Transcript
Page 1: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV

“PRAYANGKARA”

PUPUH I

KINANTHI

1. ││Tata trepsilaning tembung │ tumiba tembang kinanthi │ kinantha-kanthaning gita │ gitane kang ingupadi │ pada panduming budaya │ dayaning reh silakrami││

2. ││Kareming nala kalamun │ lam-lamen ing lami-lami │

lumalat mulat sasama │ samining bangsa marsudi │ suda sandeyaning karya │ karasa rosing dumadi││

3. ││Sinambung sembadeng kidung │ kumedah kadiya wanti │ wantu wateking ngamudha │ padha mindhaka warjadi │ juwet juweh tan weweka │ wikaning awak pribadi││

4. ││Beda budine wong punjul │ tan paja jejel ing kapti │

kapitamyat ing pantaka │ pantoging manah manis │ manohara ring sesame │ semune turida yekti││

PUPUH II

DHANDHANGGULA

1. ││Pisang jenar gandanira amrik │ janma ingkang kajantakeng praja │ grahitanen sabacute │ ingkang

tumibeh luput │ saranane kang palwa mili │ parikan jamu tawa │ ywa sira katungkul │ ing solah kang tanpa karya │ menyan pita ingkang we mijil jasmani │ engeta kawirangan││

2. ││Nuswa alit tampingan Serandil │ pacet agung kang sasaneng toya │ kang narima sastitahe │ begja cilaka iku │

dasih nata ingkang sinelir waruju Sri Cempala │ nistha kawlas ayun │ tan pilih paraning marga │ jenang sobrah ancur bang jabaning tulis │ takdir tan kena selak││

“PRAYASMARA”

PUPUH I

DHANDHANGGULA

Page 2: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

1. ││Pisang leash sang rajeng Kubarsi │ saben dalu datan antuk nendra │ gunting wohan swareng bendhe │ kaciptra

mung sireku │ garwa prabu Malawapati │ setyanana ngawula │

pambagening etung │ parane among sakedhap │ suling dara

wana lit turuting tepi │ yen nyawang tarataban││ 2. ││gayung sumur welut ing wanadri │tambanana inten branta

kula │ rotan buntal tan ginawe │ tingslsns masingsun │ putrid adi

nagri Kubarsi │ sakadare kewala │ salumpringing pantun │

lamine wanuh lan sira │ suku palwa kang arta cirri turanggi │

katon sasolahira││

3. ││Suket galeng rinumpaka gusti │ kang baita kandheg ing

samodra │ rontang-ranting temahane │ abdinya nedya labuh │

mring kusuma kanga sung branti │ blimbing mindha widara │

careme dumunung │ wismeng pupujan ngulama │raosing tyas

dhuh gusti kadya rinujit │ kang ketang among sira││

“REREPEN”

PUPUH I

PANGKUR

1. ││Jirak pindha munggwing wana │ saying kaga we rekta kang

muroni │ nyanyambi kalaning nganggur │ wastra tumrap

mastaka │ pangikete wangsalan kang sekar pangkur │ baon

sabin ing nawala │ kinarya langen pribadi││ 2. Senthe lit sasaneng arga │ lenging roga mina kinarya dhesthi │

nglelejar lajering wuyung │ sikatan bang ngrembaka │ pinisuka

kasukan saananipun │ wimbaningkang candra wela │ mrih

purna pranaweng kapti││

3. ││Sarkara draw linama │ gelang sweda kramane marah siwi │

ilang laliyeng wulangun │ mundhu lit dhaonira │ lumeketing

kayuwanireng kayun │ parab madyaning Pandhawa │ sarjua

arjaning dhiri││

4. ││Singgang gung kang piniyara │ mardi siswa kakawinireng

estri │ wineh minulangken wadu │ puputhut mong Pregiwa │

kanfg sumewa pasewakaning kalangun │ pangrantamireng

pradangga │ sesendhonan genti-genti││

Page 3: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

5. ││Wicara tanpa karana │ babasane janma munggal sapanti │

ngayawara tanpa dunung │ sampan panggilap wreksa │

peprenesan linaras resmining kayun │ narmada lit ngalang

marga │ tan liya among ngrerepi││ 6. ││Ron eling tengering marga │ barat wetan mina lembat jaladri

│ sun saweni timuripun │ wantya sang naribrangta │ mangke

sampun diwasa warnane punjul │ karma sengseming sasana │

teka ana kang ngrasani││ 7. ││Jambe geng wijiling arga │ sarpa warna kisma mawur kapilih

