peranan folklor tumrap kawaspadaning lingkungan …ki-demang.com/kbj5/images/makalah kunci/08...

21
1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta A. PAMBUKA Kangge ngemutaken amrih bebrayan Jawi tansah waspada ing babagan alam lingkungan saged katindakaken kanthi pinten-pinten sarana. Upaminipun, saged lumantar unen-unen Jawi kadosta paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, lss.; lumantar susastra Jawi, inggih ingkang geguritan, gancaran (cerkak, cerbung, novel); lumantar dongeng, cariyos rakyat (folklor); menapa dene lumantar petangan Jawi. Makalah utawi seratan menika temtu kemawon boten badhe ngrembag sadaya sarana kalawau, ananging namung winates saperangan alit kemawon; inggih menika lumantar folklor Jawi ingkang gegayutan kaliyan babagan lingkungan. Jer nyatanipun manungsa lan pagesanganipun menika saestu boten saged dipunpisahaken (tansah nyawiji) kaliyan alam lingkungan (alam sawegung) minangka papan panggenan pagesanganipun manungsa. Awit saking menika, bab-bab ingkang badhe kaandharaken ing seratan menika sesambetan kaliyan babagan pangertosanipun etika lingkungan saha pagesangan ingkang satimbang (harmonis), kadospundi tangkeping bebrayan tumraping kawontenanipun alam lingkungan, pangertosan lan peranganipun folklor, saha pambudidayaning manungsa kangge ningkataken kawaspadaning lingkungan lumantar folklor Jawi mliginipun ing laladan Jawi Tengah. B. PANGERTOSANIPUN ETIKA LINGKUNGAN SAHA PAGESANGAN INGKANG SATIMBANG (HARMONIS) KALIYAN ALAM Sejatosipun prekawis lingkungan mujudaken prekawis ingkang gegayutan kaliyan kadospundi sipat lan hakikatipun manungsa tumrap lingkungan pagesanganipun. Manungsa sesarengan kaliyan lingkungan gesangipun mujudaken satunggaling ekosistem. Gesanging manungsa ugi gumantung

Upload: phungthuan

Post on 06-Aug-2019

324 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

1

PERANAN FOLKLOR

TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN

Sumarlam Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa

Universitas Sebelas Maret Surakarta

A. PAMBUKA

Kangge ngemutaken amrih bebrayan Jawi tansah waspada ing babagan alam

lingkungan saged katindakaken kanthi pinten-pinten sarana. Upaminipun,

saged lumantar unen-unen Jawi kadosta paribasan, bebasan, saloka,

pepindhan, lss.; lumantar susastra Jawi, inggih ingkang geguritan, gancaran

(cerkak, cerbung, novel); lumantar dongeng, cariyos rakyat (folklor); menapa

dene lumantar petangan Jawi.

Makalah utawi seratan menika temtu kemawon boten badhe ngrembag sadaya

sarana kalawau, ananging namung winates saperangan alit kemawon; inggih

menika lumantar folklor Jawi ingkang gegayutan kaliyan babagan lingkungan.

Jer nyatanipun manungsa lan pagesanganipun menika saestu boten saged

dipunpisahaken (tansah nyawiji) kaliyan alam lingkungan (alam sawegung)

minangka papan panggenan pagesanganipun manungsa. Awit saking menika,

bab-bab ingkang badhe kaandharaken ing seratan menika sesambetan kaliyan

babagan pangertosanipun etika lingkungan saha pagesangan ingkang

satimbang (harmonis), kadospundi tangkeping bebrayan tumraping

kawontenanipun alam lingkungan, pangertosan lan peranganipun folklor, saha

pambudidayaning manungsa kangge ningkataken kawaspadaning lingkungan

lumantar folklor Jawi mliginipun ing laladan Jawi Tengah.

B. PANGERTOSANIPUN ETIKA LINGKUNGAN SAHA

PAGESANGAN INGKANG SATIMBANG (HARMONIS) KALIYAN

ALAM

Sejatosipun prekawis lingkungan mujudaken prekawis ingkang gegayutan

kaliyan kadospundi sipat lan hakikatipun manungsa tumrap lingkungan

pagesanganipun. Manungsa sesarengan kaliyan lingkungan gesangipun

mujudaken satunggaling ekosistem. Gesanging manungsa ugi gumantung

Page 2: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

2

dhumateng lestarining ekosistemipun. Kangge njagi lestarining ekosistem,

manungsa nggadhahi peranan ingkang tuhu wigatos. Manungsa kedah saged

njagi sesrawungan ing antawisipun manungsa menika piyambak kaliyan alam

lingkunganipun, satemah ekosistemipun saged satimbang (harmonis), boten

gonajng-ganjing (Resosoedarmo, lkk., 1985:145).

Prekawis lingkungan pagesangan menika dados prekawis tumraping manungsa

minangka dhiri pribadi, kulawarga, bebrayan agung, malah ugi dados

prekawisipun bangsa lan nagari, sarta prekawisipun donya. Dereng dangu

menika ngantos samangke, prekawis risaking lingkungan pagesangan lan

ekologi manungsa dados underaning pirembagan gayeng, sae wonten negari-

negari ingkang sampun majeng (Jepang, Amerika) menapadene ing negari-

negari ingkang nembe ngrembaka, kalebet negari Indeonesia. Gegayutipun

manungsa minagka titah kaliyan alam lingkungan wigatos sanget

dipunmangertosi lan dipunhayati, sae saking teorinipun menapadene cak-

cakanipun ing pagesangan sadinten-dinten (Bintarto, 1984:2).

Pangaribawaning manungsa tumrap alam lingkunganipun saged anjalari tigang

kedadosan, inggih menika deteriorasi, tetep langgeng lestari, saha greget

kangge ndandosi/amangun alam lingkungan. Sepisan, deteriorasi badhe

dumados menawi manungsa ngupayakaken sumber daya alam (SDA) namung

adhedhasar prinsip “jangka pendhek”, tegesipun kangge ngasilaken produk

(asil) sakathah-kathahipun ing wekdal ingkang sesingkat-singkatipun lan

pawitan (modhal) sasekedhik-sekedhikpun. Kaping kalih, manungsa sampun

nglenggana (sadhar) bilih manungsa menika namung mujudaken saperangan

saking ekosistem. Manungsa sadhar bilih hakikatipun gesang lan pagesangan

menika gumantung sanget kaliyan kawontenaning alam lingkunganipun.

