cerkak basa jawa sapa sing ilang

5
SOPO SING ILANG ? Dening : A. Galang Risky. P Jaman SMA pancen jaman sing paling nyenengke. Oleh akeh pengalaman lan kanca, Ana sing ngomong, SMA kuwi jamane wong dadi nakal. Dolan, bolos, ora tau sinau, mulih bengi, kuwi tuladhane. Nanging pancen bener, SMA kuwi jamane wong golek lan nemokake jati diri. Ora beda karo bocah SMA sing liyane, Jati, Risky, Ahmad, Adit, lan Angga uga ngono. Bocah 5 mau wis kekancan seka wiwit SMA lan kerep dolan bareng. Ameh pendak malem minggu, 5 sekawan kuwi mau mesti dolan bareng. Dina kuwi dina Setu. Cah 5 mau mangkat lan mlebu sekolah kaya biasane. Ing wayahe pelajaran, cah 5 mau sinau kanthi temenan, apa maneh pas fisika, jam keri dhewe, kabeh pada nggatekke amarga do ora iso, lan pengen iso. “Tet …Tet … Tet …“, bel sekolah wis muni ping telu. Kuwi nandakake wis wayahe mulih. Kabeh bocah kelase Risky pada seneng. Banjur Risky marani Jati. “Ayo mengko bengi dolan !“. “ Aku manut cah-cah wae. Arep neng endi ta ?“, Jati nyaut. Sawise Jati semaur kaya ngono, Ahmad ujug- ujug teka, “Ayo nonton konser karnaval wae, neng Alkid !“, Ahmad ngejak. Banjur Risky nyamber, “Apik kuwi … apik. Sapa wae sing melu ?“, “Yo mengko Adit karo Angga dak jake”, Ahmad wangsulan. Banjur Jati ngomong, “Yo ANTONIUS GALANG RISKY P XI IPA 1 / 07

Upload: galangrisky

Post on 13-Aug-2015

94 views

Category:

Documents


1 download

TRANSCRIPT

Page 1: CeRkak BaSa JaWa SaPa SiNg iLaNg

SOPO SING ILANG ? Dening : A. Galang Risky. P

Jaman SMA pancen jaman sing paling nyenengke. Oleh akeh pengalaman

lan kanca, Ana sing ngomong, SMA kuwi jamane wong dadi nakal. Dolan, bolos,

ora tau sinau, mulih bengi, kuwi tuladhane. Nanging pancen bener, SMA kuwi

jamane wong golek lan nemokake jati diri.

Ora beda karo bocah SMA sing liyane, Jati, Risky, Ahmad, Adit, lan Angga

uga ngono. Bocah 5 mau wis kekancan seka wiwit SMA lan kerep dolan bareng.

Ameh pendak malem minggu, 5 sekawan kuwi mau mesti dolan bareng.

Dina kuwi dina Setu. Cah 5 mau mangkat lan mlebu sekolah kaya biasane.

Ing wayahe pelajaran, cah 5 mau sinau kanthi temenan, apa maneh pas fisika,

jam keri dhewe, kabeh pada nggatekke amarga do ora iso, lan pengen iso.

“Tet …Tet … Tet …“, bel sekolah wis muni ping telu. Kuwi nandakake wis

wayahe mulih. Kabeh bocah kelase Risky pada seneng. Banjur Risky marani Jati.

“Ayo mengko bengi dolan !“. “ Aku manut cah-cah wae. Arep neng endi ta ?“, Jati

nyaut. Sawise Jati semaur kaya ngono, Ahmad ujug-ujug teka, “Ayo nonton

konser karnaval wae, neng Alkid !“, Ahmad ngejak. Banjur Risky nyamber, “Apik

kuwi … apik. Sapa wae sing melu ?“, “Yo mengko Adit karo Angga dak jake”,

Ahmad wangsulan. Banjur Jati ngomong, “Yo mengko jam 7 kumpul neng

omahku yo !”. Ahmad lan Risky menehi tanda yen setuju.

Sawise kangsenan ngono, cah 3 mau langsung mulih banjur leren. Cah 3

mau nduweni bayangan sing padha. Mesti konsere rame banget, untek-untekan,

angel golek dalan nggo mlaku, lan akeh copete.

Ora krasa ujug-ujug wis jam 7. Kabeh wis pada kumpul neng omahe Jati.

Nanging sing melu ora mung wong 5, sidane wong 6 amarga ketambahan Satya

sing dijak Risky. “Yo gek mangkat…Arep neng kopi joss dhisik ta ?”, Angga

ngejak. “Yo…Rasah kesuen… “, Satya wangsulan. Cah 6 mau langsung tumuju

neng kopi joss. Neng kopi joss ora suwi, kira-kira mung sak jam, nganti jam

setengah 9. Sawise srupat-sruput neng kopi joss, cah-cah mau langsung menyat

marani Alun-Alun Kidul. “Wah…dalane rame banget…”, Jati malah ngomiang.

ANTONIUS GALANG RISKY P

XI IPA 1 / 07

Page 2: CeRkak BaSa JaWa SaPa SiNg iLaNg

“Ho’o, macet dab …”, wangsulane Angga. “Wis gek ndang parker wae !”, Risky

malah ngakon.

Kira-kira lima las menit suwine, cah 6 mau wis rampung markirke motor.

Langsung pada mlaku neng jero Alun-Alun amarga parkirane rada adoh. Bengi

kuwi dalane pancen rame banget. Saking ramene, motor-motor pada ora iso

lewat. Kudu parker neng jaba Alun-Alun. “Wah untung motore diparkirke neng

jaba yo …”. Adit mulai ngomong. “Yo’a dab, nek digawa mlebu malah ora iso

mlaku”. Satya semaur.