│ gawe sumelanging kalbu │ satriyadi Singgela │ datan bias

nendra kalanireng dalu │ pamet brana jro pratala │ netra tansah

merem melik││ 8. ││Sumedhi putra Ngalengka │ bale nata sang Endrakitla resi │

kadya paran raganingsun │ dhandhang lit mitra dhustha │ yen

tuhua lir pawarta kang sun rungu │ kucumbining dwijawara │

sedheng sun kendhang sing ngriki││ 9. ││Piningset sampur wanita │ nateng angga rangkep

tundhaning sari │ kancandheting manah ingsung │ kadang

tepunging basa │ dene during kinaruh ing sidanipun │ turu wilis

tanpa patra │ jroning urip sun anteni││ 10. ││Wreksa angkuring suyasa │ kang toh kuda sendhang luber

kang warih │ sun tetedha ring Hyang Agung │ tirta wijiling

angga │ mung engeta bae marang dasihipun │ palwa kandheg

ing muwara │ sun labuh dhepani nagri││ 11. ││Katga pangruwat durmala │ sindu raga pasang ilining tasik │

pakaryan kringeta marus │ surya lalu diwasa │ datan nedya

ring pawaka │ lebur luluh sun andhemi││ 12. ││Saron geng mangka menggala │ pecuk seta kawuk kang

madha warni │ mung tolehen awak ingsun │ kuji geng Tasik

Waja V kasangsaya kadarpan ing tyas kadurus │ bantuning

janma baksana │ wimbuh yen mulat maskwari││

13. ││Pathining madya rangkep tembunging ngeksi │ yayah

saputing pandulu │ wastra tawing wiwara │ lir kataman

gebyaring kilat narawung │ jawata geng salah warga │ sakala

datanpa budi││

14. ││Saksi sabda mring pradata │ apuwara saya ngrebda kang

brangti │ papan wiyar tanpa taru │ ruharane kalintang │ timun

wana pinapasa pinrih mupus │ wulu bauning kukila │

keleringsung mung sawengi││

Page 4: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

15. ││Sadpada bubar sing tala │ esuk kambuh brangtaning tyas

tan sipi │ wilangan kinarya urup │ ketang laraning driya │ pager

kuda deling malang kang binekuk │ gung kapelak kapalangan │

saking kek sikareng budi││ 16. ││Tilam wastra ring kakapa │ raning prana ron lesah aneng siti

│ kasuraning tyas kang rawuh │ temu bang ande warna │

sanalika nir kadarman yun manempuh │ bubuk lit ngrabaseng

wastra │ enget pasuwitan mami││ 17. ││Wiwaradi dhatulaya │ jangkah madya niskara kang ngewani

│ yen ngantia tindak saru │ paparab sang mahdwija │sayektine

ginuyu mring kang tan sarju │ siwalingf wreksa dinanda │ ilang

tataliningsun nguni││ 18. ││Tambra lit kulineng arga │ jayeng toya janma mnyandi warna

│ angur baya sun salimur │ majastra tungtung seta │ dimen aja

kawistara brangtaningsun │ puja panulaking wisa │ Manawa

tembe pinanggih││ 19. ││Parabe Hyang Nilakantha │ lamun pasthi sira jodho lan

mami │ godhag antaraning laku │ leta wukir samudra │ paken

alit urut marga nora wurung │ pamoring estri lan priya │ dhaup

lawan sira gusti ││ 20. ││Titi pracihnaning kata │ pratandhane kang lagya andon

wingit │ baya nora natuk telu │ kang kaya raganingwang │

away mamak amitambuh marang ingsun │ nikukuh isining praja

│ mangga manggala linewih││ 21. Titi purwaning panitra │ prangwadanan ing ari Wrehaspati │

Besar tanggal kaping pitu │ nuju mangsa katiga │ ing tahun je

angka sewu pitung atus │ wolung dasa kalih enjang │

pangriptaning kang ngrerepi.

PUPUH II

DHANDHANGGULA

1. │Rengating tyas rinapih ngrerepi │ rinumpaka sinawung

sarkara │ wawangsalan karemene │ dhuh babo roning pantun

│ ancur pethak tumraping carmin │ saya lami karasa │

kalabang sumunu │ nor arena ing tyas ingwang │ benthic

wreksa atmajeng Sentanu resi │ tan jenak aneng wisma││

2. ││Pakis mudha sekar awoh tasik │ alelungan tanana sineja │

jalidri amba godhonge │ mung ketang kang maweh kung │ kuta

Page 5: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

alit wungu kang warni │ ambalut tur jatmika │ bajuning dyah

tanggung │kuning bentrok maya-maya │ sekar pisang basa

kawining nagari │ patut musthikang praja││ 3. ││Suteng Endra watese kang tulis │ sun watara janma

