uts-tak modhik ae prof
DESCRIPTION
Tinthingan Psikologi SastraTRANSCRIPT
PROBLEM PSIKOLOGISE PARAGA UTAMASAJRONE CERKAK TAK MODHIK AE, PROF ANGGITANE TRINIL
ING KALAWARTI JAYA BAYA MINGGU II NOVEMBER 2015
Ah. Syahrul Rahmat12020114047
2012-BS1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, FBS-Unesa
A. Purwaka
Manungsa urip ing donya ora bisa uwal saka apa kang diarani tresna. Tresna kuwi
bisa diwujudake antara sapa wae, antara wong wadon karo wong lanang utawa antara
manungsa siji lan sijine. Amarga tresna kuwi ora bisa diwatesi marang sapa tuwuhe.
Tuwuhe tresna ora bisa dikira-kira kapan lan mapan ana ngendi. Sing mesthi tresna kuwi
bakal dirasake dening sakabehe manungsa ing donya kang ana gayutane karo
sesambungane manungsa siji lan sijine.
Sesambungan antarane manungsa iku duweni perbawa sing gedhe tumrap
panguripane sing nandhang. Sesambungan kaya mangkana bisa duweni werna kahanan
seneng, bungah, anyel, pegel lan gething. Sesambungan kang duweni maneka werna rasa
pangrasa mau banjur nuwuhake sikap utawa tanggepan wong sing ana ing sesambungan
mau. Sikap-sikap iki minangka perwujudan saka Id sing diwujudake dening ego nanging
isih oleh pertimbangan saka superegone.
Sesambungan kang apik tumrap manungsa bisa nuwuhake rasa tresna antarane
manungsa siji lan manungsa liyane. Rasa tresna iku bisa tuwuh marang sapa wae. Tresna
tegese salah sawijine rasa seneng banget marang pawongan liya. Senajan rasa tresna kuwi
minangka sesambungan antar manungsa kang apik, nanging kadhang kala rasa tresna uga
nuwuhake sesambungan antar manungsa mau malih dadi ora apik. Rasa tresna mau
kadhang kala ora kewales, mula ndadekake rasa lara ati tumrap pawongan liyane. Sawise
lara ati kadhang kala pawongan mau wis ora gelem nyedheki pawongan kag ditresnani,
malahan kanggo nyawang wae ora gelem.
Rasa tresna minangka rasa kang ana ing ati kang dinduweni saben pawongan. Rasa
tresna uga minangka rasa kang tuwuh saka anane emosi diri kang bisa nuwuhake emosi
kang positif sajrone ati manungsa. Rasa tresna bisa ndadekake saben pawongan ngrasa
bahagya ing uripe. Nalika pawongan wis bisa ngrasa bahagya, mula dheweke mesthi ora
kepengin kelangan kabahagyan iku mau. Gegambaran sing kaya ngene uga ana sajrone
reriptan fiksi.
1
UTS
Minangka karya imajiner, crita fiksi asring nyuguhake maneka warna prakara kang
diadhepi manungsa ing uripe. Karya crita fiksi, miturut Nurgiyantoro (2007:2) mujudake
karya kang nyritakake samubarang kang asipat rekaan, khayal, samubarang kang ora ana
lan dudu nyata saengga karya mau ora perlu digoleki bener orane sajroning kasunyatan.
Senajan sajrone crita, pangripta iku ngripta paraga kang urip sajrone lingkungan khayalan
nanging ana gayutane antarane paragaparaga, lan sipate paraga kang bisa dimangerteni
dening pamaos lan bisa ditrima adhedhasar karya sastra. Salah sijine reriptan fiksi iku
yaiku cerkak kang irah-irahane Tak Modhk Ae, Prof! anggitane Trinil kang kapacak ing
kalawarti Jaya Baya minggu II November 2015. Cerkak iku nyritakake kahanane paraga
sing ngempet tresna nganti tumindake kaya wong edan. Saben dina tansah kelingan.
Nanging tresna sing ditandang iku ora kewales. Mula nuwuhake sawijine problem
psikologis tumrap paraga iku.