Kanthi makaten, manungsa badhe tansah anjagi amrih alam lingkungan

menika tansah tetap langgeng lestari lan satimbang (harmonis). Kaping tiga,

manungsa nggadhahi raos tanggel jawab lan ambudidaya amrih alam

lingkungan menika tansah saya sae kualitasipun (Sholeh Dasuki, lkk.,

1996:13).

Etika menika mujudaken filsafat ingkang ngandhut ajaran/piwulang moral.

Ajaran moral ngandhut norma-norma moral, dene norma moral menika

minangka paugeran kadospundi supados gesanging manungsa menika samsaya

tambah sae minangka jejering manungsa (Magnis-Suseno, lkk., 1993:2-3).

Page 3: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

3

Salajengipun, etika kaperang dados kalih, inggih menika etika individual lan

etika sosial. Etika individual menika gayut kaliyan kuwajibanipun manungsa

tumrap pribadinipun piyambak. Dene etika sosial gayut kaliyan kuwajibanipun

manungsa minangka perangan saking umat manungsa. Ananging prelu

dipunmangertosi bilih antawisipun etika individual lan etika sosial boten saged

dipunpisahaken jalaran kuwajiban tumrap dhiri pribadi lan minagka

peranganing umat manungsa ugi boten saged pinisah, satunggal lan

satunggalipun samidene gegayutan.

Etika sosial gegayutan kaliyan sesambetan antawisipun tiyang satunggal

kaliyan tiyang sanesipun, ugi tanggel jawabipun umat manungsa tumrap

lingkungan pagesangan. Kanthi makaten cetha bilih etika lingkungan

pagesangan kalebet perangan saking etika sosial (Soemarwoto, 1988).

Ringkesipun saged kaaturaken bilih etika lingkungan pagesangan mujudaken

gambaran (citra), tangkep (sikap), wawasan, lan prilaku-tumindakipun tiyang

utawi bebrayan tumraping alam lingkunganipun.

C. TANGKEPING BEBRAYAN TUMRAP KAWONTENANING

ALAM LINGKUNGAN

Miturut kronologisipun, pagesangan ing donya menika mujudaken perangan

saking alam sawegung (alam semesta). Alam sawegung badhe mangaribawani

sae lan awonipun nasibipun manungsa. Pramila awit saking menika, manungsa

kedah tansah anjagi keharmonisanipun tatanan alam sawegung kanthi tangkep

lan tumindak-tumindak kasaenan. Kawontenaning alam lingkungan badhe

dados sae utawi awon gumantung kaliyan tangkep lan tumindakipun

(pakertinipun) manungsa utawi bebrayan ingkang gesang ing sakiwa-

tengenipun alam lingkungan kalawau.

Miturut etika sosial, tiyang Jawi menika nglenggana bilih piyambakipun boten

saged gesang piyambakan. Ing saben wekdal, saben papan, kapan lan ing pundi

kemawon, kita kedah sesambetan lan sesrawungan kanthi sae kaliyan

lingkungan sakiwa-tengenipun, sae menika lingkungan fisik, inggih menika

alam bebrayaning manungsa menapadene lingkungan nonfisik, inggih menika

alam gaib. Kanthi makaten, kita badhe saged nggayuh katentremaning

agesang, kawontenaning alam lingkungan ingkang satimbang (harmonis) lair

Page 4: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

4

lan batinipun, sarta tatananing pagesangan ingkang tansah kurmat-kinurmatan,

guyub-rukun, lan ayem-tentrem.

Sesambetan kaliyan kawontenaning alam lingkungan lan dumadosing titah

saged kaandharaken makaten. Manungsa minangka titah cinipta dening Gusti

Allah saking sekawan perangan (anasir, unsur), inggih menika latu, angin,

toya, lan siti.

1. Latu:

lajeng dados nepsu ingkang nuwuhaken sekawan hawa nepsu.

a) Aluamah nggadhahi watak boten nate rumaos marem, tutuk kinarya

korinipun; mapanipun wonten ing usus.

b) amarah nggadhahi watak wengis, benter makantar-kantar, talingan

minangka korinipun; mapan wonten ing empedhu.

c) sufiah nggadhahi watak kedah sarwa cepet (kemrungsung), pikajengipun

ageng, paningal minangka korinipun; dumunung ing limpa.

d) mutmainah anggadhahi watak anteng jatmika, mendel, grana minangka

korinipun; dumunung ing ginjel.

Hawa nepsu sekawan kalawau dipuntandhani kanthi cahya/sinar

a) cemeng,

b) abrit,

c) jene, lan

d) pethak.

2. Angin:

nuwuhaken sekawan prekawis.

a) Napas, talining jenazah, dumunung ing manah; lumantar tutuk.

b) Tanapas, talining manah, dumunung ing puser, lumantar grana.

c) Anpas, talining roh, dumunung ing jantung, lumantar talingan.

d) Nupus, talining raos, dumunung ing pulung ati, lumantar paningal.

3. Toya: daos rah, nuwuhaken sekawan perangan:

a) roh jasmani,

b) roh ruhani,

c) roh nabati, lan

d) roh hewani.

Page 5: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

5

4. Bumi:

nuwuhaken daging (kadagingan).

Sekawan perangan kalawau sagedipun dados gesang inggih awit saking

kaparingan Nur Illahi saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi minangka

perangan ingkang kaping gangsal. Miturut serat Darmo Sonya (salebeting

Radjiman, 2000:152-153), wonten ing alam makrokosmos menika mula-

bukanipun ingkang wonten namung sonyaruri (awang-awang) jalaran titah

dereng tinitah. Salajengipun kanthi sabdanipun Gusti Allah cinipta padhang

lan peteng. Wiwit saking menika lajeng wonten surya, candra, kartika, dalah

swasana. Kekiyatanipun alam saking sekawan unsur kalawau makaten:

1. Surya:

awarni abrit rah (merah darah), langkung ageng katimbang candra lan

kartika, dados sarananing pagesangan tumrap sadaya pagesangan ing bumi.

2. Candra:

awarni pethak bening maya-maya, dados sarananing daya panerang ing

bumi.

3. Kartika:

awarni biru semu ijem sumunar, minangka sarananing daya eyub-edhuming

pagesangan ing bumi.

4. Swasana:

awarni biru sumunar maya-maya, lembut, anglimputi alam sawegung.

Swasana menika ngandhut hawa (angin).

