tindak tutur ing gineman antawisipun lare kaliyan … · pawiyatan lan nggayuh titel sarjana...

70
i i TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN TIYANG SEPUH SKRIPSI SISWANTI NPM 06430030 FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

Upload: buitu

Post on 28-Mar-2019

236 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

i

i

8891011910

TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE

KALIYAN TIYANG SEPUH

SKRIPSI

SISWANTI

NPM 06430030

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 2: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

ii

ii

8891011910

TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH

SKRIPSI

Kaajukaken minangka salah satunggaling syarat kagem ngrampungaken

pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa

IKIP PGRI Semarang

SISWANTI

NPM 06430030

FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 3: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

iii

iii

8891011910

SKRIPSI

TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH

kasusun lan dipunajokaken deningSiswanti

NPM 06430030

Sampun dipunsarujuki dening pembimbing kanggedipunujikaken ing Dewan Penguji

surya kaping

Pembimbing I Pembimbing II

Nanik Setyawati, S.S., M.Hum Alfiah, S.PdNPP 997101150 NPP 077401193

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG

Page 4: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

iv

iv

8891011910

SKRIPSI

TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH

Ingkang kasusun lan dipunajokaken deningSiswanti

NPM 06430030

sampun dipertahanaken ing ngajeng Dewan Pengujiing Surya Kaping

lan dipunnyatakaken sampun njangkepi syarat

Dewan Penguji

Ketua, Sekretaris,

Dra. Sri Suciati, M.Hum. Drs. Harjito, M.Pd.NIP 19650316 199003 2 002 NPP 93501103

Penguji INanik Setyawati, S. S., M. Hum. (..................................................)NPP 997101150

Penguji IIAlfiah, S.Pd (..................................................)NPP 077401193

Penguji IIIBambang Sulandjari (..................................................)NPP 077001187

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG

Page 5: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

v

v

8891011910

SESANTI LAN PISUNGSUNG

SESANTI

“lamun sira kepengin wikan marang alam jaman kalanggengan,Sira kudu weruh alamira pribadi

Lamun sira durung mikani alamira pribadi adoh ketemune”

(jikalau engkau ingin mengetahui alam abadi,Engkau harus mengenal alam pribdimu.

Kalau engkau belum mengetahui alam pribadimu,Masih jauhlah alam abadi dari dirimu)

PISUNGSUNGMaturnuwun dhumateng :

1. Bapa lan biyung ingkang tansah kula tresnanilan ingkang tansah paring kula motivasi dhatengkula.

2. Garwa ingkang tansah dados panglipur lantansah paring motivasi sahingga skripsi punikasaged karampungaken kanthi sae.

3. Kang mas lan mbakyu sakulawarga ingkangsetya paring motivasi.

4. Kagem lare kula Wildan Antariksawan Santosoingkang dados inspirator kula.

5. Sobat kula Siti Fathonah lan Tri Sumarliningkang tansah paring kula informasi.

6. Sedaya kanca-kanca kelas VIII A ingkangtansah biyantu kula ngrampungaken skripsipunika.

Page 6: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

vi

vi

8891011910

ATUR CECALA

Puji syukur panyerat aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang murbeng

dumadi amargi sampun paring panyerat kawilujengan, dene panyerat saged

ngrampungaken skripsi punika kanthi sae.

Skripsi punika kasusun minangka jejibahan kagem nggayuh gelar Sarjana

Pendidikan ing Fakultas Bahasa Dan Seni Jurusan Pendidikan Bahasa Dan Satra

Jawa IKIPPGRI Semarang. Skripsi punika minangka panaliten babagan tindak

tutur ingkang nggadhahi unggah-ungguh.

Skripsi punika kanthi irah-irahan “Tndak Tutu ring Gineman antawisipun

Lare Kaliyan Tiyang Sepuh” punika boten bakalsaged karampungaken kanthi sae

menawi boten wonten bimbingan, arahan, pitedah saking sedaya pihak ingkang

sampun dherek nyengkuyung panyerat anggenipun ngrampungaken skipsi punika:

1. Bapak Muhdi, M. Hum., minangka rektor IKIP PGRI Semarang ingkang

sampun ngeparengaken kangge ngangsu kawruh ing pawiyatan luhur..

2. Dra. Sri Suciati, M. Hum., minangka Dekan FPBS ingkang sampun paring

kegangsaran anggenipun ngrakit skripsi.

3. Ibu Dra. H. R. Utami, M. Hum., minangka ketua program studi bahasa dan

sasta jawa ingkang tansah nyemangati dhateng para mahasiswa.

4. Ibu Nanik Setyawati, S. S, M. Hum., lan Ibu Alfiah, S.Pd minangka dosen

pembimbing inkang sampun ngalodhangaken wekdalipun kangge mbimbing

lan paring pengarahan dhateng panaliti wiwit awal dumugi skripsi saged

karampungaken.

5. Bapak saha ibu ingkang sampun paring motivasi amrih skripsi enggal

dipunrampungake.

6. Garwa lan lare kula ingkang tansah paring panjurung amrih skripsi punika

enggal dipunrampungaken.

7. Sedaya pihak ingkang boten saged kasebataken setunggal baka setunggal.

vi

Page 7: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

vii

vii

8891011910

Panaliti nggadhahi pangajab mugi-mugi skripsi punika wonten

mupangatipun dhateng pamaos.

Semarang, Juli 2010

Panyerat

Page 8: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

viii

viii

8891011910

SARI PATHI

Nama: Siswanti 06430030. “Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyanTiyang Sepuh”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Progam StudiBahasa dan Sastra Jawa. 2010. Pembimbing I Nanik Setyawati, S.S,M.Hum lan Alfiah S.Pd.

Tembung wos: Tindak tutur; lare kaliyan tiyang sepuh.Basa mujudaken piranti komunikasi ing sesrawungan saben dinten.

Rikala tiyang gineman, kejawi merhatosaken kaidah-kaidah tata basa, ugi kedahmerhatosaken sinten tiyang ingkang dipunjak gineman. Gineman kaliyan tiyangsepuh punika benten kaliyan gineman dhateng lare alit utawi kanca. Menawigineman kalih lare alit utawi kalih kanca padatan ngginakaken basa jawi ngoko,ananging menawi gineman kaliyan tiyang sepuh kedah merhatosaken tembung-tembung ingkang dipunginakaken lan merhatosaken unggah-ungguh.

Adhedhasar pawadaning pamilihing irah-irahan kasebat, pramilaprakawis ing panaliten inggih punika kados pundi wujud tindak tutur ingkangdipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh?. Ancasing panaliteninggih punika mangertosi wujud tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalikagineman kaliyan tiyang sepuh. Kanthi boten langsung panyerat pikanthuk kawruhbabagan tindak tutur.

Mugi-mugi skripsi punika nggadhahi mupangat mliginipun kagempanyerat lan bebrayan ingkang maos skripsi punika. Kanthi maos saged nambahkawruh babagan tindak tutur.

Obyek panaliten punika awujud ginemanipun lare kaliyan tiyang sepuh.Panaliten punika badhe naliti tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyangsepuh menawi dipunpriksani miturut jinising tindak tutur. Teknik ingkang badhedipunginakaken kagem nganalisis dhata inggih punika metode padan pragmatis,kagem nganalisis dipunginakaken teknik pilah unsur penentu dengan daya pilahsebagai pembeda reaksi dan kadar keterdengaran. Teknik kangge ngempalakendhata kanthi cara simak lan cathet.

Asilipun panaliten saged dipunmangertosi bilih ing ginemanipun larekaliyan tiyang sepuh, ukara-ukaranipun dipunpriksani miturut jinising tindaktutur.

Sasampunipun ngawontenaken panaliten, panyerat paring dudutan bilihjinising tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyangsepuh punika wonten gangsal inggih punika Asertif (representative), Ekspresif(evaluatif), Direktif (impositif), Komisif, Deklarasi, lan unggah-ungguh ingkangdipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiysng sepuh katingal sakingtembung-tembung ingkang dipunginakaken lan tindak tuturipun. Pamrayogiingkang saged kaaturaken kagem lare-lare bilih nalika gineman kaliyan sepuhipunutawi tiyang dipunanggep langkung sepuh kedah merhatosaken tembung-tembungingkang dipunginakaken, nalika gineman kaliyan tiyang sepuh ugi kedahnerapaken tata karma, etika lan sopan santun, kagem para pamaos supados sagedmilih tembung-tembung ingkang kados pundi ingkang jumbuh kaliyan kahanangineman.

Page 9: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

ix

ix

8891011910

ABSTRAK

Nama: Siswanti 06430030. “Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyanTiyang Sepuh”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Progam StudiBahasa dan Sastra Jawa. 2010. Pembimbing I Nanik Setyawati, S.S,M.Hum lan Alfiah S.Pd.

Kata kunci: Tindak tutur; lare kaliyan tiyang sepuh.Basa merupakan alat komunikasi didalam pergaulan setiap hari. Ketika

orang berbicara, selain mmperhatikan kaidah-kaidah tata bahasa, juga harusmemperhatikan siapa orang yang diajak berbicara. Berbicara dengan orang tuaberbeda jika berbicara dengan anak kecil atau teman. Jika berbicara dengan anakkecil atau teman biasanya menggunakan bahasa jawa ngoko, tetapi jika berbicaradengan orang harus memperhatikan kata-kata yang digunakan dan memperhatikanunggah-ungguh.

Berdasarkan alasan pemilihan judul diatas, maka permasalan yang adadidalam penelitian tersebut adalah bagaimana wujud tindak tutur yang digunakananak ketika berbicara dengan orang tua? Tujuan penelitian adalah mengetahuiwujud tindak tutur yang digunakan anak ketika berbicara dengan orang tua. Tanpadisadari penulis mendapat pengetahuan tentang tindak tutur.

Semoga skripsi ini bermanfaat bagi peneliti pada khususnya danmasyarakat yang membaca skripsi ini. Dengan membaca dapat menambah ilmupengetahuan mengenai tindak tutur.

Objek penelitian tersebut berupa perbincangan anak dengan orang tua.Penelitian tersebut akan meneliti tindak tutur anak ketika berbicara dengan orangtuajika dilihat menurut jenis tindak tutur. Teknik yang akan digunakan untukmenganalisis data adalah metode padan pragmatis, untuk menganalisismenggunakan teknik pilah unsur penentu dengan daya pilah sebagai pembedareaksi dan kadar keterdengaran. Teknik untuk mengumpulkan data dengan caramenyimak dan mencatat.

Hasil penelitian dapat diketahui bahwa didalam perbincangan antara anakdengan orang tua, kalimat-kalimatnya dilihat dari jenis-jenis tindak tutur.

Sesudah melakukan penelitian penulis memberi kesimpulan jika jenistindak tutur yng digunakan anak ketika berbicara dengan orang tua dibagi menjadilima yaitu Asertif (representative), Ekspresif (evaluatif), Direktif (impositif),Komisif, Deklarasi, dan unggah-ungguh yang digunakan anak jika sedangberbincang dengan orang tua terlihat dari kata-kata yang digunakan dan tindaktuturnya. Saran yang bisa disampaikan kepada anak-anak ketika berbicara denganorang tuanya atau orang yang dianggap lebih tua harus memperhatikan kata-katanya yang digunakan, ketika berbicara dengan orang tua juga harusmenerapkan tata karma, etika lan sopan santun. Untuk para pembaca supaya bisamemilih kata-kata yang bagaimana yang sesuai keadaan perbincangan.