Adhedhasar andharan ing ndhuwur, cerkak iki bakal katintingi nggunakake teori
psikologi sastra. Teori iki mawas ngenani kedadean psikologis kang dialami dening
paragane. Kanthi analisis struktural mligine ngenani paraga lan pamaragane cerkak iki
bakal dionceki problem psikologis kang ditandang dening paragane. Problem kajiwan
utawa problem batin sing dialami dening paraga sajrone karya sastra bisa dianalisis
migunakake psikologi sastra. Miturut Endraswara (2011:97) sastra lan psikologi iku
padha-padha ngrembug ngenani kajiwane manungsa. Problem kajiwan utawa problem
batin mujudake problem kang dumadi sajroning ati, jiwane paraga (Nurgiyantoro,
2007:124). Psikologi ngrembug kahanan jiwane manungsa kanthi masalah kang nyata.
Dene psikologi ing sastra nyinaoni kahanan jiwane paraga kang asipat imajinatif. Ancas
psikologi satra yaiku mangerteni aspek-aspek kajiwan sing kinandhut sajrone karya sastra
(Ratna, 2013:342). Andharan sing wis diandharake cetha anane sesambungan antarane
psikologi lan sastra. Pangripta ora bisa uwal saka kahanan psikologi sajroning ngripta
paraga critane. Mula saka iku, banjur ana disiplin ilmu psikologi sastra. Panliten ing kene
bakal ngandharake ngenani ilmu psikologi sing digunakake sajrone karya sastra, dudu ilmu
psikologi murni. Teori sing dianggo yaiku teori psikologi kapribaden Sigmung Freud
mligine ngenani prblem psikologis.
Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngonceki unsur psikologis sajrone reriptan
sastra. Kanthi metodhe dheskriptif kuwalitatif, dhata sing ana bakal diandharake struktur
psikologise mligine ngenani problem psikologis. Bogdan lan Taylor (sajroning Moleong,
205:4) ngandharake yen panliten kang asipat kualitatif mujudake panliten kang ngasilake
dhata deskriptif arupa tembung-tembung tinulis utawa lisan saka sawijining pawongan
2
utawa tingkah laku kang digatekake. Pangetrape sipat kualtatif sajroning panliten iki
banjur dilarasake karo teori psikologi sastra.
B. Landhesan Teori
Perangan iki bakal diandharake teori kang digunakake sajrone ngonceki problem
psikologis sajrone cerkak kang irah-irahane Tak Modhk Ae, Prof! anggitane Trinil kang
kapacak ing kalawarti Jaya Baya minggu II November 2015. Teorine kaya mangkene.
1. Sastra lan Psikologi
Psikologi ana sesambungane karo manungsa. Lumrahe, psikologi minangka ilmu
kang nyinaoni ngenani prilaku lan pigunane mentale manungsa kanthi ilmiah. Psikologi
wiwit tuwuh minangka ilmu pasinaonan ing pertengahan abad XIX ing Jerman, kang
didadekake objek yaiku tumindak sadhare pawongan kang normal, dewasa lan nduweni
adab. Prakara iki tuwuh amarga anane pengaruh Descartes, miturut dheweke “cogito ergo
sum” kang maknane netepake objek psikologi yaiku tumindak sadar utawa rasa sadhare
manungsa. Psikologi nduweni jejibahan yaiku nganalisis rasa sadhar kuwi, rasa sadhar
diandharake lan bisa diperang dadi maneka unsur struktural kang sesambungan karo
proses-proses sajrone panca indera, nanging Freud ora sarujuk karo pamawas kasebut.
Miturut pamawas Freud rasa sadhar mung perangan cilik saka sakabehe panguripane ing
donya psikis (Freud sajrone Suryabrata 2011:141). Sesambungan antarane sastra lan
psikologi, ana maneka faktor kang wigati. Kapisan, sawijine sastra kudu nggambarake
kakuwatan lan kapinteran pangriptane. Kaloro, karya sastra kudu nduweni kautaman ing
babagan gagrag lan basa minangka piranti kanggo nyuntak pikiran lan rasane pangripta.
Katelu, prakara gaya, struktur lan tema karya sastra kudu ana sesambungane karo elemen-
elemen kang nggambarake pikiran lan rasane pawongan tertamtu (Minderop, 2010:61-62).
2. Psikologi Sastra
Dhefinisi psikologi sastra bisa diperang dadi papat yaiku kapisan, study psikologi
pengarang kang minangka tipe pribadhi. Kapindho, study proses kreatif. Katelu, study tipe
lan ukum-ukum psikologi kang ana sajrone karya sastra. Kapapat, mangreteni akibate
karya sastra marang pamaca (psikologine pamaca) (Wellek&Warren, 2014:81). Saka
pamawas kasebut nuduhake menawa psikologi sastra bisa ditegesi kanthi amba. Psikologi
sastra nyinaoni babagan psikologis pengarang, proses kreatife nulis karya sastra kang oleh
pengaruh saka peran alam bawah sadhar lan alam sadhare pengarang, psikologine karya
sastra, lan psikologise pamaca.
