bahasa.jawa.12.sem 1
Post on 31-Jul-2015
1.683 Views
Preview:
TRANSCRIPT
KD 1 : Memahami dan menanggapi sesorah dalam berbagai kegiatan di masarakat
A. BUSANA MANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA
A. Nyemak Tuladha sesorah bab busana manten Gagrag Ngayogyakarta
Assalammu’alaikum wr. Wb.
Mugi kawilujengan, kabagaswarasan, saha karahayon tansah kajiwa kasarira dhateng
kula tuwin Panjenengan sedaya. Para sesepuh, saha pinisepuh, saha para pepundhen
ingkang dahat kinabekten, saha para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng
Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan tanpa pepindhan, saengga
kula Panjengan sadaya saged pepanggihan wonten ing sasana menika kanthi widada nir
sambekala.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para tamu ingkang minulya, wonten ing pepanggihan menika
kula badhe ngandharaken busana penganten gagrag Ngayogyakarta . Busana tuwin simbol-
simbol ingkang wonten ing busana menika saged kangge titikan kabudayaning bangsa.
Mekaten ugi tumraping tiyang Jawa. Wonten reroncening tembung ingkang ungelipun
“Ajining raga saka busana”. Menika mracihnani bilih busana tumraping tiyang Jawa kalebet
nemtokaken satunggaling pawongan menika dipunaosi utawi boten. Wekdal samangke
busana penganten adat tradhisional taksih dipunlestantunaken, jalaran kayektosanipun
sanajan jamanipun sampun majeng, nanging menawi ngawontenaken pawiwahan
palakrama, tiyang Jawa taksih remen ngginakaken busana adat trdhisional Jawa. Sarehne
penganten menika asring sinebat raja sa-ari, pramila busananipun inggih niru utawi ngemba
busananing raja.
Kejawi menika, mila keblating kabudayan Jawa menika inggih kraton. Saderengipun
jaman kamardikan, upacara dhauping penganten menapa dene busananipun kajumbuhaken
kaliyan drajad tuwin pangkat. Jaman rumiyin ingkang ngagem busana kados ingkang
dipunagem ing kraton, inggih namung kulawarga utawi sentananing raja. Samenika
jamanipun sampun ewah-gingsir, busana penganten kraton sampun dados darbeipun
masarakat. Sinten kemawon ingkang badhe krama, badhe milih ageman corak menapa
kemawon sampun boten wonten pambenganipun.
Bapak-bapak Ibu-ibu ingkang tansah amemayu pepoyaning kautaman, perlu kawuningan
bilih busana manten gagrag Ngayogyakarta menika wonten gangsal inggih menika :
1. Busana Penganten Yogya Putri
2. Busana Penganten Kasatriyan
3. Busana Penganten Kasatriyan Ageng
4. Busana Penganten Paes Ageng
5. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir/Kanigaran
Bapak-bapak Ibu-ibu, mangga busana asiling kabudayan luhur menika sami dipunuri-uri
kanthi nyinau werdining pralambang utawi simbol-simbol ingkang wonten ing busana menika.
Para tamu ingkang pantes sinudarsana, kados cekap semanten rumiyin ingkang saged
kula aturaken. Wonten kiranging subasita, saha kirang tumata pangrakiting basa, saestu kula
nyuwun gunging samodra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
B. Busana Temanten saha Titikanipun
NO Cakrik Manten Kakung Putri
1
Yogya Putri
- Kuluk kanigara- Ngagem sumping- Busana bludiran /
blenggen keprabon- Kain/jarik pradan- Selop bludiran
- gelung tekuk- Ngagem cundhuk
mentul 1- Busana bludiran/
blenggen/keprabon
- Kain/jarik pradan- Selop bludiran
2
Kasatriyan
- Busana Surjan- Ngagem udheng - Selop polos
- Busana kebaya- Gelung tekuk- Mentul 5- Kain/jarik pradan- Selop polos
3 - -
Kasatriyan Ageng
- Busana Surjan- Kuluk Kanigara- Selop polos
- Busana kebaya- Gelung tekuk- Mentul 1- Kain/jarik pradan- Selop polos
4
Paes Ageng
- Kuluk matak rambut kucir
- Sumping sekar sritaman
- Celana cinde- Kain kampuh/dodotan- Busana lukar- Ngagem kelat bahu- Selop bludiran
- Gelung bokor gajah ngoling
- Cundhuk mentul 5
- Kain cinde- Ngagem kain
kampuh/dodotan- Busana lukar- Selop bludiran
5
Paes Ageng Jangan
Menir/
- Kuluk kanigara rambut ukel
- Busana bludiran- Ngagem kain cinde- Ngagem kelat bahu- Selop bludiran
- busana bludiran- Ngagem kain
cinde- Ngagem kelat
bahu- Selop bludiran- Gelung bokor
gajah ngoling
B. UPACARA TARUB JANGKEP NGAYOGYAKARTA
Upacara Tarub (pasang bleketepe)
Salah satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten inggih
menika upacara pasang tuwuhan ingkang kawastanan upacara tarub. Upacara tarub inggih
menika upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papapaning
pawiwahan. Janur kuning sarta tuwuhan kapacak ing korining pawiwahan.
Miterat tradhsi Jawa, pasang tarub sarta tuwuhan menika mawi dhasar petangan
wekdal, dinten, sarta tanggal ingkang sampun kapetang kanthi premati. Pasang tarub menika
limrahipun sareng kaliyan upacara siraman. Saderengipun tarub kapasang, langkung rumiyin
kacawisaken sajen tarub supados upacara pawiwahan penganten saged lumampah kanthi
sae nir ing sambekala.
