manungsa teori lan sosial analisis

2
Manungsa Teori Manungsa teori yaiku manungsa kang saben tumindake mung adhedhasar nile-nile teoritis utawa kawruh. Para manungsa iki akeh-akeh mung nengenake ngelmu, utawa kawruh, ora pati nggatekake paedah utawa asile. Tujuwan saka para manungsa iki mung kawruh kang asipat objektif, lan saka aspek liyane kayata estetika lan moral ora dianggep. Tuladhane, ing panguripan saben dinane kayata yen ana sawijine bapak, kang kelebu modhel manungsa teori , dheweke nganggep anake kang guyon bakal ngribeti pasinaone, lan mung ngguwak wektu. ‘Kesibukanku nggarap proyek penelitian kang saben-saben ngudokake aku menyang daerah-daerah liya dipigunakake kanthi ora bener dening bojoku….’ ,Kowe kuwi wong intelektual, Dhani. Wong pinter. Peneliti gamben.’ (cerkak, PS, 7 nopember 2015) Saka pedhotan cerkak ing nduwur bisa ditegesi yen paraga Dhani sing dadi paraga utama ndiweni titikan wong kang asipat teoritis mitirut teori tipologi spranger. Bisa didelok saka panggaweane Dhani sing dadi salah sawijine panliti, lan uga dosen ing solo. Panliti lan dosen minangka gaweyan kang mbutuhake tingkat kapinteran sing dhuwur. Kapinteran ing kene bisa digayuh kanthi cara sekolah ing pawiyatan agung. Saka andheran mau bisa didudut yen Dhani minangka manungsa teoritis amarga nduweni titikan: 1. Seneng maca 2. Seneng mikir lan sinau 3. Pengin ngerti samubarang 4. Nggoleki bebener 5. Pamawas objektif ngenani dheweke lan lingkungan. Manungsa Sosial Manungsa social yaiku manungsa kang nengenake nile-nile social utawa sesambungan marang wong liya minangka pola uripe. Wong-wong iki banget mbutuhake sesambungan klawan wong liya. Nile kang dianggep

Upload: ghalant-de-reenata

Post on 15-Feb-2016

45 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

psikosas jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Manungsa Teori Lan Sosial Analisis

Manungsa Teori

Manungsa teori yaiku manungsa kang saben tumindake mung adhedhasar nile-nile teoritis utawa kawruh. Para manungsa iki akeh-akeh mung nengenake ngelmu, utawa kawruh, ora pati nggatekake paedah utawa asile.

Tujuwan saka para manungsa iki mung kawruh kang asipat objektif, lan saka aspek liyane kayata estetika lan moral ora dianggep. Tuladhane, ing panguripan saben dinane kayata yen ana sawijine bapak, kang kelebu modhel manungsa teori , dheweke nganggep anake kang guyon bakal ngribeti pasinaone, lan mung ngguwak wektu.

‘Kesibukanku nggarap proyek penelitian kang saben-saben ngudokake aku menyang daerah-daerah liya dipigunakake kanthi ora bener dening bojoku….’,Kowe kuwi wong intelektual, Dhani. Wong pinter. Peneliti gamben.’(cerkak, PS, 7 nopember 2015)

Saka pedhotan cerkak ing nduwur bisa ditegesi yen paraga Dhani sing dadi paraga utama ndiweni titikan wong kang asipat teoritis mitirut teori tipologi spranger. Bisa didelok saka panggaweane Dhani sing dadi salah sawijine panliti, lan uga dosen ing solo. Panliti lan dosen minangka gaweyan kang mbutuhake tingkat kapinteran sing dhuwur. Kapinteran ing kene bisa digayuh kanthi cara sekolah ing pawiyatan agung. Saka andheran mau bisa didudut yen Dhani minangka manungsa teoritis amarga nduweni titikan:

1. Seneng maca2. Seneng mikir lan sinau3. Pengin ngerti samubarang4. Nggoleki bebener5. Pamawas objektif ngenani dheweke lan lingkungan.

Manungsa Sosial

Manungsa social yaiku manungsa kang nengenake nile-nile social utawa sesambungan marang wong liya minangka pola uripe. Wong-wong iki banget mbutuhake sesambungan klawan wong liya. Nile kang dianggep dhuwur dhewe dening wong-wong iki yaiku tresna marang sapadhane manungsa, ora mung individu nanging uga tumrape bebrayan.

‘ora usah mikir rena-rena. Ora usah mikir dhuwit kanggo sakite bapakmu. Mengko bapakmu sing bkal ngrampungi. Hla yen kurang, aja kuwatir isih ana aku. Wangsulane maneh….’(cerkak PS 31 oktober 2015)

Sajrone pedhotan cerkak ing ndhuwur paraga Haryono bisa diarani manungsa social, bisa dideleng saka ukarane Haryono sing kepengin bisa nulungi Wulan. Kaya sing wis diangdharake ing ndhuwur, Haryono ngupaya amrih sesambungane marang Wulan bisa raket tur apik, saka kuwi bisa dititiki yen haryono kalebu manungsa social.

Page 2: Manungsa Teori Lan Sosial Analisis