certita legenda

Download certita legenda

If you can't read please download the document

Upload: heriasyhari

Post on 12-Nov-2015

725 views

Category:

Documents


330 download

DESCRIPTION

semangat

TRANSCRIPT

Pendidikan Bahasa Jawa PGMI 6 B | 88 ASAL- USULE KUTHA KALIWUNGU ANA INGKABUPATENKENDALDawi Zulfa Amalia123911041 (PGMI 6B) Asal-usule jeneng KuthaKaliwungu iku miturut cerita turun temurun saka getihe Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo kang blaber ana ing kali lan banyu kali mau wernane malih wungu. Ceritane Sunan katong iku petinggi ana ing sawijining kerajaan saka negeri cina, teka ana ing tlatah kaliwungu arep nyebarake agama islam ing Kaliwungu. Dene Pangeran Pakuwojo iku uga mantan petinggi Kadipaten bawah kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu ing wektu kuwi. Ana ing sawijining dina antarane Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo ana kesalah-pahaman. Pangeran Pakuwojo nesu ora karu-karuan marang anak wadone kang ora gelem miturit apa karepe Pangeran Pakuwojo. Banjur anake Pangeran Pakuwojo mau lunga saka omah lan njaluk perlindungan karo Sunan Katong. Kanepsone Pangeran Pakuwojo saya ndodro amarga ngerti yen anak ana sing melindungi yaiki Sunan Katong. Miturut Pangeran Pakuwojo Manawa wis wani mlindungi anake berarti nantang deweke. Senjata kerise Pangeran Pakuwojo wis lolos saka rangkane lan kanthi kanepson kang makantar-kantar langsung nancepake keris mau ana ing awake pawongan kang nglindungi anake wadon mau, yo ora liyo yaiku Sunan Katong. Sunan katong iku sejatine gurune Pangeran Pakuwojo, berarti Pangeran Pakuwojo mateni gurune dewe. Sakwise sadar lan deleng Manawa kang dipateni iku ora liyo yo gurune dewe, sak nalika awake Pangeran Pakuwojo awake lemes. Sak nalika iku Pangeran Pakuwojo nyuwun pangapura marang guruneiku, lan marani gurune iku mau terus sujud ana ing samparane utawa sikile Sunan Katong. Kanthi sisa tenaga kang isih Sunan Katong Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo mati sampyuh. Sanajan Pangeran Pakuwojo iku muride Sunan Katong ananging Pangeran Pakuwojo iku wis nalingsir saka bebener amarga deweke wis melu lan nyinau ilmu hitam. Dadi rong pawongan kang beda aliran iku mati bareng yaiku aliran putih lan aliran hitam. Getih kang metu saka awake Sunan katong wernane putih lan getih kang metu saka Pangeran pakuwojo wernane abang semu ireng amarga deweke wis nyinau ilmu hitam utawa ngilmu ireng. Getihe Sunun Katong lan Pangeran Pakuwojo mau nyampur dadi siji yaiku getih putih campur karo getih sing wernane abang semu ireng. Getih mau mblaber ana ing sawijining kali sing wernane malih dadi wungu. Ana ing akhire zaman panggonan iku diarani Kaliwungu saka tembung kali yaiku panggonan kanggo perang antarane Sunan Katong karo pangeran Pakuwojo ana ing sacedake sawijining kali. Tembung Wungu yaiku getih kang mbleber ana ing sawijining kali yaiku getihe Sunan Katong kang wernane putih lan getihe Pangeran Pakuwojo kang wernane abang semu ireng kang campur dadi siji ndadekake kali mau wernane dadi wungu. Iku mau asal-usule salah sijine tlatah ana ing kabupaten Kendal yaiku Kutha Kaliwungu.RORO JONGGRANGDwi Mahmudah123911043 (PGMI 6B)Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah, amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga iso naklukno kerajaan Prambanan.Pada wektu Bandung Bondowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jongggrang, putrine Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso ngelamar Roro Jonggrang. Roro jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisurku? jare Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso aku gelem dadi permaisurimu tapi ana syarate. Apa iku syarate? jare Bandung Bandowoso. gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi! jare Roro Jonggrang.Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sakwise ngerungokno perintah Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintahake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndeleng pakaryone Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi yen Bandung Bandowoso iso nggarap permintaane deweke. Roro Jonggrang ngumpulno dayang-dayange. Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan nabur kembang sing wani. Jin lan setan mau wedi, disangkakno wis esuk, jin lan setan langsung mbalik. Asline candi iku wis ono 999, tapi kurang siji. Bandung Bandowoso mangkel marang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung Bandung Bandowoso nyumpah Roro Jonggrang dadi patung gawe ngganepi 1000 candi sing dadi kekarepane Roro Jonggrang.GOA JATIJAJAREka Elfrida Dinda Famila123911044 (PGMI 6B)Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori.Kanthi nyandhang lumrahewongdesa lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih Reksonoto.Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni sakarone padha nduwenirasatresna. Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.Sakwise nyegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro.Mbok Rektosuro gadhah jagosingdijenengi Mercu. Raden Kamandoko seneng karo Mercu Sabanjure Raden Kamandoko seneng aben sawung saben-saben diadu Mercu tansah menang, mula Raden Kamandaka kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur.Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa Brobosan.Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku.Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadiwonglumrah kandhane Kamandoko.Silih warni, Apa bener ?Kamandoko, Ya bener, aku Banyak Cotro.Silih Warni, Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang.Saklorone banjur rerangkulan.Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.ASAL USULE DESA KAJENElwin Maftuhah123911045 (PGMI 6B)Wonten ing sebrang lor pesisir ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Samenika wonten ing desa niki kathah tiyang tiyang saking pundi kemawon ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing makam menika mboten nate sepi saking penziarah-penziarah, dinten napa kemawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, ora nate sepi saking penziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun mboten dipun sepelekake malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkan ngapalake Quran. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supadhos angsal kepinteran lan sapanunggalanipun.Desa Kajen samenika asalipun saking Mbah Mutamaqin. Kacariyos mekaten : Mbah Mutamaqin anggadahi pangingon inggih menika Jin ingkang katah. Cekak cerita, Mbah Mutamaqin menyang ing mekah dipun gendong jin. Nanging dereng ngantos Mekah jin menika nibakake mbah Mutamaqin ing segara. Banjur Mbah Mutamaqin ketemu kaliyan iwak kang ageng. Ora suwe Mbah Mutamaqin numpak Iwak kang gedhe mau ning tepi kali Nil. Banjur Mbah Mutamaqin bisa nglakoni Kaji ngantos rampung.Sak rampungi kaji, Mbah Mutamaqin mboten angsal kendaraan kangge bali menyang tanah Jawi. Nanging atine mantep yen deweke bisa bali ing tanah Jawi. Ora let suwe Mbah Mutamaqin kepadhosan tiyang wonten ing Mesjid. Durung wae ngomongake apa sing di adepi, wong kuwi wis ngerti dewe. Mbah Mutamaqin manut lan mantep yen iki pancen pitulungane sing gawe urip. Mbah Mutamaqin di wenehi pesen : aja melek yen durung tekan lemah. Mbah Mutamaqin merem. Wong mau, ngepruk Mbah Mutamakin sing lagi sila nganggo tongkat ning tangane. Banjur Mbah Mutamakin mletik aduh, tiba ing desa sing di jenengake Cebolek (sing artine ceblok terus melek). Banjur mlaku terus ning arah kulon sangka desa Cebolek banjur netep ning kana.Mbah Mutamakin netep ing kulon desa Cebolek kuwi akeh sing geting. Apa tenan wong kuwi kaji ijen? Banjur suwene netep ing kana, Mbah Mutamaqin ngamalake ilmune teng mriku. Banjur suwene Zaman papan panggenan kuwi dijenengake Desa Kajen ( Kaji Ijen), sing saiki dadi kutha santri ing daerah kuwi. Cekak cerita nganti saiki lan sabanjure dianakake khaul Mbah Mutamaqin ing wulan Suro. Saben tanggal siji Sura okeh wong-wong sing Ziaroh ing ngriku.KEMBANG WIJAYA KUSUMAEmi Fadhillah123911046 (PGMI 6B)Dongeng kembang wijaya kusuma didadekake lambange Kutha Kabupaten Cilacap amarga wit kembang kasebut mung tinemu ing sawijining pulo kanga ran Majethi. Pulo iku ana sapucuk wetane Pulo Nusakambanagn. Kejaba iku, kembang wijaya kusuma uga dadi perlambang agung lan kawibawane Keraton