Sesaji tarub tumpeng tarub
Dene sajen tarub menika warni-warni kados ing ngandhap menika :
1. Sanggan, inggih menika ubarame ingkang arupi pisang raja satangkep, sekar telon
(kenanga, mlathi, kanthil), kinang, saha lawe wenang dipunpapanaken ing tambir
ingkang sampun kalemekan ron pisang.
2. Tumpeng robyong, inggih menika tumpeng ingkang dipunrenggani kuluban. Tumpeng
menika kadamel saking sekul ingkang kacithak mawi kukusan supados wujudipun
saged kados gunungan. Lajeng kapapanaken wonten ing satengahing tambir.
Pucuking tumpeng dipunsukani sundukan tigan godhog, brambang, lombok abrit,
kasunduk malang lajeng nginggil piyambak lombok abrit kasunduk mujur.
3. Tumpeng gundhul, kapapanaken ing tengah-tengahing tambir, ing pinggiripun
dipunsukani rerenggan sawarnining jajan pasar saha jenang warni pitu.
4. Tumpeng megana, inggih menika tumpeng ingkang dipunjangkepi mawi kuluban
bumbunipun pedhes.
5. Sekul liwet dipunlawuhi srundeng, sekul ambeng (SEKUL GOLONG TABURI
JEROAN GORENG), sekul kebuli (NASI GURIH/UDUK) , sekul punar (SEKUL
WERNINIPUN JENE (KUNING)), sekul lulut (KETAN), sekul golong sajodho
(SETENGAH LINGKARAN LAWUHIPUN TELUR DADAR), kasukakaken
sanginggiling tigan dadar lan katutup tigan dadar.
6. Jajan pasar, menika woh-wohan pala gumantung, pala kependhem kagodhog, pala
kasimpar, dhaharan tradhisional kadosta jadah, wajik, gathot, lapis, gethuk, legendar,
lsp.
7. Rujak degan, kopi saha teh pait, setunggal lencer udut.
8. Brokohan arupi dhawet segelas, ¼ klapa, tigan ayam mentah, gendhis jawa selirang.
Rikala upacara tarub, brokohan kaliyan tumpeng megana kapapanaken ing
sangandhaping papan ingkang kangge sare calon penganten.
9. Ketan mancawarna saha jadah, kolak, apem.
10.Pisang ayu
11.Sekar pari, sekar telon, tigan ayam kampung, bumbu pawon, kaca pangilon, serat,
krambil, empon-empon.
12.Toya tempuran saking kalih lepen lajeng dipunwadhahi kendhil alit.
13.Damar/diyan ingkang kadamel saking grabah kaisenan lisah, kasumet rikala upacara
tarub.
14.Tempe mentah ingkang kabuntel mawi ron pisang dipuntangsuli merang, gendhis
jawa setangkep.
15.Sajen bucalan.
Sedaya ubarampe upacara tarub dipuncepakaken dening para pinisepuh saking
kulawarga temanten putri kabiyantu tangga tepallih. Menawi ubarampe sampun cumawis
jangkep, sedaya kulawarga lajeng lenggah jajar sacelakipun sajen tarub lajeng sami
munjukaken pandonga lan panyuwun dhumateng Gusti mugi anggenipun gadhah damel
pinaringan kawilujengan. Kalajengaken pasang tarub, bleketepe. Menawi sedaya sampun
rampung, sajen saged kalorod lajeng kadhahar sesarengan.
Tata Cara Upacara Awal Mantu
A. Pasang Tarub, ancasipun kangge miyaraken sasana pawiwahan, kanthi rerenggan
janur kuning.
B. Buwangan, Pirantinipun panjang ilang kanthi isi bumbon pawon, kacang, dhele,
daging,arta receh. Ancasipun kangge mbuwang sedaya sukerta lan pepalang supados
pakaryan ingkang dipunlampahi boten wonten alangan.
C. Pasang tuwuhan, ancasipun supados temanten sarimbit saged nuwuhaken gesang
ingkang utama, minangka tepa palupining brayat.
1. Pisang Raja satundhun----- pralambangipun bilih manten menika pinindha raja,
mugi temanten nggadhahi watak saha nuladha pakarti raja ingkang sae.
2. Cengkir gadhing ----- Salebeting cengkir menika isi toya ingkang suci lan wening,
mugi tresnanipun temanten linambaran tresna suci, pamilihing garwa adhedhasar
manah ingkang wening.
3. Tebu Wulung ----- pamilihing jodho kinantenan antebing kalbu sinartan teguh ing
iman.
4. Ron kluwih ----- mugi anggenipun mantu boten kekirangn syukur kepara malah
kaparingan kalangkungan.
5. Ron alang-alang ----- sambekalaning (alangan) karsa saged ical satemah
anggenipun mantu saged wilujeng tanpa alangan.
6. Ron apa-apa ----- amrih anggenipun mantu ora ana apa-apa kalis saking
samukawis pepalang.
7. Pari sawuli ----- amrih gesangipun temanten saged kadya pantun saya isi saya
tumungkul tuwin kacekapan ing boga.
8. Sekar saha wohing kapas ----- mugi temanten sageda kacekapan ing
wastra/sandhang.
9. Ron waringin ----- amrih temanten saged pikantuk pengayoman, kasembadan
ingkang dados gegayuhanipun.
