cerkak bahasa jawa

5
CERKAK BAHASA JAWA ” ANDE ANDE LUMUT” Disusun Oleh : Vera Mawarni Puspa Nenda XI IPS 2 DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN BREBES SMA NEGERI 1 SIRAMPOG 2013

Upload: oppie-raditya

Post on 14-Aug-2015

798 views

Category:

Documents


20 download

DESCRIPTION

SEMOGA BISA BERMANFAAT BAGI SEMUA

TRANSCRIPT

Page 1: CERKAK BAHASA JAWA

CERKAK BAHASA JAWA

” ANDE ANDE LUMUT”

Disusun Oleh :

Vera Mawarni Puspa Nenda

XI IPS 2

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN BREBES

SMA NEGERI 1 SIRAMPOG

2013

Page 2: CERKAK BAHASA JAWA

” ANDE ANDE LUMUT”

Ande ande lumut inggih menika cerita rakyat ingkang asalipun saking jawi. Cerita

menika nyeritaaken satunggaling negeri ingkang  gemah ripah loh jinawi, toto tentrem

kerto raharjo.

Panji Asmarabangun ingkang gesangipun  sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa

semanten pangeran kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa

ingkang sae manahipun lan ayu.

Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan .

pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi

penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran

ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun

lan ayu pasuryane.

Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan

keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman

bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang

lelono kangge pados jati dirinipun .

Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande ande lumut, putra mbok randha

saking dusun Dadapan, Ande ande lumut ngiyaraken menawi piyambaipun badhe pados

garwa, saking baguse, ande ande lumut ndadosaken sedaya kenya kesengsem, kalebet

sederek sederekipun klenting kuning.

Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-

putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika

kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun  ingkang nami kleting

kuning. Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging

benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun.

Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget

mrihatinake kleting kuning.

Wonten ing saktengahing margi pinuju dhateng griyanipun ande ande lumut,

Klenting kuning kaliyan sederek – sederekipun inggih menika klenting abang kaliyan

kelenting ijo kedah nyabrang lepen ingkang ageng, Wekdal badhe nyebrang lepen, wonten

ingkang jagi lepen, awujud Yuyu ingkang ageng, ingkang nami Yuyu kangkang

Page 3: CERKAK BAHASA JAWA

Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel

wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel

mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang

ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran

ingkang sae kangge piyambakipun.

Yuyu kangkang purun nyebrangaken, nanging nyuwun upah, inggih punika dipun

ambung, Amargi keseso kelenting abang  kaliyan kelenting ijo sami sarujuk lang-, Namung

kelenting kuning kemawon ingkang boten karsa dipun ambung

Wekdal yuyu kangkang badhe meksa ngambung klenting kuning, Piyambakipun

ngedalaken piyandelan awujud bintang sakti, Toya lepen dados asat, Lajeng kelenting

kuning saged nyeberang kanthi sekecha.

Saksampunipun dumugi daleme mbok rondo dhadapan, kelenting Abang lan

kelenting Ijo matur menawi badhe ngelamar Ande – ande lumut “ Bok  kulo dumugi ngriki

badhe nglamar andhe – andhe lumut” ( klanting abang )

Owh..arep nglamar Ande ande lumut? Mengko disik yo…????? Tak takon andhe andhe

lumut “ Putraku Si ande ande lumut… Temuruno ono putri kang unggah unggahi…Putrine

seng ayu rupane…Klenting abang engkang dadi asmane…Duh, ibu…kula mboten purun…

aduh ibu kulo mboten medun…najan ayu sisane yuyu kangkang.

Mekaten ugi kaliyan klenting ijo, Ande ande lumut mboten kersa nampi lamaran

ipun , Namung klenting kuning ingkang dipun remeni Ande ande lumut, amargi kelenting

kuning ingkang mboten purun diamb ung yuyu kangkang.

Sak lajengipun ande ande lumut nampi kelenting kuning dados garwanipun, Sedaya

inggih mboten mangertos menawi sejatosipun klenting kuning menika putri sekartaji, putri

raja Kediri Jaya negara ingkag nyamar madosi pangeran Panji Asmara, calon garwanipun

ingkang ical.

sak sampunipun langsung dados penganten ingkang boten saged dipisahaken, langsung

nikah ngangge bhs jawa ingkang lugu.

            Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun

ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake

inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi

kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.