Page 10: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

x

x

8891011910

DHAPTAR ISI

IRAH-IRAHAN NGAJENG ………………………………………………...........i

IRAH-IRAHAN ………………………………………………………………. …ii

PASARUJUKAN………………………………………………………………... iii

PANGESAHAN…………………………………………………………………..iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG............................................................................ v

ATUR CECALA.................................................................................................... vi

SARIPATHI …………………………………………………………………….viii

ABSTRAK……………………………………………………………………... .. x

DHAPTAR ISI....................................................................................................... xi

BAB I. PURWAKA…………………………………………………………...1

A. Pawadaning Pamilihing Irah-irahan .............................................. 1

B. Rancangan Momotan ..................................................................... 5

C. Ancas Panaliten.............................................................................. 5

D. Mupangat Panaliten........................................................................ 5

E. Panandhesing Tembung ................................................................. 6

F. Metodhe Panaliten………………………………………………...7

1. Pendekatan Panaliten…………………………………....7

2. Data lan Sumber Data…………………………………..8

3. Teknik Pangempalan Data…………………………..….8

4. Teknik Analisis Data..………………………………….9

5. Teknik Pemaparan Asil Analisis……………………….10

G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi………………………………….10

Page 11: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

xi

xi

8891011910

BAB II LELANDHESANING TEORI…………………………………….....11

A. Bakuning Basa Jawi…………………………………………..….11

B. Unggah-ungguh Basa Jawi………………………………………14

C. Teknik Micara……………………………………………………20

D. Tindak Tutur……………………………………………………..22

BAB III TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE

KALIYAN TIYANG SEPUH……………………………………….31

A. Deskripsi Data……………………………………………………31

1. Sumber Data………………………………………………........31

2. Data ……………………………………………………………33

B. Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyan Tiyang

Sepuh……………………………………………………………...34

1. Asertif (Representative)………………………………………..35

2. Ekpresif (Evaluatif)…………………………………………….37

3. Direktif (Impositif)……………………………………………..40

4. Komisif…………………………………………………………43

5. Deklarasi………………………………………………………..46

BAB IV PANUTUP

A. Dudutan……………………………………………………..........50

B. Pamrayogi…………………………………………………..........50

KAPUSTAKAN

Page 12: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

1

BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Pamilihing Irah-irahan

Basa inggih punika salah satunggaling piranti komunikasi, lumantar

basa manungsa saged sesrawungan, ngandharaken pengalaman, ugi sinau

saking bebrayan ingkang sanes, lan ningkataken kawasisan intelektual. Ing

salebeting komunikasi, saged ngandharaken bilih pangandikan ngandharaken

tuturan kanthi teges kagem paring wara-wara dhateng pamireng utawi mitra

tuturipun, lan nggadhahi pangajeng-ajeng mitra tuturipun utawi pamireng

saged mangertosi menapa ingkang badhe dipunandharaken. Pramila,

tuturanipun jumbuh kaliyan prinsip kerja sama, kesantunan, etika, lan

estetika.

Salah satunggaling piranti komunikasi inggih punika arupi tutuk.

Piranti komunikasi kasebat dipunbetahaken kagem tiyang saderengipun tepang

kaliyan teknologi, tiyang punika nglampahi komunikasi kanthi seratan, isyarat

awak, ungel, tandha-tandha saking alam lan sanesipun. Samangke jaman

teknologi sampun kahah piranti komunikasinipun ingkang jinis lan wujudipun

maneka warna, kadosta televise, radio, handpone, faksimile, komputer,

kalawarti lan buku. Saperangan ageng piranti komunikasi punika

dipunbetahaken dening tiyang ing jaman samangke.

Basa punika mujudaken piranti komunikasi antawis pangandikan lan

pamireng. Basa nggadhahi fungsi ingkang wigati ing salebeting komunikasi.

1

Page 13: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

2

Tanpa basa saget dipunbayangaken bilih kados pundhi anggenipun bebrayan

punika nindakaken komunikasi. Tembung komunikasi ngemot teges

mangertosi lan micara, mirengaken lan lan males (membalas) tindak (Al

wasilah, 1993:81). Kanthi basa saget gineman kagem ngandharaken

pamanggih lan sanesipun. Ing salebeting gineman wonten paugeran ingkang

ngatur arah gineman antawis tiyang ingkang nindakaken komunikasi.

Paugeran punika menawi ing pragmatik dipunsebat prinsip percakapan

conventional principle (Rustono, 1999:66), salah satunggaling paugeran

gineman inggih punika prinsip kesantunan.

Miturut St. Takdir Alisyahbana ing buku Tatabahasa Baru Bahasa

Indonesia lajeng dipunsalin dening Suyoto (2006: 5-6) ing handoutipun

kanthi irah-irahan Belajar Pembelajaran Bahasa ngandharaken bilih basa

minangka pocapan lan penggalih tiyang kanthi aturan lan ngginakaken piranti

swanten. Saking pamanggih menika saged dipunpendhet dudutan bilih

gadhah kalih wujud inggih punika lisan lan seratan. Basa ingkang awujud

lisan saged dipuntingali saking tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan

tiyang sepuh, sarta dipuntingali saking wujudipun utawi nggadhahi sifat

kohesif utawi maknanipun sesambetan antawis satunggal kaliyan sanesipun.

Piranti komunikasi ingkang kathah punika betahaken basa minangka

sarana medaraken basa. Kathah piranti komunikasi ing Indonesia ginakaken

basa Indonesia utawi basa nasional. Kajawi basa Indonesia, taksih wonten

basa sanes ingkang limrah dipunginakaken, tuladhanipun basa Jawi.

Page 14: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

3

Basa ugi kawujud saking ungelan tiyang ingkang dipunatur kanthi

paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran punika tansah wonten ing basa pundi

kemawon, kalebet basa Jawi. Basa Jawi gadhah paugeran ingkang dipunsebat

paramasastra, unggah-ungguh lan sapanunggalanipun (Sasangka, 2008:38).

Basa Jawi minangka basa ingkang nggadhahi tindak tutur ingkang

ngemu suraos wigati. Dipunwastani wigati amarga basa punika minangka

piranti ing sesrawungan kagem ngandharaken gagasan lan pikiran. Ulat, patrap

lan pangucap saget nuju prana menggahing sesami paugeran (sauger) wonten

lelandhesanipun awujud tata susila. Ulat ingkang sumringah, pangucap

ingkang kaarah-arah lan patrap ingkang damel bungah, tamtunipun dados

pangajeng-ajeng tiyang kathah (Purwadi, 2005:5).

Sejatosipun tindak tutur ingkang dipunkasilaken adhedhasar ancas

utawi arah tuturan kagem nggayuh ancas, tindak tutur kedah

dipunjumbuhaken kaliyan kahanan tuturan. Kahanan tuturan kasebut

mujudaken kahanan sosial ingkang leres amargi kedadosan ing kahanan

ingkang wiyar lan benten. Pramila, kahanan tuturan saged dados pengaruh

ancas tuturan.

Keunikan manungsa sejatosipun boten babagan kawasisan

pikoranipun, ananging keunikan punika ing kawasisan ngginakaken basa

(Suriasumantri, 1993: 171). Kanthi basa manungsa saged ngandharaken

sedaya ingkang wonten ing pikiranipun, amargi kanthi mikir sacara otomatis

manungsa nuturaken saben basa ing salebeting pikranipun. Babagan kasebut

antawisipun saged dipunpriksani saking satunggaling sastrawan amargi

Page 15: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

4

piyambakipun ngandharaken raosipun lan kadang kala ngginakaken basa

ingkang awujud tuturan utawi gineman.

Pamilihan topik ing tindak tutur punika dados lelandhesaning materi

utawi pasinaon basa Jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur

ingkang wigati sanget kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13) ngandharaken

bilih saleresipun unggah-ungguh basa Jawi punika maneka warni prakawis

ingkang tansah dados topik gineman ingkang nembe dipungatosaken sanget

ing papan akademik lan ugi seminar-seminar ing jawi akademik

Basa mujudaken piranti komunikasi ing sesrawungan saben dinten.

Rikala tiyang gineman, kejawi merhatosaken kaidah-kaidah tata basa, ugi

kedah merhatosaken sinten tiyang ingkang dipunjak gineman. Gineman

kaliyan tiyang sepuh punika benten kaliyan gineman dhateng lare alit utawi

kanca. Menawi gineman kalih lare alit utawi kalih kanca padatan ngginakaken

basa jawi ngoko, ananging menawi gineman kaliyan tiyang sepuh kedah

merhatosaken tembung-tembung ingkang dipunginakaken lan merhatosaken

unggah-ungguh. Ananging ing kasunyatan kathah kitha prangguli lare

gineman kaliyan tiyang sepuh kanthi ginakaken basa ngoko lan kadang kala

lare punika nyebat tiyang sepuh punika kanthi tembung kowe, kamangka

menawi dipunpriksani kanthi ngginakaken unggah-ungguh basa punika lepat.

Sejatosipun tembung kowe punika dipunginakaken kagem gineman kalih lare

alit utawi kanca.

Page 16: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

5

Adhedhasar andharan ingkang sampun kaandharaken ing nginggil,

pramila panaliten punika badhe ngrembag tindak tutur ing gineman

antawisipun lare kaliyan tiyang sepuh.

B. Rancangan Momotan

Adhedasar pawadaning pamilihing irah-irahan ing nginggil saged

dirumusaken prakawis inggih punika kados pundi wujud tindak tutur ingkang

dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh?

C. Ancas Panaliten

Ancas saking panaliten inggih punika mangertosi wujud tindak tutur

ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh.

D. Mupangat Panaliten

Mupangat ing salebeting panaliten kaperang dados kalih, inggih

punika mupangat teoretis lan mupangat praktis.

1. Mupangat Teoretis

Mupangat teoretis saking panaliten punika babagan tindak tutur lare

nalika gineman kaliyan tiyang sepuh, inggih punika saget nambah kawruh

tumrap para pamaos babagan tindak tutur basa jawi.

2. Mupangat Praktis

Menawi mupangat praktis saking panaliten inggih punika para pamaos

saget milih tindak tutur ingkang saget dipuntrepaken ing pribadhi para

Page 17: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

6

pamaos. Tindak tutur ingkang saget dipundadosaken tuladha lajeng

dipuntrepaken ing sesrawungan kaliyan bebrayan supados saget

nglestarikaken kabudayan jawi.

E. Panandhesing Tembung

Supados boten nuwuhaken pangertosan utawi gesehing pamanggih

salebeting maos skripsi punika, pramila dipunandharaken tegesipun tembung-

tembung ing salebeting irah-irahan. Tegesipun tembung-tembung kados

mekaten:

1. Tindak tutur

Tindak tutur inggih punika tindakan ingkang nampilaken kanthi

ngasilaken saben tuturan ingkang ngemot tigang tindak ingkang gegayutan

(Yule, 2006: 83).