3
Miturut Endraswara (2011:96) sejatine psikologi sastra yaiku salah sawijine ilmu
kang menehi pamawas tumrap karya sastra minangka wujud aktivitas kajiwane manungsa.
Nyinaoni psikologi sastra sejatine saemper karo nyinaoni manungsa ing perangan luwih
jero. Anane psikologi sastra nduweni guna kang wigati tumrap panliten karya sastra
(Endraswara, 2011:15). Bab kasebut dijalari tanpa anane psikologi sastra, maneka aspek-
aspek kajiwan kang tuwuh ing karya sastra ora bisa dingerteni kanthi cetha.
3. Teori Psikologi Sigmond Freud
Kasenengan, nesu, wedi, lan sedhih kerep diarani minangka emosi kang paling
mendhasar (primary emoticons). Kahanan kang dialami mengkono bisa mangaribawani
apa kang bakal dilakoni ing urip bebrayan iki. Kayata gething marang wong liya bisa
mangaribawani perasaan nesu, cemburu, lan iri hati. Titikan kang khas kanggo
mratandhani gething yaiku kapenginan kanggo mbuwang bab kang digethingi iku mau.
Rasa gething mau bisa ilang yen kita nduweni rasa tresna marang pawongan kasebut.
Masiya sejatine rasa tresna uga bisa njalari pawongan gething marang wong liya. Bab iku
dititiki kanthi maneka werna panyebab. Mula rasa tresna uga kalebu sub bab ing andharan
iki.
a. Tresna
Tresna kang satemene gumantung ing individu lan objek tresna iku dhewe
(kapenginan kanggo urip bebarengan). Rasa tresna nduweni maneka werna bentuk utawa
wujud. Intensitas pengalaman uga nduweni rentang saka kang paling lembut nganti kang
paling jeru. Esensi rasa tresna yaiku rasa kepencut dening wong liya kanthi pengarep-arep
suwalike. Tresna dieloni rasa setya lan rasa sayang. Ana kang ngarani yen trena iku ora
mentingake diri pribadi, yen ora kaya mangkono ateges dudu tresna sejati (Minderop,
2011:45).
b. Kuciwa
Miturut Minderop (2011:43), rasa kuciwa nduweni sesambungan karo kelangan
samubarang kang wigati utawa nduweni nilai. Intensitas rasa kuciwa saben pawongan
gumantung ing nilai, lumrahe rasa sedhih kang jeru dialami yen kelangan wong kang
ditresnani. Rasa kuciwa uga dialami yen pawongan kelangan samubarang tartamtu kang
ndadekake anane rasa nyesel ing njero ati.
Rasa kuciwa kang terus-terusan bisa njalari anane depresi lan putus asa (Parkes
sajrone Minderop, 2011:44). Depresi lan putus asa iku mau bisa dadi rasa kuwatir utawa
cemas kang njalari anane insomnia, ora doyan mangan, tuwuh rasa jengkel lan gampang
4
nesu. Krana gampang nesu iku mau pawongan bisa didohi dening masyarakat. Mula rasa
kuciwa kang terus-terusan iku sejatine nduweni akibat kang ora becik tumrap pawongan.
Paraga kang ngalami rasa tresna marang wong liya bakal diandharake sajrone Tak
Modhk Ae, Prof! anggitane Trinil kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya minggu II
November 2015. Cerkak kasebut bakal dionceki kanthi tintingan psikologi kang bakal
diandharake ing ngisor iki.
C. Andharan
Katresnan minangka anugrah saka Gusti Alloh kang disuweni sakabehe titah-E.
Katresnan bisa menehi daya sing becik lan ala. Gumanthung wong sing kena daya
katresnan kasebut. Katresnan sing suci saka telenge ati lan lelandhesan rasa manembah
marang Gusti Alloh bisa menehi daya sing becik marang panguripane wong sing
nandhang. Semono uga katresnan sing tuwuh mung amarga ana rasa demen marang
perangane awak utawa bandha donya bisa menehi daya sing ala tumrap panguripane sing
nandhang. Trinil sajrone cerkak kang irah-irahane Tak Modhik wae, Prof! menehi
gegambaran ngenani pawongan kang lagi nandhang katresnan ning katresnane ora
kawangsulan. Perangan andharane kaya mangkene.