10. Pengaron isi sekar setaman ----- mugi gesangipun temanten tansah manggih
raos suka sumringah kadya sekar ingkang nedheng anjrah ing taman.
11. Janur ----- jan: temen/sejati, nur : sunar. Nur ingkang sejati ingkang mijil saking
Gusti. Mugi gesangipun temanten pikantuk pitedah lan wewarah saking Gusti
ingkang mahamirah.
D. Siraman, katindakaken sedinten saderengipun temanten dhaup, kirang langkung wanci
tabuh sedasa. Ngemu pralambang supados temanten kekalih sageda resik lair
batosipun
E. Paes. Ing salebeting sasana sumbaga, CPP dipunalub-alubi---- dipunkerik rikmanipun
ing nginggil palaraban.
F. Sade dhawet, suka pralambang saha pangajab supados benjingipun tatkala upacara
dhauping temanten swasana regeng gayeng. Tiyang sepuh paring donga pangestu
supados gesangipun temanten sageda murakabi dhateng tiyang sanes, suka paring
dana.
G. Plangkahan, dipunadani menawi temanten kagungan kadang sepuh ingkang dereng
krama. Ancasipun nyuwun donga pangestu supados anggenipun nglampahi gesang
bebrayan samangkih saged wilujeng kalis ing sambikala.
H. Midodareni, Upacara midodareni minangka srana panebusing kembar mayang,
Kembar mayang minangka sarat sarana dhauping rising temanten. Upacara tumuruning
kembanr mayang minangka pralambang tumurunipun Dewa Kamajaya lan Dewi
Kumaratih. Kembar mayang mengku makna sinandi inggih menika kembaripun
temanten kekalih, kembar sih katresnan, kembar cipta, rasa miwah karsanipun. Kembar
mayang ugi sinebat Sekar kalpataru dewadaru minangka lambang karahayuan,
minangka saran tulak balak amrih lampahing tata upacara penganten saged rahayu
kalis ing rubeda.
C. OBAT TRADHISIONAL
Nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Supraba minangka kepala Dukuh dusun
Karangwuni, ingkang kinurmatan para rawuh kakung miwah putri, lan kadang wiranem
ingkang kula tresnani.
Assalamu’alaikum wr.wb.
Para lenggah, magga kula Panjennegan sedaya langkung rumiyin ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Mirah awit
paringipun rahmat saenga ing titi wanci menika kula Panjenengan saged kempal ing papan
menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Siyang menika kula badhe atur rembag sapala (matur bab ingkang sepele) bab
“Obat Tradhisiona”. Obat tradhisional menika obat ingkang kadamel saking tetuwuhan,
kewan, utawi toya. Obat tradhisional ing bebrayan ageng Jawa limarah kasebat jamu utawi
jampi. Jampi menika sampun wiwit jaman rumiyin kaginakaken minangka sarana kangge
njampeni sesakit ugi minangka sarana kangge njagi kasarasaning badan. Sanajan jaman lan
teknologi sampun majeng ananging jamu taksih tetep gesang ing madyaning bebrayan.
Para lenggah ingkang minulya, ngginakaken obat tradhisional utawi jampi menika
boten nglanggar angger-angger, malah ing bebrayan ageng, mliginipun ing tlatah Jawa,
jampi menika migunani sanget kangge njagi kasarasaning badan. Jampi menika saged
karacik piyambak lan umpaminipun saged dipunpanggihaken ing peken, wande, malah
wonten ing sakiwa tengening pekawisan .
Pamarentah ugi paring panjurung bab wontenipun TOGA (Tanaman Obat
Keluwarga) . TOGA menika limrahipun dipuntanemi tuwuh-tuwuhan minangka obat ing
padintenan umpaminipun taneman ingkang kapethik pucukipun inggih menika salam, jeruk
purut, dene ingkang kaginakaken kangge obat oyotipun utawi empunipun, kadosta jae,
kencur, kunir, kunci ingkang kalimrah kasebat empon-empon.
Empon-empon kunir jae
TOGA menika saged katanem ing pakawisan kanthi siti ingkang kacawisaken kanthi
sae. Saderengipun dpuntanemi TOGA, siti dipunpaculi lajeng dipunrabuk, dipundamel
punthuk-punthukan supados boten kelem menawi jawah. TOGA ugi saged katanem wonten
ing pot saking piranti plastik ingkang sampun boten kangge, saged ugi ngginakaken polybag.
Lajeng pot-pot wau katata miturut remen saha kawontenanipun kangge pasren. Taneman-
taneman menika wau gampil sanget gesangipun lan murakabi dhateng gesang padintenan.
Asiling taneman wau boten namung kangge jampi nanging nggih saged dipunginakaken
minangka tambah bumbu olah-olah.
Para lenggah ingkang tansah pinaringan begja mulya saking Ingkang Maha
Kuwaos, pigunaning TOGA ing grsang padintenan menika saged kawastanan nguntungaken
sanget. Tuladhanipun, menawi wonten ingkang masuk angin, kula lan Panjenengan saged
mendhet jae kinten-kinten 10 cm lajeng kapanggang ing latu kados manggang sate, menawi
sampun alum dipunonceki, dipungirah ngantos resik, dipunthuthuk nanging boten ngantos
ajur, dipunsukakaken gelas dipuntambah gendhis jawa miturut remenipun lajeng dipuncuri
toya umub, katutup sawetawis. Menawi sampun kirang benteripun lajeng dipununjuk tiyang
ingkang masuk angin.
