soal utama b jawa 7

Upload: parwantohadi

Post on 14-Jul-2015

974 views

Category:

Documents


2 download

TRANSCRIPT

PEMERINTAH KABUPATEN WONOSOBO DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA

ULANGAN UMUM SEMESTER GENAPSMP / MTs TAHUN PELAJARAN 2008 / 2009MATA PELAJARAN KELAS HARI / TANGGAL WAKTU JENIS : : : : : BAHASA JAWA VII (TUJUH) SELASA, 8 JUNI 2010 10.00 11. 30 WIB UTAMA

PETUNJUK UMUM 1. Tulislah terlebih dahulu nama dan nomor Test pada lembar jawaban yang tersedia! 2. Periksa dan bacalah dengan teliti sebelum mengerjakan! 3. Untuk soal pilihan ganda, berilah tanda silang salah satu huruf pada jawaban yang paling benar. Sedang untuk soal uraian selesaikanlah dengan jawaban yang tepat dan jelas! 4. Dilarang menggunakan Kalkulator, HP, Daftar logaritma maupun alat hitung lainnya! 5. Mintalah kertas CD/buram bila diperlukan! PETUNJUK KHUSUS I. SOAL PILIHAN GANDA

Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b,c, lan kang kokanggep bener ing lembar jawab!Wacanen kanthi titi wacan ing ngisor iki! Wisata Ing Tlatah Wonosobo Kutha Wonosobo nduweni papan pariwisata maneka warna. Wiwit saka papan wisata kang alami nganti tekan papan wisata kang gawean kaya dene Dataran Tinggi Dieng, Tlaga Menjer, Pemandian Kali Anget, Agro Wisata Tambi, Agro Wisata Tanjungsari, Wadhuk Wadaslintang lan liya-liyane. Dene sing wektu saiki isih anyar yaiku alun-alun kutha Wonosobo kang wis diowahi dadi papan wisata olah raga lan kena kanggo ngenggarenggar penggalih utawa santai ing wayah isuk, awan, sore lan bengi. Kanggone bocah-bocah sekolah lan warga masyarakat umum, prayogane sakdurunge plesir menyang kutha-kutha liyane kang adoh luwih becik panggonan wisatane dhewe ditekani dhisik. Awit aja nganti kuwalik, wis plesir menyang ngendi-endi malah plesir ing tlatah Wonosobo durung tau babar pisan, kamangka para wisatawan mancanegara bae wis padha ndlidir nekani lan ndeleng papan wisata ing Kabupaten Wonosobo kang nyata ASRI lan nengsemake. 1. Ing tlatah Wonosobo akeh papan wisata, sing kalebu anyar kang wis diowahi dadi papan wisata olah raga lan kena kanggo enggar-enggar penggalih ing wayah isuk, awan lan sore yaiku . a. Agro Wisata Tanjungsari c. Waduk Wadaslintang b. Alun-alun Kutha Wonosobo d. Dataran Tinggi Dieng Etika Lalu Lintas Diwulangake Kementrian Pendidikan Nasional lan Kepolisian RI sarujuk menehi materi etika berlalu lintas menyang program pendidikan sekolah. Menteri Pendidikan Nasional, M. Nuh Senin(8/3) mratelakake nota kesepahaman

