pidato bahasa jawa perpisahan sekolah

3

Click here to load reader

Upload: purnomo-wahyu

Post on 20-Jan-2017

1.399 views

Category:

Education


41 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pidato bahasa jawa perpisahan sekolah

Asslamualaikum Wr. Wb.Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan,

rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge

ngawontenanken perpisahan.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih

katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti

pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados

putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu

wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados

sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan

punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng

mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik.

Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang

sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.

Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Page 2: Pidato bahasa jawa perpisahan sekolah

Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu

luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung

ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo

dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak

manika.

Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak

ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan

sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh

wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu

rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi

wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak

rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten

disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan

kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika

amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.

Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh

wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget

dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan

kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb.