mc bahasa jawa

Upload: agus-bintoro

Post on 01-Mar-2016

64 views

Category:

Documents


2 download

DESCRIPTION

belajar bhs jawa

TRANSCRIPT

Assalamualaikum wr. wb. - Wonten pangarsanipun Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah __________________________________lan sedoyo keluarga soho dzuriyahipun- Poro pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI ingkang tansah kawulo hormati, wabil khusus dumateng Bapak Bupati Wonosobo Bpk. Ahmad Naufa(hehe)- Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun Allah ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah minongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin.Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safaatipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken.Monggo adicoro pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun, keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan.Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi.Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah.Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.Adicoro ingkang kaping gangsal Mauidlotul khasanahAdicoro ingkang kaping enem penutup kanti doa.Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaakenMonggo sesarengan acara Sewelasan Soho Penutupan Mujahadah Kholwat kito bikak mawi waosan ummul Kitab : Kalajengaken adicoro inkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Quran soho Shalawat Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe dipun astho dening __________________________ wekdal soho papan kito aturaken..Kaljengaken adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah Tahlil ingkang bade dipun pimpin dening _________________________ wekdal soho papan kito aturaken.Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani Panitia ingkang bade dipun asto dening _________________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking ________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.Hadirin-Hadirot rohimmakumullohKito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal Mauidlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade dipun asto dening ________________________________________________ dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken.Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnaninipun adicoro sewelasan soho penutupan mujahadah kholwat, saking kula sedoyo lepat awal tumugi akhir nyuwun agunging pangapunten.Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit ThorieqWassalamualaikum Wr Wb.