1. Wujude Tresna
Wong sing lagi ceblok tresna pancen ora lumrah, tegese nindakake perkara kang
ora bisa dinalar wong liya. Saka tumindake, solah bawane, uga ulese wong sing nandang
katresnan katon beda. Kaya cuplikan ing ngisor iki:
Tingkah laku sampeyan, cara sampeyan mlaku teka adohan nyidheki aku, nggarahi ati lanangku kroncalan gak karuwan.
…kabeh mancep nang kendhangane kopingku uga nang jero atiku.
Aku suweneng ngrungu kabeh swara sing ana gandhengane karo sampeyan.
(JB No.10, November 2015, kaca 28)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga utama sing nganti apal solah bawa
uga pakulinane wong sing ditresnani. Kabeh sing ana gandheng cenenge karo wong sing
ditresnani iku ndadekake seneng atine. Esensi rasa tresna yaiku rasa kepencut dening wong
liya kanthi pengarep-arep suwalike. Tresna dieloni rasa setya lan rasa sayang. Ana kang
ngarani yen trena iku ora mentingake diri pribadi, yen ora kaya mangkono ateges dudu
tresna sejati.
Gegambaran sing kaya mangono menawa kenemenen bisa ndadekake problem
psiologis. Paraga sing nandang kaya mangkono kaya-kaya nganggep kabeh kaya-kaya
5
kang dikarepake. Saben-saben kepengin nyandhing, kepengin weruh, kepengin nyedhak,
lan sapiturute. Kaya andharan ing ngisor iki.
Pancen bener, dina iki aku mbatin sampeyan kenemenen (amit, luwih pas diarani kangen) sampek areke ngguyu pas aku salah mbedhek tamu sing teka, aku kadung ngomong: “Hla iku lak Prof?!” ambek mlayu “lumaksana magita-gita” aku mbukakna lawang, “huweeeekkk!!!” (JB No.10, November 2015, kaca 29)Andharan ing ndhuwur nggambarake paraga sing kangen karo wong sing
ditresnani. Dheweke nganti nganggep wong sing teka kuwi mesthi wong sing ditresnani
iku. Kahanan sing kaya mangkene iku njalari semangat anggone nyambut tekane.
Ananging nalika sing teka kuwi wong liya, banjur kuciwa sanalika, mandheg jegreg
sumarah. Kahanan sing kaya mangkene iku sing diarani probem psikologis.
2. Ngempet Tresna
Ngempet tresna dumadi nalika sawijine paraga kuwatir arep medharake rasa
tresna sing diduweni. Saengga dheweke ngempet rasa iku nganti njalari batine kelara-lara
lan bingung ngadhepi kahanan sing dumadi. Kaya cuplikan loro ing ngisor iki.
Ya mesthi ae Prof gak rumangsa salah, wong Prof pancen gak tau negesna gunem nang aku nik antarane awak dhewe iki onok salah sijine rasa sing gak akenek dijlentrehna utawa ditolis nang kertas…. (JB No.10, November 2015, kaca 28)
Karik sitok sing gak kenek takudhal nang wong liya, yaiku apa sing takrasakna iki, gawene lunga nang jero ati, tapi gak genah apa arane rasa iki, sapa sing nggarai, kapan wiwitane, kapan enteke,… nik taktimbang-timbang ketoke aku sing pancen gak pati pinter ngrasakna hawa nang jerone awakku dhewe. (JB No.10, November 2015, kaca 28)
Sesambungan kang apik tumrap manungsa bisa nuwuhake rasa tresna antarane
manungsa siji lan manungsa liyane. Rasa tresna iku bisa tuwuh marang sapa wae. Tresna
tegese salah sawijine rasa seneng banget marang pawongan liya. Senajan rasa tresna kuwi
minangka sesambungan antar manungsa kang apik, nanging kadhang kala rasa tresna uga
nuwuhake sesambungan antar manungsa mau malih dadi ora apik. Rasa tresna mau
kadhang kala ora kewales, mula ndadekake rasa lara ati tumrap pawongan liyane. Sawise
lara ati kadhang kala pawongan mau wis ora gelem nyedheki pawongan kag ditresnani,
malahan kanggo nyawang wae ora gelem.