madyapada │ puter geng tutul murdane │ Tanana kang

kadyeku │ tapas aren kang senthe wukir │ duk kuna jare ana │

sanjata pamupuh │ putrid adi ing Manggada │ watang criga tepi

wastra kang cinawi │ kiraku during padha││ 4. ││Menyan seta pangabaran peksi │ selawase sun anjajah

praja │ pager pura pulas jene │ Batawi prapteng Kudus │

kakawine kang sosotyadi │ during tau umulat │ andakara

murup │ memper mirib warnanira │ lambing brana pelem alit

ganda wangi │ urup den doli karya││

5. ││Bale nata murweng darbe siwi │ baya paran tembe dadinira

│ gancar wayang upamine │ lakone raganingsun │ pacet agung

kang suling paksi │ tan betah anyawanga │ putusing

pangawruh │ kang kadya wulan purnawa │ kendhal jeram

pungkas ingkang bangun enjing │ kaserang saput driya││ 6. ││Sipat Kresna ron leash neng siti │ sun celaki wuwuh tejanira

│ ancur sotya tanuning we │ dhasare nyata punjul │ jambe arga

nateng Biraji │ gawe kisruhing driya │ gagelang panuduh │

kongsi lali neng paseban │ bikang rekta neng wastra ngiras

bebenting │ micara nora cetha││

7. ││Krameng boja praja sang Sumali │sun tatedha sang

kalengkaningrat │ taru kang nedheng rumembe │ dadiya

jodhoningsun │ kancuh ingkang duta narpati │ mangka

kanthining gesang │ tyas sangsam binumbu │ saiba ayeming

driya │ mulat sastra jinten langking madha warni │ nurunken

wiji priya││

8. ││Sarah tala narendra kapi │ lamun benjang tembe dadi garwa

│ bidho geng pingul warnane │ sun reka-reka wuru │ nateng

Kobar kang dindang kuning │ supadi anjintela │ pangabaran

pandung │ tumuli ingsun ngrerepa │ lagu sastra sirating

bramara gusti │ ing sekar madu retna││ 9. ││Kirab wastra kadang Kartapati │ ingsun kebut aneng

daganira │ kepet dangan lomeng wade │ yen nglilir mirah

ingsun │ paparabe Hyang Surapati │ sun wedene ana wilwa │

ron usada rowang temah dadi weri │ pesthi balik

maringwang││

Page 6: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

10. ││Gudhe pandhak sendhang geng ing wukir │ kaya ngapa

leganing tyasingwang │ tarudi swarga enggone │ sasat katiban

daru │ pisang panjang kang tanpa sari │ gapyakl gebyare ana

│ wisayaning manuk │ sakala datan panon rat │ ganggeng

wreksa prajane sang Suryasiwi │ rumasuk malbeng angga││

11. ││Teken palwa sela kang rininjing satangine saking pagulingan

│ kang lampis wungu kembange │ pantese pungun-pungun │

rajeng praja ing Ngambarkawit │ sun ajak marang jamban │

prasidaning laku │ banjur malbeng patamanan │ sepat panjang

kukila kang mangsa pari │ mider angalap sekar││

PUPUH III

S I N O M

1. ││Panedhaking purwa madya │ lumunturing tyas kaswasih │

paparikan rema seta │ unthuking nila upami │ sapa wani

mengkoni │ mring retna dyah kang pinunjul │ narpati ing

Sindhula │ wreksa minangsaeng siking │ mesthi bareng lebur

luluh lan wakingwang││ 2. ││Sanajan kang manca praja │ nagri kang urut pasisir │ carita

kangf pininguit serat │ kendhang geng tengareng jurit │ tan

wurung sun tekani │ sun ajak gondhelan sabuk │ kusuma

menyan seta │ sarati dyah esthi putih │ singatiwas murdane

dadi sasrahan││ 3. ││Gusti kang pindha musthika │ pasewakan Hyang Pramesthi

│ ombak geng mawa maruta │ surendra buwana dadi │ yen

nora samudra marus │ rondhon kentar ing toya │ balumbang

alit pesagi │ tyas sumarah jiwa raga dadi tambak││

4. ││Legawane tyas sambada │ walang panjang mangsa pari │

kaleca kang rasa kamla │ sosotya munggeng wiyati │

mumundhuta wong kuning │ lintang munggeng langit biru │ iku

yogya kinarya │ lumayanira maskwari │ susuk kondhe sineling

retna mutyara││ 5. ││Lan ing swarga iku ana │ aran tirta maosadi │ karyanen

panacap rema │ dimen memak andrawilis │ welasan songsong

Page 7: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

kuning │ dhuh angger panedhaningsun │ pasiran ing bengawan

│ paksi sasmitaning lalis││ 6. ││Saengga jro pagulingan │ tan nedya sawaleng kapti │ kang