Para lenggah menika kalawau tuladha sawetawis pigunanipun TOGA. Kanthi TOGA
kulawarga saged ngirit dana kangge kasarasan. Sejatosipun taksih kathah daya pigunanipun
tetuwuhan sanesipun ingkang dipunlarah menapa ginanipun tumrap panggulawenthah bab
kasarasaning badan utawi minangka njampeni sesakit. Para lenggah mugi-mugi andharan
kula bab obat tradhisional menika wau wonten manfaatipun tumrap Panjenengan sedaya.
Ingkang kula andharaken menika adhedhasar rembag gethok tular. Nanging gandheng
wekdalipun sampun ndungkap sonten pramila kula namung saged matur jenang sela wader
kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
KD 2 : Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga dan masyarakat dengan
unggah-ungguh yang tepat.
Busana Penganten Paes Ageng Kanigaran
Paes Ageng Yogyakarta / Kanigaran.
Tuladha pagineman ingkang ngrembag bab busana penganten.
Nalika dinten Minggu Paing, surya kaping 7 Mei, wanci jam 4 sonten, Pratiwi ndherekaken ibunipun sowan dhateng dalemipun Ibu Kusuma, satunggaling juru sumbaga
ingkang kawentar ing Ngayogyakarta, badhe ngrembag bab tatacara adat penganten
tuwin busana ingkang badhe dipunangge dening Pratiwi tigangwulan malih.
Ibu Barata
Ibu Kusuma
Ibu Barata
Ibu Kusuma
Ibu Barata
Ibu Kusuma
Pratiwi
Bu Kusuma
Pratiwi
: ”Kulanuwun....”
: ”E... BU Barata, mangga BU, mangga Nak, katuran lenggah.
Sugeng Bu, sugeng Nak?”
: ”Pangestunipun ...wilujeng sakonduripun Bu Kusuma rak nggih
wilujeng ta BU?”
: ”Inggih pangestunipun BU Barata inggih tansah manggih
karahayon.... kagungan kersa menapa Bu? Njanur gunung Bu
Barata rawuh dhateng griya kula?”
: ”Menika Bu, anak kula Pratiwi badhe nyuwun pirsa bab busana
penganten gagrag Ngayogyakarta, mliginipun busana Paes
Ageng Kanigaran. Menawi boten wonten pambengan tigang
wlan malih badhe dados manten. Kaliyan kepareng matur
benjing nyuwun dipunbusanani”.
: ”O,... mekaten kersanipun, lha sing arep disuwunke pirsa apa ta
Nak?”
: ”Bab tatacara adat lan busananipun penganten BU?”
: ”Bab tatacara adat ing kabudayan Jawa mligine Ngayogyakarta,
kawiwitan saka slametan utawa wilujengan amrih apa kang
bakal katindakake tansah slamet ora ana alangan sawiji apa.
Sabanjure pasang tuwuhan lan bleketepe. Tuwuhan dipasng ing
korining pawiwahan, ana tebu , cengkir gadhing, ron kluwih,
pisang raja, lsp. Dene bleketepe dipasang neng payon,
minangka pralambang yen wong tuwa kuwi minangka
pangayoman.”
: ”Wah kathah sanget Bu, mangkih kula cathet kemawon, kaliyan
kula kepengin mangertos menapa bedanipun busana
penganten Paes Ageng kaliyan buasa penganten Paes Ageng
Kanigaran? Estunipun Ibu kula kepengin sanget sawanci-wanci
Bu Kusuma
Pratiwi
kula emah-emah supados ngangge busana Paes Ageng,
nanging kula boten purun, jalaran menawi ngangge rasukan
menika kula lingsem”.
: ”O... sejatine ora akeh bedane. Paesing pasuryan, ukel, dodot,
selop, sangsangan, canela, gelang, kelat bahu, kabeh padha.
Bedane mung ana ing rasukan lan kuluk. Kanggo busana Paes
Ageng nganggo kuluk Matak waranane biru laut, dene Paes
Ageng Kanigara nganggo kuluk Kanigaran warnane ireng
diparingi plisir benang emas. Bab rasukan, yen busana Paes
Ageng kuwi penganten kakung dalah penganten putri ora
ngagem rasukan. Kanggo busana penganten Paes Ageng
Kanigaran, penganten kakung putri ngagem rasukan. Supaya
cetha iki ana fotone, ditingali wae”.
: ”Inggih.... Bu , matur nuwun”.
KD 3 : Memahami pesan moral dalam teks sastra Jawa
A. NYAMPING KAGUNGANE EYANG
Langite katon mendhung angendhanu, ampak-ampake kandel dadi pepalang tumrap
wong kang arep ndeleng sesawangan ing sakiwa tengening Bandara Sepinggan,
Balikpapan. Esuk kuwi kira-kira jam 08.00 WITA. Saka corong pengumuman keprungu wara-
wara yen motor mabur Garuda kang tumuju Ngayogyakarta liwat surabaya diundur rong jam.
Ya ora mokal, wong ampak-ampake kandel banget, gajege pilote rada ringa-ringa yen arep
take off. Kabeh kuwi amarga saka akehe alas kang kobong.
Karo lungguh ngenteni wektu kang wis ditemtokake, gagasane Pratiwi dadi nglangut.