Ingkang cetha, sasampunipun bayi lair, kita dados manungsa ing madyapada

menika wajib nindakaken amanah agung saking Gusti Kang Maha Tunggal,

inggih menika supados nggulawenthah alam sawegung saisinipun, njagi amrih

lestaring alam lingkungan, sarta ngrembakakaken amrih saya tambah sae,

endah, lan langgeng. Makaten kalawau menggah tangkeping manungsa lan

bebrayan tumrap kawontenaning alam lingkungan. Supados saged nggayuh

keselarasan, keseimbangan, lan keharmonisaning gesang, mila bebrayan Jawi

prelu nengenaken prinsip rukun, prinsip kurmat-kinurmatan, prinsip asih ing

sesami, rumangsa handarbeni, sarta mulat sarira hangrasa wani (mawas dhiri).

D. PANGERTOSAN LAN PERANGANIPUN FOKLOR

Kathah para winasis ingkang sampun mratelakaken ngengingi

Page 6: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

6

pangertosanipun folklor. Para winasis kalawau ing antawisipun inggih menika

Brunvand (1968), Abrams (1981), Danandjaja (1986), Moeis (1988), Haviland

(2009), sarta Sudjiman (2009). Miturut pamanggihipun Sudjiman (2009:29),

folklor inggih menika kapitadosan, legenda, lan adhat-istiadhat satunggaling

bangsa ingkang sampun wiwit dangu kawarisaken turun-tumurun sacara lesan

utawi sinerat. Folklor menika saged awujud sekar, cariyos, paribasan,

bedhekan (teka-teki), malah ugi dolanan bocah (kanak-kanak).

Dene miturut pamanggihipun Moeis (1988:127-128), folklor menika saged

awujud kapitadosan, adhat-istiadhat, lan upacara ingkang pinanggih ing

bebrayan, lan ugi samubarang ingkang kadamel dening tiyang ingkang raket

sanget gegayutan kaliyan pagesangan spiritual, upaminipun awisan supados

boten nindakaken samukawis ingkang cengkah kaliyan norma pagesangan.

Adhedhasar andharan kasebat, mila saged kawastanan bilih sejatosipun folklor

menika minangka perangan saking kabudayan, ananging beda kaliyan

perangan kabudayan sanesipun. Miturut Danandjaja (1986:3) folklor

nggadhahi tandha-tandha utawi titikan ingkang beda kaliyan kabudayan

sanesipun, inggih menika:

1. Anggenipun marisaken limrahipun kanthi cara lesan (dipuncariyosaken)

turun-tumurun saking generasi dhateng generasi candhakipun.

2. Sipatipun tradhisional, tegesipun dipuntangkaraken kanthi wewujudan

ingkang relatif sami utawi wujudipun sampun baken (standar).

3. Cengkokipun (versinipun) kathah mawarni-warni jalaran anggenipun

nangkaraken kanthi cara lesan, gethok tular (dari mulut ke mulut).

4. Sipatipun anonim, tegesipun sinten panganggit utawi pangriptanipun

sampun boten dipunmangertosi malih.

5. Nggadhahi mupangat tumrap pagesangan ing bebrayan.

6. Sipatipun pralogis, tegesipun nggadhahi logika piyambak ingkang kala-kala

boten jumbuh kaliyan logika limrahipun.

7. Dados gadhahanipun tiyang kathah (kolektif).

8. Limrahipun polos-lugu mila kraos radi kasar (spontan).

Miturut Harold Brunvand, ahli folklor saking Amerika Serikat, folklor saged

kaperang dados tigang perangan, inggih menika

1) folklor lesan (verbal folklore),

2) folklor saperangan (satengah) lesan (partly verbal folklore), lan

Page 7: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

7

3) folklor sanes lesan (non-verbal folklore) (Brunvand, 1968:2-3; Danandjaja,

1986:21).

1. Folklor lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun pancen murni lesan.

Ingkang kalebet folklor lesan kadosta unen-unen utawi ungkapan

tradhisional, cariyos rakyat (dongeng, mite, legenda).

2. Folklor saperangan (setengah) lesan inggih menika folklor ingkang

wujudipun campuran antawisipun saperangan lesan lan sanes lesan.

Ingkang kalebet folklor saperangan (setengah) lesan kadosta

kapitadosaning rakyat, dolanan rakyat, tari rakyat, adhat-istiadhat, upacara

pesta rakyat.

3. Folklor sanes lesan inggih menika folklor ingkang wujudipun sanesipun

lesan. Ingkang kalebet folklor sanes lesan upaminipun awujud griya asli

rakyat, lumbung pantun, kerajinan tangan rakyat, pakeyan rakyat, tetedhan

lan inuman khas rakyat, obat-obatan tradhisional, lan isyarat tradhisional

pratandha bebaya.

Folklor lesan, mliginipun ingkang kalebet cariyos gancaran rakyat, saged

kaperang dados tigang golongan, inggih menika mite (myth), legenda (legend),

lan dongeng (folktale) (Bascom, 1965:4). Andharanipun ringkes makaten.

1. Mite,

limrahipun nyariyosaken dumadosipun alam sawegung, donya, wujudipun

topografi, pratandha alam, lss. Mite ugi nyariyosaken petualanganipun para

dewa, lelampahan perang, sesambetaning kulawarga (trah), lampahing

katresnan, lss.

2. Legenda,

awujud gancaran rakyat ingkang titikanipun meh sami (memper) kaliyan

mite, inggih menika dipunanggep saestu nate dumados, nanging boten

kaanggep suci. Legenda ugi nyariyosaken cariyos rakyat ngengingi paraga

(tokoh), kedadosan (peristiwa), utawi papan panggenan tartamtu ingkang

nggathukaken antawisipun kasunyatan sejarah (fakta historis) kaliyan mitos

(Sudjiman, 1986:47).

3. Dongeng,

awujud gancaran rakyat ingkang boten dipunanggep saestu-estu dumados

sarta boten winates dening wekdal dalah papan.

Page 8: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

8

Dongeng mujudaken cariyos ngengingi titah khayali. Titah khayali ingkang

dados paraga ing dongeng adhakanipun dipunketingalaken minangka

paraga ingkang nggadhahi kawicaksanan utawi kekiyatan kangge ngatur

prekawising manungsa kanthi maneka warna cara.

Folklor nggadhahi fungsi ingkang wigatos sanget tumraping bebrayan agung.

Fungsinipun folklor saged kaperang dados sekawan, inggih menika: (1)

minangka sistem proyeksi utawi sarana kangge nggambaraken angen-angening

bebrayan agung (kolektif). (2) minangka alat-sarana kangge ngesahaken

pranata lan bebadan kabudayan. (3) minangka sarana piwucalan

(pendhidhikan) tumraping lare, kaneman, tiyang sepuh, sarta bebrayan

limrahipun. (4) minangka sarana kangge meksa lan ngontrol supados norma-

norma masarakat tansah dipunpatuhi dening anggota kelompokipun (Bascom,

1965:297-298).