ganda tumraping angga │ ing ngindar banara pati │ darma ulun

nglampahi │ punapa reh ta wong ayu │ narpati ing Ngayodya │

wong agung kang andon jurit │ tyas kadhadha dhadhap

sakarsaning puja││

7. ││Laos wohe pindha wreksa │ cabe lit ronnya malintir │ cacade

karem nglalaga │ megat tresna wong lagya sih │ kadereng ulun

iki │ amrih kapadhaning kayun │ cumbananing manyura │ kang

tambang pangenceng kelir │ wong parigel tangeh luntura

sihira││ 8. ││Baya sida mati ngarang │ yen gusti tan luntur kang sih │

kalabang mawa panjuta │ gagelang munggeng dariji │ tan rena

laliningsih │ dhuh dadia papujanku │ kusuma menda wana │

siti rengka ing tetegil │ kalilana kawula ngudang bandara││ 9. ││Wader gung kang pindha gada │ kakayangan Suranadi │

patra jana saupama │ gagala pangarah mami │ puput

jiwangong gusti │ kabanjur sida kalantur │ dhuh angger

welasana │ sapa yoga mring nak mami │ nora liya mung sang

retnaning buwana ││ 10. ││Karoya kang pindha warna │ kusumeng dyah Kaelani │ yayi

welasa maringwang │ away gung manggung prihatin │ lalu

mangsa wonfg kuning │ paparikan jayeng ranu │ sudanen weh

wiyoga │ yen kasep ambabayani │ gudhe rambat yayi laraku

kesandhang││ 11. ││Prang wusananing brangta │ supadi lipur ing anggring │ ywa

manggung tyas duka cipta │ bantheng bang wisma nagari │

dadia getih daging │ aja pijer kaparingu │ bale kuda bandara │

janma kang kentar ing warih │ tyas naratab yen enget mring

warnanira││

12. ││Sasawi kang munggeng wisma │ wringin seta madha warni

│ yen lagya eling mring sira │ kadya wong kena ing dhesthi │

tan wrin sasami-sami │ tangeh karep mring tumuwuh │

papaesaning netra │ mungsuh kang ngajak lalis │ lalu aja myat

bantala ngantariksa││ 13. ││Dhuh adhuh raga manira │ teka sae sira urip │ teka sae sira

urip │ duwe pupujan yu endah │ mendhang sosotyaning bumi │

teka tan anemahi │ sewu tan dreman wakingsun │ momong

Page 8: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

kalulutira │ ywa pijer nandhang prihatin │ paran dene delap

kumudu tunggalan││

PUPUH IV

P U C U N G 1. ││Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang

wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit

tembang wangsalan││ 2. ││Kang tinembung, ing pangriptanireng tembung │ kadi mene

aja │ kalantur nandhang prihatin │ ketungkula nglukita lali

wigena││ 3. ││Sotya rekta, garwa Kumbakarna prabu │ dhuh angger mas

mirah │ dudukeng dasih kaswasih │ grahanarda niaya wong

tanpa dosa││ 4. ││ Kadhal gogo, kayu alit maleng ranu │ dhuh woting

tyasingwang │ para tembayanta gusti │ suka juren dasih ta

atyadhah duka││ 5. ││Kajang tawang, kalpika rekteng panuduh │ acantheng mirah

│ mundhuta lintang ing langit │ lan karuyanen payangganing

gelungira││ 6. ││Jatyeng ranu, pasewakan jro tumenggung │ sajroning

wigena │ ubayane sun anteni │ wiwindona kawulane ngarsa-

arsa││ 7. ││Beras pulut, ing Yujana sang aprabu │ angger wuwusira │

tan darbe paningal kalih │ mung abdine katon jroning

karasikan││ 8. ││Dhandhang alit, among dhustha paminipun │ sun tatedha

mirah │ sira den tuhu ing janji │ eman lamun yen uncata ing

prasetya││ 9. ││Widheng galeng, putrid adining Madayun │ sapa duwe

garwa │ ayu tur tuhu ing janji │ sasolahe jatmika bisa weh

rimang││ 10. ││Jamang wakul, satriya kumendhir tunggul │ eman dara eman

│ kawengku wonfg naliyaning │ bok Manawa ing karsa kurang

waspada││

Page 9: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

11. ││Sotyo karna, wreksa lina rone trubus │ intene pun kakang │

begjane kang duwe krami │ baya mirah kang pinuja dadi sira││ 12. ││Sarah madu, kunir pita jangkrik gunung │ lam-loamen tyas

ingwang │ yen tan temu sira gusti │ sawer ponthang ing tyas

anggung melang-melang││

13. ││Siti rengka, badan pisah wredinipun │ kadi tanpa jiwa │

lamun tan mulat sirekiu │ kunta kresna ing tyas anggung

nyakrabawa││ 14. ││Mirah ingsun, surya diwasaning laku │ sajroning anendra │

mung sira bae kaeksi │ kukus gantung ngalilir katon

gumawang││

15. ││Saron bumbung, terong alit ing babatur │ kang kula wibawa

│ bandara papatih Bali │ cacengklungen nganti paguting

asmara││ 16. ││Gudha pingul, kang jae munggeng wana gung │ yen wong

kaya ngapa │ aweta tyas Poyang-paying │ sewu wuyung miyat

ing tyas geramehan││

17. ││Yam-yam tilam, prajiwataning jinemrik │ adhine pun kakang

│ nila pakaja rethathit │ baya sira kumalaning pagulingan││

18. ││Lepning sekar, retna sosotyaning ayu │ kumalaning jagad │

baya kartika ingukir │ sun watara musthika ingkang pinudya││ 19. ││Sawi janur, putrid Kelan puspa luluty │ angger wartakena │

dasihmu kawelas asih │ gilang-giolang gumuling datanpa

rowang││ 20. ││Garwa Karna, palwa kandheg samodra rowang │ sun labuhi

sira │ kaganjur kabyataning sih │ sun tatedha dadia kanthi

manira││

“MANUHARA”

PUPUH I

DHANDHANGGULA

1. ││Puteking tyas daruna geng kingkin │ kagunturan ing karma

sarkara │ kelut kalimput angene │ nir kabudayanipun │ lir

kataman ing astra bahni │ brastha tanpa upaya │ puwara geng

wuyung │ wahya wiyadining driya │ driyasmara maripih marek

ngenani │ nangsaya maweh brangta││

Page 10: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

2. ││Ingimur-imur mara mrepeki │ linali-lali saya ngalela │ lenge

ing tyase ngalela │ lenge ing tyase ngaleleh │ parang

wusaneng gandrung │ de kadereng darung kapati │ kapatuih

ing pantaka │ pan teka kadurus │ kadrawasan ing kung rimang

│ reming netya satata kang mikatoni │ kontraning dyah

kotama││ 3. ││Tam-tam tuman tumonton ing resmi │ reseping tyas ing

respanitira │ nirnakken langen resmine │ sor kang angsana

tunjung │ tunjung merang marang maskwari │ rekasa

lumawana │ kucem warnanipun │ sari-sari sabuwana │

kasangsara lan sira rebut mamanis │ manungsung asung

ganda││ 4. ││Ganda arum tinumrapken maring │ wandanira sumrambah

watara │ sumrik-sumrik sarandune │ kongas mangekes ing

kung │ madu-madu pathi sabumi │ bubar padha tumiba │

tumpeg tumpuk sungsun │ seseg aneng sariranta │ kumarane

kumerab amerab amerak ati │ marwasa weh wiyoga││

5. ││Miwah lidhah lawan kilat thathit │ apapanthan lawene

anuksma │ kaneng liring karemane │ marma lamun tumundhuk

│ lir anggane sara sang kali │ lumarap ngalap jiwa │ nir

jiwatanipun │ sumawana suryua candra │ myat kartika prabane

amrabawani │ marang wadananira││ 6. ││Sotya-sotya musthika di-adi │ jagad raya wus ngumpul

sadaya │ dumunung tyasira angger │ kontap ngumala mertdu │

kasusilan silaning estri │ sutreptining akrama │ teja lan

kukuwung │ kawangwang │ neng imbanira │ mamanone

nanangi ana ing ati │ oneng anon mring sira││ 7. ││Pradapane ingkang taru resmi │ raras rume rumarap ing sira