ngenani wulangan etika lalu lintas antarane Polri lan Kementrian Pendidikan Nasional mengku karep murih siswa bisa ngetrepake budaya berlalu lintas wiwit isih tataran taman kanak-kanak engga perguruan tinggi. Program kasebut bakal kawiwitan ing taun ajaran 2010/2011. Kurikulume disusun bareng dening Kemendiknas lan Polri. M. Nuh nambahake, wulangan etika lalu lintas wigati diwulangake ana bangku sekolah awit lingkungan sekolah duwe potensi kuwat banget kanggo ndhapuk karaktere bocah. (PS No. 12 20 Maret 2010) 2. Apa kang dadi underane wacan ing ndhuwur? a. Etika lalu lintas bakal dadi wulangan ing sekolah. b. Sapa bae kang duwe sepedha motor supaya duwe etika lalu lintas. c. Supaya padha ora kebut-kebutan ing ndalan. d. Para siswa diajab duwe SIM. Lelabuhane RA Kartini ing Babagan Kabangsan Kartini darbe wawasan kang manjila, mula Kartini ora sarujuk marang tatanan kang lumaku ing kaluwargane kaum bangsawan, iku cengkah kalawan jiwane RA Kartini. Dheweke uga ora sarujuk marang pranatan pakurmatan kang ditindakake dening adhik-adhike marang kawula alit. Kartini kepengin nganakake owah-owahan saka tatanan kolot kang ora dijumbuhake kelawan kemajuaning jaman. Kartini kepengin mbebasake utawa merdikaake sagung kaum wanita. Kajaba iku Kartini uga duwe ajab kepengin nandur tatanan urip kang ana ing jroning kaprayogan, ing jroning kulawarga lan masyarakat. Urip kang merdika, ajen-ingajenan, lumakuning drajat kang imbang, mujudake kudangane Kartini. Kahanane rakyat kang isih bodho lan sarwa tininggal ing pirang-pirang bab, iku kabeh mujudake kawigatene Kartini. Jejere wanita kang binuka pikire, lan rasa tanggung jawab, tumrap nasibe rakyat lan bangsane, Kartini emoh yen mung lungguh ongkang-ongkang sila tumpang. Maneka warna pambudidaya wuss tinindakake kanggo ambela rakyat. (PS No.16-17April 2010) 3. Apa kang dadi kekudangane Kartini marang nasibe rakyat lan bangsane? a. Rakyat kuwi kudu ngajeni marang kulawarga bangsawan b. Supaya kaum wanita bebas merdika saka kaum pria c. Urip kang mardika lan padha ngajeni ing urip bebrayan. d. Tatanan kolot kudu jumbuh karo kemajuaning jaman. 4. Wingi Bapak kondur saka Bali ngasta oleh-oleh, klambi bathik. Ing ukara iki kang kalebu tembung mawa aksara I miring yaiku .. a. Wingi c. Bali b. Klambi d. Bathik 5. Ing ngisor iki aksara swara a kang dilafalake jejeg tinemu ing tembung a. Manuk c. Melar b. Marang d. Mara 6. Omahku duwe latar amba bawera, Kanggo kegiyatan ning omah Bapak nandur pare, terong, gedhang, lan tela. Tanduran Sing kalebu pala kasimpar yaiku . . . . a. Pare c. terong b. Gedhang d. telo 7. Ibu tumbas gedhang kanggo gawe naga sari amarga menko sore arep ana arisan nang omahku. Gedhang kalebu tanduran. a. Pala kasimpar c. Pala kapendhem

b. Pala gumantung

d. Pala kitri

8. Wulan ngarep aku arep ngeterake Mas Dani mulih menyang Surabaya. Ukara iki menawa didadeake ngoko alus yaiku. a. Wulang ngajeng kula badhe ngeteraken Mas Dani kondur dhateng Surabaya. b. Wulan ngarep aku arep ndherekake Mas Dani kondur menyang Surabaya. c. Wulan ngajeng kula badhe ndherekake Mas Dani kondur menyang Surabaya. d. Wulang ngarep kula ngeterake Mas Dani kondur dhateng Surabaya. 9. Remen - menawi pundi-pundi Eyang nyamping - tindak ngagem dhateng 1 2 3 4 5 6 7 8 Urutane ukara kang bener yaiku. a. 2-6-3-4-1-7-5-8 c. 4-2-6-8-3-1-7-5 b. 4-5-2-1-8-3-7-6 d. 4-6-8-3-2-1-7-5 10. R.A. Kartini surut ing kasedan jati nalika yuswane udakara 25 tahun. Angka 25 yen diwilang nganggo basa krama yaiku. a. Kalih dasa gangsal c. Selangkung b. Selawe d. Rongpuluh lima 11. Ibu mundhut tigan bebek 53 cacahe. 53 anggone milang yaiku. a. Seket tiga c. gangsal dasa telu b. Seket telu d. gangsal dasa tiga 12. Sore-sore udan grimis enake mangan sing anget-anget. Bola-bali nginguk njaba kok ya ora ana bakul liwat. Biasane pating sliwer bakul padha liwat, ana bakso, mi ayam, utawa wedang rondhe. Iki kok ya sepi mamring ora ana sing liwat. Ing pratelan iki kang dudu tembung rangkep yaiku.. a. sore-sore c. anget-anget b. sepi mamring d. bola-bali 13. Adhiku menawa nesu ndhepipis ning pojokan. Dheweke senenge njaluk jajan werna-werna. Menawa ora dituruti karepe kok banjur prengat-prengut. Dina iki adhiku njaluk ditukokake ondhe-ondhe, karo ibu disemayani sesuk menawa tindak pasar. Tembung rangkep dwiwasana tinemu ing tembung. a. Ndhepipis c. werna-werna b. Prengat-prengut d. ondhe-ondhe 14. Raden Gathotkaca kuwi satriya Pringgadani kangTembung saroja kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku. a. Gedhe lelabuhane c. Gedhe dhuwur b. Kuwat lan sekti d. Gagah prakosa 15. Dadi wong tuwa kuwi abot sanggane, kudu golek angupaboga kanggo kaluwarga, amrih kaluwargane mukti wibowo, supaya ing tembe mburi ora dadi wong tuwa sing tuwa tuwas. Saka ukara kasebut kang dudu tembung saroja yaiku . a. Abot sanggane c. Angupaboga b. Mukti wibawa d. Tuwa tuwas

16. Ibu kondur saka pasar banjur masak kolak.1 Ibu ndhawuhi aku supaya ngaturake kolak nanggone simbah. 2 Wis koaturake durung kolake? ngendikane ibu marang aku.3 Aku enggal mancal sepedha menyang daleme simbah. 4 Ukara kang mawa ater-ater tri purusa yaiku a. 1 c. 3 b. 2 d. 4 17. Adhiku nangis nang latar. Daktakoni jarekancane. Lagi wae meneng nalika daktukokake kembang gula lollipop. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku. a. daktukari c. koktukari b. nukari d. ditukari 18. Ing desaku akeh para wanita kang duwe pakaryan dhewe kanggo nambahi ulu pametu. Lik Siti gaweyane ngenam klasa saben seminggu mesthi bisa gawe klasa loro. Lik Sumi amben dina meres santen amarga kanggo dodol dawet ing terminal. Mbah Karto saben sore mbunteli tempe supaya isuke bisa didol. Ing pratelan iki kang dudu tembung rura basa yaiku. a. ngenam klasa c. ulu pametu b. meres santen d. mbunteli tempe 19. Sirahku mumet banget banjur tak priksakake nanggon pak dhokter. Aku diparingi obat cacahe telung warna. Lebar mangan sega aku banjur.supaya enggal mari. Ganepana ukara iki nganggo tembung rura basa! a. mangan obat c. nguntal obat b. ngemut obat d. ngombe obat 20. 1) Padhang mbulan akeh wong padha dolanan ing latar. 2) Entheng abot pakaryan iki kudu takayahi. 3) Isuk sore wong kok gaweyane mung mancing wae. 4) Ora awan ora bengi senengane kok njingglengi tivi bae. 5) Listrik mati kahanan dadi peteng ndedet. Ukara ing ndhuwur kang ngemu tembung kosok balen yaiku. a. 1,2,3 c. 2,3,4 b. 3,4,5 d. 1,3,5 21. Sanajan omahmu saka kene, nanging omahku adoh. Mula aku ora bisa dolan ndhisik amarga selak surup aku wedi mulih dhewe. Ganepana ukara iki nganggo tembung kosok balen! a. apik c. gedhe b. resik d. cedhak 22. Yuswane simbahku wis 85 tahun. Ukara iki menawa diowahi dadi krama alus yaiku a. Yuswane simbahku sampun wolung dasa gangsal taun. b. Yuswanipun simbahku sampun wolung puluh lima taun. c. Yuswane simbahku sampun wolung dasa gangsal taun. d. Yuswanipun simbah kula sampun wolung dasa gangsal taun. 23. Bapak lagi sare nalika ana tamu.1 Tamune dakaturi lenggah ora kersa.2 Dheweke langsung mulih.3 Sesuk sore ngendikane arep tindak mrene maneh.4 Ukara nomer pira kang ora migunakake ngoko alus? a. 1 c. 3 b. 2 d. 4

24. linT= pti=.

