lelewane basa sajrone cerkak klungsu
DESCRIPTION
StilistikaTRANSCRIPT
LELEWANE BASA SAJRONE CERKAK KLUNGSUANGGITANE SWARDI ENDRASWARA
Ah. Syahrul Rahmat12020114047
2012B
A. Purwaka
Basa mujudake sawijine sarana kanggo ngungkapake rasa pangrasa kang
diduweni saben-saben pawongan. Kanthi anane basa, manungsa bisa ngungkapake rasa
seneng, susah, kuciwa, utawa prihatin sacara lesan lan tulisan. Manungsa uga bisa
menehi pambiji lan kritik marang pemerintah utawa kahanan sosial kang dumadi ing
masyarakat.
Miturut Nurgiyantoro (2010:272), basa mujudake sarana kanggo ngungkapake
sastra. Sastra ora mung awujud reroncening tembung, nanging ana unsur kang linuwih
saka reroncene tembung kasebut. Ana makna kang arep ditapsirake kanthi sarana basa
mau. Minangka wujud ekspresi saka rasa pangrasane manungsa, reriptan sastra ngemot
maneka werna pengalaman kang dialami dening manungsa.
Saben pangripta nduweni kamardhikan dhewe-dhewe sajrone ngripta karya sastra,
saengga dheweke bisa mardhika nggunakake maneka werna pamilihing tembung lan
lelewane basa kang dianggep trep klawan reriptane. Kanthi anane basa kang endah
kasebut, nilai estetis kang kinandhut sajrone karya sastra bisa kadudut lan luwih narik
kawigatene para pamaos.
Panganggone lelewane basa sajrone reriptan sastra bisa ditliti nganggo tintingan
Stilistika. Stilistika mujudake sawijining ilmu kang nyinanoni gaya (style), yaiku cara
kang digunakake dening pamicara utawa panulis kanggo ngandharake maksud kanthi
nggunakake sarana basa.
Tintingan stilistika sajronere riptan prosa fiksi luwih narik menawa diteliti. Amarga
crita fiksi kawedhar kanthi jembar lan sarwa rinci. Beda karo reriptan tembang utawa
guritan sing sarwa winates. Tintingan stilistika sajrone crita fiksi bakal dicakake dening
panliti sajrone cerkak Klungsu anggitane Suwardi Endraswara. Panliti milih cerak iki
amarga sajrone kerkak iki kebak tandha-tanda utawa pralambang. Akeh banget ukara-
ukara sing dilewa-lewa anggone medhar. Mula saka iku panliti rumangsa katarik kanggo
nintingi luwih jero ngenani cerkak iku.
Adhedhasar andharan kasebut, cerkak Klungsu anggitane Swardi Endraswara kang
kapacak ing buku Antologi Cerkal lan Guritan Pasewakan asil Kongres Sastra Jawa III iki
1
bakal ditintingi migunakake tintingan struktural. Mligine perangane sing onjo yaiku
lelewane basa kang ana sajroning cerkak iki kanthi metodhe deskriptif kualitatif. Panliten
iki diajab bisa menehi piguna tumrap pamaca babagan kawruh basa lan sastra, mligine
ing bidhang apresiasi lan lelewane basa sajrone reriptan sastra.
B. Andharan
1. Lelandhesan Teori
Pemajasan mujudake sawijining cara kanggongungkapake basa, kang tumuju
marang makna anyar,makna kang sumirat (Nurgiyantoro, 2010:296-297). Nurgiyantoro
uga ngandharake yen pemajasan mujudake gaya kang kanthi sengaja nambahi dayaning
tuturan lumantar basa kias. Sejatine isih anasesambungan antarane makna harfiah lan
makna kiaskasebut, ananging sesambungan iku asipat oralangsung. saengga mbutuhake
tapsiran saka pamaos. Panganggone wujud-wujud kiasan sajrone kasusastran, mujudake
sawijining wujud panimpangan kabasan. Jinise majas kaperang dadi telu, yaiku:
a. Majas Perbandingan
Majas perbandingan mujudake sawijining lelewane basa kang nduwe maksud
nandhingake rong bab kang dianggep saemper utawa nduweni pepadhansipat saka bab
kang ditandhingake. Majas perbandhingan minangka majas kang nandhingake
samubarang klawan samubarang liyane.
1) Metafora
Metafora mujudake tetandhingan kang implisit antarane rong bab kang beda,
tanpanggunakake tembung kaya utawa minangka. Kanthi anane metafora, sawijining
pawongan bisa ngandharake samubarang kanthi luwih cetha saengga gampang
dimangerteni dening liyan.