│ wus surem ngalih sunare │ sumirat maring tutuk │ tungtung

seta ngrorontog ati │ bremara lan mutyara │cahyane

cumundhuk │ cumandhi ring wajanira │ narawungi wangun lir

tetesing warih │ kengis ngasmareng cipta││ 8. ││Lung-elungan kalanganing langit │ anganglangi

lumengenging kisma │ tumungkul ngukel sinome │ sinatmata

weh trenyuh │ ayuhing tyas rudita gati │swara samarcapada │

kang mardangga arum │ rumeket keket lan sira │ srining

swara lir rindinging pra absari │ kumenyut nganyut jiwa││

9. ││Temah tumpeg pepeg saananing │ tri buwana kumarane

mara │ merak marang sira kabeh │ kambuh-kambuh buburu │

Page 11: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

mring kusuma kudu andasih │ asih ngestu pada │ ajrih bok

sinatru │ sinadarga lamun sira │ musthikeng rat nadyan

Supraba lan Ratih │ mung dadi kanthinira││

PUPUH II

KINANTHI

1. ││Midering rat angelangut │ lalana jajah nagari │ mubeng

tepining samudra │ sumengka anggraning wukir │ anelasak

wana wasa │ tumurun mring jurang terbis││ 2. ││Sayekti kalamun suwung │ tangeh miriba kang warni │ lan

sira pepujaningwang │ Manawa dhasaring bumi │ miwah

luhuring akasa │ tuwin jroning jalanidhi││

3. ││Iku ta sapa kang weuruh │ nanging kirane tyas mami │

sandyan ing tri buwana │ anaa kang madha warni │ maksih

sumeh semu sira │ lurus larasing respati││ 4. ││Myang dedeg pangadegipun │ sedheng sedhet amantesi │

sembada genging sarira │ lelewane milangoni │ wiraga raga

karana │ murweng dyah yang-yanging bumi││

5. ││Manis gapyak lukitarum │ dhemes luwes merak ati │ susila

tyase ngumala │ solahe Nyudarawerti │ juwawut geng kang

salaga │ parikudu sung ngengeri││ 6. ││Kadereng kudu andarung │ kumedah dadia abdi │ nira

sang kalengkaning dyah │ kang merdu martaning dasih │ asih

mring kwula wiyoga │ yogane kang ngusadani││

7. ││Sada kalaning lara kung │ kinungkunga ing pangeksi │ ing

ngupakareng wiwida │ widagdaa ing pangremih │ reseping

tyas manuhara │ larasing reh neng jinem mrik││ 8. ││Baskara mijil kalalun │ jnama prinayitneng westhi │ sirna

tyas mring kasujanan │ araning jati ngemasi │ gung rimang

branta mangarang │ rangu-rangu angranuhi││

9. ││Sayakanira Hyang Wisnu │ sarane giyota milir │ gung

kacakra solahira │ mangimur-imur ngrerepi │ we wijil ing

antariksa │ pama edan andaleming││ 10. ││Sang wresni Kesawa perabu │ bremara kang taleng siti │

setyanana tur kawula │ paron pamunduling rukmi │

ngendraloka janaloka │ satata ulun sumiwi││

Page 12: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

11. ││Sastra pangandheging kidung │ sudarma Basudewaji │

ngestu pada mring kusuma │ manjanmaa ping sakethi │

pusara pangiket gangsa │ tumutur tan sedya kari││ 12. ││Upama sira mas ingsun │ manuksma mring taru resmi │

ingsun manuksma ring sekar │ gadhung rumambat ing uwit │

lumalat mulet pradapa │ tumali tangkil kumantil││ 13. ││Yen sira nuksma riningsun │ marang ingkang sarwa sari │

ingkang kang dadya sadpada │ rumarah mara mangungsir │

mangingsep maduning kusuma │ sanetyasa liliron sih││ 14. ││Aywana sawaleng kayun │ kewala kadya angganing │ mimi

kalawan mintuna │ supeket ing siyang ratri │ lusi geng kang

sabeng rawa │ mung sira kang lulut mami││ 15. ││Kambing wana kang sisiyung │ iswara nagri Biraji │

pangudang-kudanging driya │ yen kalakon dadi gusti │ kawis

pita mawa ganda │ among aja manggung runtik││ 16. ││Manawa netyanta sirung │ ilang tejaning mamanis │ sirna

tyas mring kasusilan │ kusut raras ruming estri │ kang carma

tumraping pada │ owelku kapati-pati││ 17. ││Dhukut tegal pindha pantun │ pamintengwang kusumadi │

wangkawa manaweng surya │ yen bendu marang kang

ngabdi │ ngisma sasaneng kawaka │ gedhongen neng jinem

wangi││ 18. ││Gepyoken wudharing gelung │ suduken ing sadak rawis │

gablogana burat wida │ panduken kanaka lungit kalesa kentar

ing toya │ sumarah karsanta gusti││

19. ││Carma wreksa kang wus luru │ nalikanira samangkin │

kalpika tumraping braja │ yen kapetuk lan sira ri │ larap

ingkang riris madya │ kumepyur ing tyas tan sipi││ 20. ││Dhengkelen kongsi samenut │ teratapan telung ari │

