tausyiah pidato bahasa jawa

2
Bismillaahirrohmaanirrohiim Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh. Alhamdulillaahirobbil’alamiin, assholaatu wassalaamu ‘alaa asrofil ambiyaai walmursaliin. Sumangga Bapak Guru kaliyan rencang sedaya kita tansah ngunjukaken syukur wonten ngarsa dalem Allah S. W. T. Sholawat lan salam mugi tansah katujuaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S. A. W. Wonten ing kesempatan menika, kula badhe ngaturaken setunggalipun tema inggih menika babagan Cara Nentremaken Ati. Bapak Guru lan rencang sedaya ingkang, menika nasihatipun Rasulullah kang dados anjuran kangge umatipun. Sumangga dipun gatosaken bilih kangge tamba ati menika wonten gangsal perkawis injih menika : 1. Sregep anggenipun maos Al Qur’an. Maos kanti angen-angen maknanipun lan dipunamalaken. 2. Nindaaken sholat ing wanci dalu. 3. Dzikir dhateng Allah saben dalu, kimut dhateng Gusti Allah. 4. Prihatin, njagi padharan kula panjenengan sami kanthi ngelih luwe caranipun inggih menika siyam utawi poso. Saengga kula panjenengan sami saged tuwuh tepa slira. Lajeng asih dhumateng tiyang ingkang kekirangan. 5. Ngumpuli tiyang-tiyang ingkang Sholih, amargi insya Allah kula panjenengan sami saged ketularan dados tiyang

Upload: maharotullaili-nur-azizah

Post on 14-Jan-2016

90 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

InsyaAllaah membantu siswa SMP.

TRANSCRIPT

Page 1: Tausyiah Pidato Bahasa Jawa

Bismillaahirrohmaanirrohiim

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh. Alhamdulillaahirobbil’alamiin,

assholaatu wassalaamu ‘alaa asrofil ambiyaai walmursaliin. Sumangga Bapak Guru kaliyan

rencang sedaya kita tansah ngunjukaken syukur wonten ngarsa dalem Allah S. W. T.

Sholawat lan salam mugi tansah katujuaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad

S. A. W.

Wonten ing kesempatan menika, kula badhe ngaturaken setunggalipun tema inggih

menika babagan Cara Nentremaken Ati.

Bapak Guru lan rencang sedaya ingkang, menika nasihatipun Rasulullah kang dados

anjuran kangge umatipun. Sumangga dipun gatosaken bilih kangge tamba ati menika wonten

gangsal perkawis injih menika :

1. Sregep anggenipun maos Al Qur’an. Maos kanti angen-angen maknanipun lan

dipunamalaken.

2. Nindaaken sholat ing wanci dalu.

3. Dzikir dhateng Allah saben dalu, kimut dhateng Gusti Allah.

4. Prihatin, njagi padharan kula panjenengan sami kanthi ngelih luwe caranipun inggih

menika siyam utawi poso. Saengga kula panjenengan sami saged tuwuh tepa slira.

Lajeng asih dhumateng tiyang ingkang kekirangan.

5. Ngumpuli tiyang-tiyang ingkang Sholih, amargi insya Allah kula panjenengan sami

saged ketularan dados tiyang samenika.

Pramila ing antawissipun gangsal menika menawi kita saged nglaksanaaken, insya

Allah Gusti Allah paring ‘ijabah kangge kula panjenengan sami.

Mbok bilih semanten anggen kula matur, mugi ndadosaken renungan dhumateng kula

panjenengan sami saged mbenahaken diri ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng.

Wabillahitaufik walhidayah, wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.