laporan pariwara

9
PARIWARA BASA JAWA Dening : Valentina Kania Prameswara 8H / 36 Yolanda Junita 8H / 38 SMP PL BINTANG LAUT SURAKARTA 2011 / 2012

Upload: valentina-kania

Post on 25-Jun-2015

706 views

Category:

Documents


5 download

TRANSCRIPT

Page 1: Laporan pariwara

PARIWARA BASA JAWA

Dening :

Valentina Kania Prameswara 8H / 36

Yolanda Junita 8H / 38

SMP PL BINTANG LAUT SURAKARTA

2011 / 2012

Page 2: Laporan pariwara

Rap Pariwara Basa Jawa

Jalangkung

Jalangkung jalangsengjalangkung ayo tekocahe alim ningo rusuh

buneg tenan dadi nyadal mung deweanra nduwe soco ugo akeh pikirande’e bingung piye arep dolananujug-ujug kepikiran dolanan ning kuburan

janji nggawe jalangkung karo kanca-kancanenggawe dolanan sing jare ono seninembengi iki malem jum’at kliwonsaiki podo nyiapke gawe pitakon

siwure colongankranjange colonganklambine colongankabeh ra konangan

2x Reff :dolanan jalangkungdolanan jalangkungojo nganti do suwungmêrgo dolanan jalangkung

dicekel wong loroming ora kudu ngonodimantrani supoyo isisalah siji sing ndelok rumongso wedi

teko arawahe pancen rodo suwimarai mrinding mergo kahanan wis sepi

jalangkung-e dadi abotsing ngundang wae gawe pitakonanpengin tenan pengasihansupoyo do kedanan

bola bali ditakoniningo piye? ra mangsulidadine, sing takon malah do mutung

jalangkungdibuang men arwahe lungado ra ngira arwahe isih tetep ana

Page 3: Laporan pariwara

kancane kesurupandi bledhig sing kasrupan

malah oyak-oyakanbengi-bengi ning kuburanbengak bengok jerat jerit keweden dioyak setan

krungu rame-rame ning njaratan bengi-bengiwong sing ronda ning kono bêbarêngan niliki

weruh wong peplayongage di endek-ebanjur do takon

“nah keweden to? opo masalahe?”sing kesurupan mau, terus di tambakne

wis kapok kabeh dolanan jalangkungmalam minggu ijen yo ben, anggere ora suwung

4x Reff

Rap Pariwara Basa Jawa 1 : Jalangkung

Lagu kasebut kalebu pariwara layanan masyarakat amarga ora golek bathi saka isine lagu.

Paedah : Lagu iki bisa nambah ilmu bab budhaya ing Jawi kang wis suwe ditinggalake. Kabudayan iki uga nambah wawasan supaya kita luwih ati-ati njaga pikiran lan polahe dhewe. Kita uga dikandhani yen budhaya iki kurang becik amarga ngajari awake dhewe nyolong duwene wong liya. Awake dhewe uga ora kena golek masalah sing aneh-aneh sing kira-kira kurang becik dilakoni. Awake dhewe kudu nambah iman lan percaya marang Gusti yen kabeh wis diatur.

Page 4: Laporan pariwara

Rap Pariwara Basa Jawa

Kepiye

Bel mlebu sekolah marake keselOpo meneh sing mulang marai mangkelBuku – buku ning meja ketok okeh lan kandel-kandelRa marai bocah niat malah marake anyel

Ngelak ngelu ngelih ra penak rasaneNambahke kesel mumet rasaneKaya lara ndaseMatane garik sak larik

Reff :Jarene muride kudu nggateke guruneJarene muride kudu nggateke guruneJarene muride kudu nggateke guruneJarene muride kudu nggateke gurune

Yen diwulang ora tau gateke pelajaranGawene mung ganggu kancane sing sinau tenananTangane gerayangan sikile petakilanKancane mung iso mbatin wong edan

Wis sing mulang ora penakKuncine yo ngarang deweYen ndikte sakpenake nyeneni yo sakarepeRa mudeng yen muride wis anyel

Reff

Rap Pariwara Basa Jawa 2 : Kepiye

Lagu kasebut kalebu pariwara layanan masyarakat amarga ora golek bathi.

