document5

4
Wong Koplak Ngelamar Kerjo Ketemu Bos Kenthir Setting dialog lucu koplak ini di sebuah gedung perkantoran di pagi hari sebelum jam kantor buka. Cuk,Seorang pemuda datang bawa surat lamaran. Di loby kantor duduk pria setengah baya berpakaian necis layaknya boss... Sinambi ngunjuk wedang kopi, dhahar telo goreng kaliyan nyedot rokok klobot... sumonggo maos lelucone tiyang Jawi lucu koplak punika. Mugi saget dados tombo ati ingkang nembe sumpek sak wangsule nyambut gawe. Mung, nuwun sewu sak derenge. Dialog niki ngagem boso Jowo kasar Suroboyoan utawi Jawa Timuran. Sugeng midangetaken, Monggo.... Dialog Koplak... action!! Cuk: Kulonuwun.... Cak: Sopo? Cuk: Kulo... Cak: Kulo sopo? Cuk: Kulonuwun... Cak: Maksute jenenge sampean iku sopo? Cuk: Kulo Cuk... Cak: We lhadalah... bocah iki kenthir tenan. Ditakoni jenenge kok malah misuh! Cuk: Sinten sing misuh? Jenenge kulo niku pancen Cuk... Cukijan bin Cukirman Cak: Oalah... tak kiro misuh. Ono perlu opo? Cuk: Bade nglamar Cak: Nglamar aku? Cuk: Nggih mboten to, pak... Lha lah nopo kulo nglamar sampean niku? Cak: Sopo ngerti kon wis sempel kate nglamar podo lanange Cuk: Wah... panjenengan niki jian pinter nek ngenyek. Elek elek ngaten niki kulo sek normal, pak... Cak: Wahaha... kon iki elek kok bangga Cuk: Masio elek tapi kulo niki kathah rondo sing madosi lho pak... Cak: Walah!! Modelmu... rondo tukang nagih utang to?

Upload: rizsa-aulia-danesty

Post on 08-Jul-2016

245 views

Category:

Documents


5 download

DESCRIPTION

p

TRANSCRIPT

Page 1: Document5

Wong Koplak Ngelamar Kerjo Ketemu Bos Kenthir

Setting dialog lucu koplak ini di sebuah gedung perkantoran di pagi hari sebelum jam kantor buka. Cuk,Seorang pemuda datang bawa surat lamaran. Di loby kantor duduk pria setengah baya berpakaian necis layaknya boss...

Sinambi ngunjuk wedang kopi, dhahar telo goreng kaliyan nyedot rokok klobot... sumonggo maos lelucone tiyang Jawi lucu koplak punika. Mugi saget dados tombo ati ingkang nembe sumpek sak wangsule nyambut gawe. Mung, nuwun sewu sak derenge. Dialog niki ngagem boso Jowo kasar Suroboyoan utawi Jawa Timuran. Sugeng midangetaken, Monggo....

Dialog Koplak... action!!

Cuk: Kulonuwun....Cak: Sopo?Cuk: Kulo...Cak: Kulo sopo?Cuk: Kulonuwun...Cak: Maksute jenenge sampean iku sopo?Cuk: Kulo Cuk...

Cak: We lhadalah... bocah iki kenthir tenan. Ditakoni jenenge kok malah misuh!Cuk: Sinten sing misuh? Jenenge kulo niku pancen Cuk... Cukijan bin CukirmanCak: Oalah... tak kiro misuh. Ono perlu opo?Cuk: Bade nglamarCak: Nglamar aku?Cuk: Nggih mboten to, pak... Lha lah nopo kulo nglamar sampean niku?Cak: Sopo ngerti kon wis sempel kate nglamar podo lanangeCuk: Wah... panjenengan niki jian pinter nek ngenyek. Elek elek ngaten niki kulo sek normal, pak...Cak: Wahaha... kon iki elek kok banggaCuk: Masio elek tapi kulo niki kathah rondo sing madosi lho pak...Cak: Walah!! Modelmu... rondo tukang nagih utang to?Cuk: Bapak niku ngertos mawon hahaha...

Cak: Wis, ojo cengengesan. Kon mrene iku arep nglamar sopo?Cuk: Nglamar gawean, pak...Cak: Kon salah alamat. Nok kene ora ono arek wedok sing jenenge Gawean. Anane Mbah Gowang, umure wis 70 tahun. Gelem ngrabi tah?Cuk: Maksud kulo nglamar kerjaan, pak... Mboten nglamar embah embah...

Page 2: Document5

Cak: Oo... gak ngomong kaet mauCuk: Lha kulo sampun matur sampean malah ngajak guyonCak: Mending diajak guyon to timbang diajak carok?