Surakarta. Nanging nganti saiki during ana ahli kang bias nerangke kembang wijayakusuma iku klebu rumpun tuwuhan apa?Cinarita du king nguni ana sawijining Kadipaten Banakeling. Kang jumeneng adipati Bandhawati. Sekti tanpa tandhing marga kagungan sanjata piyandel kang sinebut Giling Wesi. Tan kacarita sapa garwane, ananging kagungan putrid kang sulistya warnane yaiku Raden Ayu Bandhawati.Ngancik diwasa Raden ayu Bandhawati tansaya mencorong rupane nganti akeh para adipati sakubenge Kadipaten Banekeling pada kayungyun arep nggarwa sang dewi. Saking akehe adipati kang ngayunake Raden Ayu Bandhawati wara-wara ngetokake sayembara.Sapa wae kang bias ngasorake aku, kuwat nadhahi senjata Giling Wesi dak paring ganjaran dhaup karo putriku Raden Ayu Bandhawati mangkono unine sayembara.Gumrudug para adipati padaha ngadu kasekten, nanging mung siji kang kuwat nadhahi senjata Giling Wesi, yaiku priya kang isih keturunane Kyai Ageng Giri kang peparab Raden Pucangkembar. Mula Raden Pucangkembar banjur kedhaupake karo Raden Ayu Bandhawati.Sajrone jejodhoan sih-sinisihan Raden Pucangkembar lan Raden Ayu Bandhawati pinaringan putra telu cacahe, salah sijine aran Raden Danumaya. Erame, nganti Raden Danumaya diwasa, endah rupane Raden Ayu Bandhawati ora suda, kepara malah tambah ayune. Mula para adipati kang nate kalah sayembara isih arep ngrebut Raden Ayu Bandhawati. Ora mung cara alus, nanging kanthi kasar nglurug peranag. Parandene kabeh adipati kalah dening Raden Danumaya.Ing asawijining peperangan, nalika Raden Danumaya ayun-ayunan klawan Raden Jaka Puring, Raden Ayu Bandhawati lenggah ing panggung mriksani yudane ingkang putra. Peperangan saya rame, namging Jaka Puring nemu akal. Olehe tarung saya nyedhaki palungguhane Raden Ayu Bandhawati. Bareng wis cedhak, Raden Adipati Jaka Puring ninggal palagan, niyate arep nubruk Raden Ayu Bandhawatindang tumuli digawa mlayu.Raden Ayu Bandhawati waspada. Nalika arep ditubruk, kanthicukat trengginas mletik ngendhani. Amarga saking kuwate mlesat ngoncati bebaya, adoh banget nganthi tumiba ana sawijining pulo karang Majethi. Saka kersane Jawata, bareng tumiba Raden Ayu Bandhawati musna lan njilma dadi tetuwuhan arupa siji-sijine kembang kang banjur diarani kembang Wijaya Kusuma. Pisan iki Raden Danumaya kalindhih yudane, banjur ngoncadi peperangan. Dheweke semedi ing Gunung Lawu lan nyuwun kekuwatan. Sajroning semedi,sawijining dina Raden Danumaya kaparingan wangsit. Keprungu swara tanpa rupa, swara mau kepara memper karo swarane ibu kang wis muksa.Yen kowe kepingin unggul ing yuda lan gedhe kawibawane, kowe njujuga mengulon pethiken kembang Wijaya kusuma kang cumondhok ana pulo Majethi, ing sisih wetane pulo Nusakambanagan!. Mangkono wangsit kang ditampa Raden Danumaya.Sakala Danumaya mudhun saka Gunung lawu tumuju mengulon,. Bareng tinemu kang tinuju banjur methik kembang Wijayakusuma. Salebare entuk kembang Wijayakusuma, Raden danumaya bali adu kasekten lumawan Raden Adipati Jaka Puring. Wusana Raden Adipati Jaka Puring kalah. Raden Adipati Danumaya banjur nerusake semedi ing Gunung Lawu nganti sedane lan disarekake ing kono.Sadurunge Raden Danumaya seda, dheweke isish kepareng paring pangandhika marang panjenengane Paku Buwana IX ing kraton Surakarta. Sapa wae kang kepengin gedhe kawibawane lan kuwat lair bathine sarta disuyudi pawongan, methika kembang Wijayakusuma ing Pulo Majethi!. \mula wektu iku, sapa wae kang nglenggahi KasunananSurakarta rumangsa during lega menawa during methik kembang Wijayakusuma. Dene kang pungkasan methik kembang Wijayakusuma, panjenengane Paku Buwana X ing taun 1934.Kacarita, methik kembang Wijaya kusuma iku ora gampang awit ana syarat kang kudhu dilakoni, yakui semedi lan pasa 40 dina kathik nganggo upacara kraton. Anehe kembang Wijaya kusuma, samangsa wis dipethik, diwadahi bokor kencana sepira gedhe cilice ya tetep cukup.Diwadhahi bokor gedhe, kembange ya melu gedhe, diwadahi bokor cilik, kembange ya melu cilik. Dene sadurunge diwadhahi bokor mesti ana kadadeyan kang nggegirisi kayata muncule angin sindhung riwut bayu bajra, udan deres bareng horeging bumi.LEGENDA JAKA TARUBFeri Lesmana123911047 (PGMI 6B)Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.ASAL- USULIPUN RAWA PENINGFuani Tikawati Maghfiroh123911048 (PGMI 6B)Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu. Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka. Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi. Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon. Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya. Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak. Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing. Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki Hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan. Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana. Ing pertapaan Telamaya, Ki Hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk- manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki Hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki Hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten. Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki Hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika. Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, pratelane Ki hajar. Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur. Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal- setunggala ingkang saged. Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah- kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun. Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katah rawa bening ingkang samenika kasebat Rawa Pening.LEGENDA KOTA KUDUSHanik Rosidah123911049 (PGMI 6B)Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina.Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.RAMAYANAHeri ashari 123911050 (PGMI 6B)Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka. prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana nanging rahwana ora bisa ngangkat panah kasebut, lan rama bisa ngangkat panah kasebut. Saengga rama bisa menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone. rahwana ora seneng yen rama bisa dadi bojhone shinta. Ing alengka kuwi kerajaan rahwana kumbakarna indrajid patih prahasta. Sarpanaka menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bisa ganti wujud apa wae lan bisa ngrubah wujud dadi buta cakil. Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet. Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau landigowo mabur karo rahwana. Sakmenika,rama lan laksmana terus ngoyak kijang mas. Lan nalika kijang mas kasebut dipanah wujudde ganti dadi cakil. Nalika shinta digowo mabur karo rahwana,teko manuk jatayu sing nolong shinta. Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Nganti akhire manuk jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama lan laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta. Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman. Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi tukaran kanggo ngintukke dewi widiyawati. Pas cah loro tukaran rama lan anoman teko delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging amarga rak iso nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing antara wong loro mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo rama,yen wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta. Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusane rama seng arep nyelematke shinta. Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujuk shinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener utusane rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid anak saking rahwana ngerti tekone anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana. Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna. Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni. Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo. Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen dicepit ing gunung. Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Nanging rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nlaika shinta mbakar awake dewe ternyata geni ora mempan mbakar awake shinta iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama nrima shinta meneh. Rama lan shinta akhire urip tentrem.ASAL USULE KUTHA PATIHeni Puji Astuti123911051 (PGMI 6 B)Ing Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan. Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine.Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang sing jenenge Sapanyana.Kanggo nglurusake bebana iku Adipati Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung, penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai pusaka piyandele kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kadigoro sing diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi, salah sijine bagian kadipaten Carangsoka.Pusaka loro kasil kajupuk kanthi bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak durunge diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti sala Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kanigara diaturake Raden Sukmayana.Sanadyan mangkana Yuyurumpung kasil nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe putra adipati parang garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan. Nanging ngepasi acara resepsi nembe kawiwitan, penganten putri ninggalake kursi penganten menyang panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara Rayungwulan ora sida dileksanakake.Adipati Yudhapati rumengsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan digentani adhike yaiku Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing nggunakake pusaka sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten Paranggaruda. Adipati Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur. Karana jasane Raden Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat ngganteni Yudhapati dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi gelar Singasari. Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati R. Kembangjaya mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti dadi kadipaten Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma nduweni putra jenenge Raden Tambranegara. Kanggo ngembangake pembangunan lan pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan sing sakdurunge ana ing Kemiri arah ngulon ing desa Kaborongan, jeneng Pesantenan uga diganti dadi Kadipaten Pati.CERITA LEGENDA BAHASA JAWA, KEDADEN BANYUWANGIIffa Qorri Aina 123911052 (PGMI 6B)Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Wanten sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah dhateng malas konjuk berburu menjangan utawi sangsam. Raja anjur bidhal kanti rencangi para pengawale. Saksampune dangu Women ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah sanget nalika ningali Raja kondur. Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wanten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning Raja badhe nemoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi tamu kasebat akrab sanget dening permaisuri. Kedaden menika anggawe Raja duka duga cemburu Kan nuduh Permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken Raja Menai punika mboten leres. Nanging Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri. Sinambi nangis banjir eluh Permaisuri criyos: Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula mboten salah. Kula badhe nyemplung wonten kali wingking keraton, menawi mangke toya kali punika mambu busuk, nandake tuduhan Rama dateng kula menika leres. Nanging, menawi toya kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula mboten leres, wilujeng tilar Rama . sakwise kedaden kasebat, kali panggen tilaripun permaisuri punika dipunsukani Namib BANYUWANGI ASAL-USULE KALI BLORONGImroatul Azizah123911053 (PGMI 6B)Ing jaman biyen ana cerita ing salah sijining segara kidul, ing kana ana panguwasa segara kidul kang sekti mandraguna. Dheweke dijenengi Nyi Roro Kidul ing kana Nyi Roro Kidul duweni anak wadon kang diwenehi jeneng Nyi Blorong. Sakwise ngancak dewasa Nyi Blorong lunga saka panggonane ibune, dheweke kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune. Pesene ibune lungaha saksenenge atimu lan tinggalen aku neng kene dhewekan Banjur Nyi Blorong ngulandara ana ing sak amabane jagad segara. Ananging dheweke ora kasil yen segara-segara kang arep mbok panggoni mau wes ana panunggune. Nyi Blorong wes kadung janji karo Nyi Roro Kidul ibu aku bakalan golek segara kang bisa tak dadekake panggonanku wodene ibu kang nguwasani segara kidul kene. Amerga janji kang kaucap mau, Nyi Blorong isin karo ibune menawa dheweke bali marang segara kidul.Karo Kreta Kencana kang diwenehi Ibune Nyi Blorong ngulandara nganti segara lor. Nalikane tekan segara lor Nyi Blorong wis ditunggu panguwasa segara lor, amerga ilmu kang isih cekak Nyi Blorong kalah karo panguwasa segara lor banjur mlayu maring kali kang tepung karo segara lor. Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyi Roro Kidul, ibuke menehi pitulungan. Sakwise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun ws kaliwat. Nanging ibune ora banjur teka, dheweke banjur betah ana ing salah sijining kali mau, ing kali kono dheweke bisa kerasan amerga ning kono akeh panganan lan kasenengan kang di karepake nyi Blorong.Ing dina liya Nyi Roro Kidul nyiyapake prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyi blorong. Ana ewonan prajurit kang mareng segara lor mau. Ora suwe prajurit mau wes tekan segara lor banjur nemoni Nyi Blorong. Sang Ratu kula lan prajurit-prajurit siyap biyantu ratu. Sang ratu wes kedalung krasan ana ing kali mau, dheweke wes ora kepingin nyerang panguwasa segara lor malah dheweke dhuwe niyatan mbangun kerajaan roh alus ana ing kali mau. Akhire Nyi Blorong bangun kerajaan ana ing kali mau, ora gampang. Pirang-pirang taun Nyi Blorong gawe kerajaane kanthi dadi kerajaan kang megah kang kaidam-idamake Nyi Blorong. Cerita iki saka penduduk sakiwa tengene kali kuwi, kawit biyen tumekane saiki diarani kali blorong. Miturut ceritane kali sing dipanggoni Nyi Blorong kuwi ana ing Kendal, ing kecamatan Ngampel. Amerga kapercayaan kuwi mula dijenengi kali Blorong. Jaman biyen kaline terkenal angker, akeh bocah-bocah cilik seneng adus kali tanpa ngerteni menawa sedela meneh kali kuwi bakalan mludak lan sing adus kali padha kelarut banyu banjur mati kleleb. Miturute bocah kang slamet saka bencana banjir mau ana wong wadon ayu kang ngawe-ngawe dheweke lan kanca-kancane banjur kancane maring menengah ing kali kuwi. Ora let suwe kali mau banjir mulak-mulak. Banjur bocah sing menengah marani wong wadon ayu mau mati kleleb. Kawit ana musibah kuwi wong-wong tuwa sing duweni bocah cilik nglarang anake anggone adus kali aja sepisanan adus ing kali dhewekan, kali sing asale sat banjur bisa dadi banjir mulak-mulak Para penduduk percaya bocah sing mati ing kali blorong didadekake panganane utawa ingon-ingone Nyi Blorong.Ana cerita saka penduduk sing omahe ora adoh saka Kali blorong, dheweke weroh ing sawijining dina, kali mau banjir gedhe banjur banyu kali ketara nganti omahe bapak mau. Saksuwene nyawang kali kanthi ditamatake bapak mau banjur weruh wong wadon ayu kang nganggo kebaya,pacakane kaya ratu kang ana ing kerajaan jaman biyen lan numpak kereta kencana ugi dikawal dening prajurit-prajurit kang akeh cacahe. Sakwise kuwi ana cahya padang jinglah ing tengahing kali Banjur arak-arakan ngilang, Nanging apa kuwi sing mbok arani Nyi Blorong utawa namung imajinasi / khayalane bapak mau.Angel mbenerake cerita masyarakat kuwi, ananging namung kepercayaan mau sing ndadekake kepercayaan kuwi dadi ana. Penduduk mercayani menawa ing kali kuwi ana kang nunggu, Nyi Blorong. Ananging ora ana penduduk kang ngelar sesaji utawa ritual-ritual persembahan kaya dene papan-papan liyane sing ana penunggune..Sakiki Nyi Roro Kidul manggon ana ing segara kidul, minangka Nyi Blorong manggon ana ing salah sijining kali kang panggonane utawa tembuse ing segara lor. Kadang-kadang Nyi Blorong bali ana ing segara kidul sowan marang ibune sing wes menehi pitulungan marang dheweke.Kali blorong uga asring diarani kali ula, mergane struktur kali kang ngrungkel-ngrungkel utawa menggak-menggok ora aturan kaya sifate ula yen wayah mlaku awake obah kiwa nengen. Uga ana sing ngomong menawa kali kuwi asale awujud kalen Banjur dilewati ula siluman kang nguwahi struktu kalen mau dadi mengak-menggok. Saksuwene wayah kalen mau dadi kali kang amba.KEDADEAN KAWAH GUNUNG BROMOIssatir Rodliyah123911054 (PGMI 6B)Jaman biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kuwi kerajaan Majapahit lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golek panggonan kanggo ngungsi. Wektu kuwi Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, ing sekitare Gunung Bromo. Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-Dewa sing teka marang panggonan sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. Ing panggonan kuwi bisa weruh srengenge munggah saka watan lan srengenge sirep saka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggonan kanggo pertapa. Pertapa kuwi mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijining dina sing mbahagiakake, ana wong nglahirake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lahir saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lahir anak kuwi keton sehat lan kuat luar biasa. Wiwit lahir, anak pertapa kuwi wis ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kayak anak liya umume, bayi kuwi diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat. Ing panggonan liya, sekitare Gunung Pananjakan, wektu kuwi ana anak wadon lahir saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak kang ayu dewe ing panggonan kuwi. Wiwit dilahirake saka rahim ibune, bayi mau meneng ora nangis. Merga kuwi wong tuane ngarani bayi kuwi Rara Anteng.Rara Anteng saya dina saya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera Raja pada nglemar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko Seger. Sawijining dina, Rara Anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. Bajak kuwi terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kuwi. Merga kuwi, Rara Anteng njaluk supaya digawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh mau pelamar sekti ora bisa nyanggupi. Segara kuwi mau kudu digawe sewengi, diwiwiti srengenge sirep tekan srengenge munggah. Penjalukan Rara Anteng disanggupi deneng Bajak.Bajak sekti mulai gawe segara nganggo batok saka klopo lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kayak kuwi, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kpriye carane gagalake segara sing lagi digawe Bajak kuwi? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golek cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. Alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kayak fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak krungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan durung metu. Berarti f ajar teka durung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dienggo gawe segara mau dibuang, gigal tengkurep ing jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung, diarani Gunung Batok.Gagale Bajak gawe segara ing tengah-tengahe Gunung Bromo, ati Rara seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko Seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya, amarga loro-lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengget utawa Purbawasesa Mangkurat ing Tengger, sing aweh pengerti penguasane Tengger sing Budiman. Aran Tengger dijupuk saka akhire suku kata aran Rara lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya, amarga wis suwe mbina umah tangga durung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah ing pucuke Gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwehi momongan. Ujug-ujug ana suara ghaib sing ngomong semedine arep dikabulake nanging nganggo syarat yen wis oleh momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken ing kawah Gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi, banjur olih momongan 25 anak lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anake. Carane Rara Anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancam arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng, kawah Gunung Bromo nyemburake geni. Kesuma anak bungsune ilang ing geni lan mlebu ing kwah Bromo, banjur ana suara ghaib sedulur-sedulurku sing tak tresnani, aku wis dikorbanaken marang wong tuane dewe lan Hyang Widi nyelametake kue kabeh. Urip sing dame lan tentrrem, sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane saben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo. Upacara rutin kuwi dilakoni turun temurun marang warga Tengger saben tahune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah Gunung Bromo.LEGENDA DHESA MLANGIKurnia Fatmawati123911057 (PGMI 6B)Zaman dhisik ing dhesa Pejambon, akeh banget padunung sing asale saka negeri Cina. Rata-rata padunung asli saka Pejambonne dhewe malah padha nyambut gawe dadi kacunge wong-wong Cina kanggo nguripi kaluwargane.Sanajan wong Cina kuwi sugih-sugih, nanging yen soal bandha pelite ora umum. Kacung-kacunge wae mung dikei upah sing cukup kanggo mangan tok. Kahanan kaya ngene dadiake padunung-padunung asli Pejambon uripe ora mulya lan sarwa kurang. Nanging Padunung asli saka Pejambon kuwi uripe guyup, rukun lan seneng tulung-tinulung, bedha karo wong-wong Cina sing senenge urip dhewe-dhewe ora mikirake kahanane wong liya.Dhesa Pejambon zaman semana kondhang banget, amarga akeh dipanggoni karo wong Cina sing sugih-sugih. Marga kuwi, ning Pejambon kerep banget ditekani karo wong ngemis sing asale saka ngendhi wae.Ing salah sawijining dina, ana wong ngemis teka ning Pejambon, nanging wong ngemis sing siji iki beda karo wong ngemis liyane. Wong kuwi tuwa, kuru, rambute dhawa putih, dhuweni jenggot lan gawa teken. Panganggone sarwa putih lan suwek-suwek.Tekane wong ngemis kuwi ora disenengi deneng padunung Pejambon, apa maneh karo wong-wong Cina. Ora diwenehi dhuwit utawa panganan, nanging pengemis kuwi malah dielek-elek dening padununge Pejambon. Sanajan enthok kelakuan kaya ngono, wong ngemis kuwi tetep mlaku ngubengi omah-omah ing Pejambon kanggo golek dhuwit, nanging upayane kuwi ora ana kasile babar blas. Wes setengah dhina wong ngemis kuwi ngubengi dhesa, nanging ora ana siji-sijiya wong sing ngekei sedekah.Ana ing tengah dalan, wong ngemis ketemu karo salah sijining padunung asli saka dhesa Pejambon sing jenenge Jafar. Jafar kuwi wong sing ora dhuwe apa-apa, nanging amal ibadahe kuat banget lan seneng nulung wong liya. Sanajan uripe Jafar sarwa kurang, nanging.weruh wong ngemis kuwi, Jafar Jafar banjur ngrogoh sak kanggo jupuk dhuwit. Banjur dhuwit ewon lembaran kuwi diwenehake marang wong ngemis.Sakwise dhuwite diwenehake, banjur Jafar lunga. Iseh telung jangkah, wong ngemis mau ngundang jenenge dheweke. Jafar kaget banget amarga wong ngemis kuwi ngerti jenenge dheweke. Jafar takon asal-usule pengemis kuwi, nanging pitakone kuwi ora diwangsuli, pengemis kuwi malahan menehi pituduh marang Jafar. Pituduh kuwi isine yaiku yen telung dhina maneh ing dhesa Pejambon iki bakalan arep ana udan gedhe banget sing bisa ngakibatke banjir bandhang. Jafar uga diwenehi saran, yen mengko pas ana banjir dheweke dikon numpak lesung mlaku ing arah kidhul kanggo nyelametake awake. Ora mung kuwi, Jafar uga diwenehi ali-ali dening wong ngemis mau, Gunane ali-ali kuwi yaiku kanggo ngadhepi bebayan sing bakal diadhepi sesok yen pas kadadean banjir. Nanging pesene wong ngemis mau yaiku ali-ali kuwi yen arep ning kakus dikon nyopot. Durung nganthi Jafar nyauri, wong ngemis kuwi teka-teka ilang mboh neng endhi.Ngerti dhesane arep kena musibah, jafar ngumumake marang marang wong kampung ngengingi bab banjir mau. Nanging ora ana wong siji-siji ya sing percaya karo omongane Jafar. Apa maneh Pejambon kuwi panggonane ing gunung, dadi ora mlebu akal yen Pejambon bakal kena banjir.Rong dhina sabanjure teka. Kadadean banjir kuwi uga teka. Awit isuk udhan gedhe banget dibarengi karo suwara geledhek kang nyamber-nyamber. Akeh omah-omh lan wit-witan padha ambruk kena angin sing gedhe tenan. Wong-wong sing padha ora percaya karo omongane Jafar padha bingung golek pitulung, nanging merga banjire dhuwur tenan, wong-wong mau padha ora bisa nyelametake awake. Siji-sijine wong sing slamet yaiku Jafar. Ana ing tengah-tengahing banjir, Jafar numpaki lesung mlaku ing arah kidhul. Nanging lesunge teka-teka ditabrak karo baya putih. Krasa nyawane keancem, Jafar banjur gelut karo baya putih kuwi. Pas baya kuwi gentian arep nyerang, Jafar kelingan karo omongane wong ngemis dhisik ngengingi ali-ali. Ora kesuwen banjur ali-aline ditokake lan diadhepake marang baya kuwi. Saka ali-ali kuwi ngetokake cahya. Baya mau banjur ilang. Gandheng lesunge wes dirusak marang baya, Jafar banjur nglangi sakuate tenagane tumuju daratan sing ora patia