gumeter luwih rong dina │ gragapan saari-ari │ who gebang

kang rinumpaka │ kaya ta ana sumandhing││

21. ││Sotya kakawin ranipun │ mulat nganan mulat ngering │

puspita rinawis rengga │ gugubah den walik-walik │ garwa

sang resi Wisrawa │ dupi tan ana kaeksi││ 22. ││Anjegreg jenger anjetung │ jinjang jejantunge rujit │ cipta

murca ring tyasira │ gumulung ngrangkul geguling │ rinasa

rasa udrasa││

PUPUH III

Page 13: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

M I J I L

1. ││Wastra ngangrang tebenging patani │ panggagasing batos

│ atma dwija Sampani wastane │ gung karanta ing siyang

myang ratri │ ingkang sarpa langking │ mung sira riningsun││

2. ││Patarendra parabing pawestri │ paran wekasing don │

kang toh pita sumrambah anggane │ lagya ana panujuning ati

│ ron leash ing siti │ ewuh marganipun││ 3. ││Waeladi tanayeng Kadhiri │ kinira tyasingong │ yeksa

prabu gorang sakadange │ datan mantra sira animbangi │

janma gung kajodhi │ wit asor kalangkung││

4. ││Tawing wastra ron kamal kang kuning │ nadyan sang lir

sinom │ kukila gung sabaweng ratrine │ datan suda

anganggep kakasih │ meksa raganingsun││ 5. ││Pasir kresna ngujwala kaeksi │ lila trusing batos │ gothaka

lit kawistara lenge │ suka dadya panongsong pakathik │

roning tangkil kawis │ sokur raganingsun││

6. ││Satriyadi pureng Glagahwangi │ patahen wakingong │

pragosa lit janjan ing warnane │ dadya tukang panebah jinem

mrik │ jajaganggan neng wukir │ wasis nora kidhung││ 7. ││Gudhe pandhak kanga apatra ruwit │ kapriye riningong │

suwati kang ngrabaseng tirise │ yen manggunga mung

srawungan angling │ atmajeng Kekayi │ brangtengsun

kadurus││ 8. ││Wanara gung kramaning pangaksi │ tan kuwawa anon │

Sri Narendra Manggada parabe │ mring citranta ingkang

pindha sasi │ tungguling apsari │ prabane ngunguwung││ 9. ││Sadpada lit uleng aneng panti │ cengeng yen tumonton │

turangga bang rekta sakiswane │ napas seseg keketeg kumitir

│ we mijil ing dhiri │ kang karinget kumyus││ 10. ││Kampuh nendra raning wana basmi │ sumingep kang

panon │ dewata ngin sira palenggahe │ tanpa bayu yayah

angemasi │ srayaning pakarti │ sambat jroning kalbu││ 11. ││Patra wisa yoganing maharsi │ dhuh pupujaningong │ basu

wiring andanu wismane │ tutulunga babo ing kaswasih │

pundhen Pandhusiwi │ usadeng lara kung││ 12. ││Puspa kiswa kang winudhar enjing │ sajroning meh layon │

kang kinteki pakirim cirine │ lamat-lamat ing swara tanpa

ngling │ ri sang Nangkula ri │ yen sira dewayu││

Page 14: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

13. ││Tambang pisah panduken jemparing │ kang manah

sumedhot │ kepet dangan drananing panggawe │ lir ginugah

gumregah alinggih │ lung mangkana usadi │ leng-leng lenguk-

lenguk││ 14. ││Cipta maya rukem kang tanpa ri │ ngangen-angen batos │

sotya reta Gulangge prajane │ mirahingsun sira aneng ngendi

│ diwasaning ari │ teka tan kadulu││

15. ││Gudhe pandhak unggyaning piranti │ apa aneng gedhong │

taru arga lisr kiswa rondhone │ dyan umadeg mara marepeki

│ pasewakeng tami │ mangu manguk-manguk││ 16. ││Paksi toya kulawu kang warni │ ing ngungak tan pandon │

raning janma pangresik tilame │ tebah jaja cangkelak abali │

sela cala radin │ neng latar pitekur││

17. ││Duk semana wayah madya ratri │ Hyang Candra katonton

│ maratani udare lawene │ tinaweng ing imalaya nipis │

rumamyang kaeksi │ lir pupur rinembug││ 18. ││Neng wadananira sang maweh gring │ amelok sumorot │

kapiteng tyas winudhar astane │ manembrama ing tembung

mamanis │ dhuh hyang-hyanging bumi │ titinjo maringsun││

19. ││Apasira kang paring usadi │ mring dasih kang nglamong │

asih temen marang gegebale │ dupi kontra kang ima

lumindhih │ tumungkul agandrung││ 20. ││Nenggak waspa tumingal manginggil │ kartika mancorong

│ neng pracima kumedhap cahyane │ lir kincanging alis kang

maweh gring │ adhuh sambat mati │ kapeteg ing gandrung││

21. ││Tan antara ingkang lintang ngalih │ gumebyar cumlorot │

ingsun sidhep liringira angger │ aduduka mring kang lagya

anggring │ puwara asepi │ aliwung mangun kung││ 22. ││Titi sonya ngrancaka ngranuhi │ sasangka wus ngayom │

angenani laleyan sunare │ wawayanganing angga dumeling │

tinubruk liniling │ ngengleng gandrung-gandrung││

23. ││Dhuh dhuh adhuh woding driya mami │ juwita winongwong

│ glis sapanen inten gegebale │ away mendel tanpa ngandika

ris │ paran dosa mami │ de prapta tumambuh││ 24. ││Lamun ana sisipe kang abdi │ saking tan rumaos │

anglirwaken marang sarirane │ tarlen muhung aksamanta

gusti │ upamengsun kadi │ mas kentar ing ranu││

PUPUH IV

Page 15: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

MASKUMAMBANG

1. ││Ing sakarsa tan nedya sawalenfg galih │ tempuhna asmara

│ bengkas puspitaning weni │ suka palastra ing tilam││ 2. ││Sadangune neng latar gung salah kapti │ wus bangun

rahina │ sumirat sunaring rawi │ sumuluh ing antariksa││ 3. ││Temak kucem kusut sasangka kalindhih │ nir ujwalanira │

kang dinalih kusumadi │ pawara tanpa karana││ 4. ││Kagyat kanggeg kagugu solahing nguni │ tansah sayut

driya │ mimba sang wisma angalih │ tumama maring

udyana││

5. ││Ngenggar-enggar mrih purna pranaweng kapti │ borating

turida │ dupi prapta samapaning │ wedari mulat puspita││

6. ││Lagya nedheng kongas gandanya mrik minging │

tumujweng nasika │ enget mring sang weh wiyadi │ angles

anglosod infg kisma││ 7. ││Amiyarsa swarane bramara ngrungih │ angrurubung sekar

│ kang mendem madune pinrih │ weh yatna nyana sasmita││ 8. ││Dyan umadeg alon denira lumaris │ mring taman met sekar

│ cinangking neng asta kering │ satata kinuswa-kuswa││ 9. ││Asta kanan tumumpang neng pundhak kering │ mider-

mider miyat │ panjarahe kang sarwa sari │ uninga tyas

kaonengan││

10. ││Sambat-sambat dhuh babo sang kadi ratih │ baya tan

supena │ tangeh tukua pawarrti │ dasihe anandhang

brangta││ 11. ││Pisang leash patih nagri Maospati │ sadalu wandengwang

│ paksi kresna raning aji │ ngagak-agak datan nendra││ 12. ││Gadarba geng narmada katunan warih │ singa kasatmata │

pandakwa mring wong ajuti │ panarkengsun yayi sira││ 13. ││Garwa wipra wogan lit tumambal panti │ angendhangi

karsa │ matswa geng munggeng jahnawi │ paparing pituwas

branta││ 14. ││Kelor wana ubaya kang tanpa warni │ wusana tan nyata │

careme sasaneng tegil │ katuwone raganingwang││

15. ││Sotyaning tyas kadya tang we mangsa katri │ jenar tanpa

teja │ lir cintaka minta riris │ angajab tibaning warsa││

16. ││Kang minangka warsane sira maskawari │ raras weh

martana │ taru lata tur andadi │ cintakane tan sangsara││

Page 16: REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV · ││ Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit tembang wangsalan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

17. ││Yen tan kadya mangkana paranta gusti │ sayekti kadawan

│ drawayane tyas naputi │ dumadi dadalan lena││ 18. ││Tambra mimba kramane pangamet kapti │ anggur

sinruweya │ wilada kang patra lempit │ lowung dadi

embanira││

19. ││Tepi dwaja piji geng kang munggeng kawis │ pirangbara

benjang │ satriya Singgela nagri │ bisa males ing sihira││

20. ││Kawi papa mantasa nagri Kubarsari │ sakadaring sudra │

kalabang renaming driya││ 21. ││Sarpa kresna tutula munggeng turanggi │ among

timbangana │ prajane sang Wisnusiwi │ dhuh mirah tresna

kawula││

@@@


Top Related