Cuk: Panjenengan saget mawon... Pripun pak?Cak: Pripun yo’ opo maksudmu?Cuk: Wonten lowongan mboten?Cak: Awakmu iki sakjane golek lowongan opo kerjaan?Cuk: Kan sami mawon ta, Pak?Cak: Bedo... nek kerjaan iku nggone wong kerja. Nek lowongan iku panggonan sing lowong. Contone sumur, lawang... Termasuk lambemu barang iku jenenge lowonganCuk: Sak karepe sampean mpun... sing waras ngalahCak: Yo mesti sing waras kudu ngalah... nek wong loro kongkon ngalah, dipan rumah sakit kae kebek wong waras. Sing loro malah turu nok ngisorCuk: Nggih mpun kulo nurut. Sak niki wonten kerjaan mboten?Cak: Akeh. Nok njero kantor kae panggonane wong kerjo thok. Sak karepmu milih kerjo sing endi? Sing bagian nduwuran opo sing ngisoran?Cuk: Nek sing nduwuran niku bagian nopo, pak?Cak: Bagian nyekeli penangkal petir. Dadi awakmu nangkring nok nduwur kono pas wayah udan. Nek ono bledek, ndang sauten trus kesakono

Cuk: Weh... lak modar aku!!Cak: Lha jarene njaluk kerjo bagian nduwur...Cuk: Mboten siyos nek ngoten. Dereng sempet gajian kok wis matek disikCak: Opo kerja sing bagian ngisor wae?Cuk: Bagian nopo niku? Nduduk lemah damel ngubur sampean ngoten tah?Cak: Wahaha... Kon iku sembarangan ae. Bojoku isek ayu kinyis kinyis mosok arep tak tinggal matek, Cuk!!

Cuk: Mboten usah kuatir, pak... Nek sampean mati kulo siap nampani randane kokCak: Ancene bocah jancuk! Ngomong karo wong tuwek sak penake dewe ae. Durung pernah dibalang watu wong buntung yo?Cuk: Guyon pak... Ampun nesu ngaten tah, nggarahi irunge tambah mekar mawon hahahaCak: Irung mekar ndasmu sempal...!! prasamu aku iki dagelan Cak Baseman ngono tah? Wis ojo cengengesan. Pingin kerjo po ra?Cuk: Nggih pingin, Pak. Lha kerjo ngisoran niku teng pundi?Cak: Sek tak takoni disik. Sak durunge kon duwe pengalaman kerja opo?Cuk: Tukang becakCak: Wah cocok iki. Kebeneran ono lowongan kerja sing sesuai karo keahlianmu. Iki juragane golek karyawan arep ditugaske nok kapal selamCuk: Wah mbois tenan niku. Gajine mesti gede tur dibayar nganggo duit dollar

Page 3: Document5

Cak: Yo mesti rek... sing nduwe ae wong LondoCuk: Nggih, kulo purun, pak. Nanging tugase kulo teng kapal selam niku nopo?Cak: Gampang. Tugasmu nyurung kapal selam nek pas mogok

Cuk: Biyuh biyuh... Kapal selam padakno karo becak. Durung nyurung wis dicaplok karo iwak hiuCak: Jare njaluk kerjaan sing bagian ngisor. Yo iku sing paling ngisor deweCuk: Prei kiri mawon mpunCak: Ra gelem yo wis. Aku yo ra pathek’en!Cuk: Ehm... nek sing bagian tengah tengah wonten?Cak: Ono, bagian pijet. Iso mijet ora?Cuk: Wah..., soal mijit memijit nggih ahline. Biasane nek pas mangkal ngenteni penumpang biasane pijet pijetan karo konco mbecak liyane. Lha niki mijeti jaler nopo estri?Cak: Sak karepmu. Pingin mijet lanang opo wedok?Cuk: Kulo milih mijet sing wedok mawon. Mesti wuenak tenan niku... iso ngucel ucel barang sing.... weleh weleh, hihihi.....isin aku....

Cak: Ancene otak mesum kon iku. Yo wis, nek ngono mulai mene kon mlebuo nyambut gaweCuk: Saestu? Kulo ditampi kerja?Cak: Wah! Sak liyane dubleg, kupinge arek iki cureken pisan tibakno. Ya mesti ditrimo...Cuk: Matur nuwun sanget pak... Panjenengan pancen boss sing paling  ngguantengCak: Yo wis, nek ngono mene kon tak enteni nok KBS jam pitu esukCuk: Lho.. kantore mboten teng gedung niki tah?Cak: Sing ngomong kantorku nok kene iku yo sopo? Kantorku nok KBSCuk: Lha terus teng KBS (Kebun Binatang Surabaya) niku mijeti karyawati KBS nek wayah kesel ngoten tah?Cak: Jare sopo kongkon mijeti karyawati KBS sing ayu ayu?Cuk: Terus mijeti sinten?Cak: Mijeti macan karo singo wedok hahahaha.....Cuk: Jiancuuuuk.....!! (misuh karo nguntal pot kembang)

Tiba tiba datang beberapa orang dengan seragam petugas medis datang dan meringkus Cak. Cukpun penasaran dan bertanya pada salah satu petugas medis tersebut.

Cuk: Maaf, Bapak bapak ini dari mana? Kenapa pak direktur itu ditangkap?Medis: Kami dari Rumah Sakit Jiwa. Dan orang ini adalah pasien kami yang lepas.Cuk: Jadi orang ini orang gila? Jiancuk pindo.....!!

Page 4: Document5

Medis: Lho..., kok maki maki saya? Kayaknya ini orang gila juga. Teman teman... Ayo kita bawa juga orang ini ke RSJCuk: Pak...!! Jangan, Pak...!! Aduduh...!! Lepasin saya! Saya bukan orang gila....!! Hey jancok! tolooong...!”

Meskipun meronta ronta, Cukijan bin Cukirman akhirnya dibawa juga ke RSJ. Hahaha...