2. Gineman

Gineman inggih punika omong-omong, tembung, sabda (Kawuryan,

2008: 326).

3. Lare

Lare inggih punika anak (Kawuryan, 2008: 408).

4. Tiyang sepuh

Tiyang sepuh inggih punika wong tuwa (Manungsuwito, 2006: 256).

Page 18: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

7

F. Metodhe Panaliten

Metode tansah dipunginakaken ing saben panaliten. Metode punika

ingkang samangke dados pathokn kagem nemtokaken cara, ancas, lan langkah

ing salebeting panaliten ingkang sesambetan kaliyan analisis panaliten.

1. Pendekatan Panaliten

Pendekatan panaliten punika sejatosipun minangka sedaya cara sarta

kagiyatan ingkang dipunayahi nindakaken panaliten, dipunwiwiti saking

rancangan momotan dumugi mendhet dudutan (Ali, 1999: 81).

Metode ingkang dipunginakaken ing salebeting panaliten punika

panaliten kualitatif. Kekualitatifan panaliten sesambetan kaliyan data panaliten

ingkang boten arupi angka-angka, ananging awujud kualitas wujud-wujud

verbal ingkang awujud tuturan. Data ingkang arupi tindak tuturipun lare nalika

gineman kaliyan tiyang sepuh., dipuntiti sacara paradigma utawi perspektif

fenomenologi. Perspektif fenomenologi inggih punika ngupayakaken

mangertosi teges saking kedadoan-kedadosan lan sesambetannipun kaliyan

tiyang-tiyang utawi bebrayan ingkang dipunteliti ing kahanan ingkang nyata

(Bogdan, lan Biklen, 1982: 31-34).

Pendekatan panaliten kualitatif dipunayahi saking mlebetipun panyerat

ing donyanipun lare nalika nembe gineman kaliyan tiyang sepuh utawa data

ingkang dipuntaliti. Donya punika saget katingal saking tindak tuturipun lare

nalika nembe gineman kaliyan tiyang sepuhipun.

Panaliten kualitatif punika minangka prosedur pambiji ingkang

ngasilaken data deskriptif arupi ukara-ukara ingkang awujud lisan saking data

Page 19: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

8

ingkang sampun dipunanalisis. Panaliten kualitatif punika nggadhahi titikan

deskriptif, inggih punika panaliten ingkang dipunayahi adhedhasar prakawis-

prakawis ingkang saestu wonten utawi kedadosan kanthi nyata (Sudaryanto,

1993: 62).

2. Data lan Sumber Data

Panaliten punika betahaken data lan objek panaliten ingkang trep

supados saget katingal pundhi ingkang dados data lan pundhi ingkang dados

objek panaliten. Data minangka bahan panaliten, pramila ing salebeting

panaliten punika kedah ngemot objek panaliten lan unsur sanes ingkang

mujudaken data dipunsebat konteks objek panalite (Sudaryanto, 1993: 3).

a. Data

Ingkang dados data ing salebeting panaliten inggih punika ukara

ingkang ngemot tindak tutur antawis lare kaliyan tiyang sepuh.

b. Sumber Data

Ingkang dados sumber data ing salebeting panaliten tindak tutur

lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh inggih punika ing Dusun

Dempet kabupaten Demak.

3. Teknik Pangempalan Data

Teknik pangempalan data minangka satunggaling cara kagem

manggihaken data ingkang sami lan saget dipuntanggel jawabaken. Ing

panaliten punika ngginakaken teknik simak bebas libat cakap. Teknik simak

bebas libat cakap inggih punika si peneliti anamung dados pengamat

pangginaan basa ingkang dipunginakaken informannipun (Mahsun, 2007: 93).

Page 20: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

9

ingkang dipunayahi anggenipun nganalisis tuturan basa ingkang

dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuhipun. Sasampunipun

nyemak panyerat salajengipun nyerat tuturan-tuturan menapa kemawon

ingkang kalebet tindak tutur, salajengipun ginakaken pamilihing tembung

punapa kemawon.

Teknik pangempalan data ing salebeting panaliten punika ngginakaken

teknik rekam. Teknik rekam punika kedah dipunleksanakaken kanthi boten

ganggu proses tuturan. Sahingga ing salebeting kagiyatan praktik punika,

utawi sak botenipun panutur punika boten mangertosi menawi tuturanipun

dipunrekam.

4. Teknik Analisis Data

Teknik analisis data nggadhahi ancas ngurutaken data ing pola,

kategori, lan satuan uraian dhasar satemah saged dipunprangguli underaning

prakara lan saged dipunrumusaken hipotesis kados ingkang

dipunprayogekaken dhata (Moleong, 2005: 280).

Teknik inggih punika cara nindakaken metode, lan minangka cara,

kejatian teknik dipuntemtokaken wontenipun piranti alat ingkang

dipunginakaken (Sudaryanto, 9: 1993).

Teknik ingkang badhe dipunginakaken kagem nganalisis data inggih

punika metode padan, metode padan pragmatis, teknik dasaripun teknik pilah

unsur penentu dengan daya pilah sebagai pembeda reaksi dan kadar

keterdengaran.

Page 21: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

10

Ingkang dados alat penentu ing salebeting teknik pilah unsur penentu

dengan daya pilah sebagai pembeda reaksi dan kadar keterdengaran inggih

punika mitra wicara.

5. Teknik Pemaparan Asil Analisis

Langkah salajengipun sasampunipun nganalisis data inggih punika

maparaken data punika. Paparan punika ngandharaken wujud saking

panaliten. Wujud punika ngemot kalih metode, inggih punika metode formal

lan metode informal (Sudaryanto, 1993: 145).

Teknik pemaparan kasil analisis panaliten inggih punika metode

informal. Metode informal inggih punika metode ingkang ngginakaken

tembung ingkang limrah. Tegesipun andharan kasil analsis data punika

ngginakaken tembung-tembung ingkang prasaja saengga gampil

dipunmangertosi, lan boten arupu angka-angka ingkang saget kacacah.

G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi

Kangge nggampilaken mangertosi rantamaning panaliten skripsi

punika kaandharaken dados gangsal bab. Kanthi andharan kados mekaten:

Bab I Purwaka, mratelakaken babagan pawadaning pamilihan irah-

irahan, rancangan momotan, ancas panaliten, mupangat panaliten,

panandhesing tembung, metodhe panaliten, lan tatarakiting panyeratan skripsi.

Bab II Lelandhesaning Teori, ing bab punika dipunpratelakaken sedaya

teori ingkang wonten sesambetanipun kaliyan penelitian Tindak Tutur ing

Page 22: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

11

Gineman antawisipun Lare kaliyan Tiyang Sepuh. Teori-teori ingkang

dipunginakaken inggih punika:

1. Bakuning Basa Jawi

2. Unggah-ungguh Basa Jawi

3. Teknik Wicara

4. Tindak Tutur

Bab III Andharan Asilipun Panaliten, ing salebeting bab punika

dipunandharaken kanthi cetha, trep lan leres jumbuh kaliyan pangolahan data

ingkang sampun dipunandharaken wonten ing bab saderengipun. Data-data

punika arupi asiling panaliten babagan Tindak Tutur ing Gineman antawisipun

Lare kaliyan Tiyang Sepuh.

Bab IV Panutup, bab punika pangripta nyerat punapa ingkang dados

dudutan saking analisis punika, ugi punapa ingkang dados pamrayogi supados

saget ndadosaken lare-lare punika langkung sae anggenipun gineman kaliyan

tiyang sepuh.

Page 23: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

12

BAB II

LELANDHESANING TEORI

A. Bakuning Basa Jawi

Hakikat basa inggih punika minangka piranti komunikasi ingkang

gadhahi fungsi sosial lan fungsi kultural. Basa minangka fungsi sosial inggih

punika piranti kagem sesrawungan. Menawi fungsi kultural, basa minangka

sarana kagem nglestarekaken budaya saking satunggal generasi dhumateng

generasi salajengipun (Nababan, 1991: 3).

Basa boten saged dipunpisahaken saking pagesangan manungsa.

Langkung-langkung basa asring dipunginakaken manungsa ing salebeting

kagiyatan menapa kemawon, sahingga saged dipunwastani sesrawungan saestu

boten wonten menawi boten wonten piranti basa. Menapa kemawon ingkang

dipuntindakaken dening manungsa kadosta kempalan, dolanan, lan

ngandharaken panyaruwe sedaya punika mbetahaken piranti basa.

Miturut Sapir ing Soenardi (1989: 171) basa inggih punika metodhe manusiawi

lan boten lahiriah (non instingtif) babagan ngandharaken gagasan, raos lan

kawasisan ngginakaken lambang manasuka.

Basa ugi gadhahi kalih aspek, inggih punika wujud lan makna. Aspek

wujud saget dipuntingali saking ungelan, seratan lan strukturipun. Aspek

makna dipuntingali saking makna klasikalipun, fungsional ugi strukturipun

basa. Saking wujud lan makna saget kedadosan variasi basa utawi ragam basa.

Ragam basa ingkang sesambetan kaliyan daerah utawi papan geografis ingkang

12

Page 24: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

13

dipunsebat dialek. Ragam basa ingkang sesmbetan kaliyan kelompok sosial

dipunsebat sosialek, ragam basa ingkang dipunasilaken saking ewah-ewahan

basa ingkang sesambetan kaliyan situasi basa tingkat formalitas dipunsebat

fungsiolek (Nababan, 1991: 13).

Miturut St. Takdir Alisyahbana ing buku Tatabahasa Baru Bahasa

Indonesia lajeng dipunsalin dening Suyoto (2006: 5-6) ing handoutipun kanthi

irah-irahan Belajar Pembelajaran Bahasa ngandharaken bilih basa minangka

pocapan lan penggalih tiyang kanthi aturan lan ngginakaken piranti swanten.

Saking pamanggih menika saged dipunpendhet dudutan bilih gadhah kalih

wujud inggih punika lisan lan seratan. Basa ingkang awujud lisan saged

dipuntingali saking tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh,

sarta dipuntingali saking wujudipun utawi nggadhahi sifat kohesif utawi

maknanipun sesambetan antawis satunggal kaliyan sanesipun.

Mekaten ugi kaliyan basa jawi, inggih punika basa dialek utawi

dhaerah ingkang dipunginaaken ing ngelmu sastra, seni lan budaya jawi. Basa

jawi ingkang dipunginaaken tansah tumut ing ngrembakaning jaman, langkung-

langkung ing ngelmu kawruh, teknologi, lan seni budaya. Ewah-ewahan

kasebat dipuncethakaken “nut ing jaman kalakone lan nut ing papan kadadene”

(Yatmana, 1991: iii).

