

Enthong : centhong

Welahan : dayung

Nyawuk : ngayuh

Lirah-lirune : klira-klirune

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

a. Sapa kang numpak prau lesung?

b. Apa kang dadi welahan prau lesung mau?

c. Apa pesene Barung Klinthing marang wongtuwa mau?

d. Sapa kang aweh jeneng Demak?

e. Apa sebabe dijenengke Demak?

II. Critakna maneh crita “Mula Bukane Demak” nganggo basa krama alus kang bener manutunggah-ungguhing basa.

MATUR NUWUN

LAN

SUGENG MAKARYA

top related