Telung taun kepungkur, sawise winisudha sarjana, dheweke ditampa nyambut gawe ana
BUMN kang kondhang ing Balikpapan. Niyate nalika semana, dheweke pancen kepingin
lunga adoh ninggalake kutha Ngayogyakarta, kutha kelairane. Kutha kang tansah ngelingake
Pratiwi marang Wisnu sawijining pemudha sing tau dadi geganthilaning atine. Wisnu bocahe
mrebawani, pakulitane rada ireng nembaga sinangling, manis banget, alise kandel. Dhasare
Wisnu dadi ketua OSIS, ya ora mokal yen akeh bocah putri sing seneng marang Wisnu, mula
Pratiwi ya rumangsa mongkog dadi kekasihe Wisnu. Eyange putri nate ngendika yen Pratiwi
karo Wisnu pancen pacangan serasi.
Lulus saka SMA Wisnu kuliah ana ITB Bandung. Seminggu rong minggu Wisnu
tansah kirim kabar srana tilpun, kala-kala ya nganggo layang lan ngelingke supaya Pratiwi
tansah sregep sinau. Wektu semana Pratiwi ya wis lulus SMA. Dheweke kuliah ing UNY
Program Studi Bahasa Inggris. Neng UNY jane ya akeh sing nyedhaki, nanging atine Pratiwi
wis kebacut digondhol Wisnu menyang Bandung.
Sawijining sore Eyange Putri nimbali Pratiwi. Ngendikane Eyang Putri :
“ Wik renea Ndhuk, mlebua kamare Eyang kene”. Pratiwi banjur mlebu kamare
Eyange. “ Umurmu pira Ndhuk saiki?” pandangune eyange. Wangsulane Pratiwi,”Kalih likur
Yang”. Eyange putri mendel karo mriksani, njur ngendika maneh, “ Wah … wis diwasa kowe
Wik”. Suk yen wis lulus ndang dadi manten wae ya Ndhuk! Iki Eyang wis nyawisi
sandhangan dinggo midadareni, ijab, lan panggih. Kanggo midodareni iki nganggo
nyamping Wahyu Tumurun, yen ijab nganggo Sida Asih. Lha yen panggih kudu nganggo
Sida Mukti, supaya ing tembe uripmu mukti ya Ndhuk! Iki nyampinge Eyang Putri biyen
sawitan karo Eyang Kakung. Nyamping-nyamping iki bathik tulis alus tenan, sing mbathik
Eyang dhewe lho …. Mengko pas panggih kowe nganggo kebayak kuning gadhing dene
Wisnu ben nganggo surjan sing wernane uga kuning gadhing. Wah mesthi kaya Bathara
Wisnu Karo Dewi Pratiwi ngejawantah. Yen kanggo resepsine nganggo ageman Kanigaran
wae ya Wik! Coba waspadakna nyampinge simbah iki, Wik!”
Wahyu Tumurun Sida Asih Sida Mukti
“Halo … halo … pengumuman … penumpang pesawat dengan nomer penerbangan
17 tujuan Yogyakarta segera diberangkatkan. Para penumpang dipersilahkan menuju
pesawat melalui pintu V”. Gragapan ….. Pratiwi enggal-enggal nyaut tas cangklong sing
diseleh ing sandhinge. Sanajan jumangkah tumuju kori V, pikirane Pratiwi tansah kelingan
welinge Eyange, samangsa dadi manten supaya nganggo nyamping Sida Mukti lan kebayak
kuning gadhing.
Lungguh cedhak cendhela, atine Pratiwi kaya rinujit-rujit. Dina Wage Kemis sesuk
pengetan mendhak pisan sedane Eyange Putri. Pepinginane Eyange Putri supaya Pratiwi
nganggo nyamping Sida Mukti sesandhingan karo Wisnu ora bakal klakon. Wisnu wis omah-
omah kecanthol mojang Priyangan, malah kabare saiki wis duwe momongan. Ora krasa
eluhe Pratiwi ndlewer nelesi pipine ….
Sawise ngelapi eluhe, liwat cendhela motor mabur, Pratiwi ndeleng mangisor katon
laut Jawa …. Ing sela-selaning mega kaya-kaya ana nom-noman sing lagi mesem marang
dheweke …. Christian Sugiono. Gelem apa ora ya …. Christian dibebedi nganggo nyamping
kagungane eyang?
B. UBARAMPE PASRAH SANGGAN SAHA LAMBANG
KALPIKA, TATACARA DHAUP
Ubarampening adicara pasrah sanggan saha lambang kalpika kados ing ngandhap
menika :
1. Kalpika. Maknanipun: tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan
boten wonten telasipun, saking awal lan akhiripun, saking donya dumugi
delahan.
2. Ageman putri sapengadeg. Maknanipun: Putra kakung badhe nyekapi
sedaya kabetahaning garwa nutupi sedaya wewados utawi saru sikuning
garwa, ngemuli lair lan batosipun satemah boten kacingkrangan.
3. Rerenggan pelik-pelik. Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi
sumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken
kuceming garwa satemah saged dados tepa palupining brayat.
4. Jadah, Wajik, Jenang, Lsp. Maknanipun : Nadyan awujud jalu tanapi
wanita saged saeka kapti ing pakarti saeka praya ing sedya.
5. Woh-wohan. Maknanipun : Mugi tresnanipun temanten kekalih saged
mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nun
inggih palakrama
6. Suruh Ayu lan Pisang Ayu. Maknanipun : Suruh lumah lawan kurep beda
ananging yen digeget nunggal rasane. Priya lan wanita menawi sampun
dados jatu kramanipun badhe manunggal ing cipta rasa miwah karsanipun.
Pisang limrahipun pisang raja, amrih tumindakipun temanten pinindha raja
ingkang sarwa-sarwi tanggel jawab.