Ora kabeh pawongan nduweni tumindak kaya mangkono, kadhang kala uga ana
wong kang tetep narima masiya wong kang ditresnani mau ora nresnani balik marang
dheweke. Kabeh iku dilakoni amrih wong kang ditresnani mau tetep ngrasa bahagya ing
uripe. Kaya mangkono kuwi sejatine tresna kang sejati. Ora ngarepake piwales apa-apa,
6
nanging tetep nglakoni apa wae kang agawe wong kang ditresnani bisa bahagya. Amarga
kabagyane wong kang ditresnani dadi prioritas kang utama.
3. Kuciwa
Rasa kuciwa nduweni sesambungan karo kelangan samubarang kang wigati utawa
nduweni nilai. Intensitas rasa kuciwa saben pawongan gumantung ing nilai, lumrahe rasa
sedhih kang jeru dialami yen kelangan wong kang ditresnani. Rasa kuciwa uga dialami yen
pawongan kelangan samubarang tartamtu kang ndadekake anane rasa nyesel ing njero ati.
Kaya cuplikan ingngisor iki.
Owalah embuh, Prof? judheg dhewe aku. Sampeyan dhewe ya mbengungna aku. (JB No.10, November 2015, kaca 28)
Nik pancen lindhu sing takrasakna nang jero atiku iki gak onok nang awak sampeyan, taktrima, Prof. Aku nyerah. Aku pancen duduk apa-apa sampeyan…. Tapi nik aku oleh takon, mosok se, gak onok sak ithik-ithika nang jero ati sampeyan, koyok sing takrasakna iki? (JB No.10, November 2015, kaca 28)
“Uwis-uwis ojok dawa-dawa, Rek! Aku ruwepot iki! Yo wis modhik-modhika! Gak usah golek ganti karepe dhewe ngono, Rek! Onok aturanne. Wis pokoke ndang mantenan ndang balik kerja maneh! Mlekum!” jawaban sampeyan cekak aos. Gak maido pancen sampeyan wong sibuk.
Ya wis Prof, aku tak modhik ae. Amit sewu nggih Prof, nggih? Nedha nrima, Prof! (JB No.10, November 2015, kaca 29)
Saka cuplikan ing ndhueur, rasa tresna minangka rasa kang ana ing ati kang
dinduweni saben pawongan. Rasa tresna uga minangka rasa kang tuwuh saka anane emosi
diri kang bisa nuwuhake emosi kang positif sajrone ati manungsa. Rasa tresna bisa
ndadekake saben pawongan ngrasa bahagya ing uripe. Nalika pawongan wis bisa ngrasa
bahagya, mula dheweke mesthi ora kepengin kelangan kabahagyan iku mau.
Rasa tresna pancen bisa gawe bungahe ati. Nanging uga ora sethithik rasa tresna
kang njalari lara ati. Katresnan kang tuwuh nanging mung ana ing diri kita lan ora ana ing
wong kang kita tresnani bisa dadi jalaran rasa lara ati. Utawa katresnan sing ora didhasari
dening rasa kasetyan uga bisa njalari lara ati. Sejatine rasa lara ati iku tuwuh yen rasa
tresna mau ora tulus.
D. Panutup
Katresnan yaiku rasa kang tuwuh saka njero ati kang bisa ngrembaka saya gedhe
utawa saya susut. Katresnan bisa njalari pawongan kasebut lila nglakoni apa wae kanggo
7
wong kang ditresnani. Rasa tresna iku bisa tuwuh nalika sepisanan ketemu utawa wis bola
bali ketemu. kabeh kuwi bisa dijalari maneka werna sebab.
cerkak kang irah-irahane Tak Modhk Ae, Prof! anggitane Trinil kang kapacak ing
kalawarti Jaya Baya minggu II November 2015. Cerkak iku nyritakake kahanane paraga
sing ngempet tresna nganti tumindake kaya wong edan. Saben dina tansah kelingan.
Nanging tresna sing ditandang iku ora kewales. Mula nuwuhake sawijine problem
psikologis tumrap paraga iku.
Kapustakan
Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra (Edisi Revisi).Yogyakarta: Caps
Jaya Baya edhisi minggu II November 2015.
Minderop, Albertine. 2011. Psikologi Sastra : Karya Sastra, Metode, Teori, Dan Contoh Kasus.Jakarta:Yayasan Pustaka Obor Indonesia
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press
Ratna, Nyoman Kutha. 2013. Teori, Metode dan teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Belajar
Suryabrata, Sumadi. 2011. Psikologi Kapribadian. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada
Wellek, Rene & Warren, Austin. 2014. Teori Kesusastraan. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
8