Definisi babagan bakuning basa saking pinten-pinten panganggit bilih

hakikat basa punika nggadhahi ciri-ciri utawi sikap. Anatawisipun, inggih

punika:

Page 25: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

14

1. Basa inggih punika minangka sistem

2. Basa punika awujud lambang

3. Basa punika nggadhahi teges

4. Basa punika awujud ungel

5. Basa punika nggadhahi sikap arbitrer (manasuka)

6. Basa punika nggadhahi sikap konvensional

7. Basa punika unik

8. Basa punika nggadhahi sikap universal

9. Basa punika nggadhahi sikap produktif

10. Basa punika maneka warna

11. Basa punika nggadhahi sikap dinamis

12. Basa punika nggadhahi fungsi minangka piranti interaksi sosial

13. Basa punika minangka identitas panuturipun (Chaer, 200: 33).

B. Unggah-ungguh Basa Jawi

Unggah-ungguh basa inggih punika tata cara utawi paugeran ingkang

kawujud ing salebeting basa, piyambakipun ginakaken cara lan wujud basa

ingkng dipunginakaken dening satunggaling tiyang kanthi sopan, boten kirang

tata kramanipun. Tata krama utawi unggah-ungguh punika jumbuh kaliyan tata

basa utawi tata cara ngginakaken basa jalaran budaya satunggaling bebrayan

ingkang ngginakaken basa (Rahardi, 2005: 66).

Unggah-ungguhing basa sejatosipun kaperang sados tiga: Basa Ngoko,

Basa Madya, Basa Krama (Antun Suhono, 1952: 12). Sanesipun ingkang

Page 26: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

15

dipunsebataken ing nginggil tiyang-tiyang ing salebeting istana ginakaken Basa

Kedhaton utawi ingkang asring dipunsebat Basa Bagongan.

Miturut Purwadi dkk (2005: 9) unggah-ungguhing basa mujudaken

piranti kagem nyiptakaken jarak sosial, ananging ing papan sanes unggah-

ungguhing basa ugi mujudaken produk saking pagesangan sosial. Langkung

awrat unggah-ungguhing basa, langkung awrat stratifikasi sosialipun.

Unggah-ungguh ingkang dipunangkah ing panaliten punika

sesambetan kaliyan tata krama ing babagan pragmatik. Minangka perangan

ngelmu basa. Padatanipun para paniti basa langkung kathah ngaji fenomena

basa. Taksih sekedhik para pakar linguistik niti basa kanthi unggah-ungguh,

secara unggah-ungguh ingkang dipunginakaken ing bebrayan.

Komunikasi tiyang jawi ing salebeting pergaulan sanget merhatosaken

unggah-ungguhing basa. Kapribaden tiyang saget dipuntingalaken saking

wujud kawasisan basa. Pangginaan basa ingkang leres saget nuwuhaken sikap

kurmat. Pilihan tembung ingkang leres dadosaken urusan saget lancar.

Langkung-langkung krama inggil ingkang mujudaken basa jawa ingkang alus,

penerapanipun betahaken pengalaman lan pangertosan ingkang wiyar.

Unggah-ungguhing basa saestu angel sanget, ananging sejatosipun

tataran pokokipun wonten kalih, inggih punika ngoko lan krama, lajeng antawis

kalih tataran pokok punika kathah sanget variasinipun (Poerwadarminta, 1939:

10).

Menawi tiyang punika badhe gineman kaliyan tiayng sanes kedah

merhatosaken sinten ingkang dipunjak gineman. Gineman dhateng tiyang sepuh

punika benten kaliyan lare utawi kanca. Tembung-tembung utawi basa ingkang

dipunginakaken punika ingkang dipunsebat unggah-ungguhing basa. Unggah-

ungguhing basa sejatosipun kaperang dados tiga inggih punika:

1. Basa Ngoko : 1. Ngoko Lugu

2. Ngoko Andhap

2. Basa Madya : 1. Madya Ngoko

2. Madya Krama

3. Madyantara

Page 27: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

16

3. Basa Krama : 1. Mudha Krama

2. Kramantara (Setiyanto, 2010: 26).

1. Ngoko Lugu

Basa ngoko lugu dipunsusun saking tembung-tembung ngoko sedaya,

tuladha tembung: aku, kowe, lan ater-ater: dak-, ko-, di-, ugi panambang: -ku, -

mu, -e, -ake, boten ewah

2. Ngoko Andhap.

Dumugi samenika Ngoko Andhap taksih asring dipunginakaken lan

saenipin dipunlestarekaken.

Basa Ngoko Andhap dipunginakaken sinten kemawon ingkang

sampun akrab kaliyan pamireng.

Ciri-ciri ngoko andhap inggih punika tembung-tembungipun ngoko

dicampur kaliyan tembung-tenbung krama inggil kagem tiyang ingkang nem,be

gineman, kagem ngormati.

Aku : boten ewah

Kowe : kagem tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang dipunanggep

langkung sepuh dipunewahi dados panjenengan, ki raka, kangmas.

Kowe : kagem tiyang langkung nem dipunewahi dados slirami, kengslira,

adhi, adhi-mas.

3. Basa Madya Ngoko

Basa Madya Ngoko tembung-tembungipun madya dicampur tembung

ngoko ingkang boten wonten tembung madyanipun (Setiyanto, 2010: 35).

Ciri-ciri basa madya ngoko inggih punika:

Aku dipunewahi dados kula

Kowe dipunewahi dados dika

Ater-ater tak- dipunewahi dados kula

Ater-ater ko- dipunewahi dados dika

Ater-ater di- boten owah

Basa Madya Ngoko padatan dipunginakaken tiyang-tiyang pedesaan utawi

tiyang-tiyang gunung.

Page 28: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

17

4. Madya Krama

Basa Madya Krama inggih punika basa ingkang dipunginakaken

tiyang desa ingkang setunggal kaliyan sanesipun ingkang dipunanggep

langkung sepuh utawi tiyang ingkang dikurmati (Setiyanto, 2010: 37).

Ciri-ciri basa madya krama inggih punika:

Aku dipunewahi dados kula

Kowe dipunewahi dados sampeyan, samang

Ater-ater tak- dipunewahi dados kula

Ater-ater ko- dipunewahi dados samang, kadang-kadang disingkat mang

Panambang –ku dipunewahi dados kula

Panambang –mu dipunewahi dados sampeyan (samang)

Panambang –e boten ewah

5. Madyantara

Basa Madyantara punika tembung-tembungipun saking basa Madya

Krama, ananging tembung-tembung ingkang dipuntujukaken kagem tiyang

ingkang dipunajak gineman diewahi dados krama inggil (Setiyanto, 2010: 38-

39).

Ciri-ciri basa madyantara:

Aku dipunewahi dados kula

Kowe dipunewahi dados sampeyan utawi samang

Ater-ater tak- dipunewahi dados kula

Ater-ater ko- dipunewahi dados samang

Atere-ater di- boten ewah

6. Mudha krama

Basa Mudha Krama inggih punika basa ingkang luwes, kagem sedaya

tiyang ingkang boten wonten awonipun (Setiyanto, 2010: 40).

Padatan basa punika dados basanipun lare nem dhateng tiyang sepuh. Wujud

mudha-krama punika basanipun krama sedaya dicampur krama inggil kagem

tiyang ingkang dijak gineman.

Ciri-ciri basa mudha krama inggih punika:

Page 29: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

18

Aku dipunewahi dados kula

Kowe dipunewahi dados panjenengan sampeyan utawi panjenegan

kemawon. Ananging kadang kala ugi disambung kaliyan

tembung peprenahanipun kadosta: panjenenganipun

kangmas, panjenenganipun bapak, panjeneganipun ibu.

Ater-ater dak- dipunewahi dados kula

Ater-ater ko- dipunewahi dados dipun

Panambang –ku dipunewahi dados kula

Panambang –mu dipunewahi dados panjenengan sampeyan utawa sampeyan

kemawon.

Panambang –e dipunewahi dados dipun

Panambang –ake dipunewahi dados aken

7. Kramantara

Basa kramantara punika tembung-tembungipun krama sedaya boten

dicampur kaliyan krama inggil. Padatan dadaos basanipun tiyang dhateng

tiyang ingkang langkung nem, amargi rumaos langkung sepuh yuswanipun.

Ananging ing jaman samenika basa kramantara sampun jarang dipunginakaken

(Setiyanto, 2010: 42).

Ciri-ciri basa kramantara inggih punika:

Aku dipunewahi dados kula

Kowe dipunewahi dadaos sampeyan

Ater-ater dak- dipunewahi dados kula

Ater-ater ko- dipunewahi dados sampeyan

Ater-ater di- dipunewahi dados dipun

Panambang –ku dipunewahi dados kula

Panambang –mu dipunewahi dados sampeyan

Panambang –e dipunewahi dados ipun

Panambang –ake dipunewahi dados aken.

Basa Jawi ngoko padatan dipunginakaken:

Page 30: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

19

1. Tiyang sepuh dhateng lare, wayah, lare mudha ingkang sanes.

2. Gineman tiyang-tiyang ingkang sederajat, boten merhatosaken kedudukan

lan yuswa, kadosta lare-lare kaliyan kancanipun.

3. Atasan dhateng bawahnipun, ugi ginakaken basa ngoko.

4. Dipunginakaken nalika ngunandika, amargi ingkang dipunajak gineman

inggih punika piyambakipun dadose boten betahaken pakurmatan.

Tuladha:

1. Gineman antawisipun tiyang sepuh kaliyan larenipun:

A: Ibu B: Lare

A: Lho, kowe Dan. Wayah apa tekamu? Rak ya padha slamet ta?

B: Pangestunipun Ibu, wilujeng.

Kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.

A: Bocah-bocah rak ya ra ana apa-apa ta?

Lha njur sida kepriye, anakmu si Dian, sida arep kok kon nerusake

nyang ngendi?

B: Menawi lare-lare ketingalipun inggih remen. Dene Margono, pancen

anggen kula sowan punika badhe ngrembag bab punika.

A: Wah, ya enggal kudu diputuske bab iku, aja kok sesuwe. Dene yen

kowe njalok rembugku mengkene; wong tuwa iku ya aja banget-

banget anggone nyampuri pepinginane bocah. Yen wong tuwa wis

nerangke kanthi gamblang, lan iya pekolehe tumrap awake dhewe.

Bocah milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya

Margono, milih Sekolah Guru iku, saka rasaku wis mungguh.

B: Wah boten kok Bu. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun

Ibu.

2. Gineman antawisipun lare-lare kaliyan lare-lare:

A: Ali B: Ari

A: Ri, aku mbok ya dituturi PR aljabar dhek wingi kae lho, yen mengko

aku didukani Pak Guru. Dhasar dhek wingi aku ora mlebu, ora

pamit sisan.

B: Lho, ya gene ta, kok pra mlebu ki?

Page 31: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

20

Enya, iki lho, turunen wae, mumpung esuk mengko mundhak selak

mlebu. Aku tak nyaponi kelas.

3. Tuladha tiyang ingkang ngunandhika

”E, tak turu sedhela, awakku kesele pol”.

Basa Jawi krama padatan dipunginakaken:

1. Murid dhateng dwija.

2. Tiyang nem dhateng tiyang sepuh.

3. Lare alit dhateng lare ageng.

4. Bawahan dhateng atasan.

Tuladha Basa Jawi krama inggil:

1. Gineman antawis lare kaliyan tiyang sepuh:

A: Bapak B: Lare

A: Le, mrenea.

B: Inggih Bapak.

A: Kowe olehe ujian kapan toh?

B: Mangke tanggal 28 Juli Bapak.

