kumpulan dongeng jawa

25
Kancil Lan Merak Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil. “Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!” Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe- dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!” Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa. Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira- kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil

Upload: firdika-arini

Post on 19-Jun-2015

845 views

Category:

Education


7 download

TRANSCRIPT

Page 1: Kumpulan Dongeng Jawa

Kancil Lan MerakMerak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancilwis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Ikiwis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu singwis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wuluwis mlumpuk, malahwis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku ugawis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. 

Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil,

Page 2: Kumpulan Dongeng Jawa

dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu singwis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.Sing ndongeng: Bagong Soebardjo

Kancil Karo MonyetIng sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji

lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.

Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke KancilMonyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro,"

jaluke Kancil.Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil.

"Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.

Page 3: Kumpulan Dongeng Jawa

Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.

"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine

sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue

seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihiAhire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Jaka Tarub  Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

 Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.

 Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila

Page 4: Kumpulan Dongeng Jawa

Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Keong Mas Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.

Page 5: Kumpulan Dongeng Jawa

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

    “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

    “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Kucing Sing Pinter NgalembanaSuwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

Page 6: Kumpulan Dongeng Jawa

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan

MISTERI GUNUNG BROMOJaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektudilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal

Page 7: Kumpulan Dongeng Jawa

jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anaklanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune

Page 8: Kumpulan Dongeng Jawa

dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunungBromo.

Timun MasJaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun."Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin

Page 9: Kumpulan Dongeng Jawa

sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.

Bawang Abang & Bawang PutihJaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung

Page 10: Kumpulan Dongeng Jawa

tirine."Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko." "Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman."inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang."Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang."Sapa koe nduk?" takon mbah kui."Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih."Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe."Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih."Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong. "Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe."nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih."Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan.

Page 11: Kumpulan Dongeng Jawa

Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. "Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.

Tangkuban Perahu--> Legenda Tangkuban PerahuDicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.

Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing

Page 12: Kumpulan Dongeng Jawa

ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.

Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)

Roro JonggrangIng jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.   Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang."Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate.""Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso."Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang. Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange. Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1. Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi. 

Page 13: Kumpulan Dongeng Jawa

RAWA PENINGNgasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.

Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.

Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.

Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.

Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing

Page 14: Kumpulan Dongeng Jawa

lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.

Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.

Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.

Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing

Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.

Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.

Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun

Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.

Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.

Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.

Page 15: Kumpulan Dongeng Jawa

Reog Ponorogo

Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn loro padha sektine. Wong loro iku sak peguron ora tahu rukun ing babakan apa wae, arane singo barong lan kalana sewandono. 

Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak piguron nanging dadi mungsuh bebuyutan. Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo kalorone bebarengan ngleboni sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang sayemboro iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi sanggalangit.Dene sarate yaiku :1.      Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing nunggangi pisan2.      Janmo aneh sing endase loro3.      Lan tontonan anyar sing durung nate ono.

Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh mungsue bisa oleh jaran satus patang puluh papat ora mung kembar nanging duwe buntut warno emas. Kanthi licik singo barong kongkonan uwong kepercayaane supoyo ngrebut syarat sing nomer siji wau marang kelana siwandono.

Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing kaloro – lorone mbanjur singo barong lan kalana sewandana adep – adepan perang. Singo barong meh wae menang ananging wis para isuk srengenge wis metu iku njalari singa barong kekuatane entek.

Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo terus singo barong di sabdho dadi makhluk aneh sing endhase loro endhas sing nomer siji singo sing nomer loro merak, kewan sing dadi ingon – ingone singo barong sak lawase manggon ing endhase singo barong mangani tumo.

Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak dadekake kelono sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray katelune kelono sewandono ngarak singo barong sing wis rubah wujud dadi singo karo diiringi gamelan aneh sing digawe saka kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.

Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus nikah karo dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi kesenian arak – arakan singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong ponorogo.

Page 16: Kumpulan Dongeng Jawa

BanyuwangiPada zaman dahulu di kawasan ujung timur Propinsi Jawa Timur terdapat sebuah kerajaan besar yang diperintah oleh seorang Raja yang adil dan bijaksana. Raja tersebut mempunyai seorang putra yang gagah bernama Raden Banterang. Kegemaran Raden Banterang adalah berburu. “Pagi hari ini aku akan berburu ke hutan. Siapkan alat berburu,” kata Raden Banterang kepada para abdinya. Setelah peralatan berburu siap, Raden Banterang disertai beberapa pengiringnya berangkat ke hutan. Ketika Raden Banterang berjalan sendirian, ia melihat seekor kijang melintas di depannya. Ia segera mengejar kijang itu hingga masuk jauh ke hutan. Ia terpisah dengan para pengiringnya.

“Kemana seekor kijang tadi?”, kata Raden Banterang, ketika kehilangan jejak buruannya. “Akan ku cari terus sampai dapat,” tekadnya. Raden Banterang menerobos semak belukar dan pepohonan hutan. Namun, binatang buruan itu tidak ditemukan. Ia tiba di sebuah sungai yang sangat bening airnya. “Hem, segar nian air sungai ini,” Raden Banterang minum air sungai itu, sampai merasa hilang dahaganya. Setelah itu, ia meninggalkan sungai. Namun baru beberapa langkah berjalan, tiba-tiba dikejutkan kedatangan seorang gadis cantik jelita.

“Ha? Seorang gadis cantik jelita? Benarkah ia seorang manusia? Jangan-jangan setan penunggu hutan,” gumam Raden Banterang bertanya-tanya. Raden Banterang memberanikan diri mendekati gadis cantik itu. “Kau manusia atau penunggu hutan?” sapa Raden Banterang. “Saya manusia,” jawab gadis itu sambil tersenyum. Raden Banterang pun memperkenalkan dirinya. Gadis cantik itu menyambutnya. “Nama saya Surati berasal dari kerajaan Klungkung”. “Saya berada di tempat ini karena menyelamatkan diri dari serangan musuh. Ayah saya telah gugur dalam mempertahankan mahkota kerajaan,” Jelasnya. Mendengar ucapan gadis itu, Raden Banterang terkejut bukan kepalang. Melihat penderitaan puteri Raja Klungkung itu, Raden Banterang segera menolong dan mengajaknya pulang ke istana. Tak lama kemudian mereka menikah membangun keluarga bahagia.

Pada suatu hari, puteri Raja Klungkung berjalan-jalan sendirian ke luar istana. “Surati! Surati!”, panggil seorang laki-laki yang berpakaian compang-camping. Setelah mengamati wajah lelaki itu, ia baru sadar bahwa yang berada di depannya adalah kakak kandungnya bernama Rupaksa. Maksud kedatangan Rupaksa adalah untuk mengajak adiknya untuk membalas dendam, karena Raden Banterang telah membunuh ayahandanya. Surati menceritakan bahwa ia mau diperistri Raden Banterang karena telah berhutang budi. Dengan begitu, Surati tidak mau membantu ajakan kakak kandungnya. Rupaksa marah mendengar jawaban adiknya. Namun, ia sempat memberikan sebuah kenangan berupa ikat kepala kepada Surati. “Ikat kepala ini harus kau simpan di bawah tempat tidurmu,” pesan Rupaksa.

Pertemuan Surati dengan kakak kandungnya tidak diketahui oleh Raden Banterang, dikarenakan Raden Banterang sedang berburu di hutan. Tatkala Raden Banterang berada di tengah hutan, tiba-tiba pandangan matanya dikejutkan oleh kedatangan seorang lelaki berpakaian compang-camping. “Tuangku, Raden Banterang. Keselamatan Tuan terancam bahaya yang direncanakan oleh istri tuan sendiri,” kata lelaki itu. “Tuan bisa melihat buktinya, dengan melihat sebuah ikat kepala yang diletakkan di bawah tempat peraduannya. Ikat kepala itu milik lelaki yang dimintai tolong untuk membunuh Tuan,” jelasnya. Setelah mengucapkan kata-kata itu, lelaki berpakaian compang-camping itu hilang secara misterius. Terkejutlah Raden Banterang mendengar laporan lelaki misterius itu. Ia pun segera pulang ke istana. Setelah tiba di istana, Raden Banterang langsung menuju ke peraaduan istrinya. Dicarinya ikat kepala yang telah diceritakan oleh lelaki berpakaian compang-camping yang telah menemui di hutan. “Ha! Benar kata lelaki itu! Ikat kepala ini sebagai bukti! Kau merencanakan mau membunuhku dengan minta tolong kepada pemilik ikat kepala ini!” tuduh Raden Banterang kepada istrinya. “ Begitukah balasanmu padaku?” tandas Raden Banterang.”Jangan asal tuduh. Adinda sama sekali tidak bermaksud membunuh Kakanda, apalagi minta tolong kepada seorang lelaki!” jawab Surati. Namun Raden Banterang tetap pada pendiriannya, bahwa istrinya yang pernah ditolong itu akan membahayakan hidupnya. Nah, sebelum nyawanya terancam, Raden Banterang lebih dahulu ingin mencelakakan istrinya.

Raden Banterang berniat menenggelamkan istrinya di sebuah sungai. Setelah tiba di sungai, Raden Banterang menceritakan tentang pertemuan dengan seorang lelaki compang-camping ketika berburu di hutan. Sang istri pun menceritakan tentang pertemuan dengan seorang lelaki berpakaian compang-camping seperti yang dijelaskan suaminya. “Lelaki itu adalah kakak kandung Adinda. Dialah yang

Page 17: Kumpulan Dongeng Jawa

memberi sebuah ikat kepala kepada Adinda,” Surati menjelaskan kembali, agar Raden Banterang luluh hatinya. Namun, Raden Banterang tetap percaya bahwa istrinya akan mencelakakan dirinya. “Kakanda suamiku! Bukalah hati dan perasaan Kakanda! Adinda rela mati demi keselamatan Kakanda. Tetapi berilah kesempatan kepada Adinda untuk menceritakan perihal pertemuan Adinda dengan kakak kandung Adinda bernama Rupaksa,” ucap Surati mengingatkan.

“Kakak Adindalah yang akan membunuh kakanda! Adinda diminati bantuan, tetapi Adinda tolah!”. Mendengar hal tersebut , hati Raden Banterang tidak cair bahkan menganggap istrinya berbohong.. “Kakanda ! Jika air sungai ini menjadi bening dan harum baunya, berarti Adinda tidak bersalah! Tetapi, jika tetap keruh dan bau busuk, berarti Adinda bersalah!” seru Surati. Raden Banterang menganggap ucapan istrinya itu mengada-ada. Maka, Raden Banterang segera menghunus keris yang terselip di pinggangnya. Bersamaan itu pula, Surati melompat ke tengah sungai lalu menghilang.

Tidak berapa lama, terjadi sebuah keajaiban. Bau nan harum merebak di sekitar sungai. Melihat kejadian itu, Raden Banterang berseru dengan suara gemetar. “Istriku tidak berdosa! Air kali ini harum baunya!” Betapa menyesalnya Raden Banterang. Ia meratapi kematian istrinya, dan menyesali kebodohannya. Namun sudah terlambat.

Sejak itu, sungai menjadi harum baunya. Dalam bahasa Jawa disebut Banyuwangi. Banyu artinya air dan wangi artinya harum. Nama Banyuwangi kemudian menjadi nama kota Banyuwangi.