2) Personifikasi
Personifikasi asale saka basa Latin persona (pawongan, panindak, aktor, utawa
topeng kangdianggo sajrone drama), lan fic (nggawe). Lelewane basa personifikasi iku
padha karo menehi titikan utawa kuwalitas, yaiku kuwalitas pribadhi pawongan tumrap
samubarang kang maujud utawa tumrap gagasan-gagasan. Kanthi ringkes bisa
dimangerteni yen personifikasi mujudake lelewane basa kang mindhakake samubarang
kaya dene manungsa.
3) Hiperbola
Hiperbola mujudake jinis majas kang ngemot teges ngluwih-ngluwihake utawa
nggedhe-nggedhekake samubarang. Hiperbola mujudake jinis lelewane basa kang ngemot
2
teges ngluwih-luwihake cacah, ukuran, utawa sipat kanthi maksud menehi paneges
tumrap sawijining wedharan utawa kanggo ningkatake kesan lan pengaruhe.
4) Sinekdoke
Sinekdoke minangka majas kang nyebutake sebageyan kanggo sakabehe, utawa
sewalike. Sinekdoke diperang dadi loro, sinekdoke pars prototo lan sinekdoke totem
proparte. Sinekdoke pars prototo yaiku majas utawa lelewane basa kang nyebutake
sebageyan kanggo sakabehe. Dene sinekdoke totem proparte mujudake majas kang
nyebutake sakabehane nanging mung kanggo saperangan wae.
5) Simile
Simile mujudake wujud eksplisit saka metafora. Simile langsung ngandharakeyen
samubarang kasebut padha klawan samubarang liyane kanthi nggunakake tembung kaya,
pindha lanliya-liyane.
b. Majas Penegasan
Majas penegasan yaiku sawijining lelewane basa kang nggunakake tembung-
tembung sarana dibolan-baleni sajrone ukara (Purnama, 2014:11).
1) Interupsi
Majas interupsi yaiku lelewane basa kang kawujud kanthi cara nyisipake tembung
utawa kelompok tembung minangka katrangane ukara.
2) Aliterasi
Aliterasi utawa purwakanthi guru sastra mujudake lelewane basa kang awujud
perulangan konsonan kang padha (Keraf, 2008:130). Majas aliterasi kasebut digunakake
dening pangripta minangka rerenggan utawa paneges.
3) Anafora
Anafora yaiku tembung utawa kelompok tembung ing wiwitan ukara kang
diambali minangka tembung kawitan ing ukara sabanjure. Ade Nurdindkk, sajrone
Purnama (2014:7) ngandharake anafora minangka lelewane basa kang nggunakake
tembung kapisan sajrone ukara minangka tembung kapisan ing ukara sabanjure.
4) Tautologi
Tautologi yaiku lelewane basa kang nggunakake tembung utawa kelompok
tembung kang tegese padha (sinonim) sajrone saukara.
c. Majas Sindiran (Pasemon)
3
Majas sindiran yaiku lelewane basa kang ngemot surasa pasemon. Keraf (sajrone
Purnama,2014:8), lelewane basa sindiran yaiku sawijine ungkapan kanthi maka utawa
maksud kang beda saka tetembungan kang wis rinakit.
1) Majas Sinisme
Sinisme yaiku sawijining lelewane basa kang awujud sindiran utawa pasemon.
Majas iki saemper klawan majas ironi, ananging sipate luwih kasar. Sinisme ngemot
surasa awujud rasa sangsi tumrap kaeklasan lan tulusing ati.
2) Majas Sarkasme
Sarkasme yaiku sawijining majas sindiran kang sipate kasar lan bisa nuwuhake
laraning ati.
d. Stilistika
Stilistik mujudake sawijining ilmu kangnyinaoni lelewane basa, dene style
mujudake carakhas sajrone ngandharake sawijining bab saenggatujuwane bisa kawujud.
Stilistika bisa dimangerteniminangka ilmu ngenani paganggone basa sajronereriptan
sastra (Nurgiyantoro, 2010:279).
2. Jlentrehan
Cerkak Klungsu anggitane Swardi Endraswara iki nyritakake paraga Ki Monar
sing ngupaya negor wit asem. Anggone kepengin negor wit asem iku dipenging dening
para warga, mligine sesepuh Desa Samudana, mligine Pakdhe Mokrasi. Kannthi maneka
daya uapayne, Ki Monar kasil negor wit asem ding dipundhi-pundhi dening masyarakat
Desa Samudana iku. Ananging saka wit iku malah metu getih abang lan getih putih kang
mbanjiri desa. Wekasane, Desa Samudana banjir getih abang putih kang metu saka bekas
tegorane wit asem iku.