Gegayutan kaliyan peran utawi fungsinipun folklor kasebat, ing ngandhap

menika badhe kaandharaken pambudidayaning manungsa kangge ningkataken

kawaspadaning lingkungan lumantar folklor Jawi.

E. PAMBUDIDAYA INDHAKING KAWASPADANING

LINGKUNGAN LUMANTAR FOLKLOR JAWI

Ing perangan menika badhe kaandharaken aspek ekologis (aspek ingkang

gegayutan kaliyan etika lingkungan pagesangan) ingkang kamot ing folklor

ingkang kapanggihaken (adhedhasar asiling panaliten) ing wilayah

SUBOSUKAWONOSRATEN lan Wilayah Kedu (Magelang, Kebumen, lan

Purworejo). Andharan babagan etika lingkungan pagesangan menika ing

antawisipun gegayutan kaliyan prekawis tangkep (sikap), wawasan, gagasan,

lan gambaran (citra) utawi pamanggihipun masarakat tumrap kawaspadaning

lingkungan pagesangan lumantar folklor.

1. Dumadosipun Kitha Sala (DKS)

Cariyos DKS menika gegayutan kaliyan prekawis “penghijauan”, inggih

menika gegayutan kaliyan nenanem wit ringin ing punjering (jantunging)

kitha. Tradhisi “penghijauan” kanthi nenanem wit ingkang ngrembuyung eyub

edhum kadosdene wit ringin menika prelu sanget dipunwarisaken dhumateng

Page 9: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

9

generasi mudha. Kasunyatanipun, prekawis “penghijauan” sampun dados

prekawis ingkang wigatos ing pagesangan kangge kawilujenganipun

manungsa; lan prekawis menika sampun dipunpenggalihaken dening para

leluhur kita lumantar folklor DKS.

Sala, minangka punjering kitha (kraton) kapendhet saking namanipun wit-

witan ingkang anama wit sala (kados wit pinus). Papan menika sakawit

dipunlenggahi dening Kyai Ageng Sala, priyantun ingkang tansah sinuyudan

lan kinurmatan dening sadaya tiyang ing kampung menika wau. Sasampunipun

Sala kanthi resmi kadadosaken punjering karaton, mila nalika upacara

kepyakanipun kawiwitan nenanem wit ringin cacah sekawan ing alun-alun ler

lan kidul. Nenanem wit-witan (wit ringin) menika mupangat sanget tumrap

alam lingkungan, mliginipun ing jantunging kitha Sala. Wit ringin menika

kajawi eyub edhum ngrembuyung, ugi minangka pralambang bilih Sang Raja

(priyantun ingkang kagungan panguwaos) menika kedah saged dados song-

song agung minangka pangayoming sadaya kawula (rakyat).

Gegayutanipun kaliyan aspek etika lingkungan pagesangan, cariyos DKS

menika mratelakaken tangkeping (sikapipun) masarakat Sala ingkang

nggatosaken sanget dhateng prekawis “penghijauan”. Pramila ngantos

samangke masarakat Sala tansah mbudidaya amrih alam lingkungan ing Sala

tansah ijo royo-royo.

2. Sri Mulih (SM)

Folklor SM nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan tumrap

masarakat, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen lan

“pengelolaan pangan”. Kawaspadaning bebrayan Jawi tumrap alam

lingkungan pagesangan tetanen katingal saking anggenipun nyawisaken

tetedhan (pantun, uwos) minangka tetedhan utami wonten ing “genthong”

(pedaringan) minangka cadhangan tetedhan kangge kulawarga, sarta

“lumbung desa” minangka cadhangan tetedhan kangge masarakat.

Cariyos SM ugi gegayutan kaliyan pendhidhikan lingkungan alam sosial. Ing

folklor SM dipuncariyosaken bilih tlatah Jawi ngalami “paceklik”, inggih

menika wontenipun musibah bumi garing, tetaneman kathah ingkang sami

risak lan pejah, kathah ama, lss. Sadaya kalawau dipunsebabaken dening

Page 10: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

10

oncatipun Bethari Sri (Dewining Tetedhan). Tundhanipun masarakat bebrayan

dados boten ayem-tentrem, manahipun boten jenjem. Pramila supados tansah

ayem-tentrem sarta jenjem manahipun, tiyang kedah mbudidaya lan tansah

nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi supados manungsa

minangka titahipun kalis saking sadaya bebendu, panelangsan, lan

kasangsaran.

3. Dewi Menur Seta (DMS)

Foklor DMS menika nggadhahi fungsi minangka sarana pendhidhikan,

utaminipun ingkang gegayutan kaliyan babagan pambudidaya amrih

lestarining wana (pelestarian hutan). Folklor DMS menika ngemot etika

lingkungan pagesangan gegayutan kaliyan aspek “penghijauan” kangge

nglestarekaken wana. Pambudidaya amrih lestarining wana menika wigatos

sanget, utaminipun kangge ngrimat tetaneman (wit-wit ageng) lan kangge

ngawekani tuwuhipun bebaya bena.

4. Telaga Winong (TW)

Folklor TW (ing Wonogiri) menika ngandhut aspek etika lingkungan

pagesangan gegayutan kaliyan babagan kesejahteraan umat manungsa jalaran

tlaga menika saged nyekapi kabetahan toya kangge kirang langkung 20

kalurahan. Tlaga menika dipunwarisaken kangge kesejahteraan gesangipun

para putra wayah, pramila prelu dipunlestarekaken supados saged kangge

kabetahan panggesangan, upaminipun misaya mina, tetanen, peternakan, lan

ingkang langkung wigatos tlaga menika saged kangge nyekapi kabetahaning

gesang sadinten-dinten. Kanthi makaten, budaya resik lan sehat tansah

dipunkulinakaken ing masarakat. Kanthi mangertosi cariyos TW nuwuhaken

greget kangge nglestarekaken toya kangge kesejahteraaning masarakat (umat

manungsa) lan kangge keseimbanganing alam sawegung.