adoh. Akhire Jafar tekan daratan kanthi selamet.Ning daratan kono, jebul ora ana padununge. Suwe netep ning kono dhewean, akhire Jafar nikah karo wong jaba daerah. Nanging sanajan wes duwe anak barang Jafar lan kaluwargane tetep netep ning kampung kono. Gandheng kampung kuwi urong ana jenenge, mangka karo Jafar kampung kuwi dijenengake kampung Mlangi. Dijenegake Mlangi karo Jafar marga dhisik tumujune Jafar tekan kono kanthi cara nglangi kanggo nyelametake awake. Saiki Mlangi wes dadi kampung sing wes kebak padununge. Malahan saiki ing Mlangi ana kuburan sing jenenge kuburan larangan sing ora enthok dikunjungi karo wong-wong. Konon jarene kuburan kuwi yaiku kuburane Jafar.ASAL USUL TLAGA BANDUNGLatifatul Jannah123911060 (PGMI 6 B)Asal muasal Tlaga Bandung,jeneng Gunung Tangkuban Prau,lan Sangkuriang yaiku cerito rakyat saka mbah putri moyang, sing mudhun tumurun saprene lan dadi cerito rakyat sing cukup nggeret. cerito rakyat Sangkuriang lan gunung Tangkuban prau berawal saka sawongraja nduwe jeneng Sungging Perbangkara sing tengah lunga berburu menyang neng alas. pas tengah berburu, raja Sungging Perbangkara rumangsa pengen nguyuh. Sang rajaa lunga kesemak-semak lan nguyuh, diendi banyu seninya tertampung neng selembar godhong keladi. Alkisah, wektu kuwi ana seekor babi wadon sing tengah bertapa amarga pengen dadi manusia, dheweke nduwe jeneng Wayung. Tanpa sengaja banyu seni raja Sungging Perbangkara diombe saka Wayung sing nang akhire marakake babi wadon kuwi meteng amargane. nganti mubarang pas tiba wektune Wayung bayen. lair sawong anak wedok sing ayu sing mbesuk nduwe jeneng Dayang Sumbi utawa Rarasati.Cerito Rakyat Sangkuriang berawal saka Dayang Sumbi sing kian beranjak dewasa, kayon Dayang Sumbi tambah kedelok lan anyak dadi rebutan neng antara para raja kala kuwi. amarga Dayang Sumbi sanuli dadi rebutan, dheweke dadi kerusuhi lan akhire ngongkonke kanggo lunga menyang alas bareng seekor asu ingone sing nduwe jeneng Tumang. mubarang pas, diceritoke Dayang Sumbi tengah menjahit lan tanpa sengaja gulungan bolah sing dheweke gunakne dumadakan tiba. Dayang Sumbi pun rumangsa lumuh njupuke, lan embuh ngapa dheweke berucap kanggo sapa sing bisa njupukake gulungan bolah, nek dheweke lanang, mula dheweke arep didadekne bojone. jebulna si Tumang, asu peliharaanelah sing akhire njupukake gulungan bolah kuwi sing akhire dadi bojo Dayang Sumbi.Dayang Sumbi menepati ujare lan sesomahanke seekor asu. banjur laira Sangkuriang, anak Dayang Sumbi lan Tumang. dina nggenti dina Sangkuriang anyak tuwuh dadi anak lanang sing pamani. saben dina dheweke berburu binatang neng alas lan Sangkuriang sanuli ngajak Tumang, asu sing uga bapaknya kuwi. pas kuwi, Sangkuriang pengen berburu babi, lan kabeneran beburon yaiku babi wadon Wayung, sing ora liya ibunda Dayang Sumbi. Tumang pun menolak kanggo mburu babi kuwi, dadine Sangkuriang dadi nesu. jero kenesone Sangkuriang teras mateni Tumang, asu sing uga bapake dhewe. ati si Tumang dheweke jupuk lan dheweke serahkan nang emboke kanggo dimangsak.Jero ati, Dayang Sumbi rumangsa aneh amarga sabedinan ora ndeleng Tumang sing ora kunjung mulih. dheweke pitakon marang Sangkuriang diendi si Tumang, lan ebo kagete Dayang Sumbi pas krungu jawaban Sangkuriang, menawa dheweke wis mateni Tumang. Dayang Sumbi dadi nesu banget lan jero kenesone endhas Sangkuriang digebug nggunakne centong sega, nganti mungkur bekas tatu neng endhas Sangkuriang. Sangkuriang rumangsa kuciwa karo payon emboke nganti akhire dheweke ngongkonke kanggo lunga mungkur omah. Sangkuriang bersikukuh kanggo lunga adoh lan ora arep tau bali.Wayah terus mlaku, nganti Sangkuriang saiki tuwuh dadi lanang sing gagah lan tampan. jero kedhewene, Dayang Sumbi mengharapkan banget Sangkuriang arep mulih bali. dhewekea anyak bertapa lan mit marang Dewa, dheweke pengen tetap ayu lan sanuli enom nganti mengko. mubarang pas wektu Sangkuriang bali dheweke isih ngenali Dayang Sumbi dadi emboke. Dewapun mengabulkan do'a Dayang Sumbi, mbasi umure wis ora enom meneh, Dayang Sumbi isih kedelok ayu. nganti mubarang pas, Sangkuriang ketemu karo Dayang Sumbi, ning dheweke wis ora ngenali Dayang Sumbi dadi emboke, bahkan tiba ati marang Dayang Sumbi. ngonoa Dayang Sumbi, dheweke ora ngerti menawa lanang tampan kuwi yaiku Sangkuriang, dekne kabeh menjalin asih. ceritoa mbanjur, mubarang dina Dayang Sumbi tengah labuhi endhas Sangkuriang, saka konoa dheweke nemu bekas tatu amarga gebugan sing dilakoke nang Sangkuriang beberapa taun sing nuli. akhire Dayang Sumbi pun ngerti menawa dheweke yaiku Sangkuriang anak kandungnya.Sangkuriang wis nglamar Dayang Sumbi, nganti Dayang Sumbi bingung nggoleki cara ben raben karo Sangkuriang ora arep kedadean. akhire, Dayang Sumbi ngajokake beberapa persyaratan yakni Sangkuriang kudu bisa nggawe tlaga lan prau mawa membendung kali Citarum jero wayah siji bengi. Sangkuriang ngiyani persyaratan iki, amarga dheweke wis ngguru lan dadi remaja sing sakti mandraguna. Alhasil, Sangkuriang jebulna bisa ngebaki persyaratan sing diwenehna Dayang Sumbi marange. wektu kabeh pagawean hampir buyar, Dayang Sumbi bingung lan njaluk pituduh Dewa. Sang Dewa-pun ngongkonke ben Dayang Sumbi mengibaskan selendang sing diduweane lan sacara ghaib srengenge muncul neng ufuk wetan tanda esuk wis teka. Sangkuriang nesu lan dheweke rumangsa wurung. dheweke menendang prau sing separo dadi karo sakuwat tenaga lan terguling jero kaanan tertelungkup ana ing kali Citarum seng ana ing tengahe gunung.Nganti akhire prau kuwi mbendung Kali Citarum lan akhire dadi Tlaga kang aran jenengeTlaga Bandunglan ana jeneng Gunung Tangkuban Prau.Gunung TangkubanPrau ana ing sandinge TlagaASAL USUL KOTA SEMARANGLailatul Isnaini 123911058 (PGMI 6B)Nalika samana, Kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbuka alas mau dienggo nenandur lan pomahan.Emane durung bisa ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, Ngger anakku Pandan Arang, olehen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja.Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur.Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang ngendika, Rakyatku, papan iki kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukulan aseme arang-arang. Mula kang saka iku, papan iki bakal dakjenengi Semarang saka tembung asem kanga rang arang.Daerah dataran cendhk ing kutha Semarang ciut banget, yaiku mung watara 4 kilometer saka garis pantai. Dhataran cendhk iki dikenal kanthi sebutan kutha ngisor. Kawasan kutha ngisor kerep kebanjiran lan ing sawatara kawasan, banjir iki disebabak lubran banyu segara (rob). Ing sisih kidul arupa dhataran dhuwur, sing dikenal kanthi sebutan kutha dhuwur, ing antaran kecamatan Candi, Mijn, Gunung pati lan Banyumanik.Pariwisata seng ono neng Semarang yaiku:Semarang nduwni seni budaya warak ngendhog lan dhugdheran sing dianakak ngadhepi sasi pasa ramadhan. Semarang nduwni brand wisata Semarang pesona Asia sing diwiwiti pertengahan 2007.Semarang nduwni kutha tuwa Little Netherland sing nyakup kawasan Polder, Stasiun Semarang Tawang, Jembatan berok, Gereja Mblendug lan Lawang Sewu. Saka sejarah, kutha Semarang yaiku kawasan kang dadi pusat perdagangan ing abad 18. Kawasan kasebut saiki dadi kawasan kutha tuwa utawa kutha lama. Wektu iku, kanggo ngamanak warga lan wilayah, mula kawasan kuwi dibangun benteng, yaiku benteng Vijhoek. Kanggo nyepetak jalur perhubungan antara telu gerbang benteng, dibangun dalan-dalan perhubungan. Dalan utaman yaiku Heeren Straat kang saiki sinebut dalan Let Jen Oeprapto. Salah sawijin gerbang kang isih ana nganti saiki yaiku Jembatan Barok, kang sinebut De Zuider Por. Komunitas Tionghoa ing Semarang, liwat pakumpulan Kopi Semawis (Komunitas Pecinan Semarang untuk Pariwisata), nganakak Pasar Semawis, yakuwi pasar malam sing adol werna-werna panganan & olh-olh khas Semarang, ing dharah pecinan Semarang (dharah Gang Pinggir). Shopping center ing Semarang antara liya: Ciputra Mall ing kawasan Simpang Lima.Simpang Lima Plaza ing kawasan Simpang Lima.Java Mall ing kawasan Jangli, MT Haryono kanthi pasar Hypermart lan Matahari minangka anchor tenant.Sri Ratu Dept Store ing Jalan Pemuda lan kawasan Peterongan MT Haryono.Ramayana Dept Store ing kawasan Simpang Lima.Ada Dept Store Siliwangi, Majapahit, Setiabudi lan Fatmawati.DP Mall kanthi pasar Carrefour