lailatul qodar

3
LAILATUL QODAR Assalamu’alaikum Wr. Wb. Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah ingkang maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki. Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun. Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT. Satunggaling malem menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing Al-qur’an surat Al-Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun. Lelampahan wau dipun leksanakaken ngantos 1000 sasi. Tumunten lajeng Alloh nurunakensuratAl-Qodar ingkang negasaken bilih setunggal ndalu malem Lailatul Qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau. Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah. Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul

Upload: mrzaen

Post on 11-Dec-2015

234 views

Category:

Documents


5 download

TRANSCRIPT

Page 1: LAILATUL QODAR

LAILATUL QODAR

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah ingkang maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki.

Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun.

Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT. Satunggaling malem menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing Al-qur’an surat Al-Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun. Lelampahan wau dipun leksanakaken ngantos 1000 sasi. Tumunten lajeng Alloh nurunakensuratAl-Qodar ingkang negasaken bilih setunggal ndalu malem Lailatul Qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah. Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para nabi lan rosul. Kaping kalih, tingkatan cukup inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para ulama sufi. Kaping tigo, tingkatan awam, inggih punika tiyang awam ingkang saged nggayuh kautaman lailatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.

Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten kesalahan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Page 2: LAILATUL QODAR

PERPISAHAN KELAS

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. Wb