5. Wit Sekanem (WS)

Folklor WS ngandhut piwucal ingkang gegayutan kaliyan pambudidaya

lestarining pagesangan, inggih menika prelunipun “peremajaan” wit jatos ing

sakiwa tengenipun Dhusun Sekanem kangge “penghijauan”. Kajawi menika,

cariyos kalawau ugi suka pepemut dhumateng manungsa supados saged

Page 11: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

11

mupangataken peparingipun Gusti Allah Kang Maha Mirah (arupi lingkungan

alam, kadosta tetaneman, sato kewan, toya, lss) prayoginipun tansah ngatos-

atos lan boten kenging grusah-grusuh saksekecanipun piyambak tanpa

nggatosaken alam sawegung saha lingkungan sakiwa tengenipun ingkang

kacipta dening Gusti Allah.

6. Peken Tambak ing Dhusun Sribit (PTDS)

Folklor PTDS (ing Sragen) nggadahi fungsi tumrap pambangunan tetanen

(pertanian) lan dedagangan (perdagangan). Para among tani lan among dagang

pikantuk kalodhangan kangge nyade asiling tetanen lan dedagangipun ing

Peken Tambak kasebat.

Dene perananipun tumrap pambangunan lingkungan inggih menika asiling

pajek lan titipan sepedha ingkang dipunkelola dening para kaneman saged

dipunmupangataken kangge mbangun pager kangge wates antawisipun peken

kaliyan sabin. Pager kalawau kangge ngawekani supados tetaneman ing sabin

boten risak awit kepidak-pidak dening para ingkang sami dugi wonten ing

peken kasebat.

7. Kyai Prana Alus (KPA)

Cariyos KPA (ing Boyolali) menika ngemu piwucal prekawis-prekawis

ingkang gegayutan kaliyan wigatosipun ngopeni lan nglestarekaken wit-witan

minangka saperangan saking alam lingkungan pagesangan. Saking cariyos

menika ugi saged kapendhet hikmahipun sesambetan kaliyan prekawis tetanen,

inggih menika kadospundi anggenipun ngupakara lan ngolah lahan tetanen

kanthi sae. Kanthi mekaten, folklor KPA mratelakaken wontenipun etika

lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan tetanen.

Kajawi menika, cariyos kasebat ugi ngandhut piwucal babagan “penghijauan”.

Program penghijauan kalawau kasengkuyung dening wontenipun proyek

panggulawenthahing wana (pemeliharaan hutan buatan) ing masarakat lan

kathahing bendungan (wadhuk kangge irigasi tetanen).

8. Kyai Langgeng (KL)

Page 12: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

12

Gegayutanipun kaliyan babagan etika lingkungan pagesangan, folklor KL (ing

Magelang) mratelakaken wigatosipun “penghijauan”, karesikan, lan

kasarasaning lingkungan. Etika lingkungan pagesangan ingkang kinandhut ing

folklor KL kalawau ngantos samenika taksih dipunleluri dening

masarakatipun. Malah-malah budaya resik lan kasarasan lingkungan menika

sampun tumanem lan dados pakulinan sae ing masarakat. Kajawi menika,

babagan “penghijauan” ugi pikantuk kawigatosan mirunggan dening

masarakat, kacihna kanthi dipungrengsengaken “tanem-taneman langka”

ingkang winastan “Taman Kyai Langgeng”.

9. Guwa Jatijajar (GJ)

Folklor GJ (ing Kebumen) ngemutaken bilih lingkungan alam ingkang

satimbang ing antawisipun tetaneman (wit-witan) lan wontenipun sato kewan

badhe saged nglanggengaken lestarining lingkungan pagesangan. Pakulinan

nanem wit-witan kangge ngenget-enget kedadosan ingkang sampun kapengker

mujudaken pakulinan ingkang sae. Kanthi makaten wonten pangajeng-ajeng

sageda nuwuhaken mupangat tumrap siti ingkang sakalangkung subur, nyegah

erosi, risaking siti, sarta saged nglestarekaken sarupining wit-witan. Wit-witan

menika dados “paru-paruning jagad” kangge kasarasanipun umat manungsa

lan lingkungan. Wit-witan badhe milujengaken umat manungsa saking “polusi

udara” ingkang mbebayani sanget. Nenanem wit jatos kalih uwit ing cariyos

GJ kasebat minangka tuladha ingkang sae sanget.

10. Mulabukanipun Dhusun lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)

Lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan sumbering toya katingal

saking anggenipun ngrimat Sumur Amba ing Dhusun Seborokrapyak

(Purworejo). Toya kalawau ageng sanget gina paedahipun tumraping bebrayan

Dhusun Seborokrapyak lan sakiwa-tengenipun, langkung-langkung wonten

ing musim ketiga ingkang panjang.

Kajawi menika, ugi taksih wonten kalih sumur ing dhusun Banyuurip, inggih

menika Sumur Beji lan Sumur Tinatah minagka sumbering toya. Miturut

pratelanipun narasumber ing dhusun kalawau, kalih sumur kasebat boten nate

asat/garing sinaosa ing salebeting musim ketiga. Kanthi makaten, toya sumur

Page 13: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

13

kalawau saged dipunmupangataken kangge nyekapi kabetahaning gesang,

kadosta toya kangge ngunjuk, olah-olah (masak), lss.

F. PANUTUP

Adhedhasar andharan ingkang sampun kaaturaken ing nginggil, saged

kapendhet dudutan makaten.

1. Folklor minangka peranganing kabudaayan kasunyatanipun ngemot ajining

etika lingkungan pagesangan ingkang gegayutan kaliyan babagan:

a. toya,

b. tetanen (kalebet tetedhan),

c. penghijauan (kalebet pambudidaya amrih lestarining wana),

d. kasarasan lan karesikaning lingkungan,

e. religi lan kapitadosaning masarakat.

2. Prekawis-prekawis kalawau mujudaken perangan ingkang menjila ingkang

kapanggihaken ing folklor, mliginipun folklor ing wilayah eks-

Karesidenan Surakarta lan Kedu.

Tangkep (sikap), wawasan, gagasan, lan gambaran (citra) masarakat

bebrayan Jawi, mliginipun Jawi Tengah, tumraping etika lingkungan

pagesangan ingkang dipuncariyosaken ing folklor menika positip sanget.

Tegesipun, sinaosa kawontenan sosial lan budayanipun masarakat menika

asipat dinamis, ananging taksih tetep sae tanggapanipun ngengingi aspek

ekologis (aspek etika lingkungan pagesangan ingkang pinanggih ing

folklor). Ewasemanten, minangka cathetan bilih kanggenipun saperangan

generasi mudha sampun radi kirang mangertos sawetahipun dhateng aspek-

aspek ekologis ing folklor. Prekawis menika prelu pikantuk kawigatosan

mirunggan dening para sesepuh lan kita sadaya (bebrayan Jawi) supados

tansah siyaga ningkataken kawaspadaning lingkungan alam sawegung.