A: Maksudte Bapak ki ngene, kowe sowan marang gone simbahmu

nyuwun donga ben bisa lulus.

B: Inggih Bapak, Insya Allah benjang dinten minggu.

A: Yowis yen ngono, kana sinau dhisik.

C. Teknik Wicara

Micara inggih punika kawasisan ngandharaken ungel-ungel artikulasi

utawi tembung-tembung kagem jlentrehaken, ngandaraken sarta ngandaraken

pikiran, gagasan lan raos. micara ugi mujudaken saben sistem tandha-tandha

ingkang saget dipunmirengaken lan ingkang katingal betahaken saperangan

otot lan jaringan-jaringan otot awak manungsa kagem teges lan ancas gagasan-

gagasan utawi ide-ide ingkang dipungabungaken.

Page 32: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

21

Micara ugi langkung tinimbang ungel-ungel utawi tembung-tembung.

Micara inggih punika saben piranti kagem ngandharaken gagasan-gagasan

ingkang dipunsusun sarta dipunkembangaken jumbuh kaliyan kabetahan-

kabetahan pamireng. Micara mujudaken instrumen ingkang ngandharaken

dhumateng pamireng kanthi langsung punapa pangandhikan mangertosi utawi

boten sae bahan pangandhikannipun utawi pamirengipun (Mulgrave, 1954: 3-

4).

Teknik-teknik ingkang dados dhasar kagiyatan micara miturut Brooks

inggih punika:

1. Mbetahaken kirang langkung kalih tiyang.

2. Ngginakaken sandi linguistik ingkang dipunmangertosi sesarengan.

3. Nampi utawi ngakeni bilih saben daerah referensi umum.

4. Mujudaken pertukaran antawis pangandhikan kaliyan pamireng.

5. Ngubungaken saben pangandhikan kaliyan ingkang sanes lan dhateng

bebrayan.

6. Gegayutan kaliyan jaman samenika.

7. Namung ngelibataken aparat utawi piranti ingkang gegayutan kaliyan

swanten utawi ungel.

8. Boten beda kasih lan nampi punapa ingkang dados dalil (Brooks, 1964: 30-

31).

Teknik-teknik micara inggih punika:

1. Pamicara (tiyang ingkang ngendhikan)

2. Pamireng (tiyang ingkang mirengaken)

Page 33: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

22

3. Ancas (ancasing pangandikan)

4. Isi, bahan, materi

5. media (piranti)

6. wekdal

D. Tindak Tutur

Tindak tutur mujudaken perangan ingkang wigati ing salebeting kajian

pragmatik. Ngandharaken saben tuturan tartemtu saged dipunpriksani minangka

nglaksanakaken tindakan, ananging ugi ngungelaken utawi ngandharaken

tuturan. Kagiyatan punika nindakaken tindakan ngungelaken tuturan punika

ingkang mujudaken tindak tutur utawi tindak ujar (Rustono, 1999: 32).

Tindak tutur punika nggadhahi ancas ngaturaken satunggaling parentah

utawi dhawuhi ananging ingkang dipunmaksud punika ngutus utawi ngrembag

satunggaling prakawis kaliyan interaksi khusus kamangka ingkang

dipunmaksud kosok wangsulipun (Tarigan, 1986: 33). Tuladhanipun ”punapa

saged panjenengan maringaken gendis sekedhik ing toyamriki?”. Dados tindak

tutur punika nggadhahi unsur pragmatik ingkang nglibataken pamaos utawi

ingkang dipunrembag.

Tindak tutur punika salebeting ujaran wonten ing ukara mujudaken

panentu maknanipun ukara punika, makna satunggaling ukara boten

dipuntemtokaken satunggal-satunggal tindak tutur kados ingkang kalampahan

wonten ing ukara ingkang nembe dipunujaraken, ananging punika nggadhahi

Page 34: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

23

prinsip kagem nuwuhaken cara ingkang trep menapa ingkang dipunkersakaken

dening penutur.

Tindak tutur (Speech Bet) mujudaken perangan ingkang wigati ing

salebeting kaijian pragmatik. Miturut Rustono (1993: 31) tindak tutur utawi

tindak ujar mujudaken entitas ingkang asipat sentral ing salebting pragmatik.

Tindak tutur dipunginakaken amargi sejatosipun tiyang rikala ngungelaken

ekspresi punika piyambakipun boten namung berekspresi ananging

piyambakipun ugi nindakaken satunggaling prakawis (Purno, 1996: 19).

Sarujuk kaliyan pamanggih kasebat Gunawan ing salebeting Rustono (1999:

32) ngandharaken bilih ngajaraken saben tuturan saged dipunpriksani minangka

nindakaken tindakan, sanesipun Kanthi saestu ngungelaken utawi ngujaraken

tuturan kasebat.

Tindak tutur mujudaken perangan prakawis tutur (Speech Event)

mujudaken bentuk praktis, inggih punika wacana, wacana punika piyambak

kadosta gineman, pidhato, surat, lan sanesipun. Tindak tutur mujudaken unsur

ingkang mbentuk peristiwa arupi tuturan lan tindakan. Pramila, tindak tutur

inggih punika satunggaling prakawis ingkang dipuntindakaken ing salebeting

gineman utawi unit basa ingkang nggadhahi fungsiing salebeting gineman.

Sejatosipun tindak tutur dipunkasilaken gumantung ancas utawi arah

tuturan kagem nggayuh ancas tuturan. Tindak tutur dipunjumbuhaken kaliyan

kahanan tuturan. Kahanan tuturan kasebat mujudaken kahanan sosial ingkang

aktual amargi kedadosan ing salebeting bebrayan ingkang wiyar lan benten.

Pramila kahanan tutur saged dados pengaruh kagem ancas tuturan. Kahanan

Page 35: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

24

sosial ingkang kados mekaten komplek sahingga pangandikan nggadhahi

kompetensi ingkang sae.

Miturut Rani (2004: 37) bilih komunikasi punika saking tindak tutur,

komunikasi basa punika boten arupi lambang, tembung, ukara ananging punika

langkung trep dipunsebat produk utawi kasil saking lambang utawi ukara

ingkang awujud. Bab-bab ingkang saged dipuntindakaken dening tiyang

wonten ing tindak tutur punika panyuwun, tawaran, lan paring idin. Pramila

adhedhasar saking ing nginggil bilih maksud tuturan. ” Badhe mundhut obat

ingkang menapa?” tutran punika dipunlampahi dening tiyang ingkang sadeyan

wonten ing apotik dhateng ingkang tumbas, kamangka sejatosipun wonten ing

tuturan penutur boten sedaya mucal tuturan punika, ananging ugi nindakaken

satunggaling padamelan ingkang dipunlampahi dening penutur inggih punika

nawakake obat dhateng mitratutur.

Miturut Leech (ng Rustono, 1999: 33) nggadhahi pamanggih bilih

satunggaling tindak tutur kedahipun nggadhahi gangsal aspek ingkang ngemot:

1. Penutur lan mitra tutur

2. Konteks tuturan

3. Ancasipun tuturan

4. Tindak tutur minangka wujud tindakan utawi aktivitas

5. Tuturan minangka produk verbal

Tindak tutur punika kalebet panaliten pragmatik. Pragmatik ingkang

dados cabang ilmu basa saking aspek aktualipun ngginakaken basa. Cabang

Page 36: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

25

ilmu punika boten kados ingkang dipunsinaoni linguis, ananging pragmatik

punika benten saking sintaksis, lan semantik (Rustono, 2000: 21).

Ing pragmatik tindak tutur punika kalebet gejala individual saking

peristiwa tutur. Peristiwa tutuipun kalebet gejala sosial ingkang sami-sami

saged nemtokaken upayaning basa tiyang ingkang nindakaken tindak tutur.

Menawi ing peristiwa tutur langkung kathah dipuntingali saking ancasing

peristiwa tutur, ananging ing tindak tutur langkung kathah dipuntingali saking

tegesipun Tindak tutur punika dados landhesaning materi utawi pasinaonan

basa jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur ingkang wigati

sanget kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13), ngandharaken bilih saleresipun

tindak tutur basa Jawi kanthi maneka warna prakawis ingkang tansah dados

topik wicantenan ingkang nembe dipungatosaken ing papan akademik lan ugi

ing seminar – seminar ing jawi akademik (Sasangka, 2007: 3).

Tindak tutur basa inggih punika tata cara utawi paugeran ingkang

kawujud ing salebeting basa, piyambakipun ngginakaken cara lan wujud basa

ingkang dipunginakaken dening satunggaling tiyang kanthi cara ingkang sopan,

boten kirang tata kramanipun. Tata krama utawi tindak tutur punika jumbuh

kaliyan tata basa utawi tata cara ginakaken basa budaya satunggaling bebrayan

ingkang ginakaken basa (Rahardi, 2005: 66).

Tindak tutur punika dados landhesaning materi utawi pasinaonan basa

jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur ingkang wigati sanget

kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13), ngandharaken bilih saleresipun tindak

tutur basa Jawi kanthi maneka warna prakawis ingkang tansah dados topik

Page 37: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

26

wicantenan ingkang nembe dipungatosaken ing papan akademik lan ugi ing

seminar – seminar ing jawi akademik (Sasangka, 2007: 3).

Ingkang kados dipunandharaken dening Soepomo (1975) bilih tundak

tutur inggih punika variasi-variasi basa ingkang benten antawis satunggal

kaliyan sanesipun ingkang dipuntemtokaken kaliyan sikap santun ingkang

dipungadhahi dening pangandikan kaliyan pamireng.

Sejatosipun wonten kalih prakawis ingkang kedah dipunemut wekdal

badhe nemtokaken tingkat tindak tutur ingkag badhe dipunagem. Ingkang

sepisan tingkat formalitas, hubungan antawis pangandikan kaliyan pamireng,

ingkang kaping kalih status ingkang dipungadhahi pamireng. Tingkat

keresmian punika ingkang nemtokaken pilihan tingkat ngoko, madya, krama.

Menawi nginggil ngandhap status sosial pamireng nemtokaken pangageman

tembung-tembungkrama inggil (Poedjasoedarma, 1979: 16).

Rustono (2000: 23) ngandharaken babagan tindak tutur punika

jinisipun. Saking jinisipun tindak tutur dipunpantha dados gangsal jinis fungsi.

Saking gangsal jinis punika samangke saged dados pathokan kangge nganalisis

tindak tutur lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh. Gangsal jinis tindak tutur

inggih punika :

a. Asertif (Representative).

Asertif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken bilih ingkang

dipunpitadosi panutur adhedhasar kasunyatan. Tuladhanipun, penegasan,

dudutan, lan pendeskripsian, kados tuladha tuturan ing ngandhap punika.

Page 38: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

27

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening Ibu Inaroh kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Ridho.

Ibu: Inaroh Lare: Ridho

Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko

mbok nganthi ra lulus malah gela

Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu

Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv

Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk

Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan

Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar

piyambakan malah ngathuk

Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus

Lare : Inggih bu

b. Ekspresif (evaluatif)

Ekspresif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken

punapa ingkang dipunraosaken dening penutur. Raos punika saged arupi

raos bingah, angel, remen, sengsara, lan matur nuwun.