Cerkak Klungsu anggitane Swardi Endraswara iki kebak tandha lan pralambang.
Wit asem minangka wit sing dipundhi-pundhi, dijaga, lan dikramatake dening para
warga. Wit asem minangka pralambange panguripan. Senajan mung nuwuhake klungsu
sing cilik, tanpa aji, ananging melu udhu. Kaya cuplikan ing ngisor iki.
“Njenengan pun ngrusak wit asem warisan. Klungsu-klungsu udhu, niku gegambarane wong kampung niki. Tur malih, wit asem niku cetha marai sengsem… (Endraswara, 2011:229).
Cuplikan ing ndhuwur minangka panggambaran ngenani wit asem sing dipundhi-
pundhi ing desa kono. Para warga akeh sing ora sarujuk menawa wit asem mau ditegor.
4
Cerkak Klungsu anggitane Swardi Endraswara iki diwedhar kanthi basa sing rada
ora lumrah. Akeh banget basa sing dilewa-lewa lan akeh sing ngandhut pralambang
utawa tandha. Tandha lan pralambang iku kalebu sajrone jinise lelewane basa ing ngisor
iki.
a. Majas Perbandingan
Majas perbandhingan sing kinandhut sajrone cerkak iki cuplikane kaya mangkene.
(1) Ki Monar dianggep nggraji atine wong kampung (Endraswara, 2011:231).(2) Ki Monar wis kencokan bibit lelara… (Endraswara, 2011:231).(3) Kampung sing wis wareg ngemut sejarah lara lapa (Endraswara, 2011:232). (4) Wit asem iku wis kepangan graji, tugel dadi pirang-pirang ketok (Endraswara,
2011:231). (5) …ning tumrap sing krungu sok nganggep nyocog batin lan nindhes rasa.
(Endraswara, 2011:228).
Dhata (1) lan dhata (2) minangka majas perbandhingan kanthi jinis metafora.
Yaiku mbandhingake rong perkara sacara langsung. Tembung ‘ngraji’ lan ‘kencokan’ ora
bisa ditegesi sawantahe. Kekarone ngandhut teges entar. Ngraji ati tegese nglarani ati.
Dene kencokan wiji lelara tegese tingkah lakune dadi ala.
Dhata (3) lan (4) minangka majas pambandhing personifikasi. Kampung ing ukara
iku dipindhanake kaya manungsa sing bisa wareg lan ngemut. Kampung sing wareg
ngemut sejarah lara lapa tegese kampung iku ngalami maneka warna kedadeyan utawa
wis tau nandhang bungah lan sengsara sajrone sejarahe. Dene dhata (4) nggambarake
graji sing bisa mangan wit. Graji ora bisa mangan, bisane kanggo nggraji yaiku ngetok
utawa negor. Wit asem wis kepangan graji tegese graji iku bisa negor wit asem.
Dene dhata (5) kalebu majas hiperbola. Hiperbola mujudake jinis majas kang
ngemot teges ngluwih-ngluwihake utawa nggedhe-nggedhekake samubarang. merga
nyocog batin lan nindhes rasa
b. Majas Panegesan
Majas paneges sing kinandhut sajrone cerkak iki cuplikane kaya mangkene.
(6) Tur malih, wit asem niku cetha marai sengsem… (Endraswara, 2011:229).(7) Wit asem iki wis njalari atine wong kampung dadi tentrem (Endraswara,
2011:229).(8) Wong kampung bakal ngurip-urip wit klungsu, najan kudu thukul ing watu adoh
ratu (Endraswara, 2011:234).(9) Yen dakgagas wawas, tekade Ki Monar sing kemajon… (Endraswara, 2011:232).
Dhata (6), (7), lan (8) ing ndhuwur minangka majas panegesan aliterasi. Dhata iku
ngandhut purwakanthi guru swara yaiku ing tembung ‘asem’ lan ‘sengsem’, ing dhata
5
sabanjure ing tembung ‘asem’ lan ‘tentrem’. Dhata (8) purwakanthi guru swarane ana ing
tembung ‘klungsu’, ‘watu’, lan ‘ratu’. Aliterasi utawa purwakanthi guru sastra mujudake
lelewane basa kang awujud perulangan konsonan kang padha. Majas aliterasi kasebut
digunakake dening pangripta minangka rerenggan utawa paneges.
