cerita rahmayana
Post on 07-Apr-2016
232 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
Nama : Heri ashari
Nim : 123911050
Kelas : Pgmi 6b
Nomor :
CERITA RAMAYANA
Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane
prabu janaka. prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal
didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana nanging
rahwana ora bisa ngangkat panah kasebut, lan rama bisa ngangkat panah kasebut. Saengga rama
bisa menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone. rahwana ora seneng yen rama bisa
dadi bojhone shinta.
Ing alengka kuwi kerajaan rahwana kumbakarna indrajid patih prahasta. Sarpanaka
menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon
mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bisa ganti wujud apa wae lan bisa
ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan
kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi
kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama
kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta
jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu
amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti
kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana
gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet.
Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan
mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah wujud
dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke nyedakki
shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana tuwo
mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau landigowo
mabur karo rahwana.
Sakmenika,rama lan laksmana terus ngoyak kijang mas. Lan nalika kijang mas kasebut
dipanah wujudde ganti dadi cakil. Nalika shinta digowo mabur karo rahwana,teko manuk jatayu
sing nolong shinta. Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Nganti akhire manuk
jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan
laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke kejadian
mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama lan laksmana semedi
kanggo ngintukke cara nylametke shinta. Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama
nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman.
Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro kuwi
podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi tukaran
kanggo ngintukke dewi widiyawati. Pas cah loro tukaran rama lan anoman teko delokki tukaran
kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging amarga rak iso nglerai cah
loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing antara wong loro mau. Lan
subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo rama,yen
wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta.
Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing
shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusane rama seng arep nyelematke shinta.
Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan
saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujuk shinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta
wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan
ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener utusane rama
kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid anak saking rahwana ngerti tekone
anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana. Akhire rahwana
mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu iku
pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana. Nanging
niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo
geni. Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni
kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung
kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo.
Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika
ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire
kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen
dicepit ing gunung.
Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Nanging rama
curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar
awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nlaika shinta mbakar awake dewe ternyata geni ora
mempan mbakar awake shinta iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama nrima shinta meneh.
Rama lan shinta akhire urip tentrem.
top related