Adhedhasar dudutan ing nginggil, panyerat atur pamrayogi (rekomendasi)

bilih etika lingkungan ingkang kamot ing folklor menika mujudaken prekawis

ingkang wigatos sanget lan prelu pikantuk kawigatosaning bebadan-bebadan

ingkang ginayut, kadosta Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik

Indonesia, pihak Jarahnitra ing Provinsi Jawi Tengah, Jawi Wetan, lan DIY,

sarta pihak pengelola lingkungan hidup.

Page 14: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

14

KAPUSTAKAN

Abrams, MH. 1981. A Glossary of Literary Terms. Canada: United

States of America.

Bascom, R. William. 1965. “Four Function of Folklore” dalam The

Study of Folklore. University of California at Berkly: Prentice-Hall.

Bintarto. 1984. “Dasar-dasar Analisis Dampak Lingkungan” dalam

Ekologi Manusia. Yogyakarta: Pusat Penelitian dan Studi Lingkungan

Universitas Gadjah Mada.

Brunvand, Jan Harold. 1968. The Study of American Folklore: an

Introduction. New York: Norton & Co Inc.

Danandjaja, James. 1970. Penuntun Cara Pengumpulan Folklor bagi

Pengarsipan. Jakarta: Universitas Indonesia.

Danandjaja, James. 1986. Folklor Indonesia: Ilmu Gosip, Dongeng, dan

lain-lain. Jakarta: Grafitipers.

Frans Magnis-Suseno, dkk. 1993. Etika Sosial. Jakarta: Gramedia.

Haviland, William A. 2009. Antropologi (Jilid I). (Alih Bahasa R.G.

Soekadijo). Jakarta: Erlangga.

Kosalah Soebagyo Tour. 2011. Parikan Pantun Jawa Puisi Abadi.

Jakarta: Feliz Books.

Moeis, Diana. 1988. “Penelitian Folklor” dalam Mahmud K. Usman,

dkk. (ed). Nuansa-nuansa Pelangi Budaya. Bandung: Universitas

Padjadjaran.

Radjiman. 2000. Konsep Petangan Jawa. Surakarta: Yayasan Pustaka

Cakra.

Rajagopalachari, C. 2010. Mahabharata dan Ramayana (Penerjemah

Yudhi Murtanto). Yogyakarta: Penerbit IRCiSoD.

Resosoedarmo, Soedjiran, dkk. 1985. Pengantar Ekologi. Jakarta:

Fakultas Pascasarjana IKIP Jakarta Bekerjasama dengan Badan

Koordinasi Keluarga Berencana Nasional.

Sholeh Dasuki, Sumarlam, dan Paina. 1996. “Penelitian Peranan Folklor

terhadap Etika Lingkungan Hidup (Studi Kasus di Jawa Tengah Bagian

Selatan)”. Kerjasama antara Badan Perencanaan Pembangunan Daerah

Tingkat I Jawa Tengah dengan Fakultas Sastra Universitas Sebelas

Maret Surakarta.

Page 15: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

15

Soemarwoto, Otto. 1988. “Pengelolaan Manfaat dan Risiko

Lingkungan”. Bandung: Lembaga Ekologi Universitas Padjadjaran.

Sudi Yatmana. 2010. Geguritan Alam Sawegung (Puisi-puisi Alam

Semesta). Yogyakarta: Elmatera Publishing.

Sudjiman, Panuti. 2009. Kamus Istilah Sastra. Jakarta: Gramedia.

LAMPIRAN

1. Dumadosipun Kutha Sala (DKS)

Kanjeng Sinuhun Paku Buwono II kepareng ngersakaken mindhahaken

kraton. Kanjeng Sinuhun nuli ngutus para kadang pados panggenan

ingkang cocok kangge adeging praja. Para kadang manggihaken tigang

panggenan, inggih menika tlatah Kadipala, Sala, lan tlatah Sanasewu.

Sinuwun lajeng ngutus salah satunggaling nujum asma R.Tumenggung

Honggowongso supados semedi kanthi ancas panyuwunan manggihaken

papan ingkang trep kagem adeging kraton. Sasampunipun sawetawis

semedi sang ahli nujum enggal caos atur dhumateng sinuwun.

Saking tigang panggenan kalawau nggadhahi tandha piyambak-

piyambak. Kadipala (kompleks Sriwedari) sitinipun sae nanging kirang

pas menawi kagem punjering pamarentahan. Sala sajakipun ingkang

paling trep senajan ugi wonten wewaleripun. Dene dhaerah Sanasewu

nedahaken kirang strategis menawi kangge pamarentahan raja.

Sasampunipun katetepaken Sala dados ibu kota, masarakat dalah para

sentana enggal-enggal sengkut gumregut nyambut damel kanthi raos

suka lan eklas, satemah pedamelan saged purna. Upacara pindahipun

pamarintahan enggal katindakaken kanthi kapurwakan nanem wit ringin

cacah sekawan asal saking tlatah Kartosuro, alun-alun ler, lan kidul. Sala

ingkang sakmenika katelah Surakarta Hadiningrat.

2. Sri Mulih (SM)

Sri Mulih mujudaken cariyos saking Tanah Jawi. Sri kapitados minangka

lambang tokoh kemakmuran, kesuburan, lan kesejahteraaning nagari.

Wonten pewayangan, Sri menika dados dewaning rejeki. Kacariyosaken

negari pundi kemawon ingkang karawuhan Dewi Sri mesthi dados subur,

Page 16: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

16

makmur, ayem, lan tentrem. Lakon Sri Mulih biasanipun kababar nalika

wonten salah satunggaling dhusun ingkang nembe ngalami musibah

paceklik, tetedhan awis. Kanthi nggelar lakon menika kaajab paceklik

enggal purna.

Cariyos Sri Mulih nggambaraken nalika nagari Amarta, Astina, Wirata

nembe kataman paceklik, tanem tuwuh sami gabug, toya jawah boten

wonten, bumi sami nela-nela. Musim paceklik menika saged kedadosan

awit Bathari Dewi Sri dipuncolong dening Prabu Sukonandi saking

nagari Cempadiraja. Mesthi kemawon gandheng wonten Dewi Sri

wonten nagari Cempala kalawau, nagari kasebat dados subur makmur.

Boten namung cekap semanten, Prabu Sukonandi sanget kepranan

kaliyan Dewi Sri. Dewi Sri badhe kagarwa. Dewi Sri kersa kagarwa

menawi dipunmaru kaliyan Warasembadra garwanipun Raden Arjuna.