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Susanti kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Devi.

Ibu : Susanti Lare : Devi

Devi : Bu sing buntelan plastik napa tah?

Ibu : Jajal dibuka dewe tah

Devi : Niki sepatune sinten bu?

Page 39: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

28

Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?

Devi : Nggih

Ibu : Lha wis kok takon?

Devi : Maksudte mbok menawi titipane tiyang

Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,

mumpung bakule isih ning pasar

Devi : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu

Ibu : Ya

c. Direktif (Impositif)

Direktif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunagem penutur

kagem ndawuhi tiyang sanes nindakaken punapa ingkang dipunsebataken

penutur. Tindak tutur punika arupi; ndawuhi, nyuwun tulung, paring

pamrayogi, pemesanan. Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu

Maryuni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Upik.

Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang ya?

Upik : Ibu badhe ten pundi tah?

Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama

Upik : Kalih sinten?

Ibu : Karo mbakyumu

Upik : Kula mawon bu sing ndugekke

Ibu : Lha kowe pe lapo?

Upik : Boten napa-napa pengin mawon

Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.

Page 40: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

29

d. Komisif

Komisif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunpahami penutur

kagem ngiket piyambakipun kaliyan tindakan-tindakan ing masa

salajengipun. Tindak tutur punika saged arupi; janji, ancaman, penolakan,

ikrar. Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Siti kaliyan

larenipun ingkang nggadhahi nami Susan

Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak

Ibu : Yawis Alhamdulillah

Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?

Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu

Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?

Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange

adhimu ibu utang bude kok

Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah

arta kula ditumbaske nggih bu?

Ibu : Iya-iya, sing penting yen bue wis duwe dhuwit.

e. Deklarasi

Deklarasi inggih punika jinis tindak tutur ingkang panuturipun saged

nyiptakake samukawis (status, kahanan, lan sapiturutipun) ingkang enggal.

Tindak tutur punika saged arupi; paring keputusan, membatalkan, nglarang,

paring idin, lan paring pangapunten.

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan

larenipun ingkang nggdhahi nami Arum.

Page 41: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

30

Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?

Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok

Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?

Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet

terus

Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor

mbak Ika po?

Arum : Lha mbak Ika ten pundhi tah bu?

Ibu : Ika ki ning SMK Demak

Arum : Nggih boten napa-napa tah, sing penting sekolahe sae

Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?

Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.

Page 42: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

31

BAB III

TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN

TIYANG SEPUH

Ing salebeting bab punika badhe dipunanalisis lan dipundeskripsikaken

tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang

sepuhipun. Panaliten punika kalampahan ing Dusun Dempet Kabupaten

Demak. Ing dusun punika taksih kathah dipunprangguli lare-lare ingkang nalika

gineman kaliyan tiyang sepuhipun ginakaken krama inggil. Ancas saking

panaliten tindak tutur inggih punika mangertosi wujud tindak tutur ingkang

dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh.

A. Deskripsi Data

1. Sumber Data

Sumber data ing panaliten inggih punika Dusun Dempet Kabupaten

Demak. Dusun Dempet punika ingkang samangke dipundadosaken dhaerah

panaliten.

Dhaerah pengamatan punika manunggaling wilayah distribusi ingkang

secara geografis boten kapedhot lan secara linguistik nedahaken pangagemipun

ingkang isolek ingkang homogen ingkang dipundadosaken papan

pamundhuting dhata ginemanpun lare kaliyan tiyang sepuh. Dhaerah

pengamatan saged dipuntegasaken minangka kriteria administratif ingkang

dipunkengingaken dhaerah pengamatan. Kriteria administratif ingkang

31

Page 43: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

32

dipunmaksud saged awujud RT, RW, Dusun, Desa/kelurahan, Kecamatan lan

salajengipun.

Dhaerah pengamatan ingkang mirunggan kedah adhedhasar tumrap

kahanan linguistik dhaerah ingkang dipuntaliti ginemanpun lare kaliyan tiyang

sepuh. Ing Dusun Dempet punika sampun saged kawastanan dhaerah

pengamatan amargi sampun murakabipunapaingkang dados syaratipun:

1. Dhaerah pengamatan punikatebih saking kitha.

2. Dhaerah pengamatan punika mobilitas.

3. Cacahipun penduduk maksimal 6000 jiwa.

Ing Dusun Dempet punika tebih saking kitha ageng. Lajeng mobilitas

pendudukipun ing Dusun Dempet Kecamatan Dempet taksih rendah.n Dusun

Dempet cacahipun penduduk kirang langkung wonten 2000 jiwa, pramila

punika saged nedahaken minangka dhaerah pengamatan. Saking murakabinipun

Dusun Dempet dados dhaerah pengamatan kaangkah supados panaliten punika

saged dipunprangguli unsur asli basanipun piyambak.

Dusun Dempet mapan ing tengah-tengahing Desa Dempet. Sisih

kidulipun Dusun Brangkidul, sisih kilen Dusun Pabrik, sisih ler Dusun

Botosiman, lan ingkang sisih wetan Desa Botosengon.

Kahanan ing dusun Dempet saged kacipta kanthi aman lan tentram.

Warganipun rukun, tulung-tinulung, lan taksih ngrembaka budaya gugur

gunung, sambatan lan sapanunggalinpun. Saperangan ageng warga Dusun

Dempet Kabupaten Demak agaminipun islam. Bilih pertumbuhan

pendudukipun saben taun sanaya mundhak murugaken kathahipun para mudha

Page 44: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

33

sami nikah ing umur nem. Punika gambaraken Dusun Dempet ingkang mapan

ing Desa Dempet Kecamatan Dempet Kabupaten Demak minanagka dhaerah

penagamatan lan sumbering data panaliten.

2. Data

Data ingkang dipunkempalaken ing panaliten awujud ukara ingkang

ngemot tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh. Amargi ing

Dusun Dempet saperangan ageng padamelannipun tani, dagang lan papanipun

tebih saking kitha ageng, pramila tindak tutur ginemanipun lare kaliyan tiyang

sepuh ingkang makempal nggambaraken papan ugi pakaryannipun warga.

Limrahhipun ingkang dipunginakaken ing Dusun Dempet basa ngoko lan

krama ndesa ingkang limrah dipunginakaken ing sedaya tataran.

Saking pinten-pinten warga ingkang wonten ing Dusun Dempet

Kabupaten Demak, panyerat mendhet kalihdoso tiyang ingkang kaperang

saking sedoso kulawarga ingkang samangke dipundadosaken objek panaliten.

Ingkang sepisan saking kulawarga bapak Sarmidi ingkang dipunlamplahi

dening ibu Inaroh kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Muhammad

Ibrohim Husnir Ridho. Ingkang kaping kalih inggih punika kulawarga bapak

Sukarman ingkang dipunlampahi dening ibu Suwati kaliyan larenipun ingkang

nggadhahi nami Eka Safitri. Kulawarga ingkang kaping tiga inggih punika

kulawarga bapak Bambang Hermanto ingkang dipunlampahi dening ibu Susanti

kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Fransisca Devia Kharisma Dewi.

Ingkang kaping sekawan saking kulawarga bapak Supar ingkang dipunlampahi

dening ibu Durni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Alif Falikhah.

Page 45: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

34

Ingkang kaping gangsal inggih punika saking kulawarga bapak Suparman

ingkang dipunlampahi dening ibu Maryuni kaliyan larenipun ingkang

nggadhahi nami Siti Sofiatun. Kulawarga ingkang kaping enem iggih punika

kulawarga bapak Amin ingkang dipunlampahi dening ibu Karyati kaliyan

larenipun ingkang nggadhahi nami Nanda Ali Kuswara. Ingkang kaping pitu

inggih punika saking kulawarga bapak Sidik ingkang dipunlampahi dening ibu

Siti kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Ning Susana. Kulawarga

ingkang kaping wolu inggih punika kulawarga bapak Sarbini ingkang

dipunlampahi dening ibu Sri Wahyuni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi

nami Sari Fitriawati. Kulawarga ingkang kaping sanga inggih punika kulawarga

bapak Ashadi ingkang dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Aprilia Arum Sari. Kulawarga ingkang pungkasan

inggih punika saking kulawarga bapak Muryanto ingkang dipunlampahi dening

ibu Sulasih kaluyan larenipun ingkang nggadhahi nami Tri Maulia Dewi.

B. Tindak Tutur ing Gineman antawis Lare kaliyan Tiyang Sepuh

Ginemanipun lare kaliyan tiyang sepuh dipunanalisis kanthi tindak

tuturipun, tindak tutur ingkang wonten inggih punika gangsal jinis. Saking

jinisipun tindak tutur dipungolongaken dados gangsal jinis fungsi ingkang

limrah. Gangsal jinis punika kados mekaten: (1) asertif utawi representative,

(2) direktif utawi impositif, (3) ekspresif utawi evaluatif, (4) komisif, lan (5)

deklarasi utawi isbati.

Page 46: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

35

Tuladha gineman lare kaliyan tiyang dipunanalisis utawi priksani

saking jinis utawi fungsi tindak tutur.

1. Asertif (Representative).

Asertif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken bilih

ingkang dipunpitadosi panutur adhedhasar kasunyatan. Tuladhanipun,

penegasan, dudutan, lan pendeskripsian, kados tuladha tuturan ing ngandhap

punika.

(1). Konteks: NONTON TV, IBU INAROH KALIYAN LARENIPUN

MUHAMMAD IBROHIM HUSNIR RIDHO

Tuturan

Ibu: Inaroh Lare: Ridho

Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko mbok

nganthi ra lulus malah gela

Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu

Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv

Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk

Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan

Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar

piyambakan malah ngathuk

Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus

(penegasan)

Lare : Inggih bu

Page 47: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

36

Ingkang dipuntuturaken ibu (Inaroh) dhateng Ridho (lare) punika

awujud penegasan ingkang jumbuh kaliyan kasunyatan. Ukara ingkang

kacetak miring punika nedahaken penegasan bilih menawi lare punika boten

sinau kanthi saestu bijinipun bakal awon.

Tindak tuturipun Ridho (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Inaroh) nedahaken bilih Ridho (lare) punika ngginakaken tembung-tembung

ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang

sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken

unggah-ungguh amargi Ridho punika rumaos menawi piyambakipun

gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang

dipunginakaken Ridho nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken

unggah-ungguh inggih punika: kula (saya), menawi (kalau), dalu (malam),

sampun (sudah), piyambakan (sendirian), nggih (iya), boten (tidak), saestu

(sungguh). Tembung-tembung punika awujud tembung krama inggil.

(2). Konteks: ING PLATARAN, IBU SUWATI KALIYAN LARENIPUN

EKA SAFITRI.

Tuturan

Ibu : Suwati Lare : Fitri

Ibu : Fitri mengko jambune disirami ya?

Fitri : Lha napa tah bu, kok kedah disirami?

Ibu : Mengko yen ora disirami mbok jambune ra gelem woh (penegasan)

Fitri : Lha ibu badhe dhateng pundi?

Ibu : Ibu tak ning sawah dhisik, tak dhelok parine

Page 48: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

37

Fitri : Lha mangke toyane bor napa lepen?