sing dumunung ing Jalan Pemuda.Ana uga pusat oleh-oleh ing Jalan Pandhanaran, kayata bandeng presto, wingko babat, lunpia, lsp.DUMADINE KUTHA JEPARALailatus Saadah 123911059 (PGMI 6B) Kutha Jepara menika saking tembung Jugmara (Ujung Muara) lan dipungantos dados Jepara, wonten maleh ingkang nyebat Ujung Para. Wiwit abad XVI wilayah menika sampun dipun sumerepi tiyang kathah mawi asma kutha Bandar.Miturut Tom Pires panyerat Suma Oriental, Jepara nate dados pelabuhan militer, kinten-kinten taun 1470 M. Jepara nembe dipunanggeni 90-100 tiyang kang dipun pimpin Aryo Timur. Mawi patraman lan kauletan Aryo Timur saged ngubah Jepara dados Kutha Bandar ingkang ageng. Taun 1570 Aryo Timur dipungantos putranipun ingkang asma Pati Unus kang tasih timur (17 taun).Pangarsanipun beliau, Jepara ngembangaken armadha perang lan ugi nggantos papan menika dados armada niaga ingkang endah lan ageng sanget. Pati Unus ugi ngirim armadha perang datheng Palembang kangge nyerang Portugis ingkang nguwasani Malaka (1513). Menika kang dipungayuhaken dening Pati Unus boten kaleksanan, inggih menika kalah. Pramila dipungantos sedherekipun kang asma Fatahilah (1513-1536). Jepara nate mbiyantu Fatahilah nalikane ngrebut Banten lan Sunda Kelapa. Nalika Sultan Trenggono dados pangarsa ing kedhaton Demak Bintoro wonten ing rerebutan pangarsa menika Hadirin ingkang garwanipun Retno Kencono seda dipun pejahi dening Aryo Penangsang.Keraosanipun Retno Kencono boten penggalih, saengga tapa ing bukit Danaraja. Retno Kencono ngumbar janji bilih Aryo Penangsang dereng seda boten ngrampungi anggenipun tapa. Gegayuhanipun kalaksanan nalikane Sutawijaya saged mejahi Aryo Penangsang kaliyan Tombak Kyai Plered. Retno Kencono mandap saking anggenipun tapa lan dipun dadosaken adipati Jepara kanthi gelar Kalinyamat wonten ing 12 Robiul Awal 956 Hijriyah utawi 10 april 1549 M, dipun tandhai kaliyan Canra Sengkala Trus Karya Tataning Bumi, saengga wiwit menika dados adidhasar panetapipun dinten dadosipun kutha Jepara.Pangarsanipun Kalinyamat, Jepara dados adipati ngantos 30 taun luwih. Seni ukir wiwit ngrembaka ing kutha menika katingal saking ornamen Masjid Mantingan papan panggenan pangeran Hadirin dipun makamaken. Kalinyamat dipun gantos putranipun ingkang asma Pangeran Jepara (1579-1599). Ing pungkasan abad XVI kadipaten Jepara dipun serang bala tentara kerajaan Mataram. Saksampunipun peperangan boten wonten penguasa utawi pangarsa. Nalikane Jepang ing Indonesia, jabatan bupati dipun astha dhening RAA Soemitro Koesoemo Oetoyo ngantos Desember 1949, ngantos sakmenika sampun wonten 14 bupati ingkang mimpin Jepara.KI AGENG SELOLiani Ida Lutfiyati123911061 (PGMI 6B)Dhek jaman kuno ing desa Tlatah, Jepara, ono wong kang seneng tapa brata golek ngelmu, jenenge Sela. Sanadyan sugeh ngelmu lan sekti mandraguna, nanging dheweke ora umuk. Malah Sela senenge tetulung marang sapa bae kang mbutuhake pitulungan lan ngayomi sing ringkih. Dening wong padesan banjur diarani Ki Ageng Sela.Nuju wayah sore, Ki Ageng Sela macul ing sawah. Waktu kuwi langit mendhung, ora let suwe udan riwis-riwis kaworan angin. Kilat pating glebyar, bledheg sesamberan gawe mirising ati. Ewasamono Ki Ageng Sela tetep olehe macul kaya ora peduli marang kahananing alam kang medeni iku. Ora ngreti sangkaning bilahi ana bledheg nyamber Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela gumlethak, nanging mung sadhela. Jegegah tangi tanpa ngrasakake lara.Ki Ageng Sela macul maneh karo waspada. Mripate sadhele-sadhele nglirik menduwur. Dumadakan ana bledheg. Bledheg dicandak banjur dicancang ing galengan nganggo suket grinting.Ora let sue udane terang, angine anteng, srengengene katon meneh. Kahanan mangkono ngajari sangsarane si dledheg. Tembunge, Ki Ageng, uwalana aku saka panandhang iki. Aku kapok ora bakal nyamber Ki Ageng meneh.Kowe dakuwali, nanging kowe kudu janji ora bakal nyamber anak putuku, mangkono Tembunge Ki Ageng Sela.Lha olehku niteni kepriye yen iku anak putumu apa dulu? wangsulane bledhegKi Ageng Sela mangsuli, Gampang, yen mbeneri ana thathit pating glebyar banjur ana wong ngucap, gandrik-gandrik, aku anak putune Ki Ageng Sela, wong kuwi ora keno kok samber!Yaw is, yen mangkono aku wis mudheng, jarene bledheg.Bledheg diuwali saka bandane, nuli nggeblas bali menyang langit.Nganti seprene, Manawa ana bledheg nyamber-nyamber, akeh wong muni, Gandrik-gandrik, aku anak putune Ki Ageng Sela.DUMADINE KUTHA MADIUNLisa Kamranti Retno123911062 (PGMI 6B)Wiwitane kira-kira ing abad 17 ana dhaerah kang aran Sawo (sing saiki diarani Ponorogo), perangan saka Kasultanan Mataram. Dhaerah kuwi mbalela lan nyoba ucul saka kraton Ngayogyakarta amarga pengin madeg dhewe. Sultan Ngayogyakarta banjur ngutus prajurit kang dipandhegani dening Rangga Jumena kanggo numpes pambrontak. Nanging sadurunge budhal, luwih dhisik Rangga Jumena nyuwun pituduh marang Kang Akarya Jagad kanthi cara tapa ing sawijining alas gedhe. Alas kasebut banget diwedeni dening warga sakiwa tengene, yaiku kang ana ing tlatah lore Ponorogo, sing sisih kulon lan lore uga wewatesan karo Magetan. Bab-bab kuwi sing ndadekake tlatah iki kawitane diarani Purabaya dening warga saindenge amarga saka akehe bebaya ing dhaerah kuwi. Lagi wae teka ing alas Purabaya, Rangga Jumena pethuk karo kewan-kewan galak kang kasil dipateni. Sawise rumangsa aman lan nemokake panggonan kang pas, Rangga Jumena wiwit tapa ing sadhuwure watu gedhe. Anggone tapa nganti pirang-pirang minggu. Tapane Rangga Jumena ndadekake memedi ing sacedhake krasa panas, banjur nyoba nyedhaki panggonan tapane. Sansaya suwe memedi kang nyedhak sansaya akeh, kepengin ngganggu tapane Rangga Jumena. Ana kang bisik-bisik ing cedhak kupinge, ana kang dolanan ing ngarep mripate, ngarepake supaya Rangga Jumena kagodha anggone tapa. Nanging sing paling akeh yaiku memedi kang nggantung ing wit-witan gedhe sacedhake partapan kono. Rangga Jumena rampung anggone tapa sawise ngadhepi godhane para memedi. Nanging lagi wae arep ngadeg, dheweke diparani maneh karo memedi kang ngganggu sadurunge. Rangga Jumena takon sebabe memedi kuwi ngganggu dheweke, kamangka dheweke ora nate ngganggu. Pranyata memedi kuwi ora pengin papan panggonane dirusak dening manungsa. Sawise dijelasake dening Rangga Jumena yen dheweke mung pengin ngajak prajurite saperlu golek papan kanggo leren, memedi kuwi ora percaya lan nantang Rangga Jumena supaya adu kasekten.Rangga Jumena kang sekti mandraguna kasil ngalahake memedi-memedi kasebut. Alas kang sadurunge kebak bebaya dadi aman. Dheweke banjur mbabat lan ngresiki alas kuwi direwangi dening para prajurit, sarta ngajak supaya manggon ing kono wae amarga ora pati adoh saka Ponorogo saperlu numpes pambrontakan. Papan tilase alas Purabaya kasebut banjur dijenengi Madiun, amarga saka akehe medi (dhemit) kang ayun-ayun nyoba ngganggu dheweke nalika lagi tapa. Warga kang kawitane ngarani Purabaya ganti nyebut dhaerah kuwi Madiun kang sabanjure dadi kutha Madiun nganti tumeka saiki. DUMADINE KUTHA REMBANGM. Hendy Alfarizi123911064 (PGMI 6B)Kutha Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih wetan. Sisih lor wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Blora, sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan wewatesan karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang saperlu pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane yen didol ing negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka, ana wong wolu sing asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa.Wong campa kuwi nduweni kaluwihan bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu amarga ing negarane wis akeh seng gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa ngliwati segara mengulon nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit Toktene (Bakau). Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow Ie Din sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis dilakoni kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran Tebu.Wong-wong campa kuwi gawe omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat. Omah/gudhang digawe ana ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana tandurane tebu, supaya anggone mbabat tebu ora kadohan saka gudhang. Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani pelayaran kuwi mrentah kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di anggo mbabat tebu. Tebu- tebu kang wis dibabat banjur disimpen ing gudhang-gudhang kang wis dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen ing gudhang yen wis akeh banjur diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula tebu. Gula tebu kang wis diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi negara Campa. Kanggo mujudake rasa sukur marang gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora ana alangan mula dianakake donga lan semedi bareng sadurunge mbabat tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau banjur didadekake pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan, sing jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.Ing sawijining dina, nalika pajar ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti ngrembang/mbabat tebu. Sadurunge mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun maring Gusti supaya anggone mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara mbabat tebu kuwi diarani Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur didadekake kanggo cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih wetan tanah Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake ing dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi candra sengkala Sabda Tiga wedha Isyara.ASAL- USULE KUTHA KALIWUNGU ANA ING KABUPATEN KENDALM. Samsul Ulum 123911065 (PGMI 6B)Asal-usule jeneng KuthaKaliwungu iku miturut cerita turun temurun saka getihe Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo kang blaber ana ing kali lan banyu kali mau wernane malih wungu. Ceritane Sunan katong iku petinggi ana ing sawijining kerajaan saka negeri cina, teka ana ing tlatah kaliwungu arep nyebarake agama islam ing Kaliwungu. Dene Pangeran Pakuwojo iku uga mantan petinggi Kadipaten bawah kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu ing wektu kuwi. Ana ing sawijining dina antarane Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo ana kesalah-pahaman. Pangeran Pakuwojo nesu ora karu-karuan marang anak wadone kang ora gelem miturit apa karepe Pangeran Pakuwojo. Banjur anake Pangeran Pakuwojo mau lunga saka omah lan njaluk perlindungan karo Sunan Katong. Kanepsone Pangeran Pakuwojo saya ndodro amarga ngerti yen anak ana sing melindungi yaiki Sunan Katong. Miturut Pangeran Pakuwojo Manawa wis wani mlindungi anake berarti nantang deweke. Senjata kerise Pangeran Pakuwojo wis lolos saka rangkane lan kanthi kanepson kang makantar-kantar langsung nancepake keris mau ana ing awake pawongan kang nglindungi anake wadon mau, yo ora liyo yaiku Sunan Katong. Sunan katong iku sejatine gurune Pangeran Pakuwojo, berarti Pangeran Pakuwojo mateni gurune dewe. Sakwise sadar lan deleng Manawa kang dipateni iku ora liyo yo gurune dewe, sak nalika awake Pangeran Pakuwojo awake lemes. Sak nalika iku Pangeran Pakuwojo nyuwun pangapura marang guruneiku, lan marani gurune iku mau terus sujud ana ing samparane utawa sikile Sunan Katong. Kanthi sisa tenaga kang isih Sunan Katong Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo mati sampyuh. Sanajan Pangeran Pakuwojo iku muride Sunan Katong ananging Pangeran Pakuwojo iku wis nalingsir saka bebener amarga deweke wis melu lan nyinau ilmu hitam. Dadi rong pawongan kang beda aliran iku mati bareng yaiku aliran putih lan aliran hitam. Getih kang metu saka awake Sunan katong wernane putih lan getih kang metu saka Pangeran pakuwojo wernane abang semu ireng amarga deweke wis nyinau ilmu hitam utawa ngilmu ireng. Getihe Sunun Katong lan Pangeran Pakuwojo mau nyampur dadi siji yaiku getih putih campur karo getih sing wernane abang semu ireng. Getih mau mblaber ana ing sawijining kali sing wernane malih dadi wungu. Ana ing akhire zaman panggonan iku diarani Kaliwungu saka tembung kali yaiku panggonan kanggo perang antarane Sunan Katong karo pangeran Pakuwojo ana ing sacedake sawijining kali. Tembung Wungu yaiku getih kang mbleber ana ing sawijining kali yaiku getihe Sunan Katong kang wernane putih lan getihe Pangeran Pakuwojo kang wernane abang semu ireng kang campur dadi siji ndadekake kali mau wernane dadi wungu. Iku mau asal-usule salah sijine tlatah ana ing kabupaten Kendal yaiku Kutha Kaliwungu.DUMADINE KOTA BATANG LAN DESA KALI KRAMATMaftukhatul Atik123911066 (PGMI 6B)Ing jaman ingkang sampun kepungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging nami Batang menika piyambak nembe lair kinten-kinten kalih tengah abad lajeng ing jaman kerajaan Mataram islam ingkang kapimpin dening Sultan Agung Hanyokrokusumo Th.1613-1645.Ing wekdal semanten daerah Batang sisih wetan, kinten-kinten sisih wetan kali sambong , saniki taksih dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados raja jin / siluman ing ngriku ingkang nami Dadungawuk.Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang Walanda ( V.O.C) menyang Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan ( samenika daerah subah ) ingkang nami Dipokusomo kangge nebang alas roban siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pekerja Bupati Kleyangan kathah ingkang sedo,lan penebangan wau boten kasil. Bupati Dipokusumo bingung, wonten laporan saking Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang. Tiyang punggawa kerajaan ataram ingkang name Ki Gedhe Cempaluk krana wonten salah kalian S.Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang Kesesi (sisih kidul Pekalongan). Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipunkenal dados tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusumo tindak menyang Kesesi kangge nyuwun bantuan kalian Ki Ageng Cempaluk kalian janji menawi piyambakipun saged nebang alas roban siluman wau, badhe dipunsuwunaken ngapura kalian S.Agung bingah manahipun ki Ageng mangka dipunutuslah putranipun nem-neman kang sekti ingkang name Joko Bahu kangge nglaksanakaken tugas wau. Ananging Joko Bahu ngalami nasib kang sami kalian Bupati Kleyangan. Para pekerjanipun ugi kathah ingkang dipuntimpa malapetaka krana gangguan saking siluman. Bersemedilah Joko Bahu kangge mangerteni sebab musabab malapetaka kang nimpa anak buahipun. Mangka mbikaklah selubung misteri / rahasia kang nylimuti alas roban wau, lan ketingal dening piyambakipun bilih ingkang ngganggu anak buahipun wau inggih menikan siluman ingkang dipunpimpin Dadungawuk. Mangka kedadosan perang antarane Joko Bahu nglawan Dadungawuk serta anak buahe. Dadungawuk lan anak buahe saged dipuntundhukaken lan tobat boten malih wanton ngganggu anak buahe Joko Bahu kalian kalahe para siluman mangka nebang alas wau saged dipunlaksanakaken kanthi lancer. Penebangan dipunlaksanakaken saking arah wetan (kleyangan subah ) menyang kulon ngantos kali gedhe ( kali sambong / kali kramat ). Krana alas wau badhe dipundamel dados daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipundamel bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah-daerah alas kang sampun dipuntebang wau supados lemah wau saged lekas dipungarap kangge persawahan. Mangka piyambakipun cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau boten tetep, kadhang arusipun lendhek, kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabe. Dipunngertosi dening piyambakipun bilih wonten nginggil kedung kali wonten watag (watag prahu ageng ) kang malang ing tengah kedung wau. Anak buahipun boten sanggup mindhahaken watag wau krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.Mangka Joko Bahu nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib, supados saged nyingkiraken watag kang malang ing tengah kali wau,sarta angsal watu kang ageng ,lan wekdal semanten keleresan malem jumuah kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener angsal watu ageng. Sasampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan gaib mangka piyambaakipun langsung tumuju menyaang panggonan watag kang malang wau. Watag kang waune ageng sanget saniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag menikalah daerah menika dipunnamani Batang inggih menika saking tembung ngembat watang dados mbatang . Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan gaib dipunnamani kali kramat krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing maalem jumuah kliwon, mila ing saben dinten jumuah kliwon kali wau dados tradisi kliwonan kathah dipunrawuhi tiyang-tiyang kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau.DAMPO AWANGMardhiatun S. 123911067 (PGMI 6B)Sam Po Kong utawa kang misuwur kanthi jeneng Dam Po Awang yaiku nduweni keturunan saka kaluwarga kang biasa. Sawise bapake kapundut, deweke urip karo ibuke. Ing sabanjure deweke kasil dadi wong sing sugih blegedhu lan misuwur karana kepinterane. Deweke ngrasa isin ngakoni ibune. Deweke ora gelem diarani anak saka randa kang ora duwe. Amarga kuwi, ibune dadi lara panggalihe lan nyumpahi Dam Po Awang yaiku manawa ing satengahing segara bakal kerem karo banda branane.Sam Po Kong sing maune anak yatim dadi wong sing sekti lan sugih kuwi, sawijining dina krungu kabar yen ing pulau Jawa ana sunan kang asma Makdum Ibrahim sing pinter lan nduweni kasaktian. Banjur Sam Po Kong utawa Dam Po Awang nduweni greget lunga tumuju ing Jawa kanggo nemoni Sunan Makdum Ibrahim utawa kang misuwur kanthi asma Sunan Bonang. Tujuan Sam Po Kong yaiku pingin sinau kasaktiane Sunan Bonang uga pingin nyebarluaske usaha dagange ing pulau Jawa.Sawise rencana kanthi mateng, Sam Po Kong lunga nglayar tumuju ing pulo Jawa. Tujuan utamane yaiku panggonan Sunan Makdum Ibrahim utawa Sunan Bonang. Ing satengahing mlakune arep nyedaki pesisir sing dituju, dumadakan ana angin kenceng. Kapal sing ditumpaki Sam Po Kong karo pangikute kocar kacir lan arep wae kerem. Saka kadadean kuwi temtu wae dagangan sing digawa tiba lan kerem ing segara. Nanging Sam po Kong ora nglokro. Pungkasane lakune tekan pesisir Rembang.Tumekane ing pesisir Rembang Sam Po Kong karo pangikute salah sijine yaiku Blacak Ngilo, age-age mudunake jangkar supaya kapale ora katut angin lan ombak. Nanging bareng jangkar didunke, dumadakan ana angin kenceng maneh teka. Kapal Sam Po Kong kagawa angin tumuju mangetan, Kapal kocar kacir kagawa angin. Ngadepi iku kabeh Sam Po Kong tumindak karo kabeh kekuatan batin kang diduweni ngupaya ngumpulake perangan-perangan praune kang kocar kacir mau. Pungkasane kang direwangi Blacak Ngilo, Sam Po Kong mlaku tumuju mangetan kanthi cara lumaku ing pinggir segara nganti tekan ing pesisir Binangun. Lan kaleresan ing pesisir Binangun iki Sam Po Kong nemu layar praune. Jangkar kang didunke saka praune mung ditinggal wae ana ing pinggir pesisir segara Rembang. Jaman ndisik rikala Taman Kartini dibangun Pamerintah jaman Walanda, Jangkar kasebut diselehake ing satengahing Taman Kartini, nanging saiki wis dipindahake ing panggonan khusus kang ana ing sakdhuwure segara pesisir Kartini Rembang.Saka crita mbiyen jangkar kuwi wujud wutuh nanging saka Mbah Bening jangkar kasebut ana perangan sing dijupuk kanthi cara digraji kanggo gawe pusaka. Anehe, wektu pucuke jangkar iku digraji dumadakan wilayah kutha Rembang ana angin gedhe lan dadi peteng ndhedhet. Mengkono mau critane babagan jangkar kapal Sam Po Kong utawa Dam Po Awang ing pesisir Rembang kang saiki jangkare isih bisa didelok.Ngambali maneh ing lakune Sam Po Kong karo Blacak Ngilo. Tumekane ing pesisir Binangun, amarga Sam Po Kong yakin manawa layar sing ana ing kono kuwi yaiku layare dhewe. Sam Po Kong age-age njupuk layar kuwi. Nanging rikala niate durung kawujud dumadakan ana pawongan kang asma Ki Nagor sing menggak. Ki Nagor yaiku murid saka Sunan Bonang, banjur perang padu Sam Po Kong karo Ki Nagor.Perang padu Sam Po Kong lan Ki Nagor pungkasane dadi rame banget lan dirungu Sunan Bonang. Mula Sunan Bonang age-age rawuh ing panggonan kuwi. Lan pepanggihan iku ora disengaja Sunan Bonang karo Sam Po Kong bakal ketemu. Ing pepanggihan iku Sam Po Kong meksa arep njupuk layar lan ngincim arep mateni wong-wong sing ana ing panggonan kuwi.Keprungu inciman kuwi Sunan Bonang nglerem amuke Sam Po Kong. Sunan Bonang banjur ngendikan, Hei, Kisanak yen pancen kuwi layarmu ana ing kene, jupuken! Ing kene mung ana watu. Wektu Sunan Bonang ngendikan kaya mau, dumadakan ana prastawa aneh kang dumadi. Layar duweke Sam Po Kong kang ana ing pinggir segara, banjur dadi watu werna putih. Nanging Sam Po Kong ora mung meneng, banjur Sam Po Kong age-age nggunakake kekuatan batin lan kanda, Iku dudu watu putih, kuwi layar! lan prastawa kuwi dumadi maneh. Dumadakan layar sing wujud watu putih dadi layar meneh. Saklorone padha ngarani watu lan layar sing dadi kasunyatan, mangkono trus nganti bola bali diomongke Sam Po Kong lan Sunan Bonang. Pungkasane wektu Sam Po Kong kliru niru Sunan Bonang yaiku watu, lan watu kuwi ora bisa malih maneh dadi layar. Nganti saiki watu kasebut isih tetep ana ing pesisir Binangun kanthi jeneng watu layar.Sakwise Sam Po Kong ora bisa ngowahi watu dadi layar meneh, deweke nembe ngaku yen Sunan Bonang pancen Sekti. Banjur deweke bali maneh ing Rembang. Sauntara kuwi Blacak Ngilo ora gelem nrima kalahe Sam Po Kong. Blacak Ngilo banjur ngajak adon ayam karo Sunan Bonang. Nanging ayam sing diadon kuwi ayam tiruan sing digawe saka kayu lan lemah. Blacak Ngilo nggawe ayam tiruan saka kayu, Manawa Sunan Bonang nggawe ayam tiruan saka lemah lempung. Ing acara adon ayam kasebut kang menang yaiku Sunan Bonang. Sabanjure panggonan kuwi dadi jeneng lapangan adon ayam nganti saiki ana ing desa Bonang Kecamatan Lasem Kabupaten Rembang.Sauntara kuwi panggonan watu layar ing pesisir Binangun iku, ndisik saka kadohan katon warna putih kaya layar. Nanging saiki watu kapur kuwi wis akeh suket-suket kang dhuwure ana humus kang kagawa banyu saka gunung. Miturut kepercayaan warga ing kono watu kuwi nduweni kramat. Sapa sing bisa mbalang watu saka dalan gedhe nganti tekan pucuking watu layar kuwi, mula wong kang mbalang kasebut mesti kawujud pangarepe. Amarga kramate watu layar kasebut, watu sing liwat nduwure dadi ora ana bobote. Mula Manawa ana wong sing mbalang watu tumuju watu layar kasebut ora bakal bisa nglewati pucuke. Kajaba wong-wong sing entuk kramat dhewe. Mangkono kuwi crita kang jangkep babagan petualangan Sam Po Kong utawa Dam Po Awang kang ketemu lan adon kapenteran karo Sunan Bonang. Bener utawa orane, amarga kuwi mung crita saka wong-wong kang sabanjure manut para pamaos sing mbiji.LEGENDA TANGKUBAN PERAHUMarisatunniyyah123911068 (PGMI 6B )Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)LEGENDA TANGKUBAN PERAHUMughfiroh123911069 (PGMI 6B)Diceritaake nak raja sungging perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keraton karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati. Akeh raja sing pengen minang, nanging rak ono sing ditompo. Akhire katah raja ingkang saling perang. Dayang Sumbing njur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi mergo ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa isambalikke torak sing tibo mau, nak wong lanaang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.Pas sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumangs diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tumang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet. Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Sakwise mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkurian ora ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi- ibune dhewe. Merga padha rang ngertine banjur daden padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dhewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang bandungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rang kedaden. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srenggenge saka wetan. Sangkuriang dadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ning Sanghyang Tikoro jebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Talogo Bandung akhire asat meneh. Perahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tanggupan Perahu. Sangkuriang terus ngoyak Dayang Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud dadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing dilarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang).LEGENDA AJI SAKAASAL USULE AKSARA JAWAMuhamad Abu Naim123911070 (PGMI 6B)Kacarita ing jaman mbiyn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jeneng Aji Saka. Dhwk putran ratu, nanging kepngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengan mulang kawruh rupa-rupa. Dhwk banjur pngin lunga mencarak nglmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdin papat sing jeneng Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lrn. Aji Saka banjur nilar abdin loro; Dora lan Sambada ing pulo