7. Cengkir Gadhing. Maknanipun : Cengkir menika isi toya ingkang suci,
mugi tresnanipun jalwesrti wau linambaran tresna ingkang suci.
8. Arta utawi Buwuh. Maknanipun : Buwuh menawi dipunkerata dados
imbuh-imbuh anggenipun bahde ewuh. Tiyang badhe mantu menika
betahaken wragad ingkang boten sekedhik.
9. Urip-uripan sajodho. Maknanipun : ingkang bahde jejodhohan sageda
tanggel jawab dhumateng brayatipun.
Urut-urutaning upacara dhauping temanten utawi panggih sarta maknanipun
kados ing ngandhap menika :
1. Penganten putri miyos
Penganten putrid miyos saking tepas wangi kalenggahaken ing sasana
rinegga. Miyosipun dipunkanthi dening rama, ibu miwah juru sumbaga.
2. Penganten kakung rawuh
Rawuhipun penganten kakung limarahipun kadherekaken pangombyong
saking pinisepuh, tiyang sepuh, sanak kadang cinaket.
3. Pasrah tinampi penganten
Pasrah tampi inggih menika tiyang sepuhipun CPK masrahaken CPK
dhumateng tiyang sepuhipun CPP saprelu dipunijabaken.
Adicara pasrah temanten dipunadani menawi:
a. Ijab sampun kalampahan ing wanci kepengker, dados adicara
ngemungaken pawiwahan dhaup. Adicara pasrahipun penganten kakung
saprelu kadhaupaken kaliyan temanten putri.
b. Ijab badhe kalampahan dados setunggal kaliyan rerangkening
pawiwahan. CPK kapasarhaken dhumateng tiyang sepuh CPP saprelu
kaijabaken lan kadhaupaken kaliyan rising temanten putri.
4. Panggih/dhaup, kanthi rerangken upacara:
a. Balangan gantal
Gantalipun temanten putri kawastanan gondhang kasih, tegesipun
sisang temanten putri tansaha kagungan rasa tresna asih dhateng
kakung. Gantalipun temanten kakung kawastanan gondhang tutur,
maknanipun temanten kakung saged dados guru lakinipun temanten
putri ingkang tansah paring wewarah saha pitutur dhumateng garwa.
b. Minggah pasangan linambaran ron pisang.
Temanten kekalih ingkang pinindha raja lan prameswari minggah
pasangan. Tegesipun bilih temanten kekalih saestu sampun dados
pasangan ingkang sejati.
c. Mecah tigan
Ngemu suraos bilih nalaripun temanten kakung sampun pecah, samekta
mengku saha dados suhing kulawarga.
d. Nyuceni Suku
Tegesipun, mugi ical salwiring sukerta kalis ing sambekala.
e. Ngunjuk toya saking kendhi pratala
Tegesipun sasampunipun pecah nalaripun sageda menggalih samukawis
kanthi wening.
f. Sinengepan sindur
Tegesipun tiyang sepuh taksih kersa paring wewarah saha pitedah lan
paring dongan pangestu amrih gesangipun ingkang putra kekalih
manggih kamulyan.
5. Upacara Adat Jawa
a. Bobot Timbang : Kanthi timbang katresnane rama lan ibu, mugi saged
kasembadan kamulyaning gesang temanten sarimbit.
b. Wisudha Temanten : Tiyang sepuh sampun saged ngentasake keng
putra saprelu bangun bale griya piyambak.
c. Kacar-kucur : Temanten kakung badhe nuhoni tanggel jawabipun
minangka kakung, paring guna kaya dhateng pawestri.
d. Dulangan : penganten kakung sinengkuyung penganten putri badhe
budidaya manunggaling brayat, boten badhe pepisahan.
e. Bubak kawah : tiyang sepuh sampun kepareng kasil nuhoni jejibahan
kanthi malakramakaken putra putrinipun.
f. Tumplak punjen : Sampun boten badhe mantu malih.
g. Sungkeman : Temanten nyuwun donga pangestu dhateng tiyang sepun
saprelu nglampahi gesang bebrayan enggal.
h. Kirab : salin busana
KD 4 : Memahami dan menganalisis karya jurnalistik
LUNTURING BUDAYA SJL (srawung, jagong, layat)
Rikala mapag pengetan 61 taun kamardikan RI me kabeh stasiun TV lan ora keri
ariwarti, padha umyeg mbabarake omongan bab kandel tipise rasa nasionalisme kang
didarbeni saiki. Nitik kahanan padinan katone kang aran semangat nasionalisme awake
dhewe wis tipis. Rembug mau lumrah. Jalaran apa? Generasi mudha sajak wis ora tepung
maneh karo budayane. Babagan ngendi sing isih bisa diagul-agulke? Jare ujaring kandha,
bangsa kita darbe budaya adi luhung. Kasunyatane uripe seni budaya sajak kangelan tuwuh
ngrembaka. Jare Indonesia kuwi bangsa kang sumeh, grapyak ing pasrawungan nanging
kasunyatane gampang kebrangas kanepson utawa anarkhis, ora bisa nuwuhake rasa sukur
tumrap peparinge Gusti Allah.