Ibu : Kali wae, sing akeh sing disiram lemah ngisor

Fitri : Nggih

Ingkang dipuntuturaken ibu (Suwati) dhateng larenipun (Fitri) awujud

penegasan. Tindak tutur punika nedahaken bilih menawi jambu punika boten

dipunsirami jambu punika boten wonten wohhe.

Tindak tuturipun Fitri (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Suwati)

nedahaken bilih Fitri (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang

leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh

utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-

ungguh amargi Fitri punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan

ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Fitri

nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih

punika: tuladhanipun tembung-tembung napa (apa), kedah (harus), badhe

(akan), dhateng pundi (kemana), mangke (nanti), toya (air), lepen (sungai),

nggih (ya). Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.

2. Ekspresif (evaluatif)

Ekspresif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken

punapa ingkang dipunraosaken dening penutur. Raos punika saged arupi

raos bingah, angel, remen, sengsara, lan matur nuwun.

(3). Konteks: GINEMAN ING RUANG TAMU, IBU SUSANTI KALIYAN

LARENIPUN FRANSISCA DEVIAKHARISMA DEWI.

Tuturan

Page 49: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

38

Ibu : Susanti Lare : Devi

Lare : Bu sing buntelan plastik napa tah?

Ibu : Jajal dibuka dewe tah

Lare : Niki sepatune sinten bu?

Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?

Lare : Nggih

Ibu : Lha wis kok takon?

Lare : Maksudte mbok menawi titipane tiyang

Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,

mumpung bakule isih ning pasar

Lare : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu (matur

nuwun)

Ibu : Ya

Ingkang dipuntuturaken Devi (lare) kaliyan ibunipun (Susanti) punika

awujud raos matur nuwun ingkang dipunraosaken dening Devi (lare). Tindak

tutur punika nedahaken bilih Devi (lare) ngaturaken raos matur nuwun

dhateng ibunipun (Susanti) amargi sampun dipuntumabasaken sepatu.

Tindak tuturipun Devi (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Susanti) nedahaken bilih Devi (lare) punika ngginakaken tembung-tembung

ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang

sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken

unggah-ungguh amargi Devi punika rumaos menawi piyambakipun gineman

kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken

Page 50: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

39

Devi nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh

inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung napa (apa), niki (ini), sinten

(siapa), nggih (iya), menawi (kalau), tiyang (orang), matur nuwun (terima

kasih), sampun (sudah), tembung-tembung punika sampun leres amargi

tembung punika kalebet ing tembung krama inggil.

(4). Konteks: NONTON TV SINAMBI SINAU, IBU DURNI KALIYAN

LARENPUN ALIF FALIKHAH.

Tuturan

Ibu : Durni Lare: Alif

Alif : Bu kula kalawau ulangan Matematika angsal biji 8 (raos bingah).

Ibu : Yawis tah Alhamdulillah, mulane sinau sing sregep ben bijine apik

terus kaya masmu dhisik

Alif : Nggih bu

Ibu : Lha mau kancane padha entuk biji pira?

Alif : Nggih wonten sing angsal 5, 6, 7

Ibu : Lha sing paling dhuwur sapa?

Alif : Nggih kula tah bu

Ibu : Pokoke angger bijine apik terus ya sekolah ning Demak tapi nak bijine

tambah elek ya sekolah ning Dempet wae

Alif : Nggih bu

Ibu : Sing penting sinau terus ben bijine apik terus.

Ingkang dipuntuturaken Alif (lare) kaliyan ibunipun (Durni) punika

awujud raos bingah ingkang dipunraosaken Alif (lare). Tindak tutur punika

Page 51: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

40

nedahaken bilih Alif (lare) ngraosaken raos bingah amargi pikanthuk biji 8

ing ulangan Matematika.

Tindak tuturipun Alif (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Durni)

nedahaken bilih Alif (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang

leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh

utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-

ungguh amargi Alif punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan

ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Alif

nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih

punika: tuladhanipun tembung-tembung kula (saya), kalawau (tadi), nggih

(ya), wonten (ada), angsal (dapat), tembung-tembung punika kalebet krama

inggil.

3. Direktif (Impositif)

Direktif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunagem penutur

kagem ndawuhi tiyang sanes nindakaken punapa ingkang dipunsebataken

penutur. Tindak tutur punika arupi; nyuwun tulung, paring pamrayogi,

pemesanan.

(5). Konteks: NONTON TV SINAMBI LEMPIT-LEMPIT, IBU MARYUNI

KALIYAN LARENIPUN SITI SOFIATUN (UPIK).

Tuturan

Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang ya? (nyuwun tulung).

Upik : Ibu badhe ten pundhi tah?

Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama

Page 52: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

41

Upik : Kalih sinten?

Ibu : Karo mbakyumu

Upik : Kula mawon bu sing ndugekke

Ibu : Lha kowe pe lapo?

Upik : Boten napa-napa pengin mawon

Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.

Ingkang dipuntuturaken ibu (Maryuni) kaliyan larenipun (Upik)

punika awujud nyuwun tulung. Tindak tutur punika nedahaken bilih Ibu

Maryuni nyuwun tulung dhateng Upik (lare) supados dipungosokaken

klambinipun.

Tindak tuturipun Upik (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Maryuni) nedahaken bilih Upik (lare) punika ngginakaken tembung-

tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken

kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh

ngginakaken unggah-ungguh amargi Upik punika rumaos menawi

piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung

ingkang dipunginakaken Upik nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang

nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung

badhe ten pundhi (mau kemana), kalih sinten (sama siapa), kula (saya),

mawon (saja), ndugekaken (mengantar), boten (tidak), napa-napa (kenapa-

napa). Tembung-tembung ing nggil punika kalebet krama inggil.

(6). Konteks: MLAMPAH TUMUJU MUSHOLA, IBU KARYATI

KALIYAN LARENIPUN NANDA ALI KUSWORO.

Page 53: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

42

Tuturan.

Ibu : Karyati Lare: Nanda

Ibu : Nda yen kowe mengko daftar ning SMA Kudus piye? (paring

pamrayogi).

Nanda : Nggih boten napa-napa sing penting sekolahane sae

Ibu : Nak jare pak dhemu ya apik, wong dhik kae mas Adi ya sekolah ning

kana.

Nanda : Lha mangke kula ten mrika pripun?

Ibu : Ya mengko melu mbahe

Nanda : Wong mbahe mpun sepuh napa boten ngrepoti?

Ibu : Ya yen kowe gelem kapan-kapan bue tak mrono ngomong mbahe

Nanda : Menawi ngaten nggih mpun tah

Ibu : Wong wis tua diwori putune ya malah seneng tah.

Ingkang dipuntuturaken ibu (Karyati) kaliyan larenipun (Nanda)

punika awujud paring pamrayogi. Tindak tutur punika nedahaken bilih ibu

(Karyati) paring pamrayogi dhateng Nanda (lare) bilih mangke dipundawuhi

sekolah dhateng Kudus tumut kaliyan mbahe.

Tindak tuturipun Nanda (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Karyati) nedahaken bilih Nanda (lare) punika ngginakaken tembung-

tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken

kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh

ngginakaken unggah-ungguh amargi Nanda punika rumaos menawi

piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung

Page 54: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

43

ingkang dipunginakaken Nanda nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang

nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung

nggih (ya), boten (tidak), napa-napa (kenapa-napa), sae (baik), mangke

(nanti), kula (saya), ten mrika (disana), pripun (bagaimana), mpun (sudah),

sepuh (tua), ngrepoti (merepotkan), menawi (kalau), ngaten (begitu).

Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.

4. Komisif

Komisif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunpahami penutur

kagem ngiket piyambakipun kaliyan tindakan-tindakan ing masa

salajengipun. Tindak tutur punika saged arupi; janji, ancaman, penolakan,

ikrar.

(7). Konteks: GINEMAN ING RUANG TAMU, IBU SITI KALIYAN

LARENIPUN NING SUSANA.

Tuturan.

Ibu : Siti Lare : Susan

Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak

Ibu : Yawis Alhamdulillah

Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?

Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu

Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?

Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange

adhimu ibu utang bude kok

Page 55: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

44

Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah

arta kula ditumbaske nggih bu?

Ibu : Iyo-iyo, sing penting yen bue wis duwe dhuwit. (janji).

Ingkang dipuntuturaken ibu (Siti) kaliyan larenipun (Susan) punika

awujud janji. Tindak tutur punika nedahaken bilih ibu (Siti) paring janji

dhateng Susan (lare) bilih mangke menawi ibu (Siti) sampun gadhah arta

Susan (lare) badhe dipuntumbasaken HP.

Tindak tuturipun Susan (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Siti)

nedahaken bilih Susan (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang

leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh

utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-

ungguh amargi Susan punika rumaos menawi piyambakipun gineman

kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken

Susan nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh

inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung kula (saya), ketampi

(diterima), ditumbaske (dibelikan), nggih (ya), badhe (akan), menawi (kalau),

ngaten (begitu), mangke (nanti), sampun (sudah), gadhah (punya), arto

(uang). Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.

(8). Konteks NEMBE MASAK, IBU SRI WAHYUNI KALIYAN

LARENIPUN SARI FITRIAWATI

Tuturan

Ibu : Sri Wahyuni Lare : Sari

Page 56: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

45

Ibu : Ri, pokoke yen kowe mengko bijimu apik yo kowe tak kuliahke, tapi

nak bijimu elek ya kowe ra sida tak kuliahke. (ancaman).

Sari : Lha kok ngaten tah bu?

Ibu : Ya wis piye meneh, wong padha kuliah ya paddha nganggur kok

Sari : Lha napa hubungane bu?

Ibu : Ya ana tah, yen bijimu apikkan golek gawean rada gampang tapi yen

bijimu elek ya kowe kalah karo sing bijine luwih apik

Sari : Nggih diparingi kesempatan tah bu, sinten sing ngertos biji ujiane elek

tapi mangke kulahe pinter

Ibu : Halah pokoke yen ijazahmu bijine elek ra sah kuliah.

Ingkang dipuntuturaken dening ibu (Sri) kaliyan Sari (lare) punika

awujud ancaman. Tindak tutur punika nedahaken bilih menawi mangke biji

ujiane awon ibunipun boten kersa nguliahke.

Tindak tuturipun Sari (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Sri)

nedahaken bilih Sari (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang

leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh

utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-

ungguh amargi Sari punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan

ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Sari

nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih

punika: tuladhanipun tembung-tembung ngaten (begitu), napa (apa), nggih

(ya), diparingi (diberi), sinten (siapa), ngertos (tahu), mangke (nanti).

Tembung-tembung punika kelebet krama inggil.

Page 57: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

46

5. Deklarasi

Deklarasi inggih punika jinis tindak tutur ingkang panuturipun saged

nyiptakake samukawis (status, kahanan, lan sapiturutipun) ingkang enggal.

Tindak tutur punika saged arupi; paring keputusan, membatalkan, nglarang,

paring idin, lan nyuwun pangapunten.

(9). Konteks: GINEMAN TEN PLATARAN, IBU RUMIYATI KALIYAN

LARENIPUN APRILIA ARUM SARI

Tuturan

Ibu : Rumiyati Lare : Arum

Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?

Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok

Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?

Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet

terus

Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor

mbak Ika po?

Arum : Lha mbak Ika ten pundi tah bu?

Ibu : Ika ki ning SMK Demak

Arum : Nggih boten napa-napa toh, sing penting sekolahe sae (paring

keputusan).

Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?

Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.

Page 58: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

47

Ingkang dipuntuturaken dening Arum (lare) dhateng ibunipun

(Rumiyati) punika awujud paring keputusan. Tindak tutur punika nedahaken

bilih Arum (lare) paring keputusan dhateng ibunipun bilih mangke Arum

badhe sekolah dhateng SMK Demak.

Tindak tuturipun Arum (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Rumiyati) nedahaken bilih Arum (lare) punika ngginakaken tembung-

tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken

kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh

ngginakaken unggah-ungguh amargi Arum punika rumaos menawi

piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung

ingkang dipunginakaken Arum nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang

nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung

ngapunten (tidak tahu), dereng (belum), wonten (ada), dugi (sampai), ten

pundi (dimana), nggih (ya), boten (tidak), napa-napa (kenapa-napa), mangke

(nanti), kula (saya), tangklet (tanya). Tembung-tembung punika kalebet

krama inggil.

(10). Konteks: NEMBE MASAK, IBU SULASIH KALIYAN LARENIPUN

TRI MAULADEWI

Tuturan

Ibu : Sulasih Lare : Lia

Lia : Ibu nyuwun pangapunten kula kesupen numbasaken lombok

(nyuwun pangapunten).

Ibu : Lha ya kok isa, wng wis dienteni kok ya lali

Page 59: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

48

Lia : Lawong pekene rame sanget kok

Ibu : Lha apa iki mau pasaran

Lia : Kadose nggih

Ibu : Nak ngono ibu ditumbaske ning warung wae, mbok bapakmu selak

ngeleh

Lia : Lha tumbas pinten?

Ibu : Tuku 2000 wae

Lia : Campur tah bu?

Ibu : Ya

Ingkang dipuntuturaken Lia (lare) kaliyan ibunipun (Sulasih) punika

awujud nyuwun pangapunten. Tindak tutur punika nedahaken bilih Lia (lare)

nyuwun pangapunten dhateng ibunipun (Sulasih) bilih Lia (lare) kesupen

boten numbasaken lombok.

Tindak tuturipun Lia (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun

(Sulasih) nedahaken bilih Lia punika ngginakaken tembung-tembung

ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang

sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken

unggah-ungguh amargi Lia punika rumaos menawi piyambakipun gineman

kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken

Lia nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh

inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung nyuwun pangapunten (minta

maaf), kula (saya), kesupen (lupa), numbasaken (membelikan), pekene

Page 60: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

49

(pasare), sanget (sangat), kadose (kayaknya), nggih (ya), pinten (berapa).

Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.

Page 61: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

50

BAB IV

PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asil analisis lan andharan bab ing nginggil, pramila

panaliten punika saged dipunpendhet dudutan bilih jinising tindak tutur punika

sejatosipun wonten gangsal jinis inggih punika (1). Asertif utawi representative,

(2). Ekspresif utawi evaluatif, (3). Direktif utawi impositif, (4). Komisif, lan (5).

Deklarasi utawi isbati.

B. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan ing nginggil saged nuwuhaken pamrayogi kados

mekaten:

1. Kagem lare-lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh kedah merhatosaken

tembung-tembung ingkang dipunginakaken.

2. Nalika gineman kaliyan tiyang sepuh kedah nerapaken tata krama, etika lan

sopan santun.

3. Kagem sedaya para pamaos supados milih tembung-tembung ingkang kados

pundi ingkang jumbuh kaliyan kahanan gineman.

Page 62: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

51

KAPUSTAKAN

Ali, Mahmud. 1999. Penelitian Pendidikan Pendekatan dan Strategi. Bandung:Angkasa.

Bimo, Setiyanto Aryo. 2010. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: PanjiPustaka.

Chaer, Abdul dan Leoni Agustina. 2004. Sosiolinguistik; Perkenalan Awal.Jakarta: Rineka Cipta.

Djalinussyah, dkk. 1993. Kampus Pelajar; Kata Serapan Bahasa Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.

Mahsun. 2007. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada.

Mangunsuwito, SS. 2006. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Bandung: Yramawidya.

Moleong, Lexy J. 2007. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PTRemaja Rosdakarya Offset.

Kawuryan, Megandaru W. 2008. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia, Indonesia-Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka.

Nababan, D.J.W. 1991. Sosiolinguistik Suatu Pengantar. Jakarta: PTGramedia.

Poerwadarminta. 2003. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: BalaiPustaka.

Purwadi . 2005. Belajar Bahasa Jawa Krama Inggil. Yogyakarta: HananPustaka.

Rahardi, R.K. 2005. Pragmatik; Kesantunan Imperatif Bahasa Indonesia.Yogyakarta: Erlangga.

Rustono. 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang. IKIP Semarang Press.

Sasangka, Wisnu Tjatur Satriya Sry . 2008. Paramasastra Gagrag Anyar BasaJawa. Jakarta: Yayasan Pramalingua.

50

Page 63: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

52

Subalidinata, S.R.1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: YayasanPustaka Nusatama.

Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa; pengantarPenelitian Wahana Kebudayaan Secara Linguistik. Seri ILDEP,Yogyakarta: Duta Wacana Press.

Sudiyatmana. 1991. Penuntun Berbahasa Jawa Tepat Baik Dan Benar.Semarang: Panitia Konggres Bahasa Jawa 1991.

Sumarlam. 2003. Teori dan Praktik Analisis Wacana. Surakarta: Pustaka CakraSurakarta.

Suyoto. 2006. “Handout Mata Kuliah Belajar Pembelajaran Bahasa”.Semarang: IKIP PGRI Semarang.

Tarigan, Djago. 1986. Pengajaran Sintaksis. Bandung: Angkasa.

__________ . 1990. Proses Belajar Mengajar Pragmatik. Bandung: Angkasa.

Tim Penyususn Balai Pustaka. 2000. Kamus Basa Jawa; (Bausastra Jawa).Yogyakarta: Kanisius.

Winter dan Ranggawarsito. 2003. Kamus Kawi-Jawa. Yogyakarta: GadjahMada University Press.

Yule, George. 2006. Pragmartik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Page 64: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

53

Page 65: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

52

Dhata I

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening Ibu Inaroh kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Ridho.

Ibu: Inaroh Lare: Ridho

Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko

mbok nganthi ra lulus malah gela

Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu

Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv

Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk

Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan

Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar

piyambakan malah ngathuk

Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus

Lare : Inggih bu

Dhata II

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Suwati kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Fitri.

Ibu : Suwati Lare : Fitri

Ibu : Fitri mengko jambune disirami ya?

Fitri : Lha napa tah bu, kok kedah disirami?

Ibu : Mengko yen ora disirami mbok jambune ra gelem woh

Fitri : Lha ibu badhe dhateng pundi?

Ibu : Ibu tak ning sawah dhisik, tak dhelok parine

Page 66: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

53

Fitri : Lha mangke toyane bor napa lepen?

Ibu : Kali wae, sing akeh sing disiram lemah ngisor

Fitri : Nggih

Dhata III

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Susanti kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Devi.

Ibu : Susanti Lare : Devi

Lare : Bu sing buntelan plastik napa tah?

Ibu : Jajal dibuka dewe tah

Lare : Niki sepatune sinten bu?

Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?

Lare : Nggih

Ibu : Lha wis kok takon?

Lare : Maksudte mbok menawi titipane tiyang

Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,

mumpung bakule isih ning pasar

Lare : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu

Ibu : Ya

Dhata IV

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Durni kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Alif.

Ibu : Durni Lare: Alif

Alif : Bu kula kalawau ulangan Matematika angsal biji 8

Page 67: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

54

Ibu : Yawis tah Alhamdulillah, mulane sinau sing sregep ben bijine apik

terus kaya masmu dhisik

Alif : Nggih bu

Ibu : Lha mau kancane padha entuk biji pira?

Alif : Nggih wonten sing angsal 5, 6, 7

Ibu : Lha sing paling dhuwur sapa?

Alif : Nggih kula tah bu

Ibu : Pokoke angger bijine apik terus ya sekolah ning Demak tapi nak bijine

tambah elek yasekolah ning Dempet wae

Alif : Nggih bu

Ibu : Sing penting sinau terus ben bijine apik terus.

Dhata V

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Maryuni kaliyan

larenipun ingkang nggadhahi nami Upik.

Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang yo?

Upik : Ibu badhe ten pundhi tah?

Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama

Upik : Kalih sinten?

Ibu : Karo mbakyumu

Upik : Kula mawon bu sing ndugekke

Ibu : Lha kowe pe lapo?

Upik : Boten napa-napa pengin mawon

Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.

Page 68: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

55

Dhata VI

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Karyati kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Nanda.

Ibu : Karyati Lare: Nanda

Ibu : Nda yen kowe mengko daftar ning SMA Kudus piye?

Nanda : Nggih boten napa-napa sing penting sekolahane sae

Ibu : Nak jare pak dhemu yaapik, wong dhik kae mas Adi ya sekolah ning

kana.

Nanda : Lha mangke kula ten mrika pripun?

Ibu : Ya mengko melu mbahe

Nanda : Wong mbahe mpun sepuh napa boten ngrepoti?

Ibu : Ya yen kowe gelem kapan-kapan bue tak mrono ngomong mbahe

Nanda : Menawi ngaten nggih pun tah

Ibu : Wong wis tua diwori putune ya malah seneng tah.

Dhata VII

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Siti kaliyan larenipun

ingkang nggadhahi nami Susan

Ibu : Siti Lare : Susan

Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak

Ibu : Yawis Alhamdulillah

Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?

Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu

Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?

Page 69: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

56

Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange

adhimu ibu utang bude kok

Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah

arta kula ditumbaske nggih bu?

Ibu : Iya-iya, sing penting yen bue wis duwe dhuwit.

Dhata IX

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan

larenipun ingkang nggdhahi nami Arum.

Ibu : Rumiyati Lare : Arum

Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?

Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok

Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?

Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet

terus

Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor

mbak Ika po?

Arum : Lha mbak Ika ten pundi tah bu?

Ibu : Ika ki ning SMK Demak

Arum : Nggih boten napa-napa tah, sing penting sekolahe sae

Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?

Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.

Dhata X

Page 70: TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN … · pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ... Sedaya kanca-kanca kelas VIII

57

Tuladha gineman punika dipunlampahi dening dening ibu Sulasih kaliyan

larenipun ingkang nggadhahi nami Lia.

Ibu : Sulasih Lare : Lia

Lia : Ibu nyuwun pangapunten kula kesupen numbasaken lombok

Ibu : Lha a kok isa, wong wis dienteni kok ya lali

Lia : Lawong pekene rame sanget kok

Ibu : Lha apa iki mau pasaran

Lia : Kadose nggih

Ibu : Nak ngono ibu ditumbaske ning warung wae, mbok bapakmu selak

ngeleh

Lia : Lha tumbas pinten?

Ibu : Tuku 2000 wae

Lia : Campur tah bu?

Ibu : Ya