upacara hut ke 258 (2014) kota versi jawa

3
1 WALIKOTA YOGYAKARTA SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA YOGYAKARTA Tanggal, 7 Oktober 2014 Assalamu’alaikum Wr.Wb Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya. Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya. Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun, dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta. Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya pambangunan Indonesia. Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha Ngayogyakarta. Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun- jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti. Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang endah, mulya saha mukti.

Upload: maswahyu73

Post on 05-Aug-2015

52 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Upacara hut ke 258 (2014) kota versi jawa

1

WALIKOTA YOGYAKARTA

SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA YOGYAKARTA

Tanggal, 7 Oktober 2014 Assalamu’alaikum Wr.Wb Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya.

Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya.

Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun,

dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan

mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta.

Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah

dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah

ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha

Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya

pambangunan Indonesia.

Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran

Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel

tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa

Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu

pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun

jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking

pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang

salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha

Ngayogyakarta.

Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking

tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi

kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun

prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun

kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun-

jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu

tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti.

Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang

endah, mulya saha mukti.

Page 2: Upacara hut ke 258 (2014) kota versi jawa

2

Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang kula gadhang-gadhang.

Minangka wujud syukur saha caos pakurmatan kagem para leluhur, sedaya

warga masyarakat supados golong gilig nedahaken raos katresnanipun dhumateng

Kitha Ngayogyakarta mawi cara ekspresi karya ingkang maneka warni saengga

rerangken acara pengetan ambal warsa kaping 258 (kalih atus seket wolu) Kitha

Ngayogyakarta ingkang kanthi tema “Pesta Rakyat Jogja” dados grengseng saha

mumpangati. Pengetan ambal warsa menika kawiwitan saking Festival Seni ing 45

(sekawan dasa gangsal) kalurahan, masang lampion ing 13 (tigang welas)

panggenan strategis sa-Kitha Ngayogyakarta, Pawai Pedagang Pasar ing Gebyar

Pasar Tradisional Kitha Ngayogyakarta warsa 2014, Pameran Patung Jogja 258,

Grebeg Mall, Panggung Rakyat Jogja, saha minangka gongipun, dinten menika

tanggal 7 Oktober 2014 enjing, dipunwontenaken apel/upacara ing sedaya

SKPD/Unit Kerja miwah sekolah-sekolah sa-Kitha Ngayogyakarta sarta ing mangke

sonten badhe dipunwontenaken Pisowanan dhumateng Sri Sultan

Hamengkubuwono X (kaping sedasa) saha kalajengaken kanthi Pawai Budaya.

Pamarentah Kitha Ngayogyakarta minangka pangemban amanah

masyarakat, ugi tansah mbudi daya negesi saha ngginakaken istimewanipun

Ngayogyakarta kanthi makarya saestu nginggilaken kinerja ngladosi masyarakat.

Sadangunipun wekdal ing warsa 2013 (kalih ewu tiga welas - 2014 (kalih ewu

sekawan welas) menika, maneka warni partisara sampun kagayuh saha dados

cihna makarya ingkang golong gilig saiyeg saeka kapti, antawisipun Pamerentah

Kitha Ngayogyakarta kaliyan warga masyarakat. Partisara-partisara kasebat, ing

antawisipun inggih menika:

1) Ingkang angka setunggal, Partisara PARASAMYA PURNAKARYA NUGRAHA,

Partisara menika kaparingaken dhateng Kitha Ngayogyakarta ingkang dipunbiji

nggadhahi prestasi kinerja linangkung ing babagan lumampahing Pamarentah

Dhaerah.

2) Angka kalih, Partisara Indonesia Digital Society Award (IDSA) 2014, IDSA

menika papan partisara kangge kabupaten/kota saindenging Nuswantara ing

babagan pangginaan saha pambangunan teknologi, informasi saha komunikasi

ingkang ancas tujuanipun kangge nggambaraken, ngukur saha ngaosi kitha-

kitha dalah kabupaten ing Indonesia nggepok senggol kaliyan siyap siyaganipun

lumebet jaman digital.

3) Angka tiga, partisara OPINI WTP, partisara menika minangka asilipun sedaya

punggawa ingkang makarya kanthi saestu saha kanthi jejeg tansah nindakaken

proses akuntabilitas arta kanthi sae saengga Pamarentah Kitha Ngayogyakarta

saged nggayuh malih WTP ingkang kaping gangsal.

4) Angka sekawan, partisara INDONESIA GREEN AWARDS (IGA) 2014, partisara

menika kagayuh awit saking komitmen Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata

lingkungan, ing antawisipun kanthi program-program pandhapuking Jaripolah

Page 3: Upacara hut ke 258 (2014) kota versi jawa

3

(Jejaring Pengelola Sampah), Peningkatan Kapasitas dan Akses Informasi

Sumber Daya Lingkungan Hidup sarta pambudidayanipun RTH kanthi damel

Taman Kota, Mengembangkan Kampung Hijau Perkotaan, sarta Pasar Sehat

Tradisional.

5) Angka gangsal, partisara WAHANA TATA NUGRAHA, partisara ingkang dipun-

gayuh ing warsa menika minangka Wahana Tata Nugraha Kategori Lalu Lintas,

ingkang saderengipun, Kitha Ngayogyakarta pikantuk partisara ingkang sami ing

Kategori Angkutan. Partisara warsa menika minangka cihna estu-estunipun

Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata kebaking arus lalu lintas.

Partisara-partisara kasebat minangka cihna estu-estunipun Pamarentah

Kitha Ngayogyakarta anggenipun suka paladosan ingkang paling sae dhateng

masyarakat, makarya patembayatan ingkang nyatunggal greget, ing antawisipun

bilih sedaya SKPD, saha panyengkuyung sarta cancutipun ingkang aktif saking

sedaya elemen masyarakat. Pramila saking menika, minangka Pimpinan ngladosi

masyarakat Kitha Ngayogyakarta, Kula mahyakaken agenging panuwun ingkang

tanpa pepindhan, saha paring aos dhateng sedaya SKPD, sedaya ewoning

masyarakat ingkang sampun makarya sesarengan negesi saha ngginakaken

istimewanipun Ngayogyakarta kanthi nyengkuyung ing sadaya program

pambangunan.

Kula ngajak dhateng sedaya komponen masyarakat kangge nginggilaken

mandhireng pribadi, dhisiplin, peduli saha sesarengan nglantaraken Kitha

Ngayogyakarta dados kitha ingkang aman, nyaman, tentrem, berbudaya dalah

berkarater sarta kuwawi nyukani kamukten dhateng sedaya warga saha ing

akiripun, saged nyukani iguh pratikel kangge majengipun bangsa saha NKRI.

Menika minangka nilai hakiki makarya kathi estu-estu ingkang kedah kita gayuh

sesarengan.

Mugi-mugi Allah SWT paring kakiyatan dalah pitedah tumrap kita sedaya

supados kita tansah saged makarya tuwin mbangun Kitha Ngayogyakarta ingkang

kita tresnani sesarengan. Istimewa warganipun, sami kaliyan kithanipun ingkang

istimewa.

Dirgahayu Kitha Ngayogyakarta.

Salam Jogja Istimewa kagem Indonesia.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

WALIKOTA YOGYAKARTA

H. HARYADI SUYUTI.