Dhata (9) sajrone frasa gagas wawas dumadi saka tembung sing tegese padha,
yaiku tembung ‘gagas’ lan ‘wawas’. Gagas wawas saliyane kalebu jinise aliterasi uga
kalebu tautologi. Tautologi yaiku lelewane basa kang nggunakake tembung utawa
kelompok tembung kang tegese padha (sinonim) sajrone saukara.
c. Majas Pasemon
Majas pasemon sing kinandhut sajrone cerkak iki cuplikane kaya mangkene.
(10) Dakungak, kampung Samudana sing klebu istimewa, menjila, geger eneh. Dudu gegere wong ngoyak macan cinandhak wadhahi bumbung… (Endraswara, 2011:228).
(11) …wong jenenge wae Ki Monar, kudu bisa ngowahi saka kahanane nar (geni) dadi nur (pepadhang). Bisa ngowahi swasana panas dadi cahya padhang tetrawangan (Endraswara, 2011:229).
(12) Delengen saka dhengkele kothokan wit asem mili getih abang putih, ora bisa mandheg (Endraswara, 2011:232).
(13) Najan klungsu iku kudu urip ing telenge segara getih (Endraswara, 2011:234).
Dhata (10) minangka pasemon marang kahanane wong kampung. Sepisanan
kampung Samudana dikandhakake kampung sing istiewa, njur dikandhakake geger.
Tegese biyen kampung iku pancen istimewa amarga sejarahe, ning saiki kaistimewaane
ora magra sejarahe nanging kerana gegere. Dhata iku uga ngandharake kahanane gegere
sing dipindhanake kaya bebasan ngoyak macan cinandhak wadhahi bumbung.
Dhata (11) minangka pasemon marang paraga Ki Monar sing negor wit asem.
Neng kono nyandra jenenge ki Monar sing kudu bisa ngowahi nar dadi nur. Nanging
sajrone cerkak iki malah suwalike.
Dhata (12) lan (13) minangka pralambang. Dhata (12), ora nalar menawa
dhengkele wit asem sing ditegor metu getih abang putih. Dhata (13) uga kaya mangkono,
wit asem ora bisa urip ing segara, apa maneh segara getih. Sajrone dhata iku ngandhut
makna afektif lan emotif. Getih kang metu saka dhengkele wit asem iku minangka
pralambange kuciwane para warga desa Samudana awit wi asem sing dipundi-pundi iku
ditegor. Kabeg rumangsa kuciwa, prihatin, lan mangkel marang kahanan sing kaya
mangkono lan marang ki Monar sing negor. Dene dhata (13), wit klungsu kudu bisa urip
ing telenge segara getih kalebu isbat. Isbat yaiku ngelmu utawa piwulang kasampurnan,
6
kaya kang diandharake dening Padmosoekotja (1958) sajrone bukune. Isbat sajrone ukara
iku bisa ditegesi saka critane. Crita utawa alur sadurunge ing cerkak iku ngandharake
menawa klungsu melu udhu lan wit asem marai sengsem, ngayomi agawe tentrem. Wit
asem minangka gegambarane dhiri kita. Kita kudu isa melu udhu, tegese kudu bisa dadi
wong sing migunani marang reriptane Pengeran sing liyane. Kudu bisa ngayomi lan njaga
awake lan reriptan liyane. Senajan ing segara getih, ing kahanan sing kaya apa wae,
seneng utawa susah kudu tetep bisa udhu lan ngayomi dhiri pribadhine, kulawargane,
wong liya, marang kewan, lan alam kabeh.
C. Panutup
Cerkak Klungsu anggitane Swardi Endraswara iki kebak tandha lan pralambang.
Wit asem minangka wit sing dipundhi-pundhi, dijaga, lan dikramatake dening para
warga. Wit asem minangka pralambange panguripan. Senajan mung nuwuhake klungsu
sing cilik, tanpa aji, ananging melu udhu.
Lelewane basa sing kinandhut sajrone cerkak iki yaiku majas perbandhingan,
majas paneges, lan majas pasemon. Lelewane basa sing ana sajrone reriptan fiksi
kayadene cerkak iki nduweni piguna kanggo negesake lan nambah kaendahane sawijine
reriptan saliyane medhar etik lan saintik-e.
KAPUSTAKAN
Kamandaka, Arim (ed), at. al. 2011. Antologi Crita Cekak lan Geguritan: Pasewakan. Yogyakara: Elmatera Publishing
Keraf, Gorys. 2010. Diksi dan Gaya Bahasa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Purnama, S.B. 2014. Retorika dan Stilistika. Surabaya
7