Yo kira-kira 15 menitan, cah-cah kae wis tekan jero Alun-Alun. Neng

kono luwih rame tinimbang neng dalan. Luwih padet, nanging saking pengene

nonton konser, Ahmad ngejak nyeraki panggung. Ora tanggung-tanggung, le

ngejak tekan ngarep panggung. “Ayo cah, neng ngarep wae !”, Ahmad mulai

ngejak. “Neng kene wae, wis ketok…”.Risky semaur. “Ho’o Mad…kesel ki…ngko

nek ana sing ilang piye ?” , Angga malah takon. “Yo aja nganti misah…”. Ahmad

wangsulan. “Nek aku manut wae…angger mulihe bareng…”, Satya melu-melu.

Sidane, cah-cah mau tetep mlaku neng ngarepan. Le mlaku ora

bebarengan, amarga dalane kebak banged, dadine le mlaku urut-urutan. Ahmad

mlaku neng ngarep dhewe, banjur Angga, Adit, Satya, Risky, lan keri dhewe Jati.

Ahmad sing mlaku neng ngarep yo ora nduwe pangerten karo kancane. Wonge

malah mlaku banter. Satekane neng panggonan sing rada sepi, Ahmad mandek

ngenteni kancane.

“Heh dul…nek mlaku aja banter-banter !!”, Angga nesu-nesu. “Ho’o …

mengko nek do ilang piye ?”, Adit yo melu nesu. “Aiyo aku ki mandek arep

ngenteni e…”, Ahmad mangsuli. “Sik, dak itunge dhisik…”. Ahmad langsung

ngitung cacahe kancane. Sak elinge Ahmad, cacahe bocah ana 6 yen diitung karo

awake dhewe. Nanging lagi nyadar yen cacahe mung 5. “Sopo sing ilang …?”,

Ahmad pitakonan. “Tenan ta Mad…Jati ketinggalan ta…?”, Angga ndhisiki nyauri.

“Oo…sing ketinggalan ki Jati ta ?”, Ahmad malah takon. “La kowe mlakune

kecepeten kok…”, Satya nambahi. “Yo wis, saiki mlaku dhisik, ngko nek wis

tekan ngarep panggung Jati gek di SMS kon goleki awake dhewe…”, Satya malah

ngakon kanca-kancane. “Wo…cah edan…Kancane ilang malah ditinggal…”, Risky

malah ngunek-ngunekke. “Wis manut wae ta !tinimbang golek-golekan”, Ahmad

malah nggetak.

ANTONIUS GALANG RISKY P

XI IPA 1 / 07

Page 3: CeRkak BaSa JaWa SaPa SiNg iLaNg

Sidane cah kae mlaku tekan ngarep panggung. Sawise ngadeg mapan,

jejeg, lan entuk panggonan sing kepenag, Risky mulai SMS Jati. Intine Jati dikon

mlaku neng arah panggung lan karo ndelok dhuwur menawa Adit dipunji,

kanggo menehi tanda si Jati ben ngerti neng endi kanca-kancane le nonton

konser. Nanging, tekan wayahe mulih, Jati ora marani kanca-kancane. Banjur

kanca-kancane mulih.

“Wah…Jati piye ki ?”, Satya ngomong. “Ho’o…mesakke cah…”, Angga

semaur. Banjur Ahmad nambahi, “Menko mesti ketemu neng dalan arep neng

parkiran…”. Nanging sadurunge Ahmad rampung ngomong, Risky wis ndhisiki,

“La kae Jati…”. Banjur cah 5 kae marani Jati. “Heh…kowe kok ra marani e ?”,

Risky pitakonan. “La wong aku we ra nggoleki kok, mending ngenteni neng

kene, tinimbang ilang meneh…”, Jati semaur kaya ora nduwe dosa. “Wo edan…

tiwas dak SMS, e malah ngentek-ngentekke pulsa…”, Risky nesu-nesu. “Yow is

gek ndang mulioh wae, wis bengi ki, jam 11…”, Satya ngejak.

Banjur kuwi, cah 6 kae mlaku neng parkiran. Dalane isih padha wae,

kebak, rame. Ora mandang yen wis bengi. Tetep wae angel yen arep mlaku

bebarengan. Ora let suwe, kira-kira lima las menit, cah 6 kae wis tekan parkiran.

“Leren dilit yo cah…!”, Angga ngejak. Ing wayahe leren, cah kae ngomong-

ngomong akeh banged. Gegojegan kere. Ora mutu. Ngguya-ngguyu nganti

dideloki kabeh wong sing lewat.

“Wah…wis cekap semanten lerenipu8n cah…”, Adit ngomiang ra ceto

basa ne. “Gayamu le…”, Risky ngunek-ngunekke karo cekikikan. Banjur Risky,

Jati, lan Angga njupuk motore dhewe-dhewe. Sawise motore cemepak neng

pinggir dalan, gari ngenteni mangkat, Angga malah pitakonan, “Loh, la iki ketoke

ana sing kurang…Risky wis karo Satya, Aku wis karo Adit, La Jati kae kok mung

dhewe ? La sapa sing ilang ?”. “Waa….Ahmad ilang…ilang…kecer meneh…”, Jati

malah mbingungi.

ANTONIUS GALANG RISKY P

XI IPA 1 / 07

Page 4: CeRkak BaSa JaWa SaPa SiNg iLaNg

ANTONIUS GALANG RISKY P

XI IPA 1 / 07