Pikajenganipun Prabu Sukonandi ingkang nerak wewaler menika

nuwuhaken peperangan ageng. Peperangan saged lerem sesarengan

kaliyan miyosipun Ki Lurah Bodronoyo (Semar) ingkang pinitados

dados paraga pendamai.

3. Dewi Menur Seta (DMS)

Cariyos menika kawiwitan saking lairipun Dewi Menur Seta ingkang

lajeng dipuntilar ibunipun amargi seda. Dewi nuli dipun openi ibu

kuwalon ingkang degsiya, iri, lan srei. Ibu kuwalonipun Dewi boten

purun ngawon ing babagan kasulistyaning rupi. Piyambakipun kepengin

nyirnakaken Dewi Menur Seta kanthi cara lan rekadaya maneka warna.

Ananging Dewi menur saged kalis ing bebaya awit pitulunganipun sang

pangeran.

Wonten wucalan sae ingkang saged kapethik saking cariyos Dewi Menur

Seta menika ingkang magepokan kaliyan lingkungan inggih menika

Dewi menur Seta ngemutaken dhumateng para kurcaci kanca-

kancanipun amrih boten negor wit-witan ing sadhengah papan awit

saged jalari dumadosipun banjir bandhang.

4. Tlaga Winong (TW)

Tlaga Winong manggen ing Dhusun Melikan, Kalurahan Gedong,

Kecamatan Pracimantoro. Tlaga Winong sanes tlaga alam nanging tlaga

Page 17: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

17

damelan tiyang. Dening Eyang Surotiyo sakanca, taun 40-an Tlaga

Winong kadamel. Tlaga Winong kadamel amargi tlatah Winong

kekirangan toya. Tlaga menika boten asat ngantos samenika. Miturut

kapitadosan tlaga menika sakawit kaisi saking tlaga cacah pitu ing

sakiwa tengenipun wilayah Wonogiri.

5. Wit Sekanem (WS)

Sekanem saking kalih tembung, inggih menika saka lan enem. Wit

sekanem inggih menika wit jatos ingkang dipun agem saka wonten ing

mesjid Demak. Miturut riwayat wit jatos sekanem menika tuwuh wonten

ing Kalurahan Gedong, Pracimantoro, Wonogiri. Nalika badhe adeging

mesjid Demak, Syeh Belabelu, Syeh Bongkang-bongkin, lan Sunan

Kalijaga sesarengan pados kajeng ingkang sae, ingkang pantes kangge

saka mesjid. Kanthi laku tirakat, wusananipun penjenenganipun tetiga

saged manggihaken kajeng menika.

Syeh Belabelu lan Syeh Bongkang-bongkin manggihaken kajeng

wonten Gedong, dene Sunan Kalijaga namung saged ngempalaken

sempalan-sempalan kajeng kalawau. Kanthi kasektenipun, sempalan-

sempalan kalawau cinipta dados saka. Kanthi cariyos menika ngantos

samenika tirahan-tirahan kajeng ingkang taksih dipunkeramataken.

6. Peken Tambak ing Dhusun Sribit (PTDS)

Rikala semanten wonten pangeran saking Sala asmanipun Pangeran

Girinata (Eyang Giri) lan kulawarganipun nitih prahu mandhap ing

Peken Tambak. Wonten papan ngriku kalawau salajengipun dening

masarakat kawastanan “Peken Tambak”.

Ngantos samenika, Peken Tambak tansah rame. Saben malem Jumuah

Wage menapa malih ngepasi 1 Suro (wolung tahun sepisan) peken

kasebat rame sanget. Peken Tambak dipundadosaken papan

panyuwunan kangge para warga masarakat supados wilujeng,

daganganipun laris. Saratipun panyuwunan kakabulaken, tiyang menika

kedah tumbas oleh-oleh saking peken kalawau ingkang ngepasi

panyuwunanipun. Kanthi ramenipun tiyang ingkang sami rawuh

ngasilaken pamedal (income) ing Dhaerah Demak samsaya ageng.

Page 18: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

18

7. Kyai Prana Alus (KPA)

Ing dhaeah Simo, pasipun ing Dhusun Walen (samenika kasebut Walen-

Simo) wonten kyai sekti asmanipun Kyai Prana Alus (wonten ingkang

nyebat Kyai Singa Prana Alus). Sanadyan Kyai wau sekti, ananging

boten umuk. Kyai menika unggah-ungguhipun sae sanget, remen

tetulung dhumateng tiyang sanes ingkang nandhang kasisahan.

Sawijining dinten, Kyai Prana Alus tindak-tindak sinambi mirsani

taneman pantun ing sabinipun. Panjenenganipun mirsani petani ingkang

bekta uwos. Petani kalawau katingal kaweratan anggenipun bekta uwos.

Kyai badhe suka tetulung, ananging petani kalawau boten purun nampi

pitulunganipun Kyai, jalaran boten rumaos kaweratan awit namung

bekta uwos. Sasampunipun dumugi griya petani kalawau bikak barang

ingkang dipunbekta, petani rumaos kaget amargi uwos ingkang

dipunbekta kalawau malih dados pasir. Lajeng petani sowan dhateng

Kyai Prana Alus lan nyuwun pangapunten.

Kesaenan lan kasaktian Kyai Prana Alus saya dangu saya misuwur ing

dhaerah sanesipun. Kapinteranipun ing babagan olah tetanen

dipunwucalaken dhumateng masarakat. Masarakatipun dados remen

kaliyan Kyai Prana Alus, satemah kathah ingkang ngudi kawruh

dhumateng Kyai Prana Alus. Lajeng Kyai Prana Alus seda

dipunmakamaken ing Gunung Tugel (samenika kawastanan Dhusun

Nglembu). Makam kalawau ngantos samenika dipunrimat kanthi sae,

ngantos samenika makamipun kangge ziarah dening tiyang kathah.

8. Kyai Langgeng (KL)

Kyai Langgeng mujudaken cariyos sejarah tetilaranipun Pangeran

Diponegoro ing Magelang. Pangeran Diponegoro kagungan dalem lan

papan nalika panjenenganipun ketangkep. Gedung menika

dipundadosaken museum.