Paedah : Lagu iki nyritakake bab kagiyatan sing biasane dilakoni bocah-bocah ing sekolahan. Bocah-bocah biasane ora karep yen mlebu sekolah, sadurunge wis males sik. Ditambah maneh yen gurune esuk-esuk wis nesu lan ketok galak. Nanging, sak kepiye gurune lan sanajan abot sekolahe, murid-murid kudu nglakoni kanthi seneng lan tenanan. Bocah-bocah tetep kudu ngajeni gurune, nggatekake gurune, lan nggarap tugase kanthi tenanan. Gurune uga kudu siyap karo muride supaya kahanan ing sekolah bisa nyenengake lan tertib.

Page 5: Laporan pariwara

Rap Pariwara Basa Jawa

Penek Jambe

Wingenane nggone pak lurahduwe gawe nyunatke anakesing cilik dewenganakne pesto diragati gedheseko nanggap wayang golek tekan penek jambe

mbeleh sapine dinggo syukurandinggo nambah ragate, ngedol panenandasare wong sugih, opo wae isoangger ono duwit, kabeh lawang mengo

ceritane, pestane, kabare,tekan ndeso tonggojarene sing paling rame do nonton penek jambenganti saking senenge do lali awit sore

ReffNonton penek jambe seneng jarenening nggone pak lurah sing nyunatke anakemelu penek jambe akeh hadiahesopo sing entuk mesti seneng rasane

penek jembe,do ngerti dewe tontonan sing nyenengke

yo kanggo sing ndelok yo sing mainkeangel munggahe lunyu kayuneyen tekan nduwur seneng banget rasane

kudu wong akeh supoyo iso munggahrabakal iso yen mung dewe le munggah

wong akeh wae mlorote bola baliopo meneh dewean malah koyo wong edan

le penek jambe mulaine wis awanakeh sing melu cacahe we las-lasan

do nglumpuk ning lapangan singwis diresiki disiapke ket wingi

Reff

Menek wit jambe angel munggahepunji-punjinandinggo pancikankesel awake

Page 6: Laporan pariwara

regu ndisik dewe cacahe wong pituurut jejer seko sing lemu tekan sing kururegu liyane do nunggupengin lek melu, lek maju, kesusu

regu pisanan munggahe cepet tenansing ndelok keplok, mbengok, rame tenan

durung ono limang menit wis tekan nduwurnjumuki hadiah sing cacahe pitu likurregu liyane ndangak ro kukur-kukurgumun karo sing ning nduwurbajigur!

hadiahe werno-wernoregu sing menang, do pestosing ndelok melu ramesurak-surak senenge

Reff

Rap Pariwara Basa Jawa 3 : Penek Jambe

Lagu iki uga kalebu pariwara layanan masyarakat amarga ora golek bathi saka lagu kuwi.

Lagu iki nyritakake bab salah siji budaya ing Jawa, yaiku penek jambe. Biasane penek jambe dianakake yen ana kagiyatan-kagiyatan penting kaya sunatan, pitulasan, lan liya-liyane. Lagu iki duwe paedah kanggo kita yaiku supaya awake dhewe nguri-uri budaya iki lan ora ditinggalake wae. Penek jambe iku nyenengake, eman-eman yen putu-putune awake dhewe suk mben ora ngerti bab budaya iki. Budaya iki uga nglatih awake dhewe supaya bisa kerja bakti lan ora mentingke awake dhewe.

Page 7: Laporan pariwara

PARIWARA

Pariwara yaiku katrangan migunakake media kanggo martakake bab wigati marang warga masyarakat lan duwe ancas tartamtu kanthi tetembungan kang mentes, padhet, ringkes, lan narik kawigaten.

Pariwara miturut isine diperang dadi telu, yaiku :

a. Pariwara layanan masyarakatYaiku pariwara kang ora mbutuhake bathi, bakune paring pawarta kanggo warga saka pamarentah marang warga utawa saka warga marang warga, tuladhane pariwara KB, puskesmas, wong ilang, lsp.

b. Pariwara niagaYaiku katrangan kang isine nawakake barang dagangan kanthi ancas golek bathi, tuladhane pariwara obat, papan pomahan, motor, lsp.

c. Pariwara lowongan pedamelanYaiku katrangan babagan kabutuhan perusahaan / instansi kang butuh pegawe anyar.

Ing kliping punika, wonten maneka warna tuladha pariwara-pariwara yaiku niaga, layanan masyarakat, uga lowongan pedamelan. Nanging kawula nyuwun pangapunten manawi tuladha saking lowongan padamelan boten pati sae