geguritan bahasa jawa (bariq)

3
LINTANG-LINTANG lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan PETENGING WENGI sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? PEPADANG BAKAL TUMEKA angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Upload: raihana-zahra-ichsani

Post on 24-Oct-2015

140 views

Category:

Documents


12 download

DESCRIPTION

geguritan jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Geguritan Bahasa Jawa (Bariq)

LINTANG-LINTANG

lintang-lintang abyor ing tawangcumlorot sliweran nalika alihankumleyang mencok ing socamu asihkucahyane gumebyar sunare gilar-gilaring telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihancumlorot telu ana pundhakkukawitan lintang abang lintang perangkapindho lintang mirunggan lintang kamanungsanpungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

PETENGING WENGI

sumribit angin ngelus langit soremanuk sriti bali ing pucuking cemaranganti tekaning wengi sing nyenyetgawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin soretumlawung rasa kang ngulandarawengi bakal tumeka manehbareng karo wewayanganmukang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurungbakal gawang-gawang campur mega-megaapa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandunganmecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samunbumi kang kapidak kebak sinengkeranggawa ganda bacinmanuk manuk dhandhang kekitrang wayah sorepeteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing unipepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungahkanggo kita sami jalma manungsakang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samunamadhangi sakendhenging jagat rayamara gage kita sami tumenga ing angkasamangayubagya rawuhipun sang pepadhangkanthi mesu raga nutup babahan nawa sangamangestu nampi pepadhang …..

Page 2: Geguritan Bahasa Jawa (Bariq)

NALIKA SEPI ….

pasuryanmu sing beningtumiba ing banyu mili turut pletheking suryasaya suwe tansaya adohninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alangaku mung bisa nyawangpasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kalinganti datan katon kasaput pedut *

RON GARING

Wengi sansaya atisnalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelankang digawa dening angin

prasasat tan kendhatanggonku kulak warta adol prunguananging isih mamring

aku wis pingin cecaketanobormu kang makantar-kantarmadhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmulelana tapa bratatanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garingkumleyang kabur kanginaning jagat peteng lelimengan

krasa luwih abotanggonku ngadhepi dina-dina ing ngarepmlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwetadoh saka cahyamupedhut ing sakindering pandulu

panjenenganguruku, sihku, oborkukancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.