a. ke/lip\ b. kexlip\25. k]m (1) bim (2) sef-

c. k}lip\ d. k}/lip\ (3) fu[w (4) urutan kang bener. c. 2-4-3-1 d. 2-4-1-3

a. 1-2-3-4 b. 2-3-4-126.3

Sanadyan awujud buta Kumbakarna awatak utama. 1 Kumbakarna nglungguhi kasatriyane, ngrungkebi ibu pertiwi nganti tumeka ing pati.2 Kumbakarna kasambut madyaning rana utawa gugur ing perang. Kumbakarna gelem korban jiwa raga kanggo Negara.4 Ing Pratelan iki ukara kang mawa panambang yaiku. a. 1 c. 3 b. 2 d. 4

27. Sasti kuwi kanca sakelasku. Saben mangkat sekolah diterna nganggo Honda jazz. Bocahe loma dheweke senenge nraktir kancane. Mula menawa aku mbayari jajane bebasan nguyahi segara. Nguyahi segara tegese . a. Aweh paweweh kang ora guna, amarga sing diwenehi wong kang sarwa ana (sugih) b. Aweh paweweh marang wong kang ora duwe dhuwit. c. Aweh paweweh marang wong kang ora tau disangoni wong tuwane. d. Aweh pitulungan marang wong kang lagi mbutuhake. 28. Dadi ketua kelas kuwi kudu bisa aweh tuladha marang kancane. Aja malah seneng gawe regejegan. Dadia ketua kang bisa gawe tentreming kelas. Unen-unen kang cocok kanggo prastawa iki yaiku. a. Tut wuri handayani b. Ing ngarsa sung tuladha. c. Ing madya mangun karsa. d. Kerot tanpa untu 29. Wayah esuk nalika srengenge lagi jumedhul ing sisih wetan, kancil tangi. Kancil njedhul saka ing gegrumbulan, banjur mider-mider menyang tegal patimunan. Kancil kaget rumangsane saka kadohan kaya-kaya ana uwong, kaya dudu, jalaran among lamat-lamat. Lakune kancil gojag-gajeg, sedhela-dhela ngungak banjur ndelik, nyawang saka kadohan. Kancil mandheg banjur ngunandika sajroning ati, yen manungsa temenan mesthi lunga saka panggonan, tak sawang ora maju, enak-enak malanng kadhak. Banjur ana angin sumilir, memedi sawah mayug-mayug kaya njangkah. Kancil gugup ndhelik kuwatir banget. Dienteni nganti suwe memedi mung mayug-mayug ora mlaku. Sumiliring angin nggawa gandaning kembang. Cuplikan crita iki kalebu crita. a. Fabel b. Legendha b. Sage d. Eksposisi

30. Damarwulan lan pendhereke budhal menyang Majapahit nalika bagaskara isih mungup-mungup ing bang wetan. Sasuwene Damarwulan lunga, katentremane Blambangan dipasrahake marang pangarsane wira tamtama Majapahit, Gajah Bangkal. Lakune rombongan cilik jejaranan iku ora pati kesusu. Playuning turangga mung setengah ngedrap. Atine Damarwulan isih karoban rasa bungah lan bombong jalaran anggone ngemban ayahan kasil kanthi maremake. Apa maneh baline menyang Majapahit iki karo nyangking bukti arupa sirahe Menak Jingga. Ing papan ngendi crita kasebut kadadeyan? a. Majapahit c. Daha b. Singasari d. Blambangan 31. 1) Bathara-bathari lagi padha suka ing kahyangan. 2) Dewa lan Dewi iku anake Pak Darma kang setia tuhu. 3) Prameswara-praweswari suka ing nggalih amarga sang nata kondur saka bebedhak. 4) Para raseksa ngrabasa Desa Waringan Anom 5) Widadara widadari padha nggodha Arjuna kang lagi tapa brata. 6) Para Mahasiswa UGM lagi KKN ing Wonosobo. Ukara endi kang mawa tembung yogyaswara! a. 1,3,6 c. 1,3,5 b. 2,4,6 d. 2,5,6 32. Ing ngisor iki ukara kang ngemot tembung yogyaswara yaiku.. a. Para Pemudha lagi pada gugur gunung ngresiki dalan. b. Hapsari lagi nyiram kembang mawar melati nang taman ngarep omah. c. Putra-putrine Pak Handoko lagi pada ngangsu kawruh ing Yogya. d. Sang Prameswari lagi cangkrama ing taman sari. 33. Desa Karangluas kuwi masyarakate padha guyup. Menawa ana kang lagi duwe gawe mula padha gage tumandhang. Ora duwe pangarep dibayar, nanging padha lega lila anggone mbiyantu. Paribasan kang mathuk kanggo prastawa iki yaiku. a. Kadang konang c. Ana catur mungkur b. Dahwen ati open d. Sepi ing pamrih rame ing gawe. 34. Martini kepengin unggah-unggahan kelas sesuk bijine rapot apik kabeh, sukur bisa entuk ranking siji. Mula Martini anggone sinau sregep banget. Saben bali sekolah dheweke ora lali mesthi nggarap PR dhisik lan maca pelajaran sing diwulangake isuk, Menawa bengi sinau kanggo wulangan sesuke. Paribasan.gegayuhan iku kudu dikantheni anteping ati, kepengin entuk rangking mula sinaune uga kudu sregep. a. Katula-tula katali c. Becik ketitik, ala ketara b. Adigang, adigung, adiguna d. Ulat madhep ati karep. 35. Ing sawijining sekolahan SMP kang papane adoh saka kutha, nanging hawa, taman lan witwitan sakiwa tengene bisa nggawe swasana kepenak kanggo pasinaonan lan pamulangan tumrape para siswa lan uga gurune. Nalika wayah jam 09.15 thet bel muni ping telu pratandha wektune wis ngaso. Hore asyiik celathune bocah-bocah lanang kang lungguh ing bangku mburi, sajake bocah-bocah kuwi mau rumangsa seneng banget yen krungu bel istirahat. Beda karo kang ditindakake Pratin, bocah lanang sing lungguh ana bangku ngarep dhewe, sanajan wayahe ngaso kancakanca padha metu, dheweke tetep uthek mbukaki bukune. Ing pethikan crita iki kedadeyane ing wayah apa? a. isuk c. sore