Pangeran Diponegoro nggadhahi prajurit lan senapati, ing antawisipun

inggih menika Kyai Langgeng, Kyai Singobarong, Kyai Tunggul

Wulung, Kyai Purbaya Kuning, Wirogongso, lsp. Taun 1825 Pangeran

Diponegoro mentar saking Kasultanan Mataram. Panjenenganipun boten

rila mirsani Walandi ingkang tumindakipun sewenang-wenang

dhumateng rakyat Tegal Rejo, tumunten Pangeran Diponegoro tumuju

Page 19: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

19

dhateng Selarong kangge nggiyaraken peperangan mengsah Walandi

ingkang kabiyantu dening rakyat Magelang ingkang dipunpandhegani

“prajurit sandi”. Prajurit kalawau suka piwucal patuladhan sae kangge

masarakat, utaminipun gegayutan kaliyan babagan patedhan, ubarampe,

lan strategi perang gerilya, saha caranipun olah tetanen, lan

mupangatipun wit-witan tumraping perang gerilya. Anggenipun perang

mengsah Walandi kabiyantu dening “prajurit sandi”. Prajurit sandi

kalawau kasebut Kyai Langgeng, amargi labuh-labetipun ingkang

langgeng. Prajurit sandi seda dipunmakamaken ing Mudal dhaerah

perjuangan.

9. Guwa Jatijajar (GJ)

Prabu Siliwangi menika Raja Padjajaran, kagungan putra nama

Banyaktantra. Sang Raja ngersakaken putranipun nggantosaken

kalenggahan ramanipun dados Raja Padjadjaran. Banyaktantra dereng

kathah kawruhipun dados raja, ugi dereng gadhah permaisuri.

Banyaktantra nyamar dados rakyat biasa kanthi rasukan ingkang prasaja

kanthi nama Raden Kamandaka, dumugi ing Kadipaten Pasir Luhur

(Jateng) pinanggih kaliyan Patih Wreksonata ingkang sampun sepuh lan

boten kagungan putra, lajeng Raden Kamandaka dipundadosaken

putranipun. Raden Kamandaka tepang kaliyan Dewi Ciptarasa lajeng

tumindak kirang sae ngantos dipuntangkep, nanging Raden Kamandaka

lolos lan mlajar dumugi guwa, lajeng semedi, pikathuk wangsit badhe

saged kaleksanan jejodhoan kaliyan Dewi Ciptarasa menawi saged bekta

rasukanipun Lutung. Raden Kamandaka nyamar dados Lutung lan

gesang ing wana Batul Agung. Kulawarga Dewi Ciptarasa mbebedhag

ing wana lajeng kasil nangkep Lutung lan dipunopeni kanthi sae, lan ing

tembenipun badhe njilma malih dados Raden Banyaktantra (Raden

Kamandaka).

Rayinipun Raden Kamandaka namanipun Silih Warni dipunutus

ramanipun madosi kangmasipun, lajeng tepang kaliyan Raden

Kamandaka lajeng perang. Wusananipun kakang adhi menika sami

tepang lan anggenipun nyamar Banyaktantra kamanungsan.

Kedadosanipun ing ngajeng guwa. Minangka pepenget kekalihipun

lajeng nanem wit jatos cacah kalih ing sakiwa-tengenipun guwa. Guwa

Page 20: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

20

kalawau winastan Guwa Jati Jajar, mapanipun ing wilayah Kecamatan

Ayah, Kabupaten Kebumen, Jawi Tengah.

10. Mulabukanipun Dhusun Lan Mesjid Seborokrapyak (MDMS)

Wonten kyai asmanipun Kyai Gusti (nama aslinipun Pangeran Diporejo).

Kyai Gusti asal saking Majapait lajeng pindhah lan magrok ing Dhukuh

Seborokrapyak. Nalika pindhah Kyai dipundhereki Mbah Surawijaya,

Mbah Surapiyoga, lan Mbah Suradiwirya. Kyai lan pandherekipun

mbangun Masjid Seboro krapyak, nanging masarakat nganggep mesjid

menika mesjid “tiban” amargi masarakat boten mangertos sinten lan kala

menapa dipunbangun. Rumiyinipun, mesjid kalawau atapun sirap, amargi

risak dipungantos alang-alang. Saben wulan Sapar dening masarakat atap

kalawau dipungantos kanthi gotong-royong satemah saged nuwuhaken raos

guyub rukun antawisipun ulama lan masarakat.

Kinten-kinten 200 meter saking wetan masjid wonten sumur ingkang

namanipun “Sumur Amba”. Taun 1947 mesjid ingkang atapipun alang-

alang dipungantos gendheng. Prabeyanipun saking pambudidayanipun para

ulama, pemimpin, masarakat, lan departemen agama. Masjid kalawau

lajeng kasebat “Masjid Baitul Karomah” ingkang dipunresmekaken Bupati

Kepala Dhaerah Purworejo.

BIODATA PEMAKALAH

Nama : Prof. Dr. H. Sumarlam, M.S.

TTL : Klaten, 9 Maret 1962

Alamat : Jln. Sibela Barat No. 4 Mojosongo, Surakarta 57127

Instansi : Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra dan Seni

Rupa : Universitas Sebelas Maret Surakarta

Jln. Ir. Sutami 36 A Surakarta, 57126

Telepon/HP : (***************)

Alamat email : (***************)

Pendidikan : S1 : Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa UNS (1985)

S2 : Linguistik, UNPAD Bandung (1992)

S3 : Linguistik, UNPAD Bandung (2001)

Pekerjaan :

Page 21: PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN …ki-demang.com/kbj5/images/MAKALAH KUNCI/08 PERANAN FOLKLOR.pdf · 1 PERANAN FOLKLOR TUMRAP KAWASPADANING LINGKUNGAN Sumarlam Jurusan

21

1. Dosen S1, S2, S3 UNS

2. Dosen S2 Pendidikan Bahasa UNWIDHA Klaten

3. Dosen FKIP UMS

Jabatan :

- Koordinator Minat Utama Pendidikan Bahasa danSastra Jawa, Program

Pascasarjana UNS

- Guru Besar FSSR UNS: 1 Januari 2011.

Organisasi Profesi : 1. Ketua Masyarakat Linguistik Indonesia Cabang

UNS

3. Anggota Masyarakat Linguistik Indonesia Pusat Jakarta

4. Karya Ilmiah : Buku: 16 Judul (di antaranya 6 buku ajar BJ SD/MI

dan 3 buku ajar BJ SMP/MTs., serta Teori dan Praktik Analisis Wacana).

5. Makalah dalam Seminar Nasional Artikel di Jurnal Ilmiah Terakreditasi

Penghargaan :

1. Dosen Berprestasi UNS (Rektor UNS, 2006)

2. Indonesia Sampoerna Best Lecturer (PT HM.Sampoerna, 2007)

3. Satyalancana Karya Satya 20 Th. (Presiden RI, 2007)