Bangsa Indonesi, mligine suku Jawa uga duwe budaya adi luhung kang dadi werdine
wong urip bebrayan. Budaya mau aran SJL. Irah-irahan SJL miturutpangandikane dhalang
misuwur saka Surakarta, ura liya werdine yaiku: Srawung, Jagong, lan Layat. Rikalane
limbukan, Ki Dhalang mratelakake, yen tetelune kuwi mujudake paugeraning wong urip neng
ngalam ndonya. Apa tri paugeran kasebut isih katindakake tumrap saben warganing
masyarakat? Wangsulane cekak aos wae, Wallahualam. Sajake yen dititi tenan, ing bab
srawung isih adoh saka panjangka. Geleme srawung yen ana pamrihe, dene yen wus
katekan karepe ya ditinggal semprung ngono wae. Bebasane, “ada udang di balik batu”.
Sabunjure ayo ngrembug bab budaya layat. Bab layat tumrap sedulur kang lagi
nandang duhkita, sajak setali tiga uang, jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon.
Pengalaman pait saka mitra mitrane penulis PS. Panjenengane durung suwe iki, kanthi
kebak rasa trenyuh, dheweke nyritakake nalika kesripahan mbakyu pembayune sing wadon.
Warta lelayu wis dikirim marang instansine sing lanag, semono uga marang paguyuban
pensiunan sarta pengurus koperasi pensiunan. Nanging apa kang dumadi? Tetela saka
instansi nalika dheweke ngabdi 25 taun lawase, ora digatekake babar pisan. Aja maneh ana
layang sasuwek kang mratelakake melu belasungkawa, mitra sawiji wae ora ana sing teka
layat. Ah … kok memelas banget nasibe.
Sabanjure mitrane penulis mau kanthi kekembang waspane, mratelakake prihatine.
Terus terang dhewke ora mikirake antuk dana bela sungkawa apa maneh sing aran
santunan, jer kabeh mau wis kapasrahake lan ana kang ngurusi dhewe. Sing digumuni kok
ya kaya mengkono patrape para mitrane. Sajroning swasana dhuhkita, koko ya isih ana
“mungli” barang. Maune dipetung bakal antuk pangentheng-entheng prabeya saka
perusahaan jasa kematian, ora ngertia saka dana santunan kang ditimpa, malah kudu isih
nombok. Bebasane wus kelangan kulawarga isih kesandhung pethi mati. Dikira menawa
perusahaan mau nirlaba (ana unsur sosiale) malahan kebak mawa petungan.
Liding omongan, majuning era kesejagadan lan modernisasi kang disengkuyung
teknonlgi kang canggih pancen ora bisa diselaki. Bab iki merbawani tumindake saben
pawongan kudu sarwa instan. Anane pesawat telpon upamane, tetela bisa nyingget wektu
ananging ngedohake silaturahmi. Tuladha liyane, halal bi halal maune cukup mawa kirim
layang , saiki diganti mawa SMS. Pesawat telepon lan kirim kartu idulfitri wis ora njamani
maneh. Yen kabeh mau wis bisa kantindakake sarana SMS, lha kapan bisa ketemu karo
priyayine kang kawongan? Ya kemajuan teknologi iki kang njalari budaya SJL banjur dadi
luntur. Menawa kita ora kuwat anggone mbetengi budayane dhewe kang adi luhung, temtu
bakal suwe mijet wohing ranti, kalindhih dening budaya manca kang tuhu ora cundhuk karo
kapribaden kula lan panjenengan. Nuwun. (Eyange Tita)
KD 5 : Menulis surat resmi berbahasa Jawa
A. Pangertosan bab Serat
Serat (layang) tumraping bebrayan Jawi taksih asring kaginakaken. Bakunipun serat
wau kangge sarana mahyakaken gagasan. Serat saged kaperang dados kalih werni, inggih
menika: (1) serat resmi saha (2) serat boten resmi. Serat boten resmi saged kadamel
pribadhi ugi saged kadamel dening instansi. Limrahipun serat resmi badhe ngemot bab-bab
ingkang boten wadi (personal). Pramila saking menika basanipun ugi ketingal gumathok.
Suwalikipun, serat boten resmi adatipun kalebet serat wadi. Ingkang damel inggih
menika pribadhi, katujokaken dhumateng tiyang sanes. Serat antawisipun siswa SMA
dhumateng kekasihipun temtu klebet surat pribadhi. Liripun basa saha isinipun langkung
mardika, kepara boten wonten pathokan mirunggan.
Surat resmi saha boten resmi sejatosipun meh sami blegeripun. Paling boten serat
wau ngemot (a) titi mangsa, (b) ingkang katuju, (c) ingkang ngirim, (d) pakurmatan, (e)
wosipun, (f) panutup, (g) tandha tangan (tapak asma). Reroncening serat makaten ugi asring
owah gingsir. Dumugi semanten saged dipunmangertosi bilih ingkang kagolong serat resmi,
sampun boten asring kesrambah. Serat resmi kadosta serat lamaran, sampun boten asring
ngginakaken basa Jawa. Serat resmi ingkang taksih ngginakaken basa Jawa inggih menika
serat undhangan (sedhahan).
Serat sedhahan sawau ugi sampun winates penganggenipun, mligi kangge ngaturi
adicara ingkang gegayutan kaliyan adat tatacara Jawa. Sinaosa makaten ugi asring wonten
serat sedhahan sanes ingkang ngginakaken basa Jawa. Serat sedhahan limrahipun mawi
basa Jawa krama. Ing pengangkah supados ingkang kintun serat rumaos ngaosi dhumateng
ingkang katuju.
B. Tuladha Serat Resmi
RUKUN KAMPUNG NGRUKEMSekretariat: Ngrukem, Rt 18, Telp. 08156805293
Bab : Sedhahan Suran 18 Januari 2007
Katur. Bapak/Ibu …………. Sakulawarga
ing Ngrukem
Assalamu’alaikum wr. wb.
Rinengga sagunging kabagyan,
Panitia Tirakatan Malem Siji Sura 2007 ngajeng-ajeng rawuh
Panjengan benjing:
Dinten/tanggal : Jumat, 19 Januari 2007
Titi wanci : Jam 20.00 – purna
Papan : Srambi Masjid Aridla Ngrukem
Adicara : Tahlil saha Tirakatan
Mekaten serat sedhahan saking panitia, saderengipun kaaturaken
agenging panuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Ndherek ngajeng-ajeng rawuhipun:
Ketua RK Ngrukem
Drs. H. Budirejo
C. Tuladha Serat Boten Resmi
Yogya, 17 Januari 2007
Katur Bapak/Ibu ……………….ing Purworejo
Kabar kula sae-sae kemawon. Mugi-mugi ing griya ugi makaten. Kajawi saking menika Pak/Bu, caos uninga bilih sekolah kula ing liburan Juli 2007 badhe piknik dhateng Bali. Mbayaripun saben siswa 500 atus ewu. Mila kula nyuwun kacawisaken, minggu ngajeng Insya Allah kula wangsul. Dene menawi kula ribed, boten saged wangsul, kula aturi mbeselaken kados biasanipun. Saderengipun matur nuwun. Nuwun.Sujud sungkem kula katur Bapak/Ibu. Kathah lepat nyuwun pangapunten. Pun nggih.
Kula,
Sabariman
Serat Resmi Basa Jawa
Serat (layang) tumraping bebrayan Jawa taksih asring kaginakaken. Bakunipun serat wau
kangge : sarana mahyakaken gagasan.
Serat saged kaperang dados kalih werni, inggih menika:
1. Serat resmi saha, titikanipun :
a. Saged kadamel pribadi utawi dening instansi
b. Limrahipun ngemot bab-bab ingkang boten wadi
c. Basanipun ketingal gumathok
2. Serat boten resm, titikanipun :
a. Ingkang damel pribadi
b. Adatipun kalebet serat wadi
c. Basa lan wosipun mardika
d. Boten wonten pathokan ingkang mirunggan.
Wujudipun serat Jawa :
1. Serat ulem/sedhahan
2. Serat lelayu
3. Serat Iber-iber
4. Serat dhawuh
5. Serat Kitir
6. Serat Prajanjen
Serat resmi saha boten resmi sejatosipun meh sami blegeripun. Paling boten serat wau
ngemot :
1. titi mangsa : papan lan wekdal damel serat.
2. ingkang katuju,
3. ingkang ngirim : peprenah
4. pakurmatan : adangiyah
5. pambuka : kabar keslametan lan donga pangestu.
6. wosipun : suraosing serat.
7. panutup : nyuwun pangapunten lan pangajeng-ajeng.
8. tandha tangan (tapak asma).
Reroncening serat makaten ugi asring owah gingsir. Dumugi semanten saged
dipunmangertosi bilih ingkang kagolong serat resmi, sampun boten asring kesrambah.
Serat resmi kadosta serat lamaran, sampun boten asring ngginakaken basa Jawa. Serat
resmi ingkang taksih ngginakaken basa Jawa inggih menika serat undhangan
(sedhahan).
Serat sedhahan sawau ugi sampun winates penganggenipun, mligi kangge ngaturi
adicara ingkang gegayutan kaliyan adat tatacara Jawa. Sinaosa makaten ugi asring
wonten serat sedhahan sanes ingkang ngginakaken basa Jawa. Serat sedhahan
limrahipun mawi basa Jawa krama. Ing pengangkah supados ingkang kintun serat
rumaos ngaosi dhumateng ingkang katuju.
Tuladha Serat Resmi :
RUKUN KAMPUNG NGRUKEMSekretariat: Ngrukem, Rt 18, Telp. 08156805293
Bab : Sedhahan Suran 18 Januari 2007
Katur. Bapak/Ibu …………. Sakulawarga
ing Ngrukem
Assalamu’alaikum wr. wb.
Rinengga sagunging kabagyan,
Panitia Tirakatan Malem Siji Sura 2007 ngajeng-ajeng rawuh
Panjengan benjing:
Dinten/tanggal : Minggu, 19 Januari 2009
Titi wanci : Jam 20.00 – purna
Papan : Srambi Masjid Aridla Ngrukem
Adicara : Tahlil saha Tirakatan
Mekaten serat sedhahan saking panitia, saderengipun kaaturaken
agenging panuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Ndherek ngajeng-ajeng rawuhipun:
Ketua RK Ngrukem
Drs. H. Budirejo
Tuladha Serat Boten Resmi
Yogya, 17 Januari 2007
Katur Bapak/Ibu ……………….ing Purworejo
Kabar kula sae-sae kemawon. Mugi-mugi ing griya ugi makaten. Kajawi saking menika Pak/Bu, caos uninga bilih sekolah kula ing liburan Juli 2007 badhe piknik dhateng Bali. Mbayaripun saben siswa 500 atus ewu. Mila kula nyuwun kacawisaken, minggu ngajeng Insya Allah kula wangsul. Dene menawi kula ribed, boten saged wangsul, kula aturi mbeselaken kados biasanipun. Saderengipun matur nuwun. Nuwun.Sujud sungkem kula katur Bapak/Ibu. Kathah lepat nyuwun pangapunten. Pun nggih.
Kula,
Sabariman
top related