b. awan

d. bengi

36. Wacanen pacelathon ing ngisor iki! Agung : Nyuwun pangapunten, kula telat, menawi kepareng kula badhe mlebet. Pak Suhadi : Apa sebabe tekamu telat? Agung : Kula nambalaken ban rumiyin Pak. Pak Suhardi : Dadi mangkono, iku jenenge alangan, sesuk ngati-ati, wis enggala lungguh. Agung : Matur nuwun palilahipun Pak. Ing Pacelathon dhuwur Agung nganggo ragam basa apa? a. Krama lugu c. Krama alus b. Ngoko lugu d. Ngoko alus 37. Budi :Ton, buku kula sampun sampeyan wangsulaken dereng? Toni :Wah, dereng kula malah kesupen ajeng mbekta, ngenjang nggih? Budi :Nggih, mboten napa-napa. Pacelathon iki migunakake ragam basa apa? a. Krama lugu c. Krama alus b. Ngoko lugu d. Ngoko alus 38. Pak Budi :Dhek wingi panjenengan tindak ngendi kok ora rawuh kumpulan? Pak Sarna :O, wingi aku sowan pak camat ngurus layang. Pacelathon iku migunakake ragam basa apa? a. Krama lugu c. Krama alus b. Ngoko alus d. Ngoko lugu 39. Vina :Lus, aku arep menyang omahe Dinda arep sinau kelompok mengko pamitke ibu bapak ya! Lusi : Kowe arep mlaku apa numpak montor, mbak? Vina :Arep mlaku bae bareng Dini. Ukarane Lusi menawa diowahi nganggo ngoko alus yaiku..... a. Panjenengan badhe tindak mawon menapa nitih montor, mbak? b. Panjenengan arep tindak bae apa arep nitih montor, mbak? c. Panjenengan arep mlaku bae apa arep numpak montor, mbak? d. Sampeyan arep tindak bae apa arep nitih montor, mbak? Tanggal 25 April taun 2009 wingi aku karo kanca-kancaku kelas nem plesir menyang Prambanan. Saka Wonosobo mangkat jam 07.00 tekan prambanan udakara jam 09.30, ning kana rame banget. Akeh wisatawan domestik uga wisatawan manca. Mlebu komplek candi kudu nganggo tiket elektrik. Menawa ora nganggo tiket elektrik ora bisa mlebu, lan yen ilang kudu ngganti Rp. 10.000. Rupa tikete meh kaya ATM lan kudu diselehake ing panggonan ing lawang mlebu banjur ana sinar lagi bae lawange mbukak. Dasar bocah ndesa weruh kahanan kaya ngono padha gumun. Nalika pas giliranku arep mlebu aku deg-degan piye carane dekeake kartu. Aku langsung munggah nang undhak-undhakan lawang, petugase ngongkon supaya aku mudhun dhisik. Petugase ngandharake menawa kartune didekekake ndhisik lagi bae munggah gon ngarep lawang. Menawa munggah ndhisik lagi bae kartune didekeake lawange ora bisa mbukak. Wahjan isin tenan jaman teknologi kok ya isih gaptek (gagap teknologi). Crita iki klebu.. a. Crita pengalaman c. Crita diskripsi

40.

b. Crita kunjunganII.

d. Crita legendha

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos! 41. Pandhita kang mapan ing Gunung Lawu ikumandraguna ora tedhas tapak paluning pandhe. Ganepana ukara iki nganggo tembung saroja kang trep. 42. Kedadeyan sing arep dakcritakake iki minangka pengalamanku rikala isih kelas lima SD. Ing ukara iki kang mawa ater-ater Tripurusa yaiku . 43. Urip ana kalane bungah, nanging uga ana kalane. Ganepana ukara iki nganggo tembung kosok balen. 44. Ani, ndang balekna bukuku arep taknggo sinau. Tembung balekna rimbagen! 45. Mula dadi wong kuwi kudu sing ngati-ati lan waspada, amarga sing sapa ngati-ati

bakal slamet lan sapa kang kurang wiweka bakal cilaka. Yitna yuwana lena. Paribasan iki bacutna!46.

Wulangan candhake wis kawiwitan, Pak yudha guru kelas VII ngasta ing kelase Pratin. Bocah-bocah ayo bukune dibukak! Pak Yudha dhawuh karo ndangu. Sapa sing tugase wis rampung? Pratin mangsuli kanthi tegas,Kula, Pak! Saka mburi uga ana wangsulan,Kula dereng, pak. Swarane Hendri sajak kaya bingung lan wedi. Kabeh guru ora bakal mbedakmbedakake siji lan sijine para siswa. Sing baku sapa bae manut karo dhawuhe guru nandakake leganing ati. Nanging suwalike yen ana bocah sing sembrana nyepelekake, bisa marakake gela lan kuciwane guru. Saka pethikan crita iki, sapa kang seneng ngremehake guru?47. Mas Priyadi lagi tuku srabi. Tembung srabi iku tulisen nganggo aksara jawa! 48. Martini ditimbali bu guru menyang kantor. Mula Martini anggone semaur becike

nganggo basa apa.49. Pinuju ngaso Ibu Yayuk nimbali Martini. Martini didhawuhi njupukake buku kang kari ana meja guru. Pratelan iki nganggo basa. 50. Sing arep dakcritakake iki sedulurku, kedadeyan iki nalika deweke isih kelas 3 SD. Bocahe jerihe ora jamak, senajan awan padhang jingglang menawa arep menyang kamar mandhi ya mesthi njaluk dikancani, ora wani dhewe. Nanging anehe bocahe senenge nonton TV sing acarane sinetron misteri. Pratelan iki klebu crita. III. Wangsulana kang patitis! 51. Yen Malaysia ngaku-aku menawa angklung, batik, lagu rasa sayange, reog lan tari pendhet kuwi genah ngayawara, ngatonake watak wantune lan pokal gawe sing asli yaiku angkara murka. Golekana tembung saroja ing pratelan iki!

52.Owahana dadi basa krama alus! Ibu lagi lara wetenge. 53. ?b[go=tuku ged=b-/. 54.Tembang Megatruh Para siswa aja kendhat nggonmu nyuwun Mring Gusti kang Maha Asih Supayane urip ingsun Tansah eling ngati-ati Gegayuhan bisa klakon. Apa isine saka tembang Megatruh ing ndhuwur! 55.Ing piwulangan Basa Jawa Neni ora bisa ngampet pengin ing toilet. Neni banjur ngacungake tangan tengen, ngadeg, mlaku alon nyedhaki Bu surya. Tangan ngapurancang, awak rada mbungkuk, matur alon nanging cetha nyuwun idin arep nang toilet. Sawise rampung, Neni mbalik ning kelas ora lali ngaturke panuwun marang Bu Surya sadurunge lungguh ing kursi. Kepriye anggone Neni matur nalika arep idin menyang toilet utawa